Total Tayangan Halaman

Jumat, 29 Oktober 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 07

 

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

07.

Hartini karo Tiok satemene rada ora tertarik karo critane Bapake, nanging arep nigas rembug ora ana sing wani. Sidane ya banjur meneng karo nyemak sing dicritakne nDara Asper, karo sajroning atine padha nata ukara kanggo mangsuli yen mengko olehe wadul pranyata ora oleh tanggapan sing cocog karo atine. Pancen nDara Asper Putri karo Evie ora diomongi luwih dhisik kanthi komplit  mungguh tumindake Bagus sing dianggep ora bener kuwi. Mula nDara Asper Putri karo Evie padha luwih ketungkul olehe ngrungokne critane nDara Asper.

 

"Salajengipun kados pundi Bapak? Sawer ijem niku criyose upase sakalangkung mandi? malah boten sekedhik tiyang ingkang dipun cakot saged pejah napa?" Evie malah takon, nalika rada suwe nDara Asper ora ngendika-ngendika.

 

"Bener" wangsulane nDara Asper nutugne critane "ora gantalan wektu sawuse dicokot ula ijo sing meteng kuwi, Bapak ya terus ngrasakne lara sing ora karuwan rasane. Pepunthoning rembug wong-wong arep nggawa Bapak menyang Puskesmas, nanging wektu kuwi Puskesmas ki isine mung Mantri Kesehatan siji, tugase ngayahi wong sakecamatan lan sing luwih gawe mirising atine Bapak, kedadeyane neng alas Kidul Sontiko kana, mobil operasionale Bapak parkire neng Kaliwowo dadi ya rada adoh. Kamangka wektu kuwi Bapak wis ora bisa ngadeg saking larane, sikil kiwa abuh gedhe, rasane lara campur panas. Ya ndelalah wektu kuwi ana wong lagi gresek enthung jati, dening wong-wong sing dadi anak buwahe Bapak,  wong ndesa sing lagi gresek enthung kuwi diceluk dikongkon ngrewangi gawe tandhu kanggo mikul Bapak menyang mobil. Bareng wong kuwi ngerti nek Bapak lagi wae bubar dicokot ula, wong kuwi nembung apa diidini nyedhot upas sing wis mlebu liwat sikile Bapak kuwi. Bapak ya banjur mangsuli yen oleh. Wong kuwi banjur ndelok tatune, jebul isih ana untune ula sing keri, sawise untu ula kuwi disingkirne, tatune Bapak disedhot nganggo cangkem, diencut kanthi ora nganggo rasa jijik utawa rasa gila sethithika. Aneh, bareng bola-bali disedhot diencut ngono kuwi, kira-kira oleh setengah jam ora leren, sikile Bapak wis ora lara maneh. Wong kuwi banjur ngetokne keris sing dibuntel nganggo mori saka sengkelitane. Tatune Bapak ditumpangi keris sing jarene Keris Wesi Tawa kuwi, keris nemplek kaya wesi sembrani nemplek neng wesi ngana kae. Rasane kaya mau tatune Bapak kaya disedhot dening keris kuwi. Bareng kira-kira oleh sak jam, keris sing maune kelet karo sikile Bapak banjur ucul dhewe. Lan senajan isih abuh, nanging wis ora krasa lara maneh. Bapak bali bisa ngadeg lan bisa mlaku.

"Sampun ndara, wisane mpun telas niku" kandhane wong mau karo nglebokne kerise neng buntelan maneh "lha nek tatune niku kersane boten dados bunyik langkung prayogi dibeta teng nggene Tukang Suntik".

Bapak rumangsa seneng atine, banjur ngrogoh sak njupuk dhompet, karepe bapak wong kuwi arep tak opahi. Nanging bareng tak lungi dhuwit, wong mau malah banjur kandha :

"Matur Nuwun nDara, boten ateges nampik rejeki lan peparinge nDara Sinder, kula boten wantun nampi punapa-punapa saking nDara. Jalaran welingipun tiyang sepuh kula, kula boten angsal ngalap opah . nDara Sinder nggih boten sah pekewuh, kula mengke mesthi diwales kalih Gusti Allah".

 

"Dados tiyange boten purun disukani arta Bapak?" Evi takon maneh.

 

"Ora gelem, tak peksa-peksa panggah emoh" wangsulane nDara Asper banjur nutugne crita maneh "ora mung kuwi olehe aweh pitulungan marang aku, wong kuwi ya si Karmin kuwi, nalika ngerti nek dholog-dholog neng alas kono padha akeh sing ilang, Karmin menehi saran supaya aku ngangkat Ripta Blandhong dadi pembantu waker. Maune tak kira nek Ripta kuwi sedulure Karmin, jebul dudu malah karo Karmin wonge ya ora pati akrap. Bareng Ripta tak dadekne Pembantu Waker, alas kono dadi aman, merga wong-wong sing kulina maling kayu kabeh padha wedi lan pekewuh karo Ripta sing kondhang nganggo jeneng Ripta Blandhong kae".

 

"Nggih Bapak" Hartini sing wiwit mau rada anyel krungu critane Bapak-e sing dianggep ngalor ngidul ora ana sambunge karo perkara sing diwadulake semaur "sak niki wangsul dhateng perkawisipun Bagus ingkang boten kenging dipun kandhani anggenipun remen dhateng yogane Tledhek Tayub niku, pripun?".

 

"Kuwi ta?" nDara Asper wangsulan karo takon.

 

"Inggih Bapak, kados pundi?" Tiok sing genti takon.

 

"Nek kuwi pancen rada repot" wangsulane nDara Asper "merga jenenge wong kuwi nek lagi gandrung mesthi ora kena dibendung. Wong kuwi nek lagi seneng, wingka katon kencana ngana kae, dipalangna mesthi mlumpat, didhadhunga mesthi pedhot".

 

"Nganging menawi ingkang yasa palang niku sentosa inggih boten badhe kiyat dipun lumpati Bapak, menawi ingkang ndhadhung niku dipun eringi kalih ingkang dipun dhadhung, kula kinten inggih boten badhe wantun medhot. Dados inkang saged nyadharaken Bagus punika kantun Bapak kaliyan Ibu. Kula kinten Bapak kaliyan Ibu ugi boten badhe iklas menawi kedah bebesanan kaliyan Karmin Bengkring, sanaosa Karmin Bengkring niku miturut Bapak tiyang ingkang sae. Meskakaken Bagus Bapak, nek ngantos dados mantunipun Tledhek Jiyah" Tiok nigas pangandikane nDara Asper.

 

"Bener kuwi Yok" nDara Asper Putri melu urun rembug "aku ora bakal lila lan ora bakal ngidini Bagus ngiket katresnan karo sapa kuwi mau ? Karmini ? Gek wong tuwane Karmini kuwi wong apa? apa ya pantes disawang wong nek dadi besanku, besane nDara Asper?".

 

"Mila saking punika Ibu" Hartini banjur mbumboni rembug "kula lajeng ngajak adhik-adhik matur dhateng Ibu kaliyan Bapak bab punika, supados Bagus purun nggega dhateng pitutur ingkang sae, boten namung nurut kajengipun piyambak makaten punika, kula kaliyan Tiok sampun mbudidaya nuturi, nanging Bagus ngeyel. Pramila samangke kantun Ibu kaliyan Bapak kados pundi?".

 

"Kados pundi Kang Mas?" nDara Asper Putri genti matur marang kakunge.

 

nDara Asper njengkerutne Bathuke, katon lagi menggalih marang apa sing diwadulake putra-putrane kuwi mau. Sawuse unjal ambegan landhung, nDara Asper banjur wiwit ngendika :

"Sak jane dening dokter aku iki ora oleh mikir sing abot-abot, jalaran jarene lelara sing tak sandhang iki salah siji minangka tambane ya iku aku kudu sumeleh pikirku. Lha nek aku dikongkon mikir bab iki, bares wae aku ya rada kabotan dadi ya mbutuhne wektu sing rada suwe kanggo aweh kaputusan. Mosok ta Ibune iki ora bisa ngrampungne perkara iki kanthi sabecik-becike?".

 

"Nyuwun pangapunten Bapak" Tiok sing genti matur "Bagus niku larene nggih makaten nika, wasis micara lan ngengkelan.Lan kula ngertos menawi Bapak punika kedahipun boten kenging manggalih ingkang awrat-awrat, menawi Bagus punika kenging kula kandhani utawi purun nggega pituturipun mBak Tien kaliyan Mas Har, estunipun prakawis punika boten badhe ngantos dumugi ing ngarsanipun Bapak. Nanging, gandheng Bagus niku "keras kepala" boten wonten ingkang dipun ajrihi kajawi Bapak lan Ibu, inggih kula kaliyan mBak Tien, kapeksa lajeng sarujuk badhe ngaturaken bab punika dhateng Bapak saha Ibu".

 

ana candhake.


Kamis, 28 Oktober 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 06

 

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

6.

Krungu suwarane mBakyune sing sansaya mendhuwur ngono kuwi Bagus krasa panas atine, nanging bawane isih eling yen sing omong kuwi sedulure tuwa, Bagus nyoba ngandhani atine dhewe supaya sabar. Nanging bareng Hartini nyandhak tembung sing dirasa saru, yaiku nyebut "lonthe" sing ditujokne marang wong tuwane Karmini, satemene Bagus olehe meneng karo nggeget untu, nahan gumronjaling dhadhane sing panas.  Jebul wis dienengne ngono kuwi Hartini ora mandheg olehe "nuturi" adhine, isih nerusne olehe omong :

 

"Dadi nek kowe ora niyat arep gawe kucem lan jember kehormatane kulawargane dhewe, jawabe mung siji kowe kudu pedhot saka anake Karmin Bengkring".

 

Bagus ngerti nek wis ngono kuwi, ora ana tembung sing bisa ditampa dening mBakyune kajaba kudu manut. Nanging kanggo manut, Bagus genah nek ora bisa. Mula murih ora ndadekne sansaya kisruh antarane dheweke karo mBakyune Bagus banjur aweh wangsulan :

 

"Ya mBak, kabeh sing mBak Tien kandhakne kuwi mau tak pikir lan tak angen-angene dhisik".

 

"Mbok pikir lan mbok angen-angen piye?" Hartini ora marem krungu wangsulane Bagus ngono kuwi.

 

"Ya tak angen-angen dhisik, nek ati karo akalku bisa nglakoni ya mengko tak lakoni, nanging nek atiku ora bisa nampa, aku ya wegah nglakoni urip dadi wong stress merga kudu urip sing antarane lahir karo batin kudu dhewe-dhewe" wangsulane Bagus  teges.

 

"Barang wis genah kaya ngono kok isih alasan arep dipikir dhisik" Hartini suwarane nyengkrek mendhuwur maneh "jane kowe kuwi menungsa sing keneng dikandhani wong tuwa apa ora? pokoke kowe kudu putus karo anake Tledhek Jiyah kuwi, nek kowe tetep nekad sesambungan karo dheweke, angur ora sah ndhaku aku mBakyumu maneh. Aku ora sudi duwe sedulur sing kedanan karo anake lonthe bubrah sing uripe ora genah!".

 

"Ya mBak, wis cukup ta leh mBak Tien ngandhani aku? Aku pamit arep mulih, Mas Har kepareng aku bali dhisik"  ora ndadak ngenteni wangsulan Bagus banjur lunga ninggalne omahe mBakyune.

 

Atine Bagus dadi pegel ora karuwan, sajroning telung dina wis padudon karo sedulur-sedulure, dina wingenane karo Tiok dina kuwi karo Hartini. Kabeh padha, underaning rembug sing ndadekne padudon mung merga sedulur-sedulure kuwi ora seneng karo wanita sing dadi gantilaning atine. Bagus rumangsa nek sedulur-sedulure kebacut anggone nyampuri uripe. Babar pisan Bagus ora bisa nampa suwara ing pojoking atine sing ngandhani yen satemene olehe Tiok karo Hartini nganti nesu-nesu olehe ngandhani dheweke kuwi jalaran kasurung rasa tresna, rasa tresna sing nuwuhake rasa pangeman marang dheweke. Ngeman aja nganti Bagus kebacut bubrah uripe jalaran nuruti adrenging ati sing lagi kesrimpet rasa trisna marang Karmini sing tumrap Tiok lan Hartini  mung wanita remeh sing ora pantes digandrungi Bagus sing putra priyayi luhur lan terpelajar kuwi. Sing luwih dirungokne dening atine Bagus mung suwara sing sijine, yaiku : sedulur-sedulure ora seneng weruh Bagus urip seneng.

 

Maune Bagus ngira yen Hartini apa dene Tiok sanajan duwe rasa gela lan anyel marang dheweke banjur mandheg olehe duwe karep ngendheg karepe olehe seneng marang Karmini. Nanging pangirane Bagus jebul mleset. Tanpa dingerteni dening Bagus, Hartini karo Tiok ngajak Evie ngadhep Bapak lan Ibune madulake tingkahe Bagus sing dianggep wis nalisir saka bebener lan arep ngucemake kaluhurane jeneng Kulawarga. Kamangka wektu kuwi, ndara Asper kakung kahanane wis lara-laranen, kajaba kadar gula dharahe wis kedhuwuren, jantung lan levere ya wis ora wis mrihatinake. Bola-bali mlbeu metu Rumah Sakit, kanggo mertamba. Dadi ya ora pati bisa menggalih sing rada abot utawa perkara sing serius. Aja maneh kanggo menggalih sing abot, lha wong kanggo njupuk blanja pensiunane wae wis nggawe Surat Kuasa marang Bu Asper. Mula nalika putra-putrane padha ngadhep wadul bab tingkahe Bagus sing wis dianggep nalisir saka bebener kuwi mau, nDara Asper Kakung olehe nanggapi ya ora bisa maksimal. Kabeh banjur dipasrahne marang putusane nDara Asper Putri lan putra-putrane. nDara Asper Kakung mung paring wawasan sethithik adhedhasar pengalaman sing tau dilakoni.

 

"Lha Bagus endi ta? kudune murih cethane bocahe rak ya kudu ana? Dadi aku bisa krungu panemune lan Bagus ya ben krungu dhewe apa sing dadi panemuku" dhawuhe nDara Asper Kakung sawuse Hartini ngaturake wosing rembug olehe bebarengan adhi-adhine ngadhep bapake.

 

Wektu kuwi anggone ngendikan nDara Asper karo lenggah sendhen tembok ana ndhuwur amben, nDara Asper Putri, Hartini, Evie lan Tiok padha lungguh kursi ing sisihe.

 

"Inggih Bapak" wangsulane Hartini "punika Bagus sengaja kula tilap, kula kalih adhik-adhik kuwatos, menawi Bagus dipun ajak lajeng nyuwanten ingkang boten sekeca, kados anggenipun nyuwanten dhateng kula kaliyan Tiok, mangke saged ndadosaken nambahi santer gerahipun Bapak. Inggih nyuwun pangapunten Bapak".

 

"Iya, iya..." nDara Asper Kakung paring wangsulan "lha banjur olehe Bagus wis nalisir saka paugeraning Kulawarga kuwi wis tekan ngendi? Apa sing wis ditindakne Bagus sing jaremu wis ngucemake kaluhurane jeneng Kulawarga kuwi?".

 

Hartini karo Tiok banjur gentenan matur, ngaturake oleh Bagus wis nyambung katresnan karo Karmini, anake Tledhek Jiyah. Ora kelalen wong loro kuwi uga matur yen Bagus wis dituturi kanthi becik, nanging wangsulane malah gawe panasing ati. Cekake Bagus wektu iki wis mbeguguk makutha waton, nggugu karepe dhewe, luput suwuk luput sembur, ora gelem nggugu pitutur.

 

"Dadi Bagus kuwi seneng karo anake Karmin tukang nyiter kae?" nDara Asper mundhut pirsa sawuse Hartini karo Tiok rampung olehe crita.

 

"Inggih Bapak, yogane Karmin Bengkring rayate Jiyah Tandhak Tayub nika" sing wangsulan Tiok, nggenahne sing dadi wong tuwane Karmini.

 

"Iya" wangsulane nDara Asper "aku wis ngerti. Biyen Karmin kae tau nulungi aku, pas aku durung dadi Asper biyen".

 

"Karmin nate nulungi Panjenengan Kang Mas?" nDara Asper Putri sumela takon "kula kok nembe mireng niki ta?".

 

"Tarah awakmu kuwi lalen kok Bune" nDara Asper nyendhu garwane "wis wola-wali tak critakne ngono lho? Gek awakmu ya melu weruh dhewe, ngono kok".

 

"Inggih, inggih mbok menawi kula ingkang kesupen Kang Mas" wangsulane nDara Asper Putri .

 

"Wektu kuwi, aku rak lagi ndelok alas kidul rel sepur sing dirusak dening para Blandhong liar, nganti para Waker lan para Mandhor kuwalahan, kamangka wektu kuwi Jatine isih wujud dholog-dholog sing lagi sapupu gedhene.  Andilalah dina kuwi aku lagi tiba apes,aku sing kulinane ora tau cucul sepatu, ndelalah wektu kuwi sepatuku malah tak tinggal neng mobil, aku tiru-tiru para mandhor lan waker mung sandhalan thok.  Ora ngerti sangkan paraning bilahi, pas dhuwur polokku sing kiwa disaut lan dicathek ula ijo sing lagi ngadhang laku, golek dalan pati merga lagi meteng tuwa. Kowe kabeh padha ngerti ta? Ula ijo utawa Ula Luwuk kuwi ora ngendhog, nanging meteng lanm bisane nglahirne nek Ula kuwi wis mati lan bosok wetenge, banjur anake sing isih cilik-cilik padha metu lan ura dhewe-dhewe?"

 

"Inggih Bapak" Tiok sing wangsulan.

nDara Asper ngranggeh gelas isi unjukan neng meja cedhak amben, banjur ngunjuk kanggo nelesi gorokan sing krasa garing.

 

ana candhake.


Rabu, 27 Oktober 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 05

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

5.

Tiok sing rumangsa diwaneni dening adhine wis ora semaur maneh. Bagus ditinggal ngalih ngono wae. Nanging jebul urusane durung rampung, kanthi sesidheman Tiok ngabari mBakyu-mbakyune sing wis padha omah-omah, yen Bagus arep gawe wirange kulawarga. mBakyu-mbakyu lan kangmase ipe, duwe panemu sing padha karo panemune Tiok. Yaiku aran ora pantes yen Bagus sing cetha saka kulawarga kinurmat, nganti duwe hubungan katrisnan karo anake wong sing duwe latar belakang panguripan ora cetha. Sing luwih ndadekne ora pantese, ya kuwi Karmini kuwi anake Karmin Bengkring wong ndesa sing bodho, panjak tledhek amen sing pengasilane kadhang ora cukup kanggo urip sedina. Mengko yen nganti Karmini dadi bojone Bagus tan wurunga ing tembe mburine bakal dadi beban lan sanggane kulawarga thok.

 

"Nanging aku ora bisa mBak" wangsulane Bagus nalika dheweke diceluk supaya mara menyang omahe Sri Hartini, mBakyune saperlu dikandhani supaya medhot anggone sesambungan karo Karmini "aku wis kadhung tresna tenan marang Karmini".

 

"Nek ngono ngene wae Gus" Hartini aweh saran "aku ya ngerti jenenge wong ki nek lagi jatuh cinta ya ngana kae, Nanging awakmu aja banjur mung nyawang Karmini thok. Neng donya iki isih akeh bocah wadon liyane sing luwih ayu, luwih becik sakabehane tinimbang Karmini. Olehmu medhot sesambunganmu karo Karmini ora kudu saiki, nanging karo nyobaa nyawang isen-isening jagad liyane. Mengko kowe bakal kepethuk bocah wedok sing bakal luwih nyocogi atimu, tur ya nyocogi kulawargane dhewe. nek uwis ngono, kowe bakal ora rumangsa kabotan medhot sesambunganmu karo Karmini. Utawa.........".

 

"Utawa piye mBak?" Bagus motong rembuge mBakyune.

 

"Utawa nggonmu seneng marang anake Karmin Bengkring, kaya senenge wong mangan neng warung ngana kae wae, sanajan panganan neng warung kuwi luwih enak, nanging ora saben dina kudu mangan neng warung, merga neng omah wis ana panganan sing luwih sehat lan hyginis. Dadi ya ora apa-apa kowe mangan neng warung, nanging aja banjur panganane kok gawa bali, merga wong saomah ora ana sing seneng karo panganan warung sing rumangsamu luwih enak kuwi. Piye yen ngono ?" kandhane Hartini sabanjure ngiras nggenahne karo sing ditakokne Bagus.

 

Suwe Bagus mung meneng ora nyauri apa sing dikandhakne dening mBakyune. Banjur Harmana, Mase Ipe melu urun rembug :

"Ngene lho Dhik Bagus, jaman saiki iki akeh bocah wedok sing materialis. Aku kuwatir, atake senenge Karmini sing jare anake wong ora duwe kuwi merga mung kepencut karo kaduwekane Bapak lan Ibuk? Mung butuh nunut urip thok? kuwi bisa nyamari lho Dhik".

 

Bagus sepisan maneh ora semaur, mung meneng karo mbesengut. Ulate peteng ndhedhet, kaya wong sing lagi lara untu.

 

"Piye Gus?" Hartini nakoni, sawuse Bagus suwe ora wangsulan.

 

"Aku wis ngreti karo sing dikarepne mBak Tien mau" wangsulane Bagus alon karo sajak ngati-ati "aku genti arep takon marang mBak Tien lan aku kepengin ngerti wangsulane".

 

"Takon apa?" Hartini takon.

 

"Takon rasane dadi wong wedok" wangsulane Bagus.

 

"Aneh, kowe kuwi Gus. Wong lanang kok takon rasane dadi wong wedok".

 

"Sing tak karepne kuwi mangkene lho mBak" Bagus wangsulan sareh "saupama lho, iki ya mung saupama,  saupama dumadakan Mas Har ki duwe simpenan wong wadon liya ngono kepriye rasane? Utawa dumadakan tanpa alasan sing cetha Mas Har ngajokne permohonan cerai nyang Pengadilan Agama ngono mBak Tien bisa nampa apa ora?".

 

"Kowe kuwi sansaya aneh wae Gus" Hartini mencereng "pitakonmu kuwi genah nek pitakonan sing ngawur, Masmu ora mungkin arep selingkuh luwih-luwih njur duwe dhemenan utawa simpenan. Sansaya ngawur maneh bareng kowe takon bab pegatan, Masmu wis janji gak mungkin arep megat aku, pegatku karo masmu kuwi mung nek salah siji ana sing mati luwih dhisik, sok ngonowa saupama masmu sing mati dhisik, aku tetep ora arep golek gantine masmu. Aku trima dadi randha. Kosok baline nek sing mati aku dhisik, janjine masmu ya ora arep rabi maneh. Kowe kuwi takon kok sing neka-neka".

 

"Aku mau wis omong, nganggo tembung saupama" Bagus wangsulan "saupama kuwi ora tenanan, bakune mBak Tien kuwi rak ya ora gelem ta saupama ditinggalne ngono wae karo Mas Han?  mBak Tuen ya emoh ta nek diwayuh karo wanita liya?" .

 

"Nek kuwi wis genah, mbuh wong lanang mbuh wong wedok, bakal lara atine yen nganti ditinggal ngono wae dening wong sing ditresnani. Lan ora ana  jaman saiki iki, wong wedok sing gelem diwayuh tanpa alasan sing genah. Lha wong sing genah-genah wong wedok gabug wae luwung dipegat kok tinimbang digolekne maru" Hartini wangsulan canthas.

 

"Saiki mBak Tien ya kudu ngerti" Bagus nyauti gunemane mBakyune "Karmini kae ya bocah wedok, padha karo mBak Tien. Kamangka Karmini kuwi ya wis kebacut tresna marang aku, kaya aku ya wis kadhung tresna marang dheweke. Saupama dumadakan aku medhot katresnan marang Karmini, apa Karmini ora lara atine?. Luwih-luwih karo sing dikandhakne mBak Tien sing ngongkon aku madhakne olehku seneng menyang Karmini kuwi kaya senenge wong jajan neng warung. Nek aku kepengin aku mara tuku sing tak pengini kuwi mau, nek wis ya terus tak tinggal mulih, ngono kuwi mungguhku mung pantes dilakoni menungsa sing wis kelangan rasa kamanungsane mBak. Menungsa sing ngremehne wong wedok sak pol-pole. Karmini kuwi dudu wadon palanyahan mBak, dudu cah wedok sing nakal sing dhemen lamis ngobral katresnan marang wong-wong lanang sing bejad lan ora bermoral".

 

"Kowe ora sah nemen-nemen mbelani Karmini Gus" Hartini guneman maneh "kabeh wong wis weruh, Karmini kuwi mung anake Karmin Bengkring, mBoke Karmini kuwi Tledhek Amen, Tandhak Tayub sing kulina genti-genti digawani wong lanang neng ngendi-ngendi, wiwit kuli bangunan, tukang blandhong, nganti tekan para priyayi akeh sing wis kelon karo mBoke Karmini kuwi. Dadi aja kok padhakne karo aku utawa wong wedok sing kinurmat........"

 

"Mengko dhisik mBak" Bagus motong rembuge mBakyune "Kabeh wong ya wis ngerti nek Mak Jiyah kuwi Tledhek Amen, Tandhak Tayub nanging mungguhku kuwi lumrah, dodol suwara karo mbarang njoged kanggo golek sandhang pangan, padha karo Titik Sandhora, Erni Johan, Teti Kadi sing dipuja-puja wong akeh, mung kaceke nek bangsane Titik Sandhora utawa Erni Johan kae keragadan, olehe dadi biduan ya nganggo wragad, nek Mak Jiyah mung bandha suwara karo awak thok. Nanging intine padha, padha olehe golek sandhang pangan kanthi gegaman kesenian. Lha nek bab sing jarene mBak Tien, Mak Jiyah kuwi seneng gonta-ganti digawani wong lanang neng ngendi-endi, kuwi mBak Tien weruh dhewe apa mung merga jarene? mBok aja seneng percaya karo warta sing ora ana bukti lan nyatane ta mBak-mBak".

 

"Pancen aku ora weruh dhewe Gus" wangsulane Hartini karo suwara sing disareh-sarehne "nanging ora ana keluk sing tanpa geni. Kabar kuwi wis sumebar neng ngendi-endi lan ora mung saiki wae, nanging wiwit biyen wis ana lan ora ana sing bisa mbantah utawa nggorohake kabar yen mBoke Karmini kuwi ..... lonthe, lonthe sing murahan. Ngerti ?".

 

ana  candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 04

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

4.

Ngono kuwi nganti Bagus kelas papat SD. Satemene dening wong tuwane Bagus disekolahne neng Kutha, karepe supaya bisa awor lan duwe kanca-kanca sing drajat lan panguripane ora kaya tangga-tanggane. Nanging jebul, kancane Bagus neng sekolahan sing akeh ya anak-anake wong lumrah, ana sing anake kuli bangunan, buruh pasar, wong tani lan liya-liyane. Siji loro ya ana singt putrane priyayi, nanging cara urip saben dinane ya ora beda karo wong-wong lumrah, beda adoh karo cara urip ing kulawargane ndara Aspes sing isih kenthel karo cara uripe priyayi ing jaman feodal biyen. Suwe-suwe Bagus kanthi sesidheman wiwit wani nerjang aturan sing matesi olehe obah kuwi. Bagus wiwit wani dolan nguwori kanca-kancane, anake wong tani, anake buruh, anake kuli proyek lan sapiturute. Iya yen wayah Bagus sekolah, iya ing wayah sawise mulih saka sekolah. Wiwitane dening Ibu lan mBakyu-mbakyune Bagus kerep disrengeni, nanging Bagus nekad. Luwih-luwih bareng dening Ibune diwadulake marang Bapakne, Bapakne ya ora duka, tegese ora apa-apa Bagus seneng srawung karo anak-anake wong-wong lumrah sing ora karan priyayi . Najanta mangkono, Ibu lan mBakyu-mbakyune uga Mase tetep ora seneng karo cara srawunge Bagus sing ngono kuwi. Nanging Bagus nekad, kanggo njaga perasaanne Ibu lan sedulur-sedulure Bagus ora tau pisan-pisan wae ngajak kanca-kancane dolan menyang omahe.

 

Lakune wayah ora tau mandheg, terus maju ora tau mundur. Tata panguripan ing masyarakat wis adoh bedane karo jaman sing ditinggalne. Jumbuh karo sansaya akehe wong-wong sing gelem nyekolahne anake, sansaya suwe sansaya akeh wong sing pinter. Sansaya akeh wong sing dadi priyayi. Sansaya cedhak sambunge priyayi karo wong lumrah. Antarane sing dadi Priyayi lan sing dadi Kuli wis ora pati beda, sebutan ndara wis wiwit arang keprungu, owah dadi sebutan Pak lan Bu. Nadyanta mangkono, sisa-sisa rumangsa isih dharah biru, trahing kusuma rembesing madu, isih sok diduweni dening sebageyan priyayi, klebu ing kulawargane Wong tuwane Bagus.

 

"Saiki iki jamane pancen wis owah Gus" tau sawijining dina Bagus dituturi dening Ibune "antarane Trah kusuma karo turune wong lumrah wis ora katon ana bedane. Nanging kowe ya kudu eling nek jeneng trah kuwi barang sing ora bisa diselaki, mula kowe kudu ngati-ati keneng wae kowe srawung karo wong lumrah sing ora kaiket dening ungah-ungguh, nanging kowe kudu tansah eling, njaga kaluhuraning leluhurmu, aja nganti gawe kucem asmane leluhurmu".

 

"Nggih Buk" wangsulane Bagus nalika semana.

 

Bagus duwe pangira yen olehe Ibune paring pitutur kuwi mung pitutur lumrah, lire aja nganti Bagus nindakne gaweyan sing ora pantes lan perkara-perkara sing ora bener, kaya nindakne ma lima lan sapiturute. Mula Bagus sajroning ati tansah eling, aja nganti merga tumindake banjur sing keneng elek mrembet menyang asmane kulawargene, munggahe menyang leluhure. Jebul Ibune duwe kersa kang seje. Bu Asper oleh wadulan saka putra-putrane yen Bagus sing wektu iku wis Kuliah neng Fakultas Hukum UGM Yogya, duwe sambung katresnan karo bocah wedok sing isih sekolah neng SMA KP Kedunggalar. Wektu kuwi neng Kedunggalar durung ana sekolah lanjutan atas liyane SMA KP, sekolahan sing durung duwe Gedhung dhewe, sekolah sing murid-muride akeh-akeh anake wong ora duwe, klebu Karmini sing dadi sir-sirane Bagus.

 

Sedulur-sedulure Bagus pancen ora seneng yen Bagus duwe sambung katresnan karo bocah wedok sing jeneng Karmini kuwi, merga kajaba anake wong ora duwe, wonmgtuwane Karmini duwe latar belakang panguripan sing  ora pati nyenengake. Mak Jiyah kuwi biyen pegaweyane dadi tledhek amen turut ratan, ngiringi siteran karo gong bumbung sing nyiteri Karmin Bengkring, bojone. Nek usum nyadran utawa Bersih Desa, Mak Jiyah ya kerep ditanggap dadi Tledhek sing ngladeni wong-wong padha mbeksa ing adicara Tayub.  Kabar sing sumebar Mak Jiyah kuwi kajaba adol suwara karo jogede, iya sok gelem ngladeni wong lanang sing seneng nguja hawa nepsune. Pancen jaman kuwi, ora aneh nek Pesindhen utawa tandhak kuwi nyambi dadi wanita sing nakal.

 

"Karepmu sir-siran karo anake Karmin Bengkring kulon kali ki piye ta Gus?" sawijining dina Tiok nakoni adhine sing ragil kuwi, wektu kuwi ngepasi dina prei dadi putra-putrine Pak Asper mlumpuk ana omah.

 

"Ya kaya lumrahe wong sir-siran ngana kae ta Mas" wangsulane Bagus "kaya sampean sir-siran karo Vero kae neh".

 

"Beda Gus" kandhane Tiok nanggapi wangsulane adhine "aku saiki wis rampung kuliah lan wis arep nyambut gawe banjur hubunganku karo Vero kuwi Ibu karo Bapak wis pirsa kabeh, mBak Tien karo mBak Evie ya wis ngerti, kabeh wis mathuk nek mbesuk kuwi Vero dadi sisihanku. Karepku ki ngene lho, olehmu seneng karo anake Karmin Bengkring kuwi mung kanggo selingan urip apa arep kok gawe tenanan ?".

 

"Nek karepku ya arep tak ngge tenanan Mas" Bagus wangsulan "aku ora seneng nggawe dolanan atine bocah wadon, klebu atine Karmini putrane Pak Karmin kuwi".

 

"Aku minangka sedulurmu tuwa duwe kuwajiban ngelingne kowe Gus" kandhane Tiok maneh.

"Ngelingne bab apa Mas? Bab Kuliahku sing tak sambi karo sir-siran iki?" Bagus takon karo mesem "aja kuwatir Mas, aku bisa andum wektu kok".

 

"Ora bab kuwi!" wangsulane Tiok karo suwara sing sajak luwih serius .

 

"Lha bab sing endi Mas?" Bagus takon ya serius.

 

"Bab bocah wadon sing dadi pilihanmu kuwi lho!"

 

"Bab Karmini ? Ana apa karo Karmini Mas?"

 

"Kowe apa ora ngerti  Karmini kuwi anake sapa? mBoke Karmini kuwi sapa? Bojone Karmin Bengkring kae tledhek Gus, tledhek amen turun ratan, sok-sok ya dadi tandhak tayub, kabeh wong ya wis ngerti nek meh saben wong lanang neng Kedunggalar ki tau ngrasakne kekepane Tledhek Jiyah. mBoke sir-siranmu kuwi wis tau kelonan karo wong sak jagad. Ngerti ?" suwarane Tiok keprungu rada atos olehe ngandhani adhine.

 

"Kuwi rak Mak Jiyah ta Mas? dudu Karmini?  sing tak trisnani kuwi Karmini Mas, dudu Mak Jiyah dadi aja digathuk-gathukne lelakone Mak Jiyah karo Karmini. Merga sak ngertiku Karmini kuwi bocah sing becik, nalika tamat SD wong tuwane ora kuwat ngragati anake sekolah, ketang kepengine bisa pinter Karmini nekad, wani ngrekasa mulih sekolah direwangi buruh-buruh, gresek brambut neng selepan di dol, dhuwite diklumpukne ngge wragat sekolahe. Banjur sawise tamat saka MTs Karmini nerusne sekolah nyang Ka Pe sing mlebune awan, sekolahe disambi ngasag, buruh tandur, matun lan liya-liyane betek-e kepengin pinter. Dadi Mas Tiok ya aja banjur madhakne Karmini karo wong tuwane" Bagus mangsuli olehe ngandhani kakange.

 

"Iya aku ngerti anake Karmin Bengkring kae pancen bocah sekolahan, ning ya mung sekolahan kelase SMA KP. Arep dadi apa nek wis sekolah nyang KP ?" Tiok takon  karo suwara ngece.

"Dadi apa? Sekolah kuwi ben dadi cah pinter Mas" wangsulane Bagus karo suwara rada dhuwur  "Mas Tiok aja nyepelekne SMA KP, akeh Mas Lulusan KP sing ketampa neng Pergurun Tinggi Negeri, ora sethithik lulusan KP sing bisa nyambut gawe lumrah kaya kancane, Mas Tiok ya kudu adil dalam menilai, kancaku sing lulusan SMPP sing saiki dadi Panji Klanthung ya akeh Mas".

 

ana candhake.

 


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 03

 


cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

3.

Karmini banjur ngadeg mlaku menyang kamar, let sedhela wis bali mrono maneh karo nggawa amplop cacah loro, karo dhuwit seketan ewon rong lembar. Amplop karo dhuwit rong lembar kuwi banjur diselehne neng ngarepe Bagus, karo guneman :

 

"Niki Mas amplop kalih artane. Nyuwun pangapunten, kula wau boten wantun nampik, kula ajrih menawi mBak Vero utawi Mas Tiok duka".

 

Bagus ora enggal semaur, isih ketungkul anggone ngumbar gagasan.  Panyawange tumuju menyang amplop lan dhuwit sing lagi wae diselehne dening bojone nyang ngarepe. Nanging angen-angene adoh ngumbara ing awang-awang, miyaki jaman sing wis kawuri. Ing jaba udane wiwit tumiba, suwara banyu sing nibani gentheng omahe kumrosok rame, mratandhani yenj udane deres.

 

"Pripun Mas?" Karmini takon karo suwara rada kedher, nandhakne nek neng atine isih ana rasa wedi marang bojone.

 

"Heh, piye?" Bagus gragapan kaya wong lagi nglilir saka ngimpi.

 

"Niku lho amplop saking mBak Vero sing disukakne kula kalih Make, ugi sangu kangge lare-lare" Karmini wangsulan karo sajak rada anyel, jebul bojone mau ora migatekne omongane.

 

"Iya" Bagus wangsulan cekak.

 

"Iya pripun?" Karmini takon njaluk genahe.

 

"Iya sing kanggo mBahe ya ndang diaturne kana, nek kanggo apa ta apa. Sing kanggo awakmu ya dirawati sing becik, digunakne sing bener aja dienggo boros-borosan, banjur sing kanggo Arka karo Indri ya ndang diwenehne kon nyelengi, mengko nek celengane Indri wis mlumpuk akeh ben keneng ngge ngunggahne kaji bapakne" wangsulane Bagus karo mesem.

 

"Panjenengan boten duka saestu Mas?" Karmini takon karo mesem.

 

"Ora" Bagus wangsulan "aku rak wis wola-wali kandha, sing duwe perkara antarane aku karo sedulur-sedulurku lan wong tuwaku kuwi, aku. Awakmu, mBahe, bocah-bocah kuwi ora melu-melu lan ora ngerti apa-apa. Gajege, aku ya ora tau ngongkon utawa ngandhani awakmu lan bocah-bocah supaya padha nggething utawa ngingu rasa sengit marang Ibu, Tiok, mBak Tien apa dene mBak Evie ta?".

 

"Inggih" Karmini ngadeg banjur mlaku nggoleki simboke sing lagi neng pawon ngrageni bakalan tempe, bubar kuwi banjur mlebu kamare anake sing lagi padha nderes maca ayat-ayat Kitab Suci.

 

Nalika Karmini nggolek anake, Mak Jiyah mlebu marani mantune sing isih lungguh neng kursi cedhak meja makan.

 

"Wau niku kula nggih radi kaget lho Pakne Arka" kandhane Mak Jiyah karo mapan lungguh neng kursi cedhake Bagus.

 

"Nggih ta mBah ?" Bagus semaur sakecandhake.

 

"Lha enggih ta, lha tiyang nggih selawase kula niki dereng nate dilorohi kalih Den Tiok napa malih kalih garwanipun nika, kok dumadakan rawuh mriki, grapyak semanak malah ngasta jajan, kalih paring napa-napa, tibakne ajeng kundur wau taksih nitip angklop kangge kula napa" Mak Jiyah crita suwarane kumrepyek kaya banyu pancuran.

 

Bagus mung mesem wae, ora semaur apa-apa.

 

"Wau pas badhe wangsul kula aturi tempe sing buntelan ron plasa sing dadose tasih benjing enjing nggih kersa ngasta  lho" Mak Jiyah nutugne anggone crita.

 

"Kalih mBahe dibetani pinten ?" Bagus takon.

 

"Tigang jinah, ajeng diparingi arta ning kula nggig boten purun".

 

"Nggih mBah".

 

"Lha wong wis diparingi apa-apa kok mandhak tempe telung jinah wae arep ditampani dhuwite, saru ya Mak?" Karmini wis balik mapan lungguh maneh, banjur nyauti rembug.

 

"Lha iya lah" Mak Jiyah mangsuli Karmini "aku jan ora ngira babar pisan nek dina iki kerawuhan Den Tiok karo garwane.

 

"Ya padha ta Mak" Karmini nanggapi omonge Mak Jiyah "wis sepuluh tahun luwih aku iki ora tau kepethuk karo Mas Tiok lan Mbak Vero, nek ruh pas liwat neng ratan priyayine nitih mobil ngana kae pancen ya sok weruh, nanging ya mung saklebatan".

 

"Lha wong loro mrene kuwi mau, mung arep dolan karo arep nyangoni bocah-bocah, apa duwe karep liya?" Bagus nakoni bojone.

 

"Kula boten wantun matur Mas" wangsulane Karmini "nanging ngendikane mBak Vero wau, criyose Mas Tiok kangen kaliyan panjenengan, kalih kepengin kepanggih kaliyan lare-lare".

 

"Lha kangen karo aku kok olehe mara ngepasi aku ora nyang omah? Lha wong Tiok kuwi ya ngerti nek uripku kuwi wiwit esuk nganti surup sok tekan bengi neng ratan aspalan? lha kok mara rene awan-awan ya mesthi nek ora pethuke ta?" Bagus grenengan kaya omong karo awake dhewe.

 

"mBak Vero nggih ngendika ngoten niku, mula lajeng dhawuh nek sapeken-peken malih badhe tindak mriki malih ing wanci bakda magrib, kersane saged panggih kaliyan panjenengan" Karmini mangsuli olehe grenengan sing lanang.

"Ya wis, nyoh iki tampanana, asil dina iki" Bagus banjur ngogoh sak, masrahne asil olehe nyambut gawe sedina iki mau.

"Lha kagem mundhut bensin benjing enjing ?" karo nampani dhuwit sing diulungne sing lanang Karmini kober takon.

 

"Wis tak sisihne dhewe" wangsulane Bagus karo ngadeg arep menyang pasalatan, jam neng tembok wis nuduhne wektune wis manjing ngisak "aja lali disisihne sing kanggo dhaftar ulange Arka".

 

"Nggih Mas" wangsulane Karmini.

 

Bubar sembahyang ngisak Bagus arep terus leren neng kamar, nglurusne balung-balunge sawise sedina utuh ora ngglethak babar pisan. Tangane ditumpangne bathuk, Bagus ngglethak neng dhuwur amben ijen. Gagasane nglambrang, karo sajroning ati kebak pitakon : Tiok teka lan wis tumindak loman marang kulawargane kuwi duwe karep apa?.

 

Bendara Asper Raden Mas Surya Gutama kuwi kagungan putra papat, sing mbarep wadon jenenge Raden Ayu Sri Hartini, julukane Titien, banjur nomer loro Raden Ayu Evie Wulansari, julukane Evi, banjur Raden Mas Prastia Kusumaningrat sebutane Tiok, Bagus sing waruju jeneng komplite Raden Mas Bagus Kusumayuda. Nyambut gawe dadi Asper perhutani kuwi klebu priyayi luhur, mbawahi sinder sapirang-pirang. Uripe kajen kineringan dening sasamaning wong. Lan jaman semana jenenge Priyayi Luhur ngono kuwi, srawunge winates, tepungane ya karo padha-padha priyayi luhur. Wong-wong lumrahe olehe ngaji-aji ora karuwan. Sisa-sisa urip jaman feodal isih kenthel lumaku ing satengahing bebrayan. Aja maneh kok nganti pangkat Asper, lha wong sing mung pangkate Mandhor wae, wong-wong sakiwa tengene ora ana sing wani nganggo basa ngoko.

 

Dadi putrane Asper, kuwi ya ana kepenake nanging ya ana ora kepenake. Kepenake butuh apa-apa kari aba, ora tau kekurangan ing sabarang kabutuhan. Ora kepenake, uripe beda adoh karo kanca-kancane, apa-apa sarwa diatur lan ora bisa bebas dolan menyang ngendi-endi kaya kanca sapantarane. Kaya lelakone si Bagus, wiwit Sekolah Mlebu SD nek wayah kumpul karo kanca-kancane ora bisa nyauti apa sing dadi rembugane kanca-kancane. nek kancane crita perkara olehe golek welut neng sawah, Bagus ya mung mlongo. Nek kancane crita olehe slulupan lan lumban menyang kali, Bagus ya ora bisa melu mbumboni rembug. Nek kancane padha nyritakne olehe padha golek jangkrik utawa nguber walang, bagus blas ora mudheng karo sing dicritakne kanca-kancane mau. Kamangka critane ajeg nek rame, ketok nyenengake.

 

ana candhake.

 

 

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 02

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

2

Durung rampung Bagus karo Karmini mangan, ana suwara kemresek. Arka karo Indri mlebu omah sing banjur ditakoni Mak  Jiyah, simbahe. Kok wis padha mulih, merga adate kuwi olehe ngaji mesthi mulihe nek wis bar sembahyang Isak.

"Anu mBah, mendhunge peteng,  bledhege ya rame. Kuwatir nek mengko bocah-bocah kebetheng neng Masjid terus karo Mas Arif dikon padha mulih dhisik" sing wangsulan ngono kuwi Indri sing lagi kelas lima SD.

"Ya wis, nek ngono ndang padha dideres neng kamar kana, ben sansaya lanyah olehe ngaji" keprungu suwarane Mak Jiyah sing ngandhani Arka lan Indri.

"Nggih" sing wangsulan Arka sing banjur  mlebu arep menyang kamare.

Weruh nek Bapake  lungguh neng Kursi, sing ketok nek lagi rampung olehe mangan bocah loro kuwi padha nyedhak ngethungne tangane ngajak salaman. Pancen pakulinan neng omah kuwi, nek Bagus teka saka nyambut gawe, anak-anake padha ngajak salaman lan ngambung tangan. Kaya nek bocah-bocah kuwi teka saka sekolah utawa ngaji mesthi banjur ngajak salaman mBahe, Ibune lan Bapakne karo ngambung tangan.

Mripate Bagus weruh ana sing krasa beda ing sore kuwi, neng pundhake Arka lan Indri semampir sajadah sing apik. Kamangka sasuwene iki bocah loro kuwi durung tau ditukokne sajadah.

"Lha kuwi sajadahe sapa Ka?" ora sranta Bagus nakoni anake, kuwatir sajadah masjid katut digawa anake lanang.

"Sajadahe Arka Pak" wangsulane anake lanang karo mesem, terus nudingi sajadah sing disampirne pundhake adhine "olehe maringi Budhe Vero wau? Adhik nggih diparingi kok, lha niku".

"Enggih Bapak" Indri melu nrambul omongan "sajadahe Mas Arka apik ning kegedhen, kaya sajadahe mBah Kyai Anas. Nek sajadahe Indri niki kedawan, ning apik".

 Bagus ngguyu wae krungu wangsulane anake wedok ngono kuwi, banjur kandhane :

"Ya wis ndang padha nyang kamar kana, mau dening Simbah dikandhani apa?"

"Nggih Pak" wangsulane Arka "ken nderes Al-Qur'an".

Bocah lor kuwi banjur menyang kamare dhewe-dhewe.

"Niki wau ngeten lho Mas" sawise anak-anake mlebu Karmini wiwit omong "wau ngajengne ngasar wau Mas Tiok kalih mBak Vero rak mriki?"

"Iya mau kowe wis omong" wangsulane Bagus.

"Lha nggih niki kula tutugne" panyaute Karmini "criyose mampir, nembe wangsul saking Kutha. Panjenengan dipun pundhutne sarung kalih sajadah, kula kalih Mak-e diparingi Rukuh kalih sajadah, lare-lare nggih diparingi Rasukan kalih sajadah".

Karmini meneng sedhela, ngenteni tanggapane sing lanang. Nanging Bagus mung meneng, ora saulu apa-apa. Ana rasa aneh sing dumadakan mencok neng angen-angene. Wiwit sadurunge Bagus dadi bojone Karmini, sedulur lanange sing jenenge Raden Mas Prastia Kusumaningrat kuwi wis ora lorohan karo dheweke, nek dina iki dumadakan Tiok mara neng omahe malah ngajak bojone barang, banjur nggawakne panganan lan nukokne barang-barang marang anak bojo lan maratuwane kuwi bener-bener barang sing aneh. Lan angel bisa dipikirne nganggo pikiran waras, merga Tiok kuwi ora gelem nyauri nek Bagus nglorohi, merga wis nganggep nek Bagus kuwi wis dudu adhine maneh, wis dudu sedulure maneh. Lan Bagus dhewe ya nimbangi, pethuka neng dalan Bagus ya ethok-ethok ora weruh, malah saupama ing pasamuwan ngana kae, upama Bagus kudu ngajak salaman wong-wong sing luwih dhisik ana kono, lan upama Tiok mbeneri ya ana, Bagus luwih seneng ngliwati Tiok lan nyalami wong liyane.

"MBak Vero ugi mbeta jajan kangge lare-lare, kalih oleh-oleh kangge Panjenengan, wau kalih masrahne oleh-olehe mBak Vero wicanten : jarene Masmu iki karemane Dhik Bagus lho Dhik, ngaten. Lan Mas Tiok nggih mangsuli : iya aku iki kakangane Bagus, dadi wis apal panganan apa sing dadi karemane. Ngoten Mas" Karmini nutugne anggone crita.

"Lha neng kene sedhela apa suwe?" Bagus takon.

"Nggih radi dangu, wong Mas Tiok kalih mBak Vero lajeng nanggap lare-lare, Arka kalih Indri" wangsulane Karmini.

"Cah loro kuwi ditakoni apa wae?" Bagus takon maneh.

"Nggih ditakeni bab sekolahe, ngajine, sinaune lajeng cita-citane" wangsulane Karmini banjur mesem "Panjenengan pirsa Mas ? Napa cita-citane Indri?".

Bagus melu mesem, banjr wangsulan :

"Embuh aku lali, nek Arka jarene kepengin dadi wong pinter sing bisa aweh tetulung marang wong-wong sing kudune ditulung ngono wae".

"Nggih nek Arka pas didangu pakpuhe wau nggih ngoten niku wangsulane, lha nek sing kepireng radi lucu, ning damel kula terharu niku rak malah wangsulane Indri. Boten kula dhewe sing terharu, malah mBak Vero ngantos mbrebes napa kok" kandhane Karmini sabanjure.

"Lha kok marahi terharu, kuwi cita-citane Indri ki apa?"

"Cita-citane niku pengin dadi tiyang sugih, criyose nek mpun sugih ajeng ngunggahne Kaji mBahe, Bapakne, Ibune lan sedherek-sedhereke Bapake sing dereng saged minggah kaji dhewe".

"Kuwi cita-citane Indri? Lha mandhak mung ngono wae kok terharu lho?" Bagus semanta.

"Ketingale sepele Mas, ning niku nuduhne nek putrane Panjenengan niku lare sing bekti dhateng tiyang sepuh, boten mung mikir senenge dhewe mawon. Wong Criyose si Indri niku wau ngeten : nek mpun saged munggah kaji teng Mekah, supados sami diampuni dosa-dosanya kalih Gusti Allah, kersane boten enten sing nyemplung neraka, criyose Indri, Indri niku boten iklas nek Bapak Ibune, mBahe lan sedherek-sedhereke Bapakne wonten sing nyemplung neraka, ngoten lho Mas" wangsulane Karmini  "Kula rak terus dadi kelingan, nek tiyang kados awake dhewe sing arang saged ngamal, malah kerep nampi sedhekah lan amale tiyang sanes ngeten niki, rak nggih kangelan ta Mas ajeng mlebet suwarga niku?. Mula kula nggih lajeng terharu".

"Iya" Bagus wangsulan cekak . Sajroning atine, dheweke rumangsa wis luput marang bojone, merga ora nganggo taren-tarenan dheweke ajeg nisihne pengasilan saben dinane sing mung telung persen saka pengasilane, dilebokne menyang Kotak Amal Panti Asuhan Yatim Piyatu kanthi sesidheman. Rumangsane kanthi mangkono, anak bojone wis katut oleh ganjaran saka Sing Kuwasa lan sasuwene iki Bagus ora duwe pikiran yen bojone ya butuh bisa ngamal lan sedhekah. Mula bareng bojone kandha kaya mangkono kuwi, Bagus arep ngowahi carane ngamal, yakuwi kanthi cara diedum. Sing separo olehe ngamal ben ditindakne bojone.

"Lha Mas Tiok rak lajeng nakeni Indri ngeten : Indri ya gak iklas nek Pakpuh cemplung neraka? ngoten" Karmini isih nutugne olehe crita.

"Lha wangsulane anakmu wedok piye?" Bagus takon.

"Indri lajeng wangsulan ngeten : nggih boten iklas no Pak Puh, pokoke Pak Puh kalih Bupuh kalih Eyang lan sedaya putrane Eyang benjing kudu mlebet suwarga, Tiyang baik-baik mosok nggih pantes cemplung neraka ta Pak Puh ?, ngoten wangsulane Indri".

"Lha Tiok karo Vero terus piye?" Bagus ngguyu.

"Lha niku sing ndadosne terharu, Mas Tiok malah mbrebes luhe dleweran, Indri dikekep-kekep kalih diambungi gentosan kalih mBal Vero" wangsulane Karmini karo mripat kaca-kaca.

Bagus ora semaur maneh, nganti Karmini nutugne olehe kandha :

"Wau pas badhe pamitan, kula ditilari amplop kalih mBak Vero, Mak-e nggih disukani, lajeng Arka kalih Indri nggih disangoni, lare setunggal diparingi seket. Sedaya tesih kula singgahne, ngentosi panjenengan, kula kuwatos menawi panjenengan boten kepranan ing penggalih".

Bagus meneng ora semaur, pikirane wiwit nglambrang tekan ngendi-endi.

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 01

 

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

1.

 

Wektune wis ngarepne surup, mendhung peteng nutupi langit, Bagus nglebokne mobil tuwa kancane nyambut gawe golek sandhang pangan saben dinane nyang garasine. Sadurunge mudhun, saka mobile Bagus ngrogoh sak clanane jeane sing wis mbladhus rupane. Ngetung dhuwit oleh-olehane nyambut gawe wiwit sadurunge mlethek srengenge mau. Satus telung puluh lima ewu repis. Gawan saka omah mau selawe ewu, dadi asil olehe nyambut gawe sedina iki mau kabeh satus sepuluh ewu.

"Alhamdulillah.........." alon-alon lambene ngucap sukur marang Pangeran. Wingi sore Karmini, bojone, ngandhani nek kanggo dhaftar ulang anake mbarep sing wiwit mlebu SMA mbutuhne dhuwit telungatus selawe, komplit sasragame.

"Teng edharane disebutne paling lambat tanggal tiga lho Mas" kandhane Karmini sawuse omong butuhe dhuwit kanggo dhaftar ulange Arka, anake lanang sing mbarep kuwi.

"He eh" wangsulane Bagus karo mapan ngglethak, nglurusne balung sawise sedina utuh lungguh neng jog mburi setir angkotane "kuwi sing seket sisihna dhisik, mengko kurange digolekne karo mlaku. Wong iki isih tanggal rolikur, muga-muga disisihna saben dina nek wis pas mbayar bisa cukup".

"Enggih" wangsulane Karmini "kula tak ndelok Tipi riyin nggih Mas?".

"Ya" Bagus wangsulan ora karo ngingeti bojone, merga kaselak kepengin bisa leren.

Bubar ngetung dhuwit oleh-olehane, sing selawe dijupuk maneh disisihne arep kanggo tuku bensin sesuk. Banjur mudhun mlaku mlebu omah. Iya mlebu omah, omahe maratuwane. Pancen Bagus kuwi dadi siji karo Maratuwane, jeneh Karmini kuwi ora duwe tunggal lan mara tuwane Bagus sing lanang wis ora ana sadurunge Bagus dadi mantune.

"Assalamu'alaikum, Bapak datang......." karo njangkah mlebu omah Bagus uluk salam. Wis dadi pakulinan wong saomah kuwi nek teka saka lunga, mbuh sekolah mbuh kerja, kulina uluk salam.

"Salam....." ana suwara wangsulan, Mak Jiyah metu saka kamare sing gandheng karo ruang tamu, mbagekne tekane mantune, karo pitakonan "kok ngantos serap ta Pakne Arka?"

Wiwit durung dadi mantune Mak Jiyah kuwi nek karo Bagus ajeg nganggo basa krama, merga Bagus kuwi temene ngono isih putrane nDara Asper Adm. Perhutani, titele wae isih nganggo sebutan Raden. Lha Mak Jiyah kuwi mung wong cilik, dadi wiwit Bagus isih bocah Mak Jiyah kuwi nek karo Bagus kudu basa, ben ora diarani wong ora duwe duga.

"Inggih mBah" wangsulane Bagus, Bagus ki nek nyeluk maratuwane "mBah" merga mbasakne anak-anake "Lha ibune Arka napa tasih teng pawon?".

"Enggih, criyose wau kelalen angsale ajeng nggodhog toya, nek Arka kalih Indri empun budhal ngaji".

Bagus wis ora nyauti maneh, banjur bablas mlebu kamare. Njupuk salin arep mangkat adus menyang sumur, pancen kamar mandhi omah kuwi manggone cedhak sumur, dadi nek ngarani ya adus nyang sumur ngono wae. Lagi wae, Bagus arep jumangkah metu, Karmini mlebu kamar marani.

"Badhe terus siram ta Mas?" Karmini takon.

"Iya, selak kedhisikan udan mengko" wangsulane Bagus karo arep terus mlangkah.

"Sekedhap toyane panas kula soke teng ember riyin" Karmini semaur karo mbalik metu ningalne kamar.

"Wis tak angkate dhewe wae, rak isih neng dhuwur pawon ta?" Bagus takon.

Karmini ora semaur merga wis luwih dhisik mlaku tekan pawon lan ngesokne banyu panas saka ketel sing lagi wae diobori nganggo kayu obong neng pawon, menyang ember . Bagus banjur nututi,  ember isi banyu panas banjur dicangking digawa menyang kamar mandhi arep dienggo adus.

Durung nganti Bagus mlebu kamar mandhi, Kenthongan Masjide Kyai Anas wis ditabuh banter, disusul suwara adzan sing keprungu endah, kepenak dirungokne kuping. Bagus apal suwara adzan kuwi suwarane anake lanang, Arka Bismantaka. Bagus mandheg ora sida mlebu kamar mandhi, ngenteni olehe adzan anake rampung. Jroning atine tuwuh rasa seneng lan rumangsa sukur marang Pangeran, dene nadyan awake dhewe durung bisa sembahyang kanthi tertib jama'ah neng masjid, kegawa saka repote nandangi gaweyan, malah sok-sok ya gothang barang, nanging anake lanang sing lahir mbarep sregepe ngibadah ora karuwan. Wiwit isih neng SD nganti saiki arep mlebu SMA prihatine gedhe, kerep nglakoni tirakat pasa senin kemis lan pasa-pasa sunah liyane. Saben sore saben bubar shalat magrib banjur nyuwun wulang ngaji marang Pak Kyai Anas. Sepisan maneh Bagus ngaturne panuwun marang Pangeran, dheweke sing ora tau ngerti rupane alip bengkong, diparingi turun sing sregep lan pinter ngaji.

Rada suwe keprungu suwara iqamat, Bagus lagi rampung olehe adus. Banjur sembahyang dhewe ana omah. Neng jaba suwara gludhug banter sesautan rame. Bubar sembahyang wis ditunggu Karmini sing lungguh ana kursi ngadhep meja sing kulinane dienggo mangan. Neng kono wis cemawis wedang kopi pahitan karemane. Bagus mapan lungguh neng kursi, banjur takon :

"Kanggo bocah-bocah wis disisihne? Lha mBahe wis diaturi dhahar pa rung ?" pitakonan ngene iki meh saben sore tansah diucapne dening bagus marang bojone.  Lan Karmini ora tau bosen mesthi banjur semaur :

"Sampun".

Bagus nyandhak tudhung saji sing kanggo tutup panganan neng meja, nanging banjur nyawang bojone karo sunar mripat kebak tandha pitakon. Polatane katon yen lagi rada kaget.

"Wonten napa Mas?" Karmini sing rumangsa disawang suwe dening sing lanang banjur takon.

"Ayo mangan pisan bareng aku!" wangsulane Bagus . Ora semaur Karmini uga banjur nyandhak piring njupuk sega kanggo awake dhewe. Nek bagus kuwi wiwit biyen ora seneng dijupukne, pilih njupuk lan imbuh dhewe.

"Saka ngendi iki mau?" Bagus takon maneh sadurunge njupuk lawuhan sing cemawis, olehe arep njupuk ayam goreng diwurungne malah ngalih nyidhuk sambel sing cemawis sak lempere.

"Oh, inggih kula dereng kober criyos" wangsulane Karmini "wau wonten tamu, mbetakne oleh-oleh kangge Panjenengan kalih lare-lare, Nggih niki oleh-olehe sing kangge panjenengan, niku wau mpun kula sisihne kangge Arka kalih Indri, kalih Mak-e nggih mpun kula pilihne sing enten brutune".

"Ya wis" Bagus wangsulan diterusne nganggo pitakonan "sapa ta dhayohe?".

"Mas Tiok kalih mBak Vero, wau bakda ngasar rawuh mriki ngajak putra-putrane".

"Tiok karo Vero gelem mlebu omah kene?" Bagus takon karo suwara dhuwur sanadyan ora pati banter "kowe kuwi nglindur apa ngimpi? apa kupingku sing wis owah? apa sing lagi ngimpi kuwi aku?".

"Sampun ta Mas" Karmini nyedhaki sing lanang karo omong "sak niki dhahar rumiyin kemawon, mangke menawi sampun tuwuk, kula criyosi sawetahipun".

Bagus ora semaur, banjur nutugne olehe mangan. Lawuh ayam goreng babar pisan ora disenggol, pilih njupuk tempe goreng sing cetha nek kuwi tempe gaweyane mara tuwane karo sambel bawang neng layah sing lagi wae diuleg dening Karmini.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...