Total Tayangan Halaman

Senin, 18 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 86

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

86.

Kaya geni siniram ing lenga kanepsone Ki Kahastha krungu wangsulane Rangga sing cetha wis wani ngremehne kasektene. Nanging pancen ora kabeh sing dikandhakne Rangga kuwi luput, nyatane nganti  pirang-pirang jurus nggone adu kasekten Rangga cetha durung bisa dikalahne. Ora ana sabetan tekene sing bisa ngenani ragane Rangga, sanadyan Ki Kahastha dhewe uga durung tau ngrasakne kena samplukane teken pring kuni sing dienggo gegaman Rangga. Lagi nemoni kanyatan kang kaya mangkono kuwi wae, temene Ki Kahastha wis rumangsa isin, dene mungsuh bocah sing paribasan durung ilang pupuk lempuyange wae, ora enggal bisa ngalahake, luwih-luwih bareng kandha yen kondhanging jenenge mung tinemu ngayawara, Ki Kahastha bener-bener rumangsa diwirang-wirangake, luwih-luwih apa sing dikandhakne Rangga mau uga dirungokne dening cantrik-cantrike. Mula yen nalika Rangga lan Marga teka mau Ki Kahastha isih kepengin ndadekne Rangga lan Marga dadi muride, saiki pepenginan kaya ngono kuwi wis ilang babar pisan. Sajroning atine ora ana liya kejaba kepengin enggal bisa nyirnakne nom-noman loro sing duwe ragangan apik kuwi. Sakkeplasan Ki Kahastha nglirik tarunge Kunthara sing mungsuh Marga, Ki Kahastha dadi sansaya ngigit-igit, Kunthara wis katon kethetheran ngadhepi tandange Marga, klambine Kunthara ing sisih mburi ketok wis akeh sing  suwek  dirajang dening upat-upat pecute Marga, lan kringete Kunthara wis dadi abang merga kecampuran getih sing metu saka tatu-tatu tilas ketiban pecute mungsuhe.

"Wis ora kena dieman maneh Kunthara" Ki Kahastha nguwuh seru ngandhani muride "luwih becik enggal dirampungi wae bocah sing nrucak ora genah loro iki".

Krungu panguwuhe Gurune, Kunthara ora wangsulan nanging banjur mletik mencolot memburi kira-kira limang jangkah banjur ngetrapne aji jaya kawijayane. Ora gantalan wektu Kunthara maju maneh, ana ganda arus semi banger ngiri hawa panas sing metu saka ragane. Pedhange uga wiwit katon mengangah abang murup kaya lagi metu saka geni ububan. Kunthara pancen wis ngecakne ajine sing aran aji alas kobar sing kekuwatane luwih nggegirisi.

Ki Kahastha ngguyu lakak-lakak weruh Kunthara wiwit ngecakne Alaskobare, Ki Kahastha luwih dhisik percaya lan wani mesthekne nek sedhela maneh Marga bakal mati gosong kena dayane Aji Alas Kobar sing diabar dening muride. Ki Kahastha uga banjur nata awake, teken waja kuning sing mau dicekel saiki diselehne neng lemah, banjur matak ajine sing luwih nggegirisi yaiku aji Dumung saleksa. Epek-epeke Ki Kahastha dadi ketok mencorong, banjur tangane wiwit polah kaya solahe ula dumung sing ngempros-ngempros ngetokne wisane, meh padha karo Aji Alas Kobar sing digunakne muride, saka ragane Ki Kahastha uga banjur metu hawa panas sing ngiringi ganda amis campur lan ganda sing langune kagila-gila.

Weruh mungsuhe wiwit nggunakne aji jaya kawijayan sing nggegirisi, Rangga uga banjur mbalekne teken Pring Kuning ana sengkelitane. Epek-epeke ditlangkupne, digebeg padha epek-epeke. Karo ngrapal mantra olehe marahi Korine Pangeran Surawiyata sing tau aweh ngelmu kanuragan ing alaming pangimpen ya alaming Sipatollah jaman Rangga isih manggon neng Gunung Prawata biyen.

"Klawan nyebut Asmaning Gusti Kang Maha Welas lan Maha Asih, temen ora ana daya kekuwatan lan ora ana sing bisa menang kajaba awit peparinge Gusti Kang Maha Luhur lan Maha Agung".

Rangga wis ngecakne aji Saleksadaya.

Sauntara kuwi Marga sing weruh yen Kunthara wis ngetokne pangabaran nganggo aji Alas Kobar, mesem sedhela banjur karo jungkir walik memburi rada ngedohi mungsuhe Marga nggugah kekuwataning batine, hawa murnine ditata lan diklumpukne karo hawa adhem sing asale saka anasir banyu kang manggon ing awake. Marga wiwit ngetrepne Aji Sendhangkenanga, peparinge Ki Tanparupa. Sakala ing kono ana hawa adhem sing atise kagila-gila kairing angin sing ngetokne gandane kembang kenanga. Hawa panas lan ganda arus banger sing maune ngambrak ngebaki platarane Padhepokan nganti tekan papane wong-wong sing ora padha perang, yaiku papane Demang Kedhungtuwung lan para Bebau sarta para Jagabaya, uga papane Para Cantrik murid-muride Ki Kahastha, dumadakan musna ketutup hawa atis lan gandane Kembang Kenanga.

Kunthara dadi sansaya nesu, lan sansaya getem-getem kepengin enggal bisa ngrampungi Marga. Pedhange sing isih ngetokne pega panas sing kagila-gila kuwi terus obah ngarah gulune mungsuhe. Marga dadi rada kethetheran ngendhani, nanging mangkono kuwi kedadeyane ora suwe. Marga mencolot jungkir walik memburi ing awang-awang, lan nalika sikile bali ngambah lemah, pecute sing gagange digegem kenceng kuwi genti diseblakne, dikantheni kekuwatan wutuh surungan hawa murnine.  Kunthara sing mencolot maju sing karepe arep mburu Marga, kaget merga kepapag seblakan pecut. Ora ana cara liya kanggo ngadhepi seblakan kuwi kajaba kudu ditangkis nganggo pedhange, nanging apes tumraping Kunthara, ugel-ugele tangan sing nggujengi gagang pedhang kesrempet pucuk upat-upat. Kunthara mbengok kelaran, ugel-ugele krasa kaya ucul sambungan balunge, pedhang sing dicekeli nggregeli ceblok neng lemah. Lan sadurunge Kunthara obah, seblakan pecute Marga muni maneh, saiki tumibane sabetan pecut pas ngenai pupune sing kiwa. Sepisan maneh Kunthara njerit banter, banjur awake rubuh neng lemah ora eling apa-apa, balung pupune Kunthara wis remuk ketiban pecute Marga sing disurung nganggo kekuwatan wutuh hawa murnine.

Weruh Kunthara rubuh neng lemah banjur kejet - kejet sedhela sing banjur meneng, ora krasa Demang Kedhungtuwung, para bebau lan para jagabaya sarta prjaurit Kademangan sing ana plataran Padhepokan Bulakbadher kuwi padha keplok lan surak mawurahan.   nDadekne Kagete Ki Kahastha sing banjur nglirik papan tarunge Kunthara lumawan Marga.  Ki Kahastha nggeget untune bareng weruh Kunthara gumlethak neng lemah wis ora obah. Pangarsaning Paguron Bulakbadher kuwi nggereng karo mripat sing murup. Ora kandha apa-apa banjur nrajang Rangga nganggo ajine sing luwih nggegirisi, jalaran panrajange Ki Kahastha iki dibarengi karo rasa pangigit-igit sing tanpa upama.

Rangga kaget ngerti panrajange Ki Kahastha sing mbebayani kuwi, nanging Rangga luwih bisa nggunakne nalare. Panrajange Ki Kahastha kanthi gampang bisa diendhani, Ki Kahastha kebablasen mengarep kesurung dening tenagane dhewe. Rangga nginger adege, banjur klawan cukat epek-epeke sing wis kesasaban aji Saleksadaya kuwi diarahne kanggo nabok dhadhane Ki Kahastha sing arep mbalik saka kebablase. Pas banget. Dhadhane Ki Kahastha kena tabok epek-epeke Rangga, ora sida bisa bali malah kontal memburi, tanpa sambat Ki Kahastha nggeblag. Dhadhane gosong, isen-isening dhadhane rontog. nDadekne Ki Kahastha koncatan nyawa.

Sepisan maneh keprungtu suwara surak gumuruh, surake Wong-wong Kedhungtuwung. Para cantrik mueid-murid Padhepokan Bulakbadher sing weruh Kunthara lan Ki Kahastha wis gumlethak neng lemah, banjur tolah-toleh karo kancane. Arep mlayu nanging wis kentekan daya amerga saking wedine. Marga sing weruh slagane para Cantrik banjur thukul welase, cantrik-cantrik kuwi banjur diparani lan dikandhani :

"Kisanak ora sah padha wedi, aku ngerti yen ndika kabeh ora ngerti apa sing wis ditindakne Ki Kunthara lan Ki Kahastha lan ndika kabeh ora bakal tak katutne dosane wong loro kuwi, waton ndika kabeh gelem nungkul kanthi becik. Nanging yen ana sing ora nrimakne merga tumindakku marang Ki Kunthara lan Kakangku sing wis gawe patine Ki Kahastha, ya bakal tak tegakne".

"Inggih Raden, kula boten ngertos napa-napa lan kula sedaya boten badhe wani kaliyan Raden miwah priyantun-priyantun saking Kedhungtuwung" para cantrik kuwi saur manuk padha wangsulan.

 

ana candhake.


Minggu, 17 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 85

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

85.

Rangga mendhakne awake mangisor, sabetan tekene Ki Kahastha liwat dhuwur sirahe. Mendhake Rangga ora mung mendhak lumrah nanging karo ngobahne tangane sing nyekeli tekene kanggo nyuduk lambunge mungsuhe. Ki Kahastha kaget, enggal-enggal muter awake ngendhani sudukan tekene Rangga, sabetane sing luput ora diendhegne nanging diowahi dadi serangan anyar sing ngarah marang lambunge Rangga. Rangga sing sudukane bisa diendhani mungsuhe malah saiki lambunge arep dienggo sasaran tumibane serangan saka Ki Kahastha mencolot nisih. Kuda-kudane tetep kukuh, siaga ngadhepi mungsuh. Ki Kahastha sing ngira yen ing bab kekuwataning tenaga Rangga mung kaya salumrahe nom-noman liyane, kepengin nuduhne kekuwatan sing diduweni, murih Rangga ngerti yen sing diadhepi kuwi Ki Kahastha sing nduweni karosan luwih dhuwur tinimbang karosane wong lumrah cacah sepuluh didadekne siji. Mula serangane Ki Kahastha ngarah supaya ora bisa diendhani, nanging Ki Kahastha ngarep-arep supaya sabetan tekene ditangkis dening Rangga nganggo teken pring kuninge. Petunge Ki Kahastha, klawan mangkono bakal ndadekne Rangga miris weruh karosane lan kena dipesthekne yen teken gegamane Rangga bakal mencelat ucul saka gegeman. Rangga sing bisa maca apa sing dikarepne mungsuhe, sengaja ora gelem ngladeni kanthi nangkis panyabete Ki Kahastha, nanging milih endha sing ndadekne sabetane Ki Kahastha sing dilandhesi kekuwatan hawa murni kuwi mung tumiba ing papan suwung sing ndadekne wetuning tenagane Ki Kahastha mung tiba muspra. Pancen Rangga sengaja durung kepengin nuduhne kekuwatan lan karosane marang mungsuhe sing rumangsa duwe kekuwatan lan karosan tanpa tandhing, nanging Marga pilih ngobong kanepsone Ki Kahastha lan nguras tenagane klawan terus ngendhani sakehing serangan saka mungsuhe. Ki Kahastha sing serangane tansah bisa diendhani dening Rangga kuwi tumuli ngundhakne kacepetan obahe, tekene disolahne kaya ubenge kitiran lan ngarah marang peranganing ragane Rangga sing mbebayani.

"Keparat kowe Rangga" Ki Kahastha misuh ngerti solahe Rangga sing tansah ngendhani serangane "sedhela maneh bakal tak remuk sirahmu nganggo teken pusakaku iki, kowe!".

"Oh, mangga Kyai" wangsulane Rangga karo ngguyu "ora sah ndadak nganggo pekewuh, gage ndika tindakne wae apa sing ndika kandhakne kuwi".

Krungu wangsulane Rangga sing sajak ngece kuwi Ki Kahastha sansaya krasa umub getih sing mili ana jero awake. Perang tandhing antarane Ki Kahastha lan Rangga dadi sansaya rame, saking cepete nggone padha obah, ndadekne ragane Ki Kahastha lan Rangga ilang saka panyawang kabuntel wewayanganing gegaman sing mung katon kaya pega mawa cahya, pega kuning sing muser kaya angin gambul mangsa ketiga sing muser ing tengahing ara-ara.

Sauntara kuwi Marga sing weruh tandange Rangga sing milih ngladeni Ki Kahastha klawan ngandelne kacepetaning solah, banjur tiru-tiru lan dicakne kanggo ngadhepi mungsuh sing diadhepi. Kunthara sing wis ngecakne jurus-jurus pedhange ing tataran dhuwur, bisa nyolahne pedhange kanthi cepet lan mbebayani. Pedhange Kunthara mobat-mabit kaya polahe manuk alap-alap sing nyamber mangsane. Nanging, sing disamber alap-alap kuwi dudu bangsane manuk Drekuku sing gampang dicengkerem nganggo kukune, Marga pilih niru lekase manuk Srigunting sing tansah bisa ngendhani panyambere alap-alap lan pisan pindho malah bisa gawe kedandapane Alap-alap merga cakarane. Nadyan ora mbebayani tumrape si Alap-alap nanging cukup gawe perih lan panas ing awake. Kunthara sing serangane mung bisa ngenani angin, isih kudu sedhela-sedhela ngeses ngempet rasa panas lan perih awit tilasing upat-upat pecute Marga sing kober ninggalne tatu cilik ing geger lan lengene Kunthara.

"Setan kowe Marga" pisuhe Kunthara ing sela-selaning ngesese "nek nyata kowe wong perwira ungalna dhadhamu tak jebole jantungmu nganggo pucuking pedhangku iki. Aja mung jedhar-jedher kaya bocah angon wedhus sing nyampluki wedhuse sing ngebyong tanduran ngono kuwi".

"Dhadhaku ora adoh saka papanmu Kunthara" wangsulane Marga karo mesem "jantungku uga isih ana kene, ora mlayu, olehmu nibakne pedhang wae sing kurang tenanan. Nyolahne pedhang kuwi aja kaya panjak mbonang sing nyekeli tabuhe ngono kuwi. Apa kowe wis lali karo sing diwulangne Ki Kahastha wingenane kae?".

"Keparat Iblis laknat, kowe Marga" Kunthara misuh banter "tembungmu sing landhep kuwi pancen kudu diendheg klawan disuwek lambemu nganggo pedhang neng tanganku iki".

"Ayo tindakna Kunthara yen pancen kowe bisa" wangsulane Marga karo ngguyu-ngguyu ngremehne.

Kunthara wis ora semaur maneh, banjur bali nrajang maju klawan ngunggahne tataran ngelmu pedhange. Marga luwih prayitna, tekane serangan saka Kunthara diadhepi klawan nyebalne pecute.

Ora krasa olehe padha perang tandhing wong papat kuwi wis oleh atusan jurus, Cantrik-cantrik Padhepokan Bulakbadher sing wiwit weruh yen gurune lagi perang ana ing plataran tumuli padha metu saka pondhoke dhewe-dhewe nyaketi papan kalangane sing lagi adu kasudiran. Nanging gandheng durung ana prentah saka Kunthara utawa saka Ki Kahastha supaya cantrik-cantrik kuwi padha melu ngebyuk ngrubut sing diadhepi gurune, Cantrik-cantrik kuwi ora wani cedhak-cedhak karo kalangan. Nadyanta mangkono tetep siaga klawan gegamane dhewe-dhewe, wis samekta ing gawe lamun sawayah-wayah nampa prentah.

Demang Kedhungtuwung lan Para Bebau sarta Para Jagabaya sing mau padha nyawang saka Regol, uga wiwit rada nyedhak. Bareng wong-wong kuwi padha weruh yen Cantrik-cantrike Ki Kahastha wis samekta ing gawe, Jagabaya Pahang tumuli menthang gandewane, banjur nglepasne jemparing motha menyang langit. Iku sasmita marang para Prajurit Kademangan sing lagi ngenteni ora adoh ing sajabaning Padhepokan supaya padha maju melu mlebu ing pekaranganing padhepokan kanthi tertib.

Barisan Prajurit Kademangan sing weruh yen ana tengara supaya maju lan melu mlebu menyang padhepokan tumuli obah tanpa nyuwara.  Cantrik sing jaga regol ora kuwawa mbendung mlebune prajurit Kademangan sing sapirang-pirang. Ora mbutuhne wektu sing suwe, lawanging regol wis klakon dijebol dening Prajurit Kademangan sing banjur padha gumelur mlebu menyang pekarangan padhepokan, nusul para dhuwurane.

Plataran Padhepokan Bulakbadher kuwi dadi kebak Prajurit Kademangan sing wis siaga klawan sikep gegaman. Sauntara kuwi ing sabranging Plataran sisih liyane, uga katon Para Cantrik sing uga wis siyaga klawan gegamane.

"Jirih getih wedi pati kowe Rangga" Ki Kahastha sing tumuli weruh tekane Demang Kedhungtuwung ditutne para Bebau lan Para Jagabaya  sing nggawa barisan prajurit Kademangan banjur alok ngremehne kaprawirane Rangga "licik, tekamu jebul ora ijen nanging diterne karo Demang saandhahane sing nggawa prajurit samono akehe".

"Aja kesusu ndakwa sing ora-ora Kyai" wangsulane Rangga karo mesem "Ki Demang ora bakal melu tumandang, mangkono uga para Bebau lan Para Jagabaya sing lagi padha teka kuwi. Kabeh mung kepengin weruh wae".

"Weruh apa Rangga?" Ki Kahastha nggetak banter.

"Weruh asile Ki Demang olehe mulang ulah kanuragan marang aku lan adhiku Marga, wis bisa nyumpet pangumuke Kunthara karo Ki Kahastha apa durung, ngono. Pranyata nadyan durung pati sempurna nggone ngecakne jurus-jurus kanuragan olehe nuntuni Ki Demang, aku lan adhiku wis bisa mbuktekne yen jebul Ki Kahastha lan Kunthara sing kondhang sekti mandraguna kuwi kabeh mung tinemu yen kabar sing goroh. Sing banter mung suwarane, ora ana buktine, kaya bantere panggerone singa barong ing tontonan reyog, sing mung bisa gawe wedi lan girise bocah-bocah cilik sing durung pati ganep nalare" wangsulane Rangga sing ditutugne nganggo guyu sing manasne kuping.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 84

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

84.

Ki Kahastha lan Kunthara kaget semu ora percaya karo apa sing dikandhakne Marga. Kunthara isih duwe pangira yen tembunge Marga sing kaya mangkono iku mau awit saka dayaning wisa kang diombe bareng lan wedang sing disuguhne. Semono uga Ki Kahastha, mau pangarsaning paguron Bulakbadher kuwi wis weruh dhewe kahanane nom-noman loro kuwi sing katon ngalumpruk tanpa daya, lan nalika diajak omong wangsulane genah nek nuduhne wangsulane wong sing lagi kena dayaning wisa pasangane. Nanging kok dumadakan Rangga lan Marga katon wis bali pulih kaya ora nate ngalami kedadeyan apa-apa, ya slagane ya tembung-tembung sing diucapne kabeh nuduhne yen kuwi slaga lan pangucape wong waras-wiris . Ki Kahastha ora percaya karo panyawang lan pangrungune. Mula banjur wangsulan klawan slaga sing sareh :

"Rangga karo Marga, apa sing lagi wae kok kandhakne iki mau?".

"Kyai " Rangga sing mangsuli "ora sah ndadak api-api ora ngerti. Lan aja kok kira yen rembugku sing keri dhewe iku mau rembuge wong sing lagi wuru kena wisa sing kok campurne neng wedang sing kok suguhne aku. Rungokna sing cetha, iki aku nampa bukti anyar maneh sing bisa dadi bulti-bukti sing ditemokne dening Ki Demang Kedhungtuwung sadurunge, nDika karo murid ndika si Kunthara nyata wus mapanake dhiri ngadeg dadi mungsuhe Kademangan Kedhungtuwung lan terus mbudidaya nambahi kisruhe Kademangan kuwi. Mula saiki ndika wong loro kari milih, milih bangga apa milih nutut. Yen milih nutut, gage wulungna tangan ndika tak banda, nanging yen ndika bangga, aku sakloron wis nampa purba wasesa saka Ki Demang sawutuhe".

Rampung anggone guneman Rangga banjur ngadeg ditututi Marga sing uga melu ngadeg. Ki Kahastha kaya didhodhog dhadhane, sakala muntap kanepsone. Samono uga sing dirasakne Kunthara, Guru lan murid iku banjur padha ngadeg klawan kanepson sing kaya ngobong jantunge.

"Keparat, adol gendhung kowe Rangga lan Marga" kandhane Ki Kahastha karo tangane nuding praupane Rangga "yen nyata perwira, ayo gendhing apa sing kok jaluk, bakal tak ladeni neng plataran ngarep kono kuwi".

Ora ngenteni wangsulan Ki Kahastha banjur setengah mlayu mudhun menyang plataran ditutne dening Kunthara. Rangga lan Marga gageyan anggone nusul mudhun ninggalne pendhapa.

Sauntara iku, Demang Kedhungtuwung lan para  Bebau sarta para Jagabaya sing mau padha leren rada adoh ing sajabaning Padhepokan, jebul padha ora sabar. Luwih-luwih sawise Tiyasa sing didumuk dadi panyambung warta, ngabarake yen Rangga lan Marga wis mlebu menyang Padhepokan liwat regol tanpa nganggo kerengan luwih dhisik. Demang Kedhungtuwung lan Para Bebau sarta para Jagabaya banjur kepengin weruh apa sing bakal kedadeyan sawuse Rangga lan Marga kepethuk karo Ki Bulakbadher lan Kunthara.  Prajurite banjur diaba luwih maju maneh, sansaya nyaketi Padhepokan Bulakbadher. Bareng wis sansaya cedhak banjur diendhegne, para pangarsaning prajurit padha dipasrahi siyaga lan nata andhahane dhewe-dhewe, sauntara Demang Kedhungtuwung, para Bebau lan para Jagabaya banjur padha nusul Rangga lan Marga arep ngleboni Padhepokan Bulakbadher.

Cantrik loro sing jaga regol padhepokan, maune rada kaget bareng ana wong pirang-pirang nekani papane jaga. Nanging sawuse ngerti yen sing teka kuwi Demang Kedhungtuwung lan para Bebaune, Cantrik loro sing jaga regol kuwi banjur kelingan karo kedadeyan sing lagi wae dialami, Yaiku tekane Rangga lan Marga sing ngaku nek nom-noman Kedhungtuwung, jebul ditampa klawan becik dening Ki Kahastha. Mula Cantrik loro kuwi uga banjur nampa tekane Demang Kedhungtuwung karo mkanca-kancane klawan becik. Lawanging Regol dibukak amba, Demang Kedhungtuwung sakancane dibagekne supaya mlebu pekarangane Padhepokan. Jebul Demang Kedhungtuwung sakancane ora bablas nusul Rangga lan Marga munggah menyang Pendhapa, nanging pilih mapan lungguh neng regol kumpul karo para cantrik sing kajibah jaga lawanging padhepokan.

"Aku sakanca tak leren ana kene wae Kisanak" kandhane Demang Kedhungtuwung marang cantrik sing jaga regol "mengko wae nek olehe rembugan Anakmas Rangga lan Anakmas Marga karo Ki Bulakbadher lan Kunthara wis rampung tak genti aku sing ngadhep Ki Kahastha".

"Inggih menawi makaten ingkang dipun kersakaken Ki Demang" wangsulane Cantrik kuwi "kasekecakna anggenipun sami lenggah".

"Iya matur nuwun Kisanak" Demang Kedhungtuwung wangsulan karo mapan lungguh ing lincak pring sing ana regol kono kuwi bareng karo kancane kabeh. Karo lungguh wong-wong kuwi ora lendhat nggone padha ngulati pendhapane Padhepokan Bulakbadher sing katon gedhe lan jembar ngemu perbawa.

Watara telung panginang suwene Demang Kedhungtuwung lan Para Bebau lan Para Jagabaya lungguh neng Regol karo ngulati Pendhapa, dumadakan dikagetne karo wewayangan kang mlayu mudhun saka pendhapa. Jebul Ki Kahastha lan Kunthara sing ditututi dening Rangga lan Marga.Weruh yen Rangga lan Marga ketok nek arep kerengan karo Ki Kahastha lan Kunthara, Para Bebau lan Para Jagabaya tumuli padha nyiagakne gegamane. Nanging banjur dipenging dening Demang Kedhungtuwung sing guneman sing semune aweh pitutur, sing uga dirungokne dening Cantrik-cantrik Bulakbadher sing ana kono.

"nDika kabeh aja nyedhak, aja padha ngganggu anggone Ki Kahastha aweh tuntunan kanuragan marang Anakmas Rangga lan Anakmas Marga".

Krungu kandhane Demang Kedhungtuwung ngono kuwi, para andhahane uga banjur padha bali lungguh maneh. Cantrik-cantrik sing ana regol sing uga krungu kandhane Demang Kedhungtuwung banjur padha percaya yen nom-noman loro sing teka esuk mau lagi gladhen kanuragan klawan dituntuni dhewe dening Ki Kahastha. Mula ya banjur padha ora wani nyedhak, kuwatir yen nganti nampa deduka saka gurune. Merga wis dadi pakulinan, yen Ki Kahastha lagi nuntun ulah kanuragan marang Kunthara ngana kae para cantrik liyane ora diidini nyedhak, sing nekad bakal nampa pidana.

Sawise teka plataran, Kunthara banjur ngliga pedhang pusakane, siaga ngadhepi Marga sing wis ngadeg ana ngarepe karo nyekeli gagang pecut neng tangantengene. Ki Kahastha uga wis siaga karo pusakane, teken waja kuning sakjempolan sikil gedhene lan kira-kira limang kilan dawane. Ing ngarepe Ki Kahastha Rangga ngadeg karo ngudang teken pring gadhing neng tangane.

"Dadi ndika pilih babak bundhas luwih dhisik sadurunge tak tlikung lan taleni Ki Kahastha?" karo nganggo dolanan bongkoting pring kuning sing sadriji gedhene lan patang kilan dawane, Rangga nakoni Ki Kahastha.

"Keparat kowe Rangga" wangsulane Ki Kahastha karo nggereng ngempet nesune "menungsa bodho ora keneng digawe becik. Ditawani kamukten lan kamulyan ora dirungokne malah milih nglesot dadi gedibale Demang Kedhungtuwung sing ora suwe maneh bakal ditumpes dening adhine dhewe. Malah luwih goblog maneh, kowe bocah loro manut lan kumalungkung ora ngerti yen dikongkon setor nyawa menyang Bulakbadher kene".

Rangga ngguyu ngece, karo wangsulan :

"Sing luwih pas kuwi, yen ndika ora ngrumangsani bodho, ndika karo Kunthara kuwi kena diarani kegedhen sirah nanging keciliken polo. Mung wong sing ora waras sing percaya karo sing ndika kandhakne yen Kunthara pekok kuwi wis nampa wahyuning kraton Tanah Jawa, luwih-luwih wis nyawiji karo piyandel Kyai Jakapiturun. Mula gandheng aku welas marang ndika lan Kunthara, tinimbang ndika kesuwen mendem angen-angen suwung kuwi, luwih becik nek ndika sakloron tak kendharat tak lebokne pakunjaran ing Kademangan Kedhungtuwung, kareben pikiran ndika bali pulih saka anggone owah".

Diwangsuli ngono kuwi, Ki Kahastha wis ora bisa ngempet nesune maneh. Rangga ditrajang, teken waja kuning disamberne mbabat ngarah sirahe Rangga.

 

ana candhake.

 

 


Sabtu, 16 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 83

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

83.

Wedang ing cangkire Rangga lan Marga wis entek lan wis kaping pindho diiseni lan banjur diombe entek. Nanging dayaning wisa sing ana wedang kuwi babar pisan ora ndadekne nom-noman loro kuwi kaya sing dikarepake dening Ki Kahastha apa dene Kunthara. Mesthi wae kang mangkono iku ndadekne Ki Kahastha lan Kunthara gumun sing banjur ngira yen mau olehe ngracik omben sing disuguhne wis kleru. Rangga lan Marga sing wis ngecakne aji Sasrapanggraita, kaya-kaya bisa weruh sing ana jero pikirane wong loro kuwi, mula kanggo ngawoni panyawange Kunthara apa dene Ki Kahastha nom-noman loro kuwi banjur api-api ngrasakne mumet sirahe lan lara kabeh awake. Rangga lan Marga senajan ora nganggo sambat banjur ngowahi carane lungguh, yen mau olehe lungguh kaya wong lumrahe lungguh, saiki diganti nganggo ndhengklukne awake mangarep, kaya wong sing lagi turu. Nalika Kunthara ngajak guneman Rangga karo Marga sengaja olehe aweh wangsulan ngawur lan slenca adoh karo unining pitakonan.

Ki Kahastha manthuk-manthuk rumangsa marem atine, jalaran wis ngira yen nom-noman loro kuwi mlebu ana pasangane. Kunthara mesam-mesem karo nyawang Gurune.

"Rangga lan awakmu Marga" Ki Kahastha karo nggunakne dayaning hawa murni miwiti anggone arep takon kanggo miyak kabeh wewadine nom-noman loro kuwi "sadurunge awakmu sakloron ngandhakne sing dadi sedyamu teka ing Padhepokan kene, saiki wangsulana dhisik pitakon-pitakon sing arep tak kandhakne marang awakmu sakloron".

"Iya, eh , he eh, eh enggih" sing mangsuli dhisik Rangga, gunemane sengaja digawe kaya unine wong sing lagi wuru. Ki Kahastha mesem, Kunthara gumuyu seneng.

"Sepisan" Ki Kahastha miwiti pitakon "sapa sejatine awakmu sakloron, saka paguron ngendi lan sapa sing dadi gurumu?".

"Heeh?" Rangga wangsulan "aku Rangga lan iki adhiku Marga, muride Bapa Mahpada saka Padhepokan Karangendah, Pajang".

"Bagus" Ki Kahastha ngethungne jempolan tangane "Kapindho awakmu sakloron lagi nindakne dhawuhe gurumu apa?".

"Hm......." Marga semaur karo nggereng "numpak getek nurut iline banyu bengawan, nitik lan nggoleki keris Kyai Jakapiturun piyandel Kasultanan Pajang, sing dening suwargi Sultan Adiwijaya dilarung ana bengawan".

Ki Kahastha manthuk-manthuk seneng, Kunthara sing durung nyandhak karo unine wangsulan kuwi mung meneng karo nyawang gurune, aweh sasmita yen mbutuhne katrangan karo apa sing dikandhakne Marga.

"Sabanjure" kaya ora maelu sasmitane muride Ki Kahastha nerusne pitakone "keris wis dibuwang kok digoleki? Jarene gurumu arep kanggo apa yen keris kuwi wis bisa kok temokne?".

"Dikon masrahne marang sing kanggonan wahyu kraton Tanah Jawa, supaya yen wis jumeneng nata, aku karo adhiku diganjar kamukten  pangkat lurah lan bengkok sing amba" wangsulane Rangga nyambung gunemane Marga.

"Dadi nggonmu lelana nggoleki Keris Kyai Jakapiturun iki mung sarana supaya awakmu sakloron bisa dadi oleh pangkat lurah lan bengkok sing amba?"  Ki Kahastha takon maneh.

"He-eh, iya eh enggih" wangsulane Rangga karo gedheg-gedheg kaya wong sing lagi ngilangne mumet neng sirahe.

Ki Kahastha ngguyu seneng, rumangsa wis ngerti sapa lan apa tujuwane nom-noman loro kuwi lelana sing jebul ora ana gandheng cenenge karo pepenginane nggone arep ndadekne muride, ya kuwi Kunthara, mujudne gegayuhane lungguh cekel panguwasa ing Kraton Mataram. Mula I Kahastha tumuli arep nindakne apus krama marang nom-noman loro kuwi murih gelem didadekne alat kanggo mbantu muride ngranggeh gegayuhane.

"Yen ngono awakmu klebu oleh kabegjan sawuse teka ing padhepokan kene iki Rangga lan Marga" kandhane Ki Kahastha.

Rangga lan Marga ora wangsulan, Kunthara karo Ki Kahastha padha ngira yen nom-noman loro kuwi isih ngrasakne awake sing lungkrah kena dayane racikan sing diombe bareng karo wedange.

"Awakmu sakloron, cukup teka kene wae anggonmu padha lelana" Ki Kahastha nutugne kandhane "jalaran sing kok goleki wis tak temokne. Kyai Jakapiturun wis tak jupuk saka dhasaring bengawan lan wis tak pasrahne marang wong sing kanggonan wahyu kraton Tanah Jawa, sing ora liya muridku dhewe, yaiku Kunthara".

KI Kahastha leren olehe guneman, dumadakan Rangga karo Marga bareng mbukak mripate sing mau mung merem. Lungguhe dijejegne, banjur nyawang Kunthara . Nanging mung sedhela, banjur bali merem lan tumungkul maneh, ethok-ethok isih wuru.

"Sumurupa Rangga lan Marga" sawuse Rangga lan Marga bali katon ngalumpruk Ki Kahastha banjur guneman maneh "yen wektu iki awakmu ngrasakne rasa lungkrah, lemes lan mumet, kuwi ora merga apa-apa, nanging jalaran saka dayane Keris Kyai Jaka Piturun sing saiki wis nyawiji ana ragane Kunthara. Sedhela maneh ragamu bakal tak usadani murih bali pulih daya lan kekuwatanmu. Lan awakmu sakloron aja banjur rumangsa yen anggonmu ngumbara lan lelana sasuwene iki tanpa guna, jalaran garising nasibmu wis cetha yen awakmu sakloron bakal nampa kanugrahan pangkat saka sing kanggonan wahyu kraton, ora mung wujud pangkat lurah nanging mbesuk awakmu sakloron bakal sinengkakake dadi Tumenggung. Mula mengko awakmu enggal-enggal ngucapne janji prasetya marang sing wis nggadhuh Kyai Jakapiturun yen bakal ngawula lan nempil kamukten ing selawase uripmu. Kepriye? saiki atimu rumangsa seneng apa ora?".

Ki Kahastha mesem lega, Kunthara uga padha mesam-mesem ngenteni wangsulane nom-noman loro sing saiki isih katon ngalumpruk tanpa daya kuwi.

Dumadakan Rangga njawil pundhake Marga. Nom-noman loro kuwi banjur nata lungguhe, saiki wis ora ngalumpruk maneh, nanging wis katon sigrak, seger sumyah, ora kaya mentas kedadeyan apa-apa. Karo mesam-mesem, nom-noman loro kuwi genti-genten ngulati Ki Kahastha karo Kunthara karo panyawang sing krasa aneh. Ki Kahastha njenggirat kaget weruh owah-owahan sing ana ing nom-noman loro kuwi, batine ora bisa aweh wangsulan ya gene Rangga lan Marga dumadakan katon wis pulih, ora ana tilas-tilase yen lagi wae ketaman dayaning racikan wisa sing diombe bareng karo wedange.

"Kyai Kahastha lan Ki Kunthara" kandhane Rangga sawuse rampung nggone ngulati wong loro kuwi, ora nganggo basa krama kaya mau nanging ngoko lumrah kaya rembugan karo wong sing sapepadhane  "sawuse Kyai Kahastha menehi katrangan marang aku sing cetha kuwi mau, sadurunge aku mangsuli, murih ora lali bakal tak kandhakne apa sing dadi sedyaku dene esuk iki wis tekan ana ing padhepokan Bulakbadher kene".

Ki Kahastha lan Kunthara kaget krungu kandhane Rangga sing mangkono iku. Gunemane Rangga iki cetha yen dudu gunemane wong sing lagi wuru kena dayane wisa, nanging rembuge wong sing waras-wiris ora kurang sawiji apa.

"Apa sing ndika kersakne Adhi Rangga?" Kunthara nyoba takon nganggo basa sing alus kanggo nutupi rasa kagete.

"Iya Rangga lan Marga" Ki Kahastha uga nrambul nganggo basa sing lumrah wae "coba kandhakna apa sing padha kok karepake?".

Rangga gumuyu lirih, banjur aweh sasmita marang Marga supaya genti guneman. Marga tanggap karo sing dikarepne Rangga, tumuli klawan suwara sing anteb banjur aweh wangsulan marang Ki Kahastha lan Kunthara :

"Kyai Kahastha lan ndika Ki Kunthara, tenane tekaku ing padhepokan iki awit ngemban dhawuh saka Ki Demang Kedhungtuwung. Iya awit Ki Demang wis nampa bukti sing cukup, yen Ki Kunthara lan Padhepokan Bulakbadher iki wis sengaja gawe kisruh ing Kademangan Kedhungtuwung, mula Ki Demang ndhawuhake marang aku sakloron supaya ngirid lan nyowanake Ki Kahastha lan Ki Kunthara kanthi wujud bandan ing ngarsane Ki Demang saperlu nampa pidana sing murwat klawan kaluputan sing wis padha ndika tindakake. Mesthi wae sawuse ndika sakloron ngliwati rembug pangadilaning Kademangan".

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 82

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

82.

Cantrik loro sing kajibah jaga regol kuwi pating plenggong. Bingung olehe arep mutusake, nek digagas sing dawa pancen apa sing dikandhakne Rangga kuwi akeh benere. Nom-noman loro kuwi butuh ngadhep marang Ki Kahastha dhewe, neng ngarepe Ki Kahastha genah nek mokal menawa nom-noman loro kuwi bisa gawe ontran-ontran utawa gawe gendraning padhepokan. Nanging, yen esuk-esuk ngene iki munjuk ing ngarsane Ki Kahastha apa ora aran degsura? Nanging maneh, yen sing dikandhakne Rangga mau bener merga dheweke wedi diarani degsura banjur ora wani munjuk marang gurune, banjur nuwuhake kaseping warta kang kudu tinampa dening gurune, apa dheweke ora bakal nampa pidana?.

Dumadakan Cantrik loro kuwi dikagetne anane suwara dhehem-dhehem saka waliking lawang regol, ing jerone pakarangan Padhepokan. Cantrik loro kuwi wis apal banget karo suwara dhehem kuwi, yaiku suwara dheheme Ki Kahastha.  Ora suwe lawang regol sing maune tutupanalon-alon menga, Ki Kahastha metu karo ulat sing rada beda.

"Ngaturi kasugengan ing enjing punika Kyai" Rangga ndhisiki alok sapa aruh marang Ki Kahastha sing lagi metu saka waliking lawang regol. Pangarsaning Padhepokan Bulakbadher kuwi katon kaget bareng ngerti yen ing jaba ana wong teka sing sajake lagi rembugan karo cantrik-cantrik sing kajibah njaga regol.

"Rangga karo Marga?" Ki Kahastha semaur karo nyawang Rangga lan Marga, ora nyana ora ngira yen nom-noman loro sing mau bengi lagi dirembug karo Kunthara, esuk iki teka ing padhepokane. Nanging Ki Kahastha sing nyata duwe nalar dawa kuwi enggal-enggal nyingidne rasa kagete, malah banjur kandha mawa tembung sing alus "rada gawe kageting atiku, esuk-esuk awakmu sakloron wis teka ing padhepokan sing sepi iki".

"Nyuwun pangapunten Kyai" Marga sing mangsuli "wonten pawartos ndadak saking Kedhungtuwung ingkang kedah kauningan dening Kyai Kahastha miwah Ki Kunthara. Inggih nyuwun pangapunten, dene anggen kula matur dhateng Kyai Kahastha radi randhat, jalaran inggih netepi paugeraning Paguron Bulakbadher, temah kadang cantrik ingkang rumeksa regol dereng ngeparengaken kula ngadhep Kyai Kahastha".

"He he he......" Ki Bulakbadher gumuyu alon karo wangsulan "kuwi pancen tatacara sing lumaku tumrap cantrik sing jaga regol padhepokan, lan olehe tumindak mangkono iku mau ya mung merga bocah-bocah kuwi durung tau tepung durung tau srawung karo awakmu sakloron. Yen wis ngerti marang awakmu mesthi wiwit sepisan awakmu teka mau wis dilarapake ing pendhapa kana".

"Inggih Kyai" wangsulane Marga.

"Ayo saiki munggah menyang Pendhapa kana, aku kepengin krungu warta apa sing bakal kok wenehake marang aku" kandhane Ki Kahastha sabanjure, sing banjur ditutugne aweh prentah marang cantrike "Kakangmu Kunthara gugahen, kandhanana yen tak tunggu ana pendhapa lan omonga yen sedulure saka Kedhungtuwung, yaiku Rangga lan Marga wis teka ngono".

"Nuwun inggih sendika" salah siji saka cantrik kuwi wangsulan sing banjur budhal nindakne pakone gurune.

Ki Kahastha banjur ndhisiki mlaku mlebu arep munggah menyang Pendhapa Padhepokan. Rangga lan Marga ngetutne ing mburine.  Sawuse tekan Pendhapa, Rangga lan Marga dikongkon lungguh ing klasa sing digelar ing jogan, klasa pandhan sing rupane putih katon resik.Ki Kahastha banjur pamit arep menyang mburi sedhela, Rangga lan Marga dikongkon ngenteni neng kono.

Rangga lan Marga sing lungguh neng klasa, mripate nyawang kahanane Pendhapa sing gedhe kuwi. Ambak-ambak mung pendhapane paguron sing ora kepetung gedhe, nanging pendhapa iki winangun jembar lan asri. Sakaning, blandar, pangeret lan bebalungane Pendhapa digawe saka Kayu jati sing wis tuwa umure, rinengga mawa manekawarna ukiran sing endah lan ngresepake. Menang-meneng nom-noman loro kuwi rumangsa seneng nyawang kaendahaning pendhapa Paguron Bulakbadher sing lagi sepisan iki diweruhi.

Sedhela-sedhela keprungu suwarane manuk kutut sing ngganter sesautan, manuk kutut ingon-ingone padhepokan sing kurungane dikerek dhuwur ing pring petung sing kaya pager jejer-jejer ing ngareping pendhapa. Suwarane manuk kutut sing ora kaya suwarane manuk sing kulina saba ing pakebonan, nanging suwarane manuk kutut sing meh kabeh wis luk telu sing suwarane gedhe tur ulem.

Kira-kira anggone Rangga lan Marga ngenteni oleh sapanginang, Ki Kahastha wis mara maneh ditutne cantrik loro sing nggawa suguhan, wedang jahe lan gembili godhog. Sawuse cantrik sing ngaldekne suguhan kuwi bali mlebu, Kunthara teka sing banjur nyusul melu lungguh neng cedhake gurune.  Kaya wong sing padha tepung raket, wong papat kuwi katon rukun jejagongan kanthi ulat sing padhang kabeh kebak esem sing grapyak semanak.  Sikep-sikep sing kerep ditemoni Rangga lan Marga yen kabeneran kepethuk ing Kedhungtuwung, babar pisan ora katon.

"Wis adhem Adhi Rangga lan Adhi Marga iki unjukane, mangga diunjuk" Kunthara ngacarani dhayohe supaya ngombe suguhane.

"Iya ayo, Rangga lan awakmu Marga, dirahabi wae anane mung banyu anget" Ki Kahastha melu mbagekne.

"Matur nuwun Kyai" wangsulane Marga lan Rangga meh bebarengan, muni ngono kuwi nom-noman loro karo ngecakne aji Panawawisa, jalaran nalika wiwit mlebu ngunggahi Pendhapa mau saka aji Sasrapanggraita sing luwih dhisik dicakne, nom-noman loro kuwi dadi ngerti yen ing jerone wedang jahe sing isih anget kumebul ngetokne ganda arum, ana wisa sing wis dicampurne. Dudu wisa sing bisa gawe pepati, nanging wisa sing bisa marakake lali, memper wisaning apyun utawa sari pathining ciyu sing bisa gawe wuru. Kaya sing ditindakne Kunthara lan Ki Kahastha, Rangga lan Marga banjur nyruput wedange sajak krasa seger.

Kunthara lan Ki Kahastha mesem seneng weruh carane ngombe Rangga lan Marga sing sajak kepenak. Batine Guru lan Muride kuwi gumuyu lan ngucap menawa sedhela maneh Rangga lan Marga bakal nyritakne kabeh wewadi sing disimpen sajroning atine, jumbuh karo pitakonan sing bakal diucapake dening Ki Kahastha lan Kunthara. Lan yen wis mbukak kabeh wewadine, nom-noman loro kuwi bakal nglumpruk tanpa daya, awit wisa asil racikane Ki Kahastha kuwi pancen digawe mangkono.

"Nuwun sewu Kyai" dumadakan Rangga guneman sawuse olehe ngombe wedange oleh rong sruputan "samangke kaparenga kula matur, menggah wigatosing sowan kula ing enjing punika".

"Ora perlu kesusu Adhi Rangga" sadurunge Ki Kahastha semaur, Kunthara ndhisiki aweh wangsulan "wektune isih dawa, becik kuwi unjukane dientekne luwih dhisik karo kuwi gembili godhogan sing empuk lan gempi kuwi dirasakne dhisik".

"Mathuk banget kuwi Ki Kunthara" sing mangsuli genti Marga, olehe wangsulan karo mesem semanak "aku ngrasakne cocok banget karo wedang jahe sing nggodhoge wis diwenehi gula klapa iki. Upama isih ana tunggale aku ya gelem kok nek ditambahi maneh wedange iki".

"Isih, isih kok, isih akeh tunggale" Kunthara semaur banjur tangane keplok aweh sasmita marang Cantrik supaya ngeteri wedang jahe maneh ing papan kono kuwi. Batine Kunthara sansaya seneng, merga kajaba ing wedang sing wis diladekne, mau Kunthara uga nyawisake wedang sing padha, sing diwadhahi ana teko. Yen nganti Rangga lan Marga luwih akeh anggone ngombe, mangka bakal luwih cepet anggone ngalumpruk, luwih cepet anggone bisa nelukne lahir lan batine.

 

ana candhake.


Jumat, 15 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 81

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

81.

Pikirane Kunthara nglambrang nganti tekan adoh, adoh banget. Miyaki dalan-dalan sing wis tau diliwati sajerone nglakoni urip, uga mecaki dalan-dalan sing durung diambah . Dalan-dalan sing tau diliwati, wiwit isih cilik nganti tumeka saiki, wiwit paguron Bulakbadher iki isih wujud omah lumrah banjur ketekan wong-wong sing padha meguru mrono, nganti saiki cantrike kliwat saka telung jinah, sing kabeh padha ngaji-aji marang dheweke minangka murid kang dadi wewakiling gurune, Ki Kahastha ya Ki Bulakbadher. Bareng wiwit mecaki dalan sing durung diambah, Kunthara duwe rasa was lan rasa sumelang karo sing kekarepane gurune sing arep ndadekne Rangga lan Marga dadi sedulure. Kunthara nyumelangake, manawa-manawa ing mengkone kanthi anane Rangga lan Marga bisa gawe sureming kawibawane. Kaya lelakon sing dumadi ing Kedhungtuwung, Kedhungtuwung sing sabubare kasil nundhung bala kraman, jenenge Kunthara neng ngendi-endi dadi pocapan, neng saben pajagongan wong-wong padha ngrasani dheweke kanthi pangalembana lan panggunggung. Nanging bareng saiki ana Rangga lan Marga, pangalembana sing ditampa wiwit suda, ngalih marang nom-noman loro sing dening wong-wong ing Kedhungtuwung dianggep luwih digdaya.

Kunthara kepengin ngandhakne kuwatiring atine iki marang gurune, nanging ora sida, wedi manawa gurune ora bisa nampa pawadane. Mula jroning atine, Kunthara banjur tata-tata, gawe cara kepriye murih ing mengkone yen Rangga lan Marga klakon dadi muride Ki Kahastha, aja nganti carita sing ana Kedhungtuwung dibaleni ing Bulakbadher.

"Sepisan maneh kowe aja duwe pikiran yen aku bakal ndadekne nom-noman loro kuwi kadigdayane ngluwihi awakmu Ngger" bareng wis sauntara padha meneng-menengan Ki Kahastha bali guneman maneh "jalaran, mungguhku ora ana murid liya sing bakal tak percaya kajaba awakmu. Lan kaya janjiku nalika samana, awakmu ora mung bakal nggenteni kalungguhanku mrentah padhepokan cilik iki wae, nanging mbaka sethithik bakal tak budidaya murih awakmu bisa ngregem panguwasa, kawiwitan saka Kedhungtuwung, banjur nyawijekne Kluwihan lan Banjarsemanggi kanggo ngregem panguwasa ing Madiun sing sabanjure bisa nglungguhi dhampar keprabon Tanah Jawa  sing dina iki isih dilungguhi dening anake Pemanahan ya si Sutawijaya kuwi. Anggonku kepengin ngepek murid Rangga lan Marga kuwi, mung murih bisa oleh tambahan piranti kanggo njurung gegayuhanmu kuwi, mengko yen gegayuhanmu wis kasembadan aja nganti bocah loro kuwi diumbar jalaran bisa dadi eri ing sajroning uripmu".

"Inggih Bapa" wangsulane Kunthara karo mesem "kula pitados awit saking pangestu saha pambiyantunipun Bapa, sedaya ingkang Bapa dhawuhaken punika boten dangu malih badhe kaleksanan".

Bareng wis dianggep cukup, Ki Kahastha banjur ngajak Kunthara leren, mapan turu ing senthonge dhewe-dhewe.

Sauntara iku, nalika soroting srengenge wis madhangi jagad, prajurit-prajurit saka Kademangan Kedhungtuwung sing dipandhegani Demane dhewe, wis siyaga ngepung Padhepokan Bulakbadher saka jaba. Rangga banjur kandha marang Demang Kedhungtuwung yen dheweke mbutuhne prajurit siji sing bisa nindakne gaweyan dadi panyambung warta. Yaiku sing bakal martakne marang Demang Kedhungtuwung lan para Bebau saupama ing mengkone ana apa-apa sing ngenani Rangga lan Marga sajroning arep ngendharat Ki Kahastha lan Kunthara ing Padhepokan Bulakbadher kono.

"Inggih Anakmas" tumanggape Demang Kedhungtuwung "menawi makaten kabetahaken tiyang ingkang banter plajengipun?".

"Inggih Ki Demang" wangsulane Rangga.

Demang Kedhungtuwung banjur nyeluk Tiyasa, Prajurit Kademangan sing kondhang bisa mlayu rikat lan duwe napas sing dawa. Tiyasa banjur diprentah memanuki lakune Rangga lan Marga saka kadohan, sarta nglapurake marang Demang Kedhungtuwung kabeh kedadeyan sing wigati sajroning Rangga lan Marga nindakne gaweyane. Kajaba kuwi, Demang Kedhungtuwung uga mrentahne prajurit telu maneh sing mapan ana samburine Tiyasa, jejer minangka prajurit panyambung warta kapindho, katelu lan kapapat.

Sawuse kabeh wis samekta, Rangga lan Marga banjur mlaku arep ngleboni Padhepokane Ki Kahastha. Nalika lakune nom-noman loro kuwi tekan ngarep regol padhepokan, lawanging Padhepokan katon tutupan rapet lan dikancing saka jero. Marga banjur nyedhaki lawang sing tutupan rapet kuwi, banjur tangane kemlawe nggeret tampar sing kanggo ngunekne gentha. Let sedhela sawuse gentha muni banter, alon-alon lawange regol menga. Ana Cantrik loro sing metu saka jero, nyedhaki papane Rangga lan Marga.

"nDika wong loro kuwi sapa lan saka ngendi, teka esuk-esuk wis ngunekne genthane Padhepokan?" salah siji saka catrik kuwi nakoni Rangga lan Marga.

"Nuwun sewu Kisanak" sing wangsulan Marga basane alus lan ngajeni "aku Marga lan iki sedulurku tuwa,Rangga. Aku andhahane Ki Demang Kedhungtuwung, dene tekaku mrene awit nuhoni dhawuhe Ki Bulakbadher supaya esuk iki aku lan kakangku ngadhep ing padhepokan kene".

Disauri nganggo tembung sing alus ngono kuwi, cantrik loro murid-muride Ki Kahastha kuwi ora enggal aweh wangsulan, mung mripate manther nyawang Rangga lan Marga genti-genti, kaya blantik wedhus sing nyawang dagangan sing ditawakne marang dheweke. Sawuse tutug olehe nyawang, cantrik sing nakoni Rangga lan Marga kuwi genti nyawang kancane, mripate kedhep-kedhep aweh sasmita pitakonan. Sing disawang mung wangsulan nganggo sasmita nggedhegne sirahe.  Banjur cantrik sing takon mau mbalikne awake madhep menyang Rangga lan Marga karo guneman :

"Aku lan kancaku ora nampa dhawuh yen esuk iki bakal ana tamu sing teka Kisanak, dadi aku wong loro iki ora bisa aweh palilah ndika mlebu ing pekaranganing padhepokan, luwih becik ndika enggal-enggal lunga ninggalne papan iki wae".

"Nanging tekaku kene merga netepi dhawuhe Ki Kahastha, Kisanak?!?" Marga semaur ngandhakne yen tekane mrono dudu karepe dhewe.

"Apa tandha lan buktine yen Bapa Guru Kahastha wis dhawuh marang ndika sakloron supaya ngadhep panjenengane?" Cantrik sing sijine genti takon.

"Ora ana tandha bukti sing diparingake aku Kisanak" wangsulane Marga "aku ora wani nyuwun tandha bukti sing ndika karepne kuwi marang Ki Kahastha, yen ndika ora ngidini aku mlebu menyang Padhepokan, kuwi pancen wewenang ndika. Nanging ngadhep Ki Kahastha esuk iki, kuwi kuwajiban sing kudu tak tindakne. Mula, murih padha slamete aku njaluk tandha bukti marang ndika sing duwe panguwasa njaga regol iki yen aku sakloron wis teka kene nanging ndika wong loro ora ngidini aku sakloron ngadhep Ki Kahastha. Dadi olehku ora netepi dhawuh iki ora merga aku nglirwakne, nanging merga ndika penging. Lan yen nganti anggonku arep atur warta marang Ki Kahastha iki dadi kasep, ndika sakloron sing kudu nanggung akibate".

Oleh wangsulan sing kaya ngono kuwi, cantrik loro kuwi dadi katon ewuh aya ing pambudine. Rada sauntara kekarone padha pandeng-pandengan karo kancane dhewe.

"Ngene lho Kisanak" Rangga sing wiwit mau mung meneng genti melu guneman "ndika sakloron pancen wenang duwe rasa sujana marang sapa wae, klebu marang aku karo adhiku sing arep netepi dhawuhe Ki Kahastha iki. Jalaran ndika sakloron sumelang yen nganti aweh palilah marang sabarang wong mlebu ing Padhepokan, dikuwatirake sing mlebu kuwi bakal gawe gendra ing padhepokan. Nanging mbok ya dinalar kanthi wening, aku mung wong loro, kamangka ing padhepokan iki isine atusan cantrik malah Ki Kahastha lan Ki Kunthara ya ana. Upama aku wong loro iki arep gawe gendra, apa sing bisa tak tindakne ing ngarepe Ki Kahastha lan Ki Kunthara? Kosok baline, yen nganti Ki Kahastha duka merga kaseping warta saka aku merga saka ndika alang-alangi, aku ora bisa nggambarake apa sing bakal ndika temoni mengko".

 

ana candhake.


Kamis, 14 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 80

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

80.

Sauntara iku, nalika wektune wis lingsir wengi, ing Padhepokan Bulakbadher, Ki Kahastha isih aweh pituduh-pituduh marang Kunthara. Pancen nalika awan mau Kunthara diajak lunga ninggalne Bulak Cilik, atine rada cuwa. Kunthara lagi kepengin nyoba aji Alas kobar sing lagi rampung anggone ngunggahne tatarane. Mula bareng wis tekan padhepokan Kunthara katon murung polatane, malah banjur mlebu gothakan senthonge, mapan turu. Ki Kahastha sing wis apal banget karo sipat lan tekune Kunthara mung meneng wae, lagi bareng kahanan wis sepi, lagi Kunthara diparani banjur diajak mlebu sanggar banjur dituturi akeh-akeh.

"Kowe kudu luwih pinter Kunthara" kandhane Ki Kahastha sawuse wong loro lungguh adhep-adhepan ana sajroning sanggar "kanggo nggayuh kalungguhan sing kok tuju kuwi kowe ora bisa ijen. Keneng diupamakne wong menek, najan andhane wis cumepak, nanging kowe isih mbutuhne wong sing nggoceki adege andha, supaya ora nggoling".

"Inggih Bapa" wangsulane Kunthara "nanging, kula rak inggih kedah reresik sesuker-sesuker papan kangge nyelehaken andhanipun ta Bapa? kamangka miturut pamanggih kula, lare kalih ingkang nembe dugi ing Kedhungtuwung nika, klebet sesuker ingkang mbebayani ingkang saged damel kepleseting dlamakan kula nalika kula badhe nginggahi andha kangge nggayuh Madiun lan bablas dhateng Mataram".

"Lha neng kono kuwi, katon nek awakmu kurang sabar lan kurang tlaten nggonmu ngayati gegayuhanmu" wangsulane Ki Kahastha karo mesem.

"Kirang sabar lan kirang tlaten kados pundi Bapa?" Kunthara takon.

"Sakeplasan katon yen Rangga karo Marga kae bisa dadi pepalang anggonmu arep mlaku, nanging aja banjur dibuwang ngono wae. Awit miturut panyawangku, nom-noman loro kae kena diarani bebakalan sing becik, ya lantiping pikire ya santosaning balung lan ragangane. Dadi, luwih becik manawa pepalang kuwi dijupuk banjur diopeni, dipurih guna lan manpangate, lagi yen wis rampung gawemu kari sakarepmu olehmu arep nyikepi bocah loro kuwi, disingkirne ya kena dienggo waton ora mbebayani ya kena" Ki Kahastha mangsuli pitakone Kunthara lan muwuhi klawan pituture.

"Punapa Bapa ngersakaken murih Rangga lan Marga lare ingkang boten cetha asal-usule niku saged manunggal kaliyan awakipun piyambak?" Kunthara sing wiwit weruh lakuning nalare Ki Kahastha banjur takon.

"Bener" wangsulane Ki Bulakbadher "bisa nggeret nom-noman loro kae mlebu ing barisane awake dhewe, luwih gedhe guna lan paedahe tinimbang bisa ngajak Bebau sepuluh saka Kedhungtuwung. Luwih-luwih saka pamawasku, nganti dina iki nom-noman loro kae wis oleh ati saka Demang lan para Bebau ing Kedhungtuwung. Dadi yen Rangga lan Marga wis kasil tak dadekne sedulurmu, padha wae karo Kedhungtuwung wis bisa kok regem sajroning gegemanmu. Ngerti?".

Kunthara meneng, pikirane ngangen-angen marang apa sing dikandhakne gurune kuwi. Petunge gurune sing mangkono kuwi pancen tinemu ing nalar, nanging apa gampang ndadekne nom-noman loro kae supaya gelem manut marang dheweke. Lha wong sepisanan ketemu kae wae wis thukul rasa memungsuhan ing atine lan kira-kira uga ing atine Rangga lan Marga?.

"Aku ngerti, nek nganti dina iki Rangga lan Marga kae isih duwe rasa gething katutan sengit marang kowe, nanging aja kowe banjur gawe dudutan yen selawase Rangga lan Marga kae bakal dadi mungsuhmu" kandhane Ki Kahastha sing kaya weruh karo sing dipikirake muride "amerga aku duwe cara sing bisa ngowahi nalare nom-noman loro kae, saka gething dadi tresna lan asih sarta setya marang kowe. Nanging pancen ya dibutuhne katlatenan lan kasabaran sing gedhe, ora grusa-grusu selak kesusu".

"Inggih Bapa, kula pitados kaliyan punapa ingkang Bapa dhawuhaken" wangsulane Kunthara "nanging kula inggih kepengin ngertos ngangge cara ingkang pundi anggenipun Bapa badhe ngewahi nalaripun lare kalih nika?".

"Kuwi wis tak pikirake sadurunge aku ngongkon awakmu ngrucat Alaskobar sing arep kok tamakne mau" wangsulane Ki Kahastha karo ngguyu lirih "mula aku banjur aweh semaya limang dina marang Rangga lan Marga yen kepengin nyoba kasektenmu".

"Ing Tegal Bera punika Bapa?"

"Iya, ucapku marang Marga lan Rangga mau, tata gelar pancen rupa panantang. Nanging mengko yen wis klakon kepethuk neng Tegal Bera, bisa diowahi sing maune bocah loro kae tak tantang arep tak jedu karo awakmu, banjur tak owahi. Rangga lan Marga arep tak sengkake dadi murid Paguron Bulakbadher, tak dadekne sedulurmu".

"Manawi lare kalih nika boten purun Bapa?"

"Bakal tak peksa" wangsulane Ki Kahastha manteb "kaya olehku meksa awakmu jaman kowe durung seneng sinau ulah kanuragan biyen".

Kunthara meneng, kelingan jaman isih bocah arep mangkat diwasa biyen. Nalika iku Kunthara isih dadi siji melu bapa biyunge  neng Desa Bulak Kopenan. Bapake nyambut gawe dadi Undhagi (Tukang Kayu) lan biyunge dadi Greji (Penjahit). Uripe Kunthara banget kepama, kecukupan sakabehane, dhasare dadi anak ontangt-anting sing ora duwe tunggal. Apa sing dadi pepenginane dening wong tuwane mesthi diwujudi. Kunthara diumbar milih urip sasenenge, mung seneng dolan lan dolanan, kabeh dicukupi dening wong tuwane. Gandheng uripe sarwa kecukupan, ora ana bocah-bocah sing wani nukari marang dheweke, malah akeh bocah sing yen kapeksa tukaran karo dheweke, milih ngalah, jalaran bocah-bocah kuwi padha dikandhani supaya ora wani karo Kunthara, mengko mundhak ndadekne nesune wong tuwane. nek wong tuwane Kunthara nesu, bisa-bisa wong tuwane bocah sing nukari Kunthara bakal susah dhewe, amarga kangelan yen arep golek silihan utawa utangan marang wong tuwane Kunthara.

Wiwit sadurunge Kunthara lair, wong tuwane wis raket nggone mangun kekancan lan seduluran karo Ki Kahastha wong pinter ing sakehing ngelmu agal lan alus. Sangertine Kunthara, kerep wae Ki Kahastha kuwi sanja neng omahe wong tuwane, sok-sok nganti sepasar malah kepara luwih barang. Luwih kerep Ki Kahastha nginep neng omahe yen wayah wong tuwane lanang ora ana omah, merga disambat sedulur sing liya desa nggawekne omah lan murih ora kentekan wektu banjur nginep neng papane nyambut gawe. Kunthara seneng banget karo Ki Kahastha, jalaran Ki Kahastha uga tresna marang Kunthara, kaya tresnane wong tuwane lanang dhewe. Kerep Kunthara diajak dolan-dolan nyawang endahing kahanan, ya sok kanthi mlaku ndharat, ya sok diajak nunggang jaran.

Wis bola-bali Kunthara ditawani arep diwulang ngelmu kanuragan dening Ki Kahastha, wong tuwane uga nyurung supaya Kunthara gelem dadi muride Ki Kahastha, nanging Kunthara ajeg nulak. Jalaran miturut Kunthara sinau ngelmu kanuragan kuwi mung ngrekasakne awak wae, lan ora pati ana gunane, wong nyatane ora ana bocah sing wani nukari utawa ngganggu gawe marang dheweke. Ngono kuwi nganti ing sawijing dina, nalika nuju dolanan Jirak Bendhot (cara saiki ya dolanan nekeran utawa main gundhu),  amerga salah tampa Kunthara banjur tukaran karo kancane sing rada luwih gedhe, dadi gelut rame. Beda karo padatan, wektu kuwi kancane mau ora gelem ngalah, Kunthara diajar entek-entekan, dikeplaki, dijiwit lan liya-liyane. Kunthara kalah, banjur nangis, mulih arep wadul marang wong tuwane. Jebul sawuse wadul ora dibelani, malah disrengeni, dadi bocah lanang kuwi ora oleh gembeng. Yen kepengin dieringi kanca-kancane kudu pinter gelut dadi nek tukaran ajeg menang. Ya awit saka kedadeyan kuwi, Kunthara banjur gelem sinau ulah kanuragan meguru dadi muride Ki Kahastha nganti saiki.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...