SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
72.
Demang Kedhungtuwung meneng sedhela,
banjur noleh kiwa tengen njaluk tetimbangan para Bebau lan para Jagabaya, sarta
marang Rangga lan Marga kanggo nanggapi gunemane Kartagentho karo Jayaglegek
sing keri dhewe iku mau. Nanging para Bebau lan para Jagabaya sajake ora duwe
panemu liya, kabeh mung manut marang apa sing dadi kaputusane Demang
Kedhungtuwung, kalebu Marga lan Rangga uga mangkono. Mula Demang Kedhungtuwung
tumuli nakoni marang Jayaglegek lan Kartagentho maneh :
"Dadi ndika sakloron, bakal gelem
mangsuli apa sing dadi pitakonku mau?"
"Inggih Ki Demang" wangsulane
Kartagentho "bares kures, kula langkung pitados dhateng Ki Demang
tinimbang dhateng para pangajeng kula. Awit kula sampun saged ngraosaken sikep
tuwin pangrengkuhipun Ki Demang miwah Para Bebau ing mriki dhumateng para
bandan kalebet dhateng kula, namung emanipun kula taksih nguwatosaken
kaslametanipun anak lan semah kula saking panyikaranipun para pengajeng kula
ingkang tamtu sampun mastani bilih kula sampun nyidrani tiyang-tiyang kala wau,
langkung-langkung sasmpunipun kula ngertos bilih para pangajeng kula punika
sampun boten kasil anggenipun badhe mejahi kula lan adhi Karta awit saking
pitulunganipun Angger Rangga lan Marga dhateng kula dhuk rikala sakit ing
salebeting gothakan".
"Iya, aku bakal nyoba percaya marang
omongan ndika sakloron, bakal ana utusan saka Kademangan kene kanggo ngreksa
kaslametane anak bojo ndika, nek perlu kulawarga ndika bakal tak kongkon supaya
diboyong lan dipapanake ing Kademangan kene murih luwih gampang anggone
ngawat-awati" kandhane Demang Kedhungtuwung mangsuli omongane Kartagentho.
"Matur nuwun sanget Ki Demang"
Jayaglegek genti sing guneman "sanaosa makaten, kula nyuwun supados anak
lan semah kula sampun ngantos mangertos menawi kula badhe kapatrapan pidana
gantung, supados boten ngrerendheti lumampahing sukma ing jaman kalanggengan
mangke".
"Iya, kabeh panjalukmu bakal tak
turuti waton wangsulan ndika sakloron apa anane kaya sing wis tak ngerteni
sadurunge" wangsulane Demang Kedhungtuwung "saiki enggal wangsulana
pitakonku mau, nanging aja takon dosa nek oleh ndika wangsulan jebul
goroh".
"Inggih Ki Demang" Jayaglegek
wiwit guneman "estunipun suwaunipun kula punapa dene Adhi Karta punika
sami-sami tiyang awon, griya kula ing Tegalgaring sakidulipun Bulakbadher,
inggih padamelan kula kekalih punika mila awon, colong jupuk punapa dene mbegal
lan ngecu. Antawis setengah tahun kepengker kula ketanggor klentu ambegal
tiyang ingkang sekti mandraguna lan kacariyos taksih trahing kusuma rembesing
madu, naminipun Panembahan Timur. Nanging sareng kula saged dipun kawonaken
dening Panembahan Timur kula boten dipun kaparingan pangapura, saratipun kula
kedah purun nyuwita dhateng piyambakipun sarta mlebet dados murid ing
paguronipun Panembahan Sekarjati inggih gurunipun Panembahan Timur".
"Lha ndika wong loro kuwi wis ngerti
apa durung sapa sejatine Panembahan Sekarjati kuwi?" Ki Demang nyelani
takon.
"Suwaunipun dereng sumerep, nanging
sareng sampun mlebet dados siswa ing paguronipun nembe mangertos cariyos sinten
Panembahan Sekarjati punika" wangsulane Kartagentho nggenteni critane
Jayaglegek.
"Miturut cariyos ingkang kula tampi
saking kanca-kanca ingkang langkung rumiyin meguru ing mriku, Panembahan
Sekarjati punika suwaunipun Tiyang Agung ing Kadipaten Madiun nanging kenging
paekanipun Panembahan Mas lajeng kesah saking Madiun. Salebeting kesah nilar
kamukten ing Madiun Panembahan Sekarjati nampi wisik bilih boten dangu malih
Panembahan Mas badhe kendhang saking Madiun lan ingkang saged gumantos
nglenggahi Kadipaten Madiun namung trahing Brahmana ingkang manembah dhateng
Bathari Pramuni. Panembahan Sekarjati lajeng gegancangan lumawat dhateng
Keduwang, pereng ler kilen saking Gunung Lawu ingkang kacariyos bilih ing mriku
mapanipun kori dhateng Kahyanganipun Bathari Pramoni inggih Kahyangan
Dhandhangmangore. Jebul ing mriku sampun kathah titiyang ingkang sami nglampahi
prihatin ngalab berkahipun Bathari Pramoni murih saged kapencokan wahyuning
kraton ing Kadipaten Madiun. Wasana sami-sami tiyang ingkang prihatin lajeng
tuwuh pasulayan, sedaya ingkang prihatin ing mriku saged katelukaken dening
Panembahan Sekarjati antawisipun : Ki Kahastha saking Paguron Bulakbadher, Ki
Ageng Kluwihan saking Paguron Kluwihan, Panembahan Ciptarasa saking Gunung
Pegat, lan taksih kathah malih. Sadaya ingkang sampun sami teluk dening
Panembahan Sekarjati kadhaku dados sedherek utawi dados sekabatipun lan badhe
kaparingan kamukten mbok bilih benjing Panembahan Sekarjati sampun nyepeng
panguwaos ing Madiun. Malah ing tembenipun, criyosipun Panembahan Sekarjati
boten namung ugi boten lami anggenipun cumondhok ing Madiun, jalaran miturut
wangsit ingkang dipun tampi Panembahan Sekarjati boten namung jumeneng ing
Madiun nanging badhe gumantos keprabon Nagari Majapahit ingkang samangke
wahyuning kraton Majapahit taksih cumondhok ing Kuthagedhe utawi ing Mataram.
Nalika samanten Ki Ageng Kluwihan matur
dhateng Panembahan Sekarjati bilih kangge masanggrah sarta nata kekiyatan
kangge mapag wahyu kraton Majapahit dhateng Mataram, ngiras pantes ngentosi
kendhangipun Panembahan Mas saking Madiun, wonten satunggaling Kademangan
inggih Kademangan Kedhungtuwung kagunganipun siswanipun Ki Ageng Kluwihan
ingkang nami Ki Pujud. Emanipun Kademangan Kademangan Kedhungtuwung wekdal
punika dipun kuwaosi dening sedherekipun sepuh Ki Pujud. Pramila Ki Ageng
Kluwihan nunten nyuwun bebantu murih saged ngrebat Kademangan Kedhungtuwung
saking tanganipun sedherek sepuhipun Ki Pujud. Mangke menawi Kademangan
Kedhungtuwung sampun saged karebat, saged kadadosaken pasanggrahan kangge nata
kekiyatan mapag wahyu kraton ing Mataram.
Gandheng wekdal punika Panembahan
Sekarjati nembe badhe nyampurnakaken ngelminipun ing wana Patalan, mila lajeng
paring prentah dhateng Panembahan Ciptarasa lan sedaya siswa tuwin sekabatipun
Panembahan Sekarjati murih manunggal ing Padhepokan Kluwihan lan paring
pambiyantu murih Ki Pujud enggal saged ngrebat Kademangan Kedhungtuwung ingkang
dipun kuwaosi dening sewdherek sepuhipun ingkang kondhang kejem lan wentala
dhateng sedherekipun piyambak.
Inggih awit nuhoni dhawuhipun Panembahan
Sekarjati ingkang makaten kala wau, wiwit watawis sekawan wulan kapengker
Panembahan Ciptarasa ingkang sampun kajunjung dados wewakilipun Panembahan
Sekarjati kanthi sebatan Panembahan Timur, wiwit nglempakaken para tiyang awon
bangsanipun brandhal maling kecu lan sapiturutipun sami dipun telukaken lan
kadadosaken muridipun Panembahan Sekarjati nunten kadhawuhan damel kisruh ing
Kademangan Kedhungtuwung mriki, kalebet kula lan adhi Karta punika, dene
ingkang pinitados dening Panembahan Timur murih wewados punika boten ngantos
kadenangan dening Ki Demang ing Kedhungtuwung miwah para bebaunipun dipun suhi
dening Ki Kahastha saking Paguron Bulakbadher ingkang dipun rencangi dening
anakipun ingkang nami Kunthara.
Makaten ingkang saged kula aturaken
minangka wangsulan saking pandangunipun Ki Demang ing ngajeng wau, saestu
punika cariyos ingkang sanyatanipun boten kula tambah lan ugi boten wonten
ingkang kula singidaken. Pramila sepisan malih kula nyuwun dhumateng Ki Demang
mugi kersaa angayomi dhateng anak lan semah kula, dene menawi kula kedah
kapatrapan pidana pejah, kula inggih sampun boten badhe suwala".
Demang Kedhungtuwung manthuk-manthuk
krungu wangsulane Jayaglegek sing dawa mawa crita ngono kuwi. Ora guneman
apa-apa Demang Kedhungtuwung ngadeg, nyedhaki papane Rangga lan Marga banjur
bisik-bisik cedhak kuping. Ora suwe wong telu kuwi banjur mlaku memburi arep
menyang pringgitan. Ki Demang kober pamitan marang para Bebau :
"Tulung padha ditunggu sedhela ing
kene, aku tak rembugan dhisik karo anakmas Rangga lan Marga ing
Pringgitan".
"Inggih Ki Demang ngestokaken
dhawuh" wangsulane para Bebau lan para Jagabaya bebarengan. Sauntara kuwi,
Kartagentho lan Jayaglegek bali amarikelu, tumungkul nyawang jogan pendhapa
kademangan kanthi pikiran sing ngumbara tekan ngendi-endi.
ana candhake.