Total Tayangan Halaman

Senin, 11 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 75

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

75.

Jagabaya Sekayu nyawang Kunthara karo mripat sing murup saking nesune, tembunge Kunthara dianggep wis ngliwati wates anggone ngremehne marang dheweke. Sing disawang babar pisan ora ngawaki, malah kepara semu ngece karo eseme sing katon ngremehake. Sanajan mangkonowa, Jagabaya Sekayu isih eling yen dheweke kuwi jejere Jagabaya sing uga kena diarani salah siji saka pamonging Kademangan, sing kudu bisa ngenggoni sipating pamong sing kudu pinter momong marang sing diemong, lan aran wis lumrah yen sok-sok isih ana wong sing angel diemong lan kang mangkono iku dibutuhne kesabarane sing dadi pamong.

"Aku ngerti Ki Kunthara" kandhane Jagabaya Sekayu disabar-sabarne "ndika pancen wong sing duwe ngelmu kanuragan kang pinunjul, kudune kaluwihan ndika iku ora ndika gunakne kanggo ngremehne liyan luwih-luwih kanggo ngremehne pranatan. Sepisan maneh tak jaluk, ayo ndika karo Ki Bau Kedhungori bebarengan karo aku ngadhep ing ngarsane Ki Demang, supaya perkara ndika karo Ki Kedhungori bisa dirampungake kanthi saadil-adile lan sabecik-becike".

"Aja ngimpi Ki Jagabaya" wangsulane Kunthara karo ngguyu ngece "iki wektune isih awan, ora becik yen dienggo ngimpi".

"Apa sing kok karepne Ki Kunthara?" Jagabaya Sekayu wangsulan karo rada nggetak.

"nDika arep nggawa aku menyang ngarepe Ki Demang kanggo diadili?" wangsulane Kunthara karo nyebekne lambene "kuwi lagi bisa klakon yen aku wis dadi bandan Ki Jagabaya".

Wangsulane Kunthara sing mangkono kuwi cetha nuduhake yen Kunthara wis nantang marang Jagabaya Sekayu. Mula Jagabaya kuwi wis ora bisa ngempet nesune maneh.

"Yen ngono bakal tak sembadani apa sing dadi patembayamu Ki Kunthara".

Jagabaya Sekayu banjur siaga jurus kanggo ngadhepi Kunthara, gagang pedhange digegem kenceng, sikile dijangkahne nyedhaki papane Kunthara ngadeg. Kunthara luwih prayitna, ora gelem kedhisikan dening obahing mungsuh. Sadurunge Jagabaya Sekayu luwih cedhak karo papane, Kunthara mencolot maju karo ngarahne pucuk pedhange kanggo nyuduk dhadhane Jagabaya Sekayu. Jagabaya Sekayu kaget, ora nyana yen bakal nampa sudukan pedhang klawan dadakan ngono kuwi, gage wae Jagabaya Sekayu ngendhani karo mencolot mangiwa. Nanging Kunthara ora mandheg neng panyuduk wae, sikile tengen disadhukne ngarah lambunge Jagabaya Sekayu. Jagabaya Sekayu ora lila yen nganti lambunge kena sadhukan sikile Kunthara, gageyan pedhange diobahne kanggo nangkis sadhukane mungsuhe. Ngerti sikile ditadhahi nganggo pedhang, Kunthara gage narik panyadhuke memburi, ndadekne Kunthara mundur sajangkah, banjur wiwit nata kanggo nibakne jurus sabanjure.

Sauntara iku, Rikad sing adhep-adhepan karo Dahana bawane kalah gladhen, ndadekne Rikad sansaya kethetheran ngendhani lan nangkis pangrangsange mungsuhe. mBaka sethithik Rikad wiwit kadheseg mundur sing banjur diteter dening Dahana klawan serangan-serangan sing mbebayani marang kaslametaning jiwane. Tujune ora adoh saka papan kono, ana Bebau Kedhungori sing wis ora duwe mungsuh, amerga Kunthara wis salin genti adhep-adhepan karo Jagabaya Sekayu. Ngerti yen Rikad sajroning bebaya, Ki Kedhungori banjur tumandang. Nalika Rikad wis kentekan pangarep-arep jalaran pedhange wis ucul saka tangan ketamplek pedhange Dahana, lan pucuk pedhange Dahana wis ngener tumuju dhadhane, Ki Kedhungori wis ora sranta maneh. Pedhange Dahana disabet saka iringan nganggo pedhange, ndadekne pedhang sing dicekel Dahana ucul saka gegeman. Banjur ditututi karo sikile Ki Kedhungori njejak dhadhane Dahana. Dahana sing babar pisan ora ngira yen Bebau Kedhungori arep melu nrambul, ora bisa endha. Keneng dijejak dhadhane Dahana kesurung memburi telung jangkah adege dadi sempoyongan, Bebau Kedhungori isih durung trima mundure Dahana ditututi nganggo kepelane sing  nyamber janggut. Dahana njerit kelaran banjur tiba neng lemah. Bebau Kedhungori banjur ngringkus tangane Dahana loro pisan digeret memburi karo bangkekane dipidak nganggo sikil kiwa, Dahana pasrah ora bisa obah. Weruh Dahana wis dikuwasani dening juragane, Rikad gage tumandang, ikete Dahana disaut wudhar, banjur dienggo naleni tangane sing wis dipluntir memburi dening Ki Kedhungori. Sawuse Dahana dadi bandan, Bebau Kedhungori banjur ngongkon Rikad supaya Dahana dijagani aja nganti bisa ucul lan mlayu ninggalne papan kuwi, sauntara Bebau Kedhungori genti nyedhaki papane kerengan Jagabaya Sekayu sing kudu ngadhepi Kunthara sing nyata sekti mandraguna.

Pancen bener yen Kunthara nyata wong sing sudira, sanajan ngadhepi Jagabaya Sekayu sing tenagane isih wutuh, sauntara Kunthara wis kalong tenagane kanggo ngadhepi Bebau Kedhungori, suprandene ora katon susut tandange. Malah kosok balen karo kahanane Jagabaya Sekayu sing wiwit kethetheran ngendhani lan nangkis serangane mungsuhe. Sajake Kunthara ora kepengin ndedawa anggone perang tandhing karo Jagabaya Sekayu iki, ngelmune wiwit diunggahne, pangrangsane tumuli ditambahi sing ndadekne Jagabaya Sekayu sansaya kethetheran.  Nganti wekasane, ing sawijining kalodhangan klena pangendhane Jagabaya Sekayu, sikile Kunthara klakon bisa nyadhuk lambunge Jagabaya andel-andele Demang Kedhungtuwung kuwi. Kena sadhukan pas ing lambung, Jagabaya Sekayu mencelat memburi tiba gulung koming neng lemah, Kunthara nututi mencolot maju karo arep mbacokne pedhange ngarah sirahe mungsuhe. Jagabaya Sekayu sing gulung koming neng lemah ora weruh yen pedhange Kunthara arep nyigar sirahe. Kunthara dhewe uga wis bisa mesthekne yen nganti mbleset pambacoke dudu sirahe Sekayu sing bakal sigar, nanging bisa uga malah gulune Jagabaya Sekayu sing bakal pedhot kena bacokane pedhange. Nanging Kunthara dadi kaget setengah mati, nalika pedhange kurang sakecu saka sirahe mungsuhe, dumadakan keprungu suwara jumlegur kaya suwarane bledheg, pedhange mencelat ucul saka gegeman lan epek-epeke krasa panas sing ora karuwan larane.

Pranyata nalika bareng karo Jagabaya Sekayu kena sadhukane Kunthara mau, Rangga lan Marga tekan ing papan kono. Weruh yen Jagabaya Sekayu tiba gulung koming neng lemah sing banjur ditututi Kunthara karo mbacokne pedhange, Marga luwih cepet anggone mencolot karo nyeblakne pecute sing ndadekne pedhange Kunthara mencelat ucul saka gegeman. Kunthara mencolot mundur watara telung jangkah banjur nyawang apa sing wis kedadeyan.

"Keparat!" Kunthara misuh banter karo nggetak bareng ngerti yen Marga wis ngadeg ana ngarepe karo nyekeli pecut ing tangane "licik, apa karepmu nyampuri perkaraku iki he?".

"Sareh dhisik Ki Kunthara......" wangsulane Marga karo mesem semanak "sing arep ndika gawe cilaka kuwi Jagabaya Kademangan, yen nganti Ki Jagabaya cilike tatu gedhene nganti tumekeng tiwas merga keneng gegamanmu, mangka ndika bakal adhep-adhepan karo Ki Demang  lan kabeh kawula sakademangan Kedhungtuwung kene".

"Apa perkaramu? Apa kok kira aku wedi nek mung ngadhepi Ki Demang lan wong-wong Kedhungtuwung kene he?" Kunthara nggetak karo mripat abang murup.

"Aku ora takon, ndika wedi apa ora, nanging aku perlu ngandhani ndika, yen ndika ora bakal menang mungsuh wong sakademangan" wangsulane Marga .

"Heh Marga, kowe wong anyar ing Kademangan kene" kandhane Kunthara karo praupan abang mangar-mangar saking nesune "kowe durung ngerti sipat lan gegedhohane wong-wong Kedhungtuwung sing ora weruh ing kabecikan. Mumpung durung kebacut sing bakal ndadekne kowe kedhuwung, tak elingne luwih becik kowe sumingkir saka kene lan aja seneng melu-melu sing dudu perkaramu, tak kandhani".

"Matur nuwun Kunthara" wangsulane Marga panggah sareh "ndika wis gelem ngelingne lan nuturi aku, saiki genti rungokna pititurku marang ndika, sanajan ndika duwe ngelmu kanuragan sing pinunjul, ndika ora bakal bisa ngalahake wong sakademangan luwih-luwih yen ndika mapan ing papan sing ora bener".

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 74

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

74.

Demang Kedhungtuwung wis mrentah rewange supaya nyawisne wedang jahe neng teko gedhe karo jadah bakar neng pringgitan. Demang Kedhungtuwung isih kepengin ngrungokne critane Rangga lan Marga oleh-olehe sawise pamit menyang Kali Tuwung sing kondhang gawate. Awit pranyata kajaba Rangga lan Marga bisa nyekel Gima sakancane, sing jebul andhahane Kunthara. Rangga lan Marga uga oleh crita sing akeh sing magepokan karo asal-usule Kademangan Kedhungtuwung. Nanging nalika Ki Demang takon bab Darim lan para Cikal Bakal Kademangan, Rangga malah wangsulan yen sing ditakokne dening Demang Kedhungtuwung kuwi durung pati wigati kanggo dijlentrehne. Jalaran wektu iki isih ana bab-bab sing luwih mbutuhake kawigaten sing gedhe dening Demang Kedhungtuwung, yaiku prawan-prawan sing ilang dicidra duratmaka sing nganti dina iki durung genah kepiye nasib lan kahanane. Ora kalah wigati maneh, yaiku ngenani Kunthara sing wis akeh seksi nyebutake lamun dheweke kuwi bageyan saka wong-wong sing arep ngrebut Kademangan Kedhungtuwung saka panguwasane Demang sing saiki ana.

"Inggih Anakmas" kandhane Demang Kedhungtuwung marang Rangga lan Marga "suwaunipun kula pancen rumaos lingsem dene sampun rebat panguwaos kaliyan sedherek kula piyambak, ing Kademangan punika, ingkang yegtosipun dede gadhahan kula. Pramila kula lajeng adreng kepengin nyumerepi ing pundi dunungipun para trah saking cikal bakal ingkang langkung wenang menawi nglenggahi dados Demang ing mriki. Nanging sareng kula mireng pangandikanipun Anakmas, bilih manggihaken prawan-prawan Kedhungtuwung ingkang ical kacidra duratmaka punika estu kuwajiban kula sarta kuwajiban sanes inggih punika mangsulaken tentremipun Kedhungtuwung punika, kula lajeng nggadhahi pamanggih sami kaliyan ingkang Anakmas dhawuhaken punika".

"Inggih Ki Demang" wangsulane Rangga "samangke ingkang kedah dipun penggalih, inggih punika kados pundi murih saged mangertos purugipun para prawan ingkang ical mkala wau. Menawi nitik cariyosipun Kartagentho kaliyan Jayaglegek ingkang nampi prawan-prawan wau ing Guwa Klumpit, pranyata Guwa Klumpit namung didamel tutup liripun menawi wonten ingkang sumerep supados nginten bilih prawan-prawan kasebat kapapanaken ing Guwa Klumpit, nanging nyatanipun boten. Guwa Klumpit namung didamel ampiran kemawon. Ugi ingkang kula dereng mudheng, nalika kula sumerep prawan ingkang dipun beta mlajar dening pawongan ing Guwa Klumpit kapengker, dening Kartagentho punapa dene Jayaglegek pawongan punika ingkang nami Panembahan Timur. Kamangka nalika kula pepanggihan kaliyan tiyang ingkang ngaken naminipun Panembahan Timur ing Tegal Bera, tiyangipun benten kaliyan pawongan ing Guwa Klumpit punika".

Krungu tembung-tembung sing diucapne dening Rangga ngono kuwi, Demang Kedhungtuwung dadi sansaya kodheng nalar lan pikirane.

"Kajawi saking punika Ki Demang" Marga genti sing guneman "nitik cariyosipun Gima, jebul Kunthara kajawi ngragati para kecu lan kampak sarta maling, ugi prentah mbradhat prawan tuwin tiyang estri ingkang taksih nem kados angkahipun badhe mbradhat Rinem tuwin Nyi Wangsa ing Ngablak. Punapa anggenipun prentah mbradhat prawan punika kangge Kunthara piyambak punapa kangge nuruti prentahipun Panembahan Timur? punika ugi kedah dipun penggalihaken Ki Demang".

Demang Kedhungtuwung dadi sansaya tambah bingung. Perkara sing diadhepi iki bener-bener perkara sing kaliwat ruwet sing angel anggone arep ngudhari jalaran kaya-kaya perkara iki angel digoleki sing dadi bongkot utawa pucuke. Rangga lan Marga sing temene ing kono mung rumangsa kesampiran kuwajiban melu mbantu nentremake kahanan ing Kademangan kuwi uga durung nemu cara kepriye carane ngudhari reruwet iki. Wong telu sing ana pringgitan kuwi banjur padha meneng, ngumbar gagasane dhewe-dhewe.  Nalika wong telu kuwi padha meneng dumadakan padha dikagetne karo mlebune Bebau Krajan sing banjur lungguh neng ngarepe Demang Kedhungtuwung karo napas krenggosan.

"Ana apa Baune Krajan?" Demang Kedhungtuwung tumuli nakoni sing lagi wae teka.

"Ngaturi uninga Ki Demang, Kunthara kaliyan Ki Kedhungori sami kerengan ing bulak alit wetan mriku" wangsulane Bebau Krajan "ingkang ngabari kula tiyang ingkang griyanipun caket kaliyan papan kangge kerengan kala wau, kula sampun kengkenan Adhi Jagabaya Sekayu miwah prajurit Kademangan tiga, murih misah. Lajeng kula matur Ki Demang punika".

"Kunthara tukaran karo Bebau Kedhungori?" Demang Kedhungtuwung katon kaget "iki dudu perkara sepele, aku kudu teka dhewe mrana iki".

Muni ngono kuwi Demang Kedhungtuwung karo ngadeg, banjur takon marang Rangga lan Marga sing uga wis padha ngadeg : "Kados pundi Anakmas?".

"Inggih Ki Demang mila prayoginipun kedah makaten" wangsulane Rangga "mangga sami dipun tingali mrika. Lan kula nyuwun pangapunten, ketingalipun kula kaliyan adhi kula Marga badhe ngrumiyini lampah langkung rumiyin".

"Inggih Anakmas" wangsulane Demang Kedhungtuwung . Rangga lan Marga kaya mencolot mlayu metu saka pringgitan. Lan nalika Demang Kedhungtuwung sing ditutne Bebau Krajan sing setengah mlayu tekan regol ngarep kademangan, Rangga lan Marga mung katon saklebatan wis adoh ninggalne Kademangan, tumuju bulak cilik sing dicritakne Bebau Krajan mau. 

Sauntara kuwi ing Bulak Cilik, sing dicritakne lagi padha kerengan wis katon rame. Jebul sing ana kono ora mung Kunthara karo Bebau Kedhungori thok, nanging ana rong pasangan sing lagi padha regejegan. Kunthara lagi ngadhepi Bebau Kedhungori, lan Dahana sedulure Jagabaya Slumpring ngadhepi Rikad rewange Bebau Kedhungori. Yen perang tandhing antarane Dahana karo Rikad ketok rame, jalaran silih ungkih genti kalindhih. Dhasar ngelmu kanuragan sing diduweni kena diarani timbang, senadyan kekarone uga wis padha olehe ngliga gegaman, nanging kekarone uga padha wis ketatone nadyan tatu kuwi ora pati mbebayani tumrap jiwane. Beda adoh karo perang tandhinge Bebau Kedhungori lumawan Kunthara, Bebau Kedhung ori keneng diarani wis ora oleh enggon babar pisan. Tangan lan gegere wis tatu kena pedhange Kunthara, wis bola-bali Bebau Kedhungori tiba glangsaran ngendhani sabetan pedhange mungsuhe. Sansaya suwe Bebau Kedhungori sansaya kadheseg.

"Seger, ketoke pancen dina iki kowe kudu ngadhep Bathara Yama neng neraka kana" kandhane Kunthara karo nyawang Bebau Kedhungori sing wis ketok thele-thele "sedhela maneh kowe karo rewangmu sing kumalungkung kae  bakal dadi bangke neng papan iki".

"Ora bisa!" sadurunge bebau Kedhungori wangsulan dumadakn ana wong liya sing wangsulan karo mlumpat banjur ngadeg ing tengah antarane Kunthara karo Bebau Kedhungori.

"Ki Jagabaya aja melu-melu, iki perkaraku karo perkarane Seger" Kunthara alok banter bareng ngerti nek sing teka kuwi Jagabaya Sekayu sing uga wis ngliga pedhange.

"Ora bisa mangkono Ki Kunthara" wangsulane Jagabaya Sekayu sareh "nadyan aku durung ngerti perkarane apa sing ndadekne ndika karo Ki Kedhungori padha kerengan, nanging wis dadi kuwajibanku misah ndika wong loro supaya padha ngendheg nggone padha kerengan".

"nDika arep misah Ki Jagabaya?" Kunthara takon karo ngguyu ngece "aku dudu bocah cilik sing tukaran merga rebutan dolanan. Sepisan maneh aku ngelingne, luwih becik ndika minggir aja melu-melu nyampuri perkaraku, yen ndika ora kepengin nemu getun keduwung".

"Ki Kunthara" Jagabaya Sekayu rumangsa diremehne dening Kunthara "neng Kedhungtuwung kene iki aku Jagabaya, jejibahanku mbantu Ki Demang murih Kademangan kene kuwi bisa tentrem, yen ana wong tukaran lan ora gelem tak pisah, kuwi padha wae wis ngremehake aku. Ngerti?".

"Yen ndika rumangsa wis tak remehne ndika arep apa?" wangsulane Kunthara karo ngece "aja adigung karo pangkat Jagabaya ndika Ki Sekayu, tumrap Kunthara pangkat Jagabaya kuwi ora eneng apa-apane tak kandhani".

 

ana candhake.


Minggu, 10 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 73

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

73.

Watara sapanginang suwene Demang Kedhungtuwung karo Rangga lan Marga rembugan ana Pringgitan banjur metu menyang Pendhapa maneh. Mapan lungguh ing papane sekawit, Rangga lan Marga uga banjur lungguh ing mburine Demang Kedhungtuwung. Wong-wong sing mau pas ditinggal Demang Kedhungtuwung mlebu padha pating klesik rerasanan padha kanca bali meneng maneh. Kabeh ngenteni apa sing arep dikandhakne Demange. Kartagentho karo Jayaglegek uga isih lungguh karo ndhingkluk, ngenteni tibane putusan paukuman apa sing bakal ditibakne marang awake wong sakloron kuwi.

"Kartagentho apa dene ndika Jayaglegek" kandhane Demang Kedhungtuwung sawuse lungguh kanthi kepenak "luwih dhisik tak kandhakne marang ndika sakloron yen asiling nggonku rerembugan karo Anakmas Rangga lan Anakmas Marga, magepokan karo panjaluk ndika ana sing bisa diwujudi nanging uga ana sing ora dikabulake".

"Inggih Ki Demang" Jayaglegek ndengengek karo semaur "mugi Ki Demang kepareng paring katrangan panyuwunan punapa ingkang saged dipun wujudi, lan punapa ingkang dipun tampik?".

"Panjaluk ndika sing dikabulne yaiku, bab kulawarga ndika. Kulawarga ndika mengko bakal dipapag dening utusan saka Kademangan lan bakal diboyong mrene, kapapanake ing papan kang aman yaiku ing wewangunan suwung sing ana mburi omahku, kanggo sauntara pangane kulawargamu dadi tanggungane Kademangan Kedhungtuwung" Demang Kedhungtuwung aweh katrangan.

"Sewu ngaturaken gunging panuwun Ki Demang" Jayaglegek wangsulan disusul sujud ing ngarepe Demang Kedhungtuwung sing uga banjur diteokne dening Kartagentho "sampun nicil ayem salebeting manah kula, kula pitados kanthi makaten semah lan anak kula badhe kinayoman saking bebaya".

"Samangke kula boten wonten malih ingkang kula kuwatosaken, mugi-mugi lampah kula kekalih mangke sasampunipun nglampahi pidana pejah boten kesasar-sasar dados sukma klambrangan" genti Kartagentho sing guneman karo tetep sujud .

"Kandhaku durung rampung Jayaglegek lan Kartagentho" Demang Kedhungtuwung kandha maneh.

"Inggih Ki Demang, kula kekalih nyuwun pangapunten" wangsulane Kartagentho karo Jayaglegek bebarengan.

"Dene panjaluk ndika yaiku milih nampa pidana digantung neng ara-ara tinimbang pidana picis ing pamenthangan, aku ora bisa nuruti pamilihmu" kandhane Demang Kedhungtuwung sing banjur meneng ngenteni tumanggape bandan loro sing lagi diadili kuwi.

Kartagentho lan Jayaglegek sakal mingkem, ora bisa omong, praupane ketok pucet, saranduning awake krasa lemes tanpa daya. Gawang-gawang katon cetha ing angen-angene, mendah rekasaning ragane mengko yen klakon dipilara kanthi dipenthang ing kayu palang, banjur bebalunge diremuk, saben wong liwat diprentah supaya ngiris daging lan kulite banjur disiram caruban banyu uyah lan asem, nganti saenteking nafase. Ora krasa wong loro kuwi nggeget untu karo ngeremne mripate.

"Nanging ndika ya ora bakal nampa pidana kaya sing tak kandhakne ing ngarep mau, ndika ora bakal kapatrapan pidana picis" Demang Kedhungtuwung nyambungi kandhane.

Krungu tembunge Demang Kedhungtuwung sing keri dhewe iki, Kartagentho karo Jayaglegek banjur melek, rasa lemese sakala ilang, kaya wong nandhang kasatan sing nemu banyu bening disiramne ing awake. Sakala kekuwatane bali pulih.

"Ngaturaken sewu genging panuwun Ki Demang" alon-alon wong loro kuwi padha ngucap "lajeng pidana punapa ingkang badhe kapatrapaken dhateng kula kekalih?".

"Kanggo sauntara ndika sakloron ora dipatrapi pidana apa-apa" wangsulane Demang Kedhungtuwung.

Ora mung Kartagentho karo Jayaglegek wae sing kaget krungu wangsulane Demang Kedhungtuwung sing mangkono kuwi. Para Bebau lan para Jagabaya uga padha kaget kabeh, kalebu para prajurit Kademangan sing lagi tinanggenah njaga lakuning pangadilan ing pendhapa kuwi. Manawa Jayaglegek lan Kartagentho kaget amarga wis ngrumangsani sepira gedhening lupute sing kudune kena pidana pati, nanging dening Ki Demang kok malah jare ora dipatrapi pidana apa-apa. Beda maneh karo sing ana pikirane para Bebau lan para Jagabaya sing duwe pangira yen Demange wis mutusake prakara kanthi sembrana, jalaran durjana loro kuwi cetha yen mbebayani tumrap katentremane wong-wong ing Kademangan Kedhungtuwung, yen nganti diumbar kluyuran ing Kademangan kono mesthi nambahi ruweting kahanan. Banjur apa sambunge karo dhawuh sing nyebutake yen kulawargane durjana loro kuwi sing jare arep diboyongi menyang Kedhungtuwung lan dipapanake ing wewangunan sing ana mburi omahe Demang?.

Kahanan sajroning pendhapa dadi kosek, siji loro Bebau lan Jagabaya padha pating klesik nelakake panemu sing ora sarujuk karo putusane Demang sing dianggep sembrana kuwi marang kanca ing cedhake. Demang Kedhungtuwung, Rangga lan Marga sing uga ngerti koseking kahanan sajak padha ora nggagas, wong telu kuwi padha olehe lungguh anteng ora guneman apa-apa.

"Nanging ndika sakloron aja kesusu bungah dhisik" bareng dienteni sauntara karo meneng, para Bebau lan para Jagabaya ora ana sing ngangkat tangane banjur nelakake panemune klawan tembung sing cetha, Demang Kedhungtuwung banjur guneman maneh "tembungku sing ngandhakne yen ndika sakloron kanggo sauntara ora nampa pidana apa-apa kuwi ora ateges ndadekne ndika sakloron banjur merdika diumbar kluyuran saseneng ndika".

"Inggih Ki Demang, gandheng kula sampun nglenggana ing kalepatan kula, kula kekalih namung badhe ndherek ingkang dados kersanipun Ki Demang kanthi lila legawa" Jayaglegek wangsulan karo suwara sing alon nanging keprungu cetha.

"Jalaran isih akeh bab-bab sing kudu ndika wangsuli lan ndika cethakne sawayah-wayah aku mbutuhake. Ndika mengko bakal tak papanake awor karo kulawarga ndika ing wewangunan mburi omahku. Nanging ndika ora tak idini metu saka omah kuwi kajaba yen tak butuhne metu. Ngerti?".

"Inggih Ki Demang, kula kekalih namung saged ngaturaken genging panuwun" wangsulane Kartagentho lan Jayaglegek.

Bareng Demang Kedhungtuwung wis guneman mangkono iku, para Bebau lan para Jagabaya wiwit bisa nyandhak apa sing dikarepake dening Demange. Wong-wong kuwi banjur padha manthuk-manthuk karo mesem dhewe-dhewe.

"Saiki" Demang Kedhungtuwung nerusne anggone guneman marang Kartagentho lan Jayaglegek "ndika sakloron bisa rembugan karo Prajurit Kademangan sing bakal kapatah mapag kulawarga ndika, ing papan ndika leren mau".

Muni ngono Demang Kedhungtuwung karo aweh sasmita marang Bebau Krajan supaya nganthi prajurit nggawa Kartagentho lan Jayaglegek menyang papane sekawit lan ngrembug anggone arep marani anak bojone wong loro kuwi digawa menyang Kademangan.

Demang Kedhungtuwung uga banjur aweh prentah marang Jagabaya Sekayu supaya mbiwarakne marang sing ana pendhapa kono yen rembugan wis rampung lan kabeh kena ninggalne papan kono kanggo nandangi kuwajibane dhewe-dhewe. Bubar kuwi Demang Kedhungtuwung banjur ngajak Rangga lan Marga ngalih menyang Pringgitan arep diajak rembugan kanggo ngadhepi lelakon sing bakal teka.

Kartagentho lan Jayaglegek sing arep diterne Bebau Krajan lan prajurit Kademangan bali menyang gothakane uga banjur ngadeg lan kanthi sikep sing kurmat banjur mlaku lon-lonan menyang gothakene. Senajan Prajurit Kademangan sing kajibah njaga katentremaning pendhapa wis padha ngalih mbalik ing papane dhewe-dhewe, nanging para Bebau lan Para Jagabaya isih padha durung ninggalne pendhapa. Malah banjur padha lungguh ngedhuweng, jagongan ngrembug kawicaksanane Demange anggone nyikepi Kartagentho lan Jayaglegek mentas wae iki mau. Kajaba ngrembug kuwi uga ngrembug bab liyane sing uga ora kalah wigati, yaiku perkara Kunthara sing nganti tekan saiki durung disenggol dening Demang Kedhungtuwung, kamangka wis kaping pindho ana crita sing kena dipercaya kang nuduhake yen Kunthara kuwi paraga kang mbebayani tumrap Kademangan Kedhungtuwung. Yaiku sing sepisan critane Gima sakancane kaping pindho critane Kartagentho lan Jayaglegek sing lagi wae dicritakne.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 72

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

72.

Demang Kedhungtuwung meneng sedhela, banjur noleh kiwa tengen njaluk tetimbangan para Bebau lan para Jagabaya, sarta marang Rangga lan Marga kanggo nanggapi gunemane Kartagentho karo Jayaglegek sing keri dhewe iku mau. Nanging para Bebau lan para Jagabaya sajake ora duwe panemu liya, kabeh mung manut marang apa sing dadi kaputusane Demang Kedhungtuwung, kalebu Marga lan Rangga uga mangkono. Mula Demang Kedhungtuwung tumuli nakoni marang Jayaglegek lan Kartagentho maneh :

"Dadi ndika sakloron, bakal gelem mangsuli apa sing dadi pitakonku mau?"

"Inggih Ki Demang" wangsulane Kartagentho "bares kures, kula langkung pitados dhateng Ki Demang tinimbang dhateng para pangajeng kula. Awit kula sampun saged ngraosaken sikep tuwin pangrengkuhipun Ki Demang miwah Para Bebau ing mriki dhumateng para bandan kalebet dhateng kula, namung emanipun kula taksih nguwatosaken kaslametanipun anak lan semah kula saking panyikaranipun para pengajeng kula ingkang tamtu sampun mastani bilih kula sampun nyidrani tiyang-tiyang kala wau, langkung-langkung sasmpunipun kula ngertos bilih para pangajeng kula punika sampun boten kasil anggenipun badhe mejahi kula lan adhi Karta awit saking pitulunganipun Angger Rangga lan Marga dhateng kula dhuk rikala sakit ing salebeting gothakan".

"Iya, aku bakal nyoba percaya marang omongan ndika sakloron, bakal ana utusan saka Kademangan kene kanggo ngreksa kaslametane anak bojo ndika, nek perlu kulawarga ndika bakal tak kongkon supaya diboyong lan dipapanake ing Kademangan kene murih luwih gampang anggone ngawat-awati" kandhane Demang Kedhungtuwung mangsuli omongane Kartagentho. 

"Matur nuwun sanget Ki Demang" Jayaglegek genti sing guneman "sanaosa makaten, kula nyuwun supados anak lan semah kula sampun ngantos mangertos menawi kula badhe kapatrapan pidana gantung, supados boten ngrerendheti lumampahing sukma ing jaman kalanggengan mangke".

"Iya, kabeh panjalukmu bakal tak turuti waton wangsulan ndika sakloron apa anane kaya sing wis tak ngerteni sadurunge" wangsulane Demang Kedhungtuwung "saiki enggal wangsulana pitakonku mau, nanging aja takon dosa nek oleh ndika wangsulan jebul goroh".

"Inggih Ki Demang" Jayaglegek wiwit guneman "estunipun suwaunipun kula punapa dene Adhi Karta punika sami-sami tiyang awon, griya kula ing Tegalgaring sakidulipun Bulakbadher, inggih padamelan kula kekalih punika mila awon, colong jupuk punapa dene mbegal lan ngecu. Antawis setengah tahun kepengker kula ketanggor klentu ambegal tiyang ingkang sekti mandraguna lan kacariyos taksih trahing kusuma rembesing madu, naminipun Panembahan Timur. Nanging sareng kula saged dipun kawonaken dening Panembahan Timur kula boten dipun kaparingan pangapura, saratipun kula kedah purun nyuwita dhateng piyambakipun sarta mlebet dados murid ing paguronipun Panembahan Sekarjati inggih gurunipun Panembahan Timur".

"Lha ndika wong loro kuwi wis ngerti apa durung sapa sejatine Panembahan Sekarjati kuwi?" Ki Demang nyelani takon.

"Suwaunipun dereng sumerep, nanging sareng sampun mlebet dados siswa ing paguronipun nembe mangertos cariyos sinten Panembahan Sekarjati punika" wangsulane Kartagentho nggenteni critane Jayaglegek.

"Miturut cariyos ingkang kula tampi saking kanca-kanca ingkang langkung rumiyin meguru ing mriku, Panembahan Sekarjati punika suwaunipun Tiyang Agung ing Kadipaten Madiun nanging kenging paekanipun Panembahan Mas lajeng kesah saking Madiun. Salebeting kesah nilar kamukten ing Madiun Panembahan Sekarjati nampi wisik bilih boten dangu malih Panembahan Mas badhe kendhang saking Madiun lan ingkang saged gumantos nglenggahi Kadipaten Madiun namung trahing Brahmana ingkang manembah dhateng Bathari Pramuni. Panembahan Sekarjati lajeng gegancangan lumawat dhateng Keduwang, pereng ler kilen saking Gunung Lawu ingkang kacariyos bilih ing mriku mapanipun kori dhateng Kahyanganipun Bathari Pramoni inggih Kahyangan Dhandhangmangore. Jebul ing mriku sampun kathah titiyang ingkang sami nglampahi prihatin ngalab berkahipun Bathari Pramoni murih saged kapencokan wahyuning kraton ing Kadipaten Madiun. Wasana sami-sami tiyang ingkang prihatin lajeng tuwuh pasulayan, sedaya ingkang prihatin ing mriku saged katelukaken dening Panembahan Sekarjati antawisipun : Ki Kahastha saking Paguron Bulakbadher, Ki Ageng Kluwihan saking Paguron Kluwihan, Panembahan Ciptarasa saking Gunung Pegat, lan taksih kathah malih. Sadaya ingkang sampun sami teluk dening Panembahan Sekarjati kadhaku dados sedherek utawi dados sekabatipun lan badhe kaparingan kamukten mbok bilih benjing Panembahan Sekarjati sampun nyepeng panguwaos ing Madiun. Malah ing tembenipun, criyosipun Panembahan Sekarjati boten namung ugi boten lami anggenipun cumondhok ing Madiun, jalaran miturut wangsit ingkang dipun tampi Panembahan Sekarjati boten namung jumeneng ing Madiun nanging badhe gumantos keprabon Nagari Majapahit ingkang samangke wahyuning kraton Majapahit taksih cumondhok ing Kuthagedhe utawi ing Mataram.

Nalika samanten Ki Ageng Kluwihan matur dhateng Panembahan Sekarjati bilih kangge masanggrah sarta nata kekiyatan kangge mapag wahyu kraton Majapahit dhateng Mataram, ngiras pantes ngentosi kendhangipun Panembahan Mas saking Madiun, wonten satunggaling Kademangan inggih Kademangan Kedhungtuwung kagunganipun siswanipun Ki Ageng Kluwihan ingkang nami Ki Pujud. Emanipun Kademangan Kademangan Kedhungtuwung wekdal punika dipun kuwaosi dening sedherekipun sepuh Ki Pujud. Pramila Ki Ageng Kluwihan nunten nyuwun bebantu murih saged ngrebat Kademangan Kedhungtuwung saking tanganipun sedherek sepuhipun Ki Pujud. Mangke menawi Kademangan Kedhungtuwung sampun saged karebat, saged kadadosaken pasanggrahan kangge nata kekiyatan mapag wahyu kraton ing Mataram.

Gandheng wekdal punika Panembahan Sekarjati nembe badhe nyampurnakaken ngelminipun ing wana Patalan, mila lajeng paring prentah dhateng Panembahan Ciptarasa lan sedaya siswa tuwin sekabatipun Panembahan Sekarjati murih manunggal ing Padhepokan Kluwihan lan paring pambiyantu murih Ki Pujud enggal saged ngrebat Kademangan Kedhungtuwung ingkang dipun kuwaosi dening sewdherek sepuhipun ingkang kondhang kejem lan wentala dhateng sedherekipun piyambak.

Inggih awit nuhoni dhawuhipun Panembahan Sekarjati ingkang makaten kala wau, wiwit watawis sekawan wulan kapengker Panembahan Ciptarasa ingkang sampun kajunjung dados wewakilipun Panembahan Sekarjati kanthi sebatan Panembahan Timur, wiwit nglempakaken para tiyang awon bangsanipun brandhal maling kecu lan sapiturutipun sami dipun telukaken lan kadadosaken muridipun Panembahan Sekarjati nunten kadhawuhan damel kisruh ing Kademangan Kedhungtuwung mriki, kalebet kula lan adhi Karta punika, dene ingkang pinitados dening Panembahan Timur murih wewados punika boten ngantos kadenangan dening Ki Demang ing Kedhungtuwung miwah para bebaunipun dipun suhi dening Ki Kahastha saking Paguron Bulakbadher ingkang dipun rencangi dening anakipun ingkang nami Kunthara.

Makaten ingkang saged kula aturaken minangka wangsulan saking pandangunipun Ki Demang ing ngajeng wau, saestu punika cariyos ingkang sanyatanipun boten kula tambah lan ugi boten wonten ingkang kula singidaken. Pramila sepisan malih kula nyuwun dhumateng Ki Demang mugi kersaa angayomi dhateng anak lan semah kula, dene menawi kula kedah kapatrapan pidana pejah, kula inggih sampun boten badhe suwala".

Demang Kedhungtuwung manthuk-manthuk krungu wangsulane Jayaglegek sing dawa mawa crita ngono kuwi. Ora guneman apa-apa Demang Kedhungtuwung ngadeg, nyedhaki papane Rangga lan Marga banjur bisik-bisik cedhak kuping. Ora suwe wong telu kuwi banjur mlaku memburi arep menyang pringgitan. Ki Demang kober pamitan marang para Bebau :

"Tulung padha ditunggu sedhela ing kene, aku tak rembugan dhisik karo anakmas Rangga lan Marga ing Pringgitan".

"Inggih Ki Demang ngestokaken dhawuh" wangsulane para Bebau lan para Jagabaya bebarengan. Sauntara kuwi, Kartagentho lan Jayaglegek bali amarikelu, tumungkul nyawang jogan pendhapa kademangan kanthi pikiran sing ngumbara tekan ngendi-endi.

 

ana candhake.


Sabtu, 09 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 71

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

71.

Nalika Jayaglegek lan Kartagentho tekan pendhapa, neng kono wis mlumpuk para bebau, para jagabaya lan para prajurit sing sikep gegaman jangkep. Ki Demang lungguh neng tengah diapit para bebau lan para jagabaya. Sauntara Rangga lan Marga uga ana lungguhe mapan ana pucuk sisih kiwa. Jayaglegek lan Kartagentho dilungguhne pas ana ngadhep Demang Kedhungtuwung watara gang sadhepa ana ngarepe. Wong loro sing kulinane yen nyawang wong sing ora pati ditepungi seneng ngremehne, dumeh rumangsa duwe kaluwihan ing ulah kanuragan, dina kuwi babar pisan ilang sikep kumalungkunge. Kekarone katon aclum praupane, ora wani ndhangak nyawang wong ing sacedhake, mung ndhingkluk sajak miris lan sedhih pikire.

"Piye kahanan sikilmu Ki Kartagentho karo Ki Jayaglegek? Eh, bener ta jeneng ndika Kartagentho karo Jayaglegek?" Demang Kedhungtuwung miwiti anggone takon.

"Leres Ki Demang" sing wangsulan Jayaglegek karo rada ndengengek "kula Jayaglegek lan niki rencang kula Adhi Kartagentho. Pikantuk sawab saking Ki Demang, anggenipun Angger Marga nambani tatu-tatu ing balung sikil kula lan sukunipun Adhi Karta sampun sae, kantun sakedhik radi sakit menawi damel mlampah".

"Ya sokur yen pancen mangkono" kandhane Ki Demang sabanjure "dadi saupama dina iki aku lan kanca-kanca Bebau ing Kedhungtuwung kene kepengin takon marang ndika wong sakloron, mesthine ndika wis padha bisa aweh wangsulan kanthi becik".

"Inggih Ki Demang" Kartagentho sing mangsuli "kula kekalih badhe mangsuli sedaya pandangunipun Ki Demang saha para Bebau, kanthi sak sae-saenipun".

Ki Demang noleh ngiwa nengen, nyawang para Bebau lan para Jagabaya uga marang Rangga lan Marga, aweh sasmita yen arep miwiti anggone nakoni bandan loro kuwi. Sing ditoleh lan disawang padha manthuk ngiyani .

"Ya sadurunge aku lan para Bebau Kedhungtuwung ora arep meksa ndika sakloron aweh wangsulan kaya sing tak karepne, ndika kena wae aweh wangsulan sing ora bener, lire goroh utawa nyelaki kanyatan sing wis ndika tindakne. Dadi kabeh tak balekne marang ndika sakloron, jalaran iya awit kanthi wangsulan sing ndika wenehne marang aku lan para Bebau Kedhungtuwung mengko sing bakal nemtokne nasib ndika sateruse. Ndika sakloron wenang milih, milih bali dadi wong merdika, milih dadi wong sing kudu mapan ana kurungan, utawa milih cepet tumekeng pati kanthi cara sing banget sengsarane, bisa kanthi cara dibeleh kaya rajakaya, digantung utawa dipicis ing sadhuwure kayu pamenthangan nganti samatine" kandhane Demang Kedhungtuwung kanggo miwiti anggone arep nakoni bandan loro kuwi.

Kartagentho karo Jayaglegek sing diajak guneman Demang Kedhungtuwung kuwi ora semaur mung sirahe sansaya jero anggone ndhingkluk nyawang joganing pendhapa.

"Pitakonku sing kapisan" kandhane Demang Kedhungtuwung sawuse meneng sauntara "aku kepengin ngerti sapa sejatine ndika wong loro iki? Lire sing ana gegayutane karo sing ndadekne ndika wong loro kerengan karo Anakmas Rangga lan Anakmas Marga ing laladan Kedhungtuwung?".

Jayaglegek karo Kartagentho suwe ora enggal kumecap mangsuli pitakone Demang Kedhungtuwung sing mangkono kuwi. Kekarone rada bingung anggone arep mangsuli, jroning atine wong loro kuwi campuh antarane arep blaka apa anane utawa nyingidne wewadi sing miturut sumpah sing tau diucapne ing ngarepe guru-gurune bakal dikukuhi ora arep dicritakne marang sapa wae lan bakal nggawa wewadi kuwi kanggo sangu mati. Sabab yen nganti wani blaka ateges padha karo wis nyidrani janjine marang para gurune, lan kuwi bisa dadi jalaran sengsarane anak bojone, sauntara jiwane dhewe durung karuwan bisa dislametne klawan ngaku blaka marang mungsuhe iki.

"Piye Kartagentho karo Jayaglegek?" Demang Kedhungtuwung bali guneman sawuse wong loro kuwi mung meneng ora gelem semaur mangsuli pitakone "yen pancen ndika wong loro ora gelem blaka apa anane aku ya ora apa-apa, jalaran satemene aku wis ngerti wangsulan sing bener saka pitakonku iki mau. Lan sajake para Bebau lan para Jagabaya ya luwih seneng yen ndika ora gelem blaka, jalaran pitakonku bakal tak cukupne samene wae, dadi ora kesuwen anggone mbuwang wektu sing tanpa guna. Para Bebau kari andum gawe, ana sing mandhegani nyepakne kayu pamenthangan kanggo ndika wong loro lan ana sing kudu mapag anak bojo ndika sing ana omah, kareben padha nekseni anggon ndika padha nempuh pepati sarana nglakoni pidana picis ing tengah ara-ara".

Krungu ukara sing diucapne Demang Kedhungtuwung sing nadyan dikandhakne klawan sareh lan sabar, nanging wosing ukara banget nggegirisi ngono kuwi, sakala Kartagentho karo Jayaglegek nangis karo sujud neng ngarepe Demang Kedhungtuwung.

"Ki Demang" tembunge Jayaglegek ing sela-selaning tangise "kapicisa kula boten badhe suwala jer kula sampun kaanggep lepat, nanging mugi wontena welasing penggalih anak tuwin semah kula saestu boten tumut napa-napa, sampun dikatut-katutne kaliyan dosa kula".

"Inggih Ki Demang" Kartagentho melu guneman karo nangis "saestu kula boten dora, nadyan kula niki bajingan leletheging bawana, nanging anak tuwin semah kula saestu dede tiyang awon, ingkang awon niku kula, Ki Demang badhe dosa menawi ngantos paring pidana dhateng anak lan semah kula ingkang boten ngertos punapa-punapa".

Ki Demang ngguyu ngece, babar pisan ora katon thukul rasa welas merga krungu tangise Kartagentho lan Jayaglegek sing sujud neng ngarepe.

"Lho sapa sing arep aweh pidana marang anak bojo ndika he?" Demang Kedhungtuwung kuwi takon karo ngguyu "aku ora arep nyikara anak bojo ndika, ngerti? Mung arep aweh pitutur marang anak bojo ndika supaya mbesuke ora niru lakon sing ndika tindakne. Supaya pituturku mau digugu, anak bojo ndika tak tuduhi yen nganti anak bojo ndika niru laku ndika sing nerjang sarak nyingkiri bebener, bakal mati kaya sing ndika alami mengko. Yaiku mati sawuse dipenthang ing kayu palang, banjur bebalung ndika diremuk sarana dithuthuki, kulit-kulit ndika diiris nganggo peso lan dioser-oseri banyune uyah lan asem, lan ndika bakal diumbar ing kayu palang kono nganti sak mati ndika dhewe".

"Nyuwun pangapunten Ki Demang, mugi wontena welasing penggalih, kadhawahana pidana gantung kula boten suwala, lan kula ndherek nitipaken pejah gesangipun anak lan semah kula sampun ngantos nampi panyikara saking tiyang-tiyang ingkang sampun mrentah kula nindakaken sedaya ingkang dipun anggep lepat dening Ki Demang lan para Bebau ing Kedhungtuwung mriki lan minangka gantosipun, kula badhe matur blaka sedaya ingkang kula ngertosi gegayutan kaliyan kedadosan-kedadosan kisruh ing Kademangan Kedhungtuwung punika" Kartagentho wekasan kandha marang Demang Kedhungtuwung, yen arep blaka.

"nDika kuwi luwih lucu" Demang Kedhungtuwung semaur karo setengah ngguyu "ndika kuwi bandan kok malah mrentah sing mbanda? karep ndika kuwi kepriye?".

"Nyuwun pangapunten Ki Demang" genti Jayaglegek sing wangsulan karo tetep nangis "estu, anggen kula kekalih boten enggal mangsuli pandangunipun Ki Demang kala wau, jalaran boten kok kula ajrih dhateng Ki Demang tiwas blaka nanging tetetp kapidana, boten punika. Nanging kula kekalih ajrih awit menawi kula ngantos blaka, tiyang-tiyang ingkang dados pangajeng kula badhe ndhawahaken ukuman dhateng anak saha semah kula. Pramila kula samangke badhe blaka dhateng Ki Demang lan kula ugi boten badhe suwala manawi badhe kapidana sauger anak lan semah kula ingkang boten ngertos napa-napa boten nandhang cintraka awit nyangga dosa-dosa kula".

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 70

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

70.

Ditinggal Marga lan Prajurit Kademangan, Gima banjur miwit nandangi apa sing diprentahne Marga, yaiku mbanyoni bubukan tamba nganggo banyu banjur ditambakne menyang sikile Kartagentho karo sikile Jayaglegek . Kartagentho wiwit kegugah atine, ora ana gunane mbeguguk makutha waton nuruti prasetyane marang Paguron sing nyatane gampang banget aweh pepati marang andhahane dhewe sing wis kecekel dening mungsuhe. Kabeh andhahane dianggep ora bisa nyimpen wewadi mula kudu dipateni. Beda adoh karo sing dilakokne Demang Kedhungtuwung sing jarene wong sing wis tegel karo sedulure dhewe, nanging kanyatane nadyan dheweke wis cetha yen mungsuh sing wis tumindak luput, ewa dene isih diopeni kanthi becik, keslametane isih dijaga. Malah saka lambene Marga Kartagentho ya melu ngrungokne rembug marang Jayaglegek, yen kira-kira ora bakal Demang Kedhungtuwung nibakne pidana pati marang Jayaglegek waton gelem kandha kanthi blaka.

"Tak pikir pancen bener panemumu kok Kang" kandhane Kartagentho marang Jayaglegek.

"Panemu sing endi Dhi?" Jayaglegek takon.

"Upama awake dhewe iki ora digawa mrene dening Rangga lan Marga kira-kira malah wis mati neng Guwa Klumpit" wangsulane Kartagentho.

"Iya Dhi, kuwi keneng dipesthekne" wangsulane Jayaglegek "mbuh mati merga dikereg kewan galak, mbuh mati kaliren, mbuh mati merga dipateni sing jarene kancane dhewe. Sing cetha mati sing siya-siya, coba saupama ora ana wong Kedhungtuwung sapa sing gelem ngrukti utawa mendhem mayite wong-wong sing mati disawat peso dening Panembahan Timur kae? ".

"Aku  suwe-suwe ya bisa ngrasakne, wong Kedhungtuwung kuwi ora kaya sing dicritakne Panembahan Timur utawa Ki Kahastha marang awake dhewe kae, yaiku Demang sing merga kepengin urip mukti wibawa nanging ancik-ancik kasangsarane wong liya sarta duwe sipat tegel gawe panandhange wong cilik" kandhane Kartagentho sabanjure.

"Iya Dhi" wangsulane Jayaglegek "satemene wiwit awake dhewe digotong neng tandhu banjur diajak leren ana pinggir kali, banjur katekan brandhal Gurawa sakancane sing ndadekne Gurawa sakancane banjur dadi bandan kae, aku wis krasa".

"Krasa kepiye Kang?" Kartagentho genti takon.

"Krasa yen wong wong Kedhungtuwung kuwi ora seneng nyiksa lan nyikara marang wong liya, sanajan marang mungsuhe pisan. Nyatane, awake dhewe iki sanajan wis ora bisa apa-apa ya isih diopeni apa mesthine, ora bisa obah malah mangan barang ya didulang. Banjur sawise Gurawa klakon dikalahne, ya ora banjur disikara nanging malah tatu-tatune padha ditambani, iya apa ora?".

"Bener kandhamu Kang" wangsulane Kartagentho "nanging, maune aku isih durung percaya sawutuhe, awit aku eling karo sumpah sing tak ucapne ing ngarepe Panembahan Timur nalika samana. Nanging bareng aku ngerti critane Prajurit loro mau, sing jarene Kunthara nate mbudidaya arep gawe patine awake dhewe sawise awake dhewe dikrangkeng ana gothakan iki, aku banjur mikir, yen ora ana gunane ngugemi sumpah marang wong sing mung arep ndadekne awake dhewe dadi alate, yaiku alat kanggo nggayuh kamukten,lan alat kuwi sawayah-wayah gampang wae anggone nyingkirake".

"Lha banjur si Adhi arep kepiye?" Jayaglegek takon kaya nanting tekade kancane.

"Sanajan isih bingung, aku arep manut karo si kakang wae" wangsulane Kartagentho.

"Isih bingung? Bingung kepiye ta Dhi?" Jayaglegek takon.

"Kakang ngerti dhewe ta? aku iki neng omah ninggal kokoh, anakku isih cilik" wangsulane Kartagentho karo mripate nyawang mendhuwur sajak tumlawung "biyen Ki Janggan Kumala nate kandha sawuse aku ngucapne sumpah setya marang Paguron, yen nganti aku mati sajroning ngayahi jejibahane Paguron, mangka anak bojoku bakal diopeni dening Paguron nganti sakgedhene anakku. Lha nek iki mengko saupama aku dikunjara dening Demang Kedhungtuwung, sajrone aku dikunjara kuwi sapa sing bakal menehi pangan marang anak bojoku?".

Jayaglegek unjal ambegan dawa, sawuse meneng sedhela nuli wangsulan,olehe omong ketok ngati-ati banget :

"Padha wae Dhi, anakku neng omah ya ana papat isih durung bisa apa-apa kabeh. Nek sadurunge kedadeyan ing Guwa Klumpit wingenane kae, aku isih padha karo si adhi yaiku percaya banget karo kabeh sing dikandhakne sedulur tuwa sapaguron klebu Ki Janggan Kumala, ya kuwi nek aku nganti mati sajrone nindakne wajib, jarene anak bojoku bakal diramut, dicukupi sandhang pangane. Nanging bareng aku ngerti dhewe apa sing ditindakne Panembahan Timur marang wong-wong sing ngeterne kurban kae, jujur wae Dhi, aku babar pisan malih ora percaya marang kabeh omongane wong Paguron, ora mung omongane Ki Janggan Kumala utawa Panembahan Timur, sanajan omongane Panembahan Sekarjati pisan ora bakal aku gelem percaya. Apa si adhi isih percaya karo janji sing dikandhakne Janggan Kumala marang   si Adhi?".

Diwalik nganggo pitakonan ngono kuwi Kartagentho meneng ora bisa wangsulan, amerga satemene pikirane Kartagentho wis ora beda adoh karo lakuning pikirane Jayaglegek. Wong loro kuwi banjur padha meneng, ora ana sing omong. Pikirane padha tumlawung adoh miyaki lelakon sing wis kawuri, sing wekasane mung nguwohne rasa getun lan rasa keduwung sing nyata ora ana gunane. Gawang-gawang neng mripat batine, sing sasuwene iki ora tau mampir ing angen-angene, tangise bocah cilik sing sambat kadhemen merga ora duwe sandhangan kanggo salin, jerite bocah-bocah sing merga kaliren lan ora ana panganan sing bisa dipangan.  Gima sakancane sing maune mung meneng karo ngrungokne apa sing dirembug wong loro kuwi, pikirane dadi melu kuwur sing ora karu-karuwan, jalaran wong papat kuwi uga padha duwe anak sing isih cilik-cilik lan wong papat kuwi uga padha ora ngerti nasib apa sing bakal ditemoni anak-anake yen dheweke padha ora bisa bali jalaran kudu nglakoni urip ana ing pakunjaran.

Dumadakan lawang gothakan kuwi obah, dibukak saka njaba. Ora suwe ana prajurit loro mlebu marani panggonane Kartagentho karo Jayaglegek. Dudu prajurit sing mau ngancani Marga, nanging prajurit liya.

"He, kowe wong loro Jaya karo Karta, ayo padha melu aku, ditimbali Ki Demang neng Pendhapa!" salah siji saka Prajurit kuwi kandha.

Jayaglegek karo Kartagentho mung manthuk ora semaur apa-apa.

"Wis bisa mlaku dhewe apa durung ?" Parjurit sing sijine genti sing nakoni "yen durung bisa ben digotong kanca-kanca".

"Alon-alon wis bisa Kisanak" sing wangsulan Jaya Glegek.

"Ya wis, nek ngono ayo alon-alon wae".

Alon-alon lan sajak ngati-ati Jayaglegek lan Kartagentho ngadeg, banjur mlaku arep metu ngetutne prajurit sing mau omong dhisik sing wis ndhisiki mlaku metu, sauntara prajurit sing takon keri mau, ngetutne saka mburi klawan tangane nyekeli gagang pedhang sing wis ligan.

Gima karo kanca-kancane mung bisa nyawang lan ora kumecap apa-apa nganti lawange gothakan bali ditutup lan dikancing saka njaba.

"Bareng neng kene Kartagentho sing kondhang galak lan menangan dhewe kae ya banjur ketok nglumpruk tanpa daya ya Kang?" Genambuthil guneman marang Gima.

"Wong kuwi nek wis dadi bandan kaya awake dhewe ngene iki padha wae Na" wangsulane Gima "merga jenenge wae wis kalah, dadi ya ora ana maneh sing arep diendel-endelne. Luwih-luwih mengko nek wis teka ngarepe Ki Demang, nek nganti kleru olehe guneman gulu totohane".

Genambuthil ora semaur maneh, atine dadi cilik, merga eling yen dheweke sedhela maneh bakal diadili kanggo nampa pidana.

 

ana candhake.


Jumat, 08 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 69

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

69.

Marga mlebu gothakan ditutne prajurit loro sing mau mbukakne lawang, sauntara Rangga ana jaba jagongan karo prajurit-prajurit liyane. Jayaglegek, Karta Gentho karo Gima sakancane sing maune padha jagongan padha meneng bareng. Kabeh ngulatne tekane Marga sing sajak ora ngawaki, banjur ngetokne bumbung isi gerusan gegodhongan lan oyot-oyotan arep kanggo nambani Kartagentho karo Jayaglegek.

"Kepiye kahanane tau ndika Paman?" karo mapan lungguh Marga nakoni Kartagentho lan Jayaglegek.

"Ya ngono kuwi deloken dhewe" wangsulane Kartagentho sajak ora pati mbutuhi.

Gima sakancane sing krungu wangsulane Kartagentho ngono kuwi padha pating plengak gumun. Ya ora maido wong pancen Kartagentho kuwi kondhang wong sing duwe sipat kaku ngendelne dumeh wis dhuwur genderane. Nanging, wektu iki rak kahanane ora beda karo kahanane Gima, Penthet, Jagul lan Genambuthil ? malah kena diarani luwih nemen, wong nyatane arep mlaku wae Kartagentho kuwi isih ngrekasa. Nanging kok ya panggah isih dhuwur rasa gumendhunge, isih gedhe sipat kumalungkunge?.

Marga dhewe ora pati nggagas karo wangsulane Kartagentho sing mangkono mau, jalaran anggone takon mau mung kanggo nguripne kahanan kareben ora krasa kaku. Mula Marga ya ora nanggapi, karo guneman, malah Marga uga banjur mbukak bumbung tambane lan nyepak-nyepakne sing arep kanggo nambani sikile wong loro sing dadi tawanane kuwi.

"Wis rada apik kok Ngger" bareng Marga ora guneman aweh tanggapan marang wangsulane Kartagentho, Jayaglegek sing banjur semaur kanthi sareh "wis keneng dienggo ngadeg lan mlaku, nanging isih krasa lara. Nek mung dienggo slonjor ngene iki ya ora krasa lara maneh".

Marga ndengengek nyawang Jayaglegek sing slagane wis wiwit owah, ketok wiwit  semanak. Ora kaya Kartagentho sing panggah ketok yen durung bisa ngilangne rasa memungsuhane.

"Ya kudu tlaten Paman" wangsulane Marga "mengko sore tak kira wis suda larane, merga balung-balunge wis wiwit tumata maneh".

Muni ngono kuwi Marga karo nyelehne bumbung wadhah banyu karo buntelen cilik-cilik isi gerusan tamba neng cedhake wong loro kuwi.

"Bubukan iki bisa dienggo bola-bali Paman, dibobokne neng papan sing lara, dicarub karo banyu neng bumbung iki" kandhane Marga nggenahne carane nambani, banjur Marga genti kandha marang Gima  "Kisanak Gima, tulung ndika sing awake waras, bubukan iki campuren ngangge banyu banjur blonyohna menyang tatu-tatu neng sikile Paman Karta karo Paman Jaya iki".

"Nggih Den" wangsulane Gima.

"Aku nedha nrima banget lho ngger, muga-muga aku enggal bisa waras" Jayaglegek numpangi rembug.

"Iya paman" wangsulane Marga "mbok menawa ana sing arep dikandhakne marang aku sadurunge tak tinggal?".

"Aku mung arep takon" Kartagentho sing semaur dhisik.

"Takon apa Paman?" Marga takon karo suwara sing sareh.

"Kapan aku kabeh anggone nggantung neng lapangan banjur disuraki dening wong sadesa?"

Marga nyawang praupane Kartagentho rada suwe, karo sorot mripat sing sabar.

"Paman Karta kepengin dipatrapi pidana gantung neng lapangan?" pitakone. Kartagentho ora semaur, lambene mecucu. Marga banjur nyambung rembuge "nek pancen sing ndika pengini dipidana gantung, ya sing rada sabar dhisik, mengko tak matur marang Ki Demang nek ndika wis kepengin ngrasakne mati srana dijiret gulune nganggo tampar banjur digantung ana lapangan ben dadi tontonane wong sakademangan kene".

Kartagentho ora semaur maneh, banjur Marga genti nakoni wong liyane :

"Liyane Paman Kartagentho sapa maneh sing ngersakne dijiret gulune banjur digantung neng lapangan?".

"Aku njaluk pangapura ngger" Jayaglegek semaur alon "saupama aku kudu dipatrapi pidana sarana digantung, aku ya ora bakal suwala, nanging upama bisa aku kepengin sadurunge digantung kersaa Ki Demang lan wong-wong ing Kedhungtuwung kene kabeh aweh pangapura marang kabeh luputku, murih sukaku bisa rada tentrem neng kanane".

"Aja samar paman" wangsulane Marga "kira-kira ndika ora bakal nampa pidana kaya sing dipengini Paman Kartagentho kuwi mau, sanadyan mbok menawa kudu ngliwati dadi wong ukuman mbuh pirang sasi suwene, sing cetha waton ndika ora gawe kaluputan maneh, ndika ora bakal dianiaya lan bakal luwar dadi wong mardika maneh".

"Ya yen pancen mangkono aku banget ngaturake panuwun Ngger" wangsulane Jayaglegek.

Marga ngadeg banjur mlaku metu, prajurit loro sing mau ngetutne isih keri ora melu metu. Bareng wis sauntara meneng-menengan, salah siji saka prajurit kuwi banjur kandha marang Jayaglegek lan Kartagentho :

"nDika wong loro, mengko rada awan sethithik bakal diadhepne ing  ngarsane Ki Demang lan para bebau. Ndika sakloron bakal ditakoni sing magepokan karo sing wis ndika tindakne, mula aku mung meling murih Ki Demang ora sansaya duka, ndika kudu gelem wangsulan kanthi apa anane, aja nganti gawe crita ngayawara luwih-luwih nganti ngapusi. Ngerti?"

"Iya aku ngerti kisanak" Jayaglegek sing mangsuli.

"Awit, yen ndelok karo sing arep ditindakne Kunthara wingenane kae, ketoke akeh wewadi sing ndika weruhi" Prajurit kuwi nutugne rembuge.

"Lho? Apa sing ditindakne Kunthara Kisanak?" Jayaglegek takon semu gumun.

"Dadi ndika durung ngerti?" prajurit kuwi mbalik takon "Kunthara nedya gawe pati ndika wong sakloron ing jerone gothakan iki, tujune kedhisikan konangan Adhi Rangga karo Adhi Marga, upama ora, kira-kira ndika wong loro wis dadi bathang kena warangane Kunthara. Mula wiwit kedadeyan kuwi, panggonan ndika iki banjur ditunggu dening prajurit sing luwih akeh, murih keslametan ndika bisa kareksa kanthi sabecik-becike".

Kartagentho karo Jayaglegek ora semaur, mung sirahe manthuk-manthuk, pikirane nglambrang nggambarake praupane Kunthara, wong sing banget diajeni lan dipercaya kabeh omongane.

"Dadi ndika kabeh kudu ngerti, yen Kunthara kuwi arepa kaya ngapa panggah ora duwe rasa percaya marang sapa wae, kalebu marang ndika kabeh" kandhane prajurit kuwi sabanjure.

"Nggih Kisanak" Gima ketrucut semaur "kula empun ngertos niku, waune kula kinten sing Kunthara niku namung tega mejahi andhahan sing andhap-andhap kados kula niki, nanging sareng kula ngertos Gurit kemawon inggih dipejahi kangge nutupi wewadose kula lajeng mikir. Sansaya malih sareng ndika criyos menawi Ki Karta kalih Ki Jaya sing genderane mpun dhuwur kemlebete mawon ugi badhe dipejahi, kula sansaya tambah ajrih, kula estu kapok nyambut damel kalih tiyang Bulakbadher niku".

"Bener Kisanak" wangsulane Prajurit Kademangan kuwi "mumpung isih ana wektu, luwih becik ndika lereni wae gaweyan ndika sing nerjang sarak nyingkiri bebener kuwi".

"Inggih Kisanak" wangsulane Gima.

"Iya Kisanak" genti Jayaglegek sing banjur wangsulan "aturna marang Ki Demang, ditimbali sawayah-wayah aku ora kabotan lan kabeh pandangune Ki Demang bakal tak wangsuli kanthi sakjujur-jujure. Kanthi mangkono sokur yen bisa dadi sarana pangentheng-entheng pidana sing bakal tak tampa, saora-orane muga-muga bisa ngurangi dosa-dosaku marang Sing Maha Kuwasa".

"Matur nuwun Kisanak" wangsulane Prajurit kuwi karo ngadeg "saiki disekecakne dhisik anggon ndika padha leren, ndika ora perlu sumelang, kaslametan ndika direksa dening prajurit Kademangan sing cacahe luwih akeh. Saiki arep tak tinggal metu dhisik".

Prajurit loro kuwi banjur mlaku metu ninggalne Jayaglegek lan wong liyane. Lawang gothakan pakunjaran kuwi bali dikancing saka jaba.

 

ana candhake.

 

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...