Total Tayangan Halaman

Kamis, 09 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (009)

 


9.

Kaya ora ana apa-apa Rangga lan Marga anggone mlaku menyang Pinggir Bengawan ya lumrah wae, lire ora kesusu ya ora kemrungsung. Sedhela-sedhela isih kober nyawang rembulan sing padhange kaya wayah rina. Nalika nom-noman loro kuwi teka papan sing dituju, neng kono ora ana sapa-sapa, sepi. Rangga mlaku nyedhaki watu gedhe sing ana ing pinggir gisik, banjur mapan lungguh neng dhuwure, Marga melu-melu mapan lungguh, kekarone padha olehe meneng ora nyuwara apa-apa, malah Marga banjur kasengsem karo suwara pating kriyet sing tuwuh saka pring-pring ori sing gesrekan ing barongane. Putra pambayune Panembahan Senapati kuwi mesem, merga kelingan biyen tau nalikane isih cilik saben arep mapan turu, kerep nyuwun dicritani dedongengane kancil sing ngapusi macan sing kepengin ngunekne sulinge Kanjeng Nabi Suleman.

 

"Wong kuna-kuna kuwi ya bener kok, suwarane pring-pring ing barongan kuwi nek dirungokne suwe-suwe pancen kaya suwara suling" kandhane Rangga alon karo mesam-mesem kasengsem.

 

"Iya Kakang" Marga mangsuli "nanging awake dhewe mlaku mrene mau rak ora kepengin ngrungokne suwara pring gesrekan katendhang angin sing nyuwara kaya sulinge Kanjeng Nabi Suleman kuwi ta?".

 

"Ya gene kaya ngono wae ndadak mbok gagas ta Dhi?" Rangga genti takon "pancen bener, awake dhewe teka kene iki mau mung nuruti wong sing jare kepengin ketemu karo awake dhewe neng kene, lha nek awake dhewe teka kene jebul sing enek mung suwarane angin sing lagi guyon karo barongan pring ori ya ora apa-apa neh? Wong sing butuh ngajak tetemon kuwi dudu awake dhewe? iya apa ora?".

 

"Iya Kakang, nanging nek ndeleng isine layang mau cetha nek surasane aweh panantang marang awake dhewe" Marga guneman maneh "lha ana wong wani nantang bareng dituruti kok ora ngatonke awake kuwi jenenge rak ya ora lucu ta Kang?".

 

"Lha saiki aku bisa males marang awakmu Dhi" Rangga semaur karo ngguyu.

 

"Males sing kepriye Kakang?"

 

"Padatan nek nemoni apa-apa ajeg sing aweh pitutur utawa ngandhani aku supaya sabar ki kowe, bengi iki genti tak wales aku sing genti ngandhani si adhi. Sumurupa ya Dhi, isine layang mau bener panantang supaya awake dhewe nuduhne kaprawiran lan aja kaya wong jirih, mbok menawa wae sing dikarepne sapa mau? Puthut Jayantaka? kuwi nyoba awake dhewe, wani apa ora wayah bengi ngene iki kluyuran neng gisik bengawan sing sepi, sing jarene wong-wong gisik bengawan kuwi nek wayah bengi dienggo saba bangsane memedi, bangsane wedhon, glundhung pringis, ilu-ilu, wewe gombel lan sapiturute kae. Lha kanggo mbuktekne awake dhewe kuwi klebu wong jirih utawa ora, sing nulis layang mau ya wis ana kene, nanging umpetan karo ngiceng awake dhewe, wedi apa ora. Ngono lho Dhi".

 

"Dadi ngono ya Kakang?" Marga wangsulan karo mesem "ya wis yen ngono, becik diumbar wae ora sah nggagas wong sing seneng manggon neng petengan, karo pringas-pringis merga ngempet gatel dikruyuk jingklong ya?".

 

Lagi wae Marga rampung aweh wangsulan marang Rangga dumadakan saka grumbul ora adoh saka papane wong loro kuwi lungguh, katon ana wewayangan loro sing mencolot banjur mlaku nyedhaki Rangga lan Marga.

 

"Sugeng Dalu Kisanak Rangga lan Ki Sanak Marga" salah siji saka wewayangan loro kuwi  alok sapa aruh marang Rangga lan Marga "sing gedhe pangapuran ndika wong sakloron, yen aku ora enggal nemoni ndika. Jalaran aku kuwatir nek sing teka ing kene kuwi mau dudu Kisanak Rangga lan Kisanak Marga".

 

"Apa sing neng ngarepku iki Puthut Jayantaka saka Paguron Tangen sing jenenge wis kondhang teka saindenging bawana kuwi?" Rangga wangsulan karo aweh pitakonan.

 

"Ora luput pangira ndika Kisanak, aku Puthut Jayantaka lan iki adhiku Puthut Jayandaga, siswa saka Rama Panembahan Dewa Karkatha, sing biyen luwih kondhang klawan sebutan Ki Ageng Tangen" Puthut Jayantaka mapan lungguh ora ing watu sing ora adoh karo papane Rangga lan Marga lungguh, banjur takon "Lha Ki sanak Rangga kuwi sing endi lan Ki Sanak Marga kuwi sing endi?".

 

"Ya ditepungake wae Ki Puthut" wangsulane Rangga "sing ditengeri nganggo jeneng Rangga dening wong tuwaku biyen, ya aku iki bocahe, dene adhiku sing dijenengne Marga ya sing saiki lungguh awor aku iki".

 

"Matur nuwun Kisanak Rangga" kandhane Puthut Jayantaka sabanjure "waleh-waleh apa anggonku wis aweh layang marang ndika sakloron supaya menyang gisik bengawan kene iki, satemene kajaba aku kepengin tepung karo ndika sakloron, aku karo adhiku Jayandaga ini, minangka sing kalebu dituwakake ing Paguron Tangen mung kepengin nyuwun pangapura saka ndika sakloron awit saka tumindake adhi-adhiku sapaguron, Puguh, Panggah apa dene Ki Branjang lan Ki Brunjung sing wis wani tumindak degsura marang ndika sakloron".

 

"Aku semono uga Ki Puthut" Rangga gage olehe mangsuli "aku karo adhiku ya nyuwun pangapura marang Paguron Tangen lumantar ndika sakloron, dene aku karo adhiku jalaran perkara sing ora cetha banjur kerengan karo siswa-siswane Panembahan Dewa Karkatha, sepisan maneh aku karo adhiku nyuwun pangapura".

 

"Sokur ta Kisanak yen mangkono, aku minangka salah siji saka tetuwaning Paguron Tangen, ngatuirake panuwun marang Kisanak sakarone, lan dianggep wae kedadeyan mau awan ora tau ana, yen ngono kepiye Kisanak?".

 

"Aku lan adhiku sarujuk karo panemu ndika Ki Puthut" wangsulane Rangga.

 

"Sabannjure Kisanak" Puthut Jayantaka guneman maneh "apa bener nek ndika sakloron kuwi wis nurut lakune bengawan iki saka sacakete Kadipaten Pajang kaya sing dikandhakne dening Panggah lan Puguh marang aku mau?".

 

"Yen diarani wis nurut lakuning banyu bengawan kuwi ora bener Ki Puthut" sing wangsulan genti Marga "nanging nek diarani olehku wiwit nggelak gethekku kuwi saka Desa Jurug salore Kutha Pajang pancen bener".

 

"Iya, iya Kisanak Marga" Puthut Jayantaka kandha maneh karo mesem "aku ora ngerti sapa sejatining ndika sakarone kuwi sapa, mung aku duwe pangira yen ndika kuwi isih ana sambung rapete karo Kasultanan Pajang utawa luwih pase maneh isih ana sambunging getih karo Kanjeng Sultan Adiwijaya ing Pajang".

 

"Aku babar pisan ora ngerti Ki Puthut" Marga wangsulan "apa aku ana sambunge getih karo Kanjeng Sultan utawa ora, sepisan maneh aku ora ngerti, merga ora ana sing tau ngandhani aku karo Kakangku iki, trah utawa turune sapa, malah sapa jenenge simbahku dhewe wae aku ora ngerti, merga sadurunge wong tuwaku crita sapa simbahku, wong tuwaku loro-lorone pisan wis luwih dhisik ngajal, dadi upama Ki Puthut duwe pangira kaya sing mau, luwih becik pangira kuwi mau diilangake wae, merga pangirane Ki Puthut kuwi mau cepak lupute lan benere ya durung karuwan".

 

"Iya, iya yen pancen mangkono sing ndika kersakne, tak suwake pangira-iraku mau saka nalarku" Puthut Jayantaka aweh wangsulan "sawuse pangira-iraku marang ndika sing magepokan karo asal-usul leluhur ndika tak suwak, saiki aku arep takon maneh".

 

"Takon perkara apa Ki Puthut?" Rangga mbalik takon "gandheng aku lan adhiku iki ora tau srawung karo sapa wae, ngertine ya mung luru pangan kanthi mancing iwak bengawan karo kala-kala munggah nyang dharatan luru pala kependhem, dadi saupama mengko aku lan adhiku ora bisa aweh wangsulan sing ana sambung rapete karo sing ndika takokne, aku ya nyuwun pangapura".

 

"nDika mesthi bisa wangsulan kanthi becik lan bener Kisanak Rangga" kandhane Puthut Jayantaka karo ngguyu renyah "merga sing tak takokne iki ora ana sambung rapete karo wong liya gandhenge pitakonku mung karo sing ndika sakloron tindakne lan ndika tuju".

 

"Apa kuwi Ki Puthut?".

 

"nDika wong loro sing nglakoni numpak gethek nurut lakune banyu bengawan iki, mesthi jalaran ndika sakloron duwe gegayuhan sing durung kasembadan lan ndika sakloron mesthi kepengin supaya sing ndika gayuh kuwi tumuli bisa kasembadan iya pa iya Kisanak?".

 

"Tak kira saben wong kuwi padha Ki Puthut" wangsulane Rangga karo ngguyu "jenenge manungsa mesthi tansah ora sepi karo sing diarani gegayuhan. Yen sing digayuh wis kecekel ing tangan, mesthi banjur kepengin nggayuh sing liyane, semono uga aku karo adhiku iki. Mung wae, apa sing dadi gegayuhanku kuwi apa, tak jaluk ndika ora nakokne, sabab aku karo adhiku iki lagi nggayuh apa uga ora pati cetha, sing genah mung kepengin oleh kanugrahan saka Sing Maha Agung kuwi thok, wujude apa aku karo adhiku durung ngerti".

 

"Matur nuwun Kisanak Rangga" Puthut Jayantaka guneman karo mesem lega "wangsulan sing ndika wenehne wis cukup. Pitakon saka aku sabanjure, upama aku nuduhake kanugrahaning Jawata sing ndika arep-arep kuwi supaya enggal bisa ndika tampani, apa ndika gelem ?".

 

Rangga ora enggal wangsulan, nalare lagi mikir apa sing dikarepake dening Puthut Jayantaka kuwi.

 

 

ana candhake.


Rabu, 08 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (008)

 


8.

Rangga karo Marga krungu tembunge Lurah Grumbulan sing keri dhewe kuwi ngrasa aneh, yen Ki Lurah Grumbulan duwe sanakan Paguron Pelanggolan sing cacahe siswane nganti rong atusan, ya gene ora biyen-biyen enggal njaluk tulung supaya enggal bisa ucul saka cengkeremane Paguron Tangen utawa Paguron Ngampon ? . Banjur Paguron sing jeneng Paguron Pelanggolan kuwi mapane ana ngendi? adoh apa ora karon Padhukuhan Grumbulan kene? sambung rapete karo Lurah Grumbulan apa?.

 

"Nuwun sewu Ki Lurah" kandhane Rangga sawuse Lurah Grumbulan ngandhakne sepira kekuwatan sing diduweni "kok kepireng aneh ing kuping kula kaliyan ingkang ndika dhawuhaken kala wau".

 

"Aneh kados pundi Ngger ?" Lurah Grumbulan takon semu gumun.

 

"Menawi ndika rumaos taksih gadhah simpenan kekiyatan ing Paguron Pelanggolan samanten agengipun, kenging punapa boten siyen-siyen simpenan kekiyatan menika ndika ginakaken? kok malah ngentosi kula kalih adhi kula ingkang dereng kantenan duginipun menika?"

 

"Makaten nggih Ngger" Lurah Grumbulan njlentrehne tembunge "Estunipun Ki Ageng Pelanggolan inggih tetungguling Paguron Pelanggolan punika, ingkang samangke yuswanipun sampun atusan tahun, punika ingkang gadhah Padhukuhan Grumbulan punika, awit panjenenganipun ingkang kapisan yasa lan babad wana Grumbulan mriki. Ki Ageng pelanggolan punika dede manungsa limrah, nanging panjenenganipun punika manungsa setengah Dewa ingkang kalis ing pejah. Rumiyin Ki Ageng Pelanggolan nate madeg lan nglurahi Padhukuhan Grumbulan mriki ngantos pinten-pinten dasa tahun, lajeng Ki Ageng Pelanggolan masrahaken kalenggahan Lurah punika dhateng siswanipun ingkang nami Ki Sandak, ingkang taksih kaprenah simbah buyut kula piyambak, lajeng Ki Ageng Pelanggolan nyepi ing satunggaling guwa ing wana radi watawis setunggal dinten lampahan saking mriki. Pranyata ing papanipun nyepi kala wau Ki Ageng Pelanggolan dipun suwitani tiyang ingkang lajeng dados siswanipun. Sansaya dinten sansaya tambah ingkang ndugeni lan ingkang sami nyuwita, ngantos dados Paguron kados samangke punika. Rikala Adhi Widarba mbalela temah dados pasulayan kalih kula, kula sowan dhateng Pelanggolan, ing mriku Ki Ageng Pelanggolan paring dhawuh ingkang kados kula aturaken ing ngajeng. Sareng antawis sewulan anggenipun Paguron Tangen lan Paguron Ngampon mendheti paos dhateng Grumbulan, kula sowan malih dhateng Pelanggolan, nanging Ki Ageng pelanggolan nembe nindakaken samadhi ing samun, lumantar siswanipun kula kaparingan dhawuh supados mahas ing sepi meminta nugrahaning Hyang Agung lan menawi sampun wonten tandha-tandha bilih panyuwun kula dhateng Hyang Agung dipun kabulaken kula nembe kaparengaken sowan malih ing Pelanggolan, lan ing mriku Ki Ageng badhe manggihi kula".

 

"Nuwun sewu Ki Lurah" Marga genti nyelani critane Lurah Grumbulan "sansaya aneh dhawuh pangandikanipun Ki Lurah punika. Punapa cariyos ndika menika wau boten ngayawara Ki Lurah? mosok kok wonten manungsa setengah Dewa ingkang kalis ing pejah lan yuswanipun sampun atusan tahun kados Ki Ageng ingkang ndika cariyosaken menika?".

 

"Menawi tumrap tiyang lumrah, mesthi badhe mastani bilih atur kula menika wau, namung dongeng kangge ngapusi lare alit murih enggal tilem Ngger" wangsulane Lurah Grumbulan "nanging, menawi atur kula dhateng Angger kekalih punika dora, mesthi titiyang ingkang wonten ing pendhapa mriki sampun wicanten menawi kula sampun apus-apus, wontenipun titiyang punika mendel kemawon, jalaran titiyang punika ugi sumerep piyambak bilih atur kula ingkang kepireng nglantur punika pancen saestunipun makaten. Inggih magepokan kaliyan panyuwunan dhumateng Angger Rangga lan Marga, mugi Angger kekalih wonten dhanganing penggalih lan kersa kula dherekaken manggihi Ki Ageng Pelanggolan, ing dinten benjing punika".

 

Rangga lan Marga satemene angel olehe arep percaya karo apa sing dicritakne Lurah Grumbulan kuwi. Kabeh-kabeh sarwa aneh lan ketara yen ngayawara. Nanging yen dinalar sing dawa, banjur apa tujuwane Lurah Grumbulan ngapusi Bocah loro kuwi ?. Mula murih ora ana pasulayan sing tanpa pawadan sing cetha, Rangga lan Marga banjur duwe gagasan arep ngetutne luwih dhisik karo apa sing dikandhakne Lurah Grumbulan, murih ngerteni apa satemene karepe Lurah lan Para Bebau sarta Sapukawate Grumbulan iki marang dheweke sakloron.

 

Sawise panjaluke Lurah Grumbulan disaguhi dening Rangga lan Marga,  tetemon wengi kuwi banjur dibubarake. Wong-wong padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Rangga lan Marga uga banjur diacarani supaya ngleremne raga, leren, ing gandhok gedhe sing mapan ing sisihe Pringgitan kanthi winatesan lawang sing bisa dibukak lan ditutup, kanggo mlebu lan metu ing pringgitan kuwi. Kajaba ana lawang sing tumuju marang Pringgitan, Gandhok gedhe papan kanggo palerenane Rangga lan Marga kuwi uga ana lawang liya maneh, sing bisa kanggo dalan mlebu lan metu menyang Gandhok kuwi saka njaba. Gandhok kuwi ana amben loro sing gedhene padha sing siji dipapanake ing sisih lor lan sing siji ing sisih kidul,  galare amben sing digawe saka pring pupuhan, digelari klasa sing putih resik ngganda aruming kembang pandhan. Rangga lan Marga wis padha munggah ing ambene dhewe-dhewe nanging durung padha mapan turu, kekarone isih padha rembugan karo suwara sing alon sing mung bisa dirungokne dhewe.

 

"Aku dadi sansaya ora mudheng karo lelakon sing kedadeyan dina iki Dhi" kandhane Rangga marang Marga "rumangsaku kok kabeh-kabeh sarwa aneh lan angel ditampa nganggo nalar, wiwit awake dhewe minggir saka Bengawan banjur munggah neng dharatan mau, banjur kerengan lan tukaran karo wong sing jarene siswa-siswa saka Paguron Tangen banjur kepethuk lan diajak mrene dening Ki Lurah, disuguhi crita-crita sing keprungu ngayawara, iki ngono jan-jane lelakon apa? aku durung ngerti Dhi".

 

"Satemene lelakon aneh iki rak wis wiwit telung dina kepungkur ta Kakang?" wangsulane Marga karo nocogne panemune "wiwit awake dhewe nyumurupi ana Macan Loreng sing gedhene sak sapi sing kuwat mencolot nglumpati ambane bengawan, saka gampeng lor menyang gampeng kidul, kae aku wis rumangsa gumun lan ngarani yen kae aneh, luwih-luwih bareng macan kae banjur njerum karo ngulati awake dhewe saka dharatan, kae rak ya luwih aneh ta kakang?".

 

"Bener Dhi" kandhane Rangga mbenerne panemune Marga "nanging wektu kuwi, si Adhi menging aku nalika aku arep mencolot menyang dharatan nyedhaki macan kae".

 

"Iya Kakang" wangsulane Marga "jalaran tak kira ora ana gunane nyedhaki macan sing ora ganggu gawe marang awake dhewe. Lelakon aneh liyane, pas sadurunge gethek tak inggirne kae, dumadakan ing tengah kedhung sing jero getheke dhewe mandheg tanpa sabab, ora gelem mlaku nuruti iline banyu bengawan, lagi bareng tak inggirne gethek gelem obah kaya padatane. Mandhege Gethek kuwi mau satemene ya klebu aneh Kakang".

 

"Iya, iya bener Dhi" Rangga manthuk-manthuk kaya-kaya lagi nggagas marang rembuge Marga sing lagi diucapake kuwi mau.

 

Nanging dumadakan nom-noman loro kuwi banjurleren olehe padha rembugan. Saka wuwungan gandhok papane leren, keprungu cetha ana suwara manuk Drekuku sing muni banter klawan suwara bening, gandem kaya suwarane bendhe, telung rambahan. Banjur payone gandhok sing digawe saka welitan alang-alang garing kuwi dipiyak saka ndhuwur.

 

"Klothak.....!".

 

Ana blabag tipis sing amba lan dawane sakilan, tumiba ing jogane gandhok. Disusul karo suwara Manuk Drekukuk sing manggung padha mau. Rangga mudhun saka ambene, banjur njupuk blabag tipis sing lagi diceblokne saka sela-selaning payon gandhok. Disusul suwarane manuk mabur ninggalne papan kono kuwi, banjur keprungu anggunge sing sansaya ngadoh.

 

"Barang apa kuwi Kakang?" Marga takon, nalika Rangga katon ngiling-ilingi blabag tipis sing diserut alus kuwi.

 

"Sajake layang Dhi" wangsulane Rangga sing banjur maca tulisan sing ana blabag tipis kuwi, sinawung ing tembang asmaradana :

 

"Heh Rangga Marga wong kalih

ingsun Puthut Jayantaka

saking paguron ing Tangen

ingsun tunggu praptanira

ing gisiking bengawan

sepira kaprawiranmu

diage mara tuduhna".

 

"Apa iki sing diarani layang panantang Kakang?" pitakone Marga sawuse Rangga rampung macakne tembang sing tinulis ing blabag tipis kuwi.

 

"Bener Dhi" wangsulane Rangga "sajake wong sing ngaku jeneng Puthut Jayantaka kuwi ora narimakake andhane dikalahne awake dhewe dhek awan mau".

 

"Iya Kakang" Marga takon "banjur prayogane diumbar wae? apa dituruti kanthi awake dhewe mara menyang pinggir bengawan mau?".

 

"Nek diumbar, aku kuwatir wong kuwi nesu banjur ngrusak omahe Ki Lurah sing dipanggoni awake dhewe iki Dhi" wangsulane Rangga "becike ya dituruti wae, apa karepe Si Puthut Jayantaka sing wis menehi layang panantang marang awake dhewe iki".

 

"Yen mangkono, ayo gek enggal budhal wae Kakang" Marga ngajak sedulur angkate kuwi supaya enggal budhal.

 

"Ayo" wangsulane Rangga "sesidheman wae, aja nganti Ki Lurah lan won-wong ing Grumbulan kene padha ngerti".

 

Kanthi alon-alonan, Rangga lan Marga banjur metu saka gandhok. Tekan njaba banjur mlaku golek dalan sing tumuju menyang gisiking bengawan panggonan nom-noman loro kuwi ninggal getheke. Ing langit rembulan sing lagi kalangan nyorotake sunare, kaya-kaya aweh pamrayoga marang nom-noman loro sing arep nemoni wong sing wis aweh panantang marang dheweke.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (007)

 

Rembuge Ki Lurah Grumbulan kuwi cetha tumrape para Sapukawat lan wakiling para warga desa sing mlumpuk ing pendhapa kuwi.  Nanging Rangga lan Marga sing ora weruh bongkot pucuking perkara sing ana desa kono dadi bingung. Mung ana sethithik gambaran sing ana sajroning angen-angene Rangga lan Marga, ya iku wektu kuwi Desa Grumbulan lagi dikuwasani dening wong liya sing mung tansah gawe kapitunane warga Grumbulan. Yen nitik kedadean mau awan, Rangga lan Marga duwe panduga yen Desa Grumbulan kuwi dikuwasani dening Paguron Tangen, nanging dikuwasani sing kepriye Rangga lan Marga sing durung bisa ngira-ira. Mula nalika Lurah Grumbulan ngandhakne marang para Mancakaki lan Sapukawat sarta bebau ing Grumbulan yen tekane Rangga lan Marga iku dianggep arep aweh pitulungan marang Desa Grumbulan, Rangga lan Marga banjur kepengin ngerti pitulungan apa sing bisa diwenehne marang Warga Grumbulan kono.

 

"Estunipun rak makaten ta Ngger"  Lurah Grumbulan tumuli arep aweh katrangan marang Rangga lan Marga sadurunge nom-noman loro kuwi takon "sampun radi dangu kula punika saben dalu mahas ing asepi, nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung murih Padhukuhan Grumbulan mriki punika enggal kapirangan pitulungan, saged ucul saking panyengkeremanipun titiyang sekti ingkang nindhes lan meres kawula ing Grumbulan mriki. Lha tigang dinten kapengker ing salebeting layap-liyep ing aluyut kula nyupena, mireng suwanten ingkang boten wujudipun ingkang paring warah bilih ingkang saged ngentas kawula Grumbulan mriki saking cengkeremaning mengsah, punika namung siswanipun Ki Tanpa Rupa, inggih punika nem-neman kalih ingkang nembe lelana mawi baita gethek ingkang prasaja. Pramila sareng Ki Senggot sumerep angger kekalih ingkang nginggiraken baita ing gisiking bengawan, Ki Senggot nunten ngabari kula. Lan nalika kula badhe manggihi angger kekalih kalihan para sapukawat Grumbulan, kula sampun sumerep bilih angger kekalih nembe tukarang perang tandhing kaliyan Ki Puguh tuwin Ki Panggah lan kalajengaken perang lumawan Ki Branjang lan Ki Brunjung. Inggih kanthi ningali anggenipun angger kekalih ngadhepi Ki Puguh lan Ki Panggah miwah Ki Branjang lan Ki Brunjung kala wau, kula saged damel dudutan bilih Angger Rangga lan Angger Marga punika siswanipun Ki Tanpa Rupa ingkang kautus dening Hyang Agung murih paring pitulungan dhateng kula miwah warga tuwin Padhukuhan Grumbulan punika".

 

"Nuwun sewu Ki Lurah" Rangga nyelani critane Lurah Grumbulan "mila kenging dipun wastani leres menawi kula lan adhi kula punika siswanipun Ki Tanpa Rupa. Saha menawi Ki Lurah miwah para warga ing Grumbulan mriki punika mbetahaken pitulungan, saetu kula kalih adhi kula punika boten badhe selak, lakar atur pitulungan dhateng ingkang mbetahaken punika sampun dados kuwajiban kula. Nanging, saderengipun kula tumindak, harak inggih kedah mangertosi langkung rumiyin punapa ingkang kedah kula tindakaken?. Kala wau Ki Lurah ndhawuhaken bilih wekdal punika Grumbulan nembe dipun kuwasani dening titiyang sekti ingkang tansah nindhes lan meres kawula ing grumbulan mriki. Sinten titiyang sekti punika? lan Kados pundi larah-larahipun titiyang sekti kasebat saged mangwasani Grumbulan punika?".

 

"Inggih, inggih Ngger" Ki Lurah Grumbulan mangsuli sing ditakokne Rangga "estunipun Padhukuhan Grumbulan mriki punika kacepit dening Paguron Ageng ingkang sami memengsahan. Paguron kalih punika sami-sami kandhanging tiyang sekti mandraguna sedaya. Inggih punika ing sisih wetan watawis lampahan setunggal dinten saking mriki nama Paguron Ngampon ingkang dipun esuhi dening Ki Ageng Julunggeni ingkang nggadhahi lekas badhe ngrebut Panguwaos ing Madiun. Lan ing sisih kilen ugi watawis lampahan setunggal dinten saking mriki, nami Paguron Tangen ingkang dipun esuhi dening Ki Ageng Tangen, ingkang nembe nusun kekiyatan kangge ngrebut panguwaos ing Mataram".

 

"Mangke rumiyin Ki Lurah" Marga genti sing nyelani rembug "Paguron kalih punika benten tujuwanipun kok sami memengsahan? lan sinten ingkang Ki Lurah dhawuhaken sampun mangwasani tumunten nindhes lan meres kawula Grumbulan punika? Paguron Tangen punapa Paguron Ngampon?".

 

"Inggih Ngger" wangsulane Ki Lurah Grumbulan marang Marga "Ki Ageng Julunggeni punapa dene Ki Ageng Tangen punika sami-sami anggenipun angimpun kekiyatan kangge lumawan mengsahipun, menawi Ki Ageng Julunggeni inggih kangge ngadhepi Madiun lan Ki Gedhe Tangen inggih kangge ngadhepi Mataram lan sinten kemawon ingkang boten purun diajak manunggal dhateng kekalihipun, deni kekalihipun dipun anggep mengsah. Lha kangge ngragadi mliginipun blanja lan tedhanipun para prajurit-prajuritipun, paguron kekalih punika sami rebatan anggenipun narik paos dhateng padhukuhan-padhukuhan sacaketipun kalebet padhukuhan Grumbulan mriki punika".

 

"Paguron Ngampon kalih Paguron Tangen sami-sami anggenipun narik Paos dhateng warga Grumbulan mriki Ki Lurah?  Lan Ki Lurah miwah para Warga ugi boten wonten ingkang purun ndaga utawi nulak kekajenganipun Paguron kalih kala wau ?" Rangga takon semu ngluputake marang Lurah Grumbulan.

 

Lurah Grumbulan ulate dadi peteng dadakan krungu pitakon setengah paweleh saka Rangga sing mangkono kuwi. Nganti sauntara Lurah Grumbulan kuwi ora bisa kumecap apa-apa ngrumangsani nek dheweke melu luput merga anane Grumbulan didadekne siwakan dening Paguron Ngampon lan Paguron Tangen, sarta kawulane diperes lan ditindhes. Ki Lurah Grumbulan banjur kelingan marang sedulure tunggal embah karo dheweke, sing marahi ndadekne  Ki Lurah mung bisa meneng nalika meruhi kawula ing Grumbulan diperes lan ditindhes dening Paguron loro kuwi.

 

"Nyuwun pangapunten Ngger" bareng wis rada suwe meneng Ki Lurah banjur guneman " mila leres ingkang dipun dhawuhaken Angger Rangga menawi kula lan meh sedaya kawula ing Grumbulan mriki namung saged mendel lan namung pasrah sarta nuruti pikajengipun Paguron kalih ingkang nindhes lan meres kawula ing Grumbulan mriki kala wau. Nanging, mugi kauningan , ingkang makaten punika jalaran estunipun Warga Grumbulan mriki kalebet kula nembe lan taksih repot padudon kaliyan sesamining sedherek".

 

"Padudon sesamining sedherek?" Marga nyela takon.

 

"Inggih Ngger, boten namung padudon limrah nanging saged winastan perang rebat panguwaos temah ndadosaken Padhukuhan Grumbulan punika pecah dados kalih, Grumbulan Kilen inggih papan ingkang kula panggeni punika, kaliyan Grumbulan Wetan ingkang mapan sawetanipun lepen Gebyog ingkang dipun lurahi dening  yoganipun bibi kula piyambak nenggih Adhi Widarba. Suwaunipun kekiyatanipun Adhi Widarba meh saged kula tumpes, nanging lajeng Adhi Widarba minta sraya dhateng Ki Ageng Julunggeni ing Ngampon, lajeng gentos kula sakanca ingkang lajeng kethetheran lan meh mawon saged dipun tumpes. Lajeng kula kapeksa nyuwun bebantu dhateng Ki Gedhe Tangen, temah Adhi Widarba lan para pandherekipun saged dipun oyak lan mlajar dhateng wetan lepen Gebyog, dugi sapriki punika. Lan dumugi titi kalenggahan punika estunipun perang antawisipun Adhi Widarba kaliyan kula inggih dereng rampung".

 

"Dados paos ingkang dipun pendhet dening Paguron Tangen dhateng warga Grumbulan punika minangka opah anggenipun sampun suka pambiyantu dhateng Ki Lurah?" Rangga takon.

 

"Waunipun makaten Ngger, nanging lajeng wonten prajanjen antawisipun Paguron Ngampon kaliyan Paguron Tangen ingkang isinipun Paguron Ngampon namung badhe ngrencangi Adhi Widarba menawi kula sakanca badhe nglurug dhateng sawetanipun Lepen Gebyog, kosok wangsulipun Paguron Tangen namung badhe mbiyantu kula menawi Adhi Widarba sakancanipun nglurug dhateng sakilenipun Lepen Gebyog. Lajeng titiyang paguron kekalih punika sami-sami nggadhahi wewenang mendhet paos dhateng warga Grumbulan Kilen lan Grumbulan Kilen. Sanaosa makaten, estunipun Paguron Kalih punika inggih boten rukun, awit sami anggenipun kepengin saged nelukaken setunggal lan setunggalipun, pramila inggih sami anggenipun madosi lenanipun mengsah".

 

Rangga lan Marga manthuk-manthuk krungu critane Lurah Grumbulan sing mangkono iku. Dadi cethane Lurah Grumbulan lan para Bebau lan sapukawat Grumbulan kuwi, arep njaluk tulung marang Rangga lan Marga supaya ngendheg Paguron Tangen lan Paguron Ngampon anggone narik pajek marang warga Grumbulan. Iki genah nek panjaluk sing ora tinemu nalar, jalaran mokal menawa Paguron loro kuwi gelem nglereni olehe narik pajek marang warga Grumbulan lan saupama dipeksa bakal tuwuh pasulayan, antarane Rangga lan Marga mungsuh Paguron loro sing cacahe bisa atusan wong akehe.

 

"Mangke rumiyin Ki Lurah" sawuse mikir rada suwe Rangga banjur guneman "ing ngajeng Ki Lurah dhawuh bilih Ki Lurah nate perang kaliyan Ki Widarba, ingkang kula suwunaken pirsa kekiyatan ingkang setya lan purun ngrencangi Ki Lurah perang punika cacahipun samangke taksih pinten?. Jalaran menawi namung kula kaliyan adhi kula piyambak ingkang kedah ngadhepi tiyang-tiyang saking Paguron Tangen utawi Paguron Ngampon ingkang cacahipun wonten atusan tiyang, tartamtu kula kekalih boten badhe mimpang".

 

"Oo, menika ta Ngger?" Ki Lurah Grumbulan wangsulan karo mesem "estunipun, kajawi kanca-kanca kula ingkang sami boten rujuk menawi Adhi Widarba mbalela, punika kirang langkung wonten wolung dasa tiyang, kula ugi taksih gadhah simpenan kekiyatan inggih punika para siswa saking Paguron Pelanggolan watawis cacah kalih atus tiyang, dhawuh ingkang kula tampi saking Ki Gedhe Pelanggolan para siswanipun namung dipun keparengaken paring pambiyantu dhateng Padhukuhan Grumbulan kedugen mengsah saking sajawinipun Grumbulan, menawi kangge ngadhepi sami-sami tiyang Grumbulan Ki Ageng Pelanggolan boten ngeparengaken"

 

 

ana candhake.

Senin, 06 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (006)

 


6.

 

Rangga lan Marga ngulati wong sepuluh sing marani papane lungguh kanthi kebak kawaspadan. Nom-noman loro kuwi uga banjur nata ati, kekarone ora kepengin tukaran kaya sing lagi wae kedadean. Rangga lan Marga isih rada nggetuni olehe wis padha tukaran malah kena diarani nganti arep paten pinaten mung sabab sing sepele tur ya ora cetha sing dadi perkarane. Rangga karo Marga tumuli mapagne wong sepuluh sing nekani kuwi karo ulat sing padhang lan esem sing sumeh.

 

"Kula ingkang sowan Raden" sadurunge Rangga lan Marga kumecap mbegekne, salah siji saka wong sepuluh kuwi mbungkukne awak aweh kurmat sing banjur diterokne wong liyane, karo alok sapa aruh.

 

"Mangga-mangga Kisanak" wangsulane Rangga grapyak semanak, sing banjur ditutne Marga nyedhaki wong sing lagi teka kuwi karo ngajak sesalaman.

 

"Nyuwun pangapunten Raden menawi sowan kula lan kanca-kanca punika menawi sampun damel kejoting penggalihipun Raden kekalih" wong sing dadi tetuwaning wong sepuluh kuwi guneman klawan sikep sing banget ngajeni "inggih saderengipun mugi kaparengna kula anepangaken dhiri, kula pun Kuwera lan tiyang-tiyang mastani kula Ki Grumbulan, ingkang piniji anglurahi padhukuhan Grumbulan mriki dene rencang-rencang kula punika sapukawating Padhukuhan Grumbulan sedaya".

 

"Inggih Matur nuwun Ki Lurah" wangsulane Rangga karo manthuk kurmat "nami kula Rangga lan niki Adhi kula naminipun Marga. Kula kekalih lare kleyang kabur kanginan ingkang nembe remen dolan kluyuran nurut ilininipun toya bengawan punika".

 

"Nyuwun pangapunten Raden Rangga miwah Raden Marga" Ki Lurah Grumbulan guneman maneh "estunipun kula sakanca sampun sumerep ingkang andika kekalih tindakaken dhumateng Ki Puguh miwah Ki Panggah lajeng dhumateng Ki Branjang tuwin Ki Brunjung, ingkang nembe kemawon punika kala wau".

 

Rangga karo Marga rada kaget, semu pekewuh lan rumangsa ora kepenak rasane ditlemak dening Ki Lurah Grumbulan ngono kuwi. Mula daya-daya Marga kumecap wangsulan :

 

"Inggih Ki Lurah, saestu kula lan kadang kula sampun ngrumaosi ing kalepatan dene sampun tumindak ingkang boten sae ing dhusun punika,  mugi Ki Lurah kersaa ngluberaken sih pangapunten dhumateng kula kekalih".

 

Lurah Grumbulan lan kanca-kancane padha inget-ingetan padha kancane dhewe-dhewe, krungu tembunge Marga sing njaluk pangapura kuwi. Sawuse padha gedheg lan padha manthuk padha kancane, Lurah Grumbulan banjur guneman nganggo basa sing alus :

 

"Raden kekalih babar pisan boten lepat Raden" karo muni ngono kuwi Lurah Grumbulan nangkepne epek-epek tangane ing dhadha aweh kurmat "malah kepara Raden Kekalih sampun paring pitulungan dhumateng kula miwah para warga ing Grumbulan mriki, inggih awit saking pitulung ingkang kaparingaken dhateng kula miwah warga Grumbulan, kaparenga kula sakanca ngaturaken agenging panuwun dhumateng Raden Marga miwah Raden Rangga".

 

Rangga lan Marga sing rumangsa ora mudheng karo sing dadi ucape Lurah Grumbulan kuwi inget-ingetan dhewe-dhewe. Awit kekarone ngrumangsani wiwit mau ora tumindak apa-apa kajaba malah wis tukaran karo wong-wong sing ngaku saka Paguron Tangen. Kok mara-mara Lurah Grumbulan omong ngaturake panuwun jare rumangsa wis ditulungi. Banjur ditulungi ing babagan apa?.

 

"Nyuwun pangapunten ki Lurah" Rangga banjur guneman "saderengipun nglajengaken rembag ingkang kathah-kathah, langkung rumiyin mugi Ki Lurah kepareng njabel timbalan Raden dhateng kula lan adhi kula niki, jalaran kula lan adhi kula niki namung lare dhusun ingkang boten cetha pagesanganipun, Ki Lurah lan sadaya kemawon cekap njangkar dhateng kula lan adhi kula, utawi saged ugi mawi sebatan Thole, napa Ngger, napa punapa kemawon ingkang limrah kangge nimbali tiyang dhusun kados kula lan adhi kula punika".

 

"Inggih Raden" Lurah Grumbulan mangsuli panjaluke Rangga "estu kula sakanca boten pitados menawi ndika kekalih punika namung lare dhusun, jalaran kula sumerep piyambak kadibyan saha kasekten andika kekalih, ingkang sakalangkung gampil ngasoraken tiyang-tiyang sekti saking Paguron Tangen. Nanging gandheng ndika kekalih boten marengaken ngaturi mawi sebatan Raden, inggih kula sakanca namung saged ngestoaken dhawuh mugi kula sakanca katebihna saking sesikuning Hyang Agung, menawi kula boten mawi sebatan raden nalika ngaturi Angger Rangga miwah Angger Marga".

 

"Matur nuwun Ki Lurah" Rangga mesem seneng "salajengipun, kula saestu boten ngertos kaliyan ingkang Ki Lurah dhawuhaken, jalaran kula boten rumaos sampun caos tetulung dhateng sinten-sinten, malah kepara kula kalihan adhi kula punika kala wau, jalaran namung perkawis sepele sampun wantun tukaran kaliyan titiyang saking Paguron Tangen ing bumi Grumbulan mriki".

 

Lurah Grumbulan ngguyu lirih, krungu pangucape Rangga sing sajak bingung karo sing dikadhakne mau.

 

"Radi panjang cariyosipun Ngger" kandhane Ki Lurah Grumbulan "gandheng wekdalipun sampun ndungkap serap, srengenge sampun andhap ing sisih kilen, kamangka taksih kathah ingkang kedah kula aturaken saha kula suwunaken tulung dhateng Angger kekalih, mbok inggiha Angger Rangga lan Angger Marga kepareng pinarak ing sudhung kula, ing saleripun gegrumbulan punika".

 

"Menawi punika ingkang dipun kersakaken dening Ki Lurah, inggih kula kalihan adhi kula ndherek" wangsulane Rangga sing wiwit ngrasakne yen tenaga lan pikirane sajak dibutuhne dening wong-wong sing perlu ditulung, kang mangkono kuwi uga diraksakne dening Marga sing tansah eling karo weling sing ditampa saka Ki Patih Mandaraka jaman semana, ya iku sajeroning lelana menyang brang wetan Rangga lan Marga kesampiran kuwajiban supaya ngakeh-akehne nggone asung tetulung marang sapa wae kang mbutuhake.

Jebul papan padhukuhan Grumbulan kuwi ora adoh saka pinggir bengawan kuwi, manggon ing lemah sing papane rada dhuwur, dadi bisa kalis saka bebaya banjir sing sok ngirimne banyu saka gunung sing digawa bengawan Uluayu kuwi. Ki Lurah Grumbulan banjur paring prentah marang para bebaune supaya nglumpukne para wakile warga desa ing pendhapa kalurahan kanggo nampa kabar anyar sing mbok menawa bisa nuwuhake kabecikan marang Padhukuhan Grumbulan lan wargane sing sasuwene iki lagi nandhang ing kapetengan. Ki Lurah uga kandha marang Rangga lan Marga supaya mengko bengi gelem ngrungokne tangise wong-wong Padhukuhan Grumbulan sing lagi kajajah dening wong-wong sing duwe kaluwihan ing kasekten lan kadigdayan nanging dhemen nindhes lan meres marang wong ringkih kaya warga desa Grumbulan. Nom-noman loro sing lagi nglakoni paukuman sing ditibakne dening Ratu Mataram kuwi mung ngiyani wae.

 

Wengine nalika Rangga lan Marga wis reresik awak, nindakne kuwajibane marang Gustine sarta wis rampung olehe ngrahabi suguhan sing dicawisake dening Nyi Lurah ing pringgitan, Lurah Grumbulan nyedhak karo kandha :

 

"Angger kekalih, keparenga angger pindhah lenggah ing pendhapa kula lan warga Grumbulan badhe matur kathah ing ngarsanipun Angger Rangga miwah Angger Marga, awit kula pitados bilih Angger kekalih punika utusaning Gusti kados ingkang sampun kula tampi wartosipun lantaran sasmitaning pasupenan sasmpunipun kula mahas ing sepi, awit mrihatosaken kawontenaning padhukuhan punika tigang dinten kapengker".

 

"Nuwun sewu Ki Lurah" Rangga wangsulan sadurunge ngadeg arep ngalih menyang pendhapa kumpul karo warga desa sing wis sauntara ngenteni neng kana "sampun sanget-sanget anggen ndika kagungan panganggep dhateng kula lan adhi kula punika. Jalaran bares kemawon kula kalihan adhi kula punika estu, namung lare ingkang kumleyang kabur kanginan, tanpa dhangka tanpa kayang ingkang remen kluyuran boten cetha ingkang dipun tuju. Dados kula kinten Ki Lurah sampun lepat menawi kagungan panganggep bilih kula kekalih punika utusaning Gusti kados ingkang Ki Lurah dhawuhaken punika".

 

"Sampun ngger, mangke kemawon murih cetha sadayanipun, kaprenga Angger Rangga lan Angger Marga pinarak lenggah ing pendhapa kempal kaliyan para bebau tuwin para wakiling warga Grumbulan, mangke Angger kekalih tartamtu badhe pirsa menggah leresing atur kula kala wau" wangsulane Ki Lurah sing banjur ngadeg ngajak Rangga lan Marga ngalih enggon menyang pendhapa.

 

"Para bebau lan para sedulurku kabeh ing Grumbulan" kandhane Ki Lurah marang wong sing mlumpuk ing pendhapa, sawuse Rangga lan Marga melu mapan lungguh ing sisihe Ki Lurah, madhep marang wong-wong sing lungguh kupeng ing jogane pendhapa "rong dina kepungkur aku nate ngabarake marang ndika kabeh yen aku wis nampa wisiking jagad yen ora suwe maneh Padhukuhan Grumbulan bakal bali tentrem kaya wingi-wingi sadurunge kebawah panguwasane Paguron Tangen. Wingenane aku kandha yen aku isih bingung lan durung bisa nemokne paraga sing dikabarake ing impenku kuwi, lagi awan mau, ing pinggiring bengawan awit saka kamurahane Gusti, Ki Bebau ing Senggot weruh paraga sing dikabarake ing impenku kuwi, bareng tak nyatakne karo kanca-kanca sapukawat Grumbulan, pranyata bener. Lan wektu iki paraga loro kuwi wis klakon rawuh lan tedhak ing pendhapa kene, dadi mengko padha semaken apa sing dadi dhawuhe Angger Rangga lan Marga sawuse aku matur marang panjenengane bab-bab kang magepokan karo kahanane Padhukuhan Grumbulan".

 

"Inggih" wong sapendhapa semaur bareng. Katon ing pruapane wong-wong mau nggambarake rasa seneng kebak pangarep-arep kanggo kabecikane padhukuhane.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (005)

 


5.

Ki Brunjung kaget ngerti kekuwatane Marga sing kuwawa nangkis dugangane malah kepara bisa ngontalne awake nganti ambyar kuda-kudane. Atine Ki Brunjung dadi sansaya panas, pandakwane marang Marga, bocah nom kuwi wis ngetog kabeh kekuwatane kanggo nangkis serangan sing mung nggunakne separoning kekuwatan.  Sanadyan ta mangkono Ki Brunjung uga ngakoni yen Marga pancen nduweni kekuwatan sing rada dhuwur katimbang sak lumrahe. Mula Ki Brunjung nuli nata kuda-kuda maneh lan ngundhakne kekuwatane rong lapis ing sadhuwure tenaga sing dicakne mau. Marga tanggap yen Ki Brunjung arep aweh serangan sing luwih mbebayani tinimbang sing lagi wae kena ditangkis, mula Marga uga ora tinggal ing kaprayitnane.

 

Sauntara kuwi ing papan sadhuwure gisik, beda banget karo Marga, Rangga wis ilang rasa sabare marang Ki Branjang sing keladuk nggone ngongasne kasudirane. Ora kanthi rikuh pekewuh maneh, kabeh pangabarane Ki Branjang tansah diorak-arik karo Rangga. Wis bola-bali Ki Branjang tiba glangsaran nalikane adu kekuwatan, wis bola-balo kepelane Rangga ngampiri awake Ki Branjang. Sauntara Ki Branjang babar pisan durung bisa males pisan-pisana. Rumangsa wis digawe wirang dening mungsuhe, Ki Branjang dadi sansaya ngigit-igit marang Rangga. Pedang pusaka sing mau gumantung ing lempenge tumuli didudut saka wrangkane, Ki Branjang wis niyat arep mateni Rangga nganggo pedhange.

 

"Rangga, tak akoni kowe nyata prigel ing ulah kanuragan" kandhane Ki Branjang karo nggereng, tangane tengen wis kenceng nggegem gagang pedhange "mula ora nggumunake yen kowe wis wani adol gendhung neng ngarepku. Saiki waspadakna apa sing ana tanganku iki?".

 

"Wis ora kurang cetha nggonku ngingeti Ki Branjang" wangsulane Rangga karo mesem ngece "ayo warahana aku carane nyolahne pedhang kaya sing ndika cekel kuwi, nanging sadurunge kena ndika pirsani kaya apa asil gladhenku njoged ing sela-selane samberan pedhang".

 

Rampung guneman ngono kuwi Rangga banjur ngobahne tangan lan sikile, ngemba solahe paraga sindhen sing lagi njoget ing adicara bersih desa ngana kae.  Kaya geni murub disiram lenga, kanepsone Ki Branjang weruh solahe Rangga sing memanas atine ngono kuwi. Sakala banjur matak aji piyandele , sing sinebut Aji Candrasa Geni. Kekuwatan hawa murnine Ki Branjang mlumpuk dadi siji, dipunjerne menyang pedhang sing ana gegemane, sakala pedhang kuwi murup mengangah kaya pedhang sing lagi arep disepuhi sawise dibong geni pandhen.  Sadhepa mubeng saka papane Ki Branjang krasa panas sing kagila-gila, saking panase hawa sing sumebar saka anggane Ki Branjang suket-suket sing ana kiwa tengene padha gosong lan wit-witan cilik-cilik padha alum.

 

Kang bareng karo Ki Branjang matak aji Candrasa Geni, Ki Brunjung sing tanpa gegaman ngadhepi Marga sansaya kethetheran ngendhani upat-upat pecute Marga sing kaya tawon gung ngiteri sarandhuning awake, pisan pindho pucuking upat-upat nyenggol kulite Ki Brunjung kaya tawon endhas sing ngeplak lan nancepake entupe, ndadekne Ki Brunjung ngrasakne lara sing angel diampet.  Sawuse ana kalodhangan sethithik, kaya patrape Ki Branjang, Ki Brunjung banjur ndudut pedhang saka wrangkane, banjur matak aji padha karo sing diwatak Ki Branjang yaiku sari pathining jurus pedhang saka Paguron Tangen, Aji Candrasa Geni.  Ki Brunjung sing wis bisa naker kasektene Marga, wis ora nganggep entheng maneh musuh sing lagi diadhepi kuwi. Ki Brunjung kepengin Aji Candrasa Geni sing lagi diwatak kuwi bisa nuwuhake kekuwatan sing ora bisa dibendung, lan kang mangkono kuwi mung bisa kelakon lamun antarane Candrasa Geni sing ana pangwasane bisa nyawiji karo Candrasa Geni sing ana pangwasane Ki Branjang, Sedulur tuwane. Mula karo mencolot munggah nyedhaki papane Ki Branjang kang uga wis matak ajine, Ki Brunjung nyumbari Marga supaya nututi munggah :

 

"Marga yen nyata kowe perwira ayo tututana munggah aku, jalaran eman yen Candrasa Geni mung ngobong awakmu dhewe, murih luwih cucuk, becike kowe karo Kakangmu bareng sekarat dipanggang Candrasa Geni sing lagi wae tak prentah iki" .

 

Ora semaur, Marga sing wis weruh pedhange Ki Brunjung sing murup lan tekane hawa panas sing kagila-gila kuwi, nyeblkane pecute banjur mlumpat mendhuwur nututi Ki Brunjung sing nyedhaki papan olehe kerengan Ki Branjang lan Rangga. Puguh karo Panggah sing wiwit mau mung meneng nyoba mulihne kekuwatane sing entek kekuras merga saka polahe dhewe, bareng weruh Ki Brunjung mencolot munggah ninggalne gisik bengawan, banjur padha nusul melu munggah.

 

Weruh nek Ki Brunjung wis nyedhak nggawa aji Candrasa Geni, Ki Branjang ngguyu bungah. Wong loro kuwi wis wani mesthekne nek sedhela maneh Rangga lan Marga sing wis wani ngremehne piyandel Paguron Tangen kuwi bakal kobong bebalunge lan mati kanthi rupa sing nggegirisi.  Wong loro tunggal guru kuwi banjur miwiti olehe arep nyawijekne kekuwatan aji Candrasa Geni, pedhange Ki Branjang diuncalne marang Ki Brunjung lan pedhange Ki Brunjung diuncalne marang Ki Branjang, wong loro wis ijol-ijolan Pedhang, ya ing kono kuwi kawitan manunggale kekuwatan sing selawase durung tau ana tandhinge.

 

Rangga lan Marga sing weruh yen Ki Branjang lan Ki Brunjung wis nyawijekne kekuwatan ajine, prayitna. Nom-noman loro kuwi banjur padha munjerne hawa murni menyang gegamane dhewe-dhewe, kanthi linandhesan aji Tawakullah. Kekarone wiwit ngeningke cipta karo ngucapne mantram sakti piyandele :

"Klawan asmaNe Kang Maha Welas Asih, tuhu tan ana daya kajaba awit pitulunganNe".

 

Dumadakan wong papat sing lagi padha olehe arep ngadu kekuwatan aji piyandele kuwi ditambah Puguh lan Panggah sing ngadeg ora adoh saka papan kono, padha dikagetne anane suwara sing krasa gawe geter ing jantunge dhewe-dhewe. Suwarane manuk Drekuku sungsun telu sing bola-bali muni, sing saben oleh telung rambahan meneng sedhela, banjur muni maneh.

 

"Guru?" Ki Branjang nyuwara lirih ing cedhak kupinge Ki Brunjung.

 

"Iya Kakang" wangsulane Ki Brunjung karo manthuk "Guru nimbali awake dhewe saiki uga kudu ngadhep ing ngarsane".

 

"Apa Guru ora pirsa yen awake dhewe lagi nandangi gaweyan wigati iki?"  Ki Branjang takon suwarane lirih banget.

 

"Mokal yen Guru ora uning Kakang" wangsulane Ki Brunjung "mbok menawa wae,  kagungan kersa liya marang bocah loro kuwi, supaya ora modar kepanggang Candrasa Geni".

 

"He Rangga karo Marga" kandhane Ki Branjang marang Rangga lan Marga sing wis tata-tata ngadhepi gempuran aji Candrasageni sing wis nyawiji "jalaran aku lan adhiku isih duwe rasa pangeman marang kowe sing isih bocah, tak idini dina iki kowe urip, nanging yen nganti mengko sak surupe srengenge kowe isih durung minggat saka kene, aku wis ora pakewuh maneh ndadekne kowe bocah loro dadi awu sing bakal tak sebar neng Bengawan".

 

"Matur nuwun Paman" cepet Marga aweh wangsulan, ndhisiki Rangga sing wis meh mbukak lambene arep mangsuli kandhane Ki Branjang "jebul Guru nDika ora ngersakne aku lan ndika padha kerengan, ora usah ndadak nganggo rikah-rikuh, mangga diage ndika padha ngadhep marang Guru nDika sing wis wiwit mau celuk-celuk nimbali kae".

 

"Setan Kowe Marga" Ki Brunjung misuh. Nanging wong loro kuwi uga tumuli ngrucat ajine dhewe-dhewe, aweh sasmita marang Puguh lan Panggah, banjur gegancangan mlayu mengulon nasak petenging gegrumbulan.

 

"Eman........" kandhane Rangga lirih, sawuse rada sauntara wong-wong sing ngaku saka Paguron Tangen kuwi padha lunga.

 

"Eling kakang" Marga nyauti "Welinge Gusti Patih Mandaraka jaman semana isih durung owah, lan aku isih wedi karo sesikune".

 

"Ha...ha....ha......" Rangga ngguyu banter "bener kandhamu Adhiku, nanging pancen kudu diakoni Welinge mBah Juru kuwi biyen pancen angel dilakoni, mosok dadi wong kok mung diprentah Ngalah karo Ngalih, lagi kena ngamuk mung nek kapeksa lan ora kena ana pepati? Angel.....angel..... angel....".

 

Marga mesem krungu tembunge Rangga sing ngono kuwi, banjur guneman alon nanging ngemu teges :

 

"Aku satemene gumun Kakang, ya gene awake dhewe iki mau gampang temen tukaran karo wong-wong saka Paguron Tangen? kamangka nek digagas iki mau perkarane apa cetha nek ora cetha ta? mosok mung merga rembug sepele wae nganti dadi kerengan sing kaya ngono mau?".

 

"Lha iya? Apa iki tengaraning Jagad ya Dhi?" Rangga nanggapi tembunge Marga.

 

"Tengara kepriye Kakang?"

 

"Welinge mBah Juru biyen, yen wis nyedhaki Getheke dhewe ambyar, awake dhewe kadhawuhan nambahi rasa sabar, jalaran jumbuh karo lakuning pepesthen, sansaya cedhak karo dalan munggah menyang Gunung Lawu, getihe dhewe gampang umub mung sabab perkara sing sepele?"

 

Marga meneng ora wangsulan, merga nom-noman loro kuwi dumadakan weruh saka waliking grumbul sisih lor, katon ana wong sepuluh sing mara nyedhaki papane padha lelungguhan.

 

ana candhake.

 

 

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (004)


 4.

Weruh tekane wong loro sing ngguyu-ngguyu karo malangkerik neng ngarepe, Puguh karo Panggah sing dhasare wis kentekan tenaga kuwi banjur ndheprok neng lemah lungguh timpuh karo praupan nunjem neng lemah.  Rangga karo Marga banjur ngundurne awake sajangkah karo waspada nguwasi sing lagi teka. Rangga lan Marga tetep prayitna, tangane padha kenceng nggone nggegem dangan gegamane dhewe-dhewe. Wong loro sing lagi teka, sing padha dene nganggo sandhangan sing padha, yaiku klambi lurik lan iket-iketan modang kabeh sarwa abang, sajake umur-umurane ya ora pati akeh kaceke, padha olehe wis setengah tuwa, rambute sing dawa nganti tekan bau, katon  wis ana sing rupane putih. Wong loro kuwi ora kedhep nggone namatne Rangga lan Marga saka ngisor tekan dhuwur.

 

"Sapa jenengmu lan bocah ngendi kowe Gus?" salah siji saka wong loro kuwi takon "teka ora duwe rasa welas babar pisan, arep nguras tenaga lan napase Puguh karo Panggah ponakanku loro iki, He?".

 

"Nuwun sewu Paman" karo aweh kurmat Rangga alon-alon aweh wangsulan "jenengku Rangga lan iki adhiku Marga, aku bocah loro iki keneng diarani bocah sing kleyang kabur kanginan, dene biyen omahku ana ing desa Jurug kana".

 

"Jenengmu Rangga lan kuwi adhimu Marga? Omahmu Jurug? kowe bocah loro kuwi saka Paguron ngendi lan sapa sing dadi Gurumu Gus?" wong sing sijine genti sing takon.

 

"Mengko dhisik" Rangga aweh wangsulan "Paman mau wis takon sapa jenengku lan ngendi omahku, lan uga wis tak wangsuli, murih adile aku kudu genti sing takon Paman sakarone iki sapa? lan saka ngendi mungguh sing dadi asale?".

 

"Kelandhepen lambemu Gus" wangsulane wong sing luwih dhisik takon "wani-wanine kowe takon sapa aku lan ngendi asalku".

 

"Sakarep ndika olehe arep ngarani Paman" Genti Marga sing guneman "yen Paman wis rumangsa diremehne dening pitakone kakangku, aku sing njalukne pangapura. Aku lan kakangku uga ora arep mangsuli sing ndika takokne, merga wong luhur kaya ndika kuwi ora mbutuhne Paguron sarta Guruku, dadi tak wangsulana ya ora ana gunane".

 

"Keparat,  luwih landhep maneh pangucapku he Marga" wong kuwi nggetak karo menthelengi Marga "sajake kowe api-api durung krungu ya? sapa wonge sing wani ora wangsulan kanthi blaka nalika ditakoni dening Ki  Branjang apa dene Ki Brunjung saka paguron Tangen padha karo kepengin nglalu, mati ing tangane Ki Brinjung apa dene Ki Branjang He?".

 

"Ha... ha.... ha....." Rangga ora kuwat ngempet olehe ngguyu krungu salah siji saka wong loro kuwi wis nyebut jenenge kamangka mau ngarani dheweke wis kelandhepen merga wani nakoni sapa jenenge wong loro kuwi "matur nuwun Paman Branjang lan Paman Brunjung, aku ora arep wani takon maneh, sapa ndika lan ngendi asal-usul ndika. Lan merga aku wedi nek nganti ora blaka karo ndika wong loro, tak wangsuli pitakon ndika sing mau. Aku karo adhiku iki saka Paguron Jagad raya, dene guruku kabeh titahe Gusti sing wujud apa wae sing tak temoni, kalebu ndika wong loro iki lan ponakan-ponakan ndika loro kuwi".

 

Wong loro kuwi katon mbrabak praupane krungu wangsulane Rangga, merga wis cetha yen Rangga wis ngremehne wong loro kuwi, tata gelar muni yen wong loro kuwi didhaku dadi gurune, nanging Rangga uga ngarani nek Rangga karo Marga uga muride Puguh lan Panggah sing lagi wae diperes kekuwatane dening Rangga lan Marga, kanthi mangkono padha wae Rangga wis ngarani nek Rangga lan Marga uga kuwawa meres tenagane Branjang lan Brunjung.

 

Marga sing uga krungu wangsulane Rangga marang Branjang lan Brunjung rumangsa ora kepenak atine, merga kanthi wangsulan sing mangkono kuwi, miturut Marga, Rangga wis ora sabar maneh meruhi sikepe Branjang lan Brunjung sing kaduk adigang adigung lan adiguna. Lan yen Rangga wis ora sabar, ateges Rangga arep kumat maneh olehe seneng tukaran karo wong sing dianggep kumalungkung.  Kamangka welinge Patih Mandaraka nalika samana, Marga didhawuhi ngancani Rangga lelana nggoleki Sendhang Mustikaning Warih  kuwi, salah siji saka kuwajibane kudu bisa ngendhaleni Rangga murih ora seneng gampang tukaran maneh. Kena tukaran lamun kudu mbrastha angkara murka kang gawe kapitunane wong akeh. Weling liyane yen kapeksa kudu tukaran, ora kena gawe pepati kajaba yen kapeksa. Mula bareng Rangga aweh wangsulan sing tundhone bakal ndadekne pasulayan munggahe dadi kerengan, Marga dadi ora kepenak rasane.

 

"Nuwun sewu Paman" Marga banjur guneman marang Brujung lan Bronjong kanthi basa sing alus "pancen tenane ngono, aku karo sedulurku iki ora duwe Paguron sarta ora tau meguru ing reh ulah kanuragan, dadi dening Kakangku sapa wae sing tau ditemoni banjur dianggep gurune, klebu Paman Branjang lan Brunjung. Tak suwun Paman Sakloron ora dadi duka lan salah tampa karo sing dadi ature kakang Rangga mau".

 

"Hm......." Branjang sing mau takon dhisik dhewe nggereng, pambudidayane Marga murih wong loro kuwi ora salah tampa, malah sansaya nambahi nesune.

 

"Marga lan kowe Rangga" kandhane Branjang karo semu nggereng "aku ora nesu, nanging pancen kowe bocah loro perlu diwenehi wulangan sethithik ben ngerti ora kebacut seneng ngremehne wong tuwa. Yen nyata kowe wis nganggep aku iki klebu gurumu, tata-tataa arep tak jajal sepira kawruhmu ing babagan kanuragan".

 

"Matur nuwun Paman" Rangga sing wis ora sabar kuwi nyauri "mangga munggah neng dhuwur kana, golek papan sing rada jembar yen pancen nDika kepengin aweh gladhen karo aku lan adhiku".

 

Muni ngono kuwi Rangga banjur mlumpat mendhuwur, golek papan sing luwih lempar tinimbang ing gisiking Bengawan. Ora kesuwen, Branjang banjur nututi munggah. Marga sing wis ora bisa ngendheg karepe Rangga, ora ana pilihan liya kajaba kudu ngadhepi Brunjung sing wis pasang kuda-kuda arep aweh serangan marang Marga.

 

"Ayo Marga coba nyeranga luwih dhisik aku kepengin ngerti sepira kekuwatanmu, nganti kowe wani sesongaran ing ngarepku lan ngarepe Kakang Branjang" kandhane Brunjung aweh panantang marang Marga "apa kowe uga kepengin golek papan sing luwih lempar kaya Kakangmu kareben gampang olehmu arep mlayu? He?".

 

"Mengko dhisik Paman" wangsulane Marga "aku tak nyinggahne pusakaku luwih dhisik, sadurunge ngladeni Paman sing arep aweh wuwuhan wulangan marang aku".

 

"Ha ha ha ....." Brunjung gumuyu banter banjur wangsulan "ora perlu nganggo pekewuh Marga, ayo gunakna pecutmu ora-ora yen nganti aku kerepotan nek mung ngadhepi pecut sing mung pantes kanggo ngeden-edeni wedhus prucul sing ora duwe sungu kuwi".

 

"Yen pancen mangkono sing dikersakne Paman, ya wis coba ndika biji kepiye mungguh kabisanku nyolahne pecut" wangsulane Marga sing uga banjur siaga ngadhepi Brunjung.

 

Marga maju sajangkah banjur ngangkat pecute, diseblakne banter sengaja ora dikenekne marang Brunjung nanging mung diarahne ing awang-awang sadhuwure sirah.  Brunjung kaget krungu suwarane pecut sing jumlegur banter, sajroning atine wiwit ngakoni yen Marga pancen duwe karosan sing gedhe temah bisa nyeblakne pecut sing nuwuhake suwara sing banter ngono kuwi. Nanging Brunjung ora ngrumangsani yen olehe Marga nyeblakne pecut mau pancen disengaja ora diarahne marang awake. Malah Brunjung ngira yen Marga ora duwe katitisan kanggo nyabetake pecute.

 

"Goblog kowe Marga" kandhane Brunjung karo tata-tata arep males nyerang "kedhuwuren olehmu ngarah sirahku, eman banget tenaga sing mbok tokne ilang muspra tanpa oleh gawe".

 

Marga mung mesem diunekne goblog dening mungsuhe, Marga ngerti yen satemene tembung goblog kuwi luwih pas yen kanggo ngarani Brunjung dhewe, sing ora weruh yen Marga sengaja ora ngarahne pecute marang sirahe. Nanging Marga ya ora bisa luwih suwe olehe nggagas sepira gobloge Brunjung, merga kanthi obah sing cepet Brunjung wis ngangkat sikile sing tengen kanggo nyadhuk Marga, dlamakane Brunjung kenceng ngener marang pernah dhadhane Marga. Marga tanggap, sikile Brunjung dipapagne nganggo tangan sing isih karo nyekeli gagang pecute, sauntara tangane kiwa aweh sanggan mbantu kekuwatane tangan tengen ing pener lengene. Ana kekuwatan loro sing tempuk, kekuwatane Brunjung sing aweh serangan nanggor kekuwatane Marga sing nadhahi.  Kena gempuran sadhukane Brunjung Marga ketleyek memburi nganti mundur rong jangkah, sauntara Brunjung sing ora nggagas nek Marga bisa nangkis serangane, malah banjur kontal memburi nganti meh limang jangkah, sempoyongan kuda-kudane ambyar.

 

 

ana candhake.

 

 

Sabtu, 04 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (003)

 


3.

Puguh sing weruh yen sedulure wis tumandang, nuli pasang kuda-kuda arep ngringkus Rangga sing lagi ngguyu merga weruh Panggah sing tiba krungkeb disusul gunemane Marga sing ngarani olehe tiba Panggah mau merga kepengin ngrebut Uwi Alus sing lagi arep dipangan dening Marga. Ora kaya Panggah, nadyan Puguh weruh yen Rangga babar pisan ora lagi siaga ngadhepi bebaya, nanging Puguh ora sembrana, kanthi petung sing mateng tangane sing wis dikepelne kuwi diobahne ngarah marang uwange Rangga. Puguh ngira yen kepelane bakal ngendheg guyune Rangga lan malih dadi sambat ngaruara. Nanging jebul pangirane Puguh luput, kaya lupute kepelane sing diarahne uwange Rangga. Rangga kanthi cukat ngeblagne awake memburi banjur njengkelit, muter awake sepisan wis dadi ngadeg karo nata kuda-kudane. Nyerang sepisan bisa diendhani, Puguh nggereng ora ndadak nganggo omongan maneh, sikile Puguh genti klawan cepet nyadhuk ngarah lambunge Rangga. Rangga ora nglilani sikile Puguh nyenggol lambunge, dhengkule Rangga diangkat kanggo mapag sikile Puguh, disusul tangane diobahne mengarep lurus ngener dhadhane mungsuh. Puguh kaget, dugangane ketanggor dhengkul kiwane Rangga sing disangga dening adeging sikil tengen sing bakoh kaya mancep neng lemah, ndadekne Puguh kontal memburi lan nalika weruh kepelane Rangga ngener ngarah dhadhane, Puguh ora kober endha, tujune wae awake mau ws mental memburi luwih dhisik dadi kepelane Rangga ora wutuh bisa ngenani dhadhane. Ewa samono panggah wae Puguh kesurung memburi nganti patang jangkah, karo awak sempoyongan.  Nanging Puguh nyata siswa Paguron Tangen sing wis mumpuni ulah kanuragan, dheweke wiwit ngerti yen nom-noman sing diadhepi kuwi dudu nom-noman lumrah, nanging nom-noman sing tau sinau ulah kanuragan. Mula Puguh banjur wiwit ngecakne ulah kanuragane ing tataran sing rada luwih dhuwur maneh.

 

Ora suwe sabanjure, wong papat sing mau kober basan binasan nganggo tembung sing alus ngajeni, banjur malik grembyang . Bola-bali keprungu pisuhane Puguh karo Panggah diselani karo sumbar pangancam sing jare arep gawe cilakane nom-noman sing mau kober aweh suguh Wi Alus Bakaran. Sansaya suwe anggone padha kerengan dadi sansaya rame, wis bola-bali Puguh lan Panggah ngundhakne tataran ngelmu kanuragane, ewa dene babar pisan durung katon ana asile, Rangga apa dene Marga durung bisa ditelukne.  Puguh lan Panggah sing kulina nelukne mungsuh-mungsuhe ora nganti ngentekne wektu suwe, dadi sansaya anyel. Saben wong loro kuwi ngunggahne tataran ngelmune, Rangga lan Marga ajeg  bisa ngimbangi, malah ora arang Rangga lan Marga kasil ndheseg memburi sing ndadekne Puguh lan Panggah rada kacipuhan.  Sansaya suwe, sansaya ilang kesabarane Puguh lan Panggah, siwane Ki Ageng Tangen loro kuwi, sing kekarone duwe pangira sing kuwat yen nom-noman loro sing lagi kerengan karo dheweke kuwi telik sandi utawa andhahane Ki Julung Geni, maune isih duwe rasa eman yen nganti Rangga lan Marga mati ana tangane. Jalaran weling saka Gurune wis ngandhakne nek Ki Ageng Tangen ora kepengin memungsuhan karo Ki Julung Geni. Mula yen nganti Rangga lan Marga kuwi mati ing tangane, mesthi ndadekne kriwikan dadi grojogan, Ki Julung Geni mesthi bakal ora trima karo patine andhahane lan bakal males ukum marang Paguron Tangen. Beda yen Rangga lan Marga mung dikalahne ora nganti dipateni, yen ana nesune Ki Julung Geni isih bisa disabarake kanthi pawadan yen mau wis ana kedadeyan salah paham sing isih bisa dilurusne. Nanging bareng bola-bali Puguh lan Panggah digawe lara kena sikil utawa tangane Rangga lan Marga, rasa pangeman kuwi mau banjur ilang. Welinge Ki Gedhe Tangen dadi kelalen. Puguh lan Panggah wis ngliga gegamane dhewe-dhewe.

 

"Sajake wis dadi garising pepesthen Rangga" kandhane Puguh sing wis kenceng nggegem dangan pedhange "ing gisik bengawan kene gulumu kudu tugel merga kliwatan pedhang sing ana tanganku iki".

 

"Ah, omonganmu ngawur Puguh" wangsulane Rangga karo ngguyu ngece "lha wong lading kurang sepuhan ngono kok arep mbok ngge nugel guluku, sing ana mengko malah ladingmu kuwi dadi mlethot kabeh. Nanging kanggo ngajeni kowe, aku ya arep nggunakne pusakaku kanggo ngadhepi ladingmu kuwi, senadyan satemen ladingmu babar pisan ora mbebayani kanggoku"

 

Muni ngono kuwi Rangga banjur ndudut pusakasing disengkelitne neng lempenge, bongkotan pring kuning sing sajempolan sikil gedhene, limang kilan dawane. Puguh sing krungu olehe semaur Rangga dadi sansaya nesu, luwih-luwih bareng weruh bongkotan Pring Kuning sing mung sajempolan gedhene kuwi, sing dening Rangga jarene kuwi pusakane. Ora sranta Puguh banjur muter pedhang pusakane, jurus-jurus pedhang saka Paguron Tangen sing nggegirisi, wiwit dituduhne marang mungsuhe. Pedhang neng tangane Puguh wis ora katon wujude, sing ana mung kari cahya putih mobat-mabit ing awang-awang, mawa perbawa suwara sing gumuruh kaya suwarane angin lesus sing ngiringi cleret tahun sing pedhot ing mangsa labuh.

 

Beda maneh karo Panggah, padha-padha siswa saka Paguron Tangen, nanging gegamane Panggah ora rupa pedhang kaya gegamane Puguh. Panggah wis nglolos rante wesi sing dawane meh sadhepa, ing pucuke rante ana trisulane sing katon mawa pamor mencorong, nuduhne yen kuwi dudu trisula lumrah, nanging trisula pusaka. Rante sing mawa mripat trisula kuwi diputer kenceng dening Panggah, temah nuwuhake suwara sing nggegirisi. Ora mung diputer ing awang-awang nanging wis ngupengi papane Marga ngadeg, temah kaya-kaya Marga wis kinepung dening ewon trisula sing arep ngranjab marang awake.

 

"Eman banget heh wong anom" kandhane Panggah karo ngguyu, merga Marga sajak gumun weruh katiyasane Panggah anggone wasis nyolahne rantene "sanadyan kowe nduweni kanuragan sing lumayan, nanging kapeksa dina iki kudu pupus teka samene wae nggonmu ngecakne ngelmumu. Jalaran sedhela maneh kowe kudu mati kanthi tatu arang kranjangkeranjab dening trisula sektiku. Wis saiki, enggal kowe nenuwuna muga-muga kowe enggal bablas menyang neraka, supaya mengko rohmu ora gentayangan dadi memedi ing pinggir bengawan kene".

 

"Lucu banget tembungmu Panggah" wangsulane Marga ayem "lha wong dolanan kaya ngono wae kok mbok ngge ngedeni aku bocah sing wis gedhe, jeneh mbok ngge ngedeni bocah sing lagi demolan wae, trisulamu kuwi mung bakal digeguyu tak kandhani".

 

"Aja kakehan wuwus kowe Marga" panyaute Panggah banter "ing kalangan sisih kono mau tak sawang sedulurmu gemang mati tanpa nuduhne gegamane, mula mumpung isih ana wektu, tumuli wetokna gegamanmu ora ana sing ngarani aku mateni wong sing tanpa nggawa gegaman kanggo ngadhepi trisulaku".

 

"Tak turuti sing dadi karepmu Panggah" wangsulane Marga karo nglolos cemethi sing disabukne ing bangkekane. Gagange cemethi wis dicekel kenceng dening Marga, banjur diseblakne mendhuwur nuwuhake suwara jumlegur sing ndadekne suwara gumuruh sing ditokne dening rantene Panggah ilang kasilep dening suwarane seblakan pecut.

 

Ora let suwe sabanjure, papan kono dadi rame dening suwara gumuruh sing kala-kala diselani dening suwara jumlegur. Meh kaya suwarane sindhung riwut ing mangsa labuh sing diiringi bledheg kang magunturan. Nanging pranyata wong loro sing diadhepi Rangga lan Marga kuwi, babar pisan dudu mungsuh sing abot tumrap muride Ki Tanpa Rupa loro kuwi. Sanadyan jurus-jurus pedhang sing dicakne Puguh nyata-nyata mbebayani, pucuking pedhang kaya duwe mata tanpa kendhat ngarah peranganing awake Rangga sing mbebayani, suprandene ora kangelan Rangga ngendhani utawa nangkis serangane Puguh. Samono uga sanadyan saking cepeting Puguh muter pedhange nganti kena diparibasakne saupama ana udan tumurun saka langit ora bakal bisa nembus mengisor merga bakal ketangkis dening jurus pedhang saka Paguron Tangen kuwi, nanging pranyata kerep wae tekene Rangga bisa nyenggol peranganing ragane Puguh.

 

Nanging Rangga lan Marga meneng-meneng wis nyawijekne karep, sanadyan mungsuhe kene dipesthekne yen mesthi bakal kalahe, nanging nom-noman loro kuwi wis padha sarujuk ora arep gawe cilakaning mungsuhe, nom-noman loro kuwi ora asep cilike tatu sing abot gedhene nganti gawe patine Puguh lan Panggah. Pendekar loro murid saka Paguron Tangen kuwi arep diumbar, kentekan tenaga dhewe.  Puguh lan Panggah sing ora ngerti karepe Rangga lan Marga, sansaya gemreget anggone kepengin enggal bisa ngrubuhne mungsuhe, wekasane tenagane Puguh lan Panggah sansaya cepet olehe kakuras, merga nuruti karepe dhewe. Sansaya suwe tandange Puguh lan Panggah sansaya kendho, serangan-serangane dadi sansaya ngawur. Rangga lan Marga uga ngimbangi klawan nuruti apa sing dicakne Puguh lan Panggah, klawan api-api uga wis kesel lan kentekan tenaga.

 

Dumadakan wong papat kuwi dikagetne dening suwara guyu sing banter, disusul ana wewayangan loro sing cumlorot saka dhuwur banjur ngadeg karo malangkerik ing antarane sing lagi padha perang tandhing.

 

ana candhake. 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...