Total Tayangan Halaman

Selasa, 23 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (15)

 

- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Nanging Marti uga ora wani mbantah apa sing dikandhakne Kadirin, Marti ngerti banget yen olehe ngandhani ngono kuwi merga juragane kuwi ngeman marang dheweke supaya ora dadi kurbane wong lanang sing isih sedulur ipene jurgane kuwi. Mula Marti banjur ora semaur, ngenteni tutuge pitutur sing arep dikandhakne dening Kadirin. Kadirin sing banjur rumangsa nek Marti ngenteni pitutur sabanjure, uga banjur guneman maneh.

 

"Kowe dhewe  dhek bengi ya krungu ta? Piye olehku kandha marang Kang Kamdi supaya enggal bali kae?" Kadirin nakoni Marti kanggo nutugne pituture.

 

"Enggih, Jurgane criyos kuwatos nek rayate Mas Kamdi nguwatosaken sing jaler nek boten enggal wangsul" wangsulane Marti.

 

"Bener" Kadirin nyauti rembug "lan Kang Kamdi ya kandha nek olehe pamit nyang sing wedok  jare mung arep niliki Si Lasmi sedhela wae ta?"

 

"Enggih"

 

"Saiki gagasen sing tenanan" Kadirin nutugne olehe kandhan-kandhan "nek pancen Yu Asmi bojone Kang Kamdi kuwi slingkuh tenan, apa ya mungkin sing lanang gelem pamitan ngono kuwi? Neng jagad ngendi wae, nek wong lanang kuwi wis kegelan atine merga diselingkuhi dening bojone, aja maneh kok ngajak omong, lagi weruh wonge wae mesthi wis ora gelem. Apa olehe mangsuli omonganku mau bengi ngapusi? Pikiren, nek karo aku wae sing kerep nambeli kebutuhan uripe gelem ngapusi apa maneh karo kowe? gagasen kuwi!".

 

"Enggih Gan" wangsulane Marti ngenaki rembug.

 

"Karo maneh ngene, Make Hajir" Kandhane Kadirin sabanjure "upama Yu Asmi kuwi wis slingkuh tenan lan wis ora keneng didandani, nek Kang Kamdi kuwi duwe utek mesthine ya piye carane olehe ngrampungne perkarane, ora kok malah dolan ing wayah bengi neng nggone randha ngono kuwi, luwih-luwih sadurunge Kang Kamdi ya ora pati raket karo sing diparani kuwi, kajaba nek sadurunge iki awakmu ki wis kerep aweh pitutur marang dheweke. Luwih ora klebu nalar maneh ki, kok bisa-bisane Kang Kamdi mbeber wirange dhewe, upama sing dicritakne marang awakmu kuwi tenan, marang wong liya, ora marang sedulure dhewe luwih dhisik, utawa saora-orane nek pancen arep golek solusi ya olehe crita kuwi menyang Kiyai, wong sing dianggep tuwa, utawa marang sing bisa aweh pitutur, ora kok marang Randha sing isih semok kaya kowe kuwi".

 

Krungu Juragane nyebut dheweke nganggo tembung semok, marti ngguyu. Kadirin melu ngguyu.

 

"Kok malah ngguyu ta Make Hajir?" kandhane Kadirin "kanthi ndeleng carane curhat Kang Kamdi iki, nek bener-bener Yu Asmi wis slingkuh tenan, Kang kamdi ki ora arep golek solusi piye murih petenging rumah tanggane enggal rampung, nanging malah arep nambahi ruwet utawa saora-orane arep golek kawigaten saka wong wedok liya, ngiras pantes ngenteni sadare sing wedok".

 

Kadirin leren olehe omong, merga arep nyumet rokoke sing lagi wae rampung olehe nglinting, mBako tandurane dhewe sing dilinting neng klobot janten, dibumboni cengkeh rajangan.

 

"Aku mung ngandhani kowe Make Hajir" kandhane Kadirin karo ngetokne pega udute "nek kowe pancen isih nggatekne kandhaku, aja gelem nampa tekane Kang Kamdi nek ora ana kancane sing wis mbok tepungi. Merga witing trisna kuwi jalaran saka kulina, pancen ya ora ana lupute kowe tresna marang Kang Kamdi, nanging sarate nek Kang Kamdi wis ora duwe bojo, dadi saupama Yu Asmi ki bener-bener selingkuh, banjur dening Kang Kamdi dipegat, lagi kena Kang Kamdi ngandhakne tresnane menyang wong wedok liya klebu marang kowe.  Nanging, nek tibake Yu Asmi kuwi ora selingkuh, banjur Kang Kamdi kerep saba menyang omahmu gek kowe ya gelem nampa merga kowe rumangsa mesakne, mengko nek Yu Asmi nglabrak lan ngunek-unekne kowe, merga kowe wis dianggep ngrusuhi rumah tanggane, apa ora kowe sing arep kewirangan? Wis wirang bisa uga wis dadi kurban nafsu bejade wong lanang sing seneng nguja kasenengane dhewe. Kuwi pikiren!".

 

"Enggih Gan" bareng sansaya akeh olehe nampa kandha saka Kadirin Marti banjur gelem mikir lan nocog-nocogne apa sing dikandhakne juragane karo sing dicritakne Kamdi mau bengi kae.

 

"Lha kuwi, gembili durung nganti entek sak uwit wae kok wohe wis sak mono mbane?" dumadakan Kadirin ngelih rembugane.

 

"Enggih niku Gan?" wangsulane Marti "niki nembe sak sisih uwoh sing mengaler thok mawon empun angsal meh setengah senik, kamangka sing mengilen kalih mengetan dereng kula uthik-uthik".

 

"Ya wis, kuwi wae dhisik ndang digawa mulih" Kadirin prentah "liyane dipek-i sesuk wae, nek mlumpuk akeh sing salok rak bisa digawa nyang pasar. Pancen tangane anakku si Hajir ki adhem kok, nek nandur-nandur akeh cocoge".

 

"Enggih Gan, mugi-mugi benjing nek mpun ageng saged dados tiyang sing pinter ulah tetanen" wangsulane Marti.

 

"Ya muga-muga wae" Kadirin nyauti rembug "biyen bocah kuwi tirone apa ta?"

 

"Senen Pahing Gan"

 

"Senen Pahing? Lho rak saben dina no nek karo adhine ? Wong Lasmi dhek emben kae rak Selasa Pon".

 

"Enggih"

 

"He eh, pancen nek miturut ngelmu titen wong sing lahir dina Senen Pahing ki tangane adhem, cocog nek nyambut gawene dadi wong Tani, nandur apa-apa adhakane lemu tur subur, lha nek Selasa Pon kuwi apike nyambut gawe neng bebakulan".

 

Hajir sing dhek mau ndeloki tanduran gembiline wis mbalik mrono maneh, banjur nyauti kandhane bapake angkat :

 

"Dados apik no Bapak mbesuk niku?" pitakone.

 

"Apik piye?" Kadirin takon.

 

"mBesuk nek kula empun gedhe, adhik nggih empun gedhe, kula sing nandur terus nek empun panen sing ngedolne Adhik, lha dhuwite sing nyinggahne Bapak kalih Ibuk" wangsulane Hajir semangat.

 

"He he he ... " Kadirin ngguyu seneng krungu wangsulane anake angkat sing nuduhne nek duwe pikiran sing becik, banjur takon "lha Make dibagei apane?".

 

"Make nggih sing ndamelne sarapan terus ngirim Hajir nek pas teng sabin ngoten nika" wangsulane Hajir maneh.

 

"Cocog" Kadirin wangsulan karo ngethungne jempol tangane.

 

Karo ngindhit senik isi gembili, Marti mlaku mulih ditutne Hajir sing mikul linggise. Kadirin nerusne olehe ndelok-ndelok tanduran sing ana tegalan mburi omahe kuwi. Karo mlaku gagasane Marti ngungah ngudhunke apa sing dikandhakne juragane mau. Suwe-suwe Marti oleh dudutan, yen apa sing dikandhakne juragane mau pancen ya ana benere, senajan miturut panemune Marti ora kabeh bener, nanging ya ora luput kabeh. Arepa dikaya apa, sing jenenge urip dadi randha kuwi pancen kudu luwih ngati-ati.

 

Sauntara kuwi, neng omahe, Kamdi lagi wae jagongan gayeng karo Asmi, bojone. Wektu kuwi, Asmi isih lungguh ngadhep meja, nunggoni toko pracangane, rewange loro katon repot ngladeni wong-wong sing padha blanja neng kono. Kamdi lungguh neng tumpukan karung isi beras dagangan, sing diseleh mepet tembok ora adoh karo papan lungguhe Asmi.

 

"Mengko bengi aku arep njagong lho Bu" kandhane Kamdi marang bojone.

 

"Jagong neng nggone sapa Pak? aku melu apa ora? awake dhewe wis ketumpangan apa durung?" Asmi takon.

 

"Nyang Ponjen, Darmadi Sopir kae rak ditingkepi? mengko ya mung jagong lek-lekan wae, kowe ora sah melu, mbesuk wae nek wis lahiran genti kowe sing njagong" Kamdi aweh wangsulan.

 

"O ngono ta? ya wis, lha ngge njagong sampean mengko isih ana dhuwit apa ora?" Asmi nakoni sing lanang maneh.

"Isih ana sethithik, ning nek mbok tambahi ya luwih apik, wong bensinku ketoke ya wis kari sethithik" wangsulane Kamdi karo mesem.

 

Asmi jjedhirne lambene, banjur mbukak laci mejane arep njupukne dhuwit kanggo sing lanang.

 

 

ana candhake.


GEMBILI ING PAGER SATRU (14)

 

- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Bengine sadurunge turu Kadirin isih nggagas piye carane olehe arep ngendheg lakune Kamdi sing arep nganggo dolanan Marti. Merga nek nganti Marti dadi kurbane Kamdi, bakal gedhe pengaruhe ing kulawargane, kajaba mengkone sing dirugekne ora liya ya Marti, mesthi Sihmirah banjur ora sudi kanggonan Marti sing dianggep wis ngrusuhi rumah tanggane sedulure, kamangka satemene Marti kuwi kurban saka saka bejade Kamdi. Pepunthoning pikir, Marti kudu dikandhani murih aja gampang kapilut ujar lamis, lan aja gampang percaya karo dongeng ngayawara sing dicritakne dening Kamdi. Nek perlu Marti kudu mbalik kaya sing wis, yaiku kudu ora gelem nampa tamu wong lanang sing jeneng Kamdi kuwi.

 

Dina esuke, mbeneri dina Minggu. Hajir prei olehe sekolah. Hajir kuwi seneng tiru lakune Bapake angkat, ya kuwi saben ana wektu digunakne kanggo niliki tandurane. Mung bedane, nek Kadirin gandheng sawahe pirang-pirang, saben-saben tansah mubeng niliki tanduran neng sawahe, ya niliki tanduran pari sarta tanduran liyane, nek Hajir sing dening Kadirin wis didhakoni tanduran Gembili sing ditandur sadawane pager satru mburi omahe, yen ngepasi ora dolanan karo kanca-kancane, mesthi banjur niliki tanduran gembiline. Mula pas prei dina Ahad kuwi, wiwit esuk Hajir wis neng mburi omah, ndeloki siji-siji wit gembiline. Dhasare ngono gembili kuwi wis wayahe ngundhuh, nanging Hajir durung ngerti kapan olehe arep ngundhuh, isih ngenteni prentah saka Bapake angkat.

 

"Gembilimu kuwi wis bisa dipanen Le" Hajir ora ngerti sangkan parane weruh-weruh Bapake angkat wis ngadeg ana mburine karo ngandhani nek gembiline wis wayahe ngundhuh.

 

"Enggih ta Bapak?" Hajir noleh karo takon "lha leh ngundhuh njing napa? pripun carane? Hajir dereng ngertos niku?".

 

Kadirin ngguyu, atine rumangsa seneng weruh anake angkat sing nadyan isih cilik nanging wis nduweni jiwa sregep kuwi.

 

"Ngene wae, saiki Hajir bali dhisik" kandhane Kadirin sabanjure "Make diomongi kon nggawa senik karo linggis cilik mrene, gembiline ben didhudhuk Make, mengko Hajir bisa ngrewangi ngiras sinau carane ndhudhuk gembili".

 

"nggih" hajir wangsulan banjur mlaku mulih arep ngomongi Make.

 

Kadirin pancen duwe karep, kajaba ngongkon supaya Marti ndhudhuk gembili tandurane anake lanang, Kadirin kepengin ngandhani Marti supaya luwih ngati-ati ngadhepi Kamdi. Olehe ngandhani milih neng tegalan mburi omah karo ndhudhuk gembili, merga nek olehe ngandhani kuwi neng omah Kadirin kuwatir nek dingerteni dening Sihmirah. Lan Kadirin ora seneng neng nganti Sihmirah nesu merga ora trima yen ana wong kandha cacade sedulure tuwa.

 

Ora suwe anggone bali, Hajir wis mbalik menyang tegal maneh ditutne Marti sing ngindhit senik karo nyangking linggis.

 

"Sing pundi riyin sing didhudhuk Gan?" Marti takon marang Kadirin sing isih ngenteni neng kono.

 

"Sing nggik kidul kana kae wae lho" wangsulane Kadirin karo tangane nuding mengidul "sing ramnbatan neng Wit Kepuh kuwi wae dhisik. Adate gembili ki nek mrambate neng wit Kepuh, wohe medhok".

 

Marti banjur mlaku marani wit gembili sing dituduhne juragane kuwi. Senike diselehne lan linggise wiwit digunakne kanggo ndhudhuki lemah sing nggembol woh gembili sing ndadi.

 

"Jarene kowe wingenanne ki wedi nek kepethuk Kang Kamdi ta Make Hajir?" Kadirin nyedhaki Marti sing ewuh ndhudhuk gembili banjur takon "kok mau bengi ketok betah olehmu njagongi wonge?".

 

"Eng.. enggih Gan" wangsulane karo disambi ngobahne linggise "waune kula nggih ajrih, nanging sareng ngertos lajeng boten ajrih malih".

 

"Ngertos apa kuwi?" Kadirin takon.

 

"Ngertos lelampahanipun Mas Kamdi ingkang mesakaken sanget nika" wangsulane Marti bares.

 

"Lelakon olehe ditinggal slingkuh bojone kuwi ta?" Kadirin takon maneh.

 

"Lho Juragane mpun pirsa ta? nek rayate Mas Kamdi niku selingkuh?" Marti genti takon menyang Juragane.

 

"Aku ora ngerti sing sak tenane" wangsulane Kadirin "mung aku melu ngrungokne olehe crita Kang Kamdi menyang kowe mau bengi kuwi, merga sawise Kang Kamdi nusul kowe mlebu omah kae, aku ya banjur ndhepipis neng emper, ndhedhepi olehmu jagongan".

 

"Oo ngaten?" Marti mlenggong, dheweke babar pisan ora ngira yen Juragane kuwi dhek bengi wis ndhedhep dheweke ana emper.

 

"Iya nanging kowe aja banjur salah tampa" Kadirin ngomong maneh nggenahne karepe olehe wis dhepipis neng emper mau bengi kuwi "olehku gelem nglakoni ngono kuwi merga, kawiwitan saka olehmu wis wadul marang aku dhek emben kae. Mula aku banjur kegugah kepengin ngerti apa sing arep ditindakne Kang Kamdi sing mara menyang omahmu kuwi lan bares wae, aku ya ora kepengin kowe nemoni lelakon sing ora becik merga tumindake Kang Kamdi".

 

"Enggih, enggih Gan, kula ngertos" Marti wangsulan wis mudheng apa sing dadi karepe juragane "nanging jebul Mas Kamdi boten  nindakne kados sing kula kuwatosne nika kok Gan".

 

"Iya, aku ya ngerti kuwi" Kandhane Kadirin sabanjure "wonge mung ndongeng bab olehe slingkuh bojone kuwi ta? terus kandha nek olehe wis arep sembranan karo kowe kae, jare mung merga kegawa petenging ati mikir bojone sing slingkuh kuwi ta? banjur wonge njaluk ngapura marang awakmu? bar kuwi banjur kandha nek rumangsa rada entheng sangganing pikire sawuse bisa crita marang kowe? iya apa ora?".

 

"Enggih Gan. leres niku" wangsulane Marti maneh.

 

"Lha neng kono kuwi mau, kowe ora krasa nek wis digiring arep dilebokne luwangan........".

 

"Digiring pripun ta Gan? kula kok boten mudheng niku?" Marti takon.

 

"Mengko dhisik" Kadirin wangsulan "sadurunge tak genahne, aku arep takon luwih dhisik".

 

"Nggih, ajeng taklet napa Gan?"

 

"Kowe percaya apa ora karo sing dicritakne Kang Kamdi mau bengi kae?" Kadirin nakoni Marti.

 

"Pripun nggih Gan?" Marti bingung olehe arep aweh wangsulan "mosok ajeng boten percados? wong nggih niku rak sak jane wadine Mas Kamdi piyambak ta? Lha nek Mas Kamdi rumaos mpun radi entheng raosing manahe merga mpun crita teng kula niku rak nggih apik?, Mosok kula ajeng boten percaya neh?".

 

"Lha neng kene iki, ketok genah nek kowe wis wiwit mlaku tumuju menyang jugangan sing dipasang dening Kang Kamdi" Kadirin aweh wangsulan marang Marti "Kaya pitik sing saba neng pauwuhan, sing ora mikir nek ana bebaya neng cedhake, weruh gabah mecer-mecer sing diutahne dening Kuwuk, banjur kuwuke ethok-ethok gering, awake ditutupi larahan mung diketokne mripat karo untune sing mengingis putih. Pitik sing ora ngira nek ana bebaya, weruh-weruh wis kena disaut gulune dening si Kuwuk banjur digawa mlayu didadekne mangsane, nek ora entek sisa-sisa banthange si Pitik ditinggal ngono wae, banjur si Kuwuk golek pitik liyane sing gelem diapusi".

 

Marti ora enggal wangsulan utawa takon maneh, kandhane Jurgane sing ngono kuwi isih dipikir nganggo nalare. Pancen sing dikandhakne Kadirin kuwi kena diarani bisa tinemu ing nalar, nanging Marti ya banjur ngerti nek olehe Juragane bisa muni ngono kuwi merga Kadirin mung krungu critane Kamdi saka emper, ora weruh kahanane Kamdi nalika ngandhakne perkara sing wisw ndadekne kisruhing pikire. Marti ngerti dhewe, weruh kanthi nyata, solah bawa lan slagane Kamdi nalika crita mau bengi, nuduhne nek sing dicritakne dudu barang sing mung olehe gawe-gawe. Nanging kahanan sing sanyatane. Kuwi yen disawang karo mripat sing weruh, ora mung merga nhgrungokne suwara wae.

 

 

ana candhake.


Senin, 22 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (13)

 

- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Oleh pitakonan sing kaya mangkono kuwi, Kamdi krasa nek lagi disemoni dening ipene, upama dicethakne ngono Kadirin arep ngandhani dheweke yen mung arep njaluk ngapura lan nggenahne olehe wis salah paham kudune ora kesuwen olehe mandheg neng omahe randha sing neng omah mung ijen tanpa ana kancane kuwi. Ing batin Kamdi ya rada gela kena semonan ngono kuwi, luwih-luwih sing nyemoni ipene dhewe, kadang ipe sing kapernah nom. Kamdi wis duwe panganggep nek Kadirin niyat arep ngrusuhi olehe arep seneng, utawa atake....... Kadirin tenane ya melik marang Make Hajir sing katon sumorot cahyane iki. Nanging kamdi isih rumangsa sungkan nek kudu najak padu adhine ipe kuwi.

 

"Iya wis rampung kabeh" wusanane Kamdi ngalah banjur aweh wangsulan nek urusane sing baku wis rampung.

 

"Lha nek empun nggih empun" kandhane Kadirin sabanjure "niki wekdale mpun rada wengi, timbang dadi rerasanane wong sing ora ngerti, kalih supads boten dados pangangen-angene mBakyu sing teng griya, mangga sak niki gek ndang wangsul mawon".

 

"Oh, Iya Dhik" wangsulane Kamdi disareh-sarehne sanadyan tenane gelane nyundhul pulung atine "wong olehku pamit mbakyumu mau ya mung arep niliki ponakane sedhela wae kok".

 

"Gek Make Hajir ya ndang leren" kandhane Kadirin genti marang Marti "jare sesuk arep mruput nggawekne sarapan wong sing matun neng sawah Gempol?".

 

"Nggih Gan" Marti wangsulan cekak.

 

"Aku tak pamit ya Dhik" Kamdi pamitan marang Marti sing di sambung kandha marang Kadirin "ayo dhik nek ngono, wong sepedhaku mau ya isih neng wetan omahmu kana kok".

 

"Nggih Mas" wangsulane Marti.

 

"Nggih, mangga" Kadirin ya wangsulan karo ngadeg banjur mlaku menyang lawang arep metu saka omah, Kamdi ngetutne ana mburine.

 

Marti nguntapne dhayoh-dhayohe nganti tekan lawang, bareng dhayohe wis rada adoh ninggalne omahe, lawange banjur ditutup, lampune dipateni, Marti mlebu kamare mapan leren. Sauntara Kadirin karo Kamdi ya banjur bablas bali. Tekan ngarep omahe Kadirin, jebul neng empere omah wis ana wong sing lungguhan neng kursi, padha jagongan karo udut-udutan, Apan, Simuh karo Jana. Kamdi nguwasi wong sing lagi padha jagongan kuwi sedhela, nanging ora omong apa-apa malah bablas njupuk sepedha montore sing diparkir neng wetan omah, banjur bablas lunga ora pamitan. Kadirin nyawang lungane sedulure ipe kuwi sedhela, banjur marani sing lagi umuk-umukan ana empere.

"Kok dhengaren bareng karo Mas Kamdi, saka ngendi iki mau Kang?" lagi wae Kadirin nyedhak, wis dipapag nganggo pitakonan dening Apan, adhine.

 

Kadirin ora enggal wangsulan, karo mapan lungguh malah ambegan dawa, nggresah nuduhne rasa jengkel ing atine. Apan, Jana apa dene Simuh ya wis ora ana sing wani nakoni maneh.

 

"Saka omahe Make Hajir" sawuse meneng rada sauntara Kadirin banjur wangsulan alon. Sing diwangsuli ora semaur, mung nyawang Kadirin karo mripat nyunarne tandha pitakon.

 

"Kang Kamdi ki ketoke arep kumat" kandhane Kadirin sabanjure suwarane digawe alon kuwatir yen krungu nganti tekan njero omah "wis pirang-pirang dina iki sajake lagi ngincer Make Hajir, lha iki mau konangan aku, terus tak memanuki. Wiwit bar maghrib mau mara nyang omahe Make Hajir, ngajak jagongan karo crita sing ora bener, merga nganti suwe ora bali-bali banjur tak susul mlebu tak kon ndang bali".

 

"Iya, jane aku ya wis krasa lan kober rasan-rasan karo Kang Simuh iki, karo Pakdhe Blendhus barang, wong pas sampean neng Rumah Sakit dhek emben, Mas Kamdi kober mrene nggoleki Make Hajir, nanging karo wong-wong diwarah nek Make Hajir sing mbok pasrahi tunggu omah wis suwe olehe turu, lawange wis dikancing saka njero. Wonge ya terus mulih, tak tawani kopi karo tela ya ora gelem" Apan banjur nyritakne kedadean sing tau dialami karo kanca-kanca Magersarine Kadirin sing ana gegayutane karo Kamdi.

 

"Ya wis, aja banter-banter ngrasani Kang Kamdi" wangsulane Kadirin alon "nek krungu sedulure wedok, marahi rame mengko".

 

"Iya, aku ya wis ngerti kok" Apan nyauti rembuge kakangane.

 

"Ning niki wau Make Hajir ketingale dereng kenging ta Gan?" Simuh genti takon marang Kadirin.

 

"Durung" Kadirin wangsulan karo nggedhegne sirahe "wong jan-jane ngono Make Hajir ki maune wis wedi karo Kang Kamdi, wong dhek emben tau arep disembranani neng amben pawon kono, tujune banjur konangan Hajir karo kanca-kancane. Bar kuwi banjur kanthi sesidheman Kang Kamdi nyoba  arep marani Mak Hajir neng omah nek wayah bengi, nanging Make Hajir ethok-ethok ora krungu ya ora dibukakne lawang. Lha iki mau, Make Hajir dicegat neng emper kene banjur mulihe ditutne, durung kober nutup lawange, Kang Kamdi banjur nututi mlebu. Aku wiwit pisanan wis ngerti mula ya banjur tak dhedhep ana emper, njagani nek nganti Make Hajir dipeksa nuruti karepe wong sing lagi kesusupan dhemit kuwi".

 

"Lha nanging kok ngantos dangu temen Gan?" Jana sing genti takon "criyose wiwit bar maghrib? kok nganti yah menten nembe metu?"

 

Kadirin mesem, banjur meneng ora enggal wangsulan, liwat kaca omahe sing durung ditutup nganggo kordin, Kadirin weruh Sihmirah mlaku metu karo nggawa tompo, ketoke isi tela godhog karo nyangking ceret isi wedang kopi, sing kulinane kanggo nyawisi para Magersari sing padha rondha jagongan ing empere.

 

"Lha sidane Pake Lasmi mau nang ngendi ta? Kok pas Lik Apan mrene mau jarene ora eneng ki?" karo nyelehne gawane neng meja, Sihmirah takon.

 

"Aku ta?" Kadirin wangsulan "Anu mau bar saka langgar, diceluk Pak Uceng Radi dijak rembugan olehe arep Nglampet neng Dam Dhawuhan suk emben, terus lagi bali iki mau".

 

"O alah, tak kira neng ngendi? wong adadte ki nek lunga ki omong aku dhisik, kok iki mau ora? jebul mung diampirne Pak Uceng ta?" Sihmirah banjur mlebu omah maneh arep nunggoni Lasmi, anake sing sih bayi,  sing turu ijen neng jero kamar.

 

"Ngene lho Na" kandhane Kadirin klesik-klesik sawise sing wedok bali mlebu omah maneh "jenenge Kuwuk ki nek arep nubruk pitik, kuwi nganggo cara, disangkani saka sethithik. Lha sawise dicoba nganggo cara kasar jebul ora kasil, banjur dicakne cara sing alus, api-api mara njaluk ngapura jare wis ngrumangsani lupute lan sapanunggalane, mesthi wae nganggo basa sing alus, sing bisa ngluluhne atine sing diparani, lha nek wis klena, lagi siyunge diisis banjur kurbane disedhot madu sarine nganti sat, nek wis bar ya banjur ditinggal kleyar, nek perlu banjur dibuwang neng pauwuhan utawa dikelekne neng kali ben gak ngambon-amboni. Ngono kuwi sing kulina dilakoni bajingan-bajingan tengik. Lha iki mau sajake Make Hajir lagi arep dibudidaya murih percaya luwih dhisik, nek uwis lagi dienteni klenanane. Ngerti?".

 

Jana manthuk-manthuk karo mesem, ngerti sing dikandhakne juragane ngono kuwi mau.

 

"Bolak-balik ki sing marahi ya Marti dhewe kok........" dumadakan Simuh grenengan ijen, nanging bisa dirungokne kancane jagongan.

 

"Marahi sing kepiye?" Kadirin takon semu gumun.

 

"Marahi nggih niku" wangsulane Simuh karo mesem "sansaya dangu Make Hajir niku sansaya ketok seger, dhasar ayu thik lencir kuning, ora mokal nek akeh sing dadi koming.........".

 

Kabeh sing krungu omongane Simuh banjur padha ngguyu, klebu Kadirin ya melu ngguyu.

 

 

ana candhake.


GEMBILI ING PAGER SATRU (12)

 

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Kamdi sing wis weruh nek Marti wiwit keneng dijak guneman kanthi kepenak tanpa rasa sujana, sansaya ngati-ati anggone ngecakne  panggiringe murih Marti enggal bisa mlebu ing wuwu sing dipasang.  Manut petungane Kamdi, wong wedok nek wis tuwuh rasa welas marang wong lanang kuwi adhakane banjur gampang digiring supaya manut lan nurut sing dikarepake wong lanang, lan saiki Marti wis wiwit duwe rasa mesakne marang dheweke, dadi upama wong adang ngono kari sasumuban maneh wis mateng, nadyanta mangkono nek sing sasumuban kuwi ora pas olehe ngecakne bakal mbuyarake rantaman sing wis mlaku kanthi becik.

 

"Tak kira, aku ya kudu nyuwun pangapura maneh marang slirane lho Dhik" kandhane Kamdi sabanjure marang Marti.

 

"Kok wongsal-wangsul nedhi ngapura niku napa melih ta Mas?" Marti takon.

 

"Iya" wangsulane Kamdi "iki magepokan karo rasa pangrasa, sanadyan Slirane ora krasa, nanging gandheng akiu wis rumangsa luput, aku kudu nyuwun pangapura marang Dhik Marti".

 

"Lepat napa malih niku Mas?"

 

"Ngene ya Dhik" kandhane Kamdi karo panyawange manther marang praupane Marti "jane aku ya ngerti nek wong wis duwe anak bojo kuwi kudune yen nemoni masalah-masalah sing gawe kodhenging ati playune ya marang anak bojone dhewe".

 

"Inggih leres niku Mas" wangsulane Marti "malah nek perlu sampun ngantos tiyang sanes mengertosi masalahipun saderenge sisihane ngertos. Amargi saged nuwuhaken panyenges saking tiyang sanes, jalaran sing limrah tiyang niku nek kancane susah sok dipun paido, boten dipun sukani solusi malah nek perlu dipun obori, mula bojo punika mapanipun nomer setunggal kangge ngrampungaken prakawis ingkang mbok menawi ngodhengaken pikir".

 

"Kuwi bener Dhik" Kandhane Kamdi mbenerne kandhane Marti "nanging, nyatane aku ora bisa. Aja maneh kok nganti ngajak rembugan karo bojo, wong lagi kepethuk utawa weruh bojo wae nek ngene iki ati iki luwih dhisik olehe umub, ya jalaran mumete utek lan petenging ati iki sing dadi tuk utawa sumbere ora liya ya merga saking kelakuwane bojoku dhewe sing wis tumindak sedheng, kanthi sesidheman andum katresnan karo kancaku dhewe. Nanging, aku dhewe ya dadi ora ngerti bareng aku nyritakne wewadi iki marang Slirane, neng ati iki dadi mak plong, neng pikiran dadi bisa rada padhang. Kamangka kudune aku ora oleh nyritakne wewadiku dhewe iki marang slirane, kaningaya temen awakku iki, sanja pisan wae menyang omahe Dhik Marti ora arep andum kasenengan malah nggawa crita sing ngeres-eresi ati. Nanging piye maneh? Jujur ya Dhik, mung marang slirane wewadi iki tak critakne. Mula aku nyuwun pangapura marang Dhik Marti, sing kudune ora melu-melu, malah dadi melu mikir ruweting pikirku".

Krungu ukara-ukara sing diucapne kamdi ngono kuwi, Marti dadi sansaya trenyuh. Rasa mesakake marang wong lanang sing tau disengiti kuwi dadi sansaya gedhe. Pikirane Marti dadi melu nglambrang, nggambarake sepira rekasaning pikire Kamdi, wong lanang sing diremehne dening wong wedok, nanging ora bisa apa-apa awit rumangsa wis kalah sakabehane luwih dhisik. Panemune Marti, nek eneng wong wedok sing wis gelem slingkuh, kuwi drajate luwih asor tinimbang drajate kewan. Wong wedok wis duwe bojo kok isih seneng karo wong lanang liya kuwi luwih dening remeh tinimbang wong wedok sing dadi wadon palanyahan. Ora disadari dumadakan ing atine Marti thukul rasa sengit marang bojone Kamdi sing jarene Kamdi wis tumindak sedheng, slingkuh karo kancane Kamdi dhewe.

 

Sauntara kuwi, Marti sing lakuning pikirane wis katut lan kelu karo sing dicritakne Kamdi, pranyata beda adoh karo lakuing pikirane wong sing lungguh neng emper omahe. Ya iku Kadirin sing wiwit mau tansah ngulati saparipolahe sedulure ipe, wiwit Kamdi teka banjur lungguh neng emper karo ethok-ethok maca majalah, nganti Kamdi mlebu omahe Marti tansah diulatne lan dingon dening Kadirin sing banjur ora sida budhal Maghriban neng langgar, milih lungguh ndhepipis neng empere Marti kanggo nguping apa sing bakal dumadi sawuse Kamdi klakon bisa mlebu omahe Marti.  Bareng Kadirin krungu olehe rembugan antarane Marti lan Kamdi wiwit kawitan nganti pungkasan, tuwuh rasa kuwatir ing atine. Kuwatir yen nganti Marti kapilut karo omongane Kamdi sing pinter gawe crita ngayawara. Pancen wiwitane mung saka rasa mesakne, nanging saka rasa mesakne kuwi adhakane banjur tuwuh rasa tresna, lan yen rasa tresna kuwi diturut mangka bakal nuwuhake kasangsaran sing ora ana enteke. Awit rasa tresna kang mangkono kuwi rasa tresna sing ora tuwuh amarga rasa sing ora sabenere. Luwih-luwih tuwuhe rasa tresna jalaran kena apus krama kang sinungging dening crita kang ngayawara.

 

Nggagas teka kono kuwi, Kadirin banjur duwe tekad kepengin aweh pitulungan marang Marti sing wis akeh labuh labete marang kulawargane. Aja nganti Marti, sanadyan wis dadi randha nanging pranyata isih lugu, kebacut mlebu ing wuwu pasangane Kamdi, sing Kadirin dhewe wis ngerti kaya apa kelakuwane Kamdi sing sabenere, wong lanang sing seneng ngabotohan lan seneng royal mburu seneng karo wong wadon palanyahan. Angen-angene Kadirin ngandhakake, yen nganti olehe rembugan wong loro antarane kamdi karo Marti kuwi ora enggal diendheg, mangka kuwi bisa mbebayani marang Marti. mBok menawa pancen bengi iki Kamdi durung bisa ngisep madu asmaraning Marti, nanging mbuh sesuk mbuh suk emben bisa uga kanthi suka lila Marti bakal masrahake kaswargan sing diduweni diobok-obok dening Kamdi. Lan yen wis kelakon kaya mangkono iku, banjur disusul ramening warta rewange Juragan Kadirin wis ngrusuhi Rumah Tanggane  Kamdi, sedulur tuwane Sihmirah bojone Kadirin.

 

Klawan sangu gagasan kaya mangkono mau, wekasan Kadirin banjur nata atine, ngadeg banjur mlaku nyedhaki lawang omahe Marti sanadyan tutupan nanging ora kancingan.

 

"Kula nuwun....!" Karo uluk salam Kadirin nyurung lawang sing tutupan kuwi saka njaba, ndadekne lawang dadi menga.

 

"Mangga......" ora sranta Marti wangsulan karo namatne sapa sing lagi teka "oh juragane ta? Mangga".

 

Ora semaur apa-apa, Kadirin bablas mapan lungguh neng kursi cedhak karo kursi sing dilungguhi Kamdi.

 

"Lho Sampean ta Kang? Kok teng mriki?" Kadirin nambong nakoni Kamdi.

 

Kamdi sing babar pisan ora ngira nek Kadirin arep teka, dadi salah tingkah, karo suwara groyok, Kamdi banjur wangsulan :

 

"He eh, Dhik. Wong saka omahmu mau aku banjur mampir mrene".

 

"Lha Juragane niki wau ajeng dhawuh napa? kok kadhingaren mriki piyambak boten kengkenan?" genti Marti sing takon marang Kadirin.

 

"Ora ana apa-apa kok" Kadirin kapeksa ora blaka karo Marti "wong aku mau saka nggone Apan, kok pas noleh mrene omahmu isih padhang, mangka padatan isih sore rak wis petengan? tak kira nek ana apa ta apa? bareng tak parani kok aku krungu ana suwara wong lagi jagongan, mula aku banjur mlebu mau, kepengin ngerti sapa dhayohmu, jebulane kok Kang Kamdi wong rumangsaku maghrib mau Kang kamdi ki lagi neng omah kana".

 

"Iya Dhik, iki mau aku rak kepengin nglurusne salah paham sethithik antarane aku karo Make Hajir, wong kanthi ora sengaja aku wis tumindak rada kasar marang Make Hajir, dadi iki mau aku mung arep njaluk ngapura ngiras nglurusne salah paham kuwi supaya ora dadi ndhem-ndheman keling antarane Make Hajir karo aku" Kamdi aweh wangsulan rada dawa marang adhine ipe.

 

"O ngoten ta? nggih empun" Kandhane Kadirin karo manggut-manggtut sajak ngerti karo sing dikandhakne Kamdi, banjur ditutugne nganggo pitakonan "lha lajeng sampean mpun nedhi ngapura teng Make Hajir? Make Hajir mpun nyukani pangapura, salah pahame mpun bar ta?".

 

 

 

ana candhake.


Minggu, 21 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (11)

 

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Kamdi krasa nek Marti wiwit kena dikendhalekne, atine surak nanging lahire digawe sansaya memelas. Dunadakan Marti kelingan, dhek emben pas Juragane neng Rumah Sakit kae, Kamdi nate tumindak sing murang susila marang dheweke, saupama wektu kuwi Hajir karo kanca-kancane ora tumuli teka rame-rame, Marti ora bisa nggambarake apa sing bakal tumiba ing awake. Polatane sing dhelk mau wiwit katon thukul rasa welas lan mesakne, saiki  bali dadi sengit, polatane Marti bali murup lagi ngendhem kanepson. Kaya bisa maca isi atine Marti, Kamdi gageyan nutugne rembuge kanthi suwara sing ngasih-asih ngarep-arep sih kawlasan :

 

"Aku ya arep nyuwun pangapura marang Slirane Dhik Marti" muni ngono kuwi Kamdi karo nyawang praupane Marti "ya merga saka tumindake Ibune bocah-bocah kuwi sing kerep ndadekne aku lali, kepengin males rasa lara ing ati, nganti tumindakku ngawur, kaya dhek emben sing wis wani kurangangajar marang Slirane kae. Sepisan maneh tulung welasana Kamdi sing apes lan ngawur iki, apuranen sakehing luputku marang slirane, tenan aku janji ora arep mbaleni tumindak sing murang susila kaya dhek emben kae".

 

Marti ora gage anggone semaur, Kamdi disawang katon yen memelas banget polatane. Marti nggagas dadi olehe tumindak Kamdi ngana kae ora sabene, nanging kesurung ati bingung, rasa gela, cuwa, anyel lan mangkel dadi siji, temah ndadekne laline. Nek saiki Kamdi wis ngakoni lupute, lan jani ora arep mbaleni tumindak sing nasar ngana kae, apa alane yen dheweke aweh pangapura? Pancen manungsa kuwi papane lali lan luput, wong yen wis eling saka laline lan nggetuni kaluputane, janji arep ora mbaleni, sarta wis gelem njaluk pangapura, pancen wajibe kudu dingapura. Wong Gusti Allah wae bakal maringi pangapura marang titah sing dosane nganti sundhul langit paribasane, yen titah mau gelem nyuwun pangapura. Ya gene Marti sing mung drajate titah sing uga kasinungan lali lan luput ora gelem aweh pangapura?.

 

"Sak jane ya mung arep ngandhakne perkara kuwi lan njaluk pangapura iki aku bola-bali mara mrene Dhik Marti" kandhane Kamdi sabanjure "nanging embuh merga slirane wis sare tenan, apa mung merga slirane wis kebacut sengit lan gila weruh menungsa kebak dosa iki, saben-saben aku mrene lan nyoba nyeluk Dhik Marti, ajeg ora oleh wangsulan. Malah lampu omah kabeh mati, peteng dhedhet kahanane. Mula sore iki mau aku nekad mara, mung beteke kepengin njaluk pangapura marang slirane".

 

Krungu rembuge Kamdi sing alus lan keprungu melas ngono kuwi, Marti sing mau arep kobong atine, malih tuwuh rasa welase. Luwih-luwih nalika Marti nglirik, Kamdi ketok ndhingkluk amarikelu ketara yen banget anggone  nggetuni tumindak sing ora bener sing tau ditibakne marang dheweke.

 

"Kula nggih nyuwun pangapunten Mas" Marti aweh wangsulan suwarane alus "jalaran inggih saking raos jinja, kula lajeng nggadhahi raos ajrih dhateng panjenengan. Mila sanajan kula mireng Mas Kamdi nyeluki kula, nanging kula api-api sampun tilem kepati, jalaran kula ngrumaosi ringkihe awak kula, ingkang boten badhe saged suwala menawi ngadhepi tiyang jaler ingkang gagah prakosa".

 

"Slirane ngono kuwi wis bener lan ora luput Dhik" kandhane Kamdi "merga slirane nindakne laku pangati-ati, lan nyujanani wong sing tau tumindak ala kuwi wis bener, ngedohi lan  gila marang wong nasar kaya aku kuwi ya wis sak pase. Upama slirane ora percaya karo sing tak kandhakne mau, kuwi ya wis sak mesthine. Ora luput, pancen wong kaya aku iki wis ora pantes dipercaya omongane. Aku ya ora arep nesu nek slirane ora ngandel karo kandhaku, aku wis cukup lega slirane gelem ngrungokne kandhaku mau. Lan sing baku aku wis nyuwun pangapura marang slirane, dene diwenehi apa ora kuwi aku ora ngerti, nek dingapura ya sokur dene ora ya uwis aku wis iklas nampa pidana saka Sing Maha Adil".

 

Tembung-tembung sing metu saka Kamdi sansaya keprungu ngasih-asih kebak rasa getun, malah semu ngarah marang rasa "putus asa" . Kuwi sing ndadekne atine Marti tuwuh rasa welas rasa mesakne marang Kamdi, wong lanang sing gagah prakosa, sentosa bebaune, nanging atine lagi ketaman rasa sedhih, pikirane lagi kuwur, temah rumangsa wis kentekan pangarep-arep kanggo bisa urip sing ora disepelekne dening sapepadhaning titah.

 

"Nggih boten kedah makaten anggenipun Mas Kamdi nampi" wusana alon nanging cetha Marti wiwit omong nanggapi critane Kamdi "sedaya tiyang niku mesthi nate tumindak lepat. Lan sak sae-saenipun tiyang ingkang tumindak lepat niku ingkang purun ngakeni kalepatanipun saha purun nedhi pangapura loan janji boten ajeng mbaleni tumindakipun ingkang lepat kala wau.  Mula saenipun Mas Kamdi sampun kesangeten anggenipun rumaos lepat, kula iklas lahir batin sampun ngapura sedaya tumindakipun Mas Kamdi dhateng kula".

 

Krungu wangsulane Marti sing ngono kuwi, ora sranta Kamdi ngadeg banjur nyedhaki Marti, tangane Marti dicandhak disalami karo diambungi kaya patrape bocah cilik sing ngambungi tangane wong tuwane ngana kae. Karo luh sing drodosan metu saka mripat Kamdi bola-bali ngaturake panuwune. Tata gelar Kamdi njaluk ngapura, nanging sejatine Kamdi wis kepengin bisa nyekel tangane Marti sing drijine mucuk tanjung kuwi, mripate ndrdodos ngetokne eluh, lambene ndremimil ngaturne panuwun, nanging  atine surak ambata rubuh, rumangsa nek cara sing dicakne bakal antuk gawe.

 

Marti sing wis kebacut percaya, babar pisan ora weruh apa sing ana jero atine Kamdi, gageyan olehe kandha :

 

"Sampun Mas, mangga lenggah malih mrika, saestu kula sampun pitados dhateng Panjenengan".

 

"Iya Dhik, matur nuwun banget" Kamdi wangsulan karo bali lungguh neng kursi, dudu kursi sing dhek mau dilungguhi, nanging Kamdi milih lungguh neng kursi sing luwih cedhak karo kursi sing dilungguhi Marti  "nanging aku kudu jujur, ora bisa nyelaki suwara batinku dhewe".

 

"Suwanten batin napa malih Mas niku?" Marti takon ora mudheng karo sing dikarepne Kamdi.

 

"Sasuwene aku urip neng donya, lagi iki aku kepethuk wong wadon sing sempurna tanpa cacad lahir lan batine" wangsulane Kamdi  karo nyawang praupane Marti.

 

"Tiyang ingkang sampurna niku boten wonten Mas" wangsulane Marti sing rumangsa seneng merga ngerti nek dialembana dening Kamdi "saben tiyang niku gadhah kasaenan inggih gadhah kekirangan".

 

"Kuwi bener Dhik" Kamdi nindhihi rembug "nanging slirane iki salah sijining wong wadon sing pilihan tenan, kasetyane Dhik Mardi marang  Pak-e Hajir ora luntur babar pisan sanadyan wis sauntara tahun ditinggal seda, ora gampang kepilut karo wong lanang sing nyoba nyedhaki Slirane kepengin ngajak mbangun rumah tangga anyar, kabar nek Dhik Marti kuwi jane akeh sing ngarepake gelema dadi bojone, nanging Dhik Marti kukuh wangsulan yen durung bisa nglalekne sawargi Pake Hajir. Kuwi sing sansaya marakne aku mundhak kagum marang Dhik Marti, mendah iba senenge sawargi neng kanane bisa duwe sisihan sing kasetyane kaya Dhik Marti iki".

 

"Ah, Mas Kamdi niku kok nggih saged mawon lho" Marti wangsulan karo mesem "kula niki jane ngoten nggih boten ngoten niku Mas, upami wonten tiyang jaler ingkang ngajengi kula gek ndelalah nocogi kalih manah kula, kula inggih badhe purun emah-emah malih. Wong rumiyin saderenge ngajal, Pake Hajir nggih sampun ninggal weling, menawi salah satunggal saking kula ngrumiyini ngajal, mangka ingkang kantun dipun prayogekaken emah-emah malih, namung kedah ngatos-atos sampun ngatos klentu ing pamilihipun".

 

Ora krasa, wong loro kuwi wiwit bisa jagongan kanthi kepenak tanpa rasa sujana apa-apa. Pancen wektune isih sore, wong loro seje jinis sing lagi jagongan kuwi dianggep lumrah wae. Kamdi dadi sansaya seneng, olehe masang wuwu wis arep ketok ana asile. Marti randha anak siji kuwi sansaya suwe disawang sansaya ketok ayune.

 

 

ana candhake.


GEMBILI ING PAGER SATRU (10)

 

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Kamdi wis nemu cara kanggo nelukne Marti, isih durung surup srengenge Kamdi wis teka neng omahe Kadirin, macak bagus kaya wong arep budhal kondangan. Ora mlebu lan lungguh neng kursi njero omah, nanging Kamdi milih lungguh neng emper ngarep karo maca Majalah. Olehe mangkono mau jane ngono, Kamdi duwe karep arep  sawayah-wayah Marti bali saka omahe Juragane arep ditutne, dadi ora ana kalodhangan tumrap Marti kanggo nutup lawang omahe kanggo dheweke, lha mengko nek wis bisa mlebu omahe Marti, bakal luwih gampang olehe arep nelukne atine Randha anak siji nanging isih katon mencorong prabane kuwi.

 

Rancangane Kamdi pancen nyata, bubar maghrib Marti pamitan arep mulih, sawise kabeh gaweyan neng omahe juragane dirampungne. Marti ora ngerti nek saparipolahe wis diawasi dening Kamdi sing ethok-ethok maca majalah neng emper omahe juragane. Merga Marti ora ngerti, olehe mlaku mulih ya ora beda karo padatan. Ora tolah-toleh, butuhe mlaku ngener menyang omahe lan sing dipikir nek wis tekan omah ya arep enggal leren. Kamdi sing ngerti nek Marti ora weruh yen lagi diengon saparipolahe, mesem sajroning atine. Pikirane wis ndhisiki, yen sedhela maneh olehe wis suwe ngampet rasa marang Randha ayu lencir kuning sing rambute dawa ngandhan-andhan kuwi bakal bisa diwujudne. Weruh nek Marti wis mlaku mulih, Kamdi banjur lon-lonan ngetutne kanthi meneng-menengan, atine Kamdi dadi sansaya seneng merga weruh yen Marti temen-temen ora ngerti nek ana sing mlaku neng mburine. Olehe ora ngerti Marti kuwi padha karo olehe ora ngerti Kamdi nek satemene wiwit dheweke lungguh neng empere omahe Kadirin mau ana sapasang mripat sing kanthi sesidheman tansah ngulatne saparipolahe.

 

Kaya padatan, tekan omah Marti ya banjur nguripne lampu. Karo nguripne lampu omahe Marti mesem dhewe, uripe lampu kuwi ora suwe, merga kanggo njagani sing ora-ora, ajeg saben bar ngisak cengkling lampu-lampu neng jero omah kuwi mesthi banjur dipateni kabeh, bareng karo dikacinge lawange. Rampung nguripne lampu, Marti banjur mlebu kamare arep salin klambi, ganti arep nganggo dhaster sing longgar kaya lumrahe nganggo sandhangan nek wektu ana omah. Ya pas Marti mlebu kamare kuwi Kamdi mlebu, lawange omah sing maune menga alon-alon banjur ditutup, mripate Kamdi milang-miling nggoleke kancing lawang, nanging ora  ketemu, wasana lawang omah kuwi cukup ditutup rapet nanging ora dikancing. Pikire Kamdi sanajan ora dikancing ya ora apa-apa wong olehe mlebu omah kuwi mau ora ana sing weruh wae, dadi ya aman.

 

Bubar salin dhaster, Marti metu saka kamar arep nguripne Televisi Hitam Putih lungsuran saka nggone juragane. Nanging sepira kagete Marti lagi wae dheweke mbiyak slambu kamar sing ora ana lawange kuwi, neng ngarepe Kamdi wis ngenteni. Drijine penudinge tangan kiwa ditemplekne neng lambe aweh sasmita supaya marti ora nyuwara, tangane tengen dilebokne menyang sak clanane. Marti ndhredheg wel-welan, nanging pikirane isih bisa mlaku kanthi becik. Ngerti nek Kamdi ngongkon supaya dheweke meneng, Marti banjur omong nganggo suwara alon, rasa wedine disingadake.

 

"Ajeng napa Mas? Mangga pinarak teng kursi mrika lho" kandhane Marti karo nudingi kursi sing padatan dienggo lungguh nek ana wong sing mara nyang omahe.

Kamdi mesem, nggagas nek Marti bisa dijak rembugan, bisa digendhing murih nuruti apa sing dadi karepe.

 

"Kaget ta Dhik?" Kamdi takon karo mesem "pancen tak jarak kok, aku seneng wong ayu ki nek kaget dadi sansaya ayu wae. Ora, aku mung kepengin dolan neng omahmu kene kok, ora arep ngapa-apa".

 

"Nggih, mangga lenggah teng kursi mrika" wangsulane Marti ditatag-tatagne.

 

Kamdi ngalih banjur lungguh neng kursi sing ditudingi Marti, pikirane wiwit ngandhani atine supaya ora grusa-grusu nggone arep ngajak seneng Marti.

 

"Ya aku nyuwun pangapura, nek olehku mara dolan mrene ora ing wektune wong sanja" kandhane kamdi sawise mapan lungguh lan Marti uga wis lungguh ing waliking meja.

 

Marti ora semaur, mung meneng wae gagasane Marti lagi nggoleki piye carane supaya wong lanang sing isih sedulure juragane wedok kuwi enggal-enggal lunga saka omahe.

 

"Merga, golek wektu sing pas kuwi pancen rada angel" kandhane Kamdi maneh sawise Marti mung meneng wae "arep mara mrene awan-awan kuwi, slirane ajeg nek ora ana omah repot ngurusi gaweyan, arep mrene rada wengi sithik, Dhik Marti wis sare, mula aku ya nyuwun ngapura nek olehku mrene ing wektu kaya saiki iki".

 

Suwe Marti ora semaur, pikirane durung nemokne dalan piye carane nundhung Kamdi saka omahe.  Nanging Kamdi ya ora ndheseg njaluk diwangsuli, malah banjur ngetokne rokok saka sak klambine, nyeler sak ler banjur disumet, disedhot pegane, karo nyawang praupane Marti sing saka rumangsane Kamdi mundhak sansaya ayu timbang padatane. Saka praupan panyawange Kamdi mudhun sethithik, nganggo dhaster ngono kuwi Marti dadi luwih mencutake maneh, pikirane Kamdi sansaya adoh nggambarake kaendahan-kaendahan sing sampurna sing mung diduweni dening Randhane Taslim kuwi.

 

"Jane Mas Kamdi mriki niku ajeng gadhah kersa napa ta?" disawang karo mripat sing rumangsane Marti nggegirisi kuwi, Marti sansaya mundhak risi, gandheng durung nemu cara sing dikarepne, Marti banjur takon ngono wae.

 

Kamdi ngguyu lirih.

 

"Dhik Marti aja salah tampa banjur duwe pangira nek aku arep neka-neka marang Dhik Marti"  kandhane Kamdi.

 

"Lha enggih panjenengan mriki niku ajeng napa?" pitakone Marti keprungu pedhes.

 

"Repot olehku arep miwiti omong Dhik" kamdi wangsulan nadhane keprungu sedhih, eseme wiwit ilang, malah banjur nyedhot ambegan rada landhung "atiku lagi susah, pikiranku lagi kuwur, batinku krasa peteng.......".

Bubar muni ngono kuwi, Kamdi banjur pasang ulat murung, kaya wong sing lagi bingung . Marti gumun karo sikep sing dituduhne Kamdi ngono kuwi, nanging atine Marti luwih cepet olehe ngandhani nalare supaya ora ninggalake kaprayitnaning batin.

 

"Lha nek nembe susah kok malah mara mriki ta Mas?" Marti nanggapi gunemane Kamdi, suwarane wiwit ora galak maneh "kudune rak nggih damel rembagan kalih mBakyu, kersane saged wangsul padhang malih".

 

Kamdi gumuyu lirih, nanging guyune nuduhne nek guyu sing pait.

 

"Lha wong sing marahi petenging atiku kuwi mBakyumu, kok slirane ngongkon aku ngajak rembugan dheweke?" kandhane Kamdi sabanjure "Ibune bocah-bocah ki wis gawe laraning atiku, lara sing wis ora bisa ditambani maneh, kuwi sing ndadekne aku bingung, kudu piye?".

 

"Kok saged ngaten?" Marti wiwit kepengin ngerti karo sing dikandhakne Kamdi. Kamdi sing rumangsa nek Marti wis mlebu ing pasangane, mesem sajroning batin, ulate digawe sansaya peteng, karepe murih Marti luwih gelem migatekne marang sing arep dikandhakne.

 

"Ibune bocah-bocah kuwi wis slingkuh karo kancaku dhewe" kandhane Kamdi karo ngusapi mripate dhewe "aku pancen kalah sakabehane karo slingkuhane bojoku kuwi, dheweke luwih nom, luwih sugih, luwih bagus, isih jaka pisan, aku wis ora bisa apa-apa nek ngene iki".

 

Saka mripate Kamdi ketok ana luh sing wiwit mili, Kamdi bener-bener ketok nek lagi susah lan sedhih. Pancen Kamdi wasis nek mung arep main sandiwara ngono kuwi, wong dhasare Kamdi biyen ya tau melu melok gladhen Kethoprak neng desane. Marti wiwit suda sujanane marang tamu sing maune dikuwatirake tekane kuwi.

 

 

ana candhake.


GEMBILI ING PAGER SATRU (09)

 

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Kadirin sing nampa wadulan saka Marti dai rada bingung olehe arep nanggapi. Kadirin luwih percaya yen apa sing diwadulake Marti kuwi akeh benere, merga Kadirin wis apal karo teku lan kelakuwane Kamdi sedulure Ipe kuwi. Nanging Kadirin ya ngerti nek bojone kuwi tansah aweh pambela marang kakangane, ora tau gelem percaya yen ana wong crita bab mrusal lan ora genahe si Kamdi. Ana kedadean apa wae, Kamdi mesthi bener, ora ana lupute, ngono kuwi pangangepe Sihmirah marang sedulure lanang. Mula Kadirin nggagas, nek nganti dheweke meneng wae ing perkara sing diwadulake Marti iki, tan wurunga bakal klakon Marti dadi kurbane Kamdi. Nanging yen dheweke tumindak kamangka kuwi ora ana bukti sing cetha wela-wela sing ora kena dibantah, mangka bakal nuwuhake pasulayan antarane dheweke kari Sihmirah, bojone, munggahe tekan mara tuwane barang.

 

"Ngene wae Make Hajir" wusana Kamdi mangsuli wadulene Marti "kanggo sauntara kowe sing sabar, sing penting nek kowe panggah duwe sikep kaya saiki, arepa kaya ngapa polahe Kang Kamdi ora bakal bisa njebol pertahananmu. Nek kowe neng omah, ya tetep tutupen sing rapet lawange omahmu, aja pisan-pisan mbok olehi wong kuwi mlebu. Nek kowe ana omah kene, usahakna aja nganti kijenan. Lha aku tak mikir piye carane murih Kang Kamdi bisa ngendheg nggone arep tumindak ora genah marang awakmu".

 

"Nggih Gan, matur nuwun" wangsulane Marti.

 

Dinane Kemis Kliwon, embuh apa sing dadi sababe, wiwit esuk wewayangane Taslim tansah kumanthil-kanthil neng mripate Marti. Marti ya kelingan nek dina kuwi, dina geblage sing lanang.  Saking ora kuwat ngempet rasa kangen marang sing lanang sing wis entek slametane kuwi, Marti banjur kandha marang Sihmirah nek arep ngajak Hajir niliki kuburane Taslim. Sihmirah iya wis ngolehi lan meling supaya ngati-ati, aja nganti Marti njaluk-njaluk marang kuburan sing ora duwe daya kekuwatan apa-apa. Sorene kira-kira jam papat, Marti sida budhal nyekar menyang kuburane Taslim karo ngajak anake lanang. Sak jane ngono Marti ki ya ora klebu kerep nyekar ngono kuwi, setaun durung karuwan pisan dheweke ngendhangi kuburane bojone. Iki mau olehe nyekar, ya merga anane rasa kangen sing angel disuyuti wae, banjur rasa kangen kuwi arep disuntak ing pusarane wong sing dikangeni.

 

Wis dadi padatan kuburan kono kuwi nek dina Kemis sore akeh wong-wong sing padha ziarah kubur, dadi nek dina Kemis ngono kuwi kuburan ora tau sepi. Kaya sore kuwi, pas Marti tekan kono, neng regol wis akeh kendaraan sing diparkir, mratandhani nek sing nyekar neng kuburan akeh. Ana pit montor, lan uga ana mbil barang. Marti nyopot sandhale dhewe karo sandhale anake lanang uga dicopot, banjur dititipne neng regol kono.

 

"Arep nyekar ki pa kudu nyopot sandhal ta Mak?"  Hajir sing durung ngerti karepe apa kok ndadak nyopot sandhal kuwi takon menyang make.

 

"Dhawuhe mBah Kyai kae, becike wong mlebu kuburan ki ngajeni karo sing dikubur neng kuburan, kanthi nyopot sandhale Le" wangsulane Marti "wis ayo ndang mara nyang kuburane Pakmu".

 

Bocah kelas siji SD kuwi ora semaur banjur ngetutne Make sing jare arep nuduhi ing ngendi Bapakne sing asli disarekne.

 

Tekan cedhak kuburane Taslim, Marti rada kaget, kira-kira kacek sajangkah ing wetane pusarane Taslim ana wong sing uga lagi nyekar ing sawijining pusara sing lagi dingerteni dening Marti sore kuwi. Nanging Marti ya ethok-ethok ora nggatekne wong lanang sing lagi lungguh ndonga ing cedhak pusara kuwi. Malah Marti banjur mapan lungguh ing cedhak maesane sing lanang banjur ngandhani anake :

 

"Ya neng kene iki Pakmu disarekne Le, wis kono ndang ndonga menyang Gusti Allah nyuwunke pangapura marang bapakmu".

 

"He eh, ora nyuwun apa ta apa nyang Bapak Mak?" Hajir takon.

 

"Ora, ora becik ngono kuwi" wangsulane Marti ngiras ngandhani anake "neng kana kuwi Bapakmu wis ora bisa apa-apa, sing diarep-arep kari dongane anake. Wis gek ndang ddidongakne".

 

Ora wangsulan Hajir banjur ngangkat tangane karo lambene umak-umik maca donga. Marti dhewe kajaba ndonga ya banjur ngeling-eling kabeh weling sing tau dikandhakne marang dheweke nalika Taslim isih urip biyen. Meh wae arep kawetu marang kuburane sing lanang kuwi perkara tumindake Kamdi sing wis ngganggu katentremaning uripe. Nanging ora sida, Marti kelingan nek wadul marang wong sing wis ora ana kuwi ora ana gunane.

 

Kira-kira limang menit Marti karo Hajir neng kuburane Taslim, banjur arep bali. Pas Marti ngadeg, mbarengi karo ngadege wong sing nyekar neg pusara sawetane pusarane Taslim kuwi.

 

"Ziarah sinten Bu?" wong kuwi takon karo mesem sajak kurmat marang Marti.

 

"Anu, Bapakipun si Thole" wangsulane Marti uga karo kurmat.

 

"Oo, keng raka ta?" wong mau takon maneh "sampun dangu nggih? Gajege, pas rayat kula disarekne nika pasareyanipun keng raka punika sampun wonten?".

 

"Inggih Pak" Marti wangsulan "antawis sampun meh sekawan tahun. Menawi Ibuk punapa sampun dangu?".

 

"Oo nek ngoten nggih radi dangu kaotipun kalih rayat kula niki" wangsulane wong kuwi "tiyang sewunipun rayat kula niki nembe wulan ngajeng punika kok".

 

"Inggih Pak" Marti nanggapi "tiyang bapakipun thole punika sewunipun sampun setahun kapengker kok".

 

"Dalemipun pundi ta Bu? Ibu ngagem asma sinten?" wong kuwi takon maneh.

 

"Kula namung, kidul mriku niku kok Pak., nami kula Marti nek tiyang-tiyang mriki ngarani nggih Make Hajir ngaten. Lha Bapak dalemipun?" Marti genti takon.

 

"Griya kula tebih kok Bu" wong kuwi wangsulan "kula saking Oro-Oro Ombo Madiun, nami kula Pak Harun. Nek rayat kula niki riyin asline kilen peken mriku, ning keluwargane sak niki nggih empun telas sedaya".

 

"Inggih, mangga Pak" Marti wangsulan ngiras pamitan.

 

"Inggih mangga-mangga, kula nggih ajeng terus wangsul kok niki" wong kuwi wangsulan sing uga banjur mlaku rada adoh njejeri lakune Marti.

 

Tekan regol Marti lagi ngerti nek Mobil biru sing diparkir neng cedhak regol kuwi mobile Pak Harun. Nanging Marti ya wis ora migatekne maneh, merga lakune banjur ungkur-ungkuran. Pak Harun mengulon nek Marti mangetan.

 

Karo mlaku mulih Hajir takon menyang Make :

 

"Kae mau sapa Mak? wonge karo Make kok basa ki?".

 

"Pak Harun wong Madiun" wangsulane Marti.

 

"Pak Harun mau ya nyekar ya Mak? padha ambek Make, ora nggawa kembang".

 

"Iya" Marti mangsuli "nyekar Bu Harun sing olehe seda sawise Bapakmu seda".

 

"Waa, Bapak neng kana dadi duwe kanca ya Mak?"

 

"Lha kok ngono?"

 

"Lha Bu Harun kuwi? kuburane rak sandhinge kuburane Pak-e? neng kana dadi kancane Pak-e. Lha Pak Harun saiki ya dadi kancane Mak-e, iya ta Mak?".

 

"Ya ora, wong Pak Harun ki daleme adoh, neng Madiun kana" wangsulane Marti karo mesem.

 

"Iya dhing" Hajir nyauti rembug "kanca, ning kanca sing omahe adoh".

 

"Iya" wangsulane Marti karo mesem. Ngesemi cara mikire anake lanang sing isih polos lan prasaja banget. Pikirane bocah sing isih suci durung kecampuran apa-apa.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...