Total Tayangan Halaman

Minggu, 28 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (23)

 

– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –

Wong telu sing ngulati anggone Marti tetangisan ing dhuwur pusarane sing lanang kuwi, kajaba rumangsa welas uga rada gumun. Wong telu kuwi padha ngira nek wong sing nangis tanpa nyuwara banter kuwi lagi saka lelungan utawa malah lagi arep budhal lelungan. Ketitik saka barang-barang sing ana sacedhake. Mesthi wae wong telu kuwi padha olehe ora ngerti sing njalari Marti nangis kelara-lara sing saking ketungkule anggtone nangis nganti ora migatekne kiwa tengene kuwi.  Nanging sajake wong telu kuwi pancen duwe niyat ngenteni ana sacedhake Marti. Ngenteni menenge Marti saka anggone nangis.

Ora rugi olehe wong telu kuwi ngenteni, Marti wis rada lega olehe ngesok rasa ngondhok-ondhok sing mau ngebaki pulung atine. Marti tumuli ngusapi luh saka praupane banjur noleh marang panggonane Hajir sing uga lagi linggih karo ndhingkluk melu ngrasakne sedhih ing atine. Merga sanajan isih bocah kelas siji SD nanging Hajir ya ngerti nek wiwit dina iki dheweke karo Make wis ora oleh manggon neng omahe maneh.  Hajir krasa nek ditoleh dening Make, banjur ndengengekne sirahe males nyawang marang wong tuwane, karo takon sedih :

“Lha iki mengko awake dhewe banjur menyang ngendi Mak?”

Ditakoni anake lanang ngono kuwi, mripate Marti sing mau wis asat bali ngetokne luh maneh, karo nggedhegne sirahe Marti wangsulan :

“Make durung ngerti Le, saiki leren neng kene dhisik wae, mengko nek Make wis nemokne ngendi sing arep diparani lagi awake dhewe mlaku mara mrana”.

Hajir ora wangsulan, mung manthuk banjur bali ndhingkluk nyawang lemah maneh. Bocah cilik kuwi melu nggagas, pikirane milang-miling mbok menawa bisa nemokne papan sing arep diparani sawise lunga saka omah merga ditundhung Juragan sing tau dadi Ibu angkate kuwi.

“Assalamu’alaikum, nuwun sewu Bu Taslim” dumadakan salah siji saka wong telu sing mau tansah ngulati Marti lan Hajir kuwi nyedhak karo uluk salam banjur nyebut jenenge Marti kanthi sebutan Bu Taslim. Marti sing ora weruh sadurunge, rada njomblak, banjur ndengengek nyawang sing sapa aruh marang dheweke. Rada sauntara Marti nguwasi wong kuwi, nganti durung kober mangsuli.

“Kesupen napa pangling kalih kula ta Bu?” wong kuwi takon maneh karo mesem ramah.

“Pak Harun nggih ?” Marti wangsulan karo meksa lambene kanggo mesem “badhe ziarah keng Rayi ? Mangga……..”.

“Matur nuwun Bu” wong kuwi wangsulan “sampun kok, wau sampun ziarah. Sajake Bu Taslim boten pirsa, awit pas kula ziarah wau panjenengan nembe khusuk anggenipun ndongakne ke Raka”.

“Dheg!!!” Marti kaget, dheweke pancen ora weruh lan mau niyat ora nggatekne kiwa tengene. Atine sing lagi peteng, wis ndadekne panyawange uga peteng, nganti ora weruh yen Pak Harun mau wis ziarah neng kuburan ora adoh ing sisihe kuburane Taslim. Nek ngono, Pak Harun mesthi ngerti lan weruh olehe wis nangis kelara-lara, tujune mau Marti ora ngucapake apa-apa, kajaba mung nangis thok.

“Nyuwun pangapunten lho Pak” Marti karo rada rikuh banjur njaluk ngapura marang Pak Harun “kula boten sadar menawi Pak Harun wonten sandhing kula”.

“Boten napa-napa Bu” wangsulane Pak Harun sareh lan sabar “namung kula radi nggumun, ketingal sanget menawi Bu Taslim nembe sungkawa ing salebeting penggalih. Tiyang rancangan kula kala wau menawi boten panggih Bu Taslim, kula kaliyan sedherek kula, tiyang kalih nika, badhe dolan sowan teng daleme Bu Taslim”.

Marti sansaya gumun, krungu wangsulane Pak Harun sing nyleneh lan keprungu aneh kuwi.

“Pak Harun badhe tindak teng griya kula?” Marti takon karo nuduhne rasa gumune.

“Angkahipun makaten” wangsulane Pak Harun karo mesem “nanging kok ketingalipun Bu Taslim badhe tindakan, punapa malah sampun kundur saking tindakan?”.

Marti ora bisa mangsuli pitakone Pak Harun sing jane ya mung pitakon lumrah kuwi. Nanging  Marti rak pancen durung ngerti nek arep lunga menyang ngendi ? Malah mau wis mikir arep leren neng kuburan kono wae dhisik, nek pancen ora bisa nemokne papan sing arep dituju, ya kapeksa arep leren lan manggon neng kuburan kono wae, nek butuh ngiyub bisa ngiyub neng ngisor cungkup sing ora ana lawange sing akeh sumebar neng kuburan kono. Nganti suwi Marti ora bisa mangsuli pitakon kuwi.

“Nyuwun pangapunten lho Bu, menawi pitakenan kula boten kepranan ing penggalih, sepisan malih kula nyuwun pangapunten” Pak Harun kandha maneh, njaluk ngapura merga wis takon marang Marti bab olehe lelungan.

“Boten Pak” Marti wangsulan suwarane kedher merga ora krasa luh wiwit mili maneh saka pojoking mripate “Bapak boten lepat, namung kula ingkang bingung kados pundi anggen kula badhe atur wangsulan, amargi kula piyambak inggih dereng mangertos badhe dhateng pundi. Nyuwun pangapunten Bapak, kula nembe bingung”.

Weruh nek sing diajak omongan wiwit arep nangis, Pak Harun banjur nyedhak karo kandha :

“Sampun, sampun Bu boten sah bingung, mangga lenggah rumiyin kemawon, dipun tata penggalihipun supados bingungipun ical rumiyin” karo muni ngono kuwi Pak Harun banjur mapan lungguh ing sisihe Hajir sing mung meneng ora obah lan ora kumecap kajaba nyawang Make kanthi mripat kang katon memelas.

Ngerti Pak Harun lungguh Marti uga banjur bali lungguh maneh, tangane repot olehe nyeka luh sing ora mandheg-mandheg metu saka mripate. Pak Harun ngawe kanca-kancane supaya padha nyedhak. Wong loro kancane Harun kuwi ya banjur mara lan mapan lungguh neng sandhinge.

“Nyuwun pangapunten Bu, tepangaken rumiyin , tiyang kalih niki adhik-adhik kula, pasipun rayine semah kula kaliyan garwanipun. Dhik Haryadi kaliyan Dhik Astuti” kandhane Harun sawise kancane mapan lungguh.

Marti ndengengek, banjur tangane ngajak salaman wong loro kuwi karo semaur :

“Inggih Kula Marti rayate Kang Taslim sawargi, niki anak kula namine Hajir”.

“Matur nuwun Bu Marti, kula Haryadi lan niki semah kula Astuti, rumiyin kula nate manggen dhateng Kilen Peken Kedunggalar, kula niki adhine mBak Darni semahipun Mas Harun, kula yogane sawargi Pak Marta Parasi kilen peken Dunggalar”.

“O, Pak Marta Parasi kakunge mBah Sadinah, ingkang pekaranganipun samangke dados Bank BRI Unit nika?” Marti nggenahne.

“Leres Bu, pancen sakniki pekarangan nika mpun disade, lha yogane Pak Marta nggih kantun kula piyambak, sak niki teng Klegen Madiun” Ipene Harun kuwi mbenerne kandhane Marti.

“Nuwun sewu Bu Taslim” genti Harun sing omong karo suwara alon sajak ngati-ati banget “estunipun wiwit wau kula kaliyan adhik-adhik kula sumerep lan mireng punapa ingkang dipun ngendikakne Bu Taslim kaliyan keng putra. Kula kinten Bu Taslim wekdal punika nembe nandhang sungkawa awit manggalihaken prakawis ingkang sakalangkung awrat. Punapa inggih leres makaten Bu?”.

“Leres pangandika panjenengan Bapak, mila saestu wekdal punika manah kula nembe sedhih, susah, bingung dados setunggal, saupamia pejah nglalu punika boten kalebet dosa makaten, kula kinten kula langkung remen menawi pejah kemawon tinimbang gesang ingkang kados makaten awratipun, Bapak” Marti wangsulan blaka marang Harun.

“Inggih, inggih Bu Taslim” Astuti adhine Ipe harun melu omong “Bu Taslim saged makaten punika rak wonten sababipun ta Bu? menawi wonten sarjuning penggalih, mbok tulung Bu Taslim paring dhawuh dhateng kula kaliyan Mas Harun prakawis ingkang murugaken Bu Taslim sekel punika, mbok menawi kula utawi Mas Harun saged atur pambiyantu ngirangi sungkawaning manah”.

“Inggih Bu” Marti wangsulan karo nyawang praupane Astuti, wong sing rumangsane Marti wong ayu sing nggadhuh praupan sabar kuwi.

ana candhake.

GEMBILI ING PAGER SATRU (22)

 

– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –

Kaya disamber bledheg ing wayah esuk rasane atine Marti, ora ana udan ora ana angin dumadakan oleh suwara wujud panundhung saka juragane sing sasuwene iki ora tau barang sakecap ngunekne tembung sing ora kepenak marang dheweke. Kaya ora percaya karo pangrungune, mripate Marti genti genten ngingeti praupane Juragane wedok lan Jurgane lanang. Nanging sing disawang panggah ora obah ora musik kaya tugu watu sing mung bisa meneng.

“Nuwun sewu Gan, punapa nggih lepat kula? kok dumadakan kula nampi duka ingkang kados makaten ? mBok kula disukani sumerep murih kula saged ndandani utawi nebus lepat ingkang dereng kula ngertosi niki?” sawise juragane disawang mung meneng wae, Marti manek-manekne atine takon marang juragane.

“Aku dhewe bares wae ya ora ngerti Make Hajir” sawuse rada sauntara Sihmirah sing ditunggu-tunggu wangsulane panggah ora semaur, Kadirin sing guneman “kowe duwe luput apa marang Ibune Las, kok nganti Ibune Las duwe uni sing kaya ngono kuwi”.

Kadirin banjur genti noleh sisihane karo takon :

“Jane ana perkara apa ta Bu? rak ya kudune olehmu nesu ora nganti kaya ngene iki? ana rembug bisa dirembug, lha nek ujug-ujug Make Hajir mbok kon lunga saka kene ki banjur mbok kon manggon neng ngendi?”

“Aku iki ora nesu Pakmu” Sihmirah wangsulan, suwarane lumrah wae “aku iki mung nindakne apa sing kudune tak tindakne. Wiwit dina iki aku ora bisa maneh urip sesandhingan karo Make Hajir sak anake pisan. Ora perlu Panjenengan takon apa lupute, mengko nek wis Make Hajir saanake lunga saka kene, panjenengan bakal ngerti dhewe nek sing tak tindakne iki wis bener”

“Lha banjur Make Hajir arep mbok kon manggon neng ngendi? Jeneh neng kene iki Make Hajir ora duwe sanak ora duwe kadang ?” Kadirin takon maneh.

“Sing arep butuh panggonan kuwi dudu aku Pakmu, ya aja takon nyang aku” wangsulane Sihmirah “butuhku aku wis emoh nek Make Hajir manggon neng pekarangan kene, ora mung kuwi aku ora gelem nek Make Hajir manggon neng lemah sing ana gandheng cenenge karo aku”.

“Nganti samono olehmu wis mentala marang Make Hajir sing wis akeh labuh labete marang kulawargane dhewe?” Kadirin melehne sisihane.

“Aku iki wis duwe koma-koma Pakmu” Sihmirah nyelaki pandakwane sing lanang “aku ngongkon lunga kuwi ya nganggo wragad, blanjane Make Hajir kanggo sasi iki, sanajan lagi dinyangi pirang dina iki wis tak etung sesasi, banjur kabeh barang sing wis tak dhakokne Hajir ya tak kon nggawa kabeh, klebu ali-ali sak gram olehku nukokne bareng karo leh nukokne suweng Las wingenane kae, banjur omah sing mung kaya kandhang truwelu kae ya wis tak bayari karo dhuwit sing sak mono mau. Kok panjenengan ngarani aku wis mentala ki aku terus kon piye? Nek Panjenengan milih luwih abot marang Make Hajir aku ya ora apa-apa kok Pakmu, aku tak balik nyang omahe wong tuwaku dhewe wae, timbang neng kene tiwas ngendhegne umurku”.

Krungu tembunge Sihmirah sing keri dhewe ngono kuwi, Kadirin banjur meneng. Arepa kaya dheweke ora bakal bisa pisah karo anak bojone. Lan Kadirin pancen ya wis apal karo watak wantune Sihmirah, nek wis ngono kuwi ora bisa dieluk maneh. Mula Kadirin ya banjur ora bisa wangsulan.

Marti sing najan drajate mung rewang nanging bareng krungu rembuge Sihmirah sing kaya ngono kuwi, uga banjur thukul rasa kaprawirane, jiwane brontak, ora gelem terus-terusan diremehne dening Sihmirah. Mula kanthi tatag uga banjur guneman alon, nanging teges :

“Ampun ngoten Gan, eman sanget nek Juragane kudu pisah mung gara-gara kula tiyang sing boten mbejaji niki. Kula mawon tak sing kesah saking mriki. Boten langkung kula matur nuwun awit sedaya kasaenan sampean dhateng kula lan anak kula Hajir lan sedaya lepat kula mugi disukani ngapura”.

Bubar muni ngono kuwi tanpa ngenteni wangsulan saka Juragane Marti banjur nyandhak tangane Hajir sing wiwit mau mung lungggguh meneng ing sisihe Bapake angkat, Hajir digandheng diajak ngalih saka kono. Mampir omah ngringkesi barang-barange sing isih rada ana ajine, ora nganti sak jam wis rampung. Marti sing bingung arep lunga menyang ngendi kuwi, dumadakan kelingan marang Taslim bojone sing wis entek slametane.

“Ayo Le, ngendhangi kuburane Pakmu dhisik wae” kandhane Marti marang Hajir, anake. Hajir sing ora ngerti larah-larahe Ibune pupon nganti nesu lan nundhung dheweke karo Make kuwi mung bisa manut marang Make. Karo nggawa barang-barang sing wis diringkesi neng pethukan glempo, Marti ngajak anake lanang menyang kuburane Taslim.

Tekan kuburane Taslim, Marti wis ora bisa maneh mbendung rasa sing wiwit mau ngondhok-ondhok ing jero atine. Tangise disuntak menyang pusarane sing lanang, sing balunge isih utuh apa wis entek dipangan lemah ora ngerti, Sing cetha neng kono Marti nangis ngglolo, najan ora banter nanging bisa dirungokne dening Hajir, anake. Neng kuburan sing sepi kuwi,  neng angen-angene Marti sing peteng, Marti weruh maneh wewayangan lelakone urip sing tau diliwati. Wiwit isih cilik sing wis ora ketunggon wong tuwa lanang, melu simboke sing ngawula dadi rewang ing omahe Juragan Harja Lurik, lan bareng simboke wis mati Marti nerusne gaweyane simboke dadi buruh neng omah kono. Banjur kepethuk bocah sing mbara kerja buruh macul neng nggone juragane sing jeneng Taslim, bocah saka Bulak Pepe sacedhake Perkebunan Tretes, sing uga wis lola. Dening Juragane bocah loro kuwi banjur dijodhokne, wong loro banjur bebarengan ngawula neng nggone Juragan Harja kono. Lan sawuse Juragan Harja tinggal donya, wong loro nerusne olehe ngawula dadi sapukawate anake Juragan Harja sing jeneng Kadirin. Olehe ngawula neng kulawarga kuwi wis mbalung sungsum tekan njero ati. Ora mung butuh pengasilan kanggo urip thok, nanging wis manjing kaya dadi kulawarga.

Angen-angene Marti sansaya nglambrang tekan ngendi-endi, tekan matine sing lanang sing mung jalaran keneng eri kakum ing sawahe Juragane, banjur Hajir anake lanang sing ontang-anting kuwi ditembung lan klakon dipek anak dening Juragane. Banjur disusul crita tekane sedulur tuwane Juragane wedok sing meh wae ngrebut rasane malah wis meh bisa ngendhih jenenge Taslim sing najan wonge wis entek slametane nanging katresnane isih langgeng nunjem ing jero atine. Nganti anane lelakon sing dheweke ora ngerti mula bukane, ngerti-ngerti tampa bendu saka bendara, ditundhung lunga tanpa dituduhne dosa lan kaluputane. Marti mung bisa nangis, nangis lan nangis.

“Apa iki walat sing tak tampa merga aku wis meh wae nyidrani rasa tresnane Pake Hajir?” ngono salah siji pitakonan sing thukul ing angen-angene Marti.

“Dhuh Gusti, kula nyuwun ngapura……..” Marti njelih lirih banjur nangis maneh. Saking gedhening rasa sedhih sing nindhihi atine, Marti wis ora kober weruh apa-apa sing ana kiwa tengene. Marti ya ora ngerti nek wis rada suwe ana mripat telung pasang sing nguwasi dheweke lan Hajir, kanthi panyawang sing kebak rasa welas, mesakne kaworan rasa gumun.

ana candhake.

GEMBILI ING PAGER SATRU (21)

 

– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –

Sihmirah durung ngerti karo sing dikandhakne mbakyune ipe kuwi. Neng angen-angene sing cepet ketok ya dhuwit pas Asmi omong nek kira-kira Kadirin lagi lali kuwi, kamangka adate sing ndrawasi kuwi wong ki laline ing babagan utang. Apa Kadirin duwe utang nanging lali? Utang kuwi marang sapa? mesakne temen sing diutangi nek nganti sing utang kelalen, iya nek kahanane sing diutangi kuwi cukup, lha nek sing diutangi kahanane lagi kesrakat banjur arep nagih marang Kadirin pekewuh utawa ora wani, rak ya mesakne temenan?.

“Ora Yu, aku ora arep nesu, kepara malah kebeneran nek ana sing gelem ngelingake” wangsulane Sihmirah tatag wae “lha pancen wong ki nek lagi lali wajibe ya dielingne, ora dinesoni, merga apa wae nek olehe ngadhepi ki karo nesu, perkarane ora dadi padhang nanging malah dadi sansaya ruwet”.

“Kuwi bener Dhik” kandhane Asmi maneh “ngertine Kangmu ki rak pas awakmu neng Rumah Sakit kae ta?. Kakanganmu kuwi ya blas ora ngira babar pisan, wong Dhik Kadirin kuwi wiwit isih nom biyen kondhang wong sing ndlujur, ora tau gelem nyenggol sing dudu duweke. Dadi maune Kakanganmu ki ya ora pati percaya karo sing disawang lan dirungokne nganggo mripat lan kupinge dhewe, nanging bareng wis bola-bali meruhi lan ngonangi, lagi Kangmu percaya”.

“Mengko dhisik Yu” Sihmirah nyelani rembuge Asmi “perkarane kuwi sak jane ngono apa? krungu olehmu omong ngono kuwi, aku kok dadi sansaya ora mudheng, ora sah ndadak tekan ngendi-endi, jane ki Pake Las nindakne apa?”.

“Sing sabar ya Dhik” Asmi guneman maneh suwarane keprungu nek ngati-ati “sing diweruhi lan dirungokne nganggo mripat lan kupinge dhewe, jare Kangmu rewangmu si Make Hajir kae ki wis wani tumindak sing ora bener. Make Hajir sing anake wis mbok openi mbok cukupi kabeh kabutuhane kae, isih rumangsa kurang, tanpa mbok weruhi wis nduweni sesambungan karo Dhik Kadirin, ya sesambungan antarane wong lanang karo wong wadon. Nanging pancen wong kae ki ya baud ndhelikne wewadine, dadi ora ana sing ngaweruhi. Lha pas awakmu neng Rumah Sakit kae, Kangmu weruh dhewe apa sing ditindakne wong loro kuwi. Lan Kangmu ya ngerti sawise awakmu bali, sesambungan kuwi isih terus mlaku kanthi primpen, olehe nindakne ngonok onggrok kuwi ora neng omahmu, nanging neng omahe Make Hajir, malah dhek wingi bengi pas sorene Kangmu dolan mrana kae, bengine Dhik Kadirin ya mara neng omahe Make Hajir kok, kuwi sing crita Kangmu”.

Getihe Sihmirah sakala krasa umub, dhadhane krasa kebak, untune nggeget, nesune wis nyundhul tekan sirah.

“Maune Kangmu arep ngandhani Dhik Kadirin kanthi becik-becik, nanging Kangmu ora wani” Asmi nerusne gunemane “wong Dhik Kadirin ki wong pinter, gek Kangmu ya ngrumangsani nek sasuwene iki kerep ditulungi Dhik Kadirin, mligine ing perkara butuh. Dadine Kangmu sarwa repot, arep omong wedi nek salah nek ora omong ya wedi nek rumah tanggane adhine dadi goyah, mula mau bengi kuwi ngandhani aku nek arep nekad ngomongi awakmu, ben ngerti nek rumah tanggamu sajroning bebaya. Nanging awakmu aja nganti nesu”.

“Lha wong ngerti kaya ngono kok gak oleh nesu ki karepmu piye ta Yu?” Sihmirah wangsulan karo arep nangis saking panase atine “enek menungsa sing wis tak beciki, tak cukupi butuhe, tak wenehi kaparcayan, lha kok malah arep ngrebut bojoku ki aku mosok kon meneng wae?”.

“Sabar Sih, sabar diunggahn e diudhukne…..” dumadakan tanpa dingerteni, Kamdi wis ngadeg ana cedhake adhine sing lagi murup atine kuwi.

“Sabar, sabar, sabar….. nek diumbar ya sapa sing arep kuwat?” Sihmirah wangsulan karo setengah nyentak.

“Karepku ki ngene lho, rungokna dhisik aku tak kandha!” Kamdi wangsulan karo mapan lungguh njejeri adhine wedok sing ragil kuwi “kowe oleh wae nesu, malah jareku kudu nesu, nanging aja nganti salah alamat”.

“Salah alamat piye?” Sihmirah takon.

“Tumibane nesumu aja marang bojomu” Kamdi aweh wangsulan “merga nek bojomu mbok nesoni gedhene nganti mbok unek-unekne, tanwurunga bakal dadi geger antarane kowe karo Pake Lasmi. Nek wis geger ora bisa diendhegne, mesthi ya banjur dhewen-dhewen, kowe kudu bali menyang omah kene iki maneh, merga omah sapekarangane kae kabeh olehe nggawani sawargi mBah Harja menyang anake lanang. Kowe ngerti dhewe ta? bandha samana mbane kae kabeh tinggalane mBah Harja, lha mBah Harja kuwi anake ya mung Kadirin dhewe, Apan kae bener adhine Kadirin nanging kae sedulur seje bapak, dadi ya ora oleh warisan apa-apa. Lha nek kowe bali mrene, kuwi padha wae gawe kepenake Make Hajir, dheweke dadi luwih bebas maneh, malah mesthi banjur obong-obong Dhik Kadirin supaya cepet-cepet nggolekne layang awakmu, nek wis Marti kae banjur nggenteni kalungguhanmu dadi bojone Dhik Kadirin”.

“Lha thik ngono Kang?”

“Iya kuwi nek diplayokne marang aturane negara” wangsulane Kamdi “mula kowe kena nesu nanging kudu pinter, lire nesu sing mikolehi, ora nesu sing mung nuruti ati panas tanpa petung sing wekasane nemu buntung”.

Sihmirah ora bisa kumecap, atine panggah isih panas lan rumangsa ora bisa mikir, isine atine mung rasa kepengin males laraning atine marang Kadirin bojone sing wis nyidrani katresnane lan kepengin gawe cilakane Marti sing wis wani arep ngrebut bojone.

“Lha saiki ngene wae” Kamdi nutugne olehe ngandhani adhine “sing baku rumah tanggamu karo Pake Lasmi aja nganti bubrah, mesakne Lasmi sing ora ngerti apa-apa kuwi nek nganti dadi kurban. Ping pindhone, penyakit sing ana omahmu kae gek ndang dibuwang sing adoh, nek Marti wis ora ana Kadirin ora bakal arep slingkuh, merga dhemenane rak wis minggat?”.

“Kuwi ya rada mathuk Kang” Sihmirah sumela gunem .

“Nanging cara sing mbok tempuh kudu nganggo cara sing pinter”.

“Pinter piye Kang?” Sihmirah takon.

“Sesuk utawa kapan, nek pas Pake Lasmi neng omah, Marti celuken banjur tundhungen supaya lunga saka pekaranganmu, ora oleh maneh manggon dadi magersarimu, nek perlu omah sing dienggoni kae kerta ajinen pira banjur bayarana pisan. Nek wonge takon apa lupute, wangsulana ora perlu ngerti lupute apa, sing baku Marti kudu lunga. Klebu nek Kadirin takon ya wangsulana karo jawaban sing padha. Yen Kadirin ngrewangi Marti, tantingen pisan abot Marti apa abot kowe karo Lasmi, nanging sepisan maneh kowe ora kena nuduhake nesumu marang pake Lasmi. Aku percaya, Kadirin mesthi luwih abot awakmu karo Lasmi tinimbang karo Marti”.

“Lha nek Pake Las tetep kukuh ora ngidini aku nundhung Marti piye Kang?”

“Nek kuwi sing kudu diadhepi, mengko tak golekne cara liya. Sing baku cobanen cara sing dhisik mau. Sarate, wiwit saiki kowe aja nuduhne nek wis ngerti apa sing dilakoni Kadirin karo Marti. Ping pindho aja pisan-pisan kowe nesu karo Pake Las, malah olehmu ngladeni kudu mbok tambahi. Ping telu nek wis olehmu nundhung Marti mbok kandhakne, Marti aja mbok wenehi wektu kanggo tata-tata olehe arep lunga kliwat saka sepasar. Ngerti?”.

“Iya Kang, aku wis mudheng” wangsulane Sihmirah manteb.

ana candhake.

GEMBILI ING PAGER SATRU (20)

 

dening : Bapakne Bhisma.

– tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna –

Dina esuke kaya ora nate ana kedadeyan apa-apa, Marti isih esuk ya wis tekan omahe juragane nandangi gaweyan kaya padatan. Mung sok-sok karo nyambut gawe Marti nggagas jebul dheweke kuwi klebu wong cubluk sing gampang kapilut dening rembuge wong sing api-api lagi susah. Kaya Kamdi mau bengi, Kamdi sing tembunge memelas jebul mung dienggo srana murih kurbane kelena. Kamdi sing olehe kandha jare laraning atine marang sisihane merga sisihane sing wis tumindak cidra, ora bisa ditambani maneh, jebul dudu sisihane sing selingkuh nanging malah Kamdi dhewe sing arep tumindak sedheng. Thik ngonowa, lha kok sing arep dienggo kurban ndelalah kok ya  Marti. Marti dadi nggambarake, upama mau bengi Apan sakancane ora ngerti nek Kamdi arep tumindak sing ora bener marang dheweke, gek banjur apa dadine?. Upama Bayu lan Dhika ora nggugu Juragan Kadirin, banjur dheweke diarak menyang Kelurahan, gek banjur kaya apa wirange? wis wirang isih jebule ya mung dadi kurban nafsu kewane wong lanang?. Marti banjur janji sajroning atine, ora arep gampang percaya karo sapa wae sing kanthi sesidheman nyedhaki lan nyritakne tangising atine. Marti wis rumangsa kapok, merga setan kuwi ora mung nempleki wong lanang siji sing jeneng Kamdi wae, nanging bisa wae nempleki wong-wong ing sakiwa tengene.

“Kowe kuwi mikir apa ta Make Hajir? wiwit mau diulatne kok mung dheglang-dhegleng kaya wong lagi mentas kelangan apa ta apa ngono?” dumadakan Sihmirah metu saka omah marani Marti sing isih repot nandangi gaweyan pawon. Ora kaya padatan, esuk kuwi Sihmirah macak ayu, pupuran lan nganggto kudhung, klambi sing dienggo ya klambi sing kulina dienggo nek wayah arep lelungan.

“He ..he… mBoten kok Gan” wangsulane Marti karo ngguyu, banjur kandha dora “anu kelingan pilem sing teng tipi nika lho”

“Oalaah, tak kira lagi kelangan, pancen wong ki nek kakehan ndelok tipi bisa dadi kaya wong edan dhewe lho Jir, ngati-ati!” Sihmirah ngandhani “anu, mengko arep tak tinggal nyang nggone mBahe Las, neng omah padha sing ngati-ati, Hajir barang nek mulih sekolah nggoleki adhine kandhanana nek adhine dijak Ibuk nyang nggone mBahe ngono”.

“Nggih Gan” wangsulane Marti disusul karo takon “lha Juragan Kakung wau kok malah meling nek angsale ngintun sarapan tiyang matun ken ndadosne setunggal teng sabin Gempol thok? Napa Juragan Kakung boten tumut teng Sendhangembes?”

“Ora” wangsulane Sihmirah “aku arep ngepit dhewe karo Las, wong cedhak wae kok. Mengko sore wae, Pake Las ben nusul dadi nek mulih bengi aku ana sing ngancani”.

“Dugi dalu ta Gan?” Marti takon maneh.

“Iya, mengko ki rak sewune mBah Kunge Las, dibarengne karo mbangun candhine pisan, Pake Las ora melu tandang wong wis diborong Kang Kamdi karo kancane, ya nek slametan wae rak ya kudu teka”.

“O, nggih”

Marti banjur nutugne olehe gawe sarapan neng pawon kono, sing banjur disusul Saminah sing mau lagi menyang tegalan golek godhong gedhang ngge mbunteli sarapan kanggo wong sing matun neng sawah Gempol. Sihmirah bali mlebu omah, ora let suwe banjur metu maneh karo nggendhong anake sing isih cilik. Sepisan maneh Sihmirah pamitan Marti karo Yu Saminah nek arep menyang Sendhangembes nggone wong tuwane, arep ngrewangi masak-masak ana kana. Sing dipamiti karo sing pamitan padha-padha olehe meling supaya ngati-ati.

Karo nggendhong anake, Sihmirah numpak pit montore alon-alon. Pancen Lasmini kuwi wis kulina diajak numpak sepeda montor dening ibune ngono kuwi, dadi ya ora kaget. Tekan Sendhangembes, jebul neng omahe wong tuwane wis akeh wong sing padha rewang olah-olah neng pawon. Pancen wis dadi padatan, neng desa kono kuwi nek ana wong sing ewuh, tangga-tanggane padha teka dhewe-dhewe, ana sing nggawa beras, ana sing nggawa blanja saka omah banjur diworne dadi siji karo duweke sing lagi ewuh, diolah bareng-bareng kanggo kabutuhane slametan lan ngopeni wong-wong sing nyambut gawe neng nggone sing ewuh kuwi. Sihmirah sing mau olehe pamitan rewang-rewange jare arep ngrewangi olah-olah neng nggone wong tuwane, ora kebageyan gaweyan babar pisan. Ora mung Sihmirah dhewe sing neng pawon ora nandangi apa-apa, Asmi ipene Sihmirah, Katinah mBakyune ya padha, kabeh mung melu omong-omongan thok mbumboni olehe omongan wong sing padha rewang. Mung Suyati adhine sing saiki mbengkoni omahe wong tuwane, sing wira-wiri mernahne wong-wong sing lagi padha rewang.

“Lha iki mau sampean ngepit dhewe ta Dhik?” dumadakan Asmi nakoni Sihmirah.

“Iya Yu” Sihmirah wangsulan “wong Pake Las lagi srempengan matun, paling bisane mrene ya mung mengko bengi nek karo slametan”.

“Aku mau ya ngepit dhewe kok” Asmi omong maneh “Nek Kangmu ora neng ngendi-endi, ning isih turu, wong mau bengi kae jebul kleru dikira nek sing ditingkebi kuwi Darmadi Sopir sing omahe Ponjen, jebul Darmadi mebel sing omahe Ngobalan dadi wonge saka Ponjen ya banjur bablas nyang Ngobalan neh, mulih tekan omah wis jam siji luwih”.

“Iya, aku dhek bengi ya kecelik kok” wangsulane Sihmirah “bar sampean omongi kae aku rak terus budhal, wong wis keselehan, tibake tekan kana wonge malah carteran”.

“Lha aku ya ora ngerti kok” Asmi semaur karo mesem “lha sing salah ki ya Kangamu kuwi, nampa kabar kok ora digenahne. Paling sedhela maneh wonge teka, wong mau pas tak gugah tak pamiti mau, jare aku kon ndhisik mengko wonge arep nusul. Jarene kajaba arep ngurusi gaweyan neng kuburan, ya arep pethuk Dhik Kadirin karo awakmu”.

“Arep pethuk aku karo Pake Las, Yu?” Sihmirah takon nggenahne “ana apa ta?”.

“Mung arep dikandhani sethithik thok kok, jarene Kangamu Dhik Kadirin lagi lali, ya muga-muga nek wis ketemu Kangamu terus bali eling maneh” kandhane Asmi mangsuli pitakone adhine ipe.

“Lali? bab apa kuwi Yu?” Sihmirah dadi sansaya penasaran.

“St….” Asmi bisik-bisik neng kupinge Sihmirah “aja neng kene, ayo ngalih neng jero omah kana lho, ben gak enak sing krungu”.

Asmi banjur ngadeg mlaku mlebu omahe maratuwane sing mburi, sing saiki wis dadi omahe Suyati, adhine Kamdi landhes. Sihmirah ya banjur ngetutne, kepengin ngerti apa sing arep dikandhakne sedululure ipe sing wis ngarani nek bojone lagi lali.

“Aku ki dikandhani Kangmu ya lagi mau bengi pas wonge mulih saka jagong neng Ngobalan kuwi Dhik” kandhane Asmi sawise mapan lungguh neng kursi omah mburi kuwi.

“Iya, lha Kang Kamdi omong apa? Pake Las lali ki perkara apa?” Sihmirah takon.

“Jane jarene Kangmu, olehe ngerti ki wis rada suwe, nanging Kangmu ora wani omong marang awakmu, kuwatir nek Rumah tanggamu gonjang ganjing. Nanging, bareng digagas-gagas, nek Kangmu ora omong awakmu malah bisa ndrawasi tenan, mula mengko awakmu arep diomongi, nanging awakmu aja kesusu nesu, merga mbok menawa Dhik Kadirin pancen lagi lali tenan” wangsulane Asmi suwarane alon, nanging bisa dirungokne klawan cetha dening Sihmirah sing olehe ngrungokne karo nggendhong anake sing isih cilik kuwi.

ana candhake.

GEMBILI ING PAGER SATRU (19)


 

- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Anggone muni ngono kuwi merga Kadirin wis keliwat jengkele marang sedulure ipe sing wis wani nggorohi awake lan katon sansaya ngendelake rumangsa dumeh kapernah tuwa. Mula Kadirin ya banjur mbalikne adhepe, tumuli mlaku arep metu. Marti kaget, ora ngira nek Juragane wis nesu tenan marang Kamdi sing isih mase ipe kuwi. Nanging Marti ora wani guneman menging marang lekase juragane. Kamdi dhewe bareng Kadirin arep nekad ya banjur keweden, mau ora pati kuwatir nek mung sing ngancam arep nyelukne Hansip kuwi mung Bayu, merga Kamdi percaya yen Ipene ora bakal negakne dheweke oleh wirang, merga nek dheweke oleh wirang tan wurunga ya bakal nyangking-nyangking jenenge Kadirin. Nanging nek sing arep budhal lapuran malah Kadirin dhewe? Kamdi ora bakal bisa endha maneh. Mula niyate Kadirin sing arep nggoleki Hansip Kardi kuwi kudu diendheg.

 

"Mengko dhisik Dhik......" Kamdi nyoba ngendheg lakune Kadirin. Kadirin pancen ya banjur mandheg.

 

"Sing mengke riyin napane ta Kang?" Karo noleh Kadirin takon "nek sampean boten purun bares kalih kula, niku boten enten gunane kula omong kalih sampean. Nek sampean pancen pengin diarak kalih Hansip dibeta teng nggene Pak Lurah, kula nggih boten napa-napa kok. Hansipe kula paranane riyin".

 

"Ora Dhik, ora" Kamdi glagepan mangsuli kandhane Kadirin "ya wis aku tak omong apa anane. Pancen aku mau pamitan mbakyumu nek arep jagong terus lek-lekan, ora omong nek arep dolan mrene".

 

"Nah rak tenan  ta?" Kadirin melehne kakange ipe "bar maghrib wau Yu Asmi niku teng nggen kula, njanjangi nek Darmadi sopir nika ditingkebi, kamangka Ibune niku mpun nate keselehan sumbangan pas operasi teng Rumah Sakit nika, niku Yu Asmi ngertos mula Ibune Lasmi lajeng dikabari. Tibake sareng Ibune Lasmi mara teng Ponjen, nggene Darmadi sepi mamring, malah criyose tanggane, Darmadi nembe ngenyangi carteran. Dadi niki wau sampean mpun ngapusi Yu Asmi, terus mrembet teng Sihmirah napa dadi melu kapusan".

 

Wong-wong sing ana kono padha mlengak, ngerti julige si Kamdi olehe nutupi olehe arep slingkuh karo bojone. Marti ndomblong, ora ngira nek jebule Kamdi wis ngapusi bojone. Kamdi meneng karo ndhingkluk ora bisa wangsulan.

 

"Sak niki ngeten mawon, sampean kudu jujur kalih Make Hajir nek sampean empun ngapusi piyambake, crita sing boten bener babar pisan perkawis Yu Asmi. Sampean kalih Yu Asmi dugi sapriki tansah rukun niku sedaya sedherek sing nyawang tumut remen, lha kok sampean malah kluyuran neng nggone Randha sing lugu lan gampang diapusi nganggo tembung manis. Napa sampean pancen ajeng ngepek Make Hajir tenan? nek tenan nggih boten napa-napa, sak niki Yu Asmi kersane dipurugi Bayu napa Dhika niku, kersane ngertos nek sampean ajeng seneng kalih Make Hajir........".

 

"Ampun Gan...." dumadakan Marti njerit lirih "kula boten purun dipek Mas Kamdi, kula nggih boten purun ngrebut bojone Bu Asmi".

 

"Iya, iya... " Kadirin kober mangsuli jeritane Marti "menenga dhisik tak omong".

 

Marti meneng. Kadirin banjur nutugne kandhane marang Kamdi.

 

"Sak niki empun cetha, Make Hajir boten purun kalih sampean" banjur Kadirin genti omong menyang Apan, Blendhus, Bayu lan Dika  "saiki wis genah ta? Make Hajir ora gelem nek dijak maksiyat ? Lan pancen durung sida kedadean ana maksiat ta? . Saiki sithik edhing, nek dicelukne Hansip Kardi banjur didhepne Pak Lurah, kuwi ora ana gunane kajaba mung arep mirang-mirangne Make Hajir. Mula saiki Kang Kamdi ben mulih wae, mesthine wis kapok ora arep marani Make Hajir maneh, wong wis konangan nek ngapusi ngono?. Lha nek pancen isih nekad ya kari karepmu piye kono. Piye?".

 

"Nggih empun, ngoten nggih boten napa-napa, wong wau upama Pak Kamdi purun wangsul wau-wau ngoten nggih boten ajeng dados geger ngeten niki kok" sing wangsulan Bayu, wong liyane padha manthuk-manthuk ngiyani.

 

"Pripun Kang?" genti Kadirin nanting sedulure ipe.

 

"Aku tak ndang balik saiki wae Dhik" wangsulane Kamdi karo ndhingkluk ngempet rasa isin "ora liwat aku njaluk ngapura".

 

"Nanging dieling-eling Pak Kamdi" Bayu semaur suwarane keprungu dhuwur "benjing-benjing nek sampean tesih nggrumut Yu Marti, musuh sampean mengke kula lan kula nggih boten ajeng wedi mlebu buwi merga mateni tiyang nasar".

 

"Kok bisa musuhe kowe kuwi piye ta Yu?" Kadirin takon ora mudheng karo karepe Bayu.

 

"Bares mawon Gan" Bayu wangsulan "jane kula rak mpun kengkenan Pakdhe kalih mBokdhe Blendhus niku, kula ken nembungne Yu Marti ajeng kula jak urip sareng. Lha kalih Yu Marti boten ditampi amergi umur kula radi tebih sangandhape Yu Marti, jane nggih namung kaot pitung tahunan. Ning nggih empun. Mula kula boten napa-napa nek Yu Marti niku ajeng emah-emah kalih tiyang sing langkung sae, ning nek namung ajeng diengge dolanan kula saestu boten trimah".

 

Krungu wangsulane Bayu ngono kuwi, wong-wong padha mesem, mung Dhika sing ketok praupane malih mbrabak abang. Kadirin ya banjur nerusne kandhane marang sedulure ipe :

 

"Empun ta Kang? sampean mpun krungu dhewe kalih sing dikandhakne Bayu  niku wau, dadi nggih kula jaluk mang eling-eling tenan".

 

"Iya Dhik, saiki aku tak bali" wangsulane Kamdi sing banjur menyat saka palungguhane, bablas metu, marani sepeda motore sing jebul didhelikne neng ngisor gedhang, dadi ora konangan wong.

 

Saungkure Kamdi, wong-wong kuwi ora banjur bubaran, merga diendheg dening Kadirin. Kadirin aweh tutur marang sing ana kono kabeh :

 

"Sanajan wis kaya ngono, nanging kabeh wae tak jaluk aja gampang lena. Jenenge Kamdi sedulurku tuwa dhewe kuwi lunyune ngungkuli welut dilengani, rembuge empuk ngungkuli sega uduk, saiki omong kapok-kapok, nanging kuwi dudu wateke Kakanganku kae, sesuk-sesuk bisa -bisa dibaleni maneh tumindake sing seneng gawe sengsarane wong liya mung merga arep nuruti senenge dhewe. Mula kabeh tak jaluk rewang-rewangana aku, aja nganti Kang Kamdi sing isih sedulurku dhewe kuwi mbaleni kelakuwane sing ora bener iki neng kene".

 

"Nggih Gan, nek enten tingkahe Mas Kamdi sing sajake nyujanani mengke kula tak ndang wadul sampean mawon" Blendhus sing mangsuli.

 

"Kowe ya ngono Make Hajir" kandhane Kadirin maneh "bengi iki kowe isih slamet, ora sida kewirangan diarak Hansip neng Kelurahan, nanging nek nganti ana kedadeyan ngene iki maneh, aku ora arep melu cawe-cawe, arepa diarak diiring kothekan thonthongan, aku ya wegah kangelan mbelani kowe. Ngerti?".

 

"Nggih Gan" wangsulane Marti karo ndhingkluk keweden.

 

"Wis saiki ndang turu kana, wong-wong ya ben padha mulih nyang omahe dhewe-dhewe, mung welingku marang kabeh sing ana kene, crita bengi iki cukup mandhega neng kene, aja nganti dicritakne sapa wae. Merga iki klebu wirangku dhewe, nek nganti ana sing krungu padha wae sing nyritakne kedadeyan iki wis ngeler wirangku, wirange Juragan Kadirin".

 

"Nggih Gan" wong-wong padha wangsulan bareng, ora suwe ya banjur bubaran bali menyang omahe dhewe-dhewe.

 

Marti nutup lawang, mateni lampu. Mlebu kamar mapan turu, nanging nganti esuk panggah ora bisa ngeremne mripate, merga luhe sing mili saka mripat ora kena dibendung maneh, sewengi natas Marti mung nangis, nggetuni olehe wis nglirwakne pititure Juragan Kadirin.

 

ana candhake.

GEMBILI ING PAGER SATRU (18)

 

- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Marti sing uga melu krungu pangincime Bayu ngono kuwi melu dadi pucet, nek Bayu sida ngecakne pangincime tan wurunga dheweke bakal melu kewirangan. Sansaya luwih wirang nek banjur dheweke karo Kamdi digiring kaya pesakitan menyang Omahe Pak Lurah, mangka bakal sumebar kabar tekan ngendi-endi Marti Randha anak siji sing ditinggal mati bojone ditangkep Hansip merga wis nglebokne wong lanang sing wis duwe bojo neng omahe.

 

"Tulung ya Dhik Bayu" Marti guneman karo suwara sing rada ndhredheg "sampean ya ngerti ta nek aku karo Mas Kamdi ora nindakne maksiyat neng omah kene? Iki mau ya mung jagongan lumrah kok. Mung wae pancen wis rada kewengen Mas Kamdi durung kersa kundur".

 

"Gampang kuwi Yu" wangsulane Bayu "ora perlu ditutup-tutupi, mau aku karo wong-wong iki pancen ya krungu sampean wis ngongkon Pak Kamdi iki mulih, nanging sadurunge aku karo wong-wong iki ya ngerti tangane Pak Kamdi sing nggrathil kuwi wis ngremet-ngremet apa mau? iya ta? banjur bareng sampean sadar, Pak Kamdi njur njaluk sepura? iya apa iya?".

 

"Pancen bener Dhik Bayu, mula aku njur ngongkon Mas Kamdi ndang kundur wae, nanging Mas Kamdi durung kersa" wangsulane Marti "mula tak jaluk Dhik Bayu gak sah nyeluk kanca-kancane mrene ya?".

 

"Kuwi karek neng Pak Kamdi Yu" genti Dhika sing wangsulan "wong wis duwe anak bojo ngono kok isih seneng kluyuran neng omahe randha, rumangsane ki desa kene dianggep apa?".

 

Durung nganti ana sing nyauri kandhane Dhika, dumadakan Juragan Kadirun teka, banjur ora takon karo suwara sing banter :

 

"Iki bengi-bengi kok ana rame-rame ki, jane ana apa ta? Lha iki Apan barang kok ana kene? Ngapa Pan?"

 

"Iki lho Kang" wangsulane Apan kalem "anu Mas Kamdi".

 

"Kang Kamdi ana kena apa?" Kadirin takon , banjur genti nakoni sedulure ipe "enten napa Kang?".

 

"Ora ana apa-apa kok Dhik" wangsulane Kamdi entheng wae "mung salah tampa wae, Dhik Apan, Kang Blendhus karo Mas-mase kuwi ngira aku wis tumindak ora bener".

 

"Iki ora salah tampa ya Pak" Bayu, Pemuda sing wis rada akeh umure kuwi numpangi rembuge Kamdi "sampean  ki wis nerak aturan, bengi-bengi neng omahe Randha dikon mulih ora gelem malah arep nginep barang, nginep neng omahe Randha ki nek ora arep tumindak maksiyat banjur arep ngapa njajal?".

 

"Aku ora kaya sing mbok kandhakne kuwi Dhik" wangsulane Kamdi "tak akoni, aku mau pancen nembung Make Hajir nek arep leren neng omah kene, nanging aku ora arep kaya sing mbok dakwakne nyang aku, aku mung arep lungguh neng kursi, Make Hajir tak aturi sare neng kamare, nek bener sampean kabeh wis ngrungokne olehku jagongan karo Make Hajir mesthine sampean ya krungu".

 

"Wis, ora sah kakehan rembug" Dhika genti sing omong maneh "Mas Bayu, tulung nenga nggone Mas Kardi Hansip, terus neng nggone Pak Kamituwa pisan. Pak Kamdi karo Yu Marti ben didhepne Pak Lurah, mengko  kari piye sing diputusne Pak Lurah, awake dhewe manut ngono wae".

 

Bayu malikne adhepe, arep budhal nindakne pakone Dhika.

 

"Sik...sik.....siiiik" Kadirin gage olehe menging . Bayu mandheg noleh Kadirin.

 

"Pripun Juragane?" pitakone Bayu marang Kadirin.

 

"Aja nyeluk Hansip Kardi dhisik, ya aja kesusu matur Pak Kamituwa" kandhane Kadirin sareh "iki neng pekaranganku, sing lagi dadi masalah kuwi rewangku karo Kakanganku dhewe. Tulung, aku njaluk wektu tak cobane ngrampungne perkara iki luwih dhisik, nek pancen aku mengko ora bisa, kari mangsabodhowa kowe kabeh".

 

"Nggih Gan, mangga" sing mangsuli Dhika "kula manut, ning nek Pak Kamdi boten kenging ditata, nggih kepeksa kula lapurne teng Hansip Kardi kalih Pak Kamituwa".

 

"Iya" wangsulane Kadirin karo mesem rumangsa nek bocah-bocah nom kuwi isih ngajeni dheweke.

 

"Make Hajir?" Kadirin banjur nakoni Marti.

 

"Nggih Gan" Marti semaur alon.

 

"Kowe ki jane piye ta? lagi dheki awan aku omong, nek eneng wong lanang mara neng omah kamangka wektune wis bengi luwih-luwih wong lanang kuwi tekane mung ijen, ora ngajak kanca sing wis mbok tepungi, aku rak wis meling aja mbok tampa iya ta? kowe mau ya wis semaur ngenggihi. Iya apa ora?" Kadirin wiwit nakoni Marti.

 

"Nggih Gan" Marti wangsulan karo ndhingkluk.

 

"Lha nek enggih tenan, ya gene kowe malah nglebokne Kang Kamdi neng omahmu ? malah jare arep nginep barang kuwi? Karepmu kuwi piye?" Kadirun nakoni Marti sabanjure.

 

"E...e....anu....anu...e..." Marti glagepen rumangsa ora bisa aweh wangsulan.

 

"Iki ngene lho Dhik" Kamdi nyoba udhu panemu.

 

"Sampean ampun melu omong riyin Kang" Kadirin menging Kamdi melu omong "niki kula dereng bar, oleh kula takon teng Make Hajir".

 

Kamdi ora bisa semaur, Apan, Blendhus, Bayu karo Dhika padha mesem.

 

"Make Hajir" Kadiririn banjur nakoni Marti maneh.

 

"Nggih Gan"

 

"Kowe kudune wis ngerti, wong wedok neng omah ijen banjur konangan glenikan karo wong lanang sing dudu batihe, kuwi wis ora bener, luwih-luwih ing wayah bengi pisan, kuwi nek cara hukum adat kene ngono, wong loro sing ngono kuwi mau kudune digawa neng nggone Pak Lurah, dicelukne modin terus dirabekne, nek gak duwe wragat nyang KUA mengko sing mbayari Kas Desa. Apa kowe wis niyat kepengin dirabi Kang Kamdi? Kuwi sing dadi rada repot, merga Kang Kamdi kuwi wis duwe lan isih duwe bojo, ning ya ana carane mengko nek kowe wis tekan ngarepe Pak Lurah, Yu Asmi ben diparani kon milih salah siji, pilih aweh palilah Kang Kamdi ngrabi kowe utawa ngajokne gugatan cerai neng Pengadilan. Piye?" Kadirin akeh-akeh olehe kandha marang Marti. Sing dikandhani mung ndhingkluk karo eluhe dleweran nelesi pipine.

 

"Kula mboten nglebetne Mas Kamdi Gan......" Marti karo dhingkluk Marti mangsuli kandhane Kadirin.

 

"Kowe oleh omong ngono kuwi, nanging bukti lan nyatane ora bisa mbok selaki" Kadirin aweh wangsulan, ditutugne karo nakoni wong sing ana kono "Omonganku iki bener apa luput Lur ?".

 

"Leres Gan" Blendhus, Bayu karo Dhika semaur bareng, Apan mung manthuk, Kamdi mlilik nanging ora kumecap.

 

"Sak niki kula tak genti takon teng sampean Kang" kandhane Kadirin genti marang Kamdi "wau sampean mriki niku napa mpun jumbuh kalih pamit sampean teng Yu Asmi?".

 

Ditakoni  dening ipene ngono kuwi, Kamdi rumangsa dinyonyok pangrasane. Nanging gandheng jejere Kadirin neng kono minangka sing duwe pekarangan, Kamdi ora bisa apa-apa. Banjur wangsulan sakepenake :

 

"Lha wong wis padha tuweke wae, kok arep metu saka omah ngono wae kon pamitan ta Dhik?. Aku gak omong apa-apa karo mBakyumu".

 

"Sampean ampun ngapusi lho Kang?" Kadirin semaur melehne Kamdi.

 

"Barang kaya ngono wae kok ndadak ngapusi ta Dhik?" suwarane Kamdi wiwit panas.

 

"Nggih empun nek sampean mboten ngaku, kula boten ajeng nerusne omong" Kadirin suwarane sareh nangis landhep lan pedhes "wong sir kula niku ajeng kula rampungne teng mriki, nanging nek sampean kalih kula mawon mpun boten bares, kula nggih  boten saged ngrampungi. Sakniki nggih kersane diurusi sing kawogan mawon".

Kadirin banjur kandha marang, wong liyane :

 

"Saiki wis cetha nek aku ora bisa ngrampungne perkara iki, mula aku njaluk tulung kowe kabeh, entenana neng kene, aja padha lunga. Aku dhewe sing arep nyeluk Hansip Kardi sak kancane karo tak ndhisiki sowan Pak Lurah pisan".

 

 

ana candhake.

 


GEMBILI ING PAGER SATRU (17)

- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Ditakoni ngono kuwi dening Kamdi, Marti ora enggal wangsulan. Sanadyan wiwit wingi wis ana rasa mesakne sarta rasa gethinge wis ilang, nanging bareng Kamdi ngandhakne yen atine kepengin mencok ing atine Marti, Marti dadi mikir-mikir maneh. Ora enggal oleh wangsulan Kamdi ya mung mesam-mesem dhewe, karo mripate ora uwal tansah namatne praupane Randha anak siji kuwi, saka rumangsane wengi kuwi Marti ketok sansaya luwih ayu lan luwih mencutake. Ngerti nek tansah diuwasi, Marti dadi rada risi, mula banjur ndhingkluk ora wani nyawang Kamdi.

 

"Nek Dhik Marti durung bisa aweh wangsulan saiki ya ora apa-apa" kandhane Kamdi bareng Marti malah tumungkul "nanging aku wis nyoba blaka marang Dhik Marti yen aku ora bisa nduwa suwaraning batinku dhewe, mung Dhik Marti wong wedok neng donya iki sing bisa aweh kekuwatan marang atiku sing ringkih".

 

Marti panggah meneng karo ndhingkluk, dumadakan tangane Kamdi wiwit obah alon-alon, tangane Marti digrayahi banjur dielus-elus. Marti sing wis telung tahun luwih ora kesenggol wong lanang babar pisan, nalika tangane dielus-elus Kamdi, bali eling jaman Taslim isih ana sing tansah aweh rasa tentrem lan marem nalikane getih kawanitane anget ngabarake yen mbutuhake kawigaten. Sawise Taslim ora ana, kawigaten kuwi ora tau ditemoni maneh dening Marti. Saiki Kamdi teka nggawa kawigaten kuwi mligi kanggo dheweke, atine Marti wiwit kandha yen ora bisa selak, Marti pancen mbutuhne kawigaten lumantar senggolan-senggolan ngono kuwi. Kamdi uga bisa ngrasakane karo apa sing dirasakne Marti, tangane Marti wiwit digegem kenceng, driji-drijine wiwit ngremet-ngremet alus drijine Marti. Sauntara nafsu lanange Kamdi uga wiwit munggah luwih dhuwur maneh.

 

"Kowe kudu ngati-ati Make Hajir, aja nganti kowe oleh wirang, dilabrak Yu Asmi merga wis dianggep ngrusuhi Rumah Tanggane, merga sing bener Yu Asmi kuwi ora slingkuh lan ing Rumah tanggane Kang Kamdi ora ana apa-apa, kowe aja gampang nggatek dongenge garangan lanang sing mung butuh nguber rasa seneng sing mung sagebyaran" dumadakan Marti kelingan karo apa sing dikandhakne Juragane lanang mau awan. Ora suwe wewayangane Taslim liwat neng angen-angene, lan welinge Taslim bali dumeling neng temboking atine "Nek salah siji saka awake dhewe mati luwih dhisik, ya ora apa-apa nek banjur golek ganti, nanging kudu ngati-ati pamilihe aja mung nuruti ubaling nafsu sing mung arep nyurung wong marang juranging wirang".

 

Ora sranta Marti tumuli ngipatne tangane Kamdi, karo praupan sing mbrabak abang, Marti guneman :

 

"Sampun ngoten niku Mas, boten sae" muni ngono kuwi Marti karo ngalih anggone linggih rada ngadoh saka papane linggih Kamdi.

 

"Oh, aku njaluk pangapura Dhik" kandhane Kamdi mangsuli pamenginge Marti "tenan, aku khilaf. Aku wis tumindak ora sopan marang Slirane, tenan Dhik, aku ora  nedya ngremehne slirane tenan, mung merga aku ora kuwat ngempet rasa tresnaku marang Dhik Marti wae sing ndadekne aku lali, tenan Dhik, aku njaluk pangapura".

 

"Sak niki wekdale mpun dalu Mas, saene Mas Kamdi enggal kundur mawon" ora nanggapi panjaluke pangapura Kamdi, malah Marti ngongkon supaya Kamdi enggal bali.

 

"Adhuuuuh....." Kamdi semanta sajak getun Marti disawang karo sorot mata memelas "Dhik Marti nesu tenan ya? tenan Dhik, aku khilaf tenan, aku nyuwun pangapura, aku luput Dhik, aku gelem diukum, nanging slirane aja nesu ngono kuwi, aku gak kuwat nek dinesoni Dhik Marti".

 

"Kula mpun boten nesu kok Mas ............" Marti wangsulan.

 

"Tenan Dhik?" gageyan Kamdi nugel tembunge Marti karo mesem sajak seneng "matur nuwun ya Dhik? aku ora arep sembranan maneh kajaba nek wis oleh palilahe Dhik Marti.....".

 

"Niki empun dalu Mas" Marti ora nanggapi omongane Kamdi, malah ngelikne nek wektune wis wengi.

 

"Dhik Marti wis ngantuk ya?" wangsulane Kamdi ya slenca "nek Slirane wis ngantuk, ya diagem sare wae, aku gak apa-apa kok".

 

"Mas Kamdi kundur sak niki?" Marti takon semu ngongkon.

 

"Dhik, aku nyuwun tulung slirane ya? Aku kepengin nentremne atiku neng omahe Dhik Marti sing adhem iki. Nek Slirane arep sare dhisik mangga sare wae, aku tak lungguhan neng kene, dhewe ora apa-apa" wangsulane Kamdi ora gelem bali.

 

"Ampun ngoten Mas, boten sae ngoten niku, sing sae Mas Kamdi gek ndang wangsul mawon"  Marti panggah ngongkon Kamdi supaya enggal bali.

 

"Boten sae? ora apik ki nek awake dhewe turu awor ta Dhik? wong turuwa awor jane ya ora apa-apa nek padha butuhe padha geleme, nanging aku ngerti kok Slirane durung gelem tak jak turu awor lan aku ya ora arep neka-neka, tenan. Mosok sing siji lungguh neng kursi ngarep, sing siji sare neng kamar kok diarani boten sae? boten saene manggon neng ngendi hara?" Kamdi ngeyel ora gelem bali.

 

"Mas, saestu kula nyuwun tulung, Mas Kamdi enggal wangsul mawon" Marti ngongkon Kamdi mulih.

 

"Nek ngono Dhik Marti isih nesu tenan karo aku?" Kamdi wangsulan karo suwara memelas "tenan Dhik, aku getun wis gawe laraning atine Dhik Marti, aku janji ora bakal mbaleni tumindak sing bisa gawe laraning atine Dhik Marti. Tenan Dhik".

 

"Nggih, nggih Mas" Marti wangsulan semu jengkel.

 

"Nah, rak ngono" Kamdi ngguyu mlengeh maneh "wis lawange ndang ditutup nek arep sare ndang sare, aku tak lungguhan neng kene".

 

Marti dadi judheg. Kamdi ora gelem mulih tenan. Marti ora enggal nuruti pakone Kamdi, nutup lawang banjur mapan turu, nanging malah lungguh njegreg karo pikiran sansaya sumpeg. Sauntara Kamdi api-api ora ngerti, malah klepas-klepus nyedhot udute.

 

"Kula nuwun......" dumadakan saka ngarep lawang sing isih menga kuwi ana suwarane wong kula nuwun.

 

Marti ngadeg banjur arep mara nyedhaki lawang, nanging sing kula nuwun wis luwih dhisik mlebu omah sadurunge dikongkon mlebu. Apan karo Blendhus sing ditutne nom-noman desa kono loro, Bayu karo Dhika.

 

"Nuwun sewu Make Hajir kalih Mas Kamdi" Blendhus isih karo ngadeg kuwi kandha "niki wekdale mpun dalu, nek ajeng dhines-dhinesan sampean Mas Kamdi kalih Make Hajir saged kula tangkep, merga sampean mpun glenikan mung wong loro, kamangka sing siji niku nuwun sewu.... mpun randha. Nanging gandheng kabeh niki tesih waris piyambak, lan kula kalih Apan kalih lare kalih niki wau nggih mpun mireng dhewe napa sing sampean rembug tiyang kalih wau, wong niki wau olehe linggih teng emper kalih ngrungokne rembagan sampean nggih wiwit Make Hajir mendhet Kendhi wau. Mula saene Mas Kamdi nurut kalihy sing dijaluk Make Hajir, gek ndang wangsul mawon. Ajenga Mas Kamdi criyose boten ajeng napa-napa, niku tetep boten bener".

 

"Lho aja ngono Kang" Kamdi suwala rembug "aja ndakwa aku arep neka-neka, aku ki ora arep ngapa-apa, ora arep ngeloni Dhik Marti ora arep nindakne perbuatan mesum........"

 

"He Pak Kamdi" dumadakan Bayu maju sajangkah karo guneman rada kasar "wong lanang wis duwe bojo, ndolani Randha gek wis bengi ngene iki jenenge kurang ajar, dikandhani apik-apikan arep ngeyel, saiki sampean gelem lunga saka desa kene apa ora? Apa pengin tak celukne pemuda karo Hansip kene?"

 

"Sik ta Dhik sabar dhisik....." Kamdi wangsulan sareh, atine dadi ciyut krungu pangincime Bayu sing mangkono kuwi mau.

 

 

ana candhake.

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...