Total Tayangan Halaman

Selasa, 26 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 98

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

98.

Ora suwe sabanjure plataran Padhepokan kuwi wis dadi limang kalangan paprangan. Panembahan Sekarjati ngadhepi Rangga, Panembahan Ciptarasa dadhepi dening Marga, Panembahan Timur mungsuh Ki Jatikuning, Arya Palindhih ngadhepi Wasi Wisapati lan Janggan Kumala adhep-adhepan karo Kunthing. Panembahan Sekarjati aweh sasmita marang rowange kabeh supaya padha nggunakne ngelmune dhewe-dhewe, lire ngelmu sing wis tataran dhuwur. Kanthi mangkono bisa ngirit wektu, jalaran Panembahan Sekarjati duwe pangira yen satemene tekane Ki Jatikuning sakancane kuwi ora mung lima kaya sing katon neng mata, nanging kaya sing dikabarake dening Sampan Telik sandine yen Prajurit Mataram sagelar sepapan sing dipandhegani Tumenggung Candrasanata wis dicawisake kanggo nglurug menyang Kluwihan.

 

Nglemu-ngelmu kanuragan tataran dhuwur wis padha digunakne dening Wong-wong Kluwihan apa dene Ki Jatikuning sakancane. Sampan, Telik sandi Kluwihan sing mau uga melu sapajagong ana pendhapa tumuli mlayu ngabari kanca-kancane yaiku para cantrik Kluwihan supaya padha metu saka papane paleremane yen ing plataran wis dumadi perang rame. Sampan uga mrentahne supaya para cantrik siaga ing dhiri aweh bebantu marang para gurune sing lagi ngadhepi mungsuh. Ora suwe sabanjure, para cantrik wis metu kabeh komplit karo gegamane dhewe-dhewe ngepung plataran Padhepokan. Nanging ora ana sing wani nyedhak, jalaran ora padha kepengin mati konyol merga kesamber ngelmune sing lagi padha perang tandhing.

 

"Keparat kowe Rangga" kandhane Panembahan Sekarjati sing isih ngremehne kanuragane Rangga, bocah nom sing miturut Panembahan sing wis rada tuwa kuwi mokal duwe ngelmu kanuragan sing wis sampurna, nanging katon tatag ngadhepi tandange "satemene aku isih duwe rasa pangeman marang kowe, ngelingi nek umurmu durung sepiroa, nanging merga anggonmu wis gumendhung neng ngarepku, ya kapeksa dina iki bakal tak puthes tekan semene wae nggonmu urip neng donya".

 

"Aku semono uga Panembahan" wangsulane Rangga karo ngguyu ngece "jan-jane ngono wong tuwa kaya kowe kuwi wis wayahe golek dalan padhang kanggo sangu kanggo urip neng alam kalanggengan, upama kowe gelem manut disowanke neng ngarsane Panembahan Senapati, kowe mesthi dimulyakne ing papan sing tentrem, ya kuwi panggonan kanggo teki-teki nyedhak lan nyaket marang Gusti. Nanging gandheng kowe milih nuruti hardhaning hawa nafsumu, ya kapeksa olehku ngelingne kudu ndadak nganggo babak belure ragamu luwih dhisik".

 

"Setan Alas" Panembahan Sekarjati misuh karo wiwit ngirimne serangan sing banget mbebayani marang ragane Rangga. Serangan sing dilandhesi ngelmu lan aji njaya kawijayan sing wis dhuwur tatarane. Arang ana wong sing kuwawa nadhahi serangane Panembahan Sekarjati sing kaya mangkono kuwi, ya iku ngelmu pamupuh sing kejem lan nggegirisi, aja maneh nganti ngenani peranganing awak sing dituju, lagi kesababan wae wis bisa ndadekne manungsa wantah lumpuh tanpa daya. Nanging sing diserang Panembahan Sekarjati kuwi Rangga, nom-noman sing ngelmune ora bisa dijajagi. Mula pangabarane Panembahan Sekarjati bisa diladeni kanthi becik. Serangan sing ora ana kendhate kaya geni tumper sing ewon akehe kuwi bareng ditamakne marang Rangga babar pisan ora ana tilase, kabeh bisa digawe muspra dening Rangga sing uga wis nggunakne ngelmune. Panembahan Sekarjati sansaya nesu banjur ngundhakne tataran ngelmune, Rangga ngladeni kanthi cara sing padha mula paprangan antarane Rangga lan Pangarsaning Paguron Kluwihan kuwi sansaya suwe dadi sansaya rame. Ragane wong loro sing adu kasekten kuwi wis ora kena disawang nganggo mripat wantah maneh, wis ilang kabuntel dening wewayangane dhewe-dhewe sing tuwuh saka cepet obahe ragane. Para cantrik sing ngulati saka kadohan dadi padha sumlengeren, eram wor lan rasa giris sing nggtremet ana dhadhane.

 

Ora adoh saka papane Rangga lan Panembahan Sekarjati adu katiyasan, Panembahan Ciptarasa wis nggunakne pusaka piyandele sing wujud Tasbeh mutiara. Neng tangane Panembahan Ciptarasa tasbeh sing wujud Mutiara direntengi ngemba kalung sing dawane kira-kira saasta kuwi, dadi barang sing banget mbebayani. Tesbeh kuwi nyamber-nyamber kaya manuk srikatan ngarah marang ragane Marga. Suwarane kaya suwara lesus sing lagi pinusus ngiringi pedhote cleret taun ing mangsa labuh. Malah wujude tasbeh uga wis dadi rerupan putih kaya perak sing mbalerengi saking cepete anggone ngobahne . Marga wis ora duwe pilihan liya kajaba kudu ngimbangi serangane Panembahan Ciptarasa sing mbebayani kuwi, sarana nglolos lan wiwit nyeblakne cemethi piyandele. Yen suwara mubenge tesbeh sing dicekel dening Panembahan Ciptarasa kaya suwara lesus sing ngiring pedhote Cleret tahun, mangka seblakan pecute Marga nuwuhake suwara banter kaya bledheg sing luput nggone nyamber mangsa.

 

"Wasis kowe nyolahne pecut he bocah nom-noman" kandhane Panembahan Ciptarasa ing sela-selaning obahe "sapa jenengmu lan sapa gurumu, eman yen nganti kowe mati ora kaweruhan jenengmu".

 

"Lumrah wae Panembahan" wangsulane Marga keprungu sareh wae "jenengku Marga, pangon sapine Ki Demang Kedhungtuwung. Panembahan dhewe ngagem asma sapa?".

 

Panembahan Ciptarasa gumuyu banter krungu wangsulane Marga, kandhane :

"Pangon Sapine Demang Kedhungtuwung? Pantes yen kowe wasis ngunekne pecut Jedheran ngono kuwi. Dina iki drajatmu temen-temen wis kaangkat Marga,  ing atase kowe mung drajating Pangon Sapi nanging wis adu arep karo Panembahan Ciptarasa ing tengahing palagan, satemene eman yen tanganku kudu reged merga getihe wong pidak pejarakan kaya kowe".

 

"Aja rumangsa mlorot drajat ndika Panembahan" wangsulane Marga karo mesem "ndika anggep wae yen lagi arep nyablek mrutu, ndika ngadhepi aku. Satemene aku bocah angon iki uga ora seneng kok kerengan karo Panembahan, gandheng jebul ana menungsa wani  nganggo sebutan Panembahan nanging tuturane angel ngluwihi sapi, ya kapeksa tak gitiki kaya nek aku ngenggaki sapiku sing ngebyong tanduran".

 

"Iblis laknat" Panembahan Ciptarasa nesu banjur nggetak "Marga, lambemu rusak, omonganmu waton njeplak. Sida tak suwek-suwek cangkemu mengko!".

 

"Mangga Panembahan" wangsulane Marga karo ngguyu ngece "nanging sing ngati-ati lan aja nganti kleru, aku kuwatir dudu cangkemku sing ndika suwek, nanging malah tutuk ndika dhewe sing kebacut mingkem ora bisa dibukak?".

 

Panembahan Ciptarasa dadi sansaya nesu, praupane dadi abang kaya kembang wora-wari, untune gemrutug saking nesune. Ora taha-taha maneh banjur nerusne nggonne ngrangsang lan nerjang Marga, ngelmune wiwit mrambat munggah klwan cepet. Ubenge tesbeh dadi sansaya seser, kairing tanaga kang kasurung hawa murni saka dayaning aji jaya kawijayan sing sansaya dhuwur tatarane. Marga tanggap yen mungsuhe wis ngundhakne tataran ngelmune, ora ana pilihan liya tumrape Marga kajaba kudu ngladeni sarana melu ngunggahne tataran ngelmune uga. Mangka paprangan antarane Panembahan Ciptarasa karo Marga iku dadi sansaya nggegirisi. Ora arang sabetane upat-upat pecute Marga nanggor sabetan puseran tesbeh, banjur nuwuhake suwara jumeglug. Wong loro padha kontale memburi, banjur wiwit padha bali ngirimne serangan marang mungsuhe. Suwara gumuruh sing metu saka ubenganing tesbeh ing tangane Panembahan Ciptarasa dadi sansaya banter, sedhela-sedhela diselani suwara jumedhor saka seblakan pecute Marga. Para cantrik Paguron Kluwihan sing weruh saka kadohan sing maune arep melu nrambul dadi wurung, kabeh padha giris, ora sida padha nyedhak.

 

ana candhake.


Senin, 25 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 97

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

97.

Wong-wong sing padha ngadhep Panembahan Sekarjati rumangsa ayem atine, malah akeh sing padha mikir yen ora suwe maneh klakon bisa nguwasani Kademangan Kedhungtuwung lan laladan sakiwa tengene, sawuse padha mendhem bangkene wong-wong Mataram lan wong-wong Kedhungtuwung sarta Banjarsemanggi sing dianggep nglalu merga wis wani nglurugi Padhepokan Kluwihan kono. Wong-wong kuwi klebu Panembahan Sekarjati, babar pisan ora ngira yen wektu kuwi, kanthi nglumpati pager watu sing dhuwure sadedeg sapengawe, Ki Jatikuning sakancane wis bisa mlebu pekarangan padhepokan tanpa dikonangi dening cantrik sing padha kajibah nunggu lan njaga regole padhepokan. Panembahan Sekarjati lan wong-wong kuwi lagi padha ngerti sawuse padha weruh ana wong lima tanpa mawa cecala luwih dhisik wis mlaku ngunggahi pendhapa Padhepokan klawan sikep sing ora nuduhake rasa tidha-tidha babar pisan.

 

"Aku sing teka Raden Gumiwang......." kandhane Ki Jatikuning sawuse lakune tekan tlundhagan Pendhapa Padhepokan. Panembahan Sekarjati nratab, atine kaget, jalaran ora ngira yen bakal ana tamu sing teka tanpa diceluk. Sakala Panembahan Sekarjati ngadeg, wong-wong sing ana kono kabeh padha melu ngadeg, padha namatne wong-wong sing lagi padha teka.

 

"Kowe Tutug?" Panembahan Sekarjati wangsulan karo nggenahne sapa sing lagi teka kuwi.

 

"Ora luput panyawangmu Gumiwang" wangsulane Ki Jatikuning karo mesem.

 

Panembahan Sekarjati wiwit panas atine, tumuli mbenerke jarit sing dienggo tata-tata kanggo ngadhepi Ki Jatikuning sing wis dianggep mungsuh bebuyutane. Pancen wiwit jaman padha-padha ngawula ing Kasultanan Pajang, wong loro kuwi ajeg duwe panemu sing padha gesehe. Lan sawuse Raden Gumiwang lolos ninggalne Pajang sarta Tumenggung Tutug melu nyengkuyung adege Mataram, Panembahan Sekarjati kaya-kaya duwe gegayuhan supaya ing tembe bisa adu arep lan neter kasektene Tumenggung Tutug sing dianggep ora duwe kaluwihan kanuragan nanging tansah oleh pangalembana saka Sultan Adiwijaya.

 

"Licik lan katon olehmu jirih getih, kowe Tutug" kandhane Panembahan Sekarjati karo mripat sing murup "ajua kok kira yen aku ora ngerti, yen olehmu wani nglurug mrene kuwi merga kowe ngajak Prajurit Mataram sagelar sepapan sing jare dipandhegani Tumenggung Candrasanata. Kowe pancen Senapati jirih sing licik, ora wani tandhing kaprawiran karo aku".

 

"Ha...ha... ha......" Ki Jatikuning ngguyu, banjur wangsulan "aja cilik atimu Gumiwang, aku tekan kene ora ana sambung rapete karo Wong Mataram. Yen tekaku mrene nggawa wadya bala kaya sing kok kandhakne kuwi mau, mesthi cantrik-cantrikmu wis padha weruh lan wis wadul menyang kowe. Iya apa ora?. Pancen tak sengaja Gumiwang, aku ora nggawa prajurit jalaran aku ngerti, yen nganti aku nggawa prajurit sing jaremu sagelar sepapan kuwi, tan wurunga bakal nuwuhake kurban sing ora sethithik. Mula tekaku mrene mung karo kanca-kancaku iki, yen kowe isih duwe utek lan gelem ngakoni kaluputanmu sing tansah gawe sengsarane kawula ing Mataram, ayo tak kanthi sowan ing ngarsane Panembahan Senapati ing Kutha Gedhe, aku saguh nyuwunake pangapura marang Panembahan Senapati merga sakehing dosa-dosamu, ora-ora yen kowe bakal nampa pidana sing abot, jalaran Panembahan Senapati kuwi luwih gedhe pangapurane marang sok sapawa sing gelem nyuwun pangapura sadurunge katibanan pidana.........".

 

"Cukup"  Panembahan Sekarjati nggetak banter  "dudu watake Panembahan Sekarjati ngemis-emis marang menungsa nistha kaya Sutawijaya sing wuta marang kabecikan kuwi......".

 

"Eh, wong tuwek ora nyebut" dumadakan Rangga sing mau meneng ngadeg neng mburine Ki Jatikuning maju sajangkah, atine sakala kebrongot krungu wong tuwane diarani wuta ora weruh kabecikan dening Panembahan Sekarjati mangkono kuwi, banjur kandhane "Kyai Jatikuning wis ngalahi, omong becik-becik marang kowe, nanging sauranmu malah ora genah. Aku wis bisa gawe dudutan, yen kowe sakancamu iki pancen ora kena ditata lan nedya gawe susahe kawula ing Mataram.....".

 

"Keparat sapa kowe, bocah durung ilang pupuk lempuyange wis wani malangkadhak, tumindak kurangajar karo Panembahan Sekarjati sesembahanku?" durung rampung Rangga guneman wis ditigas dening Wasi Wisapati sing uga banjur maju sajangkah karo malangkerik.

 

Rangga nyawang Wasi Wisapati karo mesem ngece, banjur wangsulan sajak ora nguwongake marang Wasi andel-andele Panembahan Sekarjati kuwi :

 

"Eh, sapa kowe? ditepungne dhisik jenengku Rangga, ponakane Demang Kedhungtuwung. Tak kira luwih becik yen kowe meneng wae lan ora melu-melu ing babagan iki, nek ndelok pacakanmu kowe kuwi dudu tandhingku, merga ketok nek kowe kuwi neng kene isih mapan ana sangisore Panembahan Timur, sadurunge kowe adol gendhung neng ngarepku, takona marang Panembahan Timur utawa Janggan Kumala luwih dhisik, pantes utawa ora kowe mamerne bodhomu neng ngarepe Rangga".

 

"Keparat kowe Rangga" Wasi Wisapati misuh banter "durung ngerti kondhange Wasi Wisapati kowe?".

 

"Wisapati menenga dhisik" dumadakan Panembahan Sekarjati kandha marang Wasi Wisapati "mengko wae yen kowe arep aweh pangajaran marang Rangga. Aku tak nerusne olehku arep omong karo Tumenggung Tutug luwih dhisik".

 

Panembahan Sekarjati kandha mangkono kuwi, merga dheweke wis dicritani dening Panembahan Timur lan Janggan Kumala yen Kedhungtuwung duwe kekuwatan anyar sing wujude nom-noman loro, Rangga karo Marga, lan Panembahan Timur uga nyritakne yen nom-noman loro kuwi pancen duwe kaluwihan ing babagan ngelmu kanuragan, ketitik ora bisa dikalahake nalika kedaden perang tandhing ing Tegal Bera antarane nom-noman loro kuwi karo Panembahan Timur lan Janggan Kumala. Kajaba saka iku, Panembahan Sekarjati uga wis weruh dhewe sepira kaluwihane Rangga lan Marga, yaiku nalika Rangga lan Marga wis nglumpuhake andhahane ing cedhak Guwa Klumpit.

 

Krungu kandhane Gurune sing mangkono iku, Wasi Wisapati banjur mundur sajangkah bali ngadeg kaya maune. Beda karo Rangga sing banjur semaur marang Panembahan Sekarjati :

 

"Ora ana gunane ndika rembugan karo Kyai Jatikuning, Raden Gumiwang. nDika kuwi mung pantes rembugan karo aku utawa adhiku, saiki sepisan maneh tak takoni : ndika milih sowan menyang Mataram kanthi becik-becik apa milih sowan ndika klawan raga sing wis remuk merga tak peksa?".

 

"Setan kowe Rangga" Panembahan Sekarjati wis ora bisa ngempet nesune "aku gelem mara menyang Mataram nemoni Sutawijaya yen aku wis dadi bathang tak kandhani".

 

"Yen ngono ndika njaluk tak peksa?" Rangga takon karo maju nyedhaki Panembahan Sekarjati.

 

"Kakehan cangkem kowe Rangga!" wangsulane Panembahan Sekarjati karo tangane kumlawe ngampleng praupane Rangga.

 

Rangga dudu reca sing mung bisa meneng, sanadyan kumlebating tangane Panembahan Sekarjati prasat luwih kebat tinimbang kilat, nanging Rangga luwih prayitna, tangane sing kiwa cukat nyaut lengene Panembahan Sekarjati banjur diglandhang digawa mlayu metu menyang plataran. Panembahan Sekarjati sing ora ngira yen Rangga bisa tumandang kaya ngono kuwi, kaget. Ora krasa Panembahan sing sekti mandraguna kuwi kaya bocah cilik, manut wae digalandhang Rangga tumuju plataran, sing karo kandha :

 

"Nek ndika ngajak dolanan aja neng pendhapa Raden, ayo neng latar wae papane luwih jembar lan luwih kepenak nek kanggo gojegan".

 

Wong-wong sing ana kono, Ki Jatikuning sakancane uga wong-wonge Panembahan Sekarjati banjur padha mlayu nusul menyang plataran Padhepokan.

 

ana candhake.


Minggu, 24 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 96

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

96.

Rangga lan Marga mlengak krungu asmane Patih Mandaraka disebut-sebut dening Ki Jatikuning. Klawan mengkono cetha yen Ki Jurumartani kuwi pirsa apa kang wis dumadi sajroning Rangga lan Marga lelana menyang Brangwetan iki. Lan yen Ki Juru wis pirsa nek sing bisa nandhingi Panembahan Sekarjati kuwi dheweke utawa Marga, banjur kepriye karo Pangeran Singasari? Panjenengane mesthi duka menawa pirsa dheweke karo Rangga ana Kedhungtuwung kene iki, jalaran dianggep arep ngrusuhi olehe para prajurit arep nyambut gawe.

 "Anakmas boten perlu kepanggih kaliyan Gusti Pangeran Singasari" kandhane Ki Jatikuning sing sajak bisa maca apa sing ana atine Rangga "dalu niki, awakipun piyambak kaliyan Palindhih lan Kunthing saged ngrumiyini bidhal dhateng Kluwihan langkung rumiyin".

 "Lajeng mangke ing Kluwihan punapa kula boten kepanggih kaliyan Tiyang-tiyang Mataram Kyai?" pitakone Rangga.

 "Kula kinten boten Anakmas" wangsulane Ki Jatikuning "jalaran bidhalipun Prajurit Mataram saking mriki punika paling cepet benjing dalu utawi benjingipun malih, lan nalika wadaya bala saking Mataram punika mangke dumugi Kluwihan awakipun piyambak sampun rampung nindakaken kuwajiban. Kula kaliyan Palindhih lan Kunthing saged tumuli wangsul dhateng Banjarsemanggi malih lajeng Anakmas kekalih saged nunten nglajengaken anggenipun badhe ameng-ameng nurut ilining bengawan Uluayu".

 Rangga karo Marga mesem, pikirane dadi padhang. Atine dadi lega.  Ora suwe sabubare rembug kuwi disarujuki. Ki Jatikuning banjur nyeluk Demang Kedhungtuwung diwarah yen Rangga lan Marga sarta Ki Jtikuning, Palindhih lan Kunthing arep ndhisiki laku menyang Kluwihan wengi kuwi uga. Rangga uga banjur meling supaya olehe ndhisiki laku kuwi aja nganti kapirsanan utawa diaturake marang Pangeran Singasari murih ora nuwuhake pitakonan sing neka-neka.

"Ndika ora perlu bingung nampa tekane Prajurit Mataram sesuk kuwi Demange" kandhane Ki Jatikuning nalika arep budhal menyang Kluwihan "mbok menawa wae, yen Prajurit Mataram arep ngulurugi menyang Kluwihan kuwi Prajurit Kademangan ora dikeparengake ndherek, upama olehe paling ya mung didhawuhi manggon ing barisan mburi. Dadi upama aku, Palindhih lan Kunthing, uga Pulunan ndika loro kuwi mbarengi Prajurit sing tinindhihan Gusti Raden Tumenggung Candrasanata, ya manggone neng mburi awor karo Prajurit Kademangan lan ora dikeparengake melu tumandang sadurunge Para Senapati Mataram entek gugur ing madyaning paprangan. Mula murih luwih ana gunane Aku, Palindhih, Kunthing lan Pulunan ndika loro kuwi arep misah luwih dhisik lan ndhisiki laku, mbok menawa ana gaweyan sing bisa ditandangi".

"Inggih Bapa" wangsulane Demang Kedhungtuwung "menawi makaten sembah kula kemawon ingkang ndherekaken jengkaripun Bapa Guru".

Wengi kuwi wong lima budhal saka Kademangan Kedhungtuwung bebarengan nggunakne aji mlaku rikat kaya padatan yen wong-wong luwi arep lelungan wigati. Ora nganti awan wong lima wis tekan Padesan Kluwihan sing kabawah dening Paguron Kluwihan. Kaya lumrahe sesawangan ing padesan wong lima kuwi akeh weruh wong-wong padesan sing padha makarya ing pategalan lan pasawahan. Wektu kuwi sih akeh wong-wong wadon sing padha ani-ani amek pari gaga lan ing mburine katon wong-wong lanang padha mbabati damen, diklumpukne arep dienggo pakan rajakayane. Wong-wong kuwi olehe nyambut gawe katon karo seneng atine, malah ana sing sing disambi karo ura-ura lan rerepen barang, kanggo nyuda rasa panase srengenge ing mangsa ketiga.

Sadurunge nerusne laku menyang Padhepokan, wong lima kuwi leren ing cedhake wong-wong sing lagi derep amek pari kuwi. Marga sing nom dhewe dikongkon nyedhaki kadang tani, takon-takon sing ana gegayutane karo Paguron Kluwihan sing kondhang kuwi.

"Sakjege jaman Panembahan Sekarjati niki, sedaya nem-neman Kluwihan kawajibaken ndherek gladhen kanuragan" kandhane wong lanang sing lagi mbabati damen kuwi marang Marga nalika Marga takon kok sing tumandang gawe ing pategalan rata-rata wong sing wis ora nom maneh "jaman isih dipangarsani Panembahan Ciptarasa biyen, mung sing mbutuhake sinau kanuragan wae dikeparengake ndherek gladhen, nek saiki kabeh nom-noman dikudokne melu gladhen. Ya sing tuwa-tuwa ngene iki sing rada susah merga ora ana sing ngrewangi menyang tegal lan sawah".

"Lha sedaya punika rak nggih kangge kasaenanipun para mudha mriki piyambak ta Ki?" wangsulane Marga supados boten namung ngertos tetanen kemawon nanging ugi ngertos kanuragan lan ngelmu sanese.

"Kuwi bener" wong lanang kuwi semaur ngiyani "nanging rak ya kudu ora meksa ngono kuwi? wong bocah-bocah nom kuwi ya dibutuhne kanggo nggarap tegal lan sawah, ngopeni kebo karo sapi barang, lha nek banjur kabeh ora oleh nyambut gawe ngrewangi wong tuwane rak ya dadi repot? asile sawah lan tegal banjur suda, kamangka isih diwajibne asok wulu wetune lemah menyang Padhepokan sing cacahe wis ditemtokne jumbuh lan amba-ciyute garapan? nek kurang sethithik wae dianggep luput banjur oleh pidana.......".

"Inggih-inggih Ki, nggih sing sabar mawon......." Marga munggel kandhane wong sing babad damen kuwi.

"Iya nek ra sabar banjur arep arep kepriye maneh?" wong lanang kuwi isih omong maneh.

"Nggih Ki" wangsulane Marga "nggih sampun menawi makaten, tiyang kula niki wau namung pados warta mbok menawi nek mriki taksih kathah damelan, kula badhe ndherek berah".

"Nek gaweyan genah nek isih akeh, mung sing kanggo ngopahi sing ora ana he he he....." wong kuwi semaur karo ngguyu "lha omahe anak iki ngendi ta?".

"Kula ta Ki? Kula saking Dhudun Wanadadi mriku" wangsulane Marga karo nyebut jeneng desa sing ora adoh karo Kluwihan kono.

Marga banjur ngalih ninggalne wong sing lagi  nyambut gawe kuwi, mbalik nemoni kanca-kancane ngandhakne apa-apa sing dirungu saka wong desa sing lagi wae ditemoni mau Ki Jatikuning banjur ngajak kanca-kancane nerusne laku. Kabeh wis padha mathuk yen luwih becik njujug wae menyang Padhepokan nemoni Panembahan Sekarjati.

 

Sauntara iku ing Pendhapa Padhepokan Kluwihan Panembahan Sekarjati lagi nglumpukne para pengarepe padhepokan, diajak ngrembug lapurane Teliksandi sing lagi wae teka esuk mau kanthi nggawa warta sing wigati. Ing kono Panembahan Sekarjati dikancani Panembahan Ciptarasa, Panembahan Timur, Wasi Wisapati lan Janggan Kumala, lagi nanggap critane Prajurit Teliksandi sing lagi teka.

 

"Dadi kira-kira tekane prajurit Mataram sing sagelar sepapan neng Padhepokan kene kuwi isih rong dina maneh?" pitakone Panembahan Sekarjati marang Telikandine sing duwe jeneng Sampan kuwi.

 "Punika petang kula Panembahan" wangsulane Sampan "awit dinten niki wau nembe dumugi ing Kademangan Kedhungtuwung".

 "Cacahe prajurit kira-kira rong atus wong? Sing dadi Senapati Agung Raden Tumenggung Candrasanata, kabiyantu Rangga Sampurna karo Rangga Susila ?"

 "Leres Panembahan"

 "Yen ngono tak anggep sisih entheng" kandhane Panembahan Sekarjati sabanjure "sing perlu oleh kawigaten kuwi mung Candrasanata karo penjawat loro kuwi, mengko  aku sing arep ngadhepi Si Candranata, Panembahan Ciptarasa lan Panembahan Timur tak jaluk sing ngadhepi panjawate Candrasanata loro  sing jare jenenge Rangga Sampurna lan Rangga Susila kuwi. Dene liyane tak kira ora kangelan nenk mung gawe bubrahe barisan prajurit rucah Mataram. Piye yen ngono para sedulur kabeh?".

 "Punia kula kinten sampun trep Panembahan" sing wangsulan dhisik dhewe Panembahan Ciptarasa "nanging mugi kaetang ugi kekiyatan sanesipun, kados Ki Jatikuning saking Banjarsemanggi lan ugi nem-neman pangumbara kalih ingkang nate kula panggihi ing Guwa Klumpit jaman semanten".

 "Iya Panembahan" wangsulane Panembahan Sekarjati "paling kasep mengko bengi, ing Padhepokan kene bakal karawuhan sedulurku tunggal guru, yaiku padha-padha siswane Sang Bathari Pramoni saka Kedhuwang. Cacahe lima yaiku : Ajar Wisanata, Ajar Kundara, Ajar Nirbita, Ajar Sukmawan lan Wasi Sudarpa. Wong lima iki padha duwe kasekten sing prasasat tanpa tandhing kabeh, tekane mrene uga ora ijen nanging uga nganthi siswa-siswane. Dadi Nek mung ngadhepi wong-wong sing ndika critakne kuwi tak kira ora nagnti sapanginang wis sampurna".

 

ana candhake.

 


Jumat, 22 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 95

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

95.

Ki Jatikuning ngingeti Rangga lan Marga genti-genten, Pangarsa Paguron Banjarsemanggi kuwi bisa ngrasakne apa sing dirasakne Rangga lan Marga sawuse weruh yen sing katulis jeneng Tumenggung Candrasanata kuwi jebul Pangeran Singasari. Lan yen nganti Pangeran Singasari ngaweruhi lamun Rangga melu cawe-cawe ing babagan kisruhe Kedhungtuwung sing ngarah marang arep gawe kisruhe Mataram, kena dipesthekne nek bakal duka. Jalaran mungguhe Pangeran Singasari, Rangga kuwi bocah nakal sing seneng tumindak sakarepe dhewe sing entek-entekane mung gawe repote wong tuwa.

Ki Jatikuning uga duwe rasa kuwatir, sanadyan wis wola-wali ana kedadeyan tanpa oleh palilah saka Pangeran Singasari, Rangga lan Marga rerewang madhangake pepeteng sing kudune dadi jejibahane Pangeran Singasari, nanging sawuse Pangeran Singasari pirsa ora malah seneng luwih-luwih nedha nrima marang Rangga, malah suwalike tetep ngarani Rangga wis tumindak sing ora bener amarga dianggep wis nindakne dudu gaweyane. Kamangka minangka Putra Mataram, Rangga uga rumangsa duwe kuwajiban melu ngreksa lestarine negara Mataram. Jalaran Marga wus mulad salira lamun wis akeh utang kabecikan marang Mataram, mula banjur hangrasa wani ngadhepi sapa wae sing nedya gawe kisruhing Mataram. Kang mangkono kuwi yen dening Pangeran Singasari Rangga dianggep luput kaya padatane, yen nganti Rangga kentekan kesabaran bisa nuwuhake pasulayan antarane Paman karo ponakan iku.

"Salajengipun Anakmas" sawuse wong-wong ing gandhok kulon kuwi padha meneng kaya kena gendam jalaran jebul Pangeran Singasari dhewe sing nyalirani minangka Senapati Agung kanggo numpes wong-wong Paguron Kluwihan sing arep miwiti nggone mirong kampuh jingga "ingkang murugaken Pangeran Singasari piyambak ingkang kedah jumeneng minangka Senapati Agung, jalaran miturut wartanipun para telik sandi kekiyatanipun Paguron Kluwihan wekdal sakpunika sakalangkung ageng".

"Makaten inggih Kyai?" Marga nyelani rembug.

"Inggih Ngger" wangsulane Ki jatikuning "jalaran Paguron Kluwihan wekdal punika dados papan makempalipun titiyang sekti ingkang kepengin nyepeng panguwaos ing tanah Jawi. Ing Kluwihan samangke wonten Panembahan Sekarjati, Panembahan Sekarjati punika naminipun ingkang leres Raden Gumiwang, taksih Trah Majapahit. Estunipun Raden Gumiwang punika rumiyin nggadhahi sesambetan ingkang raket Kanjeng Sultan Pajang, jalaran Raden Mas Guntur inggih tiyang sepuhipun Raden Gumiwang punika taksih sanak kaliyan Kanjeng Sultan Pajang. Malah Raden Gumiwang punika ugi sampun nyecep ngelmu kanuragan dhateng Kanjeng Sultan Adiwijaya ing Pajang. Dados Raden Gumiwang punika ugi saged kawastanan minangka siswanipun Sultan Pajang. Nalika Raden Gumiwang ngertos menawi Gusti Pangeran Benawa boten kepencut kaliyan Kalenggahan Sultan ingkang dados kawenanganipun, Raden Gumiwang nunten munjuk dhateng Kanjeng Sultan, murih ing benjang menawi Kanjeng Sultan sampun wancinipun lengser keprabon menawi Pangeran Benawa boten kersa jumeneng nata, supados dhamparing kanarendran kaparingaken dhateng piyambakipun, angengeti bilih piyambakipun punika taksih trah lajer saking Sawargi Prabu Prawijaya ingkang jumeneng Sunan Lawu.".

"Lha menawi taksih Trahipun Prabu Brawijaya Kalima kok samangke kok malah badhe madeg kraman Kyai?" Rangga genti sing nyelani takon.

"Inggih Anakmas" Resi Jatikuning wangsulan karo nerusne critane "midhanget unjukipun Raden Gumiwang ingkang makaten punika kala wau, Kanjeng Sultan paring dhawuh bilih kajawi Pangeran Benawa, Kanjeng Sultan ugi kagungan putra kakung sanadyan namung jejer putra angkat, inggih punika Danang Sutawijaya ingkang wekdal punika sampun kaparingan sebatan Senapati Ing Alaga. Inggih wiwit punika Raden Gumiwang nunten minggat, nilaraken Nagari Pajang miturut kabar ingkang kula tampi Raden Gumiwang nunten madeg Pandhita ing Gunung Pegat kanthi sesebatan Panembahan Sekarjati, sasampunipun saged ngasoraken Panembahan Ciptarasa inggih Brahmana ingkang dhedhepok ing Gunung Pegat mriku. Nalika Kanjeng Sultan Pajang Murud ing Kasedan Jati, lan Gusti Pangeran Benawa kepareng murih Mataram nglajengaken sejarahipun Mataram, Panembahan Sekarjati lajeng angujuk-ujuki Panembahan Mas ing Madiun murih nglurugi Mataram lan nglengseraken Panembahan Senapati, kanthi pawadan bilih Panembahan Mas langkung pas menawi jumeneng Nata sarta Madiun ingkang langkung wenang nyambung sejarahipun Kasultanan Pajang. Nanging Panembahan Mas, inggih Gusti Adipati Madiun ingkang langkung kawentar mawi sebatan Adipati Rangga Jumena boten kersa ndhahar aturipun Panembahan Sekarjati makaten punika kala wau. Awit Adipati Rangga Jumena sampun pirsa lelampahanipun Panembahan Sekarjati. Sanaosa makaten, Panembahan Sekarjati taksih saged mbujuk sabageyan santana Kadipaten Madiun murih manunggal kaliyan piyambakipun ing Gunung Pegat".

"Dados Panembahan Sekarjati punika jumenengipun ing Gunung Pegat? kula radi bingung Kyai, kok samangke malah manggen ing Kluwihan lan badhe ndadosaken Kedhungtuwung minangka asrama kangge mangun kraman dhateng Mataram, punika cariyosipun kados pundi?" Rangga takon maneh.

"Punika makaten Anakmas" Ki Jatikuning nutugne critane "gandheng kathah nayaka lan punggawa Kadipaten Madiun ingkang kapilut pambujukipun Panembahan Sekarjati, Panembahan Mas utawi Adipati Rangga Jumena lajeng duka lan marentahaken dhateng Senapatinipun murih mbidhalaken prajurit nglurug dhateng Gunung Pegat lan mikut Panembahan Sekarjati, nanging saderengipun kalurugan jebul Panembahan Sekarjati lan pandherekipun klebet Panembahan Ciptarasa sampun lolos kesah nilaraken Gunung Pegat. Lan kados pundi criyosipun ngertos-ngertos Panembahan Sekarjati sampun nguwaosi Paguron Kluwihan punika".

Rangga lan Marga manthuk-manthuk kekarone dadi ngerti sapa sejatine tuking kakisruhan sing dumadi ing Kedhungtuwung kono kuwi. Banjur Nom-noman loro kuwi uga nggathuk-nggathukne karo crita sing ditampa saka Kartagentho lan Jayaglegek  ing ngarepe Demang Kedhungtuwung wingenane kae.

"Dados makaten Anakmas, ingkang ndadosaken Pangeran Singasari nyalirani piyambak minangka Senapati punika. Jalaran ingkang badhe dipun adhepi punika Panembahan Sekarjati, utawi Raden Gumiwang ingkang taksih siswanipun Kanjeng Sultan Pajang piyambak" kandhane Ki Jatikuning aweh dudutan .

"Inggih Kyai" wangsulane Rangga "kula saged mangertos bab punika. Namung angemuti watak lan wantunipun Pangeran Singasari ingkang sakalangkung tresnanipun dhateng pulunanipun ingkang nakal punika, kula ajrih menawi ngantos wonten selingsurup antawisipun pulunanipun Demang Kedhungtuwung kaliyan Pamanipun Putra Mataram, jalaran saged ugi Pangeran Singasari kagungan panginten  bilih salah satunggal saking pulunanipun Ki Demang Kedhungtuwung punika putranipun Panembahan Senapati ingkang kedah kareksa kasugenganipun lan boten kaparengaken cecaketan kaliyan tiyang ingkang nembe ngadani peperangan".

"Leres Anakmas" wangsulane Ki Jatikuning karo mesem "Lha lajeng kersanipun Anakmas kados pundi?".

"Kula kinten langkung prayogi menawi kula kekalih nglajengaken lampah kemawon Kyai" wangsulane Rangga "magepokan kaliyan kawontenan ing Kedhungtuwung punika, borong anggenipun Kyai badhe angrampungi. Kula pitados bilih Kyai Jatikuning langkung pana ing babagan punika. Samangke kaparenga kula kaliyan adhi kula, bidhal nglajengaken lampah lan nyuwun tulung supados mangke kula kasuwunaken pamit dhateng Ki Demang".

"Mangke rumiyin Anakmas" Ki Jatikuning kaget krungu anggone pamitan Rangga ngono kuwi "sampun kesesa jengkar saking mriki, jalaran taksih wonten prakaryan punika dereng rampung".

"He he he" Rangga gumuyu alon "nanging menawi kula boten enggal kesah sansaya malih menawi ngantos kadenangan Pangeran Singasari, prakwisipun malah saged boten rampung-rampung".

"Sabar Anakmas" Ki Jatikuning wangsulan sareh "kula namung badhe nyuwun, supados Anakmas kekalih boten  negakaken Gusti pangeran Singasari angayoni Panembahan Sekarjati. Boten ateges kula boten pitados dhateng kasekten lan kaprawiranipun Gusti Pangeran Singasari, nanging miturut welingipun Patih Mandaraka dhumateng Tumenggung Tutug Tunggu Negara lumantar Tumenggung Arya Palindhih, boten wonten ingkang saged ngendhakaken kamurkanipun Raden Gumiwang kajawi siswanipun Ki Tanparupa".

 

ana candhake


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 94

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

94.

Sauntara wong-wong padha ngomong awake, Rangga lan Marga lagi gayeng jejagongan karo Ki Jatikuning, Palindhih lan Kunthing. Wong lima kuwi padha kangen-kangenan, jalaran kabeh kuwi mkurid-muride Patih Mandaraka sing wis padha apal karo Rangga apa dene Marga. Nalika wong-wong kuwi kabar yen Rangga kaparentah dening Panembahan Senapati  supaya ninggalne Kutha Gedhe lan lelana menyang Brang Wetan, kajaba akeh wong sing rumangsa seneng nanging uga ora sethithik sing rumangsa susah. Jalaran tumrap sing rumangsa susah, Rangga utawa luwih kondhang nganggo sebutan Pangeran Rangga utawa Raden Rangga kuwi satriya sing ora seneng diaji-aji minangka putraning ratu. Lan ora seneng marang Sentana utawa Punggawa Kraton sing seneng pamer drajat lan pangkat, nyepelekne marang wong cilik, tumrap Rangga ora ana bedane antarane wong lumrah lan punggawa kraton utawa sentana dalem pisan, yen luput kudu oleh pidana lan pidanane sentana utawa Punggawa Kraton  sing luput kudune luwih abot tinimbang pidana marang kawula lumrah. Jalaran yen kawula lumrah kuwi adakane olehe nerjang paugeran yen ora amarga kapeksa ya sabab ora ngerti unining paugeran, beda karo Punggawa kraton luwih-luwih sentana dalem, cetha yen uripe sarwa kacukupan lan wis weruh uning angger-angger sing mranata lakuning pradata ing Mataram.

"Kula nyuwun pangapunten Raden" kandhane Tumenggung Tutug "nalika kula mireng bilih Kademangan Kedhungtuwung kadhatengan Pangumbara kalih ingkang taksih nem-neman, kula kesupen lan boten nyana bilih Pangumbara punika Gusti kula Raden Rangga lan kadangkula anem Marga".

"Kakang Tumenggung Tutug" wangsulane Rangga "aku ya ora duwe pangira yen sing mandhegani Paguron Banjar Semanggi kuwi jebul Kakang Tumenggung Tutug. Awit kabar sing tak tampa, jarene Padhepokan Banjarsemanggi kuwi biyen sing yasa para Pandhereke Paman Pangeran Benawa. Dadi aku ya ora nggagas nek Kakang Tutug sing saiki jumeneng dadi Ki Ageng Banjarsemanggi".

"Inggih Raden, mila leres kabar ingkang Raden tampi punika, estunipun tiyang sepuh kula rumiyin mila pandherekipun Gusti kula Pangeran Benawa ing Pajang, lajeng dening Gusti pangeran Benawa katitipaken dhateng kadangipun sepuh nenggih Raden Sutawijaya ingkang Sinengkaken dados Senapati Ing Alaga dening sawargi Kanjeng Sultan Pajang" kandhane Ki Jatikuning sabanjure.

"Iya, iya Kakang Tumenggung Tutug" wangsulane Rangga " saiki coba ndikia piyarsakne ature  bocah dolan sing njaluk didhaku dadi ponakane Nyi Demang Kedhungtuwung iki".

"Inggih Raden, Raden badhe paring dhawuh punapa?".

 "Kyai, Kula kinten dipun cekapi samanten rumiyin anggenipun ngrembag putranipun Kanjeng Panembahan Senapati ingkang nakal nika, awit ingkang wonten sakniki Rangga lan Marga lare kleyang kabur kanginan ingkang boten wonten sambetipun kaliyan Raden Rangga wayahipun Patih Mandaraka".

"Inggih Anakmas" Ki Jatikuning nanggapi panjaluke Rangga sing njaluk supaya jati dhirine aja nganti dingerteni dening wong-wong ing Kedhungtuwung "boten langkung ngestokaken dhawuh. Samangke Anak Mas Rangga lan Anakmas Marga, badhe paring dhawuh punapa?".

"Sepisan" Rangga guneman maneh "kula dereng mangertos sepinten kekiyatanipun Pasekuthon ingkang mapan ing Paguron Kluwihan, ngantos Gusti Patih Mandaraka ngersakaken ngintun Prajurit Sagelar Sepapan saking Mataram kangge ngayomi Kademangan Kedhungtuwung, malah ugi Rekyana Patih ugi miji siswa-siswa pethinganipun supados ndherek nyengkuyung wadya bala ingkang tinindhihan Raden Tumenggung Candrasanata punika. Kaping kalih, kula nate mireng pangincimipun tiyang ingkang boten kula ngertosi awit ngangge sandhangan sarwa cemeng, praupanipun ugi katutupan mawi udheng cemeng. Ingkang cetha tiyang aneh kala wau ingkang mbeta mlajar salah saetunggal Prawan Kedhungtuwung. Tiyang punika nginten kula kekalih punika siswa saking Paguron Banjarsemanggi, pramila pangincimipun benjing wulan Purnama wulan ngajeng punika, Piyambakipun badhe damel sungsang bawana balik Paguron Banjarsemanggi".

"Namung punika Anakmas?" Ki Jatikuning takon.

"Taksih wonten malih Kyai" genti Marga sing nyambung pitakone Rangga "let kalih dinten, saking kedadosan ing Guwa Klumpit ingkang dipun cariyosaken Kakang Rangga punika kala wau, kula kaliyan Kakang Rangga, kober gojeg kaliyan tiyang ingkang ngaken nami Panembahan Timur lan Janggan Kumala ing Tegal Bera. Dereng rampung anggen kula sami gegojegan karumiyinan dumuginipun wanci gagat rahina, temah Panembahan Timur lan Janggan Kumala ingkang ugi ngaken saking Paguron Kluwihan, mlajar kanthi nilar pangincim bilih benjing wulan purnama wulan ngajeng punika Paguron Kluwihan badhe nglurugi Kademangan Kedhungtuwung lan badhe numpes Ki Demang lan sedaya pandherekipun.  Lan dugi sapriki, kula kekalih dereng mangertos punapa sambung rapetipun atawisipun paraga nyalawadi ing Guwa Klumpit kaliyan Panembahan Timur lan Janggan Kumala?".

"Inggih, inggih Anakmas" Ki Jatikuning wiwit nata wangsulan "saderengipun kula matur kathah, langkung rumiyin kula badhe nyuwun pirsa dhateng Anakmas kekalih".

"Mundhut pirsa babagan punapa Kyai?" Rangga nugel rembug nganggo pitakonan.

"Ing Rontal Kancingan ingkang dipun tampi Demang Kedhungtuwung ingkang sampun dipun waos dening Anakmas Kekalih kasebat bilih minangka senapatining yuda ingkang saking Mataram benjing punika Raden Tumenggung Candrasanata. Anakmas Rangga lan Anakmas Marga sampun uninga punapa dereng Raden Tumenggung Candrasanata punika?" Ki Jatikuning nelakake pitakone.

Rangga lan Marga mesem karo manthuk-manthuk. Mula bener wiwit pisanan Rangga lan Marga durung weruh sapa sejatine Tumenggung Candrasanata kuwi, uga jeneng Rangga Sampurna, Rangga lan Marga rumangsa durung tepung.

"Inggih Kyai" Rangga sing aweh wangsulan "dhateng Ki Demang ugi sampun kula aturaken, bilih namung kalih asma ingkang sinerat ing Rontal punika ingkang kula tepangi, nuwun inggih Kyai ing Bata Pawon miwah tilas Lurah Prajurit ing Bulakkopenan. Dados sinten Raden Tumenggung Candrasanata miwah Penjawatipun ingkang asma Rangga Sampurna punika, kula dereng mangertos".

Ki Jatikuning gumuyu lirih banjur wiwit guneman :

"Punika makaten Anakmas, kangge nyingidaken kekiyataning wadya Mataram ingkang badhe dumugi benjing enjing punika, cacahipun prajurit tikel kaping tiga kaliyan ingkang kaserat lan kakabaraken dhateng Demang Kedhungtuwung. Nama Raden Tumenggung Candrasanata lan Rangga Sampurna punika estunipun namung asma singlon, dede asma ingkang saleresipun. Ingkang leres tetindhipun yuda minangka Senapati Agung benjing punika Rayi Dalem Panembahan Senapati, nenggih Gusti Pangeran Singasari. Dene panjawat kanan keringipun Sang Senapati Agung, sampun kapiji Lurah Prajurit Jaka Susila, ingkang samangke sampun mindhak pangkat dados Rangga lan Putra Ki Gedhe Pemanahan ingkang asma Pangeran Demang Tanpa Nangkil, ingkang ing rontal kaserat mawi asma Rangga Sampurna".

Kaya sinamber gelap luput kagete Rangga lan Marga bareng krungu katrangane Tumenggung Tutug Tunggu Negara sing kaya mangkono kuwi. Jalaran Rangga lan Marga wis apal banget karo sikep lan sipate Pangeran Singasari sing duwe kasekten ngedab-edabi kuwi, pancen kasektene Pangeran Singasari kuwi jumbuh karo asmane, yaiku sari-sarining singa. Lan ambak-ambak Pangeran Singasari kuwi isih pamane Rangga dhewe, nanging antarane Rangga lan Pamane kuwi luwih kerep geseh panemune tinimbang jumbuhe. Pangeran Singasari kuwi ajeg duwe panemu yen Rangga kuwi isih bocah cilik lan manawa ana ing satengahing paprangan luwih akeh dianggep ngrepot-ngrepoti tinimbang dianggep minangka tambahan kekuwataning jurit. Tumenggung Tutug Tunggu Negara, Tumenggung Arya Palindhih lan Tumenggung Kunthing uga wis apal karo sikepe Pangeran Singasari marang ponakane kuwi.

 

ana candhake.


Kamis, 21 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 93

 

93.

 

Demang Kedhungtuwung manthuk-manthuk, dheweke percaya banget karo sing dikandhakne dening gurune kuwi. Mung Rangga lan Marga sing sajak rada cuwa, pranyata Raden Tumenggung Tutug Tunggu Negara ora bisa aweh wangsulan kang maremake marang pitakonan sing ngreridhu atine. Wektune wis sansaya wengi, Demang Kedhungtuwung banjur mrentahne marang rewang-rewange supaya nyawisake papan kanggo ngaso Ki Jatikuning, Palindhih lan Kunthing. Nanging jebul wong telu malah njaluk supaya panggonane leren awor karo Rangga lan Marga ing Gandhok Kulon. Wekasane Demang Kedhungtuwung ya mung kari manut wae.

 

Sauntara Rangga lan Marga sarta Ki Jatikuning lan kancane padha mlebu neng Gandhok Kulon, ing Pendhapa Kademangan kuwi isih rame wong-wong sing padha kulak warta bab wis ketemune Prawan Telu sing pranyata disikep ing Padhepokan Bulakbadher arep didadekne kawulane Bangsa Als sing nganggo jeneng Bathari Kali. Kulawargane Prawan-prawan sing ilang wis wiwit sore mau padha teka, ana sing banjur tetangisan merga seneng anake bisa bali, nadyan kahanane isih kaya wong sing ora genep nalare. Nanging uga akeh sing padha tetangisan sawise oleh katrangan yen anake wedok mbok menawa katut digawa dening wong-wong Paguron Kluwihan arep dipisungsungake marang sesembahane sing duwe jeneng Bathari Pramoni.

 

"Para sedulurku kabeh" kandhane Demang Kedhungtuwung marang wong-wong sing padha kulak warta ing pendhapa Kademangan kuwi "sepisan maneh aku rumangsa prihatin jalaran ilange warga Kedhungtuwung sing dibradhat dening wong-wong duraka. Dina iki mau wit pitulungane Gusti Ingkang Maha Agung, wis bisa digawa bali prawan cacah telu. Kahanane pancen isih mbutuhne pangupakara sing cukup, welingku marang para sedulur sing anake wis bisa digawa bali iki upakaranen putra-putra ndika iki kanthi becik murih enggal bisa pulih kahanane, menawa ndika karepotan ndika bisa matur marang Bebau ndika supaya diwenehi pambiyantu.  Marang sedulur sing anake durung bisa bali, aja cilik ati, awit Gusti Allah kuwi Maha Murah, padha wuwuhana anggon ndika padha nyenyuwun marang panjenengaNe.Jroning wektu sing ora suwe maneh, aku lan para prajurit Kademangan bakal nggoleki putra ndika sing ilang. Yen dina mau olehe nggoleki dibiyantu dening Anakmas Rangga lan Marga awit kudu ngadhepi Ki Kahastha lan Kunthara sing kasektene wis ndika ngerteni dhewe, mangka kanggo nggoleki sing durung ketemu bakale ora mung Anakmas Rangga lan Anakmas Marga sing paring bebantu, nanging uga Ki Jatikuning lan adhi-adhine lan sing luwih akeh maneh yaiku Wadyabala Prajurit Mataram sing dipandhegani Gusti Tumenggung Candrasanata".

 

Wong-wong sing padha krungu rembuge Demang Kedhungtuwung sing kaya wong sesorah kuwi padha manthuk-manthuk, jroning atine tuwuh pangarep-arep anyar.

 

"Saiki tak jaluk padha bali menyang omahe dhewe-dhewe lan tetep tansah samekta ing sawayah-wayah. Aja padha ninggal kaprayitnan, jalaran para durjana sing nedya gawe kisruhe Kademangan kene iki isih akeh sing durung bisa kapikut" Demang Kedhungtuwung mungkasi nggone sesorah. Para kang golek warta ing pendhapa uga banjur padha budhal mulih menyang omahe dhewe-dhewe.

 

Sauntara kuwi, ing regol panjagan Kademangan isih katon reja. Ora mung Prajurit sing duwe jejibahan rondha wae sing ana kono, nanging uga ora sethithik prajurit liyane uga para warga Kedhungtuwung sing melu mlumpuk ana kono. Prajurit lan wong-wonmg kuwi padha ketungkul ngrungokne critane Darmana salah sijining Prajurit kademangan sing mau melu budhal menyang Paguron Bulakbadher.

 

"Sasuwene aku urip lan dadi Prajurit lagi iki aku weruh Perang Tandhing sing nggegirisi" Darmana nyritakne kedadeyan ing Bulakbadher mau esuk "luwih nggegirisi tinimbang sing dicritakne Dhalang ing pagelaran wayang kulit ngana kae".

 

"Luwih nggegirisi karo critane Dhalang kuwi kaya apa lho Dar?" ana wong setengah tuwa sing jebul isih pakne cilik Darmana nyelani takon "sangertiku sing dicritakne Dhalang-dhalang pas mayang kae ki sarwa umuk kabeh, lha iki kok jaremu luwih nggegirisi tinimbang critane Dhalang kuwi kedadeyane banjur kaya apa no?".

 

"Tenan Lik" wangsulane Darmana karo alise dijengkerutne "nek weruh tandange Adhi Rangga sing ngadhepi Ki Bulakbadher ki jan  luwih nggegirisi tinimbang perange Raden Janaka neng lakon Karna Tandhing kae. Ki Kahastha ngetokne pangabaran sing sarwa nggegirisi, saking cukat lan cepete anggone obah nganti mripat iki ora bisa nyawang klawan cetha wewujudane sing lagi padha perang tandhing, sing katon mung wewayangan sing muser kaya obahe kitiran ngana kae".

 

"Lha Adhi Rangga mesthine ya ngimbangi pangabarne Ki Kahastha ngono Kang?" ana prajurit sing dhek mau ora katut dijak budhal, takon.

 

"Iya, padha" wangsulane Darmana "luwih-luwih upama kowe ngerti pas Ki Kahastha ngetokne pangabaran hawa panase ngono, mesthi kowe banjur ngoplok ora kuwat ngglawat kaya aku lan kanca-kanca liyane".

 

"Wooo kuwi mesthi jinise aji Alas Kobar ngana kae, kuwi" Pakne cilik Darmana numpangi rembug.

"mBuh aji apa jenenge aku ora ngerti" wangsulane Darmana "ngertiku sakiwa tengene papane perang tandhing kuwi ana hawa panas sing kagila-gila ngana kae, malah Ki Demang lan Ki Bebau sarta Jagabaya wae padha mundur ngadoh awor para prajurit pandhereke kaya aku iki. Nadyan mangkonowa rasa panas kuwi isih krasa arep ngobong-ngobonga raga, wis panaswe kagila-gila isih ditambahi ganda arus campur langu sing ndadekne ambegan sesak lan neng weteng dadi kaya diudheg ngana kae. Ora sethithik para prajurit sing banjur tiba golung koming neng lemah karo mutah cecek ora karuwan ngana kae".

"Kowe ya melu katut mutah cecek apa ora Kang?" Prajurit sing dhek mau takon, takon maneh karo ngguyu.

"He he he......" Darmana wangsulan karo ngguyu "aku beda karo kanca-kanca liyane, nanging aku luwih nemen maneh he he he ......".

Wong sak regol padha ngguyu krungu wangsulane Darmana sing keri dhewe iki.

"Lha sabanjure terus kepriye?" Pakne cilik Darmana takon.

"Sabanjure Adhi Rangga ya mesthi wae nek ora gelem kobong kena ajine Ki Bulakbadher, banjur mencolot rada ngadoh karo ngrapal japa, ora suwe saka epek-epeke Adhi Rangga katon cahya putih kaya perak ngana kae. Pas Ki Kahastha nyedhak arep nibakne pupuhan kepelane, dipapagne nganggo epek-epek dening Adhi Rangga ngarah dhadha. Rumangsaku epek-epek kuwi ora nganti nyenggol awake Ki Kahastha, ngerti-ngerti Gurune Ki Kunthara kuwi rubuh neng lemah, pas nggon dhadhane ketok gosong ngecap tlapak tangane Adhi Rangga, Ki Kahastha wis ora bisa sambat maneh merga wis ilang nyawane" Darmana mungkasi olehe crita.

Wong-wong sing dicritani padha eram, nadyan ora weruh dhewe nanging neng angen-angene padha nggambarake kaya ngapa anggone nggegirisi perang tandhing antarane Rangga lan Ki Kahastha.

"Lha ya ta?" Pakne cilik Darmana grenengan dhewe "nek ora weruh dhewe mesthi ora ana sing padha ngira, yen Angger Rangga sing isih timur kuwi jebul wis nggadhuh kadigdayan sing ngedab-edabi nganti Ki Bulakbadher sing jarene godhange kadigdayan wae klakon ora bisa tangi maneh ngadhepi ngelmune Nom-noman kuwi".

"Kuwi bener Kang" Prajurit kancane Darmana sing uga melu budhal menyang Bulakbadher mangsuli grenengane Pakne cilik Darmana "aku sing prajurit wae, maune wis gumun lan eram marang kadibyane Ki Kunthara luwih-luwih marang Gurune, nanging bareng weruh dhewe tandang grayange Adhi Rangga karo Adhi Marga , jebul keneng diarani dibandhingne karo nom-noman loro kuwi Ki Kunthara sing kulina dadi punjering kawigaten merga kerep mamerne kasektene marang aku sakanca, babar pisan ora ana apa-apane. Perang tandhing karo Adhi Marga, Ki Kunthara kuwi memper Macan Rembah sing ngasah arep nglethak ndhase Kebo Benthung, bareng karo Kebo Benthung Macan Rembah disabet nganggo buntute banjur...... mak klimpruk ora bisa tangi".

 

ana candhake.

 

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 92

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

92.

Kandha mangkono kuwi Rangga karo nyelehne drijine ing ngarep lambene. Ki Jatikuning uga banjur meneng, ngerti sing dikarepne Rangga. Pancen satemene Rangga lan Marga jebul wis padha tepung karo Ki Jatikuning, nalika Ki Jatikuning isih nganggo sebutan Raden Tumenggung Tutug Tunggu Nagara. Nalika Rangga wiwit mlebu Kraton Mataram, satemene Raden Tumenggung Tutug wis suwe anggone leren dadi Senapati Perang Mataram, nanging isih kerep sanja menyang Dalem Kepatihan, jalaran satemene Raden Tutug ora leren nggone ngabdi marangt negara, mung jejibahane wae sing salin. Yaiku dening Patih Mandaraka kapasrahan ngawat-awati kahanane nagara ing brang wetan, jumbuh karo papan asale Raden Tutug sing jebul ana ing Padhepokan Banjarsemanggi.

 

"Inggih nyuwun pangapunten Raden" kandhane Ki Jatikuning sawuse mapan lungguh "kula ingkang sampun sansaya sepuh punika, pancen remen pangling boten namung dhateng Ra, eh, Anakmas Rangga miwah Anakmas Marga kemawon, ingkang yegtosipun pulunan saking Ki Demang Kedhungtuwung".

 

"Bab Pangling punika mila limrah Kyai" wangsulane Rangga karo mesem "kula kemawon ingkang taksih lare inggih gampil supe, temah nalika Ki Jatikuning rawuh kala wau, kula boten enggal mapag. Estu kula kekalih boten nginten menawi ingkang rawuh punika Pepundhen ing Banjarsemanggi".

 

"Leres Anakmas" Ki Jatikuning semaur karo ngguyu lirih "menawi kaliyan rencang kula kalih punika mbok bilih Anakmas ugi sampun boten pangling malih ta?".

 

"Kula Palindhih rumiyin nika lho Rad...eh, Adhi Rangga" salah siji wong sing teka bareng karo Ki Jatikuning kuwi nrambul gunem.

 

"Menawi Kaliyan kula mila Pangling ta Adhi Marga? Kula Kunthing nika lho, Adhi" wong sing sijine numpangi gunem.

 

"Inggih-inggih, samangke kula inggih sampun boten pangling malih Kakang" Marga sing aweh wangsulan "nanging bares kemawon, samangke Kakang Palindhih lan Kakang Kunthing katingal langkung cakrak, makaten ugi Kyai Jatikuning, ugi katingal mundhak timur kemawon".

 

Wong telu kuwi padha ngguyu renyah krungu wangsulane Marga sing mangkono kuwi. Rangga lan Marga banjur padha nggagas, sajake kekuwatane Paguron Kluwihan kuwi ora baen-baen. Ketitik Patih Mandaraka kajaba mrentahne prajurit sagelar sepapan sing dipandhegani Raden Tumenggung Candrasanata, uga marentahne murid pethingane sing biyen wis duwe pangkat Rangga ing Bregada Perang Tandang Kepatihan Mataram.

 

Demang Kedhungtuwung sing weruh lan krungu anggone rermbugan antarane Rangga lan Marga karo Ki Jatikuning dadi gumun. Mau Rangga lan Marga kandha yen durung tau tepung karo Gurune, ya Ki Jatikuning kuwi. Nanging bareng wis padha ketemu jebul padha tepung raket. Lan sing luwih elok maneh, olehe  Rangga njaluk supaya sasuwene Priyagung-priyagung Mataram ana ing Kedhungtuwung, diaku minangka ponakane Nyi Demang uga lagi wae. Malah dheweke durung kober wangsulan, lha iki teka-teka Ki Jatikuning wis ngandhakne yen pangling karo ponakane Demang Kedhungtuwung. Aneh. sansaya aneh maneh, yagene Ki Jatikuning katon kurmat banget marang Rangga lan Marga?. Demang Kedhungtuwung dadi sansaya bingung.

 

"Wis Demange" kandhane Ki Jatikuning marang "ora sah ndika gagas, antarane aku, adhiku Palindhih lan Adhiku Kunthing iki karo pulunan ndika loro kuwi wis rada sauntara olehe wis padha tepung. Mung wae, Anakmas Rangga lan Anakmas Marga kuwi sing diuningani jeneng julukanku nalika isih nom biyen yaiku Tutug. Rak inggih makaten ta Anakmas?".

 

"Inggih-inggih Kyai" wangsulane Rangga karo mesem.

 

Demang Kedhungtuwung ora nyoba ngilangne rasa gumune. Nanging banjur tuwuh gagasan, duwe pangira yen Rangga lan Marga kuwi yen ora putrane panggedhe ing Mataram, ya putrane Pandhita gedhe sing nduweni kasekten linuwih, temah ing atase Ki Jatikuning wae klakon kurmat marang nom-noman loro sing ngakune mung bocah sing lagi dolan kepengin nurut lakune Bengawan Uluayu.

 

"Nyuwun pangapunten Bapa" kandhane Demang Kedhungtuwung sawuse rada suwe meneng "punapa Bapa sampun pikantuk warta saking Prajurit Sandi Mataram?".

 

"Bener kandhamu Demange" wangsulane Ki Jatikuning "sepasar kepungkur, ana Prajurit Sandi Mataram sing rawuh ing padhepokan Banjarsemanggi maringi rontal kinancing marang aku. Andilalah saungkure Prajurit Sandi mau, aku ketekan dhayoh saka perenging gunung Merapi, ya adhiku Palindhih karo adhiku Kunthing iki. Mula bareng isining rontal kinancing tak ngerteni, adhi-adhiku iki tak jak pisan menyang Kedhungtuwung, idhep-idhep keneng didadekne kanca rembugan nek ngepasi ana dalan. Lha Demange kapan katekan Prajurit sandi kuwi?".

 

"Estunipun anggenipun rawuh Prajurit Sandi punika sampun kala wau siyang Bapa" kandhane Demang Kedhungtuwung mangsuli pitakone Ki Jatikuning "nanging anggen kula mangertosi surasaning rontal kinancing nembe bakda serap niki wau".

 

Banjur Demang Kedhungtuwung kuwi nyaritakne kabeh lelakon sing lagi wae kedadeyan, wiwit budhal nglurug menyang Padhepokan Bulakbadher nganti tekan olehe maca warta sing digawa Prajurit Sandi Mataram mau. Ora ana sing kliwatan, kalebu anggone Kunthara sing saiki isih durung bisa tangi merga ketiban pecute Marga, patine Ki Kahastha sawuse adu katiyasan karo Rangga, sarta wadon prayangan sing bali wujud manungsa sing wekasane mati merga kalah adu kasekten karo Marga. Uga wis ketemune prawan Kedhungtuwung telu sing ilang dibradhat durjana ing Padhepokan Bulakbadher.

 

"Dadi Ki Bulakbadher wis kejodheran jati dhirine? Malah saiki wis tumekeng pati?" pitakone Ki Jatikuning sawuse Demang Kedhungtuwung rampung anggone crita.

 

"Inggih Bapa" wangsulane Demang Kedhungtuwung "kula boten nyana menawi Ki Kahastha ingkang nggadhahi aji jaya kawijayan linangkung punika saged pejah".

 

"Lha ndika kuwi kepriye ta? Apa lagi ngerti yen pulunan ndika loro kuwi nom-noman sing punjul ing apapak ?" Ki Jatikuning guneman karo mesem amba "lupute dhewe si Kahastha, ora weruh gedhene Gunung Lawu kae. Aja maneh kok mung Kahastha siji bisa menanga mungsuh Anakmas Rangga, mbok rangkepa sepuluh pisan, ora bakal menang mungsuh salah siji saka ponakan ndika kuwi".

 

"Ah, Paman Tutug punika lho?!" Rangga gage nyaut guneman "kok wiwit siyen dereng ewah, remenane kok ngompaki tiyang lho. Kula saged mimpang mengsah Ki Bulakbadher punika kala wau, namung kaleresan kemawon, kajawi makaten sajake Ki Kahastha nembe dhawah apes ngaten kemawon".

 

"Mila boten lepat ingkang kadhawuhaken dening Bapa Jatikuning punika" Demang Kedhungtuwung nutugtne kandhane "ketitik, sampun malih jamakipun tiyang limrah. Lha ingkang sampun wujud Prayangan kemawon saged kasoran perang tandhing kaliyan Anakmas Marga. Kamangka wadon prayangan punika ngakenipun siswa saking Bathari Kali. Lha punika ingkang badhe kula suwunaken pirsa dhateng Bapa Guru, Bathari Kali punika sinten?".

 

"Inggih Kyai" Rangga mbumboni rembug "kula kepengin mangertos cariyos bab Bathari Kali punika. Kaliyan cariyosipun Bathari Pramoni ingkang kabaripun Akekayang ing perenging wukir Lawu sisih ler kilen?".

 

Ki Jatikuning ora enggal aweh wangsulan, jalaran Ki Jatikuning dhewe uga nate krungu jeneng-jeneng sing disebutake kuwi. Nanging Ki Jatikuning durung ngerti kanthi tenanan kajaba mung kira-kira, kira-kira olehe nggothak-gathukake carita sing tau ditampa, sing tenane ora klebu ing nalar.

 

"Punika makaten Anakmas" wekasane Ki Jatikuning waleh karo apa sing wis dingerteni "ngertos kula nami-nami ingkang memper naminipun Dewa ing jaman Pewayangan punika inggih namung dhapur saking dedongengan, dados kula gadhah panginten wontenipun nami-nami punika inggih jalaran bodhonipun tiyang kapusan dening bangsa jim ingkang remen nalisiraken panembahipun manungsa. mBok menawi mila wonten Jim ingkang ngaken-aken nami Bathari Kali utawi Bathari Pramoni, lajeng mucalaken prakawis ingkang nalisir saking bebener dhumateng tiyang ingkang sami kesasar lan tiyang nasar. Manawi panginten kula punika leres, kula kinten boten wonten ingkang saged ngadhepi jim-jim punika kajawi siswanipun Ki Tanparupa".

 

"Lha dhateng pundi anggen kula saged manggihi siswanipun Ki Tanparupa punika Bapa?" Demang Kedhungtuwung nigas rembug, takon marang gurune "lan sinten asmanipun?".

 

Ki Jatikuning gumuyu, banjur wangsulan :

"Mengko yen wis teka titimangsane siswane Ki Tanparupa kuwi bakal ngaton dhewe, ora perlu digoleki, Demange".

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...