93.
Demang Kedhungtuwung manthuk-manthuk,
dheweke percaya banget karo sing dikandhakne dening gurune kuwi. Mung Rangga
lan Marga sing sajak rada cuwa, pranyata Raden Tumenggung Tutug Tunggu Negara
ora bisa aweh wangsulan kang maremake marang pitakonan sing ngreridhu atine.
Wektune wis sansaya wengi, Demang Kedhungtuwung banjur mrentahne marang
rewang-rewange supaya nyawisake papan kanggo ngaso Ki Jatikuning, Palindhih lan
Kunthing. Nanging jebul wong telu malah njaluk supaya panggonane leren awor
karo Rangga lan Marga ing Gandhok Kulon. Wekasane Demang Kedhungtuwung ya mung
kari manut wae.
Sauntara Rangga lan Marga sarta Ki
Jatikuning lan kancane padha mlebu neng Gandhok Kulon, ing Pendhapa Kademangan
kuwi isih rame wong-wong sing padha kulak warta bab wis ketemune Prawan Telu
sing pranyata disikep ing Padhepokan Bulakbadher arep didadekne kawulane Bangsa
Als sing nganggo jeneng Bathari Kali. Kulawargane Prawan-prawan sing ilang wis
wiwit sore mau padha teka, ana sing banjur tetangisan merga seneng anake bisa
bali, nadyan kahanane isih kaya wong sing ora genep nalare. Nanging uga akeh
sing padha tetangisan sawise oleh katrangan yen anake wedok mbok menawa katut
digawa dening wong-wong Paguron Kluwihan arep dipisungsungake marang
sesembahane sing duwe jeneng Bathari Pramoni.
"Para sedulurku kabeh" kandhane
Demang Kedhungtuwung marang wong-wong sing padha kulak warta ing pendhapa
Kademangan kuwi "sepisan maneh aku rumangsa prihatin jalaran ilange warga
Kedhungtuwung sing dibradhat dening wong-wong duraka. Dina iki mau wit
pitulungane Gusti Ingkang Maha Agung, wis bisa digawa bali prawan cacah telu.
Kahanane pancen isih mbutuhne pangupakara sing cukup, welingku marang para
sedulur sing anake wis bisa digawa bali iki upakaranen putra-putra ndika iki
kanthi becik murih enggal bisa pulih kahanane, menawa ndika karepotan ndika
bisa matur marang Bebau ndika supaya diwenehi pambiyantu. Marang sedulur sing anake durung bisa bali,
aja cilik ati, awit Gusti Allah kuwi Maha Murah, padha wuwuhana anggon ndika
padha nyenyuwun marang panjenengaNe.Jroning wektu sing ora suwe maneh, aku lan
para prajurit Kademangan bakal nggoleki putra ndika sing ilang. Yen dina mau
olehe nggoleki dibiyantu dening Anakmas Rangga lan Marga awit kudu ngadhepi Ki
Kahastha lan Kunthara sing kasektene wis ndika ngerteni dhewe, mangka kanggo
nggoleki sing durung ketemu bakale ora mung Anakmas Rangga lan Anakmas Marga
sing paring bebantu, nanging uga Ki Jatikuning lan adhi-adhine lan sing luwih
akeh maneh yaiku Wadyabala Prajurit Mataram sing dipandhegani Gusti Tumenggung
Candrasanata".
Wong-wong sing padha krungu rembuge Demang
Kedhungtuwung sing kaya wong sesorah kuwi padha manthuk-manthuk, jroning atine
tuwuh pangarep-arep anyar.
"Saiki tak jaluk padha bali menyang
omahe dhewe-dhewe lan tetep tansah samekta ing sawayah-wayah. Aja padha ninggal
kaprayitnan, jalaran para durjana sing nedya gawe kisruhe Kademangan kene iki
isih akeh sing durung bisa kapikut" Demang Kedhungtuwung mungkasi nggone
sesorah. Para kang golek warta ing pendhapa uga banjur padha budhal mulih
menyang omahe dhewe-dhewe.
Sauntara kuwi, ing regol panjagan
Kademangan isih katon reja. Ora mung Prajurit sing duwe jejibahan rondha wae
sing ana kono, nanging uga ora sethithik prajurit liyane uga para warga
Kedhungtuwung sing melu mlumpuk ana kono. Prajurit lan wong-wonmg kuwi padha
ketungkul ngrungokne critane Darmana salah sijining Prajurit kademangan sing
mau melu budhal menyang Paguron Bulakbadher.
"Sasuwene aku urip lan dadi Prajurit
lagi iki aku weruh Perang Tandhing sing nggegirisi" Darmana nyritakne
kedadeyan ing Bulakbadher mau esuk "luwih nggegirisi tinimbang sing
dicritakne Dhalang ing pagelaran wayang kulit ngana kae".
"Luwih nggegirisi karo critane
Dhalang kuwi kaya apa lho Dar?" ana wong setengah tuwa sing jebul isih
pakne cilik Darmana nyelani takon "sangertiku sing dicritakne
Dhalang-dhalang pas mayang kae ki sarwa umuk kabeh, lha iki kok jaremu luwih
nggegirisi tinimbang critane Dhalang kuwi kedadeyane banjur kaya apa no?".
"Tenan Lik" wangsulane Darmana
karo alise dijengkerutne "nek weruh tandange Adhi Rangga sing ngadhepi Ki
Bulakbadher ki jan luwih nggegirisi
tinimbang perange Raden Janaka neng lakon Karna Tandhing kae. Ki Kahastha
ngetokne pangabaran sing sarwa nggegirisi, saking cukat lan cepete anggone obah
nganti mripat iki ora bisa nyawang klawan cetha wewujudane sing lagi padha
perang tandhing, sing katon mung wewayangan sing muser kaya obahe kitiran ngana
kae".
"Lha Adhi Rangga mesthine ya
ngimbangi pangabarne Ki Kahastha ngono Kang?" ana prajurit sing dhek mau
ora katut dijak budhal, takon.
"Iya, padha" wangsulane Darmana
"luwih-luwih upama kowe ngerti pas Ki Kahastha ngetokne pangabaran hawa
panase ngono, mesthi kowe banjur ngoplok ora kuwat ngglawat kaya aku lan
kanca-kanca liyane".
"Wooo kuwi mesthi jinise aji Alas
Kobar ngana kae, kuwi" Pakne cilik Darmana numpangi rembug.
"mBuh aji apa jenenge aku ora
ngerti" wangsulane Darmana "ngertiku sakiwa tengene papane perang
tandhing kuwi ana hawa panas sing kagila-gila ngana kae, malah Ki Demang lan Ki
Bebau sarta Jagabaya wae padha mundur ngadoh awor para prajurit pandhereke kaya
aku iki. Nadyan mangkonowa rasa panas kuwi isih krasa arep ngobong-ngobonga
raga, wis panaswe kagila-gila isih ditambahi ganda arus campur langu sing
ndadekne ambegan sesak lan neng weteng dadi kaya diudheg ngana kae. Ora
sethithik para prajurit sing banjur tiba golung koming neng lemah karo mutah
cecek ora karuwan ngana kae".
"Kowe ya melu katut mutah cecek apa
ora Kang?" Prajurit sing dhek mau takon, takon maneh karo ngguyu.
"He he he......" Darmana
wangsulan karo ngguyu "aku beda karo kanca-kanca liyane, nanging aku luwih
nemen maneh he he he ......".
Wong sak regol padha ngguyu krungu
wangsulane Darmana sing keri dhewe iki.
"Lha sabanjure terus kepriye?"
Pakne cilik Darmana takon.
"Sabanjure Adhi Rangga ya mesthi wae
nek ora gelem kobong kena ajine Ki Bulakbadher, banjur mencolot rada ngadoh
karo ngrapal japa, ora suwe saka epek-epeke Adhi Rangga katon cahya putih kaya
perak ngana kae. Pas Ki Kahastha nyedhak arep nibakne pupuhan kepelane,
dipapagne nganggo epek-epek dening Adhi Rangga ngarah dhadha. Rumangsaku
epek-epek kuwi ora nganti nyenggol awake Ki Kahastha, ngerti-ngerti Gurune Ki
Kunthara kuwi rubuh neng lemah, pas nggon dhadhane ketok gosong ngecap tlapak
tangane Adhi Rangga, Ki Kahastha wis ora bisa sambat maneh merga wis ilang
nyawane" Darmana mungkasi olehe crita.
Wong-wong sing dicritani padha eram,
nadyan ora weruh dhewe nanging neng angen-angene padha nggambarake kaya ngapa
anggone nggegirisi perang tandhing antarane Rangga lan Ki Kahastha.
"Lha ya ta?" Pakne cilik Darmana
grenengan dhewe "nek ora weruh dhewe mesthi ora ana sing padha ngira, yen Angger
Rangga sing isih timur kuwi jebul wis nggadhuh kadigdayan sing ngedab-edabi
nganti Ki Bulakbadher sing jarene godhange kadigdayan wae klakon ora bisa tangi
maneh ngadhepi ngelmune Nom-noman kuwi".
"Kuwi bener Kang" Prajurit
kancane Darmana sing uga melu budhal menyang Bulakbadher mangsuli grenengane Pakne
cilik Darmana "aku sing prajurit wae, maune wis gumun lan eram marang
kadibyane Ki Kunthara luwih-luwih marang Gurune, nanging bareng weruh dhewe
tandang grayange Adhi Rangga karo Adhi Marga , jebul keneng diarani
dibandhingne karo nom-noman loro kuwi Ki Kunthara sing kulina dadi punjering
kawigaten merga kerep mamerne kasektene marang aku sakanca, babar pisan ora ana
apa-apane. Perang tandhing karo Adhi Marga, Ki Kunthara kuwi memper Macan
Rembah sing ngasah arep nglethak ndhase Kebo Benthung, bareng karo Kebo
Benthung Macan Rembah disabet nganggo buntute banjur...... mak klimpruk ora
bisa tangi".
ana candhake.