Total Tayangan Halaman

Rabu, 27 Oktober 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 03

 


cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

3.

Karmini banjur ngadeg mlaku menyang kamar, let sedhela wis bali mrono maneh karo nggawa amplop cacah loro, karo dhuwit seketan ewon rong lembar. Amplop karo dhuwit rong lembar kuwi banjur diselehne neng ngarepe Bagus, karo guneman :

 

"Niki Mas amplop kalih artane. Nyuwun pangapunten, kula wau boten wantun nampik, kula ajrih menawi mBak Vero utawi Mas Tiok duka".

 

Bagus ora enggal semaur, isih ketungkul anggone ngumbar gagasan.  Panyawange tumuju menyang amplop lan dhuwit sing lagi wae diselehne dening bojone nyang ngarepe. Nanging angen-angene adoh ngumbara ing awang-awang, miyaki jaman sing wis kawuri. Ing jaba udane wiwit tumiba, suwara banyu sing nibani gentheng omahe kumrosok rame, mratandhani yenj udane deres.

 

"Pripun Mas?" Karmini takon karo suwara rada kedher, nandhakne nek neng atine isih ana rasa wedi marang bojone.

 

"Heh, piye?" Bagus gragapan kaya wong lagi nglilir saka ngimpi.

 

"Niku lho amplop saking mBak Vero sing disukakne kula kalih Make, ugi sangu kangge lare-lare" Karmini wangsulan karo sajak rada anyel, jebul bojone mau ora migatekne omongane.

 

"Iya" Bagus wangsulan cekak.

 

"Iya pripun?" Karmini takon njaluk genahe.

 

"Iya sing kanggo mBahe ya ndang diaturne kana, nek kanggo apa ta apa. Sing kanggo awakmu ya dirawati sing becik, digunakne sing bener aja dienggo boros-borosan, banjur sing kanggo Arka karo Indri ya ndang diwenehne kon nyelengi, mengko nek celengane Indri wis mlumpuk akeh ben keneng ngge ngunggahne kaji bapakne" wangsulane Bagus karo mesem.

 

"Panjenengan boten duka saestu Mas?" Karmini takon karo mesem.

 

"Ora" Bagus wangsulan "aku rak wis wola-wali kandha, sing duwe perkara antarane aku karo sedulur-sedulurku lan wong tuwaku kuwi, aku. Awakmu, mBahe, bocah-bocah kuwi ora melu-melu lan ora ngerti apa-apa. Gajege, aku ya ora tau ngongkon utawa ngandhani awakmu lan bocah-bocah supaya padha nggething utawa ngingu rasa sengit marang Ibu, Tiok, mBak Tien apa dene mBak Evie ta?".

 

"Inggih" Karmini ngadeg banjur mlaku nggoleki simboke sing lagi neng pawon ngrageni bakalan tempe, bubar kuwi banjur mlebu kamare anake sing lagi padha nderes maca ayat-ayat Kitab Suci.

 

Nalika Karmini nggolek anake, Mak Jiyah mlebu marani mantune sing isih lungguh neng kursi cedhak meja makan.

 

"Wau niku kula nggih radi kaget lho Pakne Arka" kandhane Mak Jiyah karo mapan lungguh neng kursi cedhake Bagus.

 

"Nggih ta mBah ?" Bagus semaur sakecandhake.

 

"Lha enggih ta, lha tiyang nggih selawase kula niki dereng nate dilorohi kalih Den Tiok napa malih kalih garwanipun nika, kok dumadakan rawuh mriki, grapyak semanak malah ngasta jajan, kalih paring napa-napa, tibakne ajeng kundur wau taksih nitip angklop kangge kula napa" Mak Jiyah crita suwarane kumrepyek kaya banyu pancuran.

 

Bagus mung mesem wae, ora semaur apa-apa.

 

"Wau pas badhe wangsul kula aturi tempe sing buntelan ron plasa sing dadose tasih benjing enjing nggih kersa ngasta  lho" Mak Jiyah nutugne anggone crita.

 

"Kalih mBahe dibetani pinten ?" Bagus takon.

 

"Tigang jinah, ajeng diparingi arta ning kula nggig boten purun".

 

"Nggih mBah".

 

"Lha wong wis diparingi apa-apa kok mandhak tempe telung jinah wae arep ditampani dhuwite, saru ya Mak?" Karmini wis balik mapan lungguh maneh, banjur nyauti rembug.

 

"Lha iya lah" Mak Jiyah mangsuli Karmini "aku jan ora ngira babar pisan nek dina iki kerawuhan Den Tiok karo garwane.

 

"Ya padha ta Mak" Karmini nanggapi omonge Mak Jiyah "wis sepuluh tahun luwih aku iki ora tau kepethuk karo Mas Tiok lan Mbak Vero, nek ruh pas liwat neng ratan priyayine nitih mobil ngana kae pancen ya sok weruh, nanging ya mung saklebatan".

 

"Lha wong loro mrene kuwi mau, mung arep dolan karo arep nyangoni bocah-bocah, apa duwe karep liya?" Bagus nakoni bojone.

 

"Kula boten wantun matur Mas" wangsulane Karmini "nanging ngendikane mBak Vero wau, criyose Mas Tiok kangen kaliyan panjenengan, kalih kepengin kepanggih kaliyan lare-lare".

 

"Lha kangen karo aku kok olehe mara ngepasi aku ora nyang omah? Lha wong Tiok kuwi ya ngerti nek uripku kuwi wiwit esuk nganti surup sok tekan bengi neng ratan aspalan? lha kok mara rene awan-awan ya mesthi nek ora pethuke ta?" Bagus grenengan kaya omong karo awake dhewe.

 

"mBak Vero nggih ngendika ngoten niku, mula lajeng dhawuh nek sapeken-peken malih badhe tindak mriki malih ing wanci bakda magrib, kersane saged panggih kaliyan panjenengan" Karmini mangsuli olehe grenengan sing lanang.

"Ya wis, nyoh iki tampanana, asil dina iki" Bagus banjur ngogoh sak, masrahne asil olehe nyambut gawe sedina iki mau.

"Lha kagem mundhut bensin benjing enjing ?" karo nampani dhuwit sing diulungne sing lanang Karmini kober takon.

 

"Wis tak sisihne dhewe" wangsulane Bagus karo ngadeg arep menyang pasalatan, jam neng tembok wis nuduhne wektune wis manjing ngisak "aja lali disisihne sing kanggo dhaftar ulange Arka".

 

"Nggih Mas" wangsulane Karmini.

 

Bubar sembahyang ngisak Bagus arep terus leren neng kamar, nglurusne balung-balunge sawise sedina utuh ora ngglethak babar pisan. Tangane ditumpangne bathuk, Bagus ngglethak neng dhuwur amben ijen. Gagasane nglambrang, karo sajroning ati kebak pitakon : Tiok teka lan wis tumindak loman marang kulawargane kuwi duwe karep apa?.

 

Bendara Asper Raden Mas Surya Gutama kuwi kagungan putra papat, sing mbarep wadon jenenge Raden Ayu Sri Hartini, julukane Titien, banjur nomer loro Raden Ayu Evie Wulansari, julukane Evi, banjur Raden Mas Prastia Kusumaningrat sebutane Tiok, Bagus sing waruju jeneng komplite Raden Mas Bagus Kusumayuda. Nyambut gawe dadi Asper perhutani kuwi klebu priyayi luhur, mbawahi sinder sapirang-pirang. Uripe kajen kineringan dening sasamaning wong. Lan jaman semana jenenge Priyayi Luhur ngono kuwi, srawunge winates, tepungane ya karo padha-padha priyayi luhur. Wong-wong lumrahe olehe ngaji-aji ora karuwan. Sisa-sisa urip jaman feodal isih kenthel lumaku ing satengahing bebrayan. Aja maneh kok nganti pangkat Asper, lha wong sing mung pangkate Mandhor wae, wong-wong sakiwa tengene ora ana sing wani nganggo basa ngoko.

 

Dadi putrane Asper, kuwi ya ana kepenake nanging ya ana ora kepenake. Kepenake butuh apa-apa kari aba, ora tau kekurangan ing sabarang kabutuhan. Ora kepenake, uripe beda adoh karo kanca-kancane, apa-apa sarwa diatur lan ora bisa bebas dolan menyang ngendi-endi kaya kanca sapantarane. Kaya lelakone si Bagus, wiwit Sekolah Mlebu SD nek wayah kumpul karo kanca-kancane ora bisa nyauti apa sing dadi rembugane kanca-kancane. nek kancane crita perkara olehe golek welut neng sawah, Bagus ya mung mlongo. Nek kancane crita olehe slulupan lan lumban menyang kali, Bagus ya ora bisa melu mbumboni rembug. Nek kancane padha nyritakne olehe padha golek jangkrik utawa nguber walang, bagus blas ora mudheng karo sing dicritakne kanca-kancane mau. Kamangka critane ajeg nek rame, ketok nyenengake.

 

ana candhake.

 

 

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 02

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

2

Durung rampung Bagus karo Karmini mangan, ana suwara kemresek. Arka karo Indri mlebu omah sing banjur ditakoni Mak  Jiyah, simbahe. Kok wis padha mulih, merga adate kuwi olehe ngaji mesthi mulihe nek wis bar sembahyang Isak.

"Anu mBah, mendhunge peteng,  bledhege ya rame. Kuwatir nek mengko bocah-bocah kebetheng neng Masjid terus karo Mas Arif dikon padha mulih dhisik" sing wangsulan ngono kuwi Indri sing lagi kelas lima SD.

"Ya wis, nek ngono ndang padha dideres neng kamar kana, ben sansaya lanyah olehe ngaji" keprungu suwarane Mak Jiyah sing ngandhani Arka lan Indri.

"Nggih" sing wangsulan Arka sing banjur  mlebu arep menyang kamare.

Weruh nek Bapake  lungguh neng Kursi, sing ketok nek lagi rampung olehe mangan bocah loro kuwi padha nyedhak ngethungne tangane ngajak salaman. Pancen pakulinan neng omah kuwi, nek Bagus teka saka nyambut gawe, anak-anake padha ngajak salaman lan ngambung tangan. Kaya nek bocah-bocah kuwi teka saka sekolah utawa ngaji mesthi banjur ngajak salaman mBahe, Ibune lan Bapakne karo ngambung tangan.

Mripate Bagus weruh ana sing krasa beda ing sore kuwi, neng pundhake Arka lan Indri semampir sajadah sing apik. Kamangka sasuwene iki bocah loro kuwi durung tau ditukokne sajadah.

"Lha kuwi sajadahe sapa Ka?" ora sranta Bagus nakoni anake, kuwatir sajadah masjid katut digawa anake lanang.

"Sajadahe Arka Pak" wangsulane anake lanang karo mesem, terus nudingi sajadah sing disampirne pundhake adhine "olehe maringi Budhe Vero wau? Adhik nggih diparingi kok, lha niku".

"Enggih Bapak" Indri melu nrambul omongan "sajadahe Mas Arka apik ning kegedhen, kaya sajadahe mBah Kyai Anas. Nek sajadahe Indri niki kedawan, ning apik".

 Bagus ngguyu wae krungu wangsulane anake wedok ngono kuwi, banjur kandhane :

"Ya wis ndang padha nyang kamar kana, mau dening Simbah dikandhani apa?"

"Nggih Pak" wangsulane Arka "ken nderes Al-Qur'an".

Bocah lor kuwi banjur menyang kamare dhewe-dhewe.

"Niki wau ngeten lho Mas" sawise anak-anake mlebu Karmini wiwit omong "wau ngajengne ngasar wau Mas Tiok kalih mBak Vero rak mriki?"

"Iya mau kowe wis omong" wangsulane Bagus.

"Lha nggih niki kula tutugne" panyaute Karmini "criyose mampir, nembe wangsul saking Kutha. Panjenengan dipun pundhutne sarung kalih sajadah, kula kalih Mak-e diparingi Rukuh kalih sajadah, lare-lare nggih diparingi Rasukan kalih sajadah".

Karmini meneng sedhela, ngenteni tanggapane sing lanang. Nanging Bagus mung meneng, ora saulu apa-apa. Ana rasa aneh sing dumadakan mencok neng angen-angene. Wiwit sadurunge Bagus dadi bojone Karmini, sedulur lanange sing jenenge Raden Mas Prastia Kusumaningrat kuwi wis ora lorohan karo dheweke, nek dina iki dumadakan Tiok mara neng omahe malah ngajak bojone barang, banjur nggawakne panganan lan nukokne barang-barang marang anak bojo lan maratuwane kuwi bener-bener barang sing aneh. Lan angel bisa dipikirne nganggo pikiran waras, merga Tiok kuwi ora gelem nyauri nek Bagus nglorohi, merga wis nganggep nek Bagus kuwi wis dudu adhine maneh, wis dudu sedulure maneh. Lan Bagus dhewe ya nimbangi, pethuka neng dalan Bagus ya ethok-ethok ora weruh, malah saupama ing pasamuwan ngana kae, upama Bagus kudu ngajak salaman wong-wong sing luwih dhisik ana kono, lan upama Tiok mbeneri ya ana, Bagus luwih seneng ngliwati Tiok lan nyalami wong liyane.

"MBak Vero ugi mbeta jajan kangge lare-lare, kalih oleh-oleh kangge Panjenengan, wau kalih masrahne oleh-olehe mBak Vero wicanten : jarene Masmu iki karemane Dhik Bagus lho Dhik, ngaten. Lan Mas Tiok nggih mangsuli : iya aku iki kakangane Bagus, dadi wis apal panganan apa sing dadi karemane. Ngoten Mas" Karmini nutugne anggone crita.

"Lha neng kene sedhela apa suwe?" Bagus takon.

"Nggih radi dangu, wong Mas Tiok kalih mBak Vero lajeng nanggap lare-lare, Arka kalih Indri" wangsulane Karmini.

"Cah loro kuwi ditakoni apa wae?" Bagus takon maneh.

"Nggih ditakeni bab sekolahe, ngajine, sinaune lajeng cita-citane" wangsulane Karmini banjur mesem "Panjenengan pirsa Mas ? Napa cita-citane Indri?".

Bagus melu mesem, banjr wangsulan :

"Embuh aku lali, nek Arka jarene kepengin dadi wong pinter sing bisa aweh tetulung marang wong-wong sing kudune ditulung ngono wae".

"Nggih nek Arka pas didangu pakpuhe wau nggih ngoten niku wangsulane, lha nek sing kepireng radi lucu, ning damel kula terharu niku rak malah wangsulane Indri. Boten kula dhewe sing terharu, malah mBak Vero ngantos mbrebes napa kok" kandhane Karmini sabanjure.

"Lha kok marahi terharu, kuwi cita-citane Indri ki apa?"

"Cita-citane niku pengin dadi tiyang sugih, criyose nek mpun sugih ajeng ngunggahne Kaji mBahe, Bapakne, Ibune lan sedherek-sedhereke Bapake sing dereng saged minggah kaji dhewe".

"Kuwi cita-citane Indri? Lha mandhak mung ngono wae kok terharu lho?" Bagus semanta.

"Ketingale sepele Mas, ning niku nuduhne nek putrane Panjenengan niku lare sing bekti dhateng tiyang sepuh, boten mung mikir senenge dhewe mawon. Wong Criyose si Indri niku wau ngeten : nek mpun saged munggah kaji teng Mekah, supados sami diampuni dosa-dosanya kalih Gusti Allah, kersane boten enten sing nyemplung neraka, criyose Indri, Indri niku boten iklas nek Bapak Ibune, mBahe lan sedherek-sedhereke Bapakne wonten sing nyemplung neraka, ngoten lho Mas" wangsulane Karmini  "Kula rak terus dadi kelingan, nek tiyang kados awake dhewe sing arang saged ngamal, malah kerep nampi sedhekah lan amale tiyang sanes ngeten niki, rak nggih kangelan ta Mas ajeng mlebet suwarga niku?. Mula kula nggih lajeng terharu".

"Iya" Bagus wangsulan cekak . Sajroning atine, dheweke rumangsa wis luput marang bojone, merga ora nganggo taren-tarenan dheweke ajeg nisihne pengasilan saben dinane sing mung telung persen saka pengasilane, dilebokne menyang Kotak Amal Panti Asuhan Yatim Piyatu kanthi sesidheman. Rumangsane kanthi mangkono, anak bojone wis katut oleh ganjaran saka Sing Kuwasa lan sasuwene iki Bagus ora duwe pikiran yen bojone ya butuh bisa ngamal lan sedhekah. Mula bareng bojone kandha kaya mangkono kuwi, Bagus arep ngowahi carane ngamal, yakuwi kanthi cara diedum. Sing separo olehe ngamal ben ditindakne bojone.

"Lha Mas Tiok rak lajeng nakeni Indri ngeten : Indri ya gak iklas nek Pakpuh cemplung neraka? ngoten" Karmini isih nutugne olehe crita.

"Lha wangsulane anakmu wedok piye?" Bagus takon.

"Indri lajeng wangsulan ngeten : nggih boten iklas no Pak Puh, pokoke Pak Puh kalih Bupuh kalih Eyang lan sedaya putrane Eyang benjing kudu mlebet suwarga, Tiyang baik-baik mosok nggih pantes cemplung neraka ta Pak Puh ?, ngoten wangsulane Indri".

"Lha Tiok karo Vero terus piye?" Bagus ngguyu.

"Lha niku sing ndadosne terharu, Mas Tiok malah mbrebes luhe dleweran, Indri dikekep-kekep kalih diambungi gentosan kalih mBal Vero" wangsulane Karmini karo mripat kaca-kaca.

Bagus ora semaur maneh, nganti Karmini nutugne olehe kandha :

"Wau pas badhe pamitan, kula ditilari amplop kalih mBak Vero, Mak-e nggih disukani, lajeng Arka kalih Indri nggih disangoni, lare setunggal diparingi seket. Sedaya tesih kula singgahne, ngentosi panjenengan, kula kuwatos menawi panjenengan boten kepranan ing penggalih".

Bagus meneng ora semaur, pikirane wiwit nglambrang tekan ngendi-endi.

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 01

 

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

1.

 

Wektune wis ngarepne surup, mendhung peteng nutupi langit, Bagus nglebokne mobil tuwa kancane nyambut gawe golek sandhang pangan saben dinane nyang garasine. Sadurunge mudhun, saka mobile Bagus ngrogoh sak clanane jeane sing wis mbladhus rupane. Ngetung dhuwit oleh-olehane nyambut gawe wiwit sadurunge mlethek srengenge mau. Satus telung puluh lima ewu repis. Gawan saka omah mau selawe ewu, dadi asil olehe nyambut gawe sedina iki mau kabeh satus sepuluh ewu.

"Alhamdulillah.........." alon-alon lambene ngucap sukur marang Pangeran. Wingi sore Karmini, bojone, ngandhani nek kanggo dhaftar ulang anake mbarep sing wiwit mlebu SMA mbutuhne dhuwit telungatus selawe, komplit sasragame.

"Teng edharane disebutne paling lambat tanggal tiga lho Mas" kandhane Karmini sawuse omong butuhe dhuwit kanggo dhaftar ulange Arka, anake lanang sing mbarep kuwi.

"He eh" wangsulane Bagus karo mapan ngglethak, nglurusne balung sawise sedina utuh lungguh neng jog mburi setir angkotane "kuwi sing seket sisihna dhisik, mengko kurange digolekne karo mlaku. Wong iki isih tanggal rolikur, muga-muga disisihna saben dina nek wis pas mbayar bisa cukup".

"Enggih" wangsulane Karmini "kula tak ndelok Tipi riyin nggih Mas?".

"Ya" Bagus wangsulan ora karo ngingeti bojone, merga kaselak kepengin bisa leren.

Bubar ngetung dhuwit oleh-olehane, sing selawe dijupuk maneh disisihne arep kanggo tuku bensin sesuk. Banjur mudhun mlaku mlebu omah. Iya mlebu omah, omahe maratuwane. Pancen Bagus kuwi dadi siji karo Maratuwane, jeneh Karmini kuwi ora duwe tunggal lan mara tuwane Bagus sing lanang wis ora ana sadurunge Bagus dadi mantune.

"Assalamu'alaikum, Bapak datang......." karo njangkah mlebu omah Bagus uluk salam. Wis dadi pakulinan wong saomah kuwi nek teka saka lunga, mbuh sekolah mbuh kerja, kulina uluk salam.

"Salam....." ana suwara wangsulan, Mak Jiyah metu saka kamare sing gandheng karo ruang tamu, mbagekne tekane mantune, karo pitakonan "kok ngantos serap ta Pakne Arka?"

Wiwit durung dadi mantune Mak Jiyah kuwi nek karo Bagus ajeg nganggo basa krama, merga Bagus kuwi temene ngono isih putrane nDara Asper Adm. Perhutani, titele wae isih nganggo sebutan Raden. Lha Mak Jiyah kuwi mung wong cilik, dadi wiwit Bagus isih bocah Mak Jiyah kuwi nek karo Bagus kudu basa, ben ora diarani wong ora duwe duga.

"Inggih mBah" wangsulane Bagus, Bagus ki nek nyeluk maratuwane "mBah" merga mbasakne anak-anake "Lha ibune Arka napa tasih teng pawon?".

"Enggih, criyose wau kelalen angsale ajeng nggodhog toya, nek Arka kalih Indri empun budhal ngaji".

Bagus wis ora nyauti maneh, banjur bablas mlebu kamare. Njupuk salin arep mangkat adus menyang sumur, pancen kamar mandhi omah kuwi manggone cedhak sumur, dadi nek ngarani ya adus nyang sumur ngono wae. Lagi wae, Bagus arep jumangkah metu, Karmini mlebu kamar marani.

"Badhe terus siram ta Mas?" Karmini takon.

"Iya, selak kedhisikan udan mengko" wangsulane Bagus karo arep terus mlangkah.

"Sekedhap toyane panas kula soke teng ember riyin" Karmini semaur karo mbalik metu ningalne kamar.

"Wis tak angkate dhewe wae, rak isih neng dhuwur pawon ta?" Bagus takon.

Karmini ora semaur merga wis luwih dhisik mlaku tekan pawon lan ngesokne banyu panas saka ketel sing lagi wae diobori nganggo kayu obong neng pawon, menyang ember . Bagus banjur nututi,  ember isi banyu panas banjur dicangking digawa menyang kamar mandhi arep dienggo adus.

Durung nganti Bagus mlebu kamar mandhi, Kenthongan Masjide Kyai Anas wis ditabuh banter, disusul suwara adzan sing keprungu endah, kepenak dirungokne kuping. Bagus apal suwara adzan kuwi suwarane anake lanang, Arka Bismantaka. Bagus mandheg ora sida mlebu kamar mandhi, ngenteni olehe adzan anake rampung. Jroning atine tuwuh rasa seneng lan rumangsa sukur marang Pangeran, dene nadyan awake dhewe durung bisa sembahyang kanthi tertib jama'ah neng masjid, kegawa saka repote nandangi gaweyan, malah sok-sok ya gothang barang, nanging anake lanang sing lahir mbarep sregepe ngibadah ora karuwan. Wiwit isih neng SD nganti saiki arep mlebu SMA prihatine gedhe, kerep nglakoni tirakat pasa senin kemis lan pasa-pasa sunah liyane. Saben sore saben bubar shalat magrib banjur nyuwun wulang ngaji marang Pak Kyai Anas. Sepisan maneh Bagus ngaturne panuwun marang Pangeran, dheweke sing ora tau ngerti rupane alip bengkong, diparingi turun sing sregep lan pinter ngaji.

Rada suwe keprungu suwara iqamat, Bagus lagi rampung olehe adus. Banjur sembahyang dhewe ana omah. Neng jaba suwara gludhug banter sesautan rame. Bubar sembahyang wis ditunggu Karmini sing lungguh ana kursi ngadhep meja sing kulinane dienggo mangan. Neng kono wis cemawis wedang kopi pahitan karemane. Bagus mapan lungguh neng kursi, banjur takon :

"Kanggo bocah-bocah wis disisihne? Lha mBahe wis diaturi dhahar pa rung ?" pitakonan ngene iki meh saben sore tansah diucapne dening bagus marang bojone.  Lan Karmini ora tau bosen mesthi banjur semaur :

"Sampun".

Bagus nyandhak tudhung saji sing kanggo tutup panganan neng meja, nanging banjur nyawang bojone karo sunar mripat kebak tandha pitakon. Polatane katon yen lagi rada kaget.

"Wonten napa Mas?" Karmini sing rumangsa disawang suwe dening sing lanang banjur takon.

"Ayo mangan pisan bareng aku!" wangsulane Bagus . Ora semaur Karmini uga banjur nyandhak piring njupuk sega kanggo awake dhewe. Nek bagus kuwi wiwit biyen ora seneng dijupukne, pilih njupuk lan imbuh dhewe.

"Saka ngendi iki mau?" Bagus takon maneh sadurunge njupuk lawuhan sing cemawis, olehe arep njupuk ayam goreng diwurungne malah ngalih nyidhuk sambel sing cemawis sak lempere.

"Oh, inggih kula dereng kober criyos" wangsulane Karmini "wau wonten tamu, mbetakne oleh-oleh kangge Panjenengan kalih lare-lare, Nggih niki oleh-olehe sing kangge panjenengan, niku wau mpun kula sisihne kangge Arka kalih Indri, kalih Mak-e nggih mpun kula pilihne sing enten brutune".

"Ya wis" Bagus wangsulan diterusne nganggo pitakonan "sapa ta dhayohe?".

"Mas Tiok kalih mBak Vero, wau bakda ngasar rawuh mriki ngajak putra-putrane".

"Tiok karo Vero gelem mlebu omah kene?" Bagus takon karo suwara dhuwur sanadyan ora pati banter "kowe kuwi nglindur apa ngimpi? apa kupingku sing wis owah? apa sing lagi ngimpi kuwi aku?".

"Sampun ta Mas" Karmini nyedhaki sing lanang karo omong "sak niki dhahar rumiyin kemawon, mangke menawi sampun tuwuk, kula criyosi sawetahipun".

Bagus ora semaur, banjur nutugne olehe mangan. Lawuh ayam goreng babar pisan ora disenggol, pilih njupuk tempe goreng sing cetha nek kuwi tempe gaweyane mara tuwane karo sambel bawang neng layah sing lagi wae diuleg dening Karmini.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 100

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

100.

Ngerti kancane telu wis padha rubuh koncatan nyawa Panembahan Sekarjati sansaya muntab kanepsone, kepengin genti males marang wong-wong sing wis gawe patine kanca-kancane kuwi. Nanging Rangga ora bisa ditinggalne, malah Pangareping Paguron Kluwihan kuwi sansaya digawe pegel atine, kabeh ngilmu sing dicakne ing perang tandhing iki prasasat muspra ditamakne marang Rangga, jalaran ajeg Rangga bisa nimbangi kabeh pangabarane.  Luwih panas atine Panembahan Sekarjati nalika kober nglirik ing kalangan sisihe, Panembahan Ciptarasa uga durung bisa ngrampungne gaweyane, mung mungsuh nom-noman sing durung duwe jeneng ing jagading kanuragan wae jebul Panembahan Ciptarasa ora beda karo kahanane sing uga durung bisa ngalahne Rangga.

 

Pancen wektu kuwi, Panembahan Ciptarasa wis ngecakne tataran ngilmu kanuragan lan aji jaya kawijayan sing dhuwur dhewe, nanging jebul Rangga sing ngaku mung pangon sapine Demang Kedhungtuwung kuwi babar pisan durung katon bisa kadheseg mundur malah suwara pecute sing wiwit ora nyuwara kuwi jebul luwih mbebayani tinimbang yen nyuwara gumleger kaya bledheg sing nyamber. Saben-saben Marga nyeblakne pecute sing mung nyuwara kaya bocah cilik nyabet wedhuse ngana kae, jantunge Panembahan Ciptarasa kaya arep rontog-rontoga. Sansaya kerep Marga nyeblakne pecute, sansaya adoh Panembahan Ciptarasa kadheseg mundur .

 

Dumadakan tanpa kawruhan sangkane, ing papan kono wis jumedhul macan gembong cacah papat sing nggero-nggero arep nubruk Marga. Gageyan Marga tumandang, salah sijine macan gembong sing cedhak dhewe karo panggonane disabet nganggo pecute. Macan Gembong kuwi mlumba ngendhani, panyabete Marga luput. mBarengi kuwi Panembahan Ciptarasa nyamberne tesbehe ngarah sirah. Tujune Marga isih bisa ngendhani, temah sirahe ora sida pecah kesamber tesbeh sing obahe disurung dening aji jaya kawijayan linuwih saka hawa murnine Panembahan Ciptarasa. Najan mangkonowa, Marga kapeksa kontal memburi lan tiba kajengkang neng lemah nalika dheweke ngendhani samberan tesbeh, sikil tengene Panembahan Ciptarasa kober nyadhuk pas ngenani lambunge. Mung tujune wektu kuwi Marga wis ngecakne aji Tamengwaja, dadi nadyan awake kontal memburi nanging panyadhuke Panembahan Ciptarasa ora bisa mlebu tekan jeroning lambunge, mung kandheg ana jaba.

 

"Ana Bajul ngambang neng Kali Tuwung, Marga!" dumadakan saka kalangan sisihe Rangga mbengok banter "gage gusahen nganggo klaras kobong!".

 

Marga mesem krungu pambengoke Rangga ngono kuwi, Marga kelingan nalika ing Kali Tuwung diajak guyon dening Ki Darim klawan wewayangan semu sing wujud baya kumambang ing banyu. Marga dadi ngerti nek macan-macan sing ngepung dheweke kuwi mung wewujudan semu  sing direka dening Panembahan Ciptarasa. Karo tangi lan pasang kuda-kuda kanggo ngadhepi serangane mungsuhe Marga babar pisan ora kengguh karo panggerone macan gembong papat sing ngepung dheweke.

"Setan alas" Panembahan Ciptarasa misuh, bareng weruh Marga wis ora kengguh dening ngelmu wewayangan semune .

"Ana apa Panembahan? Macan-macanmu jebul ora duwe untu lan kuku ta? tiwas aku mau wedi nek kena cakarane" kandhane Marga nanggapi pisuhane Panembahan Ciptarasa.

"Aja kesusu bungah kowe Marga" wangsulane Panembahan Ciptarasa karo nggetak. Panembahan Ciptarasa mletik mendhuwur jungkir walik ing awang-awang  . Nalika sikile bali ngidak lemah, ing kono wis ana Panembahan Ciptarasa sing cacah lima, iya Panembahan Ciptarasa dadi kembar lima. Kabeh nyekeli tesbeh lan padha pencolotan obah dhewe-dhewe ngepung Marga.

 

"Aji Kiblat Papat"  Marga guneman lirih . Pancen bener apa sing diucapne Marga, wujud Panembahan Ciptarasa sing kembar lima kuwi dudu wewayangan semu, nanging nyata, dayane aji Kiblat Papat sing dicakne dening mungsuhe. Mung wae, sanajan cacahe Panembahan Ciptarasa ana lima, nanging punjere ya mung siji, sing papat sajroning kendhaline Panembahan Ciptarasa sing aseli. Marga tumuli matak aji peparinge Ki Tanparupa sing jeneng Aji Sasra Panggaraita. Kanggo ngaweruhi endi Panembahan Ciptarasa sing aseli lan endi dumadi saka aji Kiblat Papat, Marga ora bisa nggunakne panduluning mripate, nanging klawan aji Sasrapanggraita, Marga dadi ngerti ing ngendi mapane Panembahan Ciptarasa sing aseli.

 

Sauntara kuwi, Panembahan Sekarjati sing sansaya kethetheran ngadhepi Rangga banjur duwe pikiran sing licik. Dumadakan Pangarsane Paguron Kluwihan kuwi ngrogoh kanthong gedhe sing ditalekne ing lempenge, bareng didudut metu, saka tangane banjur akeh peso-peso cilik sing mencelat ngarah pernahe Ki Jatikuning, Arya Palindhih lan Kunthing. Rangga kaget kaworan gumun ngerti cara sing ditempuh Panembahan Sekarjati kanggo mecah kawigatene kuwi. Pancen Panembahan Sekarjati duwe karep mateni Ki Jatikuning, Arya Palindhih lan Kunthing sarana disawat nganggo peso-peso cilik sing dadi piyandele, mumpung wong telu kuwi lena merga katungkul nyawang anggone perang tandhing dheweke mungsuh Rangga lan Marga mungsuh Panembahan Ciptarasa. Petunge Panembahan Sekarjati, yen wong telu kuwi dumadakan mati, Rangga lan Marga mesthi kaget lan bisa dilena. Nanging, jebul petunge Panembahan Sekarjati kleru, wong telu murid-muride Patih Mandaraka kuwi jebul tansah samekta ing sawayah-wayah. Mula nalika ana kumlebating peso sing disawatne dening Panembahan Sekarjati, wong telu kuwi kanthi gampang bisa ngendhani.

 

Ngerti yen panyawate luput, Panembahan Sekarjati sansaya muntab kanepsone, banjur ngecakne aji jaya kawijayan sing dhuwur dhewe, yaiku aji panglemunan. Dumadakan Panembahan Sekarjati ilang saka panyawange Rangga lan wong liyane. Ngerti-ngerti Rangga tiba kajengkang neng lemah, merga kena sadhukan sikile Panembahan Sekarjati saka Alam Panglemunan.  Tujune, padha karo Marga Rangga uga wis mageri awake nganggo aji Tamengwaja, dadi sadhukane Panembahan Sekarjati ora mbebayani marang kaslametaning jiwane.  Nanging Rangga dadi nesu ngerti tandange Panembahan sing rusuh ngono kuwi, banjur ngecakne aji Sasrapanggraita kanggo meruhi papane mungsuhe binarengan karo matak aji Lebur Sakethi sing ditampa saka Korine Pangeran Surawiyata. Panembahan Sekarjati sing ora ngerti yen pandhelikane ing Alam Panglemunan wis dingerteni mungsuhe kuwi, dipupuh sirahe dening Rangga sing wis ngecakne aji Lebur Sakethi. Tanpa bisa sambat, Panembahan Sekarjati rubuh neng lemah kanthi sirah sing wis pecah, mati padha sakala.

 

Bareng karo rubuhe Panembahan Sekarjati, Marga sing uga wis ngaweruhi wujude Panembahan Ciptarasa sing sejati, nibakne pecute linandhesan aji Panglebursatru. Upat-upat pecute Marga nggubed gulune Panembahan Ciptarasa, banjur disendhal kaya panyendhale wong  mancing. Panembahan Ciptarasa tiba neng lemah kanthi gulu sing kejiret banjur keseret dening sendhalane Marga, Panembahan Ciptarasa ora bisa sambat, mati sanalika.

 

Weruh para penggedhene wis padha mati, cantrik-cantrik Kluwihan padha meneng ora wani obah. Malah akeh sing banjur ndheprok neng lemah nyelehne gegamane. Ki Jatikuning banjur mara nyedhaki cantrik-cantrik sing wis kentekan ati kuwi karo kandha :

"Para sedulur, ndika kabeh ora prelu wedi. Ndika ora bakal dikatutne dosane Panembahan Sekarjati lan wong-wong sing wis padha ngundhuh pakartine kae. Nanging ana sarate, yaiku : ndika kabeh kudu blaka, omong apa anane sawayah-wayah ana pitakonan saka Senapati Mataram sing bakal teka ana kene. Kepriye ndika padha saguh apa ora?".

 

"Inggih Kyai, kula ndherek" cantrik-cantrik kuwi padha wangsulan saur manuk.

 

"Sabanjure kepriye Paman Tutug?" dumadakan Rangga karo Marga wis ngadeg ana sandhinge Ki Jatikuning.

 

"Ketingalipun pedhut ingkang nutupi  Kademangan Kedhungtuwung sampun sumilak, anyarengi sirnanipun Raden Gumiwang, Raden" wangsulane Ki Jatikuning .

 

"Yen mangkono, mangsa borong nDika karo Kakang palindhih lan Kakang Kunthing nggone bakal ngrampungne perkara iki sawayah-wayah Paman Pangeran Singasari lan wadya bala Mataram sarta Prajurit Kademangan Kedhungtuwung teka ing kene. Aku karo sedulurku arep nerusne laku, nindakne dhawuhe Kanjeng Eyang Patih Mandaraka, nglari Sendhang Mustikaning Warih sing manggon ana perenging Gunung Lawu. Ora liwat aku njaluk tulung, pamitna marang Demang Kedhungtuwung lan Para Bebau lan Jagabayane. Lan yen kapeksa ndika ngandhakne marang Paman Pangeran Singasari yen aku kober mampir ing kene, aturna pangabektiku marang panjenengane lan suwuna pangapura kanggo aku lan sedulurku Marga".

 

Ora nunggu wangsulan Rangga banjur njawil Marga. Mung saklebatan nom-noman loro kuwi banjur mencolot, mlayu kanthi aji sepi angin ninggalne Ki Jatikuning sakancane.

 

sigeg.

telas rinakit ing sanggar maladi hening, Kamis Legi selikur Mulud 1955 Alip. 28 Oktober 2021.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 99

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

99.

Ing kalangan sisihe, wong telu maju mungsuh wong telu. Yaiku Panembahan Timur, Wasi Wisapati lan Janggan Kumala adhep-adhepan karo Ki Jatikuning, Arya Palindhih lan Tumenggung Kunthing. Pranyata wong trelu agul-agule Paguron Kluwihan kuwi ora kulina perang cara pasang-pasangan, beda karo para murid-muride Patih Mandaraka sing kulina nempuh perang brubuh. Suwe-suwe wong-wong Kluwihan kuwi milih musuh dhewe-dhewe, dadi banjur dadi perang tandhing lumrah siji musuh siji. Panembahan Timur wis munjerne kawigatene marang Ki Jatikuning dhewe, Wasi Wisapati milih mungsuh Tumenggung Arya Palindhih lan Janggan Kumala adhep-adhepan karo Tumenggung Kunthing. Paprangan banjur mlaku sansaya rame.

 

Kaya sing disasmitakne dening Panembahan Sekarjati, wong telu andel-andel Paguron Kluwihan kuwi uga wis ngecakne ngelmu sing manggon ing tataran dhuwur. Panembahan Timur wis ngliga keris pusaka sing katon murup ana gegemane. Saka keris pusaka kuwi ngetokne perbawa hawa panas sing kagila-gila, sing ndadekne kahanan kono krasa kaya ing cedhak kawahing gunung sing lagi umub. Nanging Ki Jatikuning nyata tilas senapati pinunjul Mataram, weruh yen mungsuhe ngetokne keris pusaka kang ngemu perbawa, Ki Jatimuning uga banjur nimbangi klawan ngunus keris pusaka peparinge Ki Jurumartani sing jeneng Kyai Udanmas. Ora kalah ampuhe keris Udanmas karo keris pusakane Panem bahan Timur, Kyai  Udanmas uga ngetokne daya pangaribawa, ana hawa adhem sing tansah nututi hawa panas sing metu saka pangabaran pusakane Panembahan Timur. Mangka perang antarane Panembahan Timur mungsuh Kyai Jatikuning kuwi dadi sansaya nggegirisi.

 

Ora kalah ramene karo sing ana sisihe, Wasi Wisapati sing cukat trengginas klawan tumbak pusaka  neng tangane, ora ana kendhate tansah nerjang lan nyerang Arya Palindhih sing gegaman pedhang. Wong loro padha dene duwe kaluwihan cukat lan trengginas. Nanging Arya palindhih muride Ki Patih Mandaraka kuwi luwih menang ing babagan kawruh perang, ndadekne pangamuke Wasi Wisapati ora pati ana asile. Kabeh serangane bisa ditangkis kanthi becik utawa diendhani dening Arya Palindhih.

 

Janggan Kumala sing tumbake ketok murup mripate lan tansah ngarah marang dhadhane Kunthing, jebul ketanggor. Kunthing nadyan katone meneng, jebul ora pati duwe rasa sabar. Pucuk pedhang tipis sing ana tangane ora gelem leren ngubengi ragane Janggan Kumala, malah wis bola bali pucuk pedhang kuwi kasil  nggarit gegere Janggan Kumala. Sanadyan kena diarani tatu sing ana geger lan lengene kuwi babar pisan ora ndrawasi marang kaslametaning jiwane, nanging wis ndadekne Janggan Kumala sansaya kaya kobong rasaning jantunge saking nesune.

"Setan keparat" Janggan Kumala mencolot memburi kanggo ngedohi Kunthing karo guneman banter "aja girang gumuyu dumeh kwe wis bisa gawe tatu ing kulitku. Sedhela maneh bakal tak gawe picak mripatmu lan tak sunduki jantungmu, merga saka degsuramu marang Janggan Kumala. Ayo ngakuwa sapa aranmu sadurunge mencelat nyawamu".

 

"Rungokna Kumala, jenengku Kunthing sapukawat pangarite Ki Demang Kedhungtuwung" wangsulane Kunthing "aja ndadak ewuh pekewuh, sing kok adhepi mung tukang ngarit, ayo suntaken aji jaya kawijayanmu, ora-orane nek arep tak tinggal mlayu".

 

Janggan Kumala tumuli nata napase lan wiwit ngecakne aji Pegawisa sing dadi andel-andele. Saka mripat tumbake Janggan Kumala tumuli katon murup abang kaya geni tumper saka pucuke metu kukus kumelun sansaya suwe sansaya gedhe, Kukus abang semu ireng sing nggawa hawa panas kagila-gila kaimbuhan ganda langu campur badheg ora karuwan.

 

Meh bareng karo Janggan Kumala matak aji Pegawisa, Wasi Wisapati uga wis ngecakne puncak ngilmune yaiku aji Sarpasaleksa. Tumbak sing dicekeli, dumadakan ngetokne suwara ngakak kaya suwarane ula gedhe sing lagi luwe. Ilang mripate tumbak, sing katon ganti ula welang sing nyander-nyander, ngempros, nyembur, nyander-nyander mungsuhe. Arya Palindhih kadheseg memburi lan terus ditututi dening Wasi Wisapati, karo ula welang sing nyembur-nyemburne wisane. Nalika Arya Palindhih terus kadheseg mundur, kahanane Kunthing uga ora pati beda. Kunthing uga katon kethetheran katempuh dayaning Aji Pega Wisa sing wis ndadekne perih lan pedhesing mripat lan ambegan dadi sesak. Kunthing jempalikan mundur ngendhani sempyokaning pega mawa wisa.

 

Ki Jatikuning sing nglirik papane Kunthing lan Palindhih sedhela, weruh sedulure tunggal guru katon kadheseg Ki Jatikuning rada nratab atine.

"Ha....ha ...ha...." dumadakan keprungu guyune Panembahan Timur sing disambung karo guneman "dina iki atiku lagi rada seneng Jatikuning, patimu rada tak undur sedhela, kowe isih tak wenehi wektu kanggo nyawang kancamu loro kuwi disunduki jantunge nganggo tumbake Janggan Kumala apadene Wasi Wisapati, yen wis lagi jantungmu genti sing arep tak sudhet nganggo keris sing tak gegem iki ha ha ha ha.....".

 

"Tutugna dhisik olehmu gumuyu Panembahan" Ki Jatikuning wangsulan "yen wis rampung olehmu ngguyu tatanen atimu, mbok menawa dina iki watesing uripmu".

 

"Setan kowe Jatikuning" Panembahan Timur nggetak  karo misuh banjur nrajang marang Ki Jatikuning, kaya obahing kilat kerise lurus ngarah menyang dhadha.

Nanging Ki Jatikuning luwih waspada, awake diiringne rada maju sethithik, karo kerise dibabatne menyang kerise mungsuhe. Wilah ketemu wilah, dhasare padha dene keris sing ampuh, temah nuwuhake pletikan geni ngiringi suwara jumlegur. Luput panyerange Panembahan Timur, adege malah dadi oling, disusul sikile Ki Jatikuning obah nyadhuk pas pulung atine. Panembahan Tikmur kontal memburi limang jangkah, mutah getih ireng,  sempoyongan banjur ambruk neng lemah karo mbengok banter,  kejet-kejet sedhela banjur meneng kanggo selawase. Panembahan Timur mati karo keris isih ana gegeman.

 

mBarengi karo rubuhe Panembahan Timur, Kunthing sing mau jempalikan memburi wis bisa ngecakne ngelmu pedang piyandele, yaiku Jurus Pedhang Kumbang Setaman. Pedhang tipis neng tangane katon dadi sapirang-pirang bareng obah, nempuh pega sing metu saka tumbake Janggan Kumala. Jangga Kumala kaget weruh pedhang sing sapirang-pirang ngendheg lakuning pega wisane, nanging wis kasep sadurunge Janggan Kumala nemokne cara kanggo nembus pedhange mungsuh, Kunthing wis luwih dhisik ngarahne pucuk pedhange, sinartan kekuwataning hawa murni sing sawutuhe pedhange Kunthing ambles njebol jantunge Janggan Kumala.

"Adhuh mati aku" Janggan Kumala mbengok, bareng karo pedhange Kunthing dijabut Janggan Kumala rubuh neng lemah dadi lan patine.

 

Kaya sing dialami Kunthing, karo mundur Arya Palindhih uga  ngecakne aji jaya kawijayane. Sawuse rada adoh karo mungsuhe, Palindhih wis bisa nata kekuwataning ajine. Karo nyebut asmaNe Gusti, Palindhih mlumpat maju karo muter pedhange, Wasi Wisapati sing ora ngira yen Palindhih bisa mlumpat maju kanthi cepet, ora kober endha nalika tumbake sing wujud ula welang kuwi dumadakan dibabat nganggo pedhane Palindhih sing dilandhesi kekuwatan hawa murni sing metu saka dhasaring atine. Tumbak neng tangane Wasi Wisapati mencelat ucul saka gegeman, lan sadurunge Wasi Wisapati kober njupuk tumbake sing mencelat, pucuk pedhange Palindhih luwih dhisik bisa nyuwek dhadhane lan nembus jantung. Wisapati mbengok, mripate mlilik, panyawange dadi peteng banjur rubuh koncatan nyawane.

 

Wong telu Muride Ki Patih Mandaraka kuwi padha nyawang mungsuhe sing wis padha dadi bangke, banjur padha sawang-sawangan padha kancane. Gegamane banjur padha diresiki, dilebokne menyang wrangkane. Banjur mlaku nyedhaki papane Rangga lan Marga sing uga lagi perang tandhing mungsuh Panembahan Sekarjati lan Panembahan Ciptarasa.

 

ana candhake.


Selasa, 26 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 98

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

98.

Ora suwe sabanjure plataran Padhepokan kuwi wis dadi limang kalangan paprangan. Panembahan Sekarjati ngadhepi Rangga, Panembahan Ciptarasa dadhepi dening Marga, Panembahan Timur mungsuh Ki Jatikuning, Arya Palindhih ngadhepi Wasi Wisapati lan Janggan Kumala adhep-adhepan karo Kunthing. Panembahan Sekarjati aweh sasmita marang rowange kabeh supaya padha nggunakne ngelmune dhewe-dhewe, lire ngelmu sing wis tataran dhuwur. Kanthi mangkono bisa ngirit wektu, jalaran Panembahan Sekarjati duwe pangira yen satemene tekane Ki Jatikuning sakancane kuwi ora mung lima kaya sing katon neng mata, nanging kaya sing dikabarake dening Sampan Telik sandine yen Prajurit Mataram sagelar sepapan sing dipandhegani Tumenggung Candrasanata wis dicawisake kanggo nglurug menyang Kluwihan.

 

Nglemu-ngelmu kanuragan tataran dhuwur wis padha digunakne dening Wong-wong Kluwihan apa dene Ki Jatikuning sakancane. Sampan, Telik sandi Kluwihan sing mau uga melu sapajagong ana pendhapa tumuli mlayu ngabari kanca-kancane yaiku para cantrik Kluwihan supaya padha metu saka papane paleremane yen ing plataran wis dumadi perang rame. Sampan uga mrentahne supaya para cantrik siaga ing dhiri aweh bebantu marang para gurune sing lagi ngadhepi mungsuh. Ora suwe sabanjure, para cantrik wis metu kabeh komplit karo gegamane dhewe-dhewe ngepung plataran Padhepokan. Nanging ora ana sing wani nyedhak, jalaran ora padha kepengin mati konyol merga kesamber ngelmune sing lagi padha perang tandhing.

 

"Keparat kowe Rangga" kandhane Panembahan Sekarjati sing isih ngremehne kanuragane Rangga, bocah nom sing miturut Panembahan sing wis rada tuwa kuwi mokal duwe ngelmu kanuragan sing wis sampurna, nanging katon tatag ngadhepi tandange "satemene aku isih duwe rasa pangeman marang kowe, ngelingi nek umurmu durung sepiroa, nanging merga anggonmu wis gumendhung neng ngarepku, ya kapeksa dina iki bakal tak puthes tekan semene wae nggonmu urip neng donya".

 

"Aku semono uga Panembahan" wangsulane Rangga karo ngguyu ngece "jan-jane ngono wong tuwa kaya kowe kuwi wis wayahe golek dalan padhang kanggo sangu kanggo urip neng alam kalanggengan, upama kowe gelem manut disowanke neng ngarsane Panembahan Senapati, kowe mesthi dimulyakne ing papan sing tentrem, ya kuwi panggonan kanggo teki-teki nyedhak lan nyaket marang Gusti. Nanging gandheng kowe milih nuruti hardhaning hawa nafsumu, ya kapeksa olehku ngelingne kudu ndadak nganggo babak belure ragamu luwih dhisik".

 

"Setan Alas" Panembahan Sekarjati misuh karo wiwit ngirimne serangan sing banget mbebayani marang ragane Rangga. Serangan sing dilandhesi ngelmu lan aji njaya kawijayan sing wis dhuwur tatarane. Arang ana wong sing kuwawa nadhahi serangane Panembahan Sekarjati sing kaya mangkono kuwi, ya iku ngelmu pamupuh sing kejem lan nggegirisi, aja maneh nganti ngenani peranganing awak sing dituju, lagi kesababan wae wis bisa ndadekne manungsa wantah lumpuh tanpa daya. Nanging sing diserang Panembahan Sekarjati kuwi Rangga, nom-noman sing ngelmune ora bisa dijajagi. Mula pangabarane Panembahan Sekarjati bisa diladeni kanthi becik. Serangan sing ora ana kendhate kaya geni tumper sing ewon akehe kuwi bareng ditamakne marang Rangga babar pisan ora ana tilase, kabeh bisa digawe muspra dening Rangga sing uga wis nggunakne ngelmune. Panembahan Sekarjati sansaya nesu banjur ngundhakne tataran ngelmune, Rangga ngladeni kanthi cara sing padha mula paprangan antarane Rangga lan Pangarsaning Paguron Kluwihan kuwi sansaya suwe dadi sansaya rame. Ragane wong loro sing adu kasekten kuwi wis ora kena disawang nganggo mripat wantah maneh, wis ilang kabuntel dening wewayangane dhewe-dhewe sing tuwuh saka cepet obahe ragane. Para cantrik sing ngulati saka kadohan dadi padha sumlengeren, eram wor lan rasa giris sing nggtremet ana dhadhane.

 

Ora adoh saka papane Rangga lan Panembahan Sekarjati adu katiyasan, Panembahan Ciptarasa wis nggunakne pusaka piyandele sing wujud Tasbeh mutiara. Neng tangane Panembahan Ciptarasa tasbeh sing wujud Mutiara direntengi ngemba kalung sing dawane kira-kira saasta kuwi, dadi barang sing banget mbebayani. Tesbeh kuwi nyamber-nyamber kaya manuk srikatan ngarah marang ragane Marga. Suwarane kaya suwara lesus sing lagi pinusus ngiringi pedhote cleret taun ing mangsa labuh. Malah wujude tasbeh uga wis dadi rerupan putih kaya perak sing mbalerengi saking cepete anggone ngobahne . Marga wis ora duwe pilihan liya kajaba kudu ngimbangi serangane Panembahan Ciptarasa sing mbebayani kuwi, sarana nglolos lan wiwit nyeblakne cemethi piyandele. Yen suwara mubenge tesbeh sing dicekel dening Panembahan Ciptarasa kaya suwara lesus sing ngiring pedhote Cleret tahun, mangka seblakan pecute Marga nuwuhake suwara banter kaya bledheg sing luput nggone nyamber mangsa.

 

"Wasis kowe nyolahne pecut he bocah nom-noman" kandhane Panembahan Ciptarasa ing sela-selaning obahe "sapa jenengmu lan sapa gurumu, eman yen nganti kowe mati ora kaweruhan jenengmu".

 

"Lumrah wae Panembahan" wangsulane Marga keprungu sareh wae "jenengku Marga, pangon sapine Ki Demang Kedhungtuwung. Panembahan dhewe ngagem asma sapa?".

 

Panembahan Ciptarasa gumuyu banter krungu wangsulane Marga, kandhane :

"Pangon Sapine Demang Kedhungtuwung? Pantes yen kowe wasis ngunekne pecut Jedheran ngono kuwi. Dina iki drajatmu temen-temen wis kaangkat Marga,  ing atase kowe mung drajating Pangon Sapi nanging wis adu arep karo Panembahan Ciptarasa ing tengahing palagan, satemene eman yen tanganku kudu reged merga getihe wong pidak pejarakan kaya kowe".

 

"Aja rumangsa mlorot drajat ndika Panembahan" wangsulane Marga karo mesem "ndika anggep wae yen lagi arep nyablek mrutu, ndika ngadhepi aku. Satemene aku bocah angon iki uga ora seneng kok kerengan karo Panembahan, gandheng jebul ana menungsa wani  nganggo sebutan Panembahan nanging tuturane angel ngluwihi sapi, ya kapeksa tak gitiki kaya nek aku ngenggaki sapiku sing ngebyong tanduran".

 

"Iblis laknat" Panembahan Ciptarasa nesu banjur nggetak "Marga, lambemu rusak, omonganmu waton njeplak. Sida tak suwek-suwek cangkemu mengko!".

 

"Mangga Panembahan" wangsulane Marga karo ngguyu ngece "nanging sing ngati-ati lan aja nganti kleru, aku kuwatir dudu cangkemku sing ndika suwek, nanging malah tutuk ndika dhewe sing kebacut mingkem ora bisa dibukak?".

 

Panembahan Ciptarasa dadi sansaya nesu, praupane dadi abang kaya kembang wora-wari, untune gemrutug saking nesune. Ora taha-taha maneh banjur nerusne nggonne ngrangsang lan nerjang Marga, ngelmune wiwit mrambat munggah klwan cepet. Ubenge tesbeh dadi sansaya seser, kairing tanaga kang kasurung hawa murni saka dayaning aji jaya kawijayan sing sansaya dhuwur tatarane. Marga tanggap yen mungsuhe wis ngundhakne tataran ngelmune, ora ana pilihan liya tumrape Marga kajaba kudu ngladeni sarana melu ngunggahne tataran ngelmune uga. Mangka paprangan antarane Panembahan Ciptarasa karo Marga iku dadi sansaya nggegirisi. Ora arang sabetane upat-upat pecute Marga nanggor sabetan puseran tesbeh, banjur nuwuhake suwara jumeglug. Wong loro padha kontale memburi, banjur wiwit padha bali ngirimne serangan marang mungsuhe. Suwara gumuruh sing metu saka ubenganing tesbeh ing tangane Panembahan Ciptarasa dadi sansaya banter, sedhela-sedhela diselani suwara jumedhor saka seblakan pecute Marga. Para cantrik Paguron Kluwihan sing weruh saka kadohan sing maune arep melu nrambul dadi wurung, kabeh padha giris, ora sida padha nyedhak.

 

ana candhake.


Senin, 25 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 97

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

97.

Wong-wong sing padha ngadhep Panembahan Sekarjati rumangsa ayem atine, malah akeh sing padha mikir yen ora suwe maneh klakon bisa nguwasani Kademangan Kedhungtuwung lan laladan sakiwa tengene, sawuse padha mendhem bangkene wong-wong Mataram lan wong-wong Kedhungtuwung sarta Banjarsemanggi sing dianggep nglalu merga wis wani nglurugi Padhepokan Kluwihan kono. Wong-wong kuwi klebu Panembahan Sekarjati, babar pisan ora ngira yen wektu kuwi, kanthi nglumpati pager watu sing dhuwure sadedeg sapengawe, Ki Jatikuning sakancane wis bisa mlebu pekarangan padhepokan tanpa dikonangi dening cantrik sing padha kajibah nunggu lan njaga regole padhepokan. Panembahan Sekarjati lan wong-wong kuwi lagi padha ngerti sawuse padha weruh ana wong lima tanpa mawa cecala luwih dhisik wis mlaku ngunggahi pendhapa Padhepokan klawan sikep sing ora nuduhake rasa tidha-tidha babar pisan.

 

"Aku sing teka Raden Gumiwang......." kandhane Ki Jatikuning sawuse lakune tekan tlundhagan Pendhapa Padhepokan. Panembahan Sekarjati nratab, atine kaget, jalaran ora ngira yen bakal ana tamu sing teka tanpa diceluk. Sakala Panembahan Sekarjati ngadeg, wong-wong sing ana kono kabeh padha melu ngadeg, padha namatne wong-wong sing lagi padha teka.

 

"Kowe Tutug?" Panembahan Sekarjati wangsulan karo nggenahne sapa sing lagi teka kuwi.

 

"Ora luput panyawangmu Gumiwang" wangsulane Ki Jatikuning karo mesem.

 

Panembahan Sekarjati wiwit panas atine, tumuli mbenerke jarit sing dienggo tata-tata kanggo ngadhepi Ki Jatikuning sing wis dianggep mungsuh bebuyutane. Pancen wiwit jaman padha-padha ngawula ing Kasultanan Pajang, wong loro kuwi ajeg duwe panemu sing padha gesehe. Lan sawuse Raden Gumiwang lolos ninggalne Pajang sarta Tumenggung Tutug melu nyengkuyung adege Mataram, Panembahan Sekarjati kaya-kaya duwe gegayuhan supaya ing tembe bisa adu arep lan neter kasektene Tumenggung Tutug sing dianggep ora duwe kaluwihan kanuragan nanging tansah oleh pangalembana saka Sultan Adiwijaya.

 

"Licik lan katon olehmu jirih getih, kowe Tutug" kandhane Panembahan Sekarjati karo mripat sing murup "ajua kok kira yen aku ora ngerti, yen olehmu wani nglurug mrene kuwi merga kowe ngajak Prajurit Mataram sagelar sepapan sing jare dipandhegani Tumenggung Candrasanata. Kowe pancen Senapati jirih sing licik, ora wani tandhing kaprawiran karo aku".

 

"Ha...ha... ha......" Ki Jatikuning ngguyu, banjur wangsulan "aja cilik atimu Gumiwang, aku tekan kene ora ana sambung rapete karo Wong Mataram. Yen tekaku mrene nggawa wadya bala kaya sing kok kandhakne kuwi mau, mesthi cantrik-cantrikmu wis padha weruh lan wis wadul menyang kowe. Iya apa ora?. Pancen tak sengaja Gumiwang, aku ora nggawa prajurit jalaran aku ngerti, yen nganti aku nggawa prajurit sing jaremu sagelar sepapan kuwi, tan wurunga bakal nuwuhake kurban sing ora sethithik. Mula tekaku mrene mung karo kanca-kancaku iki, yen kowe isih duwe utek lan gelem ngakoni kaluputanmu sing tansah gawe sengsarane kawula ing Mataram, ayo tak kanthi sowan ing ngarsane Panembahan Senapati ing Kutha Gedhe, aku saguh nyuwunake pangapura marang Panembahan Senapati merga sakehing dosa-dosamu, ora-ora yen kowe bakal nampa pidana sing abot, jalaran Panembahan Senapati kuwi luwih gedhe pangapurane marang sok sapawa sing gelem nyuwun pangapura sadurunge katibanan pidana.........".

 

"Cukup"  Panembahan Sekarjati nggetak banter  "dudu watake Panembahan Sekarjati ngemis-emis marang menungsa nistha kaya Sutawijaya sing wuta marang kabecikan kuwi......".

 

"Eh, wong tuwek ora nyebut" dumadakan Rangga sing mau meneng ngadeg neng mburine Ki Jatikuning maju sajangkah, atine sakala kebrongot krungu wong tuwane diarani wuta ora weruh kabecikan dening Panembahan Sekarjati mangkono kuwi, banjur kandhane "Kyai Jatikuning wis ngalahi, omong becik-becik marang kowe, nanging sauranmu malah ora genah. Aku wis bisa gawe dudutan, yen kowe sakancamu iki pancen ora kena ditata lan nedya gawe susahe kawula ing Mataram.....".

 

"Keparat sapa kowe, bocah durung ilang pupuk lempuyange wis wani malangkadhak, tumindak kurangajar karo Panembahan Sekarjati sesembahanku?" durung rampung Rangga guneman wis ditigas dening Wasi Wisapati sing uga banjur maju sajangkah karo malangkerik.

 

Rangga nyawang Wasi Wisapati karo mesem ngece, banjur wangsulan sajak ora nguwongake marang Wasi andel-andele Panembahan Sekarjati kuwi :

 

"Eh, sapa kowe? ditepungne dhisik jenengku Rangga, ponakane Demang Kedhungtuwung. Tak kira luwih becik yen kowe meneng wae lan ora melu-melu ing babagan iki, nek ndelok pacakanmu kowe kuwi dudu tandhingku, merga ketok nek kowe kuwi neng kene isih mapan ana sangisore Panembahan Timur, sadurunge kowe adol gendhung neng ngarepku, takona marang Panembahan Timur utawa Janggan Kumala luwih dhisik, pantes utawa ora kowe mamerne bodhomu neng ngarepe Rangga".

 

"Keparat kowe Rangga" Wasi Wisapati misuh banter "durung ngerti kondhange Wasi Wisapati kowe?".

 

"Wisapati menenga dhisik" dumadakan Panembahan Sekarjati kandha marang Wasi Wisapati "mengko wae yen kowe arep aweh pangajaran marang Rangga. Aku tak nerusne olehku arep omong karo Tumenggung Tutug luwih dhisik".

 

Panembahan Sekarjati kandha mangkono kuwi, merga dheweke wis dicritani dening Panembahan Timur lan Janggan Kumala yen Kedhungtuwung duwe kekuwatan anyar sing wujude nom-noman loro, Rangga karo Marga, lan Panembahan Timur uga nyritakne yen nom-noman loro kuwi pancen duwe kaluwihan ing babagan ngelmu kanuragan, ketitik ora bisa dikalahake nalika kedaden perang tandhing ing Tegal Bera antarane nom-noman loro kuwi karo Panembahan Timur lan Janggan Kumala. Kajaba saka iku, Panembahan Sekarjati uga wis weruh dhewe sepira kaluwihane Rangga lan Marga, yaiku nalika Rangga lan Marga wis nglumpuhake andhahane ing cedhak Guwa Klumpit.

 

Krungu kandhane Gurune sing mangkono iku, Wasi Wisapati banjur mundur sajangkah bali ngadeg kaya maune. Beda karo Rangga sing banjur semaur marang Panembahan Sekarjati :

 

"Ora ana gunane ndika rembugan karo Kyai Jatikuning, Raden Gumiwang. nDika kuwi mung pantes rembugan karo aku utawa adhiku, saiki sepisan maneh tak takoni : ndika milih sowan menyang Mataram kanthi becik-becik apa milih sowan ndika klawan raga sing wis remuk merga tak peksa?".

 

"Setan kowe Rangga" Panembahan Sekarjati wis ora bisa ngempet nesune "aku gelem mara menyang Mataram nemoni Sutawijaya yen aku wis dadi bathang tak kandhani".

 

"Yen ngono ndika njaluk tak peksa?" Rangga takon karo maju nyedhaki Panembahan Sekarjati.

 

"Kakehan cangkem kowe Rangga!" wangsulane Panembahan Sekarjati karo tangane kumlawe ngampleng praupane Rangga.

 

Rangga dudu reca sing mung bisa meneng, sanadyan kumlebating tangane Panembahan Sekarjati prasat luwih kebat tinimbang kilat, nanging Rangga luwih prayitna, tangane sing kiwa cukat nyaut lengene Panembahan Sekarjati banjur diglandhang digawa mlayu metu menyang plataran. Panembahan Sekarjati sing ora ngira yen Rangga bisa tumandang kaya ngono kuwi, kaget. Ora krasa Panembahan sing sekti mandraguna kuwi kaya bocah cilik, manut wae digalandhang Rangga tumuju plataran, sing karo kandha :

 

"Nek ndika ngajak dolanan aja neng pendhapa Raden, ayo neng latar wae papane luwih jembar lan luwih kepenak nek kanggo gojegan".

 

Wong-wong sing ana kono, Ki Jatikuning sakancane uga wong-wonge Panembahan Sekarjati banjur padha mlayu nusul menyang plataran Padhepokan.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...