Total Tayangan Halaman

Sabtu, 16 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 82

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

82.

Cantrik loro sing kajibah jaga regol kuwi pating plenggong. Bingung olehe arep mutusake, nek digagas sing dawa pancen apa sing dikandhakne Rangga kuwi akeh benere. Nom-noman loro kuwi butuh ngadhep marang Ki Kahastha dhewe, neng ngarepe Ki Kahastha genah nek mokal menawa nom-noman loro kuwi bisa gawe ontran-ontran utawa gawe gendraning padhepokan. Nanging, yen esuk-esuk ngene iki munjuk ing ngarsane Ki Kahastha apa ora aran degsura? Nanging maneh, yen sing dikandhakne Rangga mau bener merga dheweke wedi diarani degsura banjur ora wani munjuk marang gurune, banjur nuwuhake kaseping warta kang kudu tinampa dening gurune, apa dheweke ora bakal nampa pidana?.

Dumadakan Cantrik loro kuwi dikagetne anane suwara dhehem-dhehem saka waliking lawang regol, ing jerone pakarangan Padhepokan. Cantrik loro kuwi wis apal banget karo suwara dhehem kuwi, yaiku suwara dheheme Ki Kahastha.  Ora suwe lawang regol sing maune tutupanalon-alon menga, Ki Kahastha metu karo ulat sing rada beda.

"Ngaturi kasugengan ing enjing punika Kyai" Rangga ndhisiki alok sapa aruh marang Ki Kahastha sing lagi metu saka waliking lawang regol. Pangarsaning Padhepokan Bulakbadher kuwi katon kaget bareng ngerti yen ing jaba ana wong teka sing sajake lagi rembugan karo cantrik-cantrik sing kajibah njaga regol.

"Rangga karo Marga?" Ki Kahastha semaur karo nyawang Rangga lan Marga, ora nyana ora ngira yen nom-noman loro sing mau bengi lagi dirembug karo Kunthara, esuk iki teka ing padhepokane. Nanging Ki Kahastha sing nyata duwe nalar dawa kuwi enggal-enggal nyingidne rasa kagete, malah banjur kandha mawa tembung sing alus "rada gawe kageting atiku, esuk-esuk awakmu sakloron wis teka ing padhepokan sing sepi iki".

"Nyuwun pangapunten Kyai" Marga sing mangsuli "wonten pawartos ndadak saking Kedhungtuwung ingkang kedah kauningan dening Kyai Kahastha miwah Ki Kunthara. Inggih nyuwun pangapunten, dene anggen kula matur dhateng Kyai Kahastha radi randhat, jalaran inggih netepi paugeraning Paguron Bulakbadher, temah kadang cantrik ingkang rumeksa regol dereng ngeparengaken kula ngadhep Kyai Kahastha".

"He he he......" Ki Bulakbadher gumuyu alon karo wangsulan "kuwi pancen tatacara sing lumaku tumrap cantrik sing jaga regol padhepokan, lan olehe tumindak mangkono iku mau ya mung merga bocah-bocah kuwi durung tau tepung durung tau srawung karo awakmu sakloron. Yen wis ngerti marang awakmu mesthi wiwit sepisan awakmu teka mau wis dilarapake ing pendhapa kana".

"Inggih Kyai" wangsulane Marga.

"Ayo saiki munggah menyang Pendhapa kana, aku kepengin krungu warta apa sing bakal kok wenehake marang aku" kandhane Ki Kahastha sabanjure, sing banjur ditutugne aweh prentah marang cantrike "Kakangmu Kunthara gugahen, kandhanana yen tak tunggu ana pendhapa lan omonga yen sedulure saka Kedhungtuwung, yaiku Rangga lan Marga wis teka ngono".

"Nuwun inggih sendika" salah siji saka cantrik kuwi wangsulan sing banjur budhal nindakne pakone gurune.

Ki Kahastha banjur ndhisiki mlaku mlebu arep munggah menyang Pendhapa Padhepokan. Rangga lan Marga ngetutne ing mburine.  Sawuse tekan Pendhapa, Rangga lan Marga dikongkon lungguh ing klasa sing digelar ing jogan, klasa pandhan sing rupane putih katon resik.Ki Kahastha banjur pamit arep menyang mburi sedhela, Rangga lan Marga dikongkon ngenteni neng kono.

Rangga lan Marga sing lungguh neng klasa, mripate nyawang kahanane Pendhapa sing gedhe kuwi. Ambak-ambak mung pendhapane paguron sing ora kepetung gedhe, nanging pendhapa iki winangun jembar lan asri. Sakaning, blandar, pangeret lan bebalungane Pendhapa digawe saka Kayu jati sing wis tuwa umure, rinengga mawa manekawarna ukiran sing endah lan ngresepake. Menang-meneng nom-noman loro kuwi rumangsa seneng nyawang kaendahaning pendhapa Paguron Bulakbadher sing lagi sepisan iki diweruhi.

Sedhela-sedhela keprungu suwarane manuk kutut sing ngganter sesautan, manuk kutut ingon-ingone padhepokan sing kurungane dikerek dhuwur ing pring petung sing kaya pager jejer-jejer ing ngareping pendhapa. Suwarane manuk kutut sing ora kaya suwarane manuk sing kulina saba ing pakebonan, nanging suwarane manuk kutut sing meh kabeh wis luk telu sing suwarane gedhe tur ulem.

Kira-kira anggone Rangga lan Marga ngenteni oleh sapanginang, Ki Kahastha wis mara maneh ditutne cantrik loro sing nggawa suguhan, wedang jahe lan gembili godhog. Sawuse cantrik sing ngaldekne suguhan kuwi bali mlebu, Kunthara teka sing banjur nyusul melu lungguh neng cedhake gurune.  Kaya wong sing padha tepung raket, wong papat kuwi katon rukun jejagongan kanthi ulat sing padhang kabeh kebak esem sing grapyak semanak.  Sikep-sikep sing kerep ditemoni Rangga lan Marga yen kabeneran kepethuk ing Kedhungtuwung, babar pisan ora katon.

"Wis adhem Adhi Rangga lan Adhi Marga iki unjukane, mangga diunjuk" Kunthara ngacarani dhayohe supaya ngombe suguhane.

"Iya ayo, Rangga lan awakmu Marga, dirahabi wae anane mung banyu anget" Ki Kahastha melu mbagekne.

"Matur nuwun Kyai" wangsulane Marga lan Rangga meh bebarengan, muni ngono kuwi nom-noman loro karo ngecakne aji Panawawisa, jalaran nalika wiwit mlebu ngunggahi Pendhapa mau saka aji Sasrapanggraita sing luwih dhisik dicakne, nom-noman loro kuwi dadi ngerti yen ing jerone wedang jahe sing isih anget kumebul ngetokne ganda arum, ana wisa sing wis dicampurne. Dudu wisa sing bisa gawe pepati, nanging wisa sing bisa marakake lali, memper wisaning apyun utawa sari pathining ciyu sing bisa gawe wuru. Kaya sing ditindakne Kunthara lan Ki Kahastha, Rangga lan Marga banjur nyruput wedange sajak krasa seger.

Kunthara lan Ki Kahastha mesem seneng weruh carane ngombe Rangga lan Marga sing sajak kepenak. Batine Guru lan Muride kuwi gumuyu lan ngucap menawa sedhela maneh Rangga lan Marga bakal nyritakne kabeh wewadi sing disimpen sajroning atine, jumbuh karo pitakonan sing bakal diucapake dening Ki Kahastha lan Kunthara. Lan yen wis mbukak kabeh wewadine, nom-noman loro kuwi bakal nglumpruk tanpa daya, awit wisa asil racikane Ki Kahastha kuwi pancen digawe mangkono.

"Nuwun sewu Kyai" dumadakan Rangga guneman sawuse olehe ngombe wedange oleh rong sruputan "samangke kaparenga kula matur, menggah wigatosing sowan kula ing enjing punika".

"Ora perlu kesusu Adhi Rangga" sadurunge Ki Kahastha semaur, Kunthara ndhisiki aweh wangsulan "wektune isih dawa, becik kuwi unjukane dientekne luwih dhisik karo kuwi gembili godhogan sing empuk lan gempi kuwi dirasakne dhisik".

"Mathuk banget kuwi Ki Kunthara" sing mangsuli genti Marga, olehe wangsulan karo mesem semanak "aku ngrasakne cocok banget karo wedang jahe sing nggodhoge wis diwenehi gula klapa iki. Upama isih ana tunggale aku ya gelem kok nek ditambahi maneh wedange iki".

"Isih, isih kok, isih akeh tunggale" Kunthara semaur banjur tangane keplok aweh sasmita marang Cantrik supaya ngeteri wedang jahe maneh ing papan kono kuwi. Batine Kunthara sansaya seneng, merga kajaba ing wedang sing wis diladekne, mau Kunthara uga nyawisake wedang sing padha, sing diwadhahi ana teko. Yen nganti Rangga lan Marga luwih akeh anggone ngombe, mangka bakal luwih cepet anggone ngalumpruk, luwih cepet anggone bisa nelukne lahir lan batine.

 

ana candhake.


Jumat, 15 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 81

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

81.

Pikirane Kunthara nglambrang nganti tekan adoh, adoh banget. Miyaki dalan-dalan sing wis tau diliwati sajerone nglakoni urip, uga mecaki dalan-dalan sing durung diambah . Dalan-dalan sing tau diliwati, wiwit isih cilik nganti tumeka saiki, wiwit paguron Bulakbadher iki isih wujud omah lumrah banjur ketekan wong-wong sing padha meguru mrono, nganti saiki cantrike kliwat saka telung jinah, sing kabeh padha ngaji-aji marang dheweke minangka murid kang dadi wewakiling gurune, Ki Kahastha ya Ki Bulakbadher. Bareng wiwit mecaki dalan sing durung diambah, Kunthara duwe rasa was lan rasa sumelang karo sing kekarepane gurune sing arep ndadekne Rangga lan Marga dadi sedulure. Kunthara nyumelangake, manawa-manawa ing mengkone kanthi anane Rangga lan Marga bisa gawe sureming kawibawane. Kaya lelakon sing dumadi ing Kedhungtuwung, Kedhungtuwung sing sabubare kasil nundhung bala kraman, jenenge Kunthara neng ngendi-endi dadi pocapan, neng saben pajagongan wong-wong padha ngrasani dheweke kanthi pangalembana lan panggunggung. Nanging bareng saiki ana Rangga lan Marga, pangalembana sing ditampa wiwit suda, ngalih marang nom-noman loro sing dening wong-wong ing Kedhungtuwung dianggep luwih digdaya.

Kunthara kepengin ngandhakne kuwatiring atine iki marang gurune, nanging ora sida, wedi manawa gurune ora bisa nampa pawadane. Mula jroning atine, Kunthara banjur tata-tata, gawe cara kepriye murih ing mengkone yen Rangga lan Marga klakon dadi muride Ki Kahastha, aja nganti carita sing ana Kedhungtuwung dibaleni ing Bulakbadher.

"Sepisan maneh kowe aja duwe pikiran yen aku bakal ndadekne nom-noman loro kuwi kadigdayane ngluwihi awakmu Ngger" bareng wis sauntara padha meneng-menengan Ki Kahastha bali guneman maneh "jalaran, mungguhku ora ana murid liya sing bakal tak percaya kajaba awakmu. Lan kaya janjiku nalika samana, awakmu ora mung bakal nggenteni kalungguhanku mrentah padhepokan cilik iki wae, nanging mbaka sethithik bakal tak budidaya murih awakmu bisa ngregem panguwasa, kawiwitan saka Kedhungtuwung, banjur nyawijekne Kluwihan lan Banjarsemanggi kanggo ngregem panguwasa ing Madiun sing sabanjure bisa nglungguhi dhampar keprabon Tanah Jawa  sing dina iki isih dilungguhi dening anake Pemanahan ya si Sutawijaya kuwi. Anggonku kepengin ngepek murid Rangga lan Marga kuwi, mung murih bisa oleh tambahan piranti kanggo njurung gegayuhanmu kuwi, mengko yen gegayuhanmu wis kasembadan aja nganti bocah loro kuwi diumbar jalaran bisa dadi eri ing sajroning uripmu".

"Inggih Bapa" wangsulane Kunthara karo mesem "kula pitados awit saking pangestu saha pambiyantunipun Bapa, sedaya ingkang Bapa dhawuhaken punika boten dangu malih badhe kaleksanan".

Bareng wis dianggep cukup, Ki Kahastha banjur ngajak Kunthara leren, mapan turu ing senthonge dhewe-dhewe.

Sauntara iku, nalika soroting srengenge wis madhangi jagad, prajurit-prajurit saka Kademangan Kedhungtuwung sing dipandhegani Demane dhewe, wis siyaga ngepung Padhepokan Bulakbadher saka jaba. Rangga banjur kandha marang Demang Kedhungtuwung yen dheweke mbutuhne prajurit siji sing bisa nindakne gaweyan dadi panyambung warta. Yaiku sing bakal martakne marang Demang Kedhungtuwung lan para Bebau saupama ing mengkone ana apa-apa sing ngenani Rangga lan Marga sajroning arep ngendharat Ki Kahastha lan Kunthara ing Padhepokan Bulakbadher kono.

"Inggih Anakmas" tumanggape Demang Kedhungtuwung "menawi makaten kabetahaken tiyang ingkang banter plajengipun?".

"Inggih Ki Demang" wangsulane Rangga.

Demang Kedhungtuwung banjur nyeluk Tiyasa, Prajurit Kademangan sing kondhang bisa mlayu rikat lan duwe napas sing dawa. Tiyasa banjur diprentah memanuki lakune Rangga lan Marga saka kadohan, sarta nglapurake marang Demang Kedhungtuwung kabeh kedadeyan sing wigati sajroning Rangga lan Marga nindakne gaweyane. Kajaba kuwi, Demang Kedhungtuwung uga mrentahne prajurit telu maneh sing mapan ana samburine Tiyasa, jejer minangka prajurit panyambung warta kapindho, katelu lan kapapat.

Sawuse kabeh wis samekta, Rangga lan Marga banjur mlaku arep ngleboni Padhepokane Ki Kahastha. Nalika lakune nom-noman loro kuwi tekan ngarep regol padhepokan, lawanging Padhepokan katon tutupan rapet lan dikancing saka jero. Marga banjur nyedhaki lawang sing tutupan rapet kuwi, banjur tangane kemlawe nggeret tampar sing kanggo ngunekne gentha. Let sedhela sawuse gentha muni banter, alon-alon lawange regol menga. Ana Cantrik loro sing metu saka jero, nyedhaki papane Rangga lan Marga.

"nDika wong loro kuwi sapa lan saka ngendi, teka esuk-esuk wis ngunekne genthane Padhepokan?" salah siji saka catrik kuwi nakoni Rangga lan Marga.

"Nuwun sewu Kisanak" sing wangsulan Marga basane alus lan ngajeni "aku Marga lan iki sedulurku tuwa,Rangga. Aku andhahane Ki Demang Kedhungtuwung, dene tekaku mrene awit nuhoni dhawuhe Ki Bulakbadher supaya esuk iki aku lan kakangku ngadhep ing padhepokan kene".

Disauri nganggo tembung sing alus ngono kuwi, cantrik loro murid-muride Ki Kahastha kuwi ora enggal aweh wangsulan, mung mripate manther nyawang Rangga lan Marga genti-genti, kaya blantik wedhus sing nyawang dagangan sing ditawakne marang dheweke. Sawuse tutug olehe nyawang, cantrik sing nakoni Rangga lan Marga kuwi genti nyawang kancane, mripate kedhep-kedhep aweh sasmita pitakonan. Sing disawang mung wangsulan nganggo sasmita nggedhegne sirahe.  Banjur cantrik sing takon mau mbalikne awake madhep menyang Rangga lan Marga karo guneman :

"Aku lan kancaku ora nampa dhawuh yen esuk iki bakal ana tamu sing teka Kisanak, dadi aku wong loro iki ora bisa aweh palilah ndika mlebu ing pekaranganing padhepokan, luwih becik ndika enggal-enggal lunga ninggalne papan iki wae".

"Nanging tekaku kene merga netepi dhawuhe Ki Kahastha, Kisanak?!?" Marga semaur ngandhakne yen tekane mrono dudu karepe dhewe.

"Apa tandha lan buktine yen Bapa Guru Kahastha wis dhawuh marang ndika sakloron supaya ngadhep panjenengane?" Cantrik sing sijine genti takon.

"Ora ana tandha bukti sing diparingake aku Kisanak" wangsulane Marga "aku ora wani nyuwun tandha bukti sing ndika karepne kuwi marang Ki Kahastha, yen ndika ora ngidini aku mlebu menyang Padhepokan, kuwi pancen wewenang ndika. Nanging ngadhep Ki Kahastha esuk iki, kuwi kuwajiban sing kudu tak tindakne. Mula, murih padha slamete aku njaluk tandha bukti marang ndika sing duwe panguwasa njaga regol iki yen aku sakloron wis teka kene nanging ndika wong loro ora ngidini aku sakloron ngadhep Ki Kahastha. Dadi olehku ora netepi dhawuh iki ora merga aku nglirwakne, nanging merga ndika penging. Lan yen nganti anggonku arep atur warta marang Ki Kahastha iki dadi kasep, ndika sakloron sing kudu nanggung akibate".

Oleh wangsulan sing kaya ngono kuwi, cantrik loro kuwi dadi katon ewuh aya ing pambudine. Rada sauntara kekarone padha pandeng-pandengan karo kancane dhewe.

"Ngene lho Kisanak" Rangga sing wiwit mau mung meneng genti melu guneman "ndika sakloron pancen wenang duwe rasa sujana marang sapa wae, klebu marang aku karo adhiku sing arep netepi dhawuhe Ki Kahastha iki. Jalaran ndika sakloron sumelang yen nganti aweh palilah marang sabarang wong mlebu ing Padhepokan, dikuwatirake sing mlebu kuwi bakal gawe gendra ing padhepokan. Nanging mbok ya dinalar kanthi wening, aku mung wong loro, kamangka ing padhepokan iki isine atusan cantrik malah Ki Kahastha lan Ki Kunthara ya ana. Upama aku wong loro iki arep gawe gendra, apa sing bisa tak tindakne ing ngarepe Ki Kahastha lan Ki Kunthara? Kosok baline, yen nganti Ki Kahastha duka merga kaseping warta saka aku merga saka ndika alang-alangi, aku ora bisa nggambarake apa sing bakal ndika temoni mengko".

 

ana candhake.


Kamis, 14 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 80

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

80.

Sauntara iku, nalika wektune wis lingsir wengi, ing Padhepokan Bulakbadher, Ki Kahastha isih aweh pituduh-pituduh marang Kunthara. Pancen nalika awan mau Kunthara diajak lunga ninggalne Bulak Cilik, atine rada cuwa. Kunthara lagi kepengin nyoba aji Alas kobar sing lagi rampung anggone ngunggahne tatarane. Mula bareng wis tekan padhepokan Kunthara katon murung polatane, malah banjur mlebu gothakan senthonge, mapan turu. Ki Kahastha sing wis apal banget karo sipat lan tekune Kunthara mung meneng wae, lagi bareng kahanan wis sepi, lagi Kunthara diparani banjur diajak mlebu sanggar banjur dituturi akeh-akeh.

"Kowe kudu luwih pinter Kunthara" kandhane Ki Kahastha sawuse wong loro lungguh adhep-adhepan ana sajroning sanggar "kanggo nggayuh kalungguhan sing kok tuju kuwi kowe ora bisa ijen. Keneng diupamakne wong menek, najan andhane wis cumepak, nanging kowe isih mbutuhne wong sing nggoceki adege andha, supaya ora nggoling".

"Inggih Bapa" wangsulane Kunthara "nanging, kula rak inggih kedah reresik sesuker-sesuker papan kangge nyelehaken andhanipun ta Bapa? kamangka miturut pamanggih kula, lare kalih ingkang nembe dugi ing Kedhungtuwung nika, klebet sesuker ingkang mbebayani ingkang saged damel kepleseting dlamakan kula nalika kula badhe nginggahi andha kangge nggayuh Madiun lan bablas dhateng Mataram".

"Lha neng kono kuwi, katon nek awakmu kurang sabar lan kurang tlaten nggonmu ngayati gegayuhanmu" wangsulane Ki Kahastha karo mesem.

"Kirang sabar lan kirang tlaten kados pundi Bapa?" Kunthara takon.

"Sakeplasan katon yen Rangga karo Marga kae bisa dadi pepalang anggonmu arep mlaku, nanging aja banjur dibuwang ngono wae. Awit miturut panyawangku, nom-noman loro kae kena diarani bebakalan sing becik, ya lantiping pikire ya santosaning balung lan ragangane. Dadi, luwih becik manawa pepalang kuwi dijupuk banjur diopeni, dipurih guna lan manpangate, lagi yen wis rampung gawemu kari sakarepmu olehmu arep nyikepi bocah loro kuwi, disingkirne ya kena dienggo waton ora mbebayani ya kena" Ki Kahastha mangsuli pitakone Kunthara lan muwuhi klawan pituture.

"Punapa Bapa ngersakaken murih Rangga lan Marga lare ingkang boten cetha asal-usule niku saged manunggal kaliyan awakipun piyambak?" Kunthara sing wiwit weruh lakuning nalare Ki Kahastha banjur takon.

"Bener" wangsulane Ki Bulakbadher "bisa nggeret nom-noman loro kae mlebu ing barisane awake dhewe, luwih gedhe guna lan paedahe tinimbang bisa ngajak Bebau sepuluh saka Kedhungtuwung. Luwih-luwih saka pamawasku, nganti dina iki nom-noman loro kae wis oleh ati saka Demang lan para Bebau ing Kedhungtuwung. Dadi yen Rangga lan Marga wis kasil tak dadekne sedulurmu, padha wae karo Kedhungtuwung wis bisa kok regem sajroning gegemanmu. Ngerti?".

Kunthara meneng, pikirane ngangen-angen marang apa sing dikandhakne gurune kuwi. Petunge gurune sing mangkono kuwi pancen tinemu ing nalar, nanging apa gampang ndadekne nom-noman loro kae supaya gelem manut marang dheweke. Lha wong sepisanan ketemu kae wae wis thukul rasa memungsuhan ing atine lan kira-kira uga ing atine Rangga lan Marga?.

"Aku ngerti, nek nganti dina iki Rangga lan Marga kae isih duwe rasa gething katutan sengit marang kowe, nanging aja kowe banjur gawe dudutan yen selawase Rangga lan Marga kae bakal dadi mungsuhmu" kandhane Ki Kahastha sing kaya weruh karo sing dipikirake muride "amerga aku duwe cara sing bisa ngowahi nalare nom-noman loro kae, saka gething dadi tresna lan asih sarta setya marang kowe. Nanging pancen ya dibutuhne katlatenan lan kasabaran sing gedhe, ora grusa-grusu selak kesusu".

"Inggih Bapa, kula pitados kaliyan punapa ingkang Bapa dhawuhaken" wangsulane Kunthara "nanging kula inggih kepengin ngertos ngangge cara ingkang pundi anggenipun Bapa badhe ngewahi nalaripun lare kalih nika?".

"Kuwi wis tak pikirake sadurunge aku ngongkon awakmu ngrucat Alaskobar sing arep kok tamakne mau" wangsulane Ki Kahastha karo ngguyu lirih "mula aku banjur aweh semaya limang dina marang Rangga lan Marga yen kepengin nyoba kasektenmu".

"Ing Tegal Bera punika Bapa?"

"Iya, ucapku marang Marga lan Rangga mau, tata gelar pancen rupa panantang. Nanging mengko yen wis klakon kepethuk neng Tegal Bera, bisa diowahi sing maune bocah loro kae tak tantang arep tak jedu karo awakmu, banjur tak owahi. Rangga lan Marga arep tak sengkake dadi murid Paguron Bulakbadher, tak dadekne sedulurmu".

"Manawi lare kalih nika boten purun Bapa?"

"Bakal tak peksa" wangsulane Ki Kahastha manteb "kaya olehku meksa awakmu jaman kowe durung seneng sinau ulah kanuragan biyen".

Kunthara meneng, kelingan jaman isih bocah arep mangkat diwasa biyen. Nalika iku Kunthara isih dadi siji melu bapa biyunge  neng Desa Bulak Kopenan. Bapake nyambut gawe dadi Undhagi (Tukang Kayu) lan biyunge dadi Greji (Penjahit). Uripe Kunthara banget kepama, kecukupan sakabehane, dhasare dadi anak ontangt-anting sing ora duwe tunggal. Apa sing dadi pepenginane dening wong tuwane mesthi diwujudi. Kunthara diumbar milih urip sasenenge, mung seneng dolan lan dolanan, kabeh dicukupi dening wong tuwane. Gandheng uripe sarwa kecukupan, ora ana bocah-bocah sing wani nukari marang dheweke, malah akeh bocah sing yen kapeksa tukaran karo dheweke, milih ngalah, jalaran bocah-bocah kuwi padha dikandhani supaya ora wani karo Kunthara, mengko mundhak ndadekne nesune wong tuwane. nek wong tuwane Kunthara nesu, bisa-bisa wong tuwane bocah sing nukari Kunthara bakal susah dhewe, amarga kangelan yen arep golek silihan utawa utangan marang wong tuwane Kunthara.

Wiwit sadurunge Kunthara lair, wong tuwane wis raket nggone mangun kekancan lan seduluran karo Ki Kahastha wong pinter ing sakehing ngelmu agal lan alus. Sangertine Kunthara, kerep wae Ki Kahastha kuwi sanja neng omahe wong tuwane, sok-sok nganti sepasar malah kepara luwih barang. Luwih kerep Ki Kahastha nginep neng omahe yen wayah wong tuwane lanang ora ana omah, merga disambat sedulur sing liya desa nggawekne omah lan murih ora kentekan wektu banjur nginep neng papane nyambut gawe. Kunthara seneng banget karo Ki Kahastha, jalaran Ki Kahastha uga tresna marang Kunthara, kaya tresnane wong tuwane lanang dhewe. Kerep Kunthara diajak dolan-dolan nyawang endahing kahanan, ya sok kanthi mlaku ndharat, ya sok diajak nunggang jaran.

Wis bola-bali Kunthara ditawani arep diwulang ngelmu kanuragan dening Ki Kahastha, wong tuwane uga nyurung supaya Kunthara gelem dadi muride Ki Kahastha, nanging Kunthara ajeg nulak. Jalaran miturut Kunthara sinau ngelmu kanuragan kuwi mung ngrekasakne awak wae, lan ora pati ana gunane, wong nyatane ora ana bocah sing wani nukari utawa ngganggu gawe marang dheweke. Ngono kuwi nganti ing sawijing dina, nalika nuju dolanan Jirak Bendhot (cara saiki ya dolanan nekeran utawa main gundhu),  amerga salah tampa Kunthara banjur tukaran karo kancane sing rada luwih gedhe, dadi gelut rame. Beda karo padatan, wektu kuwi kancane mau ora gelem ngalah, Kunthara diajar entek-entekan, dikeplaki, dijiwit lan liya-liyane. Kunthara kalah, banjur nangis, mulih arep wadul marang wong tuwane. Jebul sawuse wadul ora dibelani, malah disrengeni, dadi bocah lanang kuwi ora oleh gembeng. Yen kepengin dieringi kanca-kancane kudu pinter gelut dadi nek tukaran ajeg menang. Ya awit saka kedadeyan kuwi, Kunthara banjur gelem sinau ulah kanuragan meguru dadi muride Ki Kahastha nganti saiki.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 79

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

79.

Demang Kedhungtuwung lan para bebau sarta para Jagabaya jroning atine padha ngalembana marang Jagabaya Pahang. Mung rada kuciwa dene ora sak kal aweh lapuran marang Ki Demang utawa Bebau sing ana. Lagi bareng wis ana rembug perkarane Kunthara lagi crita. Nanging, saupama Jagabaya Pahang crita luwih dhisik kira-kira ya ora ana gunane, jalaran sing dicakne dening Kunthara marang Jagabaya Pahang uga ora katon mbebayani marang Kademangan Kedhungtuwung.

"Samangke ingkang badhe kula aturaken dhateng Ki demang magepokan kaliyan dhawuhipun Adhi Rangga kala wau" Jagabaya Pahang guneman maneh sawuse rada sauntara pringgitan kono keprungu suwara grenang-greneng ora pati cetha awit guneman lirih ing antarane padha kanca sacedhake dening sing padha ana ing pringgitan kuwi.

"Iya, kepiye Ki Jagabaya?" Demang Kedhungtuwung banjur takon "coba critakna".

"Inggih Ki Demang" Jagabaya Pahang mbacutne olehe guneman "sasampunipun meh sedinten kula ing Padhepokan Bulakbadher, ingkang dening Kunthara dipun tedahi kawontenan sanggar sarta papan tuwin pirantinipun gladhen para cantrik ing mriku, kula saged ngukur sepinten kekiyataning Paguron Bulakbadher punika. Cethanipun, sedaya ingkang manggen ing padhepokan boten langkung saking tiyang setunggal atus kalih dasa, dene ingkang sinau kanuragan watawis namung tigang dasa tiyang. Lintunipun inggih tiyang-tiyang tani ingkang nggarap sabin tuwin tegal gadhahanipun Padhepokan kangge nyekapi tedhanipun ingkang manggen ing mriku sedaya kalebet para cantrik".

"Dadi murid-muride Ki Kahastha kuwi sing mligi sinau kanuragan kira-kira mung wong telung puluh Ki Jagabaya?" Demang Kedhungtuwung nggenahne katrangan sing dikandhakne Jagabaya Pahang.

"Niku ingkang manggen ing mriku Ki Demang, ingkang sampun misah radi tebih ugi wonten criyos ingkang kula pireng saking Kunthara watawis gangsal welasan dereng kapetang andhahanipun" wangsulane Jagabaya Pahang.

"Lha murid-murid sing manggon ana kono kuwi ana sing duwe kabisan kanuragan pinunjul timbang kacane ana pira?" Demang Kedhungtuwung takon maneh.

"Sedaya racak Ki Demang" wangsulane Jagabaya Pahang "awit boten wonten ingkang paring piwucal kajabi Ki Kahastha piyambak. Racak-racak ingkang sampun kaanggep cekap anggenipun sinau ulah kanuragan lajeng misah tebih-tebih nindakaken padamelan ingkang asilipun sabageyan dipun pisungsungaken dhateng Paguron".

Rangga lan Marga sing ora kendhat nggone nyemak critane Jagabaya Pahang banjur bisik-bisik omong-omongan dhewe. Ora suwe banjur Rangga wiwit kandha marang Demang Kedhungtuwung klawan suwara sing cetha :

"Samangke sampun saged kasumerepan sepinten kekiyataning Padhepokan Bulakbadher Ki Demang. Inggih watawis bala rucah wonten tigang dasa katambah  murid ingkang misah watawis kalih dasa, sedaya seket".

"Kula kinten menawi benjing gangsal dinten malih kados ingkang dipun ucapaken Ki Kahastha, cacah seket punika kok boten dipun ajak sedaya ta Anakmas?"  Demang Kedhungtuwung nanggapi kandhane Rangga.

"Punika leres Ki Demang" wangsulane Rangga "nanging kula gadhah pamanggih radi benten, gandheng sampun cetha bilih Paguron Bulakbadher punika mapanaken dhiri dados mengsahipun Kademangan Kedhungtuwung, kula kinten tinimbang ngentosi gangsal dinten malih langkung prayogi menawi dalu niki, awakipun piyambak ingkang nglurugi dhateng Bulakbadher. Cekap m beta prajurit pinilih cacah seket, katindhihan para Bebau tuwin Para Jagabaya. mangke kula kaliyan Adhi kula ingkang badhe mikut Ki Kahastha lan Kunthara. Kados pundi menawi makaten Ki Demang?".

Pringgitan dadi gumrenggeng maneh, wong sing ana kono padha pating klesik rerasanan, akeh sing padha nyarujuki sing dadi panemune Rangga ngono kuwi. Demang Kedhungtuwung dhewe sawuse ngetung-etung kekuwatane, iya banjur duwe dudutan yen sing dikandhakne Rangga kuwi luwih akeh benere yen dipetung nganggo nalar sing jangkep.

"Menawi kula gagas, mila petanganipun Anakmas Rangga punika langkung sae" Demang Kedhungtuwung guneman nanggapi panemu sing dikandhakne Rangga "cacahing Prajurit ing Kademangan punika wonten kalih atus katambah kaliyan prajurit serepan watawis pitungdasa gangsal. Dados menawi dalu niki dipun bidhalaken seket puna sewidak prajurit, Kedhungtuwung tansih gadhah kekiyatan. Namung kemawon, ingkang dados tetindhihing para prajurit kala wau, sampun ngantos bebau sedaya bidhal, kedah wonten ingkang rumeksa Kademangan".

"Dhawuh pangandilkanipun Ki Demang makaten punika kula sakalangkung mathuk Ki Demang" Bebau Krajan sing dhisik dhewe nindhihi rembuge  Demang Kedhungtuwung.

"Yen mangkono, Baune Krajan sing tak pasrahi rumeksa kaslametane Kademangan, dibantu dening Bebau Kedhungori lan Bebau Kedhungbunder lan minangka  suh tak pasrahne marang Ki Bulu" Demang Kedhungtuwung banjur andum gawe "sing budhal ndherekne Anakmas Rangga lan Marga, kajaba aku iya para Jagabaya, Bebau Kaliumprik, Bebau Supiturang lan Bebau Padaringan".

"Niki mangke lampahipun makaten Ki Demang" genti Marga sing guneman "dalu niki manawi sampun meh gagat rahina, awakipun piyambak bidhal dhateng Bulakbadher, miturut petang kula sareng pletheking surya sampun dumugi mrika. sasampunipun dumugi mrika, kula kaliyan Kakang Rangga kemawon ingkang manggihi Ki Kahastha lan Kunthara. Ki Demang saha para Prajurit prayogi nengga ing sajawining Padhepokan. Menawi saged karembag kanthi sae, badhe kula kengken murih Ki Kahastha purun nungkul makaten ugi Kunthara lan puruna kula beta dhateng Kedhungtuwung wujud bandan. Menawi boten purun nungkul, kula kaliyan Kakang Rangga nyuwun kasampiran purba wasesa saking Ki Demang. Lha mangke menawi, ngantos para cantrikipun Ki Kahastha sami tumut ngebyuk,   nembe Ki Demang lan para Bebau marentahna dhateng para prajurit murih ngadhepi pangamuking para cantrik. Dene menawi ngantos, kula lan Kakang kula pranyata kasoran lan saged dipun pejahi dening Ki Kahastha lan Kunthara, prayogi Ki Demang lan para prajurit srata para tetindhihipun ngunduri yuda kemawon".

"Makaten inggih Anakmas?" wangsulane Demang Kedhungtuwung sing banjr dibacutne marang para bebau "wis padha krungu kabeh ta karo sing didhawuhne Anakmas Marga?".

"Inggih sampun Ki Demang" wangsulane para Jagabaya lan Para Bebau meh bebarengan. Ora suwe rembugan ing pringgitan kuwi dibubarake, kanggo tata-tata nindakne gaweyan sing wis diputusake.

Jebul budhale Prajurit cacah sewidak kuwi ora digawe bareng, bregada dhisik dhewe cacah sepuluh ditindhihi Bebau Kaliumprik, watara kacek sapanginang banjur dibudhalake bregada kapindho cacah uga cacah sepuluh sing ditindhihi Jagabaya Sekayu, bareng sauntara disusul bregada angka telu sing cacahe rada akeh yaiku Prajurit cacah lima las sing ditindhihi Bebau Supiturang lan Jagabaya Pahang. Nyedhaki parak esuk sisane dibudhalne bareng karo Demang Kedhungtuwung lan Bebau sarta Jagabaya liyane. Sauntara iku Rangga lan Marga olehe budhal ora bareng sapa-sapa, sawuse njaluk ancer-ancer papane Paguron Bulakbadher banjur budhal bocah loro, liwat dalan liyane.

Kaya padatan Prajurit Kademangan kuwi uga digawani piranti neka-neka, nggawa sangu bebakalan pangan sing bakal diolah menggo yen para prajurit padha mbutuhake mangan lan liya-liyane. Dadi sing budhal menyang Bulakbadher, kajaba wong sewidak sing wis samekta klawan gegamane, ana wong sepuluh maneh sing tinanggenah nyawisake lan olah-olah kanggo mangane para prajurit kabeh. Beda maneh karo Bebau Bulu lan Bebau Krajan sing tinanggenah keri ana Kademangan, kajaba mikuwati gredhu-gredhu parondhan, uga nyawisake panah sendaren, panah geni, sing mbok manawa ana bebaya sing luwih gedhe teka, bisa digunakne dadi tengara marang Ki Demang sing ana palagan .

 

ana candhake.


Rabu, 13 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 78

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

78.

Bengi kuwi, watara bubar surup,Demang Kedhungtuwung ngajak para Bebau lan Para Jagabaya mlumpuk neng Pringgitan, awit saka panjaluke Rangga lan Marga sing nemu pikiran anyar kanggo miwiti ngudhari reruweting Kademangan. Sawuse wong-wong padha mlumpuk Rangga lan Marga sing lungguh ngapit-apit Demang Kedhungtuwung tumuli miwiti omong.

"Nuwun sewu Ki Demang saha Para Bebau lan Para Jagabaya sedaya" kandhane Rangga miwiti rembug "kanthi wontenipun  kedadosan kala wau siang, sasampunipun kula gathukaken kaliyan ngakenipun para bandan, mliginipun Kartagentho kaliyan Jayaglegek, kula lajeng gadhah dudutan bilih Paguron Bulakbadher cetha menawi mengsah tumrap Kademangan mriki. Kados pundi menawi pamanggihipun Ki Demang lan para bebau tuwin para Jagabaya kaliyan dudutan kula punika?".

"Kula kinten punapa ingkang dipun dhawuhaken anakmas punika leres" sing aweh tanggapan dhisik dhewe Demang Kedhungtuwung "punika sampun cetha lan boten saged dipun selaki malih, mapanipun Kunthara ing Kedhungtuwung mriki pranyata namung badhe nindakaken lampah dom sumuruping banyu kemawon".

"Kula inggih nggadhahi pamanggih memper kaliyan pamanggihipun Ki Demang" Bebau Krajan melu udhu panemu "lajeng ingkang badhe kula suwunaken dhateng Ki Demang, punapa ingkang kedah dipun tindakaken dhateng mengsah-mengsah punika? punapa dipun umbar nanging dipun ulati kados padatan? punapa kados pundi?".

"Menawi saking pamanggih kula" Bebau  Bulu sing umure tuwa dhewe ing antarane Bebau liyane, malah luwih adoh luwih tuwa tinimbang umure Demang Kedhungtuwung melu guneman "Kunthara punika sakalangkung mbebayani tumrap Kedhungtuwung, pramila sawanci-wanci ngetingal ing Kedhungtuwung mriki prayoginipun inggih lajeng dipun cepeng kemawon, dipun lebetaken pakunjaran".

"Kula sarujuk kaliyan ingkang dipun ngendikakaken Ki Bulu punika Ki Demang" Bebau Kedhungbunder numpangi rembug "namung kemawon, awakipun piyambak kedah nambahi kasiagane para prajurit Kademangan miwah para sinoman, punika kangge njageni menawi ngantos Ki Kahastha boten nrimahaken siswanipun dipun kunjara ing mriki".

"Menawi punika sampun genah Ki Kedhungbunder" Bebau Kaliumprik nyauti panemune Bebau Kedhungbunder "Ki Bulakbadher mesthi boten badhe mendel kemawon menawi ngertos muride dikunjara ing mriki, nanging nuwun sewu, boten ateges ngremehaken kekiyataning mengsah, menawi namung ngadhepi tiyang-tiyang Bulakbadher kemawon kula kinten boten awrat. Sanadyan kondhangipun Ki Kahastha punika gadhah aji Alas Kobar ingkang ngedab-edabi, nanging ing mriki ugi wonten Ki Demang lan Para Bebau ingkang saged sesarengan nranggulangi krodhanipun Ki Kahastha".

"Pamanggih kula radi benten Ki Demang" Jagabaya Sekayu urun rembug "nitik sumbaripun Kunthara kala wau siang, ugi wicantenipun Ki Kahastha saderengipun mlajar, Kunthara boten badhe ngatingal malih ing Kedhungtuwung mriki kados padatanipun. Jalaran sampun cetha menawi Kunthara wicanten bilih piyambakipun boten nganggep sadaya pranatan ing Kedhungtuwung, kaping kalih Ki Kahastha kala wau siyang wicanten dhateng Adhi Marga, bilih gangsal dinten malih Adhi Marga lan Adhi Rangga dipun tantang tandhing ijen sami ijen kaliyan Kunthara ing Tegal Bera. Sanajan Ki Kahastha meling dhateng Adhi Rangga lan Adhi Marga murih boten ngajak kanca, nanging kula langkung pitados malah Ki Kahastha ingkang badhe mbeta murid-muridipun kangge ngrubut Adhi Rangga saha Adhi Marga. Pamanggih kula, prayoginipun inggih ing Tegal Bera kados ingkang dados janjinipun Kahastha punika kala wau, awakipun piyambak ngebyuk lan ngendharat Kunthara sak gurunipun pisan".

Sabubare Jagabaya omong ngono kuwi, Demang Kedhungtuwung isih ngenteni panemu liyane saka sing padha teka. Nanging kabeh mung meneng, sajake padha pasrah marang apa sing dadi putusane Demange.  Demang Kedhungtuwung tumuli guneman marang Rangga lan Marga, njaluk pamrayoga murih becike :

"Kados pundi Anakmas?" pitakone Demang Kedhungtuwung karo gentenan nyawang Rangga lan Marga.

"Sedaya pamanggih punika kala wau leres Ki Demang" wangsulane Rangga sawuse meneng sedhela "samangke ingkang badhe kula suwunaken pirsa inggih punika sepinten kekiyatanipun Paguron Bulakbadher punika? cacahing cantrik sedaya kinten-kinten pinten? Menawi warga dhusun ing Bulakbadher nadyan kathah nanging kula kinten boten mbebayani, jalaran kenging dipun wastani tiyang limrah".

"Bares kemawon Anakmas kula kirang mangertos babagan punika" Demang Kedhungtuwung aweh wangsulan, sing dibanjurake karo pitakonan marang wong liyane "mbok menawa ana sedulur sing bisa caos katrangan marang Anakmas Rangga ing babagan iki?".

"Kepareng matur Ki Demang" Jagabaya Pahang sing ora pati duwe omong, dumadakan ngangkat tangane.

"Iya Ki Pahang, mangga mbok menawa ndika ngerti karo sing didhawuhne Anakmas Rangga?" wangsulane Demang Kedhungtuwung.

"Inggih" Jagabaya Pahang guneman maneh "watawis tigang peken kapengker, kula kaliyan Ki Slumpring dipun ajak Kunthara sowan Ki Kahastha ing Bulakbadher".

"Piye?" Demang Kedhungtuwung ketara nek rada kaget "ndika karo Ki Slumpring diajak Kunthara menyang Bulakbadher?".

Ora mung Demang Kedhungtuwung dhewe sing rumangsa kaget, prasasat wong - wong sing ana pringgitan kuwi kabeh uga padha melu kaget lan kimbuhan gumun. Ora ngira yen Ki Pahang tau dijak Kunthara ngadhep gurune.

"Leres Ki Demang" wangsulane Jagabaya Pahang "gandheng wekdal punika kula dereng mangertos menawi Kunthara punika jebul kados makaten pokalipun, kula inggih manut kemawon. Jalaran Kunthara lan Ki Slumpring ngandhani kula bilih para Jagabaya lan Bebau ing Kedhungtuwung mriki langkung sae menawi purun mewahi kaprigelanipun ulah kanuragan kangge mikuwati Kademangan. Lan kula dipun warah menawi purun badhe kaparingan aji jaya kawijayan dening Ki Kahastha. Gandheng nalika samanten kula pitados dhateng tembungipun Kunthara kaliyan Ki Slumpring  kula ugi lajeng manut ngaten kemawon".

"Banjur ndika diwejang aji jaya kawijayan dening Ki Kahastha?"  Demang Kedhungtuwung nyelani nganggo pitakonan.

"Boten siyos Ki Demang" wangsulane Jagabaya Pahang "kula boten siyos kaparingan aji jaya kawijayan, jalaran kula boten saged ngucapaken janji prasetya dhateng Paguron Bulakbadher kados ingkang dipun ucapaken dening Ki Slumpring".

"Lho ndadak kudu ngucapne janji prasetya barang ?" Demang Kedhungtuwung takon.

"Inggih, ungelipun bilih kula kedah setya dhateng ki Kahastha lan boten kenging ndaga dhawuhipun, sanaosa dhawuh punika cengkah kaliyan punapa kemawon. Kula manah prasetya punika boten trep kaliyan jejer kula minangka Jagabaya ing Kedhungtuwung ingkang sampun prasetya badhe ngudhokaken jiwa raga kula kangge kamulyan lan kasugenganing Kademangan. Kula boten purun ngucapaken janji prasetya dhateng Ki Kahastha, awit kula kuwatos menawi ing benjangipun ngantos wonten gesehing pamanggih antawisipun Kademangan Kedhungtuwung kaliyan Paguron Bulakbadher, tartamtu badhe ngrepotaken kula. Janji prasetya pundi ingkang kedah kula kekahi?. Pramila kula milih boten kaparingan aji jaya kawijayan tinimbang ing benjangipun badhe ngrepotaken manah kula piyambak".

"Bagus!"

Demang Kedhungtuwung ngethungne jempolan tangane karo muwus aweh pangalembana marang Jagabaya Pahang. Para Bebau lan Para Jagabaya liyane padha manthuk-manthuk sarujuk, jroning atine padha mbenerne marang lekase Jagabaya Pahang.

"Banjur bareng ndika milih ora nampa wejangan aji jaya kawijayan ngono mau, Ki Kahastha banjur kepiye?" Demang Kedhungtuwung takon maneh.

"Ingkang murina dede Ki Kahastha" wangsulane Jagabaya Pahang "nanging malah Kunthara, kula dipun wastani tiyang bodho ingkang boten nyawang agenging lelabetanipun Ki Bulakbadher ingkang sampun nate caos pambiyantu dhateng Kedhungtuwung rikala nyirep kraman ingkang dipun tindhihi Ki Pujud nalika samanten. Nanging kula kukuh boten saged ngewahi pamanggih kula ing ngajeng. Sareng kula kukuh, Ki Kahastha malah lajeng gumujeng kula kaparingan wekdal kangge nimbang lan manah langkung rumiyin, menawi sampun saged nyarujuki isining janji prasetya dhateng Ki Kahastha tuwin Paguron Bulakbadher kala wau, kula kapurih ngabari lumantar Kunthara, mangke kula badhe kawejang aji jaya kawijayan punika".

 

ana candhake.


Selasa, 12 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 77

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

77.

Demang Kedhungtuwung lan para Bebau lan para Jagabaya sing lagi wae teka kono kuwi dadi sansaya gumun bareng weruh rewange Bebau Kedhungori nggiring sedulure Jagabaya Slumpring sing tangane dibanda neng mburi. Wong-wong kuwi nuli tanggap yen ing papan kono mau mentas wae kedadean ana kerengan, ora mung antarane Bebau Kedhungori mungsuh Kunthara, nanging uga antarane Rikad karo Dahana. Kamangka Dahana kuwi uga warga Kedhungtuwung, dudu warga Paguron Bulakbadher? ya gene uga melu gegeran ana kene?.

"Iki lelakon apa maneh Baune Kedhungori? kok Dahana dibanda dening Rikad rewangmu iki?" Demang Kedhungtuwung bali nakoni Bebau Kedhungori.

"Nyuwun pangapunten Ki Demang" wangsulane Bebau Kedhungori "kala wau Ki Demang ndangu, mulabukanipun cariyos anggen kula sampun regejegan kaliyan Ki Kunthara. Kula piyambak sayegtosipun boten patos mudheng, amargi kula wau rak inggih wonten Kademangan? lajeng dipurugi rewang kula supados wangsul awit ing griya wonten dhayoh. Mila murih cethanipun keparenga Ki Demang ndangu piyambak dhateng pun Rikad ingkang samangke taksih wonten mriki malah kaliyan Dahana punapa".

Demang Kedhungtuwung njengkerutne bathuke, sansaya ora mudheng lan ora bisa ngira-ngira apa sing lagi wae kedaden ing Bulak Cilik kuwi. Tanpa kedhep, suwe Demang Kedhungtuwung nyawangi rewange Bebau Kedhungori sing ketok ndhingkluk neng mburine Dahana sing uga lagi tumungkul karo praupan pucet.

"He Rikad" kandhane Demang Kedhungtuwung sabanjure "coba critakna apa sing lagi wae padha kok alami, lan ya gene Dahana kok banda memburi kaya ngono kuwi?".

"Nggih Ki Demang" wangsulane Rikad "kala wau kula rak nembe teng griyanipun Ki Bau, dumadakan Kakang Dahana dugi mrika. Kakang Dahana criyos nek badhe kepanggih kaliyan Ki Bau. Lajeng kula criyosi menawi Ki Bau nembe dhateng Kademangan, lajeng Kakang Dahana kula kengken nusul dhateng Kademangan kemawon. Nanging Kakang Dahana boten purun malah kengkenan kula murih murugi Ki Bau. Kula inggih lajeng bidhal nusul Ki Bau lan matur menawi dipun rantos Kakang Dahana ing dalem. Nanging, sareng Ki Bau bidhal wangsul sareng kaliyan kula, Kakang Dahana sampun nyegat ing mriki kaliyan dikancani Ki Kunthara. Ing mriki Ki Kunthara lajeng paben kaliyan Ki Bau lan ndadosaken kerengan ngantos sami-sami ngliga pedhang, jebul Kakang Dahana ugi badhe tumut ngrubut Ki Bau, kula boten trimah lajeng Kakang Dahana gentos ngadhepi kula, Ki Bau ajeng-ajengan kaliyan Ki Kunthara".

"Lha kowe duwe karep apa Dahana nganti nggoleki Baune Kedhungori lan ndadekne kerengan iki mau?" Demang Kedhungtuwung genti nakoni Dahana.

"Nggih ki Demang" Dahana wangsulan karo rada ndengengek "kula niki rak disambati dening mBokcilik Slumpring, awit Paman Slumpring boten wangsul, kula kapurih madosi. Lajeng kula kepanggih kaliyan Ki Kunthara, dening Ki Kunthara kula dipun warah bilih Paman Jagabaya samangke sampun dumugi ing pejah awit dipun paeka dening Ki Bau Kedhungori. Lajeng ki Kunthara mrayogekaken murih kula males ukum dhateng Bebau Kedhungori, menawi kula boten wantun Ki Kunthara sagah badhe ngrencangi kula. Kula inggih lajeng bidhal madosi Bebau Kedhungori kanthi dipun memanuki dening Ki Kunthara. Wasana inggih lajeng kedadosan kados ingkang dipun cariyosaken dening Rikad kala wau".

Demang Kedhungtuwung manggut-manggut, karo mrengut. Ora nyana yen Kunthara wis sansaya ndadra tumindake, olehe arep muwuhi kisruhe kahanan ing Kedhungtuwung. Demang Kedhungtuwung kuwi nggegetne untu kanggo ngempet rasa sing wiwit ngobong jantunge. Dumadakan Demang kuwi kelingan, karo wangsulane Marga nalika dheweke takon sepisanan mau. Demang Kedhungtuwung tumuli nakoni Bebau Kedhungori maneh :

"Sing kerengan karo Kunthara iki mau ndika apa sapa Baune? Mau Anakmas Marga ngendikakne nek sing dipisah olehe padha kerengan kuwi Jagabaya Sekayu karo Kunthara, nanging rewangmu crita yen sing kerengan kuwi ndika karo Kunthara banjur Rikad karo Dahana. Iki genahe piye?".

"Nyuwun pangapunten Ki Demang" wangsulane Bebau Kedhungori "waunipun leres kados ingkang dipun aturaken pun Rikad kala wau, nanging bebasan timun mungsuh duren, kula meh kemawon pejah dening Ki Kunthara, nanging Gusti taksih paring pitulungan dhateng kula kanthi dumuginipun Ki Jagabaya Sekayu ingkang lajeng nggentosi kula lumawan Ki Kunthara".

"Samanten ugi kula Ki Demang" Jagabaya Sekayu nindhihi rembug "kula ugi sampun meh pejah dening pedhangipun Kunthara, tujunipun Adhi Marga tumuli rawuh paring pitulungan dhateng kula".

"Kula nggih ngoten Ki Demang" Rikad sing ora diajak omong nyaut rembug "Kakang Dahana mila nggegirisi tandangipun, kula sampun saged dipun damel boten saged obah. Ndelalah Ki Bau ingkang sampun digentosi Ki Jagabaya sumerep, kula lajeng dipun tulungi lan Kakang Dahana saged dipun banda kados niki. Janipun wau Ki Kunthara mesthinipun saged dipun pikut dening Ki Marga niku, ndelalah Ki Bulakbadher dugi lajeng tiyang kalih wau saged mlajar".

Demang Kedhungtuwung wiwit bisa nggambarake kedadeyan ing Bulak Cilik sing lagi wae rampung iki. Demang Kedhungtuwung banjur guneman marang Dahana :

"Dahana, awakmu kuwi nom-noman ing Kedhungtuwung sing duwe kaluwihan ing tata kanuragan, emane kowe gampang percaya karo pawarta sing durung cetha, kowe uga seneng nggugu pambujuke wong sing dhemen tumindak dudu. Loro-lorone kok tampa ngono wae tanpa kok saring lan kok timbang mungguh bener lan orane".

"Inggih nyuwun pangapunten Ki Demang" Dahana wangsulan alon karo ndhingkluk.

"Kudune sadurunge kowe tumindak luwih dhisik kowe bisa takon-takon marang Bebau utawa Jagabaya liyane bener utawa lupute warta sing digawa Kunthara kuwi. Amerga saka sembrana lan olehmu grusas-grusu meh wae Bebau Kedhungori lan Jagabaya Sekayu nemu cilaka, tujune Gusti isih paring pitulungan lumantar Anakmas Marga. Coba pikiren, saupama nganti Bebau Kedhungori lan Jagabaya Sekayu sarta Rikad kuwi klakon tumekeng pati, kowe bakal oleh apa? seneng lan lega? kleru kuwi Dahana, sing luwih cetha dening Kunthara kowe mesthi banjur disingkirne supaya ora bisa dadi seksi merga weruh kadurakan sing ditindakne Kunthara".

"Nyuwun pangapunten Ki Demang" Dahana sansaya nunjem anggone ndhingkluk.

"Kamangka, kowe ngerti? Pamanmu si Jagabaya Slumpring kuwi wis mati tenan apa durung?" Demang Kedhungtuwung nerusne takon marang Dahana.

"Kula boten ngertos Ki Demang" wangsulane Dahana alon.

"Mulane mbesuk maneh kuwi nganggo mikir dhisik sadurunge tumandang" Demang Kedhungtuwung guneman maneh "ngertia, dina iki Pamanmu isih meger-meger urip. Saiki tak kongkon nunggu salah sijine senthong ing Kademangan, supaya ora ngrusuhi kanca-kancane nyambut gawe, merga keri-keri iki sak jege raket karo Kunthara, Pamanmu kuwi ya seneng grusa-grusu kaya kowe kuwi".

Demang Kedhungtuwung banjur kandha marang Rikad :

"Rikad saiki bandane Dahana uculana!".

"Inggih Ki Demang" wangsulane Rikad sing banjur ngudhari iket sing kanggo naleni tangane Dahana. Iket dibalekne maneh marang Dahana, sing uga banjur diiketne ing sirahe.

"Ketingalipun langkung sae menawi awakipun piyambak wangsul rumiyin dhateng Kademangan Ki Demang" dumadakan Rangga kandha marang Demang Kedhungtuwung.

"Leres Anakmas" wangsulane Demang Kedhungtuwung "ketingale ugi wonten tambahan prakawis ingkang perlu kula suwunaken pamanggih dhateng Anakmas Rangga lan Anakmas Marga".

Demang Kedhungtuwung banjur aweh prentah supaya kabeh bali menyang Kademangan, klebu Dahana sing arep disusulne marang pamane.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 76

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

76.

Gunemane Marga sing mangkono kuwi sansaya ndadekne nesune Kunthara, jalaran Marga wis ngarani ing babagan iki dheweke sing luput. Kajaba saka kuwi tenane wiwit Rangga lan Marga teka ing Kademangan Kedhungtuwung tansah dadi kembang lambene meh wong sa Kedhungtuwung kabeh. Kabeh padha ngalembana marang nom-noman loro kuwi, ya ngalembana kadigdayane uga ngalembana unggah-ungguhe, uga ngalembana babagan kawicaksanane. Sing mangkono kuwi genah nek ndadekne Kunthara ora seneng, amerga sasuwene iki ora ana wong sing ole pangalembana mangkono kuwi kajaba mung dheweke, nanging saiki wong-wong wis ngalih anggone nibakne pangalembanane ya iku marang nom-noman loro sing durung suwe teka lan manggon ing omahe Demang Kedhungtuwung. Kunthara wis duwe niyat kepengin nuduhne marang wong-wong Kedhungtuwung yen satemene nom-noman loro kuwi ora ana apa-apane yen ditandhing karo dheweke, nanging kalodhangan kanggo kuwi durung nate ana. Mula dina iki sanajan ora ana wong akeh, Kunthara duwe niyat arep nyingkirne nom-noman loro kuwi saka Kedhungtuwung kono.

"Marga" kandhane Kunthara sawise njupuk pedhange sing ceblok neng lemah merga kena sabetan pecute Marga mau "yen kowe isih ngeman marang nyawamu, becik kowe karo sedulurmu enggal-enggal sumingkir ninggalne Kademangan Kedhungtuwung kene. Yen ora, dina iki uga pedhangku sing bakal nguntapne lakumu wong sakloron menyang Yamaniloka".

"Kunthara" Marga wangsulan "wiwit kapan kowe rumangsa duwe wewenang ngatur uripku he? kowe karo aku kuwi neng kene drajate padha, padha dene olehe dudu warga Kedhungtuwung. Ora sah ndadak kok kongkon lunga, yen gaweyanku neng kene wis rampung aku mesthi lunga dhewe. Ora perlu kowe ngeden-edeni aku nganggo pedhangmu sing gampang ucul saka tanganmu kuwi, pati uripku ora merga ladingmu kuwi Kunthara".

"Nek ngono kowe nedya nantang karo Kunthara?" Kunthara nggetak karo mripate mentheleng.

"Sakarepmu nggonmu ngarani" wangsulane Marga karo siaga .

Ora sranta Kunthara banjur wiwit nyolahne pedhange, jurus-jurus sing nalika ngadhepi Bebau Kedhungori apa dene Jagabaya Sekayu mau durung dituduhne saiki wiwit dikatonke. Kunthara ngira yen sing diadhepi duwe ngelmu kanuragan sing rada dhuwur yen ditandhing karo mungsuhe sing mau. Obahe pedhang sing dhek mau mung lumrah, saiki kabeh ngemu perbawa kekuwatan batin sing nggegirisi, ing tangane Kunthara pucuking pedhang katon mengangah abang kaya mentas diobong ing geni mawa. Saben-saben diobahne ngetokne angin sing ngetokne ganda arus kaya gandane getih. Ragane Kunthara dhewe uga katon ana owah-owahan, Kunthara sing duwe pakulitan kuning ngemu giring kuwi wis malih dadi abang sing saka kulite ngetokne hawa panas sing kagila-gila.

"Alas kobar" ora krasa Marga kumecap alon, karo mripate ora uwal nggone ngulati saparipolahe Kunthara. Karo meneng Marga wiwit mageri awake nganggo ngelmune sing aran Aji Panawawisa lan uga wis ngecakne aji Tamengwaja kanggo ngendheg hawa panas supaya ora nganti ngenani awake.

"Marga karo kowe Rangga" kandhane Kunthara "isih ana wektu yen kowe kepengin mlayu, ora-ora yen bakal tak buru, waton playumu bablas lunga ninggalne Kedhungtuwung kenemeh".

Marga ora semaur, pecute diangkat diseblakne, ora diarahne menyang Kunthara sing ngadeg karo ngobat-abitne pedhange, nanging Marga sengaja nyabetne pecute menyang watu gilang sing ana pinggir dalan sing gedhene watara saendhasing gajah. Pecut sing diseblakne kuwi ora nuwuhake suwara kaya mau, nanging watu sing disabet dadi ajur mumur mbledug dadi lebu. Kunthara kaget weruh kedadeyan sing nggegirisi kuwi, nanging Kunthara ora niyat murungne karep arep nyingkirne Marga lan Rangga, mula Kunthara banjur nancepake pedhange ing lemah, tangane loro disedhakepne karo mripate diremne, lambene umak-umik ngrapal japa aji jaya kawijayane. Ora suwe saka ragane Kunthara katon kumebul pega bening kaya sari-sarining geni sing nyebar hawa panas nganti telunmg ndhepa mubeng adohe. Bebau Kedhungori lan Jagabaya sing ora adoh saka kono padha mencolot memburi ngedohi hawa panas sing krasa arep ngobong awake. Beda karo Rangga sing sanajan luwih cedhak karo papane Kunthara nanging sajak ora ngrasakne anane hawa panas kuwi. Marga sing ngerti yen Kunthara wis ngetog aji jaya kawijayane, tumuli nata kekuwatane.

"Heh...heh....heh....." dumadakan keprungu suwara guyu disusul ana wong setengah tuwa sing teka banjur mapan ngadeg ana tengah-tengah antarane Marga karo Kunthara.

"Ki Bulakbadher........." Jagabaya Sekayu nyebut jenenge wong sing lagi teka kuwi. Ki Kahastha mung nglirik sedhela marang sing nyebut jenenge, banjur guneman marang muride :

"Kunthara rucaten ajimu kuwi, durung wancine kowe nggunakne Guntursaleksa".

Krungu suwarane gurune sing ngemu perbawa kuwi, Kunthara kaget. Mripate dibukak, panyawange manther tumuju gurune.

"Bener sing dikandhakne Marga neng ngarep mau, kowe ora bakal menang yen mungsuh wong sakademangan. Aku percaya Marga ora ana apa-apane nek dibandhing karo kowe, nanging iki Demang Kedhungtuwung wis arep teka kene karo nggawa wong sapirang-pirang akehe. Becike disumenekne dhisik anggonmu arep nyingkirne nom-noman loro iki, timbang awake dhewe diranjab nganggo gegaman dening wong sakademangan, kaya Abimanyu sing diranjab para Kurawa ing palagan Kurusetra".

Bubar muni ngono kuwi, Ki Kahastha banjur mencolot nyedhaki Kunthara, tangane Kunthara dicandhak arep diajak mlayu ninggalne papan kono.

"Mengko dhisik Ki Bulakbadher" Marga mbengoki Ki Kahastha.

"Kapan-kapan wae Marga yen kowe karo sedulurmu kepangin njajal muridku, yen nyata kowe perwira limang dina maneh saka dina iki, temonana Kunthara ing Tegalbera, bocah loro pisan nanging aja ngajak kanca liyane" wangsulane Ki Kahastha karo ngglendheng Kunthara diajak mlayu, nrabas gegrumbulan ngedohi papan kono kuwi.

Marga gage mlumpat arep mburu playune Ki Kahastha karo Kunthara, nanging Rangga luwih cepet anggone obah sing banjur ngadhang neng ngarepe Marga.

"Ora ana gunane diburu Dhi" kandhane Rangga sareh "awake dhewe durung apal laladan kene, bisa wae nek awake dhewe nekad nguber wong loro kae, malah kecemplung wuwu pasangan".

"Iya Kakang" Marga wangsuloan alon, banjur pecute digulung diubetne neng bangkekan dienggo sabukan maneh.

Saka kadohan katon dhampyak-dhampyak Demang Kedhungtuwung ditutne para Bebau lan para Jagabaya mlaku nyedhaki papan kono kuwi. Jagabaya Sekayu karo Bebau Kedhungori banjur nyedhak lan ngadeg ana sisihe Rangga lan Marga karo nyawang sing lagi padha teka.

"Kados pundi kedadosanipun Anakmas?" Demang Kedhungtuwung gita-gita nakoni Rangga lan Marga.

"Awit pangestunipun Ki Demang, anggenipun kerengan Ki Jagabaya kaliyan Kunthara sampun saged kula pisah" wangsulane Marga kaya ora mentas kedadeyan apa-apa.

"Lha Kunthara samangke wonten pundi?" Demang Kedhungtuwung takon maneh.

"Dipun ajak gurunipun kesah, duka dhateng pundi purugipun kula boten taken" wangsulane Marga karo nglirik Jagabaya Sekayu.

"Sak jane iki mau mula bukane kepiye ta Baune Kedhungori? kok dumadakan ana kabar jarene ndika lagi regejeganb karo Kunthara ing Bulak Cilik kene?" genti Demang Kedhungtuwung nakoni Bebau Kedhungori.

Bebau Kedhungori ora enggal mangsuli pitakone Demang Kedhungtuwung, malah banjur ngawe Rikad sing isih ngadeg njagani Dahana sing wis bandan tangane. Ngerti yen diawe juragane, Rikad banjur nyurung Dahana diajak nyedhak papane sing lagi padha rembugan. Dahana ora suwala mung bisa manut karo sing diprentahne Rikad.

 

ana candhake.   

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...