Total Tayangan Halaman

Rabu, 20 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 91

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

91.

Rangga lan Marga bareng krungu apa sing dikandhakne dening Demang Kedhungtuwung kuwi, banjur padha inget-ingetan. Jroning ati rumangsa seneng dene jebul Prajurit Sandi Mataram temen-temen nggone padha nindakne wajibe, ketitik kahanan ing panggonan sing nadyan adoh saka Kutha Gedhe bisa knawruhan lan wis dadi atur ing ngarsane Panembahan Senapati. Iki mau Demang Kedhungtuwung ngandhakne yen sesuk Kademangan kono arep katekan Senapati Perang sing ngirid wadya bala sagelar sepapan, jalaran Mataram wis ngerti yen Kedhungtuwung arep direbut dening wong-wong sing nedya mbalela marang pangwasane Ratu. Kabar mangkene iki, mesthi wae ndadekne atine Rangga lan Marga dadi luwih ayem, nanging uga ndadekne ora kepenak ing atine, jalaran Rangga durung kepengin ana wong sing ngerti sapa satemene dheweke. Luwih ora seneng maneh yen nganti dheweke kepethuk wong Mataram, sing jaman semana duwe rasa ora seneng marang dheweke, klebu pamane dhewe yaiku Pangeran Singasari sing saiki dipercaya dadi Senapati Agung ing Mataram.

"Kadospundi Anakmas?" Demang Kedhungtuwung banjur takon, sawuse dienteni sauntara ora ana tanggapan saka Rangga lan Marga.

"Inggih Ki Demang" wangsulane Rangga "punika kabar ingkang ngremenaken, pranyata Mataram boten lirwa ing wajib, liripun taksih setya anggenipun badhe ngayomi kawulanipun, sanadyan papanipun kawula punika tebih saking Kutha Gedhe".

"Inggih Anakmas" Demang Kedhungtuwung nerusne rembuge "mila leres Sampean Dalem Gusti Panembahan Senapati punika Tiyang Agung ingkang tan kendhat anggenipun menggalihaken para kawula dalem nagari Mataram. Ingkang kula pikajengaken niku makaten lho Anakmas........".

"Punapa ingkang dipun kersakaken Ki Demang?" Rangga nyela takon.

"Gandheng seserepan tuwin pasrawungan kula punika sanget ing cupetipun, kula nyuwun dhumateng Anakmas kekalih kersaa anyartani kula salebeting pepanggihan kaliyan Senapati saking Mataram punika, ugi kula suwun pisan mangke anak mas kekalih dadosa talanging basa kula" wangsulane Demang Kedhungtuwung.

Sing lagi wae dikuwatirake Rangga jebul dadi kasunyatan, yen panjaluke Demang Kedhungtuwung iki dituruti ateges dheweke bakal kepethuk karo wong Mataram lan iki sing dadi sirikane Rangga. Nanging yen ora dituruti, kepiye olehe nganggo pawadan murih Demang Kedhungtuwung ora banjur mikir sing neka-neka marang dheweke.

"Nuwun sewu Ki Demang" sadurunge Rangga nemokne pawadan kanggo ngemohi panjaluke Demang Kedhungtuwung, Marga guneman .

"Inggih Anakmas?" Demang Kedhungtuwung gage wangsulan.

"Punapa Ki Demang sampun uninga, Senapati ingkang kapiji rawuh ing Kedhungtuwung mriki benjing punika sinten?" Marga takon.

Demang Kedhungtuwung banjur ngetokne bumbung isi lontar saka waliking klambine.

"Asmanipun Senapati ingkang piniji punika kasebat ing rontal punika Anakmas" bumbung isi lontar kuwi diulungne menyang ngarepe Marga. Gageyan Marga nampani lan ngiling-ilingi tulisan ing lontar kuwi.

"Raden Tumenggung Candrasanata?" Marga maca tulisan ing rontal karo suwara sing alon, nanging ngemu pitakon, bathuke dijenglerutne, ngeling-eling jeneng sapa jeneng sing katulis ing lontar kuwi, jenenge Senapati sing kapiji dadi tindhihing Prajurit Mataram.  Marga banjur ngulungne rontal kuwi marang Rangga karo guneman lirih "durung tak tepungi.......".

Dening Rangga lontar ditampani banjur diwaca isine, kaya Marga Rangga uga katon ngencangne alise, pratandha durung tepung karo senapati sing jenenge kasebut sajroning lontar kuwi.

"Ingkang kapiji minangka Senapatining laga Raden Tumenggung Candrasanata Ki Demang" kandhane Rangga karo ngesrogne lontar ing ngarepe Demang Kedhungtuwung "minangka panjawat kanan lan kering kaserat nami Rangga Susila miwah Rangga Sampurna, dene paramparaning perang kaserat Kyai Nusapurwanta".

"Inggih Anakmas, priyagung ingkang asmanipun kaserat ing rontal punika kula dereng nate tepang babar pisan, malah mireng kemawon inggih nembe punika" kandhane Demang Kedhungtuwung karo njupuk rontal mau lan bali dilebokne bumbunge "punapa Anakmas ugi makaten?".

"Leres Ki Demang" wangsulane Rangga "namung kalih saking asma sekawan punika ingkang radi kula ngertosi, inggih punika Rangga Susila, menawi boten lepat punika rumiyin nate dados Lurah Prajurit ing Kasatriyan Bulakkopenan samangke sampun mindhak pangkat dados Rangga. Lajeng angka kalih Kyai Nusapurwanta, punika taksih Trah Nagasari ingkang lajeng jumeneng Kyai ing Batapawon, panjenenganipun punika mila jadhug ing babagan gelaring laga".

"Inggih Anakmas, dados sampun trep menawi benjing punika Anakmas kekalih ingkang dados talanging basa Kademangan Kedhungtuwung" kandhane Demang Kedhungtuwung sabanjure.

"Manawi makaten ingkang dados kersanipun Ki Demang, kula kekalih mila boten kawratan, namung kula nggadhahi panyuwunan Ki Demang" Rangga mangsuli kandhane Demang Kedhungtuwung kuwi.

"Anakmas kagungan pamundhut punapa?"

"Murih boten nuwuhaken pitakenan warni-warni saking para priyagung Mataram, sadangunipun kempal kaliyan para Prajurit miwah senapati Mataram punika mangke, kula suwun Ki Demang kersa andhaku bilih kula kaliyan Marga punika taksih kapernah pulunanipun Nyi Demang lan Ki Demang ugi kedah boten mawi basa krama dhateng kula kekalih awit boten ilok menawi Ki Demang ngginakaken basa krama dhateng lare ingkang taksih kaprenah pulunanipun piyambak" wangsulane Rangga .

Marga sing krungu panjaluke Rangga marang Ki Demang ngono kuwi, mesem karo manthuk-manthuk tandha yen mathuk lan sarujuk.

Durung nganti Demang Kedhungtuwung aweh wangsulan marang panjaluke Rangga, dumadakan ana prajurit sing mlebu pringgitan nyedhaki papan anggone jejagongan wong telu kuwi.

"Ana apa?" Demang Kedhungtuwung nakoni prajurit sing mara ora kanthi diceluk kuwi, sajake prajurit kuwi durung suwe olehe dadi prajurit kademangan, ketitik saka umure sing karon isih nom lan sandhangan prajurit sing dienggo.

"Atur uninga Ki Demang" wangsulane Prajurit kuwi kanthi kurmat "wonten Tamu cacah tiga ingkang ngersakaken panggih kaliyan Ki Demang".

"Sapa? tamu saka ngendi?" Demang Kedhungtuwung takon maneh.

"Ngakenipun asma Ki Jatikuning saking Banjarsemanggi"

"Ki Jatikuning?" Demang Kedhungtuwung njengkerutne bathuke, banjur prentahe  "Aturana menyang Pringgitan kene wae!".

"Sendika Ki Demang" wangsulane Prajurit kuwi banjur mundur.

Karo praupan sing katon bingar, Demang Kedhungtuwung banjur kandha marang Rangga lan Marga :

"Bapa ing Banjarsemanggi rawuh mriki Anakmas, kula kinten Prajurit Sandi kala wau kajawi tindak mriki ugi tindak dhateng Banjarsemanggi".

"Inggih Ki Demang, kinten-kinten mila makaten" wangsulane Rangga sing uga katon bingar. Rangga lan Marga rumangsa seneng jalaran bakal kepethuk wong sing jenenge tau disebut-sebut dening paraga aneh ing Guwa Klumpit nalika samana uga tau diucapne dening Panembahan Timur nalika  kedadeyan perang tandhing ing tegal Bera.

"Kulanuwun, Ki Demang" ana pawongan wis katon rada tuwa mlebu pringgitan ditutne wong loro sing banjur uluk salam "aku sing teka".

"Mangga, mangga Bapa" Demang Kedhungtuwung mapag sing lagi teka karo mendhak kurmat, banjur tangane loro pisan ditangkepake lan disenggolne menyang dhengkule wong kuwi.

Wong sing lagi teka kuwi gage nyandhak baune Demang Kedhungtuwung diangkat munggah, supaya ngadeg lumrah.

"Mangga Bapa kula turi pinarak" kandhane Demang kuwi sabanjure, banjur genti nyalami wong loro liyane karo kandha "mangga Kakang...".

Wong sing jebul Ki Jatikuning kuwi banjur mlaku nyedhaki papane Rangga lan Marga padha lungguh arep nyalami. Nanging dumadakan  bareng wis cedhak karo Rangga, Ki Jatikuning dadi mlengak katon kaget......

"Gusti kula Raden Rang.........."

"Kula pulunanipun Paman Panjer, Paman Tutug......." Rangga gageyan nugel rembuge Ki Jatikuning sadurunge Ki Jatikuning ngrampungne kandhane.

 

ana candhake.

 

 

 

SENDHANG MUSTIKA WARIH IV 90

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

90.

Nalika wewayangane barang sing kena soroting srengenge wis sansaya luwih katon dawa tinimbang barange, Demang Kedhungtuwung lan kabeh prajurit Kademangan mangkat bali menyang Kedhungtuwung maneh. Kabeh cantrik sing maune manggon ana pondhok-pondhok sajroning pekarangan Padhepokan kabeh digiring menyang Kedhungtuwung, klebu Kunthara sing kudu dipikul nganggo tandhu merga balung pupune sing remuk ketiban pecute Marga. Ora mung Kunthara sing kudu ditandhu, merga ora bisa mlaku, nanging prawan telu sing ditemokne neng jero Pasenthongan, sing kahanane isih lemes lan lakuning nalare durung pulih, uga digawa bali menyang Kedhungtuwung sarana dipikul nganggo tandhu. Kabeh barang pengaji sing ana sajroning Padhepokan digawa menyang Kedhungtuwung, minangka barang rampoganing perang.

Mlaku neng ngarep dhewe minangka cucuking laku ing barisan Kedhungtuwung kuwi, Bebau Supiturang sing dijejeri Jagabaya Sekayu lan Jagabaya Pahang. Ing mburine lagi para prajurit Kademangan, banjur disusul para cantrik Bulakbadher, para sing padha mikul tandhu mlaku ing mburine lan sing manggon mburi dhewe Demang Kedhungtuwung sing diapit Rangga lan Marga  ditutne Bebau Padaringan lan para Jagabaya. Prajurit Kademangan Kedhungtuwung sing mau bengi olehe budhal pating srenthil ora bareng kuwi, bareng baline mlaku bareng lan ditambahi para cantrik saka Bulakbadher, jebul dadi barisan sing dawa.

Karo mlaku ora akeh sing diomong dening Demang Kedhungtuwung lan Rangga sarta Marga. Wong telu kuwi karo mlaku pikirane nglambrang teka ngendi-endi. Ana rasa sethithik rasa seneng ing atine Demang Kedhungtuwung, jalaran wong - wong sing duwe sedya ala marang Kademangan kuwi wis suda klawan gugure Ki Kahastha lan kapikute Kunthara sarta para cantrik-cantrike. Rasa seneng liyane, yaiku ketemune prawan telu sing jebul didhelikne neng Padhepokan Bulakbadher arep disasarne uripe didadekne abdine Bathari Kali ing alaming para lelembut. Kajaba ana sethithik rasa bungah, Demang Kedhungtuwung uga tambah rasa susahe, jalaran mikirake prawan papat sing dicritakne dening Dewi Rismani mau, sing jarene dening Panembahan Sekarjati didadekne tumbal sing diunjukne marang Bathari Pramoni ing Dhandhangmangore sing mapane ing pereng lor kulone Gunung Lawu. Lan sing ngodhengake pikirane Demang Kedhungtuwung maneh yaiku, dheweke durung ngerti babar pisan Bathari Pramoni kuwi sapa? Sarta sapa sing diarani dening Rismani duwe jeneng Bathari Kali kuwi? Lan ing ngendi panggonane? Ana sambung rapete apa karo wong-wong sing nedya gawe kisruhe Kademangan ing Kedhungtuwung kuwi?.

Ora pati adoh kaceke sing dipikir dening Demang Kedhungtuwung karo angen-angene Rangga lan Marga. Nom-noman loro muride Patih Mandaraka sing lagi nindakne kuwajiban lelana brata kuwi, duwe dudutan yen kanggo mulihake kahanan ing Kedhungtuwung supaya bali tentrem maneh, kuncine kudu ngerteni sapa sing aran Bathari Kali sarta Bathari Pramoni lan kepiye sambung rapete karo Paguron Kluwihan sing tau aweh pangincim yen mbarengi purnama wulan ngarep arep nindakne panumpesan marang Kulawargane Demang Kedhungtuwung lan Kulawargane Ki Jatikuning ing Padhepokan Banjarsemanggi.

Nalika srengenge kurang sagenter saka papan palerenane ing cakrawala imbang kulon, barisane Demang Kedhungtuwung wis tekan ing pekarangan dalem Kademangan. Para cantrik banjur dilebokne ing wewangunan pakunjaran. Kunthara diselehne ing longkangan cedhak gandhok kulon papan paleremane Rangga lan Marga, lan para prawan dilebokne ing omahe Demang Kedhungtuwung sing mburi.

"Bares wae aku dadi bingung Marga" kandhane Rangga sawuse nom-noman loro kuwi mlebu ing gandhok kulon palerenane "sapa satemene jeneng-jeneng sing disebut dening Nini Rismani sadurunge pecat nyawane mau? kamangka nek nitik karo sing dicritakne Nini Rismani, jeneng-jeneng kuwi jenenge titah sing ora kasat mata, nanging ana sambung rapete karo manungsa. Cethane wae, manungsa sing wis memitran karo Bathari Pramoni lan Dewi Kali kuwi kajaba Ki Kahastha sing wis bisa disirnakne, uga manungsa sing jarene Madeg Panembahan sing nganggo sebutan Panembahan Sekarjati".

"Iya Kakang" wangsulane Marga nugel rembuge Rangga "aku kelingan karo critane Kartagentho lan Jayaglegek neng ngarepe Ki Demang wingenane kae,  yen wong sing nganggo jeneng Panembahan Sekarjati kuwi duwe gegayuhan supaya bisa ngrebut Kadipaten Madiun lan nelukne Kraton Mataram. Lan kabare Panembahan Sekarjati kuwi kadigdayan sing linuwih, temah bisa nelukne wong pirang-pirang, jalaran Panembahan Sekarjati kuwi muride Bathari Pramoni. Banjur iki mau ana crita maneh yen wanita prayangan sing mau bisa karuwat bali dadi manungsa lumrah lan wis tekan ing pati, yaiku Nini Rismani, uga ngaku menawa antarane Ki Kahastha karo gurune Riswani kuwi ana sambung rapete, ketitik Kahastha wis gelem nggolekne abdi kanggo ngladeni Bathari Kali ing alame kana, abdi sing saka manungsa".

"Lha ya" Rangga semaur "awake dhewe kudu ngerti, sapa satemene singt diarani Bathari Kali, Bathari Pramoni lan uga Panembahan Sekarjati kuwi. Biyen jaman awake dhewe isih ana Mataram, aku tau ndelok wayang kulit ing dalem kepatihan, dhalange Ki Sapanyana, ing critane wayang kulit kuwi ana jeneng Bathari Pramuni lan jeneng Bathari Kali, iku jinising Dewa sing wujude raseksi. Apa kira-kira Dewa-dewa sing wujud raseksi kuwi sing dadi gurune Rismani sarta Sekarjati?"

"Tak kira dudu Kakang" wangsulane Marga karo ngguyu "jalaran aku uga tau ngerti Dhalang Sapanyana mayang ing omahe Ki Lurah desaku, ing kono Dhalang Sapanyana nggelar lakon Sudamala, yaiku lakon karuwate Bathari Pramoni dening Sadewa temah bisa bali marang kaswargan Tinjomaya maneh, bali dadi widodari. Dadi Bathari Pramoni sing dicrtakne ing lakon wayang kuwi wis ora ana. Samono uga sing dicritakne kanthi jeneng Bathari Kali, Bathari Kali sawuse rajah Kalacakra sing tinulis gegere bisa diwaca dening Dhalang Sejati ya Dhalang Sanggabuwana banjur bali ing alam asale lan ora bisa manjing alaming titah sing kasat mripat maneh".

Durung tutug nom-noman loro kuwi anggone padha rembugan, dumadakan lawanging gandhok dithothok saka njaba, ana wong sing njaluk palilah arep mlebu ing gandhok kono. Marga ngadeg banjur ngengakne lawang gandhok, kepengin ngerti sapa sing wis nothok lawange kuwi.

"Kula Denmas" Ki Krama rewange Ki Demang sing kulina ngladeni Rangga lan Marga gage-gage kandha, sawuse ngerti yen Marga mbukakne lawang.

"Inggih Paman, badhe wonten kersa punapa?" pitakone Marga marang Ki Krama.

"Denmas kekalih katuran dening Ki Demang murih tedhak dhateng Pringgitan" wangsulane Ki Krama.

"Inggih paman kula kalih kakang Rangga sakedhap malih badhe ngadhep Ki Demang ing Pringgitan" kandhane Marga sing banjur nyawang Rangga kanthi sorot mripat kebak pitakon.

"Ayo engal mrana wae Dhi" kandhane Rangga karo ngadeg "iki mesthi ana bab wigati sing lagi wae diweruhi dening Ki Demang".

Nom-noman loro kuwi tumuli metu saka gandhok kulon lan daya-daya mara menyang pringgitan.

"Badhe atur uninga Anakmas" kandhane Demang Kedhungtuwung sawuse nom-noman loro kuwi mapan lungguh ing ngarepe.

"Inggih Ki Demang?" Rangga semaur semu takon ana warta apa.

"Jebul nalika awakipun piyambak taksih dhateng Bulakbadher kalawau siyang, karawuhan Prajurit Sandi Mataram. Prajurit Sandi kala wau paring dhawuh dhateng Bebau Krajan, bilih benjing enjing punika Kedhungtuwung badhe karawuhan Senapati Mataram ingkang ngasta gegaman prajurit sagelar sepapan. Jalaran Ngersa Dalem Panembahan Senapati sampun uninga bilih Kedhungtuwung ing salebeting bebaya, awit pokalipun Panembahan Sekarjati lan kanca-kancanipun ingkang badhe mbalela ing ratu lan ndadosaken Kedhungtuwung minangka pasanggrahan kangge madeg kraman".

Demang Kedhungtuwung meneng sedhela aweh sasmita manawa ngenteni tumanggape Rangga lan Marga.

 

ana candhake.


Selasa, 19 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 89

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

89.

Kanthi cepet Dewi Rismani mlumpat maju, karo ngarahne pucuk tumbake ngener menyang jantunge Marga. Marga nginger anggone ngadeg, sudukan tumbake Rismani luput, nanging Rismani ora mandheg, tumbake diputer banter disabetne marang sirahe Marga. Marga ngendhani kanthi mencolot memburi, nanging Rismani terus mburu klawan tumbak sing ora mandheg nggone ngarah marang Marga. Sepisan maneh Marga mlumpat memburi banjur wiwit nyeblakne pecute, tumibane seblakan pas ngenani awake Rismani, sakala Rismani kontal memburi kaya kebanting tiba neng lemah, nggulung memburi telung puteran banjur mletik kaya walang Rismani bali ngadeg, karo kuda-kuda sing kukuh, siaga ngadhepi tekane seblakan sabanjure.

"Pecutanmu apik Marga" kandhane Dewi Rismani karo  nyawang Marga sajak ngece "kuciwa tanpa tenaga, sabetan pecutmu dadi tanpa guna. Ayo tutugna nggonmu dolanan pecut sing mung pantes kanggo meden-medeni cempe sing ngebyong tanduran kuwi, sedhela maneh kowe bakal dadi bangke, getihmu bakal dadi ombene tumbak Kyai Srodog sing ana tanganku iki".

Marga gumun dene Rismani jebul isih bisa tangi sawuse tiba kena sabetan pecute, malah isih katon waras-wiris ora kurang sawiji apa. Kamangka nggone namakne pecut mau wis dilambari nganggo kekuwatan hawa murni sing cukup, nanging dening Rismani sabetan pecute dilokne jare tanpa tenaga. Lan Marga ora kober nyenyuwe anggone nggagas rasa gumune, serangane Dewi Rismani wis teka maneh, mripating tumbak sing ana tangane kuwi deres ngarah marang gulune Marga. Sepisan maneh Marga ngendhani klawan ndhoyongne awake mangiwa, tumbake Rismani pancen ora ngenani gulune, nanging kanthi cepet Rismani ngobahne sikile, dhadhane Marga ora kenyana kena dugangan sikil tengen, Marga kontal memburi patang jangkah, sempoyongan banjur tiba ndhodhok karo ngrasakne seseging dhadhane. Rismani nututi mengarep karo namakne tumbake ngarah praupane Marga. Marga kaget, banjur nibakne awake manengen, nggulung neng lemah nganti limang puteran banjur mencolot tangi karo genti nyerang nganggo seblakan pecute. Ora ana suwara jumedher, lambunge Rismani keneng sabetan upat-upat pecute Marga. Kaya dhek mau, Rismani kontal memburi watara limang jangkah, adege dadi ora jejeg, sempoyongan. Wong wadon ayu kuwi ngeses ngempet lara, banjur nata adege siyaga arep males marang mungsuhe nganggo tumbak sing wiwit katon murup pucuke.

Marga tanggap yen mungsuhe wiwit ngunggahne tataran ngelmune, mula Marga ora kepengin kecolongan maneh napase ditata hawa murnine dipunjerake menyang upat-upat pecute.  Nalika Rismani maju ngrangsang klawan tumbak sing katon murup kuwi, Marga mapagne nganggo sabetan pecute sing upat-upate wis kisenan hawa murni sing dikirim saka dhasar jantunge. Ana suwara jumeglug banter banget, pucuking tumbak tatapan karo pucuking upat-upat. Wong loro padha-padha kontal memburi. Marga kadheseg mundur telung jangkah, Rismani kesurung limang jangkah, kuda-kudane ambyar merga Rismani ngrasakne kaya ana lindhu sing ngerog ragane.

Sansaya suwe perang tandhing antarane Marga lan Dewi Rismani kuwi dadi sansaya rame, kekarone wis wiwit nggunakne aji jaya kawijayan simpenane. Demang Kedhungtuwung lan wong-wong sing ana kono dadi padha mlongo saking erame, wong-wong kuwi wis ora weruh wujude Marga lan Dewi Rismani, jalaran sing katon ing panyawange wong-wong kuwi, ing ngarepe ana cahya kuning sing mubeng seser, luwih cepet tinimbang kitiran  katempuh angin barat, uber-uberan karo cahya biru sing mubeng kanthi kacepetan sing padha. Sauntara ing kiwa tengene cahya loro sing uber-uberan kuwi, lemah ora leren-leren nggone horeg kaya lindhu sing susul-susulan.

Dumadakan keprungu suwara angin lesus sing disusul ana macan gembong sing sakebo benthung gedhene sing mudhun saka awang-awang. Macan gembong kuwi banjur nggero-nggero karo mamerne siyunge madhep marang papane Demang Kedhungtuwung sakancane. Demang Kedhungtuwung lan para bebau lan jagabaya sing ana kono sakala entek atine, macan gembong kuwi katon galak lan sajake lagi luwe.

"Marga, sawangen kanca-kancamu sing arep padha mati merga kaweden kae!" ana suwarane wong wadon nguwuh banter saka puseraning cahya kuning sing lagi uber-uberan karo cahya biru.

"Ha ha ha....." keprungu suwara guyune Marga aweh wangsulan marang panguwuh kuwi "olehmu nggambar kucing kacepeten Rismani, sawangen untune kucingmu wis padha coplok malah saiki wis dadi ompong, banjur olehmu nggambar sikile kucing ya ora bener, lha wong sikil kucing kok memper karo sikile truwelu ngono ....... ha ha ha".

Demang Kedhungtuwung sing lagi ndhrodhog wel-welan dadi gumun, bareng karo rampunge Marga aweh wangsulan marang Rismani ngono kuwi, dumadakan Demang Kedhungtuwung lan wong liyane sing ana kono weruh, macan gembong sing gero-gero kuwi jebul untune padha mrotholi lan dadi ompong lan sing luwih nggumunake maneh jebul macan gembong kuwi ora duwe cakar utawa kuku, merga sikile persis sikile truwelu.

"Ha... ha... ha.... Lucu" Rangga sing mau mung meneng karo nyawang sedulur angkate sing lagi perang tandhing kuwi dumadakan ngguyu banter karo omong "lagi tumon iki aku, prayangan mendem sinau nggambar, dadine gambare dadi lucu ha ha ha".

"Iblis laknat" keprungu maneh suwarane Rismani misuh-misuh banter "kowe bocah loro pancen wis ora kena dieman maneh. Neng neraka aja padha alok nek aku iki kejem, kapeksa kowe Marga lan wong-wong sing ana kene arep tak lebur nganggo Aji Pangleburbawana, kareben ora ana maneh sing ngarubiru anggonku nindakne dhawuhe guruku Bathari Kali".

"Aja kesusu sumbar Rismani" keprungu wangsulane Marga "garising kodrat wis nyebutake : Birawaning angkara luluh dening Kasetyaning Jiwa".

"mBuh ora idhep, saiki padha rasakna!!" Rismani nggetak banter.

Ora suwe keprungu ana suwara gemleger, disusul lindhu horeg sing nibakne gentheng-genthenging omah ing sacedhake papan perang tandhing kuwi.  Nanging ora suwe, watara saampetan ambegan. Lindhu sirep, suwara gumleger ilang, cahya kuning lan cahya biru sing mubeng uber-uberan uga wis ora katon maneh. Kahanan dadi sepi. Alon-alon Marga tangi saka anggone ngglethak, njupuk pecute sing uga gumletah ing sandhinge. Rangga nyedhak karo takon sajak kuwatir :

"Kepriye kahananmu Dhi?"  

"Ora apa-apa Kakang" wangsulane Marga lemes, ketok nek kentekan tenaga, banjur watuk-watuk lan saka tutuke metu getih kenthel kira-kira saendhog gemak gedhene.

"Menyang ngendi parane Prayangane Dewi Rismani mau?" pitakone Marga karo ngusapi lambene.

Rangga noleh ngiwa nengen, nggoleki sing ditakokne sedulur angkate.

"Aku ana kene Marga" kira-kira sepuluh jangkah saka papane Marga katon ana Nini-nini tuwa sing gumlethak tanpa daya. Gage-gage Rangga lan Marga marani Nini-nini tuwa sing ngglethak kuwi.

"Aku ngakoni klawan jujur Marga, kowe wis bisa menang mungsuh muride Bathari Kali" Nini-nini kuwi guneman karo megap-megap ngempet lara. Kahanane wis melas banget, nadyan katone ora ana sing tatu, nanging sarnduning awake katon gosong kabeh.

"Ora sah ngrembug perkara kuwi dhisik Nini" wangsulane Marga "entenana sedhela, tak racikne bobokan kanggo nambani ragamu".

Marga ngawe Demang Kedhungtuwung lan wong-wong liyane sing ketok ngoplok durung ilang wedine. Nanging diawe Marga wong-wong kuwi uga banjur ngadeg, mara nyedhak.

"Uwis Marga, ora sah repot-repot, sedhela maneh aku bakal mati. Sumurupa satemene olehku nglakoni urip iki wis suwe, aku lahir wiwit jaman Tanah Jawa diratoni dening Sri Girindrawardana ya Prabu Brawijaya Pamungkas. Lan aku wis nyecep ngelmune Bathari Kali, sing ndadekne aku kelangan sipat kamanungsan, dadi prayangan. Jalaran saka panglawanmu marang ajiku Panglebur Bawana, aku malah ketulungan, bisa bali wujud manungsa sing jebul wis kaya ngene wujude. Aku wis iklas marang patiku Marga, aku bisa mati kanthi wujud manungsa maneh".

"Ora Nini" Marga wangsulan alus sawise njaluk tulung marang Bebau Supiturang supaya digolekne banyu bening "Nini Dewi Rismani bakal bali waras kaya wingi uni, entenana sedhela".

"Aku wis wayahe mati Marga" wangsulane  Dewi Rismani karo suwara pedhot-pedhot "aku uga ngerti dosaku tumpuk undhung akehe, nanging aku percaya Gusti Maha welas lan Maha Asih marang titahE, sadurunge mati aku mung butuh nyuwun pangapuraNe. Critaku sing pungkasan iki muga-muga bisa nyuda dosa lan kaluputan sing wis tak tindakne".

Dewi Rismani sing wis wujud Nini-nini tuwa kuwi meneng sedhela, banjur wiwit guneman maneh :

"Sing ana pasenthongan sing lawange tak tunggu mau, prawan-prawan Kedhungtuwung sing ilang dicolong para Durjana kae. Sing telu diselehne ana kono merga arep didadekne abdine Bathari Kali, dene prawan liyane digawa menyang paguron Kluwihan didadekne Tumbal dening Panembahan Sekarjati kaunjukake marang Bathari Pramoni ratuning lelelmut ing Dhandhangmangore sing mapane ana pereng lor kulone Gunung Lawu. Dene wanita-wanita liyane sing wis duwe bojo nanging katut ilang, kuwi kabeh mung didadekne papan panyuntake hawa nafsu dening Kahastha lan anak lanange sing didhaku minangka muride, awit Kunthara kuwi temene anake asil anggone slingkuh wong tuwane wadon Kunthara karo Kahastha. Mung kuwi sing bisa tak critakne marang kowe, wektuku wis entek Marga...........".

Dewi Rismani ora bisa nerusne guneme, meneng bareng lan pecating nyawane. Marga lan Rangga ora bisa guneman apa-apa maneh. Nom-noman loro kuwi rumangsa melu kelangan merga matine Dewi Rismani sing kalah pangabaran nalika ngecakne aji Panglebur Bawana sing ditadhahi Marga klawan aji Astidamatular peparinge Ki Tanparupa.

"Ki Demang" kandhane Rangga marang Demang Kedhungtuwung sawuse meneng sauntara "Ki Demang sampun mireng piyambak kaliyan cariyosipun Nini Rismani punika kala wau, salajengipun borong anggenipun Ki Demang badhe anyikepi lan ngedalaken prawan-prawan ingkang wonten pasenthongan kala wau. Kula lan adhi kula badhe ngrukti layonipun Nini Rismani punika rumiyin".

"Inggih anakmas, kaparenga kula ndherek ngrencangi ngrukti layon punika, prakawis mbikak pasenthongan supados dipun tandangi Ki Bebau Padaringan lan kanca-kancanipun rumiyin" wangsulane Demang Kedhungtuwung.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 88

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

88.

Nalika srengenge wis ngglewang mangulon papan kanggo ngubur layone Ki Kahastha wis dadi. Demang Kedhungtuwung banjur mrentahne supaya layon kuwi enggal dikubur kanthi pakurmatan kang sacukupe. Sing ngangkat layon ora mung para cantrik wae, nanging gentenan karo para prajurit Kademangan. mBarengi rampung pangubure Ki Kahastha, lan para warga Bulakbadher mulih menyang omahe dhewe-dhewe, Bebau Supiturang nyedhaki Demang Kedhungtuwung saperlu nglapurake asile nggone niti priksa sajroning padhepokan. Deningt Demang Kedhungtuwung Bebau Supiturang, Bebau Padaringan, Jagabaya Pahang lan Jagabaya Sekayu banjur diajak mlebu ing Pringgitan murih lapurane ora dirungokne wong akeh. Rangga lan Marga dening Demang Kedhungtuwung diajak melu ngrungokne lapurane Bebau Supiturang. Cantrik loro yaiku Dario karo Limpad sing dadi cucuking laku uga melu ngrungokne apa sing diaturake Bebau Supiturang marang Demang Kedhungtuwung.

Kajaba ana tumpukan rajabrana sing akeh sing didhelikne neng pasenthongan padhepokan, Ki Supiturang uga nglapurake yen ana pasenthongan gedhe sing ora bisa dibukak saka njaba. Jalaran kajaba lawange digawe saka kayu sing pilihan uga dikancing nganggo gembok sing ora bisa digawe saka waja pilihan temah ora tedhas ditamani gegaman. Sarta ana kekuwatan aneh sing ora kasatmata sing ngalang-alangi wong sing nedya ngrusak lawanging pasenthongan.

"Pasenthongan sing ora bisa ndika bukak kuwi manggone ana ngendi?" pitakone Demang Kedhungtuwung marang Bebau Supiturang.

"Jejer kaliyan pasenthongan ingkang kangge nyinggahaken bandha donya ingkang wujud mas picis punika Ki Demang" wangsulane Ki Supiturang "kaapit kaliyan papan paleremanipun Ki Kahastha, namung kemawon ketingalipun wiyaripun tikel kaping kalihipun pasenthongan punika".

"Lan ndika durung ngerti apa sing ana jerone pasenthongan kuwi ?" Demang Kedhungtuwung takon maneh.

"Nuwun inggih dereng mangertos Ki Demang" wangsulane Ki Supiturang "malah ingkang dados gawoking manah kula lan kanca-kanca, dumugi sakniki raos ajrih dhateng punapa ingkang boten kula ngertosi punika taksih ngreridhu salebeting manah kula sadaya".

"Aneh" Ki Demang guneman alon, banjur genti nakoni Dario lan Limpad "Lha kowe Cantrik loro, mesthine kowe sing ngerti isen-isening pasenthongan sing jarene Ki Supiturang angker kuwi?".

"Sewu tadhah deduka Ki Demang" Daria wangsulan  karo suwara kedher ketara yen atine isih krasa miris "wiwit kula dados cantrik ing mriki, nembe dinten niki wau kula midak sangajenging kori pasenthongan kalih punika. Jalaran dhawuhipun Bapa Guru Kahastha miwah Kakang Kunthara, para cantrik boten dipun keparengaken nyaketi pasenthongan kalih punika saha papan pasareyanipun Bapa Guru Kahastha. Sinten ingkang kumawantun nyaketi pidana pejah minangka ganjaranipun".

Demang Kedhungtuwung meneng sedhela banjur noleh Rangga lan Marga karo takon :

"Kadospundi Anakmas punika?".

"Saenipun mangga dipun tingali sesarengan Ki Demang" wangsulane Rangga "Kula kok ugi kepengin mangertos pasenthongan ingkang criyosipun Ki Bau Supiturang angker punika".

"Manawi makaten mangga dipun tingali Anakmas" wangsulane Demang Kedhungtuwung sing banjur prentah marang wong sing ana kono "ayo didherekne Anakmas Rangga lan Anakmas Marga mirsani pasenthongan sing nyalawadi kuwi".

Wong-wong kuwi banjur padha mlaku menyang papan sing dicritakne Ki Supiturang mau. Wong akeh sing ana pendhapa lan plataran Padhepokan yaiku para cantrik sing wis carub karo para Prajurit Kademangan mung padha nyawang karo mripat kebak tandha pitakonan.

"Apa sing bisa kosawang ing papan iki Adhi?" pitakone Rangga nalika wis tekan ngarepe lawang pasenthongan sing jarene angker kuwi.

"Dolanane Kunthara karo Ki Kahastha sing ditemplekne lawang Kakang" wangsulane Marga.

"Bisa kok singkirne nganggo upat-upating pecutmu ta?" pitakone Rangga karo mesem.

"Ya tak cobane dhisik Kakang" wangsulane Marga karo nglolos cemethine.

Demang Kedhungtuwung lan wong liyane sing ora mudheng marang apa sing dikandhakne Rangga lan Marga kuwi mung meneng. Jalaran kajaba ora mudheng apa karepe nom-noman loro kuwi, wong-wong mau dumadakan padha mengkorog githoke, ana rasa miris lan wedi sing nggremet ing sajroning atine. Ora krasa wong-wong kuwi klambi sing dienggo wis teles krana kringet adhem sing mabjir saka ragane. Lan sing luwih nggumunake maneh, wong-wong kuwi uga ora ngerti apa sing ndadekne atine padha kegremetan rasa wedi.

"Nuwun sewu Ki Demang" dumadakan Marga guneman "kula aturi radi nebih sakedhik, kula badhe nyeblakaken pecut kula kangge nggugah kori ingkang sajakipun nembe tilem punika".

"Inggih Anakmas" wangsulane Demang Kedhungtuwung sing banjur alon-alon mundur dieloni wong-wong liyane watara sepuluh jangkah saka panggonane Marga.

Marga banjur ngencengi nggone ngegem garan pecute, karo wiwit ndedonga kaya sing tau diwarahake dening Ki Tanparupa manawa sawayah-wayah weruh titah saka alam liya sing ana ngarepe. Ya iku sing diarani aji Taratadira. Bareng karo rampunge nggone ngunekne unen-unen aji Taratadira, Marga ngangkat pecute arep diseblakne menyang gegodhonganing lawang pasenthongan sing ana ngarepe. Dumadakan saka gegodhonganing lawang kuwi ana cahya padhang rupa kuning, sing sorote sumebar ing kiwa tengene. Wong sing ana kono padha sansaya mengkorog rasaning githoke. Ora suwe cahya sumorot iku banjur ilang lan tanpa sangkan ing ngarep Marga wis ana wong wadon ayu sing sandhangane sarwa kuning, ngadeg nyekeli tumbak cendhek, mripate manther nyawang praupane Marga. Disawang dening wong wadon sing ora ngerti sangkane kuwi, Marga murungake nggone arep nyeblakne pecut. Nanging ora tinggal ing kawaspadan.

"Sapa aranmu bocah bagus?" wong wadon ayu kuwi nakoni Marga "dene wis lancang arep ngganggu gawe anggonku nyambut gawe".

"Jenengku Marga" wangsulane Marga karo panggah waspada "aku ora arep ngganggu gawe sapa wae, jalaran sing tak tindakne iki neng jagadku, jagade titah kang kasat mata, jagad Datullah sing dadi ing pangwasane manungsa. Balik, kowe kuwi sapa sing kumawani ngambah alam sing dudu alammu dhewe?".

"Ngertiya Marga aku Dewi Rismani, manungsa sing wis oleh nugraha bisa mapan urip ing alam Sipatullah, jalaran meguru marang Bathari Kali temah kanugrahan kalis saka ing pati lan wenang mapan ing jagad ngendi sing tak senengi" wangsulane wong wadon sing jebul duwe jeneng Dewi Rismani lan ngaku muride Bathari Kali kuwi.

"Menungsa kesasar kowe kuwi Rismani, kowe manungsa sing ora nampa kodrating manungsa malah kapencut ngawula marang titah sing tan kasatmata, nadyan kowe ngaku isih wujud manungsa nanging sejatine kowe wis nyawiji ing alaming titah sing tanpa raga wadhag, kowe kuwi prayangan sing ora cetha. Gage baliya marang alam sing dadi papane gurumu kana, kajaba yen kowe pancet niyat arep gawe gendra ing alaming manungsa" kandhane Marga marang Rismani.

"lancang pangucapmu Marga" wangsulane Rismani karo mripat mencereng "ing kene aku nindakne dhawuhe Guruku, nunggu lan ngenteni manungsa-manungsa sing mapan ing walike lawang iki, sing wis diaturake bakal dadi abdine Guruku neng Kahyangane. Ora ndadak kok prentah yen manungsa sing tak tunggu wis bisa manjing alaming Bathari Kali, aku mesthi lunga saka papan kene".

"Yen mangkono cetha yen kowe niyat arep gawe gendra ing jagading manungsa, kapeksa aku mentala aweh paukuman marang kowe" kandhane Marga karo ngangkat pecute.

"Ngati-ati Marga, ora mung kowe sing bisa aweh pidana, najan aku uga diwenangake aweh paukuman marang manungsa sing kaya kowe" muni ngono kuwi Rismani karo muter tumbak sing ana tangane lan siyaga arep nrajang Marga.

 

ana candhake.


Senin, 18 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 87

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

87.

Demang Kedhungtuwung, Para Bebau lan Para Jagabaya padha gegancangan nyedhaki Rangga sing isih ngadeg ing cedhak mayite Ki Kahastha sing gumlethak ing plataran Padhepokan. Wong-wong kuwi padha rumangsa eram ngerti carane perang Rangga lan Marga mungsuh Ki Kahastha lan Kunthara. Cara perange wong sing duwe ngelmu kanuragan sing arang diduweni dening wong-wong liyane. Kunthara sing kulinane dieringi lan diwedeni dening wong-wong Kedhungtuwung jalaran saka kasekten lan kadigdayane, saiki gumlethak neng lemah mripate merem, mung ambegan sing mlebu metu saka irunge wae sing nuduhne yen wong kuwi isih urip. Malah Ki Kahastha sing bener-bener katon ora duwe nyawa, dhadhane katon gosong, praupane mingkus rupane dadi biru. Bener-bener angel ditampa karo nalar yen ora nyumurupi dhewe kedadeyan ing plataran Padhepokan Bulakbadher esuk kuwi. Aja maneh kok nganti adu arep, tandhing ijen padha ijen, lha wong saupama wong-wong kuwi dikongkon maju bareng mungsuh karo Ki Kahastha ijen wae, wong-wong kuwi durung karuwan yen isih ana sing urip, lha kok esuk iki Ki Kahastha bisa kanthi cepet dikalahne dening nom-noman sing durung ilang pupuk lempuyange, malah wis gumlethak neng lemah tanpa nyawa maneh.

"Ki Kahastha sampun dumugining pejah lan Kunthara ugi sampun boten saged napa-napa malih Anakmas......" kandhane Demang Kedhungtuwung.

"Leres Ki Demang" wangsulane Rangga "samangke borong dhateng Ki Demang, kados pundi prayogining lampah salajengipun".

"Lha miturut Anakmas Rangga lan Anakmas Marga punapa ingkang kedah kula lampahi?" Demang Kedhungtuwung genti takon njaluk rerigen marang Rangga lan Marga.

Rangga meneng sedhela banjur mripate nyawang Marga kanthi sasmita njaluk sumbanganing panemu. Marga banjur maju sajangkah nyedhaki Demang Kedhungtuwung lan Para Bebau sarta para Jagabaya sing ngadeg ing sisih matite Ki Kahastha.

"Nuwun sewu Ki Demang" kandhane Marga sabanjure "kula aturi nengga sakedhap".

Bubar muni ngono kuwi, Marga banjur ngawe para cantrik sing isih kalimput dening rasa wedi lan kuwatir kuwi supaya nyedhak. Sing diawe uga banjur mlaku nyedhaki papane Marga sing lagi rembugan karo Demang Kedhungtuwung sakancane.

"Ing Padhepokan kene iki, kajaba Ki Kahastha lan Ki Kunthara sapa sing dituwakake sing kulina makili Ki Kahastha utawa Ki Kunthara yen nuju wong loro kuwi ora ana ing Padhepokan?" Marga nakoni para cantrik kuwi.

"Ingkang kapatah nata para cantrik ing salebeting Padhepokan punika dening Bapa Guru Kahastha punika Adhi Limpad kaliyan kula pun Daria, Raden" salah siji saka cantrik kuwi mangsuli karo nudingi salah siji saka kancane sing diarani nganggo jeneng Limpad kuwi.

"Yen ngono kene Kisanak Limpad lan Kisanak Daria, rada nyedhak kene, ana bab-bab sing prelu dirembug karo Ki Demang Kedhungtuwung" kandhane Marga maneh karo suwara sing alus lan keprungu grapyak semanak.

Limpad karo Daria maju nyedhak,  banjur ngadeg karo tumungkul, kanthi sikep ngenteni prentah. Marga banjur ngedhepi Rangga supaya genti guneman.

"Punika makaten Ki Demang" kandhane Rangga sawuse dikedhepi Marga "miturut pamanggih kula, langkung rumiyin prayoginipun Ki Kahastha saderengipun dipun rukti kanthi salimrahipun dipun leremaken rumiyin ing pendhapa mriku. Makaten ugi Kunthara, saderengipun dipun tambani inggih prayogi dipun papanaken ing pendhapa rumiyin".

"Inggih Anakmas" wangsulane Demang Kedhungtuwung "kula ndherek punapa ingkang dados pamanggihipun Anakmas".

"Salajengipun, Ki Demang paringa dhawuh dhateng Kadang Bebau lan Jagabaya niti priksa sadaya panggenan ing salebeting Padhepokan punika, kula kinten saged dipun rencangi dening Kisanak Daria punika murih nedahaken pundi-pundi ingkang kedah katitipriksa".

"Inggih Anak Mas" wangsulane Demang Kedhungtuwungt maneh "Ki Bau  Supiturang lan Bebau Padaringan kabantu Jagabaya Pahang miwah Jagabaya Sekayu supados nindakaken dhawuhipun Anakmas Rangga punika".

"Inggih Ki Demang" wong sing jenenge disebut padha semaur bareng.

"Salajengipun Ki Demang ugi ndhawuhana kadang Jagabaya sanesipun murih ngrigenaken para Kadang Cantrik, anggenipun badhe ngrukti layonipun Ki Kahastha" kandhane Rangga sabanjure.

Layone Ki Kahastha banjur diangkat lan diselehne ing jogan pendhapa, ditumpangne dhampar sing dilemeki klasa pandhan sing resik, banjur dilurupi nganggo jarit sing isih katon rada anyar, rangkep telu.  Demang Kedhungtuwung uga banjur aweh prentah marang prajurit-prajurit Kademangan supaya mbiyantu para cantrik  gawe luwangan kanggo ngubur layone Ki Kahastha, ing plataran Padhepokan kono. Prajurit liyane diprentah supaya olah-olah gawe panganan nggunakake sangune sing mau digawa saka Kedhungtuwung jagan pangane prajurit yen sida kedadeyan perang. Demang Kedhungtuwung uga banjur mrentahne salah sijining cantrik sing dikantheni prajurit Kademangan cacah loro supaya nabuh thonthongan, aweh warta marang warga ing Bulakbadher yen dina iku Ki Kahastha wis kapundhut ing ngarsane Gusti, cantrik lan prajurit sing ngancani kuwi diwanti-wanti ora kena ngandhakne sing dadi sebab patine Ki Bulakbadher.

Bebau Padaringan, Bebau Supiturang, Jagabaya Sekayu lan Jagabaya Pahang uga banjur nganthi sawatara prajurit banjur nindakne panaliti lan nggledhah isen-isening Padhepokan dikancani Limpad lan Daria minangka cucuking laku.

Marga sing rumangsa wis ndadekne Kunthara remuk pupune, banjur wiwit ngetokne bumbunge, ngracik bobokan kanggo nambani tatune Kunthara. Kunthara dhewe sawuse eling saka anggone semaput, wis kentekan daya lan tenaga mung bisa kethap-kethip, diselani ngesas-ngeses ngempet laraning ragane. Kunthara ditambani lan diupakara ing pringgitan mburi pendhapa.

Sauntara wong-wong padha nindakne gaweyane dhewe-dhewe, Demang Kedhungtuwung, Rangga lan wong-wong liyane sing ora nindakne kuwajiban apa-apa padha lungguh ing jogan pendhapa, entrane padha tugur nunggoni layone Ki Kahastha. Uga dhapuk dadi wakile kulawarga Padhepokan, nampa tekane wong-wong Bulakbadher sing padha teka, nglayat lan nelakne rasa anggone melu bela sungkawa. Wong-wong ing Bulakbadher akeh sing padha gumun, awit akeh sing duwe kapitayan yen Ki Kahastha kuwi dudu wong sing lumrah. Nanging titising Dewa sing duwe kasekten sing tanpa ana tandhinge, aja maneh jamake manungsa sanadyan jim setan peri prayangan wae ora ana sing wani tandhing tiyasa karo Ki Kahastha, saking sektine. Mula nalika wong-wong Bulakbadher padha krungu warta yen Ki Kahastha wis kapundhut dening Sing Maha Kuwasa, akeh sing duwe pangira lamun matine Ki Kahastha kuwi mung jalaran Ki Kahastha ngersakne salin raga. Layon sing saiki gumlethak ing dhampar dilurupi jarik-jarik anyar kuwi satemene dudu Ki Kahastha, nanging wujud tiron mbuh saka apa sing diusapi lenga sipat, sing ndadekne sapa sing weruh padha ngarani nek kuwi ragane Ki Kahastha. Lan Ragane Ki Kahastha sing satemene, saiki isih dandan ing alam panglemunan. Mengko yen wujud tirone Ki Kahastha kuwi wis dikubur, embuh pirang dina maneh Ki Kahastha bakal bali menyang Bulakbadher maneh klawan raga sing wis anyar sing isih sarwa santosa.

Demang Kedhungtuwung lan Rangga sing uga diajak rembugan bab pangira lan panemune wong Bulakbadher kuwi mung manthuk-manthuk sajak percaya. Mung wong-wong liyane sing ngerti lan weruh sing dadi sebab patine Ki Kahastha padha meneng karo tangane nutup lambe, ngampet supaya ora ngguyu kapitayane wong Bulakbadher sing dianggep lucu.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 86

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

86.

Kaya geni siniram ing lenga kanepsone Ki Kahastha krungu wangsulane Rangga sing cetha wis wani ngremehne kasektene. Nanging pancen ora kabeh sing dikandhakne Rangga kuwi luput, nyatane nganti  pirang-pirang jurus nggone adu kasekten Rangga cetha durung bisa dikalahne. Ora ana sabetan tekene sing bisa ngenani ragane Rangga, sanadyan Ki Kahastha dhewe uga durung tau ngrasakne kena samplukane teken pring kuni sing dienggo gegaman Rangga. Lagi nemoni kanyatan kang kaya mangkono kuwi wae, temene Ki Kahastha wis rumangsa isin, dene mungsuh bocah sing paribasan durung ilang pupuk lempuyange wae, ora enggal bisa ngalahake, luwih-luwih bareng kandha yen kondhanging jenenge mung tinemu ngayawara, Ki Kahastha bener-bener rumangsa diwirang-wirangake, luwih-luwih apa sing dikandhakne Rangga mau uga dirungokne dening cantrik-cantrike. Mula yen nalika Rangga lan Marga teka mau Ki Kahastha isih kepengin ndadekne Rangga lan Marga dadi muride, saiki pepenginan kaya ngono kuwi wis ilang babar pisan. Sajroning atine ora ana liya kejaba kepengin enggal bisa nyirnakne nom-noman loro sing duwe ragangan apik kuwi. Sakkeplasan Ki Kahastha nglirik tarunge Kunthara sing mungsuh Marga, Ki Kahastha dadi sansaya ngigit-igit, Kunthara wis katon kethetheran ngadhepi tandange Marga, klambine Kunthara ing sisih mburi ketok wis akeh sing  suwek  dirajang dening upat-upat pecute Marga, lan kringete Kunthara wis dadi abang merga kecampuran getih sing metu saka tatu-tatu tilas ketiban pecute mungsuhe.

"Wis ora kena dieman maneh Kunthara" Ki Kahastha nguwuh seru ngandhani muride "luwih becik enggal dirampungi wae bocah sing nrucak ora genah loro iki".

Krungu panguwuhe Gurune, Kunthara ora wangsulan nanging banjur mletik mencolot memburi kira-kira limang jangkah banjur ngetrapne aji jaya kawijayane. Ora gantalan wektu Kunthara maju maneh, ana ganda arus semi banger ngiri hawa panas sing metu saka ragane. Pedhange uga wiwit katon mengangah abang murup kaya lagi metu saka geni ububan. Kunthara pancen wis ngecakne ajine sing aran aji alas kobar sing kekuwatane luwih nggegirisi.

Ki Kahastha ngguyu lakak-lakak weruh Kunthara wiwit ngecakne Alaskobare, Ki Kahastha luwih dhisik percaya lan wani mesthekne nek sedhela maneh Marga bakal mati gosong kena dayane Aji Alas Kobar sing diabar dening muride. Ki Kahastha uga banjur nata awake, teken waja kuning sing mau dicekel saiki diselehne neng lemah, banjur matak ajine sing luwih nggegirisi yaiku aji Dumung saleksa. Epek-epeke Ki Kahastha dadi ketok mencorong, banjur tangane wiwit polah kaya solahe ula dumung sing ngempros-ngempros ngetokne wisane, meh padha karo Aji Alas Kobar sing digunakne muride, saka ragane Ki Kahastha uga banjur metu hawa panas sing ngiringi ganda amis campur lan ganda sing langune kagila-gila.

Weruh mungsuhe wiwit nggunakne aji jaya kawijayan sing nggegirisi, Rangga uga banjur mbalekne teken Pring Kuning ana sengkelitane. Epek-epeke ditlangkupne, digebeg padha epek-epeke. Karo ngrapal mantra olehe marahi Korine Pangeran Surawiyata sing tau aweh ngelmu kanuragan ing alaming pangimpen ya alaming Sipatollah jaman Rangga isih manggon neng Gunung Prawata biyen.

"Klawan nyebut Asmaning Gusti Kang Maha Welas lan Maha Asih, temen ora ana daya kekuwatan lan ora ana sing bisa menang kajaba awit peparinge Gusti Kang Maha Luhur lan Maha Agung".

Rangga wis ngecakne aji Saleksadaya.

Sauntara kuwi Marga sing weruh yen Kunthara wis ngetokne pangabaran nganggo aji Alas Kobar, mesem sedhela banjur karo jungkir walik memburi rada ngedohi mungsuhe Marga nggugah kekuwataning batine, hawa murnine ditata lan diklumpukne karo hawa adhem sing asale saka anasir banyu kang manggon ing awake. Marga wiwit ngetrepne Aji Sendhangkenanga, peparinge Ki Tanparupa. Sakala ing kono ana hawa adhem sing atise kagila-gila kairing angin sing ngetokne gandane kembang kenanga. Hawa panas lan ganda arus banger sing maune ngambrak ngebaki platarane Padhepokan nganti tekan papane wong-wong sing ora padha perang, yaiku papane Demang Kedhungtuwung lan para Bebau sarta para Jagabaya, uga papane Para Cantrik murid-muride Ki Kahastha, dumadakan musna ketutup hawa atis lan gandane Kembang Kenanga.

Kunthara dadi sansaya nesu, lan sansaya getem-getem kepengin enggal bisa ngrampungi Marga. Pedhange sing isih ngetokne pega panas sing kagila-gila kuwi terus obah ngarah gulune mungsuhe. Marga dadi rada kethetheran ngendhani, nanging mangkono kuwi kedadeyane ora suwe. Marga mencolot jungkir walik memburi ing awang-awang, lan nalika sikile bali ngambah lemah, pecute sing gagange digegem kenceng kuwi genti diseblakne, dikantheni kekuwatan wutuh surungan hawa murnine.  Kunthara sing mencolot maju sing karepe arep mburu Marga, kaget merga kepapag seblakan pecut. Ora ana cara liya kanggo ngadhepi seblakan kuwi kajaba kudu ditangkis nganggo pedhange, nanging apes tumraping Kunthara, ugel-ugele tangan sing nggujengi gagang pedhang kesrempet pucuk upat-upat. Kunthara mbengok kelaran, ugel-ugele krasa kaya ucul sambungan balunge, pedhang sing dicekeli nggregeli ceblok neng lemah. Lan sadurunge Kunthara obah, seblakan pecute Marga muni maneh, saiki tumibane sabetan pecut pas ngenai pupune sing kiwa. Sepisan maneh Kunthara njerit banter, banjur awake rubuh neng lemah ora eling apa-apa, balung pupune Kunthara wis remuk ketiban pecute Marga sing disurung nganggo kekuwatan wutuh hawa murnine.

Weruh Kunthara rubuh neng lemah banjur kejet - kejet sedhela sing banjur meneng, ora krasa Demang Kedhungtuwung, para bebau lan para jagabaya sarta prjaurit Kademangan sing ana plataran Padhepokan Bulakbadher kuwi padha keplok lan surak mawurahan.   nDadekne Kagete Ki Kahastha sing banjur nglirik papan tarunge Kunthara lumawan Marga.  Ki Kahastha nggeget untune bareng weruh Kunthara gumlethak neng lemah wis ora obah. Pangarsaning Paguron Bulakbadher kuwi nggereng karo mripat sing murup. Ora kandha apa-apa banjur nrajang Rangga nganggo ajine sing luwih nggegirisi, jalaran panrajange Ki Kahastha iki dibarengi karo rasa pangigit-igit sing tanpa upama.

Rangga kaget ngerti panrajange Ki Kahastha sing mbebayani kuwi, nanging Rangga luwih bisa nggunakne nalare. Panrajange Ki Kahastha kanthi gampang bisa diendhani, Ki Kahastha kebablasen mengarep kesurung dening tenagane dhewe. Rangga nginger adege, banjur klawan cukat epek-epeke sing wis kesasaban aji Saleksadaya kuwi diarahne kanggo nabok dhadhane Ki Kahastha sing arep mbalik saka kebablase. Pas banget. Dhadhane Ki Kahastha kena tabok epek-epeke Rangga, ora sida bisa bali malah kontal memburi, tanpa sambat Ki Kahastha nggeblag. Dhadhane gosong, isen-isening dhadhane rontog. nDadekne Ki Kahastha koncatan nyawa.

Sepisan maneh keprungtu suwara surak gumuruh, surake Wong-wong Kedhungtuwung. Para cantrik mueid-murid Padhepokan Bulakbadher sing weruh Kunthara lan Ki Kahastha wis gumlethak neng lemah, banjur tolah-toleh karo kancane. Arep mlayu nanging wis kentekan daya amerga saking wedine. Marga sing weruh slagane para Cantrik banjur thukul welase, cantrik-cantrik kuwi banjur diparani lan dikandhani :

"Kisanak ora sah padha wedi, aku ngerti yen ndika kabeh ora ngerti apa sing wis ditindakne Ki Kunthara lan Ki Kahastha lan ndika kabeh ora bakal tak katutne dosane wong loro kuwi, waton ndika kabeh gelem nungkul kanthi becik. Nanging yen ana sing ora nrimakne merga tumindakku marang Ki Kunthara lan Kakangku sing wis gawe patine Ki Kahastha, ya bakal tak tegakne".

"Inggih Raden, kula boten ngertos napa-napa lan kula sedaya boten badhe wani kaliyan Raden miwah priyantun-priyantun saking Kedhungtuwung" para cantrik kuwi saur manuk padha wangsulan.

 

ana candhake.


Minggu, 17 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 85

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

85.

Rangga mendhakne awake mangisor, sabetan tekene Ki Kahastha liwat dhuwur sirahe. Mendhake Rangga ora mung mendhak lumrah nanging karo ngobahne tangane sing nyekeli tekene kanggo nyuduk lambunge mungsuhe. Ki Kahastha kaget, enggal-enggal muter awake ngendhani sudukan tekene Rangga, sabetane sing luput ora diendhegne nanging diowahi dadi serangan anyar sing ngarah marang lambunge Rangga. Rangga sing sudukane bisa diendhani mungsuhe malah saiki lambunge arep dienggo sasaran tumibane serangan saka Ki Kahastha mencolot nisih. Kuda-kudane tetep kukuh, siaga ngadhepi mungsuh. Ki Kahastha sing ngira yen ing bab kekuwataning tenaga Rangga mung kaya salumrahe nom-noman liyane, kepengin nuduhne kekuwatan sing diduweni, murih Rangga ngerti yen sing diadhepi kuwi Ki Kahastha sing nduweni karosan luwih dhuwur tinimbang karosane wong lumrah cacah sepuluh didadekne siji. Mula serangane Ki Kahastha ngarah supaya ora bisa diendhani, nanging Ki Kahastha ngarep-arep supaya sabetan tekene ditangkis dening Rangga nganggo teken pring kuninge. Petunge Ki Kahastha, klawan mangkono bakal ndadekne Rangga miris weruh karosane lan kena dipesthekne yen teken gegamane Rangga bakal mencelat ucul saka gegeman. Rangga sing bisa maca apa sing dikarepne mungsuhe, sengaja ora gelem ngladeni kanthi nangkis panyabete Ki Kahastha, nanging milih endha sing ndadekne sabetane Ki Kahastha sing dilandhesi kekuwatan hawa murni kuwi mung tumiba ing papan suwung sing ndadekne wetuning tenagane Ki Kahastha mung tiba muspra. Pancen Rangga sengaja durung kepengin nuduhne kekuwatan lan karosane marang mungsuhe sing rumangsa duwe kekuwatan lan karosan tanpa tandhing, nanging Marga pilih ngobong kanepsone Ki Kahastha lan nguras tenagane klawan terus ngendhani sakehing serangan saka mungsuhe. Ki Kahastha sing serangane tansah bisa diendhani dening Rangga kuwi tumuli ngundhakne kacepetan obahe, tekene disolahne kaya ubenge kitiran lan ngarah marang peranganing ragane Rangga sing mbebayani.

"Keparat kowe Rangga" Ki Kahastha misuh ngerti solahe Rangga sing tansah ngendhani serangane "sedhela maneh bakal tak remuk sirahmu nganggo teken pusakaku iki, kowe!".

"Oh, mangga Kyai" wangsulane Rangga karo ngguyu "ora sah ndadak nganggo pekewuh, gage ndika tindakne wae apa sing ndika kandhakne kuwi".

Krungu wangsulane Rangga sing sajak ngece kuwi Ki Kahastha sansaya krasa umub getih sing mili ana jero awake. Perang tandhing antarane Ki Kahastha lan Rangga dadi sansaya rame, saking cepete nggone padha obah, ndadekne ragane Ki Kahastha lan Rangga ilang saka panyawang kabuntel wewayanganing gegaman sing mung katon kaya pega mawa cahya, pega kuning sing muser kaya angin gambul mangsa ketiga sing muser ing tengahing ara-ara.

Sauntara kuwi Marga sing weruh tandange Rangga sing milih ngladeni Ki Kahastha klawan ngandelne kacepetaning solah, banjur tiru-tiru lan dicakne kanggo ngadhepi mungsuh sing diadhepi. Kunthara sing wis ngecakne jurus-jurus pedhange ing tataran dhuwur, bisa nyolahne pedhange kanthi cepet lan mbebayani. Pedhange Kunthara mobat-mabit kaya polahe manuk alap-alap sing nyamber mangsane. Nanging, sing disamber alap-alap kuwi dudu bangsane manuk Drekuku sing gampang dicengkerem nganggo kukune, Marga pilih niru lekase manuk Srigunting sing tansah bisa ngendhani panyambere alap-alap lan pisan pindho malah bisa gawe kedandapane Alap-alap merga cakarane. Nadyan ora mbebayani tumrape si Alap-alap nanging cukup gawe perih lan panas ing awake. Kunthara sing serangane mung bisa ngenani angin, isih kudu sedhela-sedhela ngeses ngempet rasa panas lan perih awit tilasing upat-upat pecute Marga sing kober ninggalne tatu cilik ing geger lan lengene Kunthara.

"Setan kowe Marga" pisuhe Kunthara ing sela-selaning ngesese "nek nyata kowe wong perwira ungalna dhadhamu tak jebole jantungmu nganggo pucuking pedhangku iki. Aja mung jedhar-jedher kaya bocah angon wedhus sing nyampluki wedhuse sing ngebyong tanduran ngono kuwi".

"Dhadhaku ora adoh saka papanmu Kunthara" wangsulane Marga karo mesem "jantungku uga isih ana kene, ora mlayu, olehmu nibakne pedhang wae sing kurang tenanan. Nyolahne pedhang kuwi aja kaya panjak mbonang sing nyekeli tabuhe ngono kuwi. Apa kowe wis lali karo sing diwulangne Ki Kahastha wingenane kae?".

"Keparat Iblis laknat, kowe Marga" Kunthara misuh banter "tembungmu sing landhep kuwi pancen kudu diendheg klawan disuwek lambemu nganggo pedhang neng tanganku iki".

"Ayo tindakna Kunthara yen pancen kowe bisa" wangsulane Marga karo ngguyu-ngguyu ngremehne.

Kunthara wis ora semaur maneh, banjur bali nrajang maju klawan ngunggahne tataran ngelmu pedhange. Marga luwih prayitna, tekane serangan saka Kunthara diadhepi klawan nyebalne pecute.

Ora krasa olehe padha perang tandhing wong papat kuwi wis oleh atusan jurus, Cantrik-cantrik Padhepokan Bulakbadher sing wiwit weruh yen gurune lagi perang ana ing plataran tumuli padha metu saka pondhoke dhewe-dhewe nyaketi papan kalangane sing lagi adu kasudiran. Nanging gandheng durung ana prentah saka Kunthara utawa saka Ki Kahastha supaya cantrik-cantrik kuwi padha melu ngebyuk ngrubut sing diadhepi gurune, Cantrik-cantrik kuwi ora wani cedhak-cedhak karo kalangan. Nadyanta mangkono tetep siaga klawan gegamane dhewe-dhewe, wis samekta ing gawe lamun sawayah-wayah nampa prentah.

Demang Kedhungtuwung lan Para Bebau sarta Para Jagabaya sing mau padha nyawang saka Regol, uga wiwit rada nyedhak. Bareng wong-wong kuwi padha weruh yen Cantrik-cantrike Ki Kahastha wis samekta ing gawe, Jagabaya Pahang tumuli menthang gandewane, banjur nglepasne jemparing motha menyang langit. Iku sasmita marang para Prajurit Kademangan sing lagi ngenteni ora adoh ing sajabaning Padhepokan supaya padha maju melu mlebu ing pekaranganing padhepokan kanthi tertib.

Barisan Prajurit Kademangan sing weruh yen ana tengara supaya maju lan melu mlebu menyang padhepokan tumuli obah tanpa nyuwara.  Cantrik sing jaga regol ora kuwawa mbendung mlebune prajurit Kademangan sing sapirang-pirang. Ora mbutuhne wektu sing suwe, lawanging regol wis klakon dijebol dening Prajurit Kademangan sing banjur padha gumelur mlebu menyang pekarangan padhepokan, nusul para dhuwurane.

Plataran Padhepokan Bulakbadher kuwi dadi kebak Prajurit Kademangan sing wis siaga klawan sikep gegaman. Sauntara kuwi ing sabranging Plataran sisih liyane, uga katon Para Cantrik sing uga wis siyaga klawan gegamane.

"Jirih getih wedi pati kowe Rangga" Ki Kahastha sing tumuli weruh tekane Demang Kedhungtuwung ditutne para Bebau lan Para Jagabaya  sing nggawa barisan prajurit Kademangan banjur alok ngremehne kaprawirane Rangga "licik, tekamu jebul ora ijen nanging diterne karo Demang saandhahane sing nggawa prajurit samono akehe".

"Aja kesusu ndakwa sing ora-ora Kyai" wangsulane Rangga karo mesem "Ki Demang ora bakal melu tumandang, mangkono uga para Bebau lan Para Jagabaya sing lagi padha teka kuwi. Kabeh mung kepengin weruh wae".

"Weruh apa Rangga?" Ki Kahastha nggetak banter.

"Weruh asile Ki Demang olehe mulang ulah kanuragan marang aku lan adhiku Marga, wis bisa nyumpet pangumuke Kunthara karo Ki Kahastha apa durung, ngono. Pranyata nadyan durung pati sempurna nggone ngecakne jurus-jurus kanuragan olehe nuntuni Ki Demang, aku lan adhiku wis bisa mbuktekne yen jebul Ki Kahastha lan Kunthara sing kondhang sekti mandraguna kuwi kabeh mung tinemu yen kabar sing goroh. Sing banter mung suwarane, ora ana buktine, kaya bantere panggerone singa barong ing tontonan reyog, sing mung bisa gawe wedi lan girise bocah-bocah cilik sing durung pati ganep nalare" wangsulane Rangga sing ditutugne nganggo guyu sing manasne kuping.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...