Total Tayangan Halaman

Minggu, 21 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (09)

 

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Kadirin sing nampa wadulan saka Marti dai rada bingung olehe arep nanggapi. Kadirin luwih percaya yen apa sing diwadulake Marti kuwi akeh benere, merga Kadirin wis apal karo teku lan kelakuwane Kamdi sedulure Ipe kuwi. Nanging Kadirin ya ngerti nek bojone kuwi tansah aweh pambela marang kakangane, ora tau gelem percaya yen ana wong crita bab mrusal lan ora genahe si Kamdi. Ana kedadean apa wae, Kamdi mesthi bener, ora ana lupute, ngono kuwi pangangepe Sihmirah marang sedulure lanang. Mula Kadirin nggagas, nek nganti dheweke meneng wae ing perkara sing diwadulake Marti iki, tan wurunga bakal klakon Marti dadi kurbane Kamdi. Nanging yen dheweke tumindak kamangka kuwi ora ana bukti sing cetha wela-wela sing ora kena dibantah, mangka bakal nuwuhake pasulayan antarane dheweke kari Sihmirah, bojone, munggahe tekan mara tuwane barang.

 

"Ngene wae Make Hajir" wusana Kamdi mangsuli wadulene Marti "kanggo sauntara kowe sing sabar, sing penting nek kowe panggah duwe sikep kaya saiki, arepa kaya ngapa polahe Kang Kamdi ora bakal bisa njebol pertahananmu. Nek kowe neng omah, ya tetep tutupen sing rapet lawange omahmu, aja pisan-pisan mbok olehi wong kuwi mlebu. Nek kowe ana omah kene, usahakna aja nganti kijenan. Lha aku tak mikir piye carane murih Kang Kamdi bisa ngendheg nggone arep tumindak ora genah marang awakmu".

 

"Nggih Gan, matur nuwun" wangsulane Marti.

 

Dinane Kemis Kliwon, embuh apa sing dadi sababe, wiwit esuk wewayangane Taslim tansah kumanthil-kanthil neng mripate Marti. Marti ya kelingan nek dina kuwi, dina geblage sing lanang.  Saking ora kuwat ngempet rasa kangen marang sing lanang sing wis entek slametane kuwi, Marti banjur kandha marang Sihmirah nek arep ngajak Hajir niliki kuburane Taslim. Sihmirah iya wis ngolehi lan meling supaya ngati-ati, aja nganti Marti njaluk-njaluk marang kuburan sing ora duwe daya kekuwatan apa-apa. Sorene kira-kira jam papat, Marti sida budhal nyekar menyang kuburane Taslim karo ngajak anake lanang. Sak jane ngono Marti ki ya ora klebu kerep nyekar ngono kuwi, setaun durung karuwan pisan dheweke ngendhangi kuburane bojone. Iki mau olehe nyekar, ya merga anane rasa kangen sing angel disuyuti wae, banjur rasa kangen kuwi arep disuntak ing pusarane wong sing dikangeni.

 

Wis dadi padatan kuburan kono kuwi nek dina Kemis sore akeh wong-wong sing padha ziarah kubur, dadi nek dina Kemis ngono kuwi kuburan ora tau sepi. Kaya sore kuwi, pas Marti tekan kono, neng regol wis akeh kendaraan sing diparkir, mratandhani nek sing nyekar neng kuburan akeh. Ana pit montor, lan uga ana mbil barang. Marti nyopot sandhale dhewe karo sandhale anake lanang uga dicopot, banjur dititipne neng regol kono.

 

"Arep nyekar ki pa kudu nyopot sandhal ta Mak?"  Hajir sing durung ngerti karepe apa kok ndadak nyopot sandhal kuwi takon menyang make.

 

"Dhawuhe mBah Kyai kae, becike wong mlebu kuburan ki ngajeni karo sing dikubur neng kuburan, kanthi nyopot sandhale Le" wangsulane Marti "wis ayo ndang mara nyang kuburane Pakmu".

 

Bocah kelas siji SD kuwi ora semaur banjur ngetutne Make sing jare arep nuduhi ing ngendi Bapakne sing asli disarekne.

 

Tekan cedhak kuburane Taslim, Marti rada kaget, kira-kira kacek sajangkah ing wetane pusarane Taslim ana wong sing uga lagi nyekar ing sawijining pusara sing lagi dingerteni dening Marti sore kuwi. Nanging Marti ya ethok-ethok ora nggatekne wong lanang sing lagi lungguh ndonga ing cedhak pusara kuwi. Malah Marti banjur mapan lungguh ing cedhak maesane sing lanang banjur ngandhani anake :

 

"Ya neng kene iki Pakmu disarekne Le, wis kono ndang ndonga menyang Gusti Allah nyuwunke pangapura marang bapakmu".

 

"He eh, ora nyuwun apa ta apa nyang Bapak Mak?" Hajir takon.

 

"Ora, ora becik ngono kuwi" wangsulane Marti ngiras ngandhani anake "neng kana kuwi Bapakmu wis ora bisa apa-apa, sing diarep-arep kari dongane anake. Wis gek ndang ddidongakne".

 

Ora wangsulan Hajir banjur ngangkat tangane karo lambene umak-umik maca donga. Marti dhewe kajaba ndonga ya banjur ngeling-eling kabeh weling sing tau dikandhakne marang dheweke nalika Taslim isih urip biyen. Meh wae arep kawetu marang kuburane sing lanang kuwi perkara tumindake Kamdi sing wis ngganggu katentremaning uripe. Nanging ora sida, Marti kelingan nek wadul marang wong sing wis ora ana kuwi ora ana gunane.

 

Kira-kira limang menit Marti karo Hajir neng kuburane Taslim, banjur arep bali. Pas Marti ngadeg, mbarengi karo ngadege wong sing nyekar neg pusara sawetane pusarane Taslim kuwi.

 

"Ziarah sinten Bu?" wong kuwi takon karo mesem sajak kurmat marang Marti.

 

"Anu, Bapakipun si Thole" wangsulane Marti uga karo kurmat.

 

"Oo, keng raka ta?" wong mau takon maneh "sampun dangu nggih? Gajege, pas rayat kula disarekne nika pasareyanipun keng raka punika sampun wonten?".

 

"Inggih Pak" Marti wangsulan "antawis sampun meh sekawan tahun. Menawi Ibuk punapa sampun dangu?".

 

"Oo nek ngoten nggih radi dangu kaotipun kalih rayat kula niki" wangsulane wong kuwi "tiyang sewunipun rayat kula niki nembe wulan ngajeng punika kok".

 

"Inggih Pak" Marti nanggapi "tiyang bapakipun thole punika sewunipun sampun setahun kapengker kok".

 

"Dalemipun pundi ta Bu? Ibu ngagem asma sinten?" wong kuwi takon maneh.

 

"Kula namung, kidul mriku niku kok Pak., nami kula Marti nek tiyang-tiyang mriki ngarani nggih Make Hajir ngaten. Lha Bapak dalemipun?" Marti genti takon.

 

"Griya kula tebih kok Bu" wong kuwi wangsulan "kula saking Oro-Oro Ombo Madiun, nami kula Pak Harun. Nek rayat kula niki riyin asline kilen peken mriku, ning keluwargane sak niki nggih empun telas sedaya".

 

"Inggih, mangga Pak" Marti wangsulan ngiras pamitan.

 

"Inggih mangga-mangga, kula nggih ajeng terus wangsul kok niki" wong kuwi wangsulan sing uga banjur mlaku rada adoh njejeri lakune Marti.

 

Tekan regol Marti lagi ngerti nek Mobil biru sing diparkir neng cedhak regol kuwi mobile Pak Harun. Nanging Marti ya wis ora migatekne maneh, merga lakune banjur ungkur-ungkuran. Pak Harun mengulon nek Marti mangetan.

 

Karo mlaku mulih Hajir takon menyang Make :

 

"Kae mau sapa Mak? wonge karo Make kok basa ki?".

 

"Pak Harun wong Madiun" wangsulane Marti.

 

"Pak Harun mau ya nyekar ya Mak? padha ambek Make, ora nggawa kembang".

 

"Iya" Marti mangsuli "nyekar Bu Harun sing olehe seda sawise Bapakmu seda".

 

"Waa, Bapak neng kana dadi duwe kanca ya Mak?"

 

"Lha kok ngono?"

 

"Lha Bu Harun kuwi? kuburane rak sandhinge kuburane Pak-e? neng kana dadi kancane Pak-e. Lha Pak Harun saiki ya dadi kancane Mak-e, iya ta Mak?".

 

"Ya ora, wong Pak Harun ki daleme adoh, neng Madiun kana" wangsulane Marti karo mesem.

 

"Iya dhing" Hajir nyauti rembug "kanca, ning kanca sing omahe adoh".

 

"Iya" wangsulane Marti karo mesem. Ngesemi cara mikire anake lanang sing isih polos lan prasaja banget. Pikirane bocah sing isih suci durung kecampuran apa-apa.

 

 

ana candhake.


Sabtu, 20 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (O8)

 

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Sihmirah karo bayine wis digawa bali, kahanane sehat ora kurang sawiji apa. Bayi wadon anake Kadirin kuwi banjur ditengeri klawan jeneng Lasmini Indraswati, julukane Lasmi. Sanajan isih bayi, Lasmi wis ketok yen ing tembe lamun wis gedhe bakal dadi bocah sing ayu rupane. Dhasar pakulitane kuning, rambute ketel, alis, mripat, irung, lambe, janggut kabeh sarwa becik. Ora mung wong tuwane wae sing duwe rasa seneng marang Lasmi, sanadyan Marti uga kasok tresnane marang bayi sing diakokne dadi adhine Hajir si anak lanang. Sak jege ana Lasmi, tekane Marti neng omahe Jurgane dadi luwih esuk lan baline dadi luwih wengi. Kadirin apa dene Sihmirah uga ngerti lan bisa ngrasakne nek Marti sak jege ana Lasmi iki, dadi mundhak sregep olehe ngawula ing omah kono. Gaweyan-gaweyan sing kulina ditandangi sasuwene iki tetep ditandangi kaya padatan banjur ditambah gaweyan anyar yaiku mbantu Sihmirah sajrone ngrawat bayine. Kang mangkono kuwi wis lumrah yen Kadirun lan Sihmirah banjur sansaya asih marang rewange sing wis ora duwe bojo kuwi. Kadirin apa dene Sihmirah uga ora nglalekne marang Hajir sing wis dadi anak pupone, sanajan wis duwe anak dhewe nanging katresnan marang Hajir ora suda kepara malah sansaya gedhe. Hajir dhewe, bener-bener wis nganggep nek Kadirin kuwi Bapake lan Sihmirah kuwi Ibune, mula ya sok ngalem barang marang kekarone. Sing dialemi ora nesu nanging malah wuwuh rasa tresnane.

 

Mundhak dina panguripane Marti uga mundhak dadi sansaya becik, merga mung duwe tanggungan ngopeni awake dhewe thok, Marti malih bisa macak sing luwih pantes, merga saiki Marti wis ora eman ngetokne dhuwit opah olehe dadi rewang kanggo  nyandhang lan kanggo macak, ngge tuku klambi apa dene wedhak. Mundhak dina Marti sansaya mundhak ayu lan mundhak mencutake, Marti bener-bener wis dadi Randha sing kerep dadi pocapan wong lanang-lanang sing padha kepencut marang dheweke. Ora sethithik wong lanang sing mbudidaya nyedhaki Randha ayu sing seger nengsemake ati kuwi. Ana sing anggone nyedhak mengku karep kepengin ngajak Marti urip bebarengan, mbangu rumah tangga. Nanging ya ana sing olehe nyedhak mung kasurung hawa nepsu merga kepencut kasulistyane Randha anak siji kuwi.

 

Marti ya weruh lan bisa ngrasakne nek keri-keri iki dheweke dadi incerane wong lanang-lanang. Nanging Marti isih kelingan karo kandhane jenate Taslim nalika Hajir isih cilik biyen.

"Sing bisa ndadekne Hajir dadi bocah sing becik lan tembene dadi wong sing ana gunane kuwi ora mung nek awake dhewe bisa nuruti kabeh pepenginane wae Makmu" kandhane Taslim jaman semana "nanging sing luwih baku ya kuwi carane nandukne rasa tresna marang Hajir. Nek nganggo istilahe wong pinter ngono, sing baku kuwi awake dhewe kudu luwih munjerake perhatian marang anake dhewe iki. Mula sanajan repota sing kaya ngapa, aja nganti awake dhewe banjur nyuda perhatian marang anak".

 

"He eh Kang" wangsulane Marti wektu kuwi "pancen bocah ki nek nganti kekurangan kasih sayang saka wong tuwa, dadine ya ora becik, sok dadi bocah nakal sing angel kandhanane ngana kae".

 

"Iya, mula awake dhewe aja nganti mung mburu kasenengane awake dhewe thok. Anak dadi klendran kuwi akeh-akeh merga wong tuwane mung mikir senenge dhewe ora ana wektu kanggo memperhatikan anake, nek anake rewel merga butuh kasih sayang malah diapusi nganggo dhuwit, ben ora rewel merga perhatiane bocah banjur ngalih marang seneng jajan lan seneng tetukon dolanan lan liya-liyane. Mulane, saupama, iki mung saupama lho?!?"

 

"Saupama piye Kang?" Marti takon merga Taslim ngendheg olehe arep omong.

 

"Saupama nganti wong tuwa mati salah siji, sok-sok anake dadi klendran. Merga sing ditinggal mati ya banjur mikir olehe golek gantine sing mati, nek wis entuk ganti kawigatene banjur ngalih marang sing anyar kuwi. Anake dilalekne merga ketutup mburu senenge dhewe. Luwih-luwih nek wong tuwane pegatan, bapake bocah banjur repot mikirne olehe arep seneng karo wong wadon liya, mBoke bocah entek wektune kanggo mikirne wong lanang liya, anak dadi klendran".

 

"Ya awake dhewe, aja mati salah siji dhisik ta Kang" wangsulane Marti "njur nek bisa ya aja nganti pegatan barang".

 

"Ya muga-muga"

 

Ya jalaran kelingan olehe jagongan karo Taslim nalika semana ngono kuwi sing ndadekne Marti ora wani nyaguhi nalika ana wong lanang sing nyedhaki dheweke arep dijak mbangun rumah tangga sing anyar. Merga sanajan wektu kuwi Hajir wis dipupu lan dipek anak dening Juragane, nanging Marti panggah ora negakne marang anake. Marti tetep rumangsa duwe kuwajiban aweh kawigaten sing cukup marang Hajir murih Hajir bisa dadi bocah sing bener lan ora dadi bocah sing nakal.

 

"Ya aku nyuwun pangapura wae Kang Pardan" ngono wangsulane Marti nalika Pardan, dhudha tanpa anak sing olehe pegatan karo sisihane wis luwih saka setengah tahun, mara menyang omahe dikancani Sidi, nembung Marti arep dijak urip bebarengan "bares wae, aku durung bisa nglalekne Pake Hajir, dadi wektu iki aku  rung wani arep omah-omah maneh. Embuh nek mbesuk-mbesuk".

 

Wangsulan marang Pardan ngono kuwi, meh padha karo wangsulan sing diwenehne marang wong liyane sing wis nelakake rasa kepengine ngajak Marti urip bebarengan.  Lan lumrahe wong lanang sing wis oleh wangsulan ngono kuwi ya banjur mundur alon-alon, merga bisa nampa apa sing dadi pawadane Marti.

 

Sing angel anggone ngundurne kuwi nek ana wong lanang sing isih duwe anak bojo, teka adol bagus ngendel-ngendelne bandhane sing ora sepiraa akehe, banjur ngajak tumindak sedheng. Manpangatne rasa adhem ing wanci sepi sing sok-sok nekani atine Marti. Wong lanang ngene iki angel dikandhani, malah sok wani ngincim arep nggunakne cara kasar barang. Mula ya ora aneh nek merga kuwatir, Marti luwih kerep ngancing lawange lan mateni lampu omahe, wiwit sore lan api-api ora krungu nek ana wong sing celuk-celuk njaluk dibukakne lawang klawan sesidheman.

 

Kamdi sedulure tuwa Sihmirah, sing neng omah wis duwe bojo lan anake telu klebu salah siji saka wong lanang sing angel diadhepi dening Marti. Wis bola-bali Kamdi nekani omahe Marti ing wayah bengi nalika kahanan wis sepi, guga-gugah njaluk supaya bisa mlebu omah. Nanging Marti panggah, wegah nuruti karepe Kamdi, Marti milih ora gelem nyauri, api-api nek lagi turu kepati. Nanging Kamdi kuwi klebu jinise wong lanang sing seneng nekad, ora kasil pisan pindho, ping telu, ping pat panggah wae olehe terus mbudidaya murih bisa kasembadan apa sing dadi karepe. Ora kasil nganggo cara nekani omahe Marti  ing wayah sepi, Kamdi banjur sengaja nemoni Marti ing wektu awan nalika Marti nyambut gawe ing omahe Juragan Kadirin. Wola-wali Kamdi golek kalodhangan kanggo bisa ngungrum Marti murih gelem nuruti pepenginane, kanthi tembung alus lan manis sing nengsemake, nanging uga sok nganggo cara aweh pangincim barang.

 

Marti sing rumangsa risi, suwe-suwe wani madulake tumindake Kamdi kuwi marang Kadirin, mesthi wae olehe wadul ya karo sesidheman merga Marti ngerti nek nganti krungu Sihmirah yen Marti wadul marang sing lanang, Sihmirah mesthi banjur nesu. Ora nesu marang kakangane sing nasar, nanging malah nesu marang Marti sing wani ngandhakne nek Kamdi wis tumindak sasar. Merga wis kondhang nek mungguhing kulawargane Kamdi kuwi anak lanang siji-sijine satunggalane Sihmirah sing sapa wae ora dililani ngarani Kamdi kuwi bisa tumindak sing ora bener.

 

 

ana candhake.


Jumat, 19 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (07)

 

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Jam pitu esuk Kadirin wis tekan omah, saka Rumah Sakit goncengan Pit Montor karo Apan. Sanajan wis duwe anak dhewe, nanging rasa tresnane Kadirin marang Hajir ora suda. Rasa kangen sawise ora kepethuk karo anak pupone pirang-pirang dina, ndadekne Kadirin rada cuwa bareng tekan omah jebul wis ditinggal Hajir sekolah.  Nanging rasa cuwa kuwi ya banjur ilang bareng ngerti nek Hajir pancen kudu sregep anggone sekolah.

 

"Larene wongsal-wangsul nangkletne kapan adhine dijak wangsul, Gan" kandhane Marti karo ngladekne Kopi neng ngarepe Kadirin sing lungguh neng amben omah pawon kuwi.

 

"Lha mbok wangsuli piye?" Kadirin wangsulan nganggo pitakonan.

 

"Nggih kula sanjangi nek Ibuk wis sehat lagi adhik dijak Ibuk mulih, ngoten" wangsulane Marti "ketingale Hajir nggih remen sanget gadhah adhik niki, kanca-kancane sami disanjangi nek piyambake mpun gadhah adhik".

 

Kadirin ora omong maneh, dikepenakne olehe nyruput kopi sing diselani karo nyedhat-nyedhot pegane udut. Rancangane Kadirin esuk kuwi dheweke arep endhang-endhang sawah sing wis pirang-pirang dina ora didelok. Ora kok nguwatirake tandurane ora kopen, merga gaweyan sawah kabeh wis dipasrahne menyang Apan, adhine sing dibantu sapukawat liyane, nanging jenenge wong tani nek wis rada suwe ora weruh sawahe ngono kuwi neng ati ya ora pati kepenak. Kadirun banjur bali mlebu omah, clana karo klambi sing dienggo dicopot ganti nganggo sandhangan sing kulina dienggo nek lunga menyang sawah. Nanging lagi wae Kadirin arep omong pamitan marang Marti sing isih lagi nandangi gaweyan pawon, lagi tekan lawang butukan saka omah, dumadakan Kadirin weruh tekane Kamdi sing tanpa nganggo kula nuwun bablas mlebu menyang omah pawon karo mripat jelalatan, kaya lagi nggoleki wong sing arep ditemoni. Neng batin Kadirin rada gumun, weruh slagane kangmase ipe sing lagi teka kuwi.

 

"Panjenengan ta Kang?" karo njangkahne sikil saka lawang butulan Kadirin nglorohi sedulure ipe kuwi.

 

"He....." Kamdi sing ora weruh nek Kadirin ana lawang butulan,mangsuli semu kaget "He eh Dhik".

 

"Lha niki wau saking pundi?" Kadirin nyedhak karo takon maneh.

 

"Saka ngendi, saka omah neh" wangsulane Kamdi sing wis bisa nyingkirne rasa kagete "wong aku kepengin ngerti kabare ponakanku, piye ? Kapan bisa diajak bali?".

 

"Paling tigang dinten melih, Kang" wangsulane Kadirin karo mapan lungguh neng amben sing mau dilungguhi karo ngombe kopi, banjur aba menyang Marti "Make Hajir, tulung Kang Kamdi racikna kopi!, mangga lenggah mriki lho Kang, kersakne didamel kopi Make Hajir".

Kamdi mapan lungguh neng amben sing uga dilungguhi Kadirin, banjur takon :

 

"Lha sing ngancani Sih neng kana sapa ?" .

 

"Kula ken ngancani rayine Kang, Timah rayate Apan" wangsulane Kadirin "njing enjing napa njing emben mawon nek mpun angsal dijak wangsul kula papage, wong sareng kula tilar nunggoni Sih teng Rumah sakit niki, gaweyan sawah nggih lajeng kether".

 

Kamdi manthuk-manthuk, atine rada cuwa. Wis pindho niyat arep ngajak Marti seneng-seneng ora kaleksanan. Wingi awan, wurung merga tekane Hajir karo kanca-kancane, kamangka Kamdi ya ngerti nadyan wiwitane Marti sajake arep nulak karepe, nanging mengko nek karep kuwi wis klakon dicakne sanadyan ya rada karo meksa serthithik, mesthi Marti bakal nurut, merga wis Kamdi duwe panemu satemene Marti ya wis rada suwe ngelak lan butuh ngombe, nanging wingi kuwi nalika Kamdi arep rada meksa Marti supaya ngombe, dumadakan Hajir karo kancane padha mara, dadi ya ora sida. Banjur rencanane Kamdi, niyat wingi awan kuwi arep dibaleni mau bengi, mesthine nek wayah wengi ngono kuwi ora bakal ana sing ngregon-ngregoni nggone arep ngajak Marti dolanan. Nanging jebu mau bengi Kamdi kecelik, neng emper omahe Kadirin jebul mlumpuk para Magersari sing lagi padha rondha. Nanging Kamdi panggah ora kemba, durung arep leren olehe mbudidaya sadurunge klakon apa sing dikarepake. Esuk iki Kamdi duwe pangira, Marti mung ijen ana omahe Juragane. Nanging sepisan engkas Kamdi nemu cuwa, jebul adhine ipe malah wis ana omah. Dadi ya gagal maneh. Nanging Kamdi mung bisa nyimpen rasa cuwane kuwi neng jero atine dhewe.

 

"Mangga Mas, katuran ngunjuk" Marti mara ngladekne kopi sing isih panas neng ngarepe Kamdi.

 

"Mangga Kang" Kadirin melu ngacarani sedulure ipe supaya ngombe kopine.

 

Kamdi gage nyandhak gelas kopi sing isih panas, kuwi nanging banjur bali diselehne maneh, karo kandha :

 

"Oh, iya lali aku"

 

"Napa sing supe Kang?" Kadirin takon.

 

"Wingenane aku rak suntik, terus nyang Pak Mantri dikandhani ora entuk ngombe kopi dhisik" wangsulane Kamdi.

 

"Nek ngoten Teh mawon?"

 

"Ora sah, aku malah wis rada suwe ora ngombe Teh, wong janji bar ngombe teh ki terus neng weteng kembung kok. Uwis gak sah digawekne wedang, aku tak pamit wae, wong aku mau ya arep nyang omahe Kamid barang kok, anu nagih dhuwit wong wis rada suwe ora disaur-saur" Kamdi ngadeg ngajak salaman Kadirin, banjur lunga. Kadirin nguntapne Kakange Ipe nganti tekan lawang.

 

Marti sing uga ngerti nek Kamdi wis lunga banjur ambegan longgar, rumangsa wis rada aman saka bebaya.

"Mas Kamdi mau mpun wangsul ta Gan?" Pas Kadirin arep pamitan nek arep endhang-endhang sawah Marti ndhisiki takon.

 

"Uwis, jarene arep nagih nggone Kamid, embuh tenane arep nagih apa malah arep golek utangan, wong kang Kamdi wae kok" wangsulane Kadirin karo mesem.

 

"Tujune wau Juragane kok enten griya? Nek boten kula rak sing didamel repot malih" kandhane Marti nanggapi wangsulane Kadirin.

 

"Digawe repot piye ta?" Kadirin takon, pikirane wiwit nggagas ora kepenak.

 

"Nggih ngoten nika neh" wangsulane Marti "wingi siang nggih mpun mriki, pas ajeng nakal boten sios merga Hajir kalih rencang-rencange dugi, terus dhek dalu mriki malih terus dijak jagongan Mas Apan teng emper, ajeng mlebet griya lawange mpun kula kancing, kula ethok-ethok mpun tilem".

 

"Eeeeeng......" Kadirin segu "nek ngono, kowe ngajaka Yu Saminah apa Giyem kon ngancani. Banjur kowe ora sah crita karo sapa-sapa bab iki, kowe ngerti ta? Nek nganti krungu Ibune Hajir, dudu Kang Kamdi sing diluputne, malah kowe sing dipegeli merga dikira gawe-gawe".

 

"Nggih".

 

"Ya wis, saiki ndang nenga nggone Yu Saminah kana, kandhanana nek tak prentah ngancani kowe tunggu omah ngono. Arep ninggal aku dadi ora tega" kandhane Kadirin sabanjure aweh prentah marang Marti.

 

Ora semaur Marti banjur metu. Ora let suwe wis bali maneh ditutne Saminah. Weruh nek Juragane wis ana omah, Saminah gita-gita takon ngabarne kahanane Jurgane wedok karo anake.

 

"Iya, paling telung dina engkas bayeke wis dijak bali Yu" wangsulane Kadirin "mula sadurunge bayeke dijak bali, tulung Make Hajir kancanana ben ora nglamun wae".

 

"He he he, enggih Gan" wangsulane Saminah karo ngguyu.

 

 

ana candhake.

 

 

 


GEMBILI ING PAGER SATRU (06)

 

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Kabar Sihmirah nglahirne neng Rumah Sakit kanthi cara operasi wis sumebar. Wong sa Sendhangrejo wis padha krungu kabeh (wektu kuwi, jenenge operasi isih dianggep sawijining perkara sing nggegirisi tumraping masyarakat, malah ora arang sing duwe pangira nek wis operasi ngono kuwi padha karo pangarep-arep bisa urip mung kari sethithik banget). Kadirin sing banget trisnanane marang bojo, wiwit Sihmirah mlebu Rumah Sakit, babar pisan ora kober ngurusi apa-apa kajaba ngurusi bojone sing satemene wis diurus dening dokter, bidan lan para perawat. Kabeh gaweyan omah dipasrahne marang para rewang lan sedulure sing cedhak. Apan, adhine Kadirin kajaba kudu ngurusi tanduran lan sawah, saben dina uga wira-wiri menyang Rumah Sakit, ngeterne apa sing di butuhne Kadirin sasawune nunggoni bojone. Kajaba saka iku Apan uga dadi juru warta tumrap sing ana omah, kepiye mungguh kahanane Sihmirah sajrone nglahirake iki.

 

"Piye kabar Juragane wedok Mah?" pitakone Marti marang Timah, bojone Apan, nalika Apan lan Timah lagi teka saka Rumah Sakit.

 

"Alhamdulillah wis sansaya apik Yu" wangsulane pripeane Sihmirah kuwi ngabarne kahanane sing lagi bubar operasi "bayine ketok ayu, kaya ibune, saiki isih diseleh neng openan, paling sepasar maneh Yu Sih karo bayine wis oleh balik".

 

"Ya sokur ta Mah nek ngono" Marti nanggapi wangsulane Timah "dadi sing neng omah kuwi ora tansah dheg-dhegan wae".

 

"Iya, jarene Yu Sih mau olehe nyepasari ora dipasne dinane Yu" kandhane Timah maneh "arep dislameti nek Yu Sih wis akas pisan, ning Kang Apan mau ya wis diprentah Kang Dirin kon golek wedhus sing gedhe-gedhe telu kok, arep disembeleh nek kanggo slametan sukurane si Jabang Bayi.  Karo nek kahanane terus apik, Kang Dirin sesuk ya arep tilik omah, sesuk esuk aku kon nggenteni ngancani Yu Sih".

 

"Iya" wangsulane Marti "kabeneran banget nek Juragan Dirin tilik omah, wong aku kon tunggu omah dhewe ngene iki sak jane ya rada kuwatir lho Mah".

 

"Kuwatir piye Yu? Nek bengi rak wong-wong Magersari padha jagongan neng emper ta? Mosok kowe neng jero wedi?" Timah nakoni Marti.

 

"Maune aku ya ora wedi Mah, nanging sakbubare kedadeyan awan mau, aku dadi ora tatag neng omah dhewe" Marti kandha karo praupan sing sajak isih nyimpen rasa kuwatir.

 

"Dhek awan? dhek awan ana apa Yu?" Timah takon, semu ora mudheng karo sing dikarepne Marti.

 

"St..aja banter-banter, iki wadi banget" Marti wangsulan karo bisik-bisik.

 

"Iya, ana apa ta? aku melu dheg-dhegan iki  lho" Timah takon maneh karo suwarane digawe klesak-klesik.

 

"Mau awan ki, bar awakmu karo Mas Apan budhal nyang Rumah Sakit mau, Mas Kamdi teka" Marti wangsulan, suwarane alon nanging cukup bisa dirungokne Timah.

 

"Mas Kamdi, Mase Yu Sih sing omahe Pudak kae ta?" Timah nyelani takon.

 

"He eh" wangsulane Marti, mripate wiwit ngetokne luh "maune ki ya ora ngapa-apa, nanging bareng ngerti nek neng omah ora ana wong liya, lha kok wonge arep ngajak aku tumindak sing ora bener ta Mah?. Bareng tak sauri nek ngono kuwi ora becik, lha kok aku malah digujer arep dipeksa nuruti karepe sing wis klebon setan kuwi ta Mah?. Mesthi wae aku ya polah, nanging aku rak ya kalah rosa ta?".

 

"Banjur piye Yu?" Timah takon selak kepengin ngerti wusanane.

 

"Meh wae, aku dirodhapeksa neng amben pawon" Wangsulane Marti "aku diweden-wedeni arep ditekak nek nganti aku mbengok, ndelalah kersaning Allah, pas aku wis mung bisa pasrah, Hajir teka saka mburi omah ngendhangi tandurane Gembili, karo celuk-celuk, jebul tekane Hajir kuwi karo kanca-kancane bocah papat mbuh bocah lima mau,  Mas Kamdi kaget, aku diculne saka gujerane, terus ethok-ethok takon korek arep dienggo nyumet udut, banjur Hajir tak kongkon ngancani aku, kanthi pawadan tak kon milihi gabah sing campur beras sing tak ler neng tampah".

 

"Lha Kamdi banjur piye?" Timah takon maneh.

 

"Bar nyumet udute, terus klithih-klithih ngalih, nyandhak sepedhane terus bablas lunga, embuh menyang ngendi parane".

 

"Kamdi kae jarene Kang Apan pancen wong mrusal kok, senengane ngabotohan dhadhu, kertu, adu jago ngono kuwi, ya wis kondhang seneng saba nggone wong-wong wedok nakal" Timah kandha alon-alon "nanging ya kuwi, wong tuwa lan sedulure klebu Yu Sih, padha ora percaya, ngertine Kamdi kuwi jare wong apik, wong nek pas tukaran karo bojone ngana kae, ajeg wong tuwa lan sedulure padha nyalahne sing wedok kok".

 

"Mula kuwi ta Mah, crita iki kanggo aku karo kowe wae, nek krungu juragane wedok, tan wurunga sing disalahne mengko rak ya aku ta?" 

 

"Iya Yu" wangsulane Timah "ya muga-muga wae, Kamdi ora mara mrene maneh".

 

Timah banjur pamitan arep bali, wektune pancen wis sore, wos nyedhaki surup srengenge. Hajir wis metu saka omah, bebetan sarung komplit sak kupluke. Hajir nyedhaki Make, ngajak salaman arep budhal menyang masjid, sembahyang maghrib diterusne karo sinau ngaji, nganti tekan ngisak. Marti ya banjur mlebu omah, cendhela-cendhela lan lawang-lawang butulan wiwit padha ditutup lan dikancing saka njero. Lampu-lampu panjeran uga wiwit diuripne . Sawuse keprungu adzan magfhrib Marti ya banjur sembahyang, dhewekan neng pasalatan nggone Juragane. Bubar sembahyang, banjur menyang pawon, nggodhog tela lan gawe wedang, kanggo wong-wong Magersari sing sasuwene Juragan Dirin nunggoni bojone neng Rumah Sakit padha dikongkon rondha lan melekan neng emper omahe.

 

Sawise mateng, tela diselehne neng wadhah tompo gedhe, banjur gawe wedang kopi dicong neng ceret gedhe, kira-kira isi lima las gelas luwih. Banjur dicawisne neng meja emper, karo gelas-gelas kosong. Mengko sing padha rondha wis padha ngerti dhewe yen tela karo kopi kuwi dicepakne kanggo dheweke.  mBarengi karo mulihe Hajir saka ngaji, sing padha rondha wis padha teka, ora akeh mung Apan, Jono, Blendhus karo Sukiban. Wong papat kuwi banjur padha jagongan rame. Marti nutup lawang lan dikunci saka njero, lampune dipateni. Nanging suwarane wong sing lagi padha jagongan neng emper bisa dirungokne kanthi cetha saka njero omah. Lan sing padha jagongan bisa diinguk saka jero omah liwat kaca omah sing manggon neng kiwa tengene lawang sing ditutup karo gordin.

 

Watara jam wolunan, saka kamar turone Marti krungu nek ana wong teka, ketitik wong-wong padha gupuh mbagekne. Alon-alon, Marti metu saka kamar, nginceng sapa wong sing lagi teka kuwi.

 

"Mangga Mas, pinarak mriki" Apan ngacarani sing lagi teka lungguh "kalih niki kopine, panjenengan ngiling piyambak".

 

"Enggih" sing dibagekne wangsulan, Marti ora pangling kuwi genah suwarane Kamdi sing mau awan teka lan arep ngajak Marti tumindak sing ora bener, dhadhane Marti dadi dheg-dhegan.

 

"Lha jagongan kok teng njawi, gek lampune ngomah peteng dhedhet, napa griya niki suwung?" karo nyilakne gordin sethithik Marti weruh nek karo mapan lungguh Kamdi takon marang sing padha rondha.

 

"Lha Juragane rak teng Rumah Sakit ta Mas?" sing wangsulan Blendhus "lha sing teng jero bojone Taslim kalih anake, wiwit sonten wau mpun sambat ngantuk lajeng kula ken ngancing lawange".

 

"Lha olehe jagongan neng kene iki biasane tekan jam pira?" Kamdi takon maneh.

 

"Jenenge wong dikongkon rondha, ya nganti sesuk nek wis padhang ta Mas" sing mangsuli ngono kuwi Apan.

 

Marti bali mlebu menyang kamar maneh, banjur ethok-ethok wis turu.

 

 

ana candhake.

 


GEMBILI ING PAGER SATRU (05)

 

5.

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Dina slametan sewu dinane Taslim wis teka, kajaba direwangi Saminah karo Giyem, jebul isih akeh sing padha teka melu rewang. Merga ora sida karo sing direncanakne Marti sing mung arep climen, nanging dadi rada gedhen kaya lumrahe wong kono nek ngenekne slametan sewu dinanan. Wedhus berok gedhe, ingon-ingone Apan sida dituku Kadirin tenan, disembeleh kanggo lawuh selametan. Isih ditambah daging tukon neng nggone jagal Bu Siti olehe pesen Sihmirah. Blanja kanggo sing diolah kabeh sing mblanjakne ya Sihmirah lan sing nyukupi ya Sihmirah dhewe. Uba rampe kanggo santri-santri sing padha dijaluki tulung ngaji karo tahlil sing kanggo wasilah nyuwunake pangapura dosa-dosane Taslim, kabeh dicukupi dening Kadirin. Marti kena diarani mung kanggonan thok, wong klasa-klasa lan piranti liyane sing nyepak-nyepakne ya Apan, awit prentahe Kadirin. Cekake, bengi malem sewwunan kuwi, kabeh rumangsa seneng lan marem, sing ngundang ya marem sing diundang ya seneng.

 

Let rong dina sawuse slametan sewu dinane Taslim neng nggone Marti, genti Juragan Kadirin sing ngenekne slametan sukuran. Nyukuri olehe wis oleh palilah saka Marti, Juragan Kadirin lan Sihmirah oleh melu ndhaku lan momong Hajir dadi anake.  Dina Sabtu awan, bubar luhur bocah-bocah cilik, wiwit sing lagi bisa mlaku nganti bocah kelas papat SD diklumpukne neng omahe Kadirin. Diajak slametan lan mangan-mangan, neng kono dicawisi jajanan, panganan lan omben neka-neka, bocah-bocah sing ana kono dikon njupuk sasenenge. Sawise rampung, baline bocah-bocah kuwi padha disangoni dhuwit sing cukup dienggo sangu sekolah telung dina. Bengine, dianakne slametan maneh, sing diundang wong - wong sing wis diwasa, kaya lumrahe wong slametan. Bubar ngisak banjur digelar seni Kentrung Jedhor, nganti tekan meh esuk.  Kadirin, Sihmirah, Marti padha ketok seneng atine. Hajir uga seneng-seneng wae, saiki wong tuwane dadi telu, Make, Ibune karo Bapake.

 

Sedina rong dina ditinggal Hajir turu neng omahe Juragane, atine Marti krasa sepi. Nanging bareng wis oleh sepasar, iya banjur wis dadi biasa. Hajir ya ngono, wiwitane urip awor saomah karo Juragan Kadirin rasane ora pati kepenak, nanging bareng wis sansaya suwe iya dadi sansaya mapan. Luwih-luwih dening Kadirin lan Sihmirah, Hajir kaya diuja, apa sing dipengini ajeg bisa kasembadan. Meruhi sing ngono kuwi, batine Marti dadi ora kepenak, Marti ngerti bocah kuwi yen sarwa diuja, sok dadi lan ora becike. Mula nek wayah awan pas bisa ketemu karo Hajir, Marti ora tau bosen tansah ngelingake anake, murih ora dadi bocah sing ugungan. Sajake, Hajir ya ngerti karo apa sing dadi pituture Make. Mulane nadyan sarwa diugung nanging Hajir tetep ora dadi bocah sing lumuh, malah kepara kerep wae njaluk marang Bapak-e angkat supaya diwarahi carane nyambut gawe, kaya carane nenandur apa ta apa ing pategalan lan carane nyambut gawe neng sawah, mesthi wae kabeh dijumbuhne karo kekuwatane Hajir sing isih bocah, bakune bocah kuwi ora dadi bocah sing ora doyan gawe. Kanthi seneng Kadirin ya nuruti apa sing dijalukne warah anake angkat kuwi. Kadirin duwe gagasan bocah kuwi mbesuk bisaa nutugne panggaweyane ing ulah tetanen, kaya dheweke biyen sing uga nutugne pagaweyane wong tuwane.

 

"Lha tanduranmu gembili neng pager satru mburi omah kae isih sok mbok delok apa ora Le?" pitakone Kadirin marang Hajir ing sawijining dina.

 

"Ben dina kula delok Pak" wangsulane Hajir mongkog "nek enten sukete nggih kula buwangi kok".

 

"Pinter kowe Le" kandhane Kadirin karo mesem seneng "Gembili kae, jinise Gembili tahun, nek ngundhuh owohe ora perlu dijabut, cukup dikupuk wohe wae, kakine ben wae urip dadi ora perlu golek winih anyar".

 

Sanajan ora pati mudheng karepe, Hajir ya mung manthuk karo ngenggihi apa sing dikandhakne Bapake Angkat kuwi.

 

Mundhak dina, katresnane Sihmirah marang Hajir sansaya mundhak gedhe, luwih-luwih bareng panyuwune Sihmirah dikabulne dening sing kuwasa. Sihmirah klakon bisa ngandheg. Kabeh wong padha ngarani nek olehe ngandheg Sihmirah kuwi merga anggone wis mupu anak Hajir lan olehe ngrengkuh ya kanthi becik. Ora mung marang Hajir wae Sihmirah lan Kadirin rumangsa ditulung, nanging uga marang Marti sing uga wis nglilakne anake dipupu. Sesambungan antarane Sihmirah lan Marti, sing tata gelare sesambungan antarane Juragan karo rewang, malih dadi ngungkuli sesambungane sedulur tunggal bapa biyung. Uripe Marti uga dadi malih luwih tumata, wong ora ngopeni sapa-sapa kajaba mung ngopenei awake dhewe. Asil olehe dadi rewang neng nggone Juragane prasasat utuh, wong kabeh kebutuhan saben dinane wis nunut dadi tanggungane juragane. Marti ya wiwit bisa nyandhang patut, kober pupuran lan macak kaya lumrahe wong wedok. Mula mundhak dina, Marti ora mundhak katon tuwa, nanging mundhak katon pamore. Marti saiki mbalik dadi kaya biyen, wong ayu sing bisa gawe getering atine wong lanang sing kabeneran nyawang. Akeh sing padha ngrasani lan ngrembug Marti sing saiki dadi sansaya ayu lan mencutake.

 

"Randhane Taslim ki bareng Taslim wis entek slametane, rumangsaku kok malih dadi sansaya ayu ya Din?" kandhane Sugik marang Lamidin pas wong loro kuwi lungguhan neng cakruk parondhan.

 

"Lha lehmu weruh dhek apan lho Kang?" Lamidin mangsuli karo genti nakoni Sugik.

 

"Mau, pas aku nyang nggone Juragan Kadirin arep nempil gabah winih ngge suk walikan, mau kepethuk Marti neng kana" wangsulane Sugik "jan rumangsaku ketok nek ayu tenan ngana kae".

 

"Pancen ya bener kok Kang" kandhane Lamidin numpangi rembuge Sugik "Marti kae, rumangsaku nek karo prawan-prawan lumrah ngono , ora bakal kalah kok".

 

"Sing gak kalah ki apane?" Sugik takon.

 

"Ora kalah olehe mencutake" wangsulane Lamidin karo ngguyu "upama mbokne ndhewor ki gelem diwayuh ngono aku ya gelem kok nek kon ngepek Marti dadi mBok nom".

 

"Wandamu kuwi Din" wangsulane Sugik anyel "mbok sapa wae ya mesthi gelem".

 

Rembugan omongan mbako ngono kuwi, kerep wae dadi bahan jagongan wong lanang neng ngendi-endi, ya sing isih Jaka, wis dhudha uga wong sing wis duwe anak bojo. Nanging najan sruwing-sruwing ana sing wadul marang Marti, Marti babar pisan ora nggatekne. Sanajan sok-sok ing atine ana rasa kepengin omah-omah maneh, nanging Marti ngrumangsani, uripe jinejer dadi wong wadon ndelalah ya wis lola pisan, tanpa sanak tanpa sedulur, dadi sanajan kepengin omah-omah maneh, nanging bisane ya mung nunggu. mBok menawa ana wong sing teka lan nakokne dheweke. Lan ndelalah, nalika Marti nyoba ngeling-eling wong lanang sing kabeneran wis dhudha sing ana Dhukuh Sendangreja kono, Marti durung bisa meruhi nek ana dhudha sing nocogi atine.

 

Nalika kuwi, olehe ngandheg Sihmirah wis meh nyedhaki tekan leke. Ketang seneng lan bektine Marti marang Juragane, meh saben wektu Marti ora tau pisah karo Sihmirah. nJagani sawayah-wayah yen tenagane dibutuhake. Hajir sing uga ngerti nek ora suwe maneh Ibune arep nglahirne, uga melu seneng, bocah cilik kuwi pancen ya wis rada suwe kepengin duwe adhik kaya kanca-kancane ing padolanan.

 

ana candhake.

 

 


GEMBILI ING PAGER SATRU (04)

 

(04)

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Saminah karo Giyem bareng ngerti juragane rada kaca-kaca mripate, dadi padha thukul rasa welase. Ya ora maido, jenenge wong omah-omah, sanadyan ketunggon bandha, tegal sawah sing jembar lan amba, omah gedhe jejer- jejer endah lan katon sentosa, Kebo Sapi lan rajakaya liyane sing pirang-pirang kandhang, pengin opor, bebek kari nyekel, kepengin panggang, ayam wis cumawis, gurameh lan mujaer neng blumbange ngrembaka pirang-pirang. Nanging, nek durung duwe turun, tetep isih krasa kurang. Ya ngono kuwi isen-isene donya, ana sing saben dina sambat ngaruara bingung olehe arep nyukupi butuhe anak, nanging ya ana sing saben bengi netesne luh, nangisi olehe durung duwe momongan.

 

Lagi wae, Giyem karo Saminah krungu, yen juragane kepengin mupu Hajir, anake Marti tinggalane Taslim sing arep disewoni suk Kemis Legi. Pawadane arep kanggo srana dadia pancingan supaya Sihmirah enggal bisa ngandheg lan kaparingan momongan. Kuwi jan aran lumrah, malah lumrah banget.Upama ora kanggo srana lantaran, upama wong kecukupan kuwi mupu Hajir ngono akeh senenge, bocahe bagus, resik, thipluk-thipluk nggemesake. Nanging mau, Sihmirahuga kandha nek arep nembung marang Marti, Sihmirah maju mundur, gek wani gek ora, merga Hajir kuwi ora duwe tunggal, anake Marti ya mung Hajir kuwi thok.

 

"Nggih ngeten mawon Gan" alon Saminah aweh rerigen marang juragane "tiyang niku damel sarat mawon kok, betahe Si Hajir dipundhut dados anak pupon, niku pocapane, nek dalu kersane tilem teng griya mriki, nek siang nggih kersane dolan, rak nggih boten tebih kalih emake, sing baku Hajir niku nek ngaturi panjenengan Ibu, nama Simbok lha nek ngaturi Juragan Kakung nggih Bapak, ngoten mawon. Lajeng kabetahane Hajir sedaya dados tanggel jawabe Juragan. Pripun nek ngoten? Nek Juragane mathuk, mengke sing nembung teng Marti tak kula dhewe".

 

Polatane Sihmirah dadi katon bingar krungu rerigen sing dikandhakne Saminah ngono kuwi. Bener kandhane wong biyen, Saminah neng omah kono kuwi kalebu Batur, sing jarene saka tembung embat-embataning tutur. Pranyata bener, Saminah kuwi kajaba saben dina tansah aweh bebantu nyangga bot-repoting gaweyan ing omahe Sihmirah, uga iki mau lagi aweh tutur sing becik marang juragane.

 

"Mathuk Yu" wangsulane Sihmirah karo mesem "coba mengko utawa sesuk Marti kandhanana perkara iki, nek Marti oleh mesthine aku ya seneng, nanging upama ora oleh, aku ya ora arep meksa".

 

Olehe padha rembugan antarane Juragan karo rewange kuwi meneng, Marti wis mlebu omah pawon maneh, olehe nggawa mulih beras wis rampung. Marti ya banjur nyandhak gaweyan sing mau ditinggal, nresiki ngresiki lan nguntili Brambang sing arep ditarang, ben ora gampang bosok. Pancen Kadirin kuwi kajaba nandur pari, uga seneng nandur palawija, klebu seneng nenandur tunggalane Brambang. Mangsa iki olehe nandur Brambang Kadirin ana setengah bahu, dadi kajaba disimpen dienggo cadhangan bumbu, uga akeh sing didol menyang bakul-bakul pracangan neng pasar. Karo nandangi gaweyan, Sihmirah sing uga melu nandangi gaweyan sing dicandhak rewang-rewange, ora leren-leren nggone ngandhani Marti olehe arep repot nyewu bojone suk kemis kuwi. Jalaran najan umur-umurane Marti kuwi luwih tuwa, nanging ing babagan ngadhepi gaweyan tunggalane slametan nyewu ngono kuwi, Sihmirah luwih menang ing pengalaman. Sakecap rong kecap, Saminah sing uga wis kulina nindakne gaweyan nylameti wong sing wis ora ana ngono kuwi, melu udhu urun rembug marang Marti. Kabeh pitutur ditampa dening Marti kanthi seneng, merga kabeh padha  nuduhne rasa tresnane marang dheweke. Luwih-luwih Sihmirah sing uga juragane kuwi, ora mung urun rerigen nanging uga urun meh kabeh uba rampe sing arep kanggo selametan.

 

Lagi enak-enak ketungkul nandangi gaweyan sinambi rembugan, Hajir anake lanang Marti mara nyedhaki emake. Gageyan, Marti nakoni anake lanang sing lagi teka kuwi :

 

"Lho sekolahe apa wis bali ta Le? Kok wis nusul Mak-e mrene ki?".

 

"Uwis Mak" wangsulane Hajir "mau klambi karo kanthoke tak canthelne nang cagak sedhak amben, njur aku salin iki".

 

"Ya wis, kana gek ndang dolan kana nanging aja adoh-adoh" kandhane Marti sabanjure.

 

"Anu, aku arep nang tegal mburi" kandhane Hajir mangsuli pakone Make.

 

"Tegal mburi ngendi? Arep ngapa?" Marti takon, ora kulinane Hajir dolanan menyang tegalan.

 

"Anu, arep nusul Juragan Dirin" Hajir wangsulan "wingi aku dikandhani, jare arep diwarahi carane nandur Gembili neng pinggir pager satru mburi omah".

 

"Hajir Cah pinter......" dumadakan Sihmirah ngundang Hajir banter kanthi suwara alus.

 

"Nun, nggih Gan?" Hajir wangsulan karo nyawang Sihmirah.

 

"Tak kandhani ya? saiki Juragan Dirin isih endhang-endhang sawah, olehe arep nandur Gembili mengko sore".

 

"eeeeng......." Hajir nyengir, lucu.

 

"Wis, kene nyedhak kene, tak kandhani!" Sihmkirah kandha maneh. Hajir nyedhak banjur mapan lungguh neng ngarepe Sihmirah, nyadhong prentah.

 

"Hajir ki rak ngerti ta? Nek Pak Kadirin karo Bu Sihmirah ki sayang banget nek karo Hajir?" pitakone Sihmirah sawise Hajir lungguh neng sandhinge.

 

"Eng.... enggih, ngertos Gan" wangsulane Hajir.

 

"Naah, saiki hajir sayang pa gak nek karo Pak Kadirin lan Bu Sihmirah?" Sihmirah takon maneh.

 

"Eng, enggih, sayang, sayang banget"

 

"Tenan?"

 

"Enggih, tenan" Hajir wangsulan serius.

 

"Nah, nek sayang tenan, Hajir kudu nurut karo Bu Sihmirah, gelem apa ora?" Sihmirah nakoni maneh.

 

"nggih, purun" wangsulane Hajir.

 

"Nek wis nurut, saiki coba Hajir ngrungokne Bi Sihmirah arep ndhawuhi Hajir".

 

"nggih".

 

"Wiwit saiki, Hajir nek ngaturi Pak Kadirin ora pareng nganggo sebutan Juragan Dirin maneh, ngerti?"

 

"Boten" wangsulane Hajir polos "kula boten ngertos nek ngaturi pripun?".

 

"Hajir nek ngaturi saiki malih dadi Bapak, sepisan maneh Bapak. Ngerti?".

 

"nGgih ngertos, Bapak Kadirin" wangsulane Hajir.

 

"Ora perlu nganggo Kadirin, cukup Bapak ngono wae, piye?".

 

"Nggih, Bapak"

 

"Pinter" kandhane Sihmirah karo mesem, tangane dielus-elusne neng sirahe Hajir, kebak rasa asih "saiki genti, nek ngaturi Bu Sihmirah, malih Ibu, piye?".

 

"nGGih, Ibu"

 

"Pinter tenan" kandhane Sihmirah sabanjure "suk Minggu sekolahe rak prei ta?".

 

"nggih"

 

"Lha nek prei, suk Minggu Hajir ndherek Bapak karo Ibu tindak menyang Pasar Kedunggalar, mengko Hajir dipundhutne Kathok karo Klambi anyar, Hajir purun napa boten ?" kandhane Sihmirah nari Hajir.

 

"nGgih purun" wangsulane Hajir ketok seneng.

 

"Wis kana, saiki dolan dhisik kana, nanging aja adoh-adoh lho ya?"

 

"Nggih Ibu" wangsulane Hajir banjur mlaku metu menyang latar.

 

"Ngene lho Make Hajir" kandhane Sihmirah marang Marti sawuse Hajir ngalih "pas awakmu mulih sedhela mau, aku rak rembugan karo yu Saminah nek kepengin njaluk tulung awakmu".

 

"Ajeng nedhi tulung napa ta Gan? kok kepireng ngedheg-edhegi niku?" Marti takon karo mesem.

 

"Tulungana aku ben enggal bisa duwe momongan" wangsulane Sihmirah suwrane wis lancar " dene sranane lilanana aku melu momong lan ndhaku anakmu si Hajir kaya dene anakku dhewe, cara jawane bisaa Hajir kuwi dadi lantaran aku oleh nugrahaning Gusti kaparingan momongan. Mau aku arep nembung dhewe jane ora wani, banjur arep ditembungne karo Yu Saminah, nanging bareng aku kepethuk hajir dhewe, aku dadi wani nembung. Piye Mar?".

 

"Inggih, juragane" Marti wangsulan kanthi senenging ati "mangga, menawi punika ingkang dipun kersakaken kula namung ndherek mawon".

 

ANA CANDHAKE.


GEMBILI ING PAGER SATRU (03)

 

(03)

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Lakune dina ora tau leren mandheg, terus mlaku mengarep mbarengi tambahing umure manungsa. Slametan sewu dinane Taslim wis meh teka titi wancine, Marti ya banjur kaya lumrahe wong urip, banjur nglumpukne wragad kanggo nylameti bojone. Ana pitik lancur loro sing diingu wiwit cilik, arep dienggo ingkung, beras oleh nyisihne sak gelas saben dina, ditaker maneh ketoke ya wis cukup kanggo nggawe ambengan sega uduke, kari nambahi blanjane wae. Marti pancen olehe nduwe niyat nyewu bojone iki ora gedhen kaya wong-wong sing rada turah rejekine ngana kae. Nek lumrahe wong nyewu neng desa kono kuwi, dibelehne wedhus Marti cukup mbeleh pitik lancur loro wae. Ora arep ngundang wong akeh-akeh cukup tangga teparo kiwa tengene kono wae kanggo tahlilan.

 

"Suk Kemis aku direwangi lho Yu Nah" kandhane Marti marang Saminah, kancane nyambut gawe, ing sela-selane nandangi gaweyan neng nggone juragane "aku ya wis omong nyang juragane kok, suk kemis kuwi awakmu karo Giyem arep tak kon neng nggonku, dadi olehe neng kene prei sedina. Juragane ya wis ngolehi".

 

"Thik kon rewang ki, kowe duwe ewuh ta Mar? arep nyupitne Hajir apa piye? Calake rak ya Kang Kadimin wetan kono ta?" Saminah takon.

 

"Kowe kuwi piye ta Yu?" wangsulane Marti "genah Hajir ki wis sunat ngono kok? kae pas bareng bocah pirang-pirang disunati neng latar Masjid, ora mbayar malah ditukokne sarung, klambi, kupluk barang kae? Genah dhek emben kowe ya ngeteri jangan lombok, jaremu ben tatune ndang garing kae apa?".

 

"O, iya ya?" Saminah ndemek bathuke dhewe "lha suk Kemis kuwi kowe arep ewuh apa maneh?".

 

"Arep nironi Pake Hajir, pas sewu dinane Yu" wangsulane Marti .

 

"Iki dinane wis Selasa Kliwon, dadi suk Kemis kuwi Kemis Pahing, iya ta Yu?" Giyem sing nyambut gawene rada adoh melu nrambul gunem .

 

"Iya lha ngapa ta?" Saminah sing semaur mangsuli pitrakone Giyem.

 

"Ora, kuwi lho Yu Marti kuwi lho, nek Suk Kemis nyewu Pake Hajir, rak wis gak keduman Pon? Lha leh golek wedhus suk kapan? wong Pone wis dhek wingenane?" Giyem wangsulan nganggo pitakonan.

 

"Iki ora nganggo wedhus kok Yem" wangsulane Marti "wong aku wis dikandhani karo Bu Nyai Badrun, jane nylameti wong sing wis mati kuwi sing baku dongane wae, ya ora kudu pas dina petunge, nek pancen dibarengi karo sedhekah kranalah, ngono kuwi becike sedhekahe diwenehne menyang wong sing kesrakat wae, ora kudu nyembeleh wedhus, nek pancen ora nduwe ya ora perlu nekad, sing baku iklase ati wae. Bu Nyai dhek emben rak nyang nggonku, ngandhani bab kuwi karo aku diparingi beras telung bathok".

 

"O ngono ya Mar?"  Saminah sing melu ngrungokne kandhane Marti semaur.

 

"Iya Yu".

 

Olehe padha rembugan mandheg, merga Sihmirah, Juragane mlebu pawon marani sing lagi padha nyambut gawe sinambi omong-omongan.

 

"Anu, Makne Hajir" durung nganti lungguh Sihmirah wis wiwit omong "anu, mengko sing kanggo slametan suk malem Jumuah kuwi, kowe ora sah repot-repot olehe mikir, beras neng kandhi tilas wadhah tepung terigu neng amben cedhak lawang kae, mengko gawanen mulih. Kanggo blanjane, suk kemis esuk ndadak wae, sing blanja ben Giyem karo aku, dhuwite ya wis eneng. Banjur Wedhuse Apan sing lanang kae, karo Mas Kadirin ya wis didhuwiti pisan, ben disembeleh lan ditandangi Apan pisan. Jaremu kanggo ingkunge kowe wis ngingu lancur dhewe?".

 

"Enggih Gan" wangsulane Marti karo mlenggong nyawang juragane "lha niku mengke petange pripun? wong kajeng kula ajeng climen-climenan mawon, kados sing dinasehatne Bu Nyai Badrun nika?".

 

Sihmirah mesem, ngerti sing dikarepne Marti kanthi pitakonan kang mangkono kuwi.

 

"Ora sah mbok gagas" kandhane Sihmirah sabanjure "kuwi kabeh minangka sumbanganku marang kowe, ben rada patut kaya lumrahe wong-wong nek nyewu ngana kae, pisumbang iki ora sepira ajine nek ngelingi karo lelabuhanmu karo lelabuhane Pake Hajir marang aku karo Mas Kadirin. Dadi kowe ora sah nggagas sing neka-neka".

 

"Oo, enggih Gan, matur nuwun sanget" wangsulane Marti "nggih lemah teles, mugi-mugi Pake Hajir teng mrika saged langkung tentrem.

"Iya" Sihmirah semaur banjur mrentah "wis, saiki berase kae ndang gawane mulih dhisik, ndang dilebokne Genthong Padaringan, ben berkahe tambah".

 

"Enggih Gan" wangsulane Marti, sing banjur nyelehne gaweyan sing ditandangi. Beras sing dituduhne Juragane kuwi banjur diindhit, digawa bali. Rada abot wong kira-kira isine ana telung centhak.

 

"Mesakne Marti ........."  Sihmirah grenengan ijen bareng Marti wis metu saka pawon.

 

"Enggih, nggih Gan?" Saminah numpangi gunem "isih nom wis ditinggal mati sing jaler, ngopeni anak piyambakan".

 

"Lha nggih?" Giyem melu udhu rembug "jane Yu Marti niku tesih nem, nggih tesih ayu nggih Gan?".

 

"Lha iya lah" Sihmirah semaur "nek karo prawan-prawan kene ngono wae, ya isih ketok ayu si Marti ta Yem? wong najan ta Randha, Marti ki umure durung akeh, anake lagi siji, praupane lonjong resik, rambute dawa ngandhan-andhan, mripate, alise, idepe, lambene, janggute, irunge kabeh sarwa mantesi. Dhasar lencir, kulite kuning, solah lan slagane sarwa patut, ayune ora digawe-gawe kaya wong wedok sing seneng kemayu, anteng tur sregep nyambut gawe, apa-apa sarwa cag-ceg, trampil lan ora wegahan........".

 

"Biyuh-biyuh, jurgane ki nek ngalem tiyang kok ngungkuli Dhalang Nartosabdho nyandra Dewi Banuwati mawon neh........" Saminah nigas rembuge juragane karo ngguyu.

 

"Kok Ngalem, aku ki ora Yu" wangsulane Sihmirah karo mesem "pancen saknyatane Marti kuwi pancen ayu tenan, upama kae gak sabane neng sawah karo neng pawon ngene iki ngono, terus disampiri sandhangan sing rada patut sithik wae, mesthi ketok mentrong-mentrong kaya jambu darsana kemundhuh".

 

"Lha ketingale Yu Marti niku empun wonten sing ngajengi napa dereng ta Gan?" Giyem takon.

 

"Nek sing ngarepi ki mesthine ya akeh Yem" wangsulane Sihmirah "sing angel ki rak sing nocogi atine Marti?. Aja maneh kok mung ngarah dhudha sing wis rada umur, lha wong jaka-jaka sing isih gagah prakosa wae, kira-kira nek weruh Marti kuwi ya akeh sing padha nguku idune kok. Ning ya kuwi mau, dhek emben pas tak kandhani supaya Marti kuwi mikir golek bojo maneh, wangsulane jare durung bisa nglakoni, kajaba isih durung  bisa nglalekne Taslim, jarene ngenteni nek Hajir wis rada gedhe dhisik".

 

"Ngoten niku lumrah Gan" Saminah nyauti gunem "duka nek bar sewune sing jaler niki, gek Hajir sak niki rak nggih empun rada gedhe, tiyang pun kelas setunggal".

 

"Iya Yu" dumadakan Sihmirah mripate kaca-kaca "jane aku ki arep nembung Marti, nanging isih menga mingkem lambeku, merga anake Marti ki mung siji, sirku Hajir ki rak arep tak pupu, sapa ngerti bisa dadi lantaran aku kaparingan momongan?".

 

Olehe Sihmirah kaca-kaca mripate kuwi merga Sihmirah kelingan karo kahanane sing wis meh patang tahun omah-omah, nanging durung kaparingan anak. Mesthi wae, kang mangkene iki ndadekne Sihmirah nelangsa, sanajan Kadirin wis bola-bali kandha supaya Sihmirah sabar, mengko nek wis wayahe Gusti Allah mesthi aweh turun marang dheweke.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...