Total Tayangan Halaman

Jumat, 05 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 25

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

25.

Tiok meneng sedhela, ora enggal wangsulan, malah plengah-plengeh, ngguyu ning tanpa rasa. Tiok pancen lagi ngrasakne rasa cemplang sing ngranuhi sajroning atine. Rasa cemplang sajroning ngrasakne lelakon uripe. Wong ngendi-endi padha ngerti lan padha ngarani, kajaba kulawarga kinurmat kang kajen kineringan dening sapepadhaning wong, kulawargane Ndara Asper kuwi kulawarga sing sugih bandha. Kulawarga sing ora kurang enthong ora kurang irus. Ewa samono saiki para putra-putrane nDara Asper padha pegel-pegelan siji lan sijine, ora sabab kekurangan, nanging sabab kepengin entuk bageyan luwih akeh lan luwih kuwasa marang bandhane wong tuwane.

 

"Piye Pah ? mBak Tien banjur kepriye?" Vero bali nakoni bojone.

 

"mBak Tien ndakwa mBak Evie jare wis ndobrili Ibu, nganti Ibu ora emut marang kalenggahane minangka wong sing kinurmat, gelem nampa Karmini dadi putra mantune kuwi padha karo Ibu kersa disejajarne karo Mak Jiyah, sing jarene mBak Tien ya nana kae, kaya sing diucapne mBak Tien menyang Karmini pas neng Rumah Sakit. mBak Tien banjur ngongkon aku supaya ngaturi Ibu caos pemut yen I bu kuwi wis kena pengaruhe mBak Evie" kandhane Tiok mangsuli pitakone bojone.

 

"Banjur Papah ya saguh?"  Vero nguber karo pitakonan.

 

"Aku mangsuli, nek Ibu kuwi padha karo aku lan mBak Evie, sing duwe keyakinan, nek neng donya kuwi ora ana manungsa sing tanpa cacad, tanpa duwe kekurangan. Lan uga ora ana manungsa sing ora duwe kabecikan. Saelek-eleke menungsa mesthi isih ana apike, sapik-apike menungsa mesrhi ana kekurangane. Wong sing katone apik iki merga dening Gusti Allah ora dibukak cacad sing didhelikne, dadi manungsa kuwi ora kena dumeh rumangsa resik, banjur seneng nggoleki alaning liyan, bisa kuwalat. Pungkasane aku emoh dikongkon mBak Tien ngono kuwi" Tiok banjur wangsulan maneh.

 

"Ya wis, nek ngono Papah wis bener" Vero ngalembana bojone.

 

"mbak Tien banjur sansaya nesu lan ngomong ora arep nggugu Ibu, mBak Evie apa dene aku, merga kabeh dianggep kleru. Sing luwih lucu maneh, bageyane Bagus ya tetep arep dikukuhi ora arep diwenehne marang Bagus, merga jarene sesuai dengan kesepakatan, bageyane Bagus kuwi arep dipasrahne nek Bagus wis nuruti apa sing dadi karepe mBak Tien lan sing uga tau dadi karepku sadurunge aku sadar, Ibu uga tau duwe kersa sing padha sadurunge Ibu pirsa kabecikane Karmini. Mula aku ya dadi bingung, lha bareng aku takon menyang Bagus, Bagus malah omong nek ora arep melu omong perkara kuwi. Mengko bageyane Bagus rak sida ilang katut dipek mbak Tien kabeh?. Piye Gus?" Tiok mungkasi critane sing ditutup nganggo pitakonan marang Bagus.

 

"Ngene wae Mas" Bagus banjur wangsulan suwarane keprungu sareh "wektu iki kahanane Ibu ya ngana kae, nek nganti kebanteren menggalih bisa gerah maneh. Kamangka minangka anak ragil, aku iki sing paling sethithik anggonku bisa ngabekti marang Ibu, aku isih mbutuhake Ibu kanggo nampa bektiku, lan bektine sisihanku marang Ibu Maratuwane. Dadi aku nyuwun tulung marang Mas Tiok, aja nganti Ibu nganti pirsa nek putra-putrane padha udur jalaran bandha sing asale saka peparinge Ibu kabeh. Mas Tiok utawa mBak Evie ora sah masalahne sing jarene bageyanku kuwi mau karo mBak Tien. Aku ora apa-apa, tenan aku ora arep ngrembug bab kuwi, merga aku isih seneng milih Ibu tansah sehat lan panjang yuswane".

 

Banjur Bagus genti noleh marang Karmini karo takon :

"Panemuku ing perkara sing dicritakne Mas Tiok kuwi mau ngono kuwi Dhik, mathuk ta? Jare dhek emben kae awakmu ya wis dijak bisik-bisik karo mBak Evie bab iki?".

 

"Inggih Mas" wangsulane Karmini marang Bagus sing uga bisa dirungokne Vero apa dene Tiok "kados ingkang sampun kula aturne kala wingenane nika. Pas dikabari mBak Evie ing prakawis niku, kula namung atur wangsulan, bilih kula niki boten wenang tumut ngrembag prakawis punika, nanging kula janji dhateng mBak Evie bilih  badhe matur dhateng Panjenengan, murih ngeman dhateng kasugenganipun Ibu. Sampun ngantos Ibu kejot ing panggalih, sampun ngantos Ibu kebanteren anggenipun manggalih, awit Ibu punika sampun sepuh, betah katentreman, dening Pak Dokter Heru kalih Pak Dokter sing teng Rumah Sakit nika dipun weling, murih Ibu boten gampil sakit Ibu kedah nggadhuh panggalih ingkang ayem, menawi ngantos Panjenengan ngrembag prakawis bandha ingkang samangke dipun asta dening nDara Den Ayu Tien, lajeng Ibu ngantos pirsa, kula kuwatos Ibu lajeng kejot penggalihipun lan saged nuwuhaken boten sae kedadosanipun. Niku atur kula kala wingenane ingkang kula wangsuli dinten niki, kangge mangsuli pamanggih panjenengan ingkang kala wau".

 

Wangsulane Karmini sing nadyan alon nanging cetha kuwi, bener-bener wis klop karo sikep lan panemune Bagus sing dikandhakne marang sedulure tuwa. Ora krasa Tiok banjur ndhingkluk, rumangsa kasoran perbawa. Babar pisan Tiok ora duwe pangira yen bakal krungu wangsulane Bagus sing dhek mau  lan banjur diimbuhi karo wangsulane Karmini ngono kuwi. Tiok rumangsa dibanting lan dikeplekne dening Bagus lan Karmini sak pol-pole. Tiok uga banjur rumangsa kalah adoh nek ditandhingne karo Bagus karo Karmini, ing babagan kadiwasan lan kapinteraning rasa.  Sasuwene iki, Tiok ora tau nggagas bab kesehatane Ibune kanthi njaga murih penggalihe Ibune bisa ayem lan tentrem. Tiok sing wis rumangsa mongkog sing saben sasi sepisan bisa gawe bungahe Ibune kanthi tuku panganan sing mirasa banjur dicaosne Ibune, dumadakan rumangsa ora ana apa-apane yen ditandhing karo apa sing lagi wae dikandhakne dening Bagus sing banjur disusul karo kandhane Karmini.  Bagus karo Karmini ora butuh Ibune pirsa yen duwe niyat lan lekas sing luhur, nanging Bagus karo Karmini mung butuh supaya Ibune ora gerah lan kaparingan panjang yuswa.

 

"Ngene lho Mas" bareng Tiok ndhingkluk lan suwe ora  omong apa-apa Bagus banjur gunemen maneh "aku ngerti, Mas Tiok apa dene mBak Evie kuwi padha nguwatirake panguripane kulawargaku sing mung kaya ngene iki. Nanging Mas Tiok kudu ngerti lan aja nemen-nemen olehe mrihatinake aku, sanajan nyambut gaweku mung njagakne tumetesing bun paribasane, kabutuhanku isih akeh melu disangga mara tuwa, nanging Mas Tiok tak aturi percaya karo Maha Asihe Gusti Allah marang kawulaNe. Cukup kuwi manggone ana ing ati, nek ati wis rumangsa cukup mangka ora bakal kekurangan selawase. Wis ta Mas, ora -ora nek kulawargaku nganti kesrakatan kangelan olehe bisa mangan. Aku percaya kok, Gusti Allah bakal anyukupne kabutuhane kulawargaku waton aku temen-temen bekti marang Ibuku, kanthi ikhlas ing lahir trusing batin, ora murih apa-apa kajaba murih ridlaNe Gusti Sing Maha Agung. Lan aku njaluk tulung marang Mas Tiok, supaya kersa ngabarne bab iki marang mBak Evie, iki kabeh demi kesehatan dan kasugengane Ibune dhewe sing wis sansaya sepuh kae".

 

Kahanan dadi sansaya sepi, ora ana suwara sing keprungu metu saka lisan. Nganti suwarane ambegan sing mlebu metu liwat irung, keprungu cetha kaya suwarane rebab sing ngiringi suluke Ki Dhalang nalika ngancik manyura.

 

ana candhake.

 


Kamis, 04 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 24

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

24.

Oleh pitakonan saka kakangane ngono kuwi Bagus ora enggal semaur, nanging malah ngguyu nggleges. Karmini karo Vero sing weruh Bagus ngguyu karo nutupi lambene nganggo epek-epek tangane, kuwi kaya kesetrum banjur padha melu ngguyu. Ngguyu olehe Bagus ngguyu omongane dhewe sing nyebut jenenge mBakyune nganggo sebutan Raden Ayu, sing saiki wis keprungu lucu. Tiok sing ora pati mudheng karo sing lagi padha digeguyu sansaya penasaran, genti-genten nyawang kancane jagongan siji-siji.

 

"Jane ki sing lagi padha diguyu kuwi apa ta? Apa olehku takon nyang Bagus iki mau aneh utawa lucu ngono ?" Tiok takon marang kancane jagongan.

 

"Ora Mas" wangsulane Bagus "Aku mau ki ngguyu omonganku dhewe sing tak anggep lucu, merga ing jaman sing wis modern iki jebul isih ana wong sing isih seneng disebut nganggo sebutan ngono kuwi. Nanging aja kleru tampa lho, aku ora ngarani nek mBakyune Panjenengan sing mbarep kae isih seneng nganggo sebutan ngono kuwi. Mung wae, merga aku kepengin ngajeni wong sing rumangsa kinurmat kae, aku pengin wae nggunakne sebutan kuwi kanggo nyebut asmane. Sepisan manehtak baleni, kanggo ngajeni wong sing rumangsa kinurmat".

 

"Aku sansaya ora mudheng karo sing mbok karepne kuwi Gus" Tiok guneman karo mesem sepa.

 

"Ngene lho Mas, saiki aku ya arep blaka menyang Panjenengan" kandhane Bagus sabanjure.

 

"Blaka perkara apa kuwi?" Tiok takon.

 

"Kaya dhek wingi-wingi sadurunge Ibu gerah kae, aku karo Mas Tiok kuwi rak padha ora geleme nyedhak, malah upama bisa kepara malah kepengin olehe padha ngadoh. Kuwi merga aku iki ngrumangsani wong sing duwe sipat rada brangasan, dadi kuwatir nek nganti ketemu banjur krungu tembung sing ngalarani atiku, aku kuwatir anjur nesu, mula aku milih ngadoh wae. Samono uga karo sedulur panjenengan sing tuwa dhewe kae, malah kepara luwih nemen. Aja maneh kok nganti kepethuk banjur krungu rembug sing nyenggol pangrasa, aku ora muringa. Lha wong ora weruh wonge ngene iki wae, nek kelingan omongan sing diucapne neng ngarepe wong akeh pas neng Rumah sakit kae, ati iki isih krasa njarem jarene. Apa maneh bareng aku ngerti meh wae Ibu mundhak santer gerahe, jalaran meh wae Ibune Arka arep mulih tanpa pamit, tujune konangan Dhik Ningrum karo Mas Yunus sing banjur ngandhani aku. Olehe arep mulih tanpa pamit Ibune Arka sing awane wis didhawuhi Ibu supaya bengi kuwi ngancani Ibu, ya merga gunemane wong sing rumangsa terhormat kae wis kebacut tenan" kandhane Bagus mblakakne isining atine marang Tiok "Nah gegandhengan karo sing tak blakakne iki mau, nek Mas Tiok kok njaluk panemuku perkara sing mau Panjenengan critakne, sepisan maneh tak wangsuli panemuku ora bakal ana gunane babar pisan. Dadi aku milih meneng wae".

 

"Lha sing dikandhakne mBak Tien neng ngarepe wong akeh kuwi apa? kok olehmu njarem nganti kaya ngono kuwi mau? Lha Ibune Arka diuneni apa kok nganti meh wae mulih ki?" Tiok takon.

 

"Nek sing dikandhakne neng ngarepe wong akeh, ora perlu tak kandhakne. Sing cetha romobongane Mbah Mantri Guru kae nganti ora mentala ngrungokne" wangsulane Bagus "lha nek unine menyang Ibune Arka, ya panjenengan takoni dhewe wonge kuwi".

 

"Ngeten lho Mas" sadurunge Tiok nakoni Karmini luwih dhisik nyambung kandhane Bagus "nDara Den Ayu ndakwa dhateng kula bilih anggen kula dhateng Rumah Sakit niku badhe damel cilaknipun Ibu, lajeng kula dipun dhawuhi kesah, menawi boten purun kesah badhe dipun celukne Satpam supados ngrangket kula. Nalika badhe kula genahne, nDara Den Ayu malah sansaya duka, meh mawon kula kalap, jalaran menawi ingkang dipun undamana niku namung kula, kula saged nampi nanging sareng tiyang sepuh kula ugi dipun undamana mawi basa ingkang sakalangkung lekoh lan saru, manah kula dados sakit sanget, meh kemawon kula badhe mara tangan. Mesthinipun Mas Tiok ugi pirsa, sanaosa namung kados ngeten kawontenan kula, nanging pas ing acara Pra-Pon Kabupaten Ngawi rumiyin, pinten atlet pesilat ingkang sampun KO ngadhepi kula?. Tujunipun, kula kaparingan eling, mula kula lajeng mundur nilaraken nDara Den Ayu ingkang nembe duka-duka ingkang ing mriku ugi wonten nDara Den Har, nanging namung mendel kemawon, malah ketingal ngrojongi garwanipun. Gandheng pas dipun dukani nDara Den Ayu niku, dhompet kula kantun teng Kamar, badhe wangsul kula boten saged, tiyang kula boten nyepeng arta kangge mbayari angkota, lajeng kula kepanggih Bu Ningrum kalih Pak Yunus ingkang badhe bezuk, ing pangangkah kula badhe ndherek nunut menawi Bu Ningrum kundur".

 

Tiok karo Vero manthuk-manthuk krungu kandhane Karmini sing ngono kuwi mau. Wong loro kuwi nggambarake mendah kaya ngapa wirange kulawargane Bu Asper yen nganti wengi kuwi Karmini ora bisa ngendhaleni nepsune?. Ora mokal nek Karmini wis nggunakne kabisane ing ulah bela dhirine, Sri Hartini malah banjur mlebu UGD. Lan ora mokal maneh menawa Bu Asper bakal sansaya santer gerahe. Bagus mesthi banjur direpotne ngurusi bojone sing banjur dirangket lan dadi tahanan neng Kantor Polisi. Sepisan maneh Tiok karo Vero banjur padha nyerot ambegan dawa, ngaturake panuwun marang sing kuwasa.

 

"Iya, iya aku bisa melu ngrasakne sepira laraning atimu marang mBak Tien" kandhane Tiok sawuse meneng rada sauntara suwene "lan ya bener kaya sing mbok kandhakne mau Gus, nek ndelok watak wantune, mBak Tien mokal gelem lan bisa nampa panemumu sing embuh kaya apa unine".

 

"Mulane" Bagus wangsulan cekak.

 

"Nanging rak ya perlu dicoba ta Pah?" Vero sing maune mung dadi pendhengar kuwi melu urun rembug, marang bojone.

 

"Dicoba piye?" Tiok takon.

 

"mBak Tien karo Mas Har kuwi rak durung pirsa, nek awake dhewe karo mBak Evie apa dene Mas Sugeng, saiki wis bali rukun karo Dhik Bagus lan Dhik Karmini? Samono uga Ibu, Ibu wis legawa malah kepara klawan rasa syukur marang Gusti Allah, nampa Dhik Karmini dadi putra mantune, bab iki mBak Tien karo Mas Har rak ya kudu dicaosi pirsa?" wangsulane Vero marang Tiok.

 

Tiok ngguyu. Kaya olehe ngguyu Bagus nalika dheweke takon mau. Nanging guyune Tiok guyu sing sepa, keprungu rada wagu.

 

"Kok malah gumujeng ta Pah ?" Vero nyendhu Tiok.

 

"mBak Tien karo Mas Har kuwi wis ngerti kabeh" wangsulane Tiok "wingi pas neng Kantor, aku ditelpon mBak Tien, wonge kandha jare bar diomongi mBak Evie nek sasuwene iki kabeh wis kleru anggone duwe panganggep marang Bagus lan Karmini, banjur kabeh wis padha sadar lan gelem ndandani panganggepe sing kleru mau, ya Ibu, ya awake dhewe, ya mBak Evie karo Mas Sugeng. Mung kari mBak Tien dhewe sing durung ngrumangsani lupute".

 

"Banjur mBak Tien piye?" Vero nugel critane Tiok karo pitakonan, merga Tiok mandheg olehe omong.

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 23

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

23.

Krungu kandhane Tiok sing ngrumangsani lupute ngono kuwi Bagus mung meneng wae. Bagus wis ngrasakne dhewe, sepira gedhene rasa gething neng atine Tiok marang dheweke. Merga Bagus ora nurut apa sing dadi panemune Tiok. Luwih saka lima las tahun Tiok ora sudi lorohan karo Bagus. Lan wektu kuwi Bagus ya nimbangi. Wong lanang loro sing isih sedulur tunggal bapa biyung, merga rebut bener, nganti padha ora sapan sinapan. Tiok rumangsa bener merga minangka sedulur tuwa ora digugu nalika aweh pitutur marang adhine. Bagus rumangsa bener merga sing ditindakne babar pisan ora gawe rugine sapa wae, kalebu marang sedulur lan wong tuwane. Nek ana sing menggak kekarepane sing ora nerjang sarak lan paugeraning bebrayan kuwi padha karo wis arep ngatur-ngatur uripe. Satemene Bagus ya ora seneng satron karo sedulure tuwa, nanging arep ngajak bali becik, Bagus durung oleh dalan sing apik. Ngrumangsani yen uripe lagi mapan ing ngisor, bakal sansaya remeh menawa nganti niyate sing becik jebul oleh tanggapan sing ora nocogi atine, bisa-bisa olehe duwe niyat ngajak bali rukun kaya biyen dikira merga wis ora kuwat urip sajroning kacingkrangan .

 

Saiki, Tiok gelem mara menyang omahe lan gelem ngakoni yen Karmini kuwi wis dadi ipene, Bagus rumangsa seneng. Mula kandhane Tiok ya mung dirungokne wae lan Bagus banjur ngati-ati anggone nanggapi, aja nganti tanggapane nuwuhne rasa gela ing atine sedulure lanang kuwi.

 

"Jebul pandakwaku marang Karmini nalika samana ora sing bener babar pisan" Tiok nutugne rembuge "pandakwaku marang awakmu meh kabeh ora bener. Sasuwene aku ora srawung karo awakmu, tenane aku ya niling-nilingake kaya ngapa lakune rumah tanggamu sing ora direstoni dening Kulawargamu kabeh kuwi. Jebul aku dadi weruh, Rumah tanggamu anane mung tentrem lan ayem sanadyan tata gelar panguripanmu ya mung pas-pasan. Aku ya ngerti yen awakmu kerep sowan Ibu nalikane omah lagi sepi. Aku ya ngerti, nek awakmu kuwi anak sing bekti marang wong tuwa lan bektimu tulus ora pamrih apa-apa. Mula aku banjur kepengin ndandani kaluputan sing wis tak tindakne sasuwene iki. Aku nyoba teka nyang omah kene, nalikane kowe ora ana omah. Sikep lan tangkebe Karmini marang aku apa dene mBakyumu banget olehe ngaji-aji, babar pisan ora katon tilasing lara ati merga sikep lan tangkebku marang dheweke sasuwene iki, malah sajake awakmu wong loro sengaja nutup-nutupi kabeh cacade kulawargane Bapak lan Ibu marang kulawargamu. Sing dingerteni dening anak-anakmu, kabeh wiwit Eyange nganti sedulur-sedulure bapak-e kuwi wong apik, apik kaya bapak-e".

 

"Uwis Mas" kandhane Bagus nugel rembuge Tiok "barang sing wis kebacut ora perlu diomong maneh. Aku wis rumangsa seneng lan matur nuwun banget marang Gusti Allah, merga aku lan Ibune Arka, wis bisa ngabekti marang Ibu, ngabekti klawan sakuwasaku. Mungguhku kuwi wis luwih saka cukup. Dadi Mas Tiok aja banjur nggetuni nemen-nemen barang sing wis kepungkur, mundhak ora becik kedadeyane".

 

"Iya Gus, nanging aku ya butuh takon marang awakmu, awakmu kuwi wis ngerti apa durung ?" Tiok dumadakan nakoni Bagus karo praupan ketok serius.

 

"Perkara apa kuwi Mas?" Bagus mbalik takon.

 

"Perkara harta kekayaanne wong tuwane awake dhewe?".

 

"Durung Mas, eneng apa?" Bagus takon maneh.

 

"Kira-kira limang tahun kepungkur, bandhane Ibu lan Bapak wis didum, kuwi sing duwe usulan mBak Tien sing banjur disetujoni Ibu" Tiok aweh katrangan marang adhine "jarene kanggo njagani supaya ing mbesuk nek Ibu wis kapundhut dening Gusti Allah, putra-putrane ora banjur geger rebutan warisan".

 

"Ngono nrak ya luwih becik ta Mas? wong ibu ya wis ora kagungan butuh apa-apa maneh, kanggo saben dinane pensiun tinggalane sawargi Bapak ya wis turah-turah wae" wangsulane Bagus ayem tanpa ekspresi apa-apa.

 

"Aja ngarani luwih becik dhisik nek awakmu durung ngerti, merga critaku durung rampung" Tiok wangsulan.

 

"Ya Mas Tiok bacutne crita, aku tak ngrungokne" kandhane Bagus nanggapi wangsulane Tiok.

 

"Olehe ngedum bandhane Ibu karo bapak kuwi ora adhedhasar hukum waris....."

 

"Ya bener ta Mas, wong ya ora andum warisan, nanging Ibu menehne barang-barange marang putra-putrane. dadi ya sakersane Ibu" Nagus bali nugel kandhane Tiok.

 

"Rungokna dhisik ta, aku tak omong" Tiok omong maneh.

 

"Oh, ya Mas, sorry....." Bagus ngguyu "mangga dilanjut....".

 

"Kaya sing mbok kandhakne mau, kabeh sakersane Ibu, nanging ora murni merga Ibu kari maca konsepane mBak Tien. Kabeh bandhane Ibu karo Bapak dipara papat, merga putrane Bapak karo Ibu kabeh papat. Kabeh wis dipasrahne marang putra-putrane Ibu, kajaba bageyanmu. Merga wektu kuwi, awakmu dianggep isih lunga lan ora kena dipesthekne kapan bisane bali. Ngerti sing tak karepne "lunga" ?". Tiok meneng sedhela nakoni adhine.

 

"Ya ngerti" Bagus mangsuli cekak.

 

"Yen sawayah-wayah bali, mangka bageyanmu lagi arep dipasrahne marang awakmu. Ning nek nganti ora bali, mbesuk arep dibagi kanggo wong telu maneh. Lan sasuwene nunggu balimu, bageyan kanggo awakmu kuwi sajroning panguwasane mBak Tien. Dadi asil sawah bageyanmu sajroning limang tahun iki kabeh dikuwasani dening mBak Tien. Lha pas dina riyaya kepungkur, mBak Evie nakokne bab asile sawah bageyanmu kuwi marang mBak Tien, disimpen apa dikapakne, karepe mBak Evie ora ketang sepira, anak-anakmu supaya diwenehi. Nanging mBak Tien ora bisa nampa, malah salah paham karo mBak Evie, jarene mbak Tien kuwi kabeh wis dadi duweke mBak Tien, mBak Evie karo aku ora oleh cawe-cawe. mBak Evie ya terus meneng. Lagi bareng mbak Tien karo Mas Har mulih, mBak Evie meling nyang aku supaya asil sawahe sing tak urusi tahun iki di wenehne menyang Karmini karo Mak Jiyah sing wis ngopeni awakmu. Dadi dhuwit neng amplop sing dhek emben dilungne Vero marang Karmini karo Mak Jiyah kae, dudu dhuwitku, nanging dhuwit saka mbak Evie. Sing saka aku ya mung telesan karo sajadah kae thok.  Ngono kuwi critane Gus. Saiki kepiye mungguh panemumu ing babagan iki?" Tiok mungkasi anggone nyritakne bab bandhane wong tuwane sing wis didum saduruge diwaris.

 

Ora ana tandha kaget apa dene gumun ing praupane Bagus miturut panyawange Tiok apa dene Vero. Malah katone ya ayem-ayem wae, mung meneng karo manthuk-manthuk thok. Nek Karmini sing uga melu jagongan neng kono, ya ora ketok ana owah-owahan ing praupane. Ngerti sikepe Bagus sing ayem ngono kuwi, Tiok banjur mbaleni olehe njaluk panemu marang Bagus ing perkara sing wis dicritakne iki mau.

 

"Piye Gus? Awakmu kandhaa enek kedadeyan kang mangkono iku banjur kepriye?" kandhane Tiok nakoni adhine.

 

"Ngene ya Mas" kandhane Bagus alon nanging cetha "tak kira, aku omong utawa ora ya padha wae, merga aku pancen dianggep lagi lelungan. Lan aku ya wis ngerti, upama panemuku mengko ora jumbuh karo sing dadi kersane Raden Ayu Sri Hartini, mesthi bakal ditulak tur isih bakal ditambahi pangndamana sing marakake atiku lara. Mula tinimbang aku golek mala, luwih becik aku tak meneng wae Mas".

 

"Mengko dhisik, awakmu kok ngarani mBakyumu dhewe kanthi sebutan sing wis ora tau diucapne wong, kuwi karepmu apa Gus?" Tiok nakoni Bagus sing ora ana gegayutane karo perkara sing lagi dirembug.

 

ana candhake.


Rabu, 03 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 22

 


cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

22.

Dirawat sedina punjul sawengi, kesehatane Bu Asper wis pulih. Sawise diperiksa dening Dokter esuk kuwi, mengko Bu Asper wis dikeparengake kundur, mung diweling supaya dhahar, istirahat lan olah raga ringan saben dina kudu luwih teratur sarta ora dikeparengake menggalih sing abot-abot. Kabeh rumangsa seneng. Sawuse urusan administrasi rampung, mbarengi karo Dokter Heru niliki mrono. Wekasane Dr. Heru nelpon Tiok yen Bu Asper wis dijemput, dadi Tiok ora perlu ninggalne gaweyane kanggo njemput lan nggawa bali ibune.

 

"Lha administrasine piye Mas?" liwat telepon kantore Tiok nakokne bab wragad sing kudu dibayar menyang Rumah Sakit.

 

"Sampun Mas" wangsulane Dokter Heru "sedaya sampun dicekapi Mas Bagus".

 

"Ya wis yen ngono, aku mung bisa matur nuwun thok lho Mas Heru" kandhane Tiok maneh banjur nutup telepone.

 

Lagi sepuluh menit olehe Bu Asper rawuh ing dalem saka Rumah Sakit, Evi Wulansari Putrane sing nomer loro teka. Pancen Evi olehe ngerti nek Ibune gerah kuwi lagi esuk mau, Harmana Kangmase ipe olehe nelpon Sugeng kakunge lagi esuk mau. Sugeng sing wektu iki isih tugas neng Surabaya banjur ngabari Evi. Mula Evie olehe niliki Ibune kepancal, tekan Rumah Sakit jebul Ibune wis kundur. Banjur nututi bali menyang omah iki mau.

 

Beda karo Hartini, Evie kuwi luwih alus sikep lan tangkebe marang Karmini. Luwih-luwih bareng krungu lan weruh dhewe sikep lan tangkebe Bu Asper marang bojone Bagus kuwi. Bola-bali Evie ngandhakne panuwune marang Karmini lan Bagus sing luwih cepet tumindak sawuse padha weruh yen Ibune gerah.

 

"Tenan lho Dhik" kandhane Evie marang Bagus lan Karmini "aku gak bisa mbayangne upama sampean kuwi padha gak ndang cepet bareng-bareng karo Mas Heru ngeterne Ibu nyang Rumah sakit  ngono, embuh piye dadine?".

"Sedaya punika awit Ibu punika kalebet kawulanipun Gusti Allah ingkang sae, pramila inggih lajeng kaparingan piwales sae dening Gusti Allah. Ngepasi Ibu ngeresakaken kedah dhateng Rumah Sakit, ngepasi Bapake Arka liwat lajeng kepanggih Pak Dasim, lajeng ngepasi malih kula sampun medal saking peken. Dados sedaya punika awit sihipun Gusti dhateng Ibu, Den Ayu" wangsulane Karmini.

 

"Sampean ki nek ngundang aku kok nganggo Den Ayu lho Dhik" Evi ngandhani Karmini "saiki iki wis ora usum sebutan ngono kuwi, luwih-luwih sampean ki wis dadi adhiku, dadi nek nyeluk aku ya cukup mBak apa Budhe merga mbasakne putrane, ngono lho".

 

"Injih Den, eh  mBakyu" wangsulane Karmini cekak.

 

 Sanadyan wis sehat lan wis ana dalem, Bu Asper isih mbutuhne kawigaten saka putra-putrane. Mula saben esuk, karo bali saka Pasar Karmini ngelangake mampir daleme Bu Asper lan mengko yen Bagus nggelak Angkudese saka Jagaraga tumuju Sidowayah, diampiri maneh diajak bali. Dadi saiki baline Karmini saka Pasar mundhak awan, merga ndadak mampir menyang daleme Maratuwane dhisik. Neng kono Karmini ora mung lungguh karo jagongan thok, nanging uga nandangi gaweyan-gaweyan sing durung tumata. Ngono kuwi saben dina, kajaba nek dina Ahad utawa ngepasi tanggal abang. Karmini pawadan, nek dina prei Tiok karo Vero rak ana omah dadi Bu Asper wis ora kasepen maneh. Nanging satemene, Karmini ngendhani aja nganti dheweke kepethuk karo putra pembarepe Bu Asper, Karmini kuwatir nek nganti kepethuk lan kedaden nampa ukara sing marakake laraning ati, bisa-bisa Karmini ora kuwat meper kesabarane lan bisa dadi ora becik. Bagus dhewe olehe mara menyang omahe, ya mung nek karo ngeterne lan mapag Karmini. Olehe bisa jagongan karo Ibune ora bisa suwe, merga ya kudu enggal nindakne pagaweyane. Sok ngonowa gandheng ajeg saben dina kepethuk, mungguhe Bu Asper wektu kuwi putrane sing paling cedhak ya mung Bagus. Putra mantu sing dianggep paling migatekne ya mung Karmini, merga kajaba Karmini gelem melu nyandhak gaweyan sing durung tumata, uga ajeg saben dina saka pasar Karmini nggawa oleh-oleh jajan pasar karemane Bu Asper, kaya bangsane Klepon, utri, kicak lan sapiturute, sing wis arang ditemoni ing kuliner modern.

 

Mung siji sing durung dituruti pamundhute Bu Asper marang Bagus utawa Karmini. Yaiku, anggone Bu Asper kepengin ketemu karo anak-anake Bagus. Jalaran sawuse mlebu SMA neng Ngawi, Arka Bismantaka, anak lanange Bagus duwe kesibukan sing sansaya akeh. Saben teka saka sekolahe wis dienteni dening bocah-bocah adhik kelase jaman neng MTs sing njaluk dibimbing sinau, mligine ing babagan wulangan Ilmu Pasti, tunggalane Matematika, Fisika, lan sapanunggalane. Bocah-bocah sing padha njaluk warah kuwi preine mung nek dina Jumuah, Sabtu karo Minggu. Lha nek dina Jumuah wiwit bubar dluhur nganti sore Arka ngrewangi Pak Kyai Anas, marahi bocah-bocah sing sinau Ngaji neng Masjid. Dina Sabtu karo Minggu, kajaba ana acara melu kegiatan Karang Taruna, Arka ya ora diolehi dening wong tuwane mara menyang daleme Eyange. Kuwatir yen nganti kepethuk, putrane Bu Asper sing mbarep, kurang-kurang bejane bisa nuwuhake perkara sing mbebayani.

 

Olehe penasaran Bagus ya gene Tiok bisa malik grembyang sikep lan tangkebe marang dheweke sakulawargane kuwi wis nemu jawaban. Yaiku nalika dina Sabtu malem Minggu, let telung dina sawuse Bu Asper kundur saka Rumah Sakit, Tiok karo Vero ngelangake sanja menyang omahe Mak Jiyah, saperlu nemoni Bagus kaya sing wis tau dijanjekne.

 

"Ngene lho Gus" kandhane Tiok marang Bagus pas jagongan neng omahe Mak Jiyah, sing neng kono ya melu jagongan, Vero karo Karmini barang "bareng sansaya tuwa iki, pikiranku dadi beda adoh karo pikiranku jaman isih rada enom biyen".

 

"Kok rumangsa tuwa ki umurmu saiki wis pira ta Mas? karo aku rak ya mung kacek telung tahun ta?" Bagus genti takon.

 

"Iya, nanging timbang biyen rak ya wis luwih tuwa saiki ta?" Tiok wangtsulan karo mesem "umurku ki wis seket loro tahun Gus. Ora suwe maneh aku wayahe pensiun. Saiki ponakanmu sing mung siji kae isih suwe rampung kuliyahe neng UII Yogya kana".

 

"Lho lha sing dijak dolan mriki kala emben nika sinten Den , eh Mas ?" Karmini nrambul melu guneman, merga Tiok kandha nek anake jebul mung siji.

 

"Kae anu Dhik" sing mangsuli dudu Tiok nanging Vero "kae anake adhikku, mula neng kene rak ketok anteng-anteng ta? sing siji kae jenenge Rinata, sekolahe neng SMP Siji kono terus sing siji kae adhine jenenge Bayu, isih kelas nem neng Candha. Ning ya wis dadi kaya anak-anakku kabeh wong bocah loro kae dikukup Masmu, merga dadi korban rumah tangga sing berantakan".

 

"Oo, dados nika putranipun Den Giri ta?" Karmini bali takon. Giri kuwi adhine Vero, putrane Pak Guntara sing biyen ngasta jabatan penting neng kantor Kabupaten. Lha Giri kuwi umur-umurane barakan karo Karmini, mung kaceke sekolahe ora tau awor. Karmini neng SD Pasopati terus nerusne nyang MTs, Giri neng SD Candhabirawa banjur nerusne nyang SMP Siji, bar kuwi terus nyang SMA 2 Ngawi.

 

"Iya" genti Tiok sing mangsuli "Giri ki saiki neng ngendi ora ana sing ngerti, bar dimohi sing wedok kae ya terus lunga ngono wae, lha mBakyukmu sing dadi gantine wong tuwa sing wis sepuh, ya banjur sing kepokoh ngopeni anak-anake".

 

"Lha ya kudune pancen mengkono" Bagus genti melu guneman "wong tarah mBak Vero kuwi Budhene, dadi ya duwe kuwajiban ngopeni, nek dudu Budhene banjur sapa maneh sing kudu ngopeni? ya ra?".

 

"Bener Gus" wangsulane Tiok "Ya merga jalaran saka kuwi, aku banjur sadar nek sasuwene iki aku mung ngukuhi panemuku dhewe sing bener, liyane salah kabeh. Luwih-luwih bareng  aku ketanggor ana lelakon sing jebul luput saka teoriku ngene iki. Aku dadi sansaya sadar lan wis rumangsa dosa gedhe".

 

ana candhake.

 


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 21

 



cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

21.

Bubar ngunjuk obat jatah wengi kuwi, Bu Asper ora enggal-enggal mapan sare maneh, malah banjur lenggah ngajak omong-omongan karo Bu Ningrum sing lungguh neng klasa karo Pak Yunus dikancani Bagus. Bola-bali Bu Asper ngalembana sedulur tuwane Bu Ningrum yaiku dokter Heru sing saben-saben Bu Asper gerah mesthi gupuh olehe mbudidaya nambani. Bu Ningrum mung ngrungokne wae apa sing dingendikakne Bu Asper, karo pisan-pindho nyauti karo tembung cekak :

"Injih Budhe"

Sauntara Bu Asper ngendikan karo Bu Ningrum, Karmini ngringkesi barang-barang sing ana jero kamar kuwi. Barang-barang oleh-olehe wong-wong sing padha bezuk mau, ana sing nggawakne buwah-buwahan, ana sing nggawakne kueh-kueh kalengan, kabeh ditata rapi ing meja.

 

"Ya panganan sing ana kuwi padha dipangan kono ta nDhuk, karo Nak Ningrum karo Nak Yunus barang kuwi diaturi dhahar" ngendikane Bu Asper marang Karmini "wong sak mono akehe ngono kok, nek kon mangan aku dhewe rak ya mesthi ora entek".

 

"Injih Ibu" wangsulane Karmini "lha Ibu ngersakaken dhahar napa? buwah per nggih wonten, napa pisang? napa napa ?".

 

"Ora, Ibu isih krasa tuwuk banget iki" ngendikane Bu Asper sing dumadakan banjur ndangu Karmini "awakmu ora kepethuk karo Tien karo Har no, Kar? wong pas wonge teka mau gajege awakmu pas metu?".

 

Karmini ora enggal wangsulan, atine sing mau kober murup merga krungu gunemane Hartini, krasa panas maneh. Karmini meneng karo ulat sing malih, ulate dadi sedhih.

 

"nDhuk Kar" bareng Karmini ora enggal wangsulan Bu Asper ngendika maneh "awakmu ki dijak omong Ibu kok malah nglamun ta?"

 

"Oh, inggih Ibu, nyuwun pangapunten" Karmini gragapan mangsuli "wau sampun kepanggih dhateng jawi, pas Den Ayu kalih Den Har nembe rawuh".

 

"Kowe kuwi ki kok ngono maneh ta?" Bu Asper nyendhu mantune "Tien kae mBakyumu dhewe ya? wong karo sedulur dhewe kok isih nganggo sebutan Den barang, rak marahi ora akrap ngono kuwi".

 

"Inggih, nyuwun Pangapunten Ibu" Karmini wangsulan alon.

 

"Lha mBakyumu ngomong apa?" Bu Asper ndangu maneh.

 

"Boten ngendikan punapa-punapa kok Ibu" Karmini matur dora "namung dhawuh menawi badhe gentos ngladosi Ibu, kula kadhawuhan leren rumiyin".

 

"Ya Ibu mundhut marang awakmu supaya ndawakne usus, nggedhekne sabar, ya nDhuk" Bu Asper ngendika semu ora percaya karo wangsulane Karmini "pancen mBakyumu ki ya ngana kae, dadi awakmu sing tiba dadi wong nom, sing gedhe pangapurane".

 

"Injih Ibu" wangsulane Karmini "samangke Ibu enggal istirahat, sampun dangu-dangu anggenipun lenggah, sampun menggalih ingkang kathah-kathah rumiyin. Kala wau Kar dipun weling Pak Dokter murih ngemutaken Ibu supados kathah istirahatipun".

 

"Iya, Ibu ya arep ndang sare maneh kok" ngendikane Bu Asper karo mapan sare "tulung kemule Ibu sing ngisor kuwi benakna!".

 

Karmini banjur nata kemul sing diagem Bu Asper. Bu Ningrum sing weruh slaga lan krungu gunemane Karmini, dhingkuk karo mesem dhewe. Kegawa karo pakaryane sing jejer dadi Guru BP ing sekolahane, Bu Ningrum ngakoni sajroning ati yen arang wong bisa nglakoni kaya Karmini ngono kuwi. Nek manut karo critane Karmini pas lungguh neng cedhak plawangan dalan mlebu Rumah Sakit mau, genah nek tembung-tembung kasar lan nglarani ati sing diucapne Hartini marang Karmini angel dilalaekne. Nanging ing ngarepe Bu Asper Karmini bisa matur yen Hartini ora kandha apa-apa. Lan sing luwih ndadekne Bu Ningrum kagum marang Karmini, yaiku olehe pinter Karmini ngendheg supaya Bu Asper ora nutugne ngrembug sing ana gandheng cenenge karo Hartini, kanthi pawadan supaya Bu Asper ora menggalih abot-abot jumbuh karo welinge Dokter. Bareng wis rada sauntara Pak Yunus banjur ngajak Bu Ningrum pamitan, wektune wis rada wengi.

 

"Aku bali dhisik ya Mas Bagus?" kandhane Bu Ningrum marang Bagus sawuse pamit marang Bu Asper, banjur ditutugne takon marang Karmini " mBak Karmini boten siyos sareng kula?".

 

"Matur nuwun lho Dhik ?!?" Bagus wangsulan karo mesem. Karmini ora semaur mung nggleges karo mesem. Malah Bu Asper sing banjur mangsuli karo mesem lega :

 

"Ya ora ta Nak, wong bengi iki aku kepengin dikancani Ibune Arka karo Bagus kok".

 

"Inggih Budhe".

 

Bagus karo Karmini nguntabne kundure Bu Ningrum karo Pak Yunus nganti tekan skjabane kamar, ora suwe banjur bali mlebu maneh.

 

"Jare Mas Yunus mau, sirahmu jare ngelu ta Dhik?" pitakone Bagus marang Karmini sawuse tekan njero kamar.

 

"Panjenengan niku kok kmesthi ngoten lho?" Karmini mangsuli karo mrengut.

 

"Aku ngerti" Bagus wangsulan karo ngguyu "olehmu ngelu kuwi merga sedina iki mau awakmu  lali utawa ora kober mangan. Iya pa ra? Wis saiki ayo bontot olehe nggawani mBahe mau didhudhah, aku ya durung mangan kok".

 

Bagus njupuk Bontotan sig digawa saka omah mau sore, banjur didhudhah. Wong loro lanang wedok kuwi banjur mangan bareng. Sanajan wis telat olehe mangan, nanging kekarone olehe mangan krasa enak.  Sega sing diwungkus godhong gedhang, lawuh kering tempe karo brengkes gereh ditambahi sambel pecel sing isih garing. Gandheng olehe mangan bareng karo wong sing dicocogi lahir batine, dadine krasa enak sing ora ana tandhinge. Karmini sing mau atine panas lan kober sirahe cekot-cekot merga krungu tembung sing ora kepenak dirungokne, saiki kabeh rasa kuwi wis ilang, ganti karo rasa ayem lan tentrem. mBuh apa sebabe, wiwit dadi bojone Bagus, sing wis las-lasan tahun suwene kuwi Karmini tansah rumangsa ayem lan tentrem saben-saben cedhak karo sing lanang. Semono uga sing dirasakne Bagus, saben-saben sesandhingan karo Karmini. Sasuwene dadi bojone, rumangsane Bagus Karmini kuwi ora tau sengaja nindakne kaluputan sing gedhe, iya sing wujud suwara iya sing wujud rupa. Senadyan pengasilane Bagus kanggo nyangga adege kulawarga sok ora sepiroa, nanging Karmini ora tau sambat ngresula. Sing ana malah Karmini ora tau kendhat tansah aweh semangat marang sing lanang supaya tetep optimis olehe leles gogrogan rejeki sing disebar dening Gusti Sing Maha Kuwasa.

 

Bareng karo olehe mangan Bagus lan Karmini rampung, Bu Asper wis pules anggone sare. Karmini bali lungguh neng kursi sing ana sisihe amben pasareyane Bu Asper. Bagus pamitan arep lungguh neng kursi teras, ngirup segere hawa wengi. Wengi kuwi kahanan ing kamar papane Bu Asper dirawat katon tentrem lan ayem. Aja maneh kok suwarane wong sambat, suwara watuk utawa suwara segu wae babar pisan ora ana. Kuwi sing katon ing mripat. Beda karo sing ora bisa disawang. Ya iku sing ana waliking dhadhane Karmini. Senajan wis ora nesu maneh, nanging tembunge Hartini sing ngundamana wong tuwane, temen ora bisa dilalekne. Ati lembute Karmini banget olehe ora trima yen ana wong nyepelekne wong tuwane. Wong tuwa sing dadi lantaran dheweke bisa ana lan slamet urip nganti dina iki, sing tanpa petungan tansah tumindak becik marang dheweke. Lha kok mara-mara ana wong sing selawase ora tau canthuk lawung karo wong tuwane, selawase durung tau wong tuwane ganggu gawe lan gawe rugine, kanthi entheng ngundamana yen jarene Mak-e kuwi Lonthe. Karmini bener-bener ngrasakne lara ing dhasaring atine.

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 20

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

20.

Sawuse Harmana karo Hartini pamitan lan ninggalne kamar, Bu Asper bali mbukak socane maneh. Olehe sambat ngantuk mau mung dienggo pawadan supaya Hartini ora mbacutne olehe ngrembug Karmini utawa Bagus. Satemene Bu Asper mau kepengin ngandhani putra pambarepe kuwi supaya aja mbacutake anggone duwe rasa sengit marang Bagus utawa Karmini, merga kanyatan sing ditemu dening Bu Asper wis mbuktekne yen biyen Bagus kuwi ora kleru nibakne pilihan marang Karmini minangka sisihane. Bu Asper wis pirsa dhewe yen Karmini bisa ndadekne Bagus luwih becik tinimbang sadurunge. Nanging Bu Asper mau kapeksa murungake olehe arep paring pitutur marang Hartini, merga Bu Asper ya wis apal karo watak wantu sarta sipate putra pembarepe, sing nek wis duwe panemu angel dieluk, ora seneng nampa panemune wong sing duwe panemu beda karo panemune. Upama sida dituturi neng kono, tan wurunga bakal nuwuhake eyel-eyelan sing bisa kurang becik akibate. Mula Bu Asper banjur api-api sambat ngantuk, pawadan kena pengaruh obat.

 

Jebul bareng Harmana lan Hartini lunga, kamar dadi sepi. Bagus luwih dhisik lunga bareng karo tamu-tamu sing padha bezuk mau, Bu Asper ya wis ngira nek lungane Bagus merga ora kepengin kepancing emosine krungu tembung-tembunge mBakyune. Nanging kok olehe lunga Bagus ora bali-bali? Apa durung ngerti nek mBakyu karo sedulure ipe wis lunga saka kono? Bu Asper unjal ambegan landhung.  Karmini barang ya ora ana katon, wiwit sadurunge Hartini karo Harmana teka mau Karmini metu pamit arep sembahyang neng Mushalla Rumah Sakit, nanging nganti saiki kok ya durung bali mrono?. Bu Asper wiwit gelisah.

 

Bagus ora nggagas yen Ibune lagi gelisah mikirne dheweke lan sisihane, merga Bagus lagi wae nemokne Karmini sing mau dikira ilang. Lan bareng dikandhani dening Pak Yunus yen Karmini mau kober jagongan karo Bu Ningrum neng plataran Rumah Sakit lan jarene sambat sirahe ngelu merga ketagihan kopi, Bagus dadi kaget. Bagus ngerti nek Karmini kuwi selawase urip ora tau ngombe kopi, dadi mokal yen nganti sirahe ngelu, merga sedina durung ngopi.

 

"Panjenengan olehe pethuk Ibune Cah-cah neng ngendi Mas?" Bagus sepisan maneh takon marang Pak Yunus.

 

"Neng latar, cedhak plawangan mlebu kana kae lho" wangsulane Pak Yunus "wong ditakoni Dhik Ningrum mangsuli nek Bu Asper wis rada sehat, malah kandha nek sing neng kamar ana mBak Tien karo Mas Har barang, banjur mBak Karmini kandha nek sirahe ngelu ketagihan kopi ngono".

 

"Ya wis Mas Matur nuwun" Bagus nyauti rembug banjur ditutugne kandha "njajal tak golekane nyang warung ngarep Rumah Sakit kae, mbok menawa leren neng kana".

 

Muni ngono kuwi Bagus karo mangkat mlaku, Pak Yunus ya banjur ngetutne neng mburine. Karo mlaku Bagus oleh dudutan, yen mau sadurunge mlebu neng kamare ibune, mBak Tien mesthi wis luwih dhisik kepethuk Karmini, mbuh nyang ngendi. Kanthi dhasar ndelok watak lan pakulinane Hartini, Bagus wis wani mesthekne nek Hartini wis nguman-uman sisihane karo pandakwa sing nglarakne ati. Banjur Karmini milih ora mbalik menyang kamare Bu Asper merga neng kono ana mBak Tien karo Mas Har.

 

"Mas Bagus....." Bu Ningrum nyeluk Bagus sing mlaku sajak kesusu ditutne Pak Yunus kuwi. Bagus noleh nyawang sing nyeluk jenenge, lan atine dadi krasa padhang bareng weruh Karmini lagi lungguh awor karo Bu Ningrum neng plawangan dalan  mlebu Rumah Sakit.

 

"Awakmu mau kepethuk mBak Tien karo Mas Har ta?" ora nganggo adangiyah Bagus langsung nakoni sisihane.

 

Karmini mung manthuk, ora bisa wangsulan. Bagus nggeget untune, atine panas ora nrimakne bojone disewiyah dening mBakyune dhewe.

 

"Pancen wong kae wis kebacut tenan kok" kandhane Bagus karo nggereng "ya wis, ayo mbalik neng kamare Ibu maneh, setan loro kae wis minggat kabeh kok".

 

"Nek ngendikan mbok sing sae ta Mas, boten sae nek kapireng tiyang sanes" Karmini nyauti kandhane Bagus "lha nek Den Ayu kalih Den Har mpun kundur, ingkang ngancani Ibu sinten? kok panjenengan malah mriki niku?".

 

"Ibu dhewekan" wangsulane Bagus "lha aku rak ya bingung, jare awakmu mung nyang mushalla kok gak mbalik-mbalik. Aku ya ora nggagas nek awakmu kepethuk buta cakil, tujune iki mau Mas Yunus ngandhani aku, jare awakmu ngelu ketagihan kopi?".

 

"Sampun, sak niki mangga wangsul dhateng kamar, mesakaken Ibu namung piyambakan, mengke nek ngersakaken napa ta napa rak boten wonten ingkang saged didhawuhi" kandhane Karmini ora nanggapi tembunge sing lanang malah ngajak bali menyang kamare Ibune.

 

"Aku tak ya melu menyang Kamar ya Mas Bagus?" Bu Ningrum nrambul gunem "wong mau durung kober salaman karo Budhe Asper, kesusu melu pamit mBah Mantri Guru".

 

"Iya mBak" wangsulane Bagus "mangga bareng-bareng mrana, mangga Mas Yunus".

 

Wong papat kuwi banjur bareng mlaku, balik menyang kamar papan dirawate Bu Asper. Sauntara kuwi, Bu Asper sing dhewekan neng kamar dadi sansaya gelisah. Penggalihe bingung, nguwatirake Bagus lan Karmini, sing dienteni nganti suwi ora bali-bali. Ana rasa anyel marang putrane sing mbarep, ya merga saka omongane Hartini sing wis gawe laraning atine Bagus, Bagus banjur nglungani. Nanging kok ya suwi temen? ketoke bocah kuwi durung ngerti nek mBakyune wis rada suwe olehe bali. Gek Karmini brang iki mau ya banjur menyang ngendi? apa banjur kepethuk Bagus terus dijak bali nyang omah?. Bu Asper sansaya gelisah, mustakane krasa ngelu maneh.

 

"Assalamu'alaikum" dumadakan lawang kamar dibukak saka njaba. Bu Asper ndengengek mirsani sing uluk salam. Penggalihe sakala dadi padhang maneh, sing mbukak lawang jebule Bagus ditutne Ningrum sak bojone, lan sing neng mburi dhewe Karmini.

 

"Alaikum salam" Bu Asper wangsulan.

 

"Kula ingkang sowan Budhe" Bu Ningrum karo Pak Yunus nyedhak banjur nyalami Bu Asper karo matur "Budhe Asper enggal dhangan inggih Budhe".

 

"O alaaah Ningrum ta?" Bu Asper wangsulan karo mesem seneng "iya, iki Budhe wis sehat kok, upama dhek esuk ki gak konangan Heru terus digawa mrene ya embuh".

 

"Inggih Budhe" Pak Yunus melu omong "ketingale Budhe niku sayah nanging boten diraosaken".

 

"Ketoke ya ngono Nak Yunus. Kono padha pinarak dhisik kono" Bu Asper ngendika ngacarani supaya Bu Ningrum karo Pak Yunus lenggah. Karmini banjur nyedhaki maratuwane karo matur :

 

"Ibu wau sampun dhahar punapa dereng? Obate sampun diunjuk?"

 

"Awakmu kuwi piye ta nDhuk?" Bu Asper genti ndangu Karmini "lha Ibu dhahar ki banjur sing ndulang sapa? wong awakmu ora eneng ngono kok?. Ayo Ibu didulang tak dhahar terus mengko ndang ngombe obat, ben bisa terus leren".

 

"Injih Ibu, nyuwun pangapunten wau kula nembe medal" wangsulane Karmini karo njupuk panganan jatah saka Rumah Sakit arep dienggo ndulang Bu Asper. Olehe dhahar Bu Asper katon krasa seger, jatah saka Rumah sakit kanggo makan malam kuwi bisa dientekne kabeh. Banjur Karmini njupuk obat sing arep diunjuk Bu Asper kanggo bengi kuwi.

 

ana candhake.


Selasa, 02 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 19

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

19.

Bagus nguntabne tamu-tamu sing padha bezuk kuwi karo melu metu saka kamar. Nganti tamu-tamu kuwi adoh olehe mlaku, Bagus durung bali mlebu maneh. Malah banjur mapan lungguh neng kursi Rumah Sakit sing ana teras. Bagus ngerti nek olehe pamitan wong-wong mau amarga rumangsa ora kepenak krungu olehe rembugan antarane Bu Asper karo Sri Hartini sing ngomongne dheweke karo sisihane. Bagus lagi nggagas, ya gene Karmini wiwit mau durung bali menyang kamar maneh? Kamangka mau pamite mung arep sembahyang neng Masjid Rumah Sakit, kok wiwit mau nganti bubar adzan ngisak durung bali? Ana apa iki?. Atake, mau Karmini wis kepethuk karo Harmana lan Hartini?  Banjur Karmini diunek-unekne kaya padatan nek Hartini ketemu karo dheweke ngana kae?.

 

Sing dikuwatirake Bagus ngono kuwi, meh padha karo sing dipikir salah siji saka tamu sing lagi wae pamitan mau, ya iku Bu Ningrum karo kakunge, sing olehe teka ing kamare Bu Asper luwih keri tinimbang wong-wong liyane klebu karo Hartini lan bojone. Malah mau gandheng pas Bu Ningrum karo Pak Yunus mlebu, Bu Asper lagi asyik ngendikan karo  Hartini, Pak Yunus karo Bu Ningrum ora wani nyedhaki Bu Asper dhisik lan milih nyalami Bagus, banjur melu lungguh awor tamu-tamu sing teka luwih dhisik. Mau Adhine Dokter Heru kuwi sadurunge mlebu menyang kamare Bu Asper kober kepethuk karo Karmini neng Plataran, lan miturut panyawange Bu Ningrum Karmini olehe mlaku ketok rada beda. Mau Karmini ngaku nek lagi mumet sirahe merga durung ngombe kopi, nanging bareng digathukne karo olehe rembugan Hartini karo Bu Asper sing dirungokne mau, sajake sadurunge mlebu menyang kamare Ibune Hartini luwih dhisik kepethuk karo Karmini lan ndadekne Karmini ora gelem balik menyang kamare maratuwane.

 

"Mandheg neng kene dhisik sedhela Mas, Aku arep matur sethithik ......" Bu Ningrum ngomong alon marang kakunge.

 

"Ana apa?" Pak Yunus takon karo ngendhegne lakune, sauntara wong liyane bablas olehe padha mlaku arep menyang parkiran marani mobile.

 

"Aku kok kepikiran karo mBak Karmini ta?" wangsulane Bu Ningrum .

 

"Uwis pora sah diomong, kuwi dudu urusane awake dhewe" Pak Yunus ngandhani sisihane.

 

"Dudu bab sing dadi rembugan antarane Bu Asper karo mBak Tien mau Mas" Bu Ningrum nggenahne karepe "mBak Karmini mau kandha nyang awake dhewe nek mung arep golek kopi, kok nganti suwe ora bali-bali? gek mau pas arep tak takoni, rumangsaku ana sing aneh karo mBak Karmini. Atake mau bar tukaran karo mBak Tien Mas? Terus mBak Karmini bablas mulih ora wani mbalik nyang kamar maneh?. Tukaran sing ora diweruhi dening Mas Bagus?".

 

"Tukaran ya ben neh" Pak Yunus wangsulan "kuwi rak urusane kana dhewe, awake dhewe ora sah melu-melu mundhak kleru".

 

"Sing tak pikir ngene lho Mas, atake Mas Bagus nggoleki sisihane? merga dienteni nganti suwi ora mbalik-mbalik?. Mengko nek Mas Bagus bingung rak ya mesakne ta Mas?" kandhane Bu Ningrum maneh.

 

"Lha banjur terus piye?" Pak Yunus takon .

 

"Panjenengan mbalik Mas, Mas Bagus panjenengan kandhani nek mau awake dhewe kepethuk mBak Karmini neng latar, jare arep golek kopi ngono" Bu Ningrum ngongkon kakunge supaya ngandhani Bagus "nig alon-alon wae, aja nganti mBak Tien krungu. Ngono wae, aku tak ngenteni neng ngarep kono".

 

Pak Yunus banjur mbalik arep nemoni Bagus kaya sing diprentahne garwane, sauntara Bu Ningrum nerusne olehe mlaku arep ngenteni Pak Yunus neng plawangan dalan metu saka Rumah Sakit. Nanging dumadakan Bu Ningrum weruh, Karmini lagi lungguh, neng cedhak plawangan dalan mlebu. Gageyan Bu Ningrum banjur nyedhaki .

 

"Sampun ngopi mBak?" Karmini sing lagi nglamun ora ngerti nek Bu Ningrum wis lungguh neng jejere karo takon. Karmini kaget banjur noleh, nyawang sing nakoni.

 

"Oh, Bu Ningrum ta? sampun kepanggih Ibu Bu?" Karmini wangsulan karo suwara gagap.

 

"Sampun, Lha mBak Karmini kok taksih teng mriki? nyegat sinten?" Bu Ningrum takon maneh.

 

"Boten nyegat sinten-sinten kok, anu mumpung ingkang ngancani Ibu kathah, kula medal riyin pados hawa njawi sing radi seger" wangsulane Karmini dora sembada.

 

"Oh, nggih nek ngoten kula tak tumut pados hawa seger teng mriki" Bu Ningrum mangsuli karo mesem.

 

Karmini ngrasa ana sing aneh karo tembung sing lagi wae dikandhakne Bu Ningrum kuwi. Nanging Karmini mung meneng, malah banjur thukul pikiran anyar ing uteke. Karmini arep njaluk tulung supaya ngandhani Bagus yen karmini arep bali menyang omah dhisik, lan mengko olehe bali Karmini arep nunut bareng karo Bu Ningrum karo Pak Yunus.

 

"Mangke Bu Ningrum kundur dhateng Kedunggalar napa taksih badhe wonten acara sanes?" Karmini miwiti takon.

 

"Nggih terus wangsul mBak, wonten punapa ta ?" Bu Ningrum wangsulan banjur ngenti takon.

 

"Anu, menawi pareng kula badhe ndherek nunut wangsul" kandhane Karmini "nanging badhe pamitan Bapake Arka rumiyin ajrih, teng mrika enten Den Ayu Tien. Pripun nggih ?".

 

"mBak Karmini badhe wangsul sareng kula? Nggih, kleresan malah kula wonten sing ngancani" wangsulane Bu Ningrum semanak "nek mbak Karmini badhe matur dhateng Mas Bagus pekeet mergi enten mBak Tien, mengke Mas Yunus kula criyosane ben mamitne mBak Karmini teng Mas Bagus".

 

Sauntara Bu Ningrum ngenteni Pak Yunus sing lagi nemoni Bagus, neng kamare Bu Asper sing ditunggoni Hartini karo Harmana sambat yen ngantuk banget lan ngendika nek kepengin enggal sare.

 

"Keneng pengaruhe obat, Ibu ngantuk banget" ngendikane Bu Asper marang hartini lan Harmana "saiki ibu kepengin enggal bisa sare".

 

"Inggih Bu" sing mangsuli Harmana "kagem sare kemawon, Ibu mbetahaken istirahat ingkang cekap".

 

"Ibu sare mawon sak niki, Tien kalih Mas Har tak wangsul riyin, mengke perawat-perawat kula criyosane supados sakedhap-sakedhap Ibu dipun tingali".

 

"Iya, nek mulih neng dalan sing ngati-ati" wangsulane Bu Asper karo ngeremne mripate.

 

Harmana karo Hartini banjur metu arep mangkat bali. Sawise tekan jaba, dumadakan Hartini kelingan, mau kayane dheweke weruh klebat lan krungu suwarane Bagus. Nanging wonge saiki ana ngendi?. Satemene sing kumlebat neng pikirane Hartini meh padha karo sing ana pikirane Harmana, kekarone lagi sadar yen mau wis weruh lan krungu suwarane Bagus. Nanging wong loro kuwi padha olehe meneng, ora ngandhakne sing lagi dipikir marang sisihane. Malah banjur padha daya-daya anggone mlaku menyang parkiran marani mobile.

 

Bareng karo Harmana lan Hartini mlaku menyang parkiran, Bagus lagi wae metu saka Mushalla Rumah Sakit nggoleki Karmini nanging ora ketemu. Saka kadohan Bagus ngingeti mBakyu lan Mase Ipe kuwi nanging ora suwe, merga dumadakan Pak Yunus mara nyedhaki, banjur karo bisik-bisik Pak Yunus ngandhani nek mau bubar kepethuk Karmini neng latar Rumah Sakit cedhak plawangan mlebu, jarene arep golek kopi.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...