Total Tayangan Halaman

Jumat, 17 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (024)

 


24.

Kanthi nggunakne ngelmu kebat angin, yaiku ngelmu kanggo mlaku sing cepet, ora nganti setengah ari lakune Sima Loreng wis tekan panggonan sing dituju. Sing diarani susuhe Brandhal Mingkur kuwi beda adoh karo susuhe brandhal-brandhal liyane. Sanadyan manggone ndhelik neng tengah alas, nanging wewangune ora kalah karo wewangunan ing padesan. Ana omah sing gedhe-gedhe jejer telu, pendhapane wangun limas ketok jembar mrebawani, platarane jembar, resik, pratandha saben dina ana sing nyaponi, ora adoh saka plataran ana gedhogane jaran, ketok ing kono ana jaran sing gedhe-gedhe cacah lima, sajake gedhogan jaran kuwi uga kopen. Kanthi nyawang nek neng gedhogan ana jarane, Sima Loreng bisa oleh dudutan yen Mingkur lan para sing mbaureksa papan kuwi ora lagi lelungan. Nanging Sima Loreng ora tumuli munggah menyang pendhapa nggoleki Mingkur, malah banjur singidan ing walike wit gedhe sing ora adoh saka papan kuwi, kupinge Sima Loreng krungu ana suwara tracak jaran saka kadohan sing nyedhaki papan kono. Suwara tracak jaran sing lagi mlayu kuwi sansaya keprungu cetha.

 

Ora suwe sabanjure, Sima Loreng weruh ana wong loro nunggang jaran mlebu plataran banjur nyancang jarane neng cancangan sing wis cemawis. Sima Loreng ora pangling, wong loro sing lagi teka kuwi Ki Bekel lan Ki Lurah sing biyen bareng-bareng karo Mingkur wis ngrekadaya lan ngrebut bandha sing kudune dadi duweke, yaiku bandha tinggalane mBok Randha Dirah wong tuwane pupon.

 

Tekane Ki Lurah karo Ki Bekel dipapagne dening andhahane Mingkur sing banjur mlayu nyedhaki wong loro kuwi, Sima Loreng isih apal karo andhahane Mingkur kuwi, ya iku sing meh wae ngiris gulune nganggo golok, sing banjur dipenging dening Ki Sima Abang, gurune.

 

"Ki Lurah saha Ki Bekel badhe kepanggih Lurah kula?" pitakone andhahane Mingkur kuwi marang dhayohe sing lagi teka.

 

"Iya, Ki Jodhog" wangsulane Ki Lurah "Ki Mingkur rak ya ana ing pasanggrahane ta?".

 

"Inggih wonten Ki" wangsulane wong sing jeneng Jodhog kuwi karo manthuk kurmat "mangga pinarak dhateng pendhapa, Lurahe kula kula aturane".

 

Wong telu kuwi banjur bareng mlaku menyang pendhapa. Sima Loreng banjur ngecakne aji Sapta Pangrungu, supaya bisa luwih cetha nggone arep ngrungokne apa sing arep dirembug Ki Lurah lan Ki Bekel sing mara neng papane Mingkur kuwi. Ora suwe Sima Loreng weruh Mingkur metu menyang pendhapa nemoni dhayohe, wong telu banjur padha mapan lungguh neng klasa sing lagi wae digelar Jodhog. Jodhog dhewe banjur nyingkrih memburi, ora wani melu jagongan karo Lurahe sing lagi nemoni dhayohe.

 

"Wonten wartos napa Ki Lurah kalih Ki Bekel? napa wonten Kutuk nglubuk sing betah kula damelne layang kekancingan ? Napa wonten kidang sing mlebet pategilan sing betah kula cepengne?" karo mesam-mesem sajak seneng Mingkur nakoni dhayohe.

 

"Nek Kidang sing mlebu tegalan satemene ya akeh Ki Mingkur" sing mangsuli Ki Bekel "nanging dening Ki Lurah isih durung dikeparengake dicekel. Nek kutuk sing nglubuk neng siwakan pancen ana, ya iku anak mantu sing ditinggal mati maratuwane".

 

"Mantune niku jaler napa estri Ki Bekel?" Mingkur takon maneh.

 

"Lanang, bojone wis mati sadurunge wong tuwane mati, kamangka anake ya mung siji kuwi" genti Ki Lurah sing aweh wangsulan "piye? bisa ta digawekne layang kekancingan?".

 

"Gampil Ki Lurah" wangsulane Mingkur karo mesem seneng.

 

"Nanging, mengko olehe ngedum kudu diowahi Ki Mingkur" Ki Bekel nrambul gunem "aja kaya padatane ngana kae".

 

"Diowahi pripun Ki Bekel?" Mingkur takon karo mesem.

 

"Aku krungu, ndika wingi karo Lurah Serut jare ya nyekel Kutuk sing nglubuk neng siwakan? sapa jenenge ? Taju?".

 

"Nggih leres, Taju"

 

"Lha, aku karo Ki Lurah mengko njaluk bagean sing padha karo bagean sing ndika wenehne Lurah karo Bekel Serut, jarene wonge ndikia bagei separo?" Ki Bekel nggenahne karepe.

 

"Leres Ki Bekel" wangsulane Mingkur karo ngguyu "amargi teng Serut kala wingi niku kutuke boten gadhah patil, dados lare-lare kula boten kula wedalne, benten kalih jaman nggarap teng siwakane mBok Randha Dirah siyen, nika kutuke kuru tur patile radi landhep. Lha Kutuk sing ajeng dicepeng niki mengke pripun?" .

 

"Ketoke wonge ringkih Ki Mingkur, nanging lemu lagi ngendhog pisan, dadi Ki Mingkur ora perlu nggawa kanca akeh-akeh, nek ana apa-apane aku sing saguh nandangi" wangsulane Ki Bekel .

 

"Nek ngoten nggih kula manut Ki Bekel, sepalih nggih sepalih, nanging kangge tumbas satane lare-lare kula sing kula ken ngancani ndika tanggel nggih?" Mingkur nyaguhi panjaluke Ki Bekel nanging mawa sarat "boten kathah kok, namung lare tiga napa sekawan".

 

"Ora bisa!" sadurunge Ki Bekel aweh wangsulan, dumadakan ora weruh sangkane ana wewayangan mencolot sing banjur ngadeg neng cedhake wong telu sing lagi jagongan kuwi karo malangkerik, aweh wangsulan marang Mingkur.

 

Wong telu sing lagi jagongan kuwi padha kaget, banjur padha ora kedhep ngulati sapa sing lagi teka, karo mripat sing murup merga nesu, rumangsa wis diganggu olehe lagi padha rembugan dening wong sing ora duwe deduga lan suba sita.

 

"Pangling karo aku he Ponakane mBok Randha Dirah?" Sima Loreng mesem ngece karo nakoni Mingkur.

 

Mingkur meneng ora wangsulan, pancen Mingkur wis lali karo rupane Jungkung, biyen olehe kepethuk mung pas dheweke teka karo Ki Lurah lan Ki Bekel menyang omahe mBok Randha Dirah saperlu ngrebut bandha warisane.

 

"Kowe...Jung.....kung?" Ki Bekel sing apal karo rupane Jungkung takon semu kaget, merga jaman semana ki Bekel wis dikandhani Mingkur nek Jungkung kapeksa dipateni dening andhahane merga ana niyat arep bali lan ngrebut bandha sing dipaeka dening Ki Lurah, Ki Bekel lan Mingkur.

 

"He he he sanes Ki Bekel" wangsulane Sima Loreng karo ngguyu nyepelekne "Jungkung empun mati disembeleh Jodhog andhahane Mingkur si Bajingan elek kancane Lurah nggladrah karo Bekel bosok saka desa Weru".

 

Mingkur sing wis bisa ngilangne rasa kagete tumuli njedhirne lambene, ngetokne suwara singsut nyeluk andhahane supaya mara menyang pendhapa kanthi siaga gegaman.

 

"Klumpukna kabeh andhahanmu Mingkur, kareben aku ora ndadak mindhon gaweni" kandhane Sima Loreng bareng ngerti Mingkur singsut ngundang andhahane.

 

"Setan alas kowe Jungkung" wangsulane Mingkur karo ngadeg, ditutne Ki Lurah lan Ki Bekel sing uga banjur ngadeg. Sauntara iku andhahane Mingkur wis padha teka kabeh, ana wong wong rolas sing padha nyekel gegamane dhewe-dhewe, siaga ngepung pendhapa.

 

"Ha ha ha..... " Sima Loreng ngguyu lakak-lakak krungu pisuhane Mingkur lan weruh andhahane Mingkur sing wis padha siaga.

 

"Ngapa kowe ngguyu Jungkung?" Mingkur nggetak karo mlilik nuduhne nesune.

 

"Kupingmu pancen budheg tenan Mingkur" wangsulane Sima Loreng sawise meneng guyune "wis kupingmu budheg isih ditambah matamu ya picek".

 

"Aja kakehan cocot kowe Jungkung" wangsulane Mingkur sing sansaya mundhak olehe nesu merga dilokne budheg karo picek "sedhela engkas, klakon tak suwek cangkemmu tenan kowe".

 

"Ha ha ha....." Sima Loreng bali gumuyu maneh banjur disusul wangsulan "kupingmu budheg merga ora krungu kandhane Jodhog karo kancane papat kae, Jungkung wis mati disembeleh neng alas. Matamu ya picek, merga kowe ora weruh sapa aku sing saiki ngadeg neng ngarepmu, lekna mripatmu ben weruh, jembrengen kupingmu ben bisa krungu sing ana ngarepmu iki Sima Loreng saka Paguron Parangabang. Ngerti?".

 

Mingkur lan andhahane padha kaget krungu jeneng Sima Loreng diucapne. Wong-wong kuwi pancen wis suwe krungu yen Sima Abang wis duwe wakil sing jenenge Sima Loreng, kasektene Sima Loreng ora pati adoh kaceke karo kasektene Sima Abang. Wis akeh susuhe para brandhal ditekani dening Sima Loreng dijaluki jatah kanggo ngragadi pagurone. Lan kabeh para benggolan brandhal padha ora ana sing bisa ngalahne kasektene Sima Loreng. Mingkur sing susuhe ndhelik durung konangan wong Paguron Parangabang, pancen durung tau diparani Sima Loreng. Malah Mingkur dhewe tau rerasanan karo andhahane yen nganti pandhelikane konangan dening wong Paguron Parangabang, lan diparani Sima Loreng, wis duwe niyat yen ora arep nglawan, arep manut apa sing dikarepne wong-wong Paguron Parangabang kuwi. Saiki kelakon, Sima Loreng wis tekan papan pandhelikane tenan. Mingkur dadi wiwit mikir, sida pasrah lan menehne apa sing dibutuhne Sima Loreng apa nglawan, merga tekane Sima Loreng mung ijen?.

 

Beda maneh karo sing ana angen-angene Jodhog karo wong papat kancane sing biyen tau arep mateni Jungkung. Jodhog karo wong papat kuwi kelingan, wis nggorohi Lurahe, kandha yen Jungkung wis dipateni lan bathane dibuwang neng jero jurang. Kamangka satemene, nalika samana Jungkung ora sida dipateni merga tekane Sima Abang . Apa kira-kira Jungkung banjur dipupu Sima Abang dadi muride? Sing wekasane duwe kasekten sing ngedab-edabi lan jenenge diganti nganggo jeneng Sima Loreng?.

 

 

ana candhake.

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (023)

 


23.

Ditinggal Ki Sima Abang Paguron Parangabang kaya ora ana bedane, kabeh lumaku kaya padatan. Mung Sima Loreng wae sing saiki gaweyane dadi tambah rada akeh, kajaba mulang matengake kanuragane sedulur-sedulure tunggal sapaguron uga nganglang jagade kadurjanan ngulat-ulati manawa ana susuh brandhal anyar utawa susuh brandhal sing durung tau diparani. Tumrap Sima Loreng, gaweyan mangkono kuwi ora aran angel. Merga kanthi kabisane ing reh kanuragan, Sima Loreng wis meh nyedhaki karo kondhange Ki Sima Abang lan Sima Loreng pancen pinter golek sisik melik ing ngendi ana susuhe brandhal. Sing rada angel golek-golekane kuwi yen ana Brandhal nanging ora kawistara nek brandhal, ya iku wong sing duwe praupan loro utawa luwih. Cethane ing donya iki jebul akeh manungsa sing ing wektu-wektu kang tinamtu jejer dadi punggawa desa utawa punggawa negara, nanging wektu liya sandhangane ganti lan jejer minangka branadhal, malah ana  uga sing brnadhal sing saben dinane kerep duwe praupan sing welas asih jalaran sandhangan sing dienggo sandhangane bangsa Ngulama utawa busanane Brahmana. 

 

Anuju sawijining esuk, Sima Loreng mlebu sawijining desa sing wis akeh wargane, tujuwane ya mung arep golek sisik melik ing ngendi ana susuh brandhal sing perlu diparani supaya gelem aweh jatah kanggo ngragadi pagurone. Wektu kuwi sandhangan sing dienggo Sima Loreng, kaya pacakane wong sing kulina nyambut gawe dadi tenaga kasar sing dodol bau marang wong sugih. Kaya lumrahe wong golek warta, Sima Loreng mlebu ing sawijining warung panganan sing cukup rame, akeh wong-wong sing lagi padha jajan lan mangan ana kono. Sima Loreng aba wedang kopi banjur golek nggon lungguh sing kepenak, karo ngrungokne omongane wong-wong sing lagi padha jejagongan.

 

"Lakon kaya sing dialami Taju kuwi cetha nek akal-akalane Lurah karo Bekel sing wis pidak jempol karo Bangsat sing didandani dadi adhik tunggal bapak karo mBah Dangsa" kandhane wong lanang sing lungguh ora adoh ing ngarepe Sima Loreng, marang kancane, wong kuwi pawakane cilik nanging ketok kiyeng, brengose dawa "aku ki ngerti dhewe, mBah Dangsa ki sedulure mung siji jenenge Tomblok, wis mati sadurunge rabi, lha kok bareng mBah Dangsa mati kok dumadakan ana wong teka ngaku-aku nek dheweke adhine mBah Dangsa. Kuwi kaya sing tau tak rungu kira-kira telung tahun kepungkur, neng Desa Weru ana kedadeyan sing persis karo lakone Taju iki. Kaceke sing dadi anak pupone sing mati, kabare banjur lunga ora karuwan parane, malah ana sing kandha jare wis mati merga dipateni wong sing ngaku-aku jare isih ponakane sing duwe bandha warisan".

 

"Nanging nyatane Ki Bekel apa dene Ki Lurah nyekel layang kekancingan sing nuduhne nek wong sing jeneng Mingkur kuwi pancen adhine Ki Dangsa lho Kang?" wangsulane kancane sing nganggo iket modang sing rupane wis klawus.

 

Krungu jeneng Mingkur disebut, atine Sima Loreng dadi rada nratab sethithik. Kelingan lelakon sing dialami jaman semana lan nek ndelok karo sing dikandhakne wong loro sing lagi jagongan kuwi, sajake Mingkur bali nindakne laku apus krama kaya jaman ngrebut bandha tinggalane mBok Randha Ditah marang dheweke biyen. Sima Loreng luwih tenanan nggone nyemak olehe jagongan wong loro kuwi.

 

"Alaaah, kowe kuwi kok gampang temen percaya unine layang" wong kiyeng sing brengose dawa kuwi wangsulan karo ngguyu "karo maneh, wong nuduhne layang kok marang wong sing ora ngerti tulis? Malah aku duwe gagasan, aja maneh kok aku kowe ngertia isine sing jarene layang kekancingan kae, lha wong Lurah karo Bekel kae wae durung karuwan nek bisa maca kok. Dadi kanggo ngalahne Taju supaya ora bisa maris bandha tinggalane mBah Dangsa sing ngopeni lan genti diopeni Taju nganti sak matine kae cukup nganggo sing jarene Layang Kekancingan sing unine piye ora ana sing ngerti".

 

"Kowe kok bisa ngarani ngono kuwi dhasare apa Kang?" wong sing nganggo iket modang takon.

 

"Dhasare cetha" wong sing awake kiyeng kuwi semaur "wingenane kae aku kandha supaya Taju diwenehi wektu kanggo nliti bener utawa orane layang kekancingan kuwi, nanging Ki Bekel malah nesu-nesu, ngunek-unekne nek mokal Taju bisa nliti layang kuwi, wong Taju ki cetha nek ora bisa maca. Nanging bareng aku njaluk supaya Ki Bekel utawa Ki Lurah macakne isine layang sing jarene kekancingan kuwi, wangsulane bola-bali ya mung "ngono kuwi mau" kamangka layange telung lembar sing dadi siji. Genah nek Lurah karo Bekel kuwi satemene ora beda karo wong liyane sing ora ngerti hanacaraka. Luwung wong sing dadi kaum kae, najan ora ngerti hanacaraka nanging ngerti alip bengkong".

 

"Ning sidane Taju rak ya ora oleh apa-apa ta Kang?" Iket modang takon maneh.

 

"Pancen Taju ya tak kon ngalah, merga wong sing jenenge Mingkur kae tekane ora ijen, nanging nggawa kanca. Sing diarep-arep Mingkur gelema Taju ngotot ben dadi pasulayan, nek wis ngono Taju banjur dirangket merga wis wani nerjang Paugeran wani karo pranatan, lha kanggoi ngrangket Taju sing tumandang kancane Mingkur, bisa-bisa Taju didakwa nglawan banjur dipateni pisan. Mula Taju tak kandhani supaya manut karo karepe Lurah, lan gandheng Taju kuwi isih ponakanku dhewe banjur tak jak bali manggon neng omahku. Kuwi wae, bengine Taju ditekani Mingkur sakancane diincim yen nganti Taju konangan sinau olah kanuragan jarene arep dilunasi pisan. Ya tak wangsuli, Taju tak penging sinau ajar gelut, merga wong luwe kuwi ora bisa wareg nek ora mangan, sanajan ta pinter gelut".

 

"Dadi ngono kuwi ta Kang critane?" wong sing ikete modang kuwi takon "pancen esuk iki mau ndika sengaja tak jak mrene kuwi mau ben gelem crita, merga nek neng kene arep ngrasani Bekel utawa Lurah ora bakal ana sing ngerti".

 

"Iya" wangsulane wong sing awake kiyeng brengose dawa "lha wong kene iki genah dhukuh Wates, ora bakal ana pamong utawa punggawa sing wani mlebu dhukuh kene, kejaba nek kepengin endheg umure dipangan dhanyang dhukuh kene".

 

"Nanging andhahane Mingkur rak ya wani ta nek mrene Kang?"

 

"Wanine wani, nanging mokal andhahane Mingkur arep klayaban mrene, wong susuhe ki manggon neng kidule alas Jowar kana" wangsulane wong sing awake kiyeng.

 

Wong loro kuwi bannnjur meneng, nutugne olehe ngombe wedange karo ngentekne panganan sing wis dicawisne neng ngarepe.

 

Sima Loreng ya banjur ngentekne wedange, banjur gage-gage nggone mbayari regane wedang sing diombe.

 

"Kok kesesa ta Kang?" pitakone sing duwe warung karo nampani dhuwite Sima Loreng.

 

"Enggih Dhi" wangsulane Sima Loreng alus "wong niki wau mpun radi kawanen, mpun kasep nek ajeng tawa bau teng sabin. Niki ajeng nyobi tawa bau teng padhusunan mawon".

 

"Nggih mugi-mugi angsal damelan Kang" kandhane sing duwe warung maneh.

 

"Kisanak apa ndika arep adol bau?" dumadakan wong sing awake kiyeng kuwi takon marang Sima Loreng.

 

"Enggih Ki? betah tenaga napa?" wangsulane Sima Loreng mbales takon.

 

"Neng omah mau ana gaweyan, nyrumbati krambil, kira-kira ya rong atusan, nek ndika gelem lan bisa, ayo saiki bareng aku mulih ndika tandangi gaweyan kuwi".

 

"Nggih Ki, mangga" wangsulane Sima Loreng karo mlaku metu saka warung.

 

Ora let suwe Sima Loreng mlaku bareng karo wong loro sing mau padha jagongan ngrembug pokale Lurah lan Bekel sing pidak jempol karo Durjana sing jenenge Mingkur.

 

Nalika Sima Loreng tekan omahe wong kiyeng sing nawani gaweyan kuwi, jebul kecelik krambil sing ditawakne supaya disrumbatne wis kadhung disrumbati dening Taju, ponakane.  Wong kiyeng kuwi rumangsa ora kepenak karo Sima Loreng, nanging Sima Loreng malah ngguyu seneng. Pancen satemene Sima Loreng ora butuh gaweyan, nanging butuh sisik melik ngenani Mingkur lan andhahane sarta ing ngendi susuhe.

 

"Boten dados napa Ki" kandhane Sima Loreng mangsuli kandhane wong kiyeng sing asok kaluputane "malah kaleresan, saged damel nylimur manahe ponakan ndika sing nembe susah atine niku. Malah nek ndika wonten wekdal, kula kepengin rembagan sakedhik".

 

"Ngrembug apa kuwi Kisanak?"

 

Sima loreng nyedhakne lambene menyang kupinge wong kuwi, takon ancer-ancer dalan sing tumuju papan sing digawe susuh Mingkur sakancane.

 

"Dadi ndika niku gadhah petang kalih durjana niku?" wong kuwi takon.

 

"Leres Ki" wangsulane Sima Loreng "mpun radi dangu kula madosi piyambake, nek ndika ngersakne ngertos perkawis kula kaliyan Mingkur, ndika saged taken dhateng tiyang Weru, enten perkawis napa antawisipun Mingkur kalih Jungkung, yoga pupone mBok Randha Dirah".

 

Wong kuwi plenggang-plenggong dhewe, nganti nalika Sima Loreng pamitan ora konber aweh wangsulan. Ngerti-ngerti dhayohe wis adoh ninggalne omahe.

 

 

ana candhake.


Kamis, 16 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (022)

 

 

22.

Satemene nek diarani Paguron ya durung pati pas, wong Parang Abang kuwi sing madeg dadi Guru ya mung siji lan sing dadi murid ya mung bocah pitu. Nanging murid-muride Ki Sima Rekta ya Sima Abang luwih seneng ngarani nek Parang Abang kuwi Paguron, merga kanyatane pancen nom-noman pitu kuwi tekane kono pancen arep meguru ngelmu kanuragan. Nadyan ing jagade para durjana Sima Abang kuwi kondhang minangka Durjana sing kasektene durung ana sing kuwawa mapaki, nanging durung ana critane Ki Sima Abang lan murid-muride ngrampog, ngecu utawa nindakne kadurjanan liyane ing padesan utawa nyegat lan mbegal bandhane wong sing lagi lelungan. Babar pisan durung tau ana. Awit Ki Sima Abang kuwi olehe gelem nindakne laku durjana juti ora kanggo numpuk kasugihan nanging mung kanggo nyukupi kabutuhan urip kaya dene sandhang lan pangan kanggo dheweke lan murid-muride, tur maneh Sima Abang kuwi olehe nindakne laku durjana juti, mligi nekani susuhe para durjana banjur njaluk bandha donya asil rampogan sacukupe, para brandhal sing susuhe ditekani Ki Sima Abang adhakane ya luwih milih nglilani bandha asile maling lan ngrampog dijupuk sethithik dening Ki Sima Abang, tinimbang  ngukuhi kanthi adu kadigdayan luwih dhisik, jalaran kena dipesthekne sapa wani nglawan Ki Sima Abang paling beja remuk awake lan ora sethithik sing banjur dadi bathang.

 

"Kowe kabeh dadi muridku ora arep tak warahi dadi bajingan sing seneng ngrebut bandhane wong-wong sing olehe nglumpukne bandhane sarana nyambut gawe sing ora gawe kapitunane wong liya" pitutur ngene iki kerep dikandhakne Ki Sima Abang marang murid-muride, pitutur iki ya dijandhakne nalika Jungkung wis oleh sepasar manggon neng Parang Abang suwita dadi muride Ki Sima Abang "nanging, gandheng aku karo kowe ya butuh urip, murih bisa mangan lan salin sandhangan, awake dhewe bisa njupuk bandha asil malingan lan sapanunggalane ing susuh-susuhe para brandhal. Nek ana brandhal sing ora nglilani, ya kudu dipeksa karo kekuwatan. Mula aku mung kepengin kowe kabeh bisa dadi wong menangan, gaweyanmu neng kene mung gladhen kanuragan, mbesuk nek kowe wis dadi wong menangan, kari sakarepmu arep dadi wong tani, sodagar, apa dadi apa wae aku ora arep menging".

 

"Inggih Guru" murid-muride padha wangsulan bareng.

 

Gandheng wektu kanggo gladhen kanuragan sasat ora tau ana lerene, mula ora mokal nom-noman sing dadi murid Paguron Parang Abang kuwi, cepet olehe wasis ing reh kanuragan. Klebu Jungkung, malah Jungkung sing dhasare duwe bebalungan sing becik, dadi nduweni kapinteran sing luwih onjo tinimbang kanca-kancane. Oleh setahun anggone meguru, Jungkung sing olehe teka ing Parangabang keri dhewe, nanging kapinterane kacek adoh ing sadhuwure murid liyane, mula dening Ki Sima Abang, Jungkung diangkat dadi Murid sing paling tuwa lan jejer dadi wewakile Ki Sima Abang. Jungkung disampiri kuwajiban melu aweh gladhen marang sedulur-sedulure sapaguron. Jalaran Ki Sima Abang dhewe ing sela-selane nggladhi murid-muride uga ora tau kendhat nggone mbudidaya nambahi kasektene sarana njingglengi sarta mekarake ngelmu sing ditampa saka guru-gurune jaman biyen. Kanggo njupuk bandha kanggo ngragadi Paguron Parangabang ing susuhe para brandhal, saiki luwih kerep Ki Sima Abang aweh kaparcayan marang Jungkung mandhegani sedulur-sedulure, sauntara Ki Sima Abang keri neng Paguron kanggo  matengne ngelmu-ngelmune.

Anuju sawijing wengi, ngepasi Jungkung karo sedulur-sedulure sapaguron lagi teka saka anggone njupuk jatah ing susuhe Brandhal Setan Kuning, dening Ki Sima Abang diceluk supaya ngadhep neng sanggar. Jungkung dadi krasa rada dheg-dhegan, padatan nek lagi rampung ngayahi kuwajiban ngono kuwi para murid diwenehi kalonggaran kanggo leren sedina, lagi sesuke ditakoni lakune olehe nyambut gawe mau. Iki durung suwe teka, Jungkung wis diceluk malah dikongkon ngadhep neng sanggar, mula ya banjur rada dheg-dhegan.

 

"Sidane sing mbok parani susuhe sapa iki mau Jungkung?" pitakone Ki Sima Abang sawise Jungkung tekan Sanggar.

 

"Susuhipun Setan Kuning Guru" wangsulane Jungkung "samangke ngalih dhateng wana sacaketipun Jurang Mangleng, kalih niki wau kapeksa kula nyukani tetenger dhateng Ki Jonggol awit badhe nyelaki kuwajibanipun dhateng Paguron Parangabang".

 

"Jonggol arep mbalela ngono apa piye?" Ki Sima Abang takon.

 

"Inggih Guru, piyambakipun boten pitados menawi dugi kula awit ngemban prentah saking Guru" wangsulane Jungkung "nanging, Ki Jonggol namung kula tengeri tatu nglebet, inggih kinten-kinten kalih peken sampun mantun".

 

"Bagus!, lha andhahane ana sing mati apa ora?"

 

"Andhahanipun namung didamel bonyok-bonyok dening para kadang, boten wonten ingkang dipun pejahi. Niki wau ingkang kula pendhet radi kathah, cekap kangge kabetahan Paguron antawis setunggal wulan" wangsulane Jungkung nggenahne asile.

 

"Ngene Jungkung" kandhane Ki Sima Abang sabanjure "aku arep lunga kanggo sawatara wektu ninggalne Parangabang kene, lungaku arep ngundhakne lan mateng ngelmu sing tak duweni iki murih luwih sampurna. Parangabang lan panggulawenthahe bocah-bocah tak pasrahne marang kowe, tindakna kabeh kuwajibanku kaya padatan, nganti aku bali. Sesuk esuk, sedulurmu klumpukna tak kandhanane perkara iki".

 

"Inggih Guru" wangsulane Jungkung "menapa kula dipun keparengaken ngertos dhateng pundi Guru badhe nyampurnakaken ngelmi menika?"

 

"Iki mung kanggo kowe dhewe, sing arep tak parani iki mengko ing puncake Gunung Wilis. Yen nganti setahun luwih aku durung bali, kowe tak wenangake nusul nggoleki aku. Nanging, yen ing kene isih akeh pagaweyan, Parangabang aja mbok tinggal, yen nganti rong tahun aku panggah durung bali, Parangabang iki kabeh dadi wewenangmu kanggo sateruse" wangsulane Ki Sima Abang ngiras aweh paweling.

 

"Guru?" Jungkung rada nggragap krungu welinge gurune ngono kuwi "kula suwun Guru kedah sampun kundur saderengipun setunggal tahun lan sampun ngantos Guru boten kundur, kula kaliyan para kadang boten saged gesang tanpa tuntunan saking Guru".

 

"Kowe aja kuwatir Jungkung" wangsulane Sima Abang karo ngguyu "ora nganti setahun aku mesthi wis bali mrene, nutugne olehku aweh kawruh kanuragan marang kowe. Welingku sing iki mau, mung dhapur kanggo njagani yen nganti apa sing tak rancang ana mlesete".

 

"Inggih Guru" wangsulane Jungkung alon.

 

Dina candhake, isih esuk Jungkung wis mrentahne para sedulure supaya mlumpuk ing sanggar kanggo gladhen kanuragan. Jumbuh karo sing diprentahne dening Ki Sima Abang mau bengi. Sawuse murid-murid Paguron Parangabang padha gladhen sauntara kanthi dipandhegani Jungkung, Ki Sima Abang teka, sing padha gladhen diprentah supaya leren. Ki Sima Abang arep aweh katrangan.

 

"Murid-muridku kabeh padha rungokna" kandhane Ki Sima Abang sawise murid-muride padha lungguh siaga nampa prentah "wiwit dina iki Jungkung tak sengkakne dadi Guru ing paguron kene, dheweke wenang nampa murid anyar sing kepengin nyuwita ing Paguron kene. Kaping pindho Jungkung tak paringi jeneng anyar, ya kuwi Ki Sima Loreng. Dadi saiki jeneng Jungkung wis ora ana maneh ing Paguron kene, sing ana Sima Loreng. Kaping telu kanggo sawantara suwene, mbuh sesasi, rong sasi, telung sasi utawa setahun aku arep lunga. Kabeh perkara sing magepokan karo Paguron Parangabang tak pasrahne marang Ki Sima Loreng. Iki kabeh prentah saka aku, sing sapa wani nglawan padha karo wani nglawan aku. Apa wis padha genah?".

 

"Inggih, sampun cetha sedaya Guru" wangsulane para murid bebarengan.

 

"Yen wis cetha, saiki mangsa bodhowa kowe Sima Loreng, Paguron Parangabang saisine tak pasrahne kowe" kandhane Ki Sima Abang sabanjure.

 

"Inggih Guru" wangsulane Sima Loreng karo nyembah "mugi-mugi kula saged nindakne kuwajiban menika kanthi leres lan boten damel kuciwaning penggalihipun Bapa Guru sawanci-wanci Bapa Guru kundur malih ing Parangabang".

 

KI Sima Abang banjur metu saka Sanggar lan tanpa pamitan maneh tumuli budhal ninggakne pagurone.  Sima Loreng banjur ngalih panggonan, genti lungguh ing watu palungguhane Gurune, banjur wiwit aweh wejangan marang sedulur-sedulure :

 

"Sedulurku kabeh, tenane ngono aku rumangsa rada kabotan nampa dhawuh saka Guru iki mau. Nanging, aku percaya kanthi pambiyantumu kabeh aku mesthi bisa ora gawe kuciwaning penggalihe Bapa Guru sawayah-wayah Bapa Guru rawuh maneh ing kene. Mula tak jaluk ndika kabeh kanthi rilaning ati aweh pambiyantu marang aku, kanggo ngayahi jejibahan iki".

 

"Iya Kakang" sedulur-sedulure Sima Loreng wangsulan bareng.

 

"Sabanjure, prentah kapisan saka aku marang sedulurku kabeh padha rungokna!" Sima Loreng nutugne anggone guneman "perkara tindake Bapa Guru ninggal Parangabang iki aja nganti keprojol marang sapa wae, dadi aja nganti ana wong sajabane Paguron iki sing ngerti nek Bapa Guru ora ana ing Parangabang. Ngerti?".

 

"Iya, ngerti Kakang" kabeh wangsulan bareng.

 

"Prentah sabanjure bakal tak kandhakne mengko, saiki ayo ditutugne nggone padha gladhen".

 

Murid-murid Paguron Parangabang kuwi nuli nutugne anggone padha gladhen kanuragan dituntuni dening Sima Loreng sing saiki wis dadi pengarepe Paguron.

 

 

ana candhake.

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (021)


 21.

 

Jungkung nglirik ngiwa sarta nengen, jroning pikirane mung golek dalan kanggo mlayu sing angel diburu dening wong lima sing arep gawe patine kuwi. Nanging Jungkung isih api-api arep nglawan luwih dhisik, dadi mungsuhe ora ana sing ngira yen dheweke satemene arep mlayu ngoncati. Petungane Jungkung yen sepisanan mungsuhe nyerang dheweke bakal ngendhani, mengko nek mungsuhe wis klena, dheweke ora arep males nanging banjur mlayu sakayange, mbrobos ketele gegrumbulan.  Temenan serangan sepisanan, Jungkung isih bisa ngendhani kanthi becik, goloke mungsuhe ora nganti ngenani awake. Nanging bareng serangan kapindho, Jungkung jebul ora bisa endha, wetenge kena didugang mungsuhe, sing ndadekne Jungkung krasa senep lan lara banget, malah dheweke rubuh neng lemah saking ora kuwat ngempet larane. Mungsuhe ngguyu cekakakan karo marani Jungkung sing ngglethak neng lemah.

 

"Wis Jungkung tangia nek nyata kowe arep nglawan" kandhane wong mau ing sela-selane guyune "nanging nek nggatek aku, timbang kowe tangi banjur tak dugang ndhasmu, luwih becik kowe meneng wae neng kono, mengko tak beleh gulumu saka ngarep ben ora kesuwen nggonmu ngrasakne lara".

 

Jungkung ora wangsulan uga ora bisa tangi, dheweke wis nyipta yen sedhela maneh bakal mati kanthi ditugel gulune dening wong-wong andhahane Mingkur kuwi. Jungkung mung bisa pasrah marang sing gawe urip. Jungkung tau krungu crita yen sawise mati manungsa bakal manggon nek ora neng suwarga sing endahe ngungkuli kedhaton, isine kabeh sarwa nyenengake, ya kono kuwi papane wong sing becik kelakuwane ora akeh dosane,  ya neng neraka sing isine klabang karo ula kanggo nyiksa marang wong sing akeh tumindak dosa. Jungkung ora bisa ngarani dheweke kuwi klebu wong becik apa wong sing kakehan dosa, nanging sadurunge mati Jungkung ya isih eling yen Gusti kagungan sipat sing welas asih, mula gandheng rumangsa yen wis ora bisa nglawan mungsuhe sing ateges kudu ditugel gulune, Jungkung isih kober nyebut nenuwun marang Gusti supaya dislametake ora dicemplungne menyang neraka.

 

Wong sing nyekel golok kuwi tumuli njambak rambute Jungkung, digeret mendhuwur supaya Jungkung bisa lungguh, kanthi mangkono bakal luwih gampang olehe nugel gulune. Jungkung merem ora wani nyawang gaman sing arep nyembeleh gulune.

 

"Saiki klakon tak tugel gulumu kowe Jungkung, ndhasmu bakal diijolne lemah teles tinggalane Biyung angkatmu" kandhane wong sing nggawa golok kuwi karo arep numpangne landheping goloke menyang gulune Jungkung.

 

"He setan alas, sapa kowe wani-wani arep ngregeti papan kene kanthi arep nyembeleh menungsa sing wis ora duwe daya he?" durung nganti goloke wong kuwi nyenggol gulune Jungkung, dumadakan ana wewayangan kumleyang mrepegi papan kuwi karo ngucp pitakonan kanthi suwara sing sereng. Tangane wong sing lagi teka kuwi wis kenceng nggoceki tangan sing nyekel golok, saking kencenge golok kuwi nganti tumiba ing lemah.

 

Jungkung ngelekne mripate, jebul neng kono wis ngadeg wong gedhe dhuwur, sandhangane sarwa ireng, tangane sing siji sajak entheng nyekel tangane wong sing arep nyembeleh gulune, digeret munggah nganti wong sing mau nyekel golok, kaya pitik sing lagi bubar dibeleh banjur diangkat salah siji suwiwine.

 

"Aku ngerti kowe wong lima iki nek ndelok sandhang panganggomu  cetha nek andhahane Si Mingkur, wong Undur-undur iya apa ora?" Wong sing lagi teka kuwi takon karo nyawang wong-wong andhahane Mingkur kuwi genti genten, sauntara sing dicandhak tangane wis ora bisa apa-apa, krasa yen tenagane dumadakan wis entek, temah ora kuwat ngglawat.

 

Sing ditakoni padha ora ana sing wangsulan. Malah sing papat padha mlaku maju karo nyepakne gegamane dhewe-dhewe.

 

"Oo dadi kowe arep nglawan aku ?" Wong sing lagi teka kuwi takon karo suwara sing banter "padha lekna matamu kabeh ya? Nek kowe  kabeh durung ngerti, ya aku iki sing aran Sima Rekta, ya Sima Abang. Kene ndang padha maju mrene nek pancen kepengin tak pecahne ndhasmu kabeh".

 

Krungu wong sing lagi teka kuwi nyebut jenenge, wong papat sing wis siaga karo gegamane padha mandheg, wong papat kuwi katon kaget. Luwih-luwih bareng Sima Abang, nguculi tali klambine, dhadhane diungalne mengarep katon ing dhadhane Sima Abang ana rajah (tato) gambar macan galak sing lagi mangap. Wong papat kuwi kaget, campur rasa miris, malah banjur padha ndheprok nyelehne gegamane dhewe-dhewe.

 

"Piye?" Sima Abang takon maneh.

 

"Kula boten wantun kalih panjenengan nDara, kula ajrih, kula nyuwun pangapunten" wong sing mau tangane digoceki Sima Abang.

 

Sima Abang ngguyu banter, nganti godhong-godhong garing sing durung ucul saka wite padha gogrog kaperbawab dening guyune.  Andhahane Mingkur kuwi dadi sansaya wedi, merga guyune Sima Abang krasa kaya arep ngrontog-ngrontogne isen-isene dhadhane wong-wong kuwi.

 

"Kowe andhahane Mingkur kabeh kudune padha tak pateni merga wis arep gawe regede papan lerenku, nanging dina iki aku lagi ora kepengin gawe pepati, mula sadurunge aku nesu kowe gek padha minggat saka ngarepku kene, minggat sing adoh lan aja wani-wani bali mlebu alas kene maneh" kandhane Sima Abang sawuse meneng olehe ngguyu.

 

"Inggih, nDara, kula badhe kesah saking mriki" wangsulane wong sing mau dicekel tangane dening Sima Abang makili kancakancane, banjur tangi lan aweh sasmita kanca-kancane supaya padha lunga ngetutne dheweke.

 

Ora suwe wong lima andhahane Mingkur kuwi banjur kaya setengah mlayu ninggalne papan kuwi. Ora sumbut karo omongane marang Jungkung sadurunge Sima Abang teka.

 

Jungkung sing uga weruh tekane Sima Abang lan weruh apa sing wis ditindakne, banjur tangi mbrangkang marani Sima Abang sing isih ngadeg ana papane sakawit.

 

"Kula ngaturaken panuwun Bendara" kandhane Jungkung sawise tekan ngarepe Sima Abang, isih karo mbrangkang.

 

"He sapa jenengmu Le?" Sima Abang takon karo mesem, tembunge wis ora kasar kaya dhek mau nalika guneman karo andhahane Mingkur.

 

"Nami kula Jungkung Bendara" wangsulane Jungkung.

 

"Ya wis, aku wis ngerti ya gene kowe arep dibeleh dening wong-wong mau, merga pancen salahmu dhewe" wangsulane Sima Abang.

 

"Inggih nDara, salah kula napa nggih?" Jungkung takon apa lupute.

 

"Luputmu mung siji, ya kuwi kowe ora bisa gelut, dadi Mingkur karo Lurahmu kae ya padha wani tumindak ngrebut warisane Biyungmu Angkat. Upama kowe kuwi bisa gelut lan menangan, ora bakal wong-wong kae wani marani kowe banjur gawe crita sing digawe-gawe kanggo ngrebut bandha sing kudune dadi duwekmu dhewe" wangsulane Sima Abang.

 

Jungkung ora bisa semaur maneh, wong pancen nyatane dheweke ora bisa gelut tenan. Lan ya lagi iki Jungkung krungu yen wong ora bisa gelut kuwi jebul luput. Mula Jungkung ya banjur meneng wae. Sima Abang banjur nutugne olehe kandha :

 

"Ngertia Jungkung, jagad iki wis sansaya tuwa, jaman saiki iki sing menangan kuwi sing bakal kuwasa. wong sing ora bisa gelut, uripe bakal njleput, merga bakal gampang dikalahne dening wong sing menangan. Mula dadi wong kuwi nek kepengin urip kepenak kudu dadi wong menangan. Aku wis weruh nek bebalunganmu kuwi yen diopeni bisa ndadekne kowe wong menangan, nanging ya kudu gelem rekasa nyinaoni ulah kanuragan. Yen kowe gelem dadi muridku, mangka sajroning wektu kurang saka setahun kowe mesthi wis dadi wong menangan, nek mung Lurah, Bekel utawa Mingkur saandhahane kae ora bakal bisa menang munsuh kowe. Piye kowe kepengin dadi wong menangan apa pilih kaya saiki iki, uripmu mung dienggo dolanan dening wong-wong sing rumangsa menang kae?".

 

Krungu kandhane Sima Abang sing ngono kuwi, Jungkung rumangsa seneng atine. Mula ora sranta sikile Sima Abang banjur dirangkul karo guneman :

 

"Guru, kula sagah dados murid panjenengan lan kula sumpah wiwit dinten menika kula badhe ndherek sedaya dhawuh saha piwucalipun Guru dhateng kula".

 

"Bagus!" Sima Abang aweh wangsulan karo suwara sing nuduhne senenging atine "Yen ngono, aja kesuwen saiki melua aku lan urip bareng awor aku neng pondhokanku kana".

 

Muni ngono kuwi, karo tangane Sima Abang nyandhak awake Jungkung digeret supaya ngadeg. Jungkung mung bisa nurut, nalika Sima Abang mlaku arep mulih, Jungkung ngetutne neng mburine. Wiwit dina kuwi, Jungkung wis dadi muride Sima Rekta alias Sima Abang. Lan manggon kumpul ana Paguron Parang Abang, bareng lan para muride Sima Abang liyane.

 

 

ana candhake.

Rabu, 15 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (020)

 


20.

 

Metu saka omah Jungkung wis ora tolah-toleh maneh, butuhe mlaku mengarep senajan ngendi sing arep dituju uga durung cetha. Nalika lakune Jungkung tekan kali sing kulina dienggo adus lan dolanan bocah-bocah, dheweke mandheg.  Lelakon jaman dheweke didakwa lan dipilara dening Leya lan para rewange Ki Lurah, diece-ece minangka maling dening wong-wong lan bocah-bocah bali katon cetha ing pangeling-elinge. Neng Kali kuwi Jungkung nemoni crita sing ndadekne meh wae nyawane ilang, merga saking wentalane para rewange Ki Lurah lan nalika dheweke kebukti ora luput, ora ana siji-sijia wong sing gelem njaluk pangapura. Malah dheweke prasasat diumbar gumlethak neng emper pendhapane Ki Lurah kanthi kahanan sing isih sempaut merga dipilara dening wong-wong sing rumangsa ora tau tumindak luput dumeh lagi disampiri panguwasa. Jaman semana, Kuncung sing sembrana, Jungkung sing kudu cilaka, saiki genti mbuh sebab apa Ki Lurah lan Ki Bekel wis mentala ngrebut bandha tinggalane Biyunge Pupon, sing jare arep dipasrahne Mingkur sing ngaku-aku minangka ponakane mBok Randha Dirah, Biyung Pupone.

 

"Sajake pancen Dhanyange Desa kene iki ora lila nek aku manggon neng kene" kandhane Jungkung sajroning ati sawise kelingan lelakon-lelakon uripe sing mung tansah nemu kasangsaran ing desa kono kuwi "ya ta nek pancen ngono, jagad iki jarene jembar, aku tak lunga wae saka kene, golek panggonan sing Dhanyange gelem nampa ragaku manggon neng lemah babadane".

 

"Lha banjur lunga menyang ngendi?" batine sing sesisih takon "bener jagad iki jembar, nanging kowe durung tau ngerti desa liyane desa kene".

 

"Embuh sak manggon-manggone aku ora idhep, manggon neng alas ya ora apa-apa, upamaa mati dadi pakane dhemit alas tak kira kuwi isih luwih kepenak tinimbang urip neng desa sing mung aweh rekasaning urip iki".

 

Kanthi tekad kuwi, Jungkung banjur nerusne lakune mengulon, sokur mengko nek sawise ngliwati alas banjur kepethuk desa, upama ora ana desa sing dipethuki, uripa neng alas ya ora apa-apa, sing baku bisa adoh karo wong-wong sing saben-saben kelingan jeneng utawa wewayangane ndadekne atine Jungkung gela kaworan nesu merga rumangsa wis dianiaya uripe.

 

Kanthi ngrekasa Jungkung golek dalan kanggo liwat neng jero alas kuwi, karo mlaku dheweke tolah-toleh mbok menawa ana panggonan sing kena kanggo leren sokur banjur bisa didadekne panggonan kanggo nerusne uripe.  Lagi wae Jungkung nggagas mangkono kuwi mau, dumadakan saka walik grumbul katon ana wewayangane wong lima sing mau mara menyang omahe Biyunge Pupon sawuse diceluk Mingkur nganggo suwara singsutan. Pating pencolot wong lima kuwi padha marani panggonane Jungkung sing lagi mandheg.

 

"He, Jungkung" salah siji saka wong lima kuwi takon karo nggetak  "kowe arep menyang ngendi?".

 

Ditakoni kanthi cara sing kasar ngono kuwi Jungkung rumangsa ora seneng, luwih-luwih Jungkung ya ngerti nek sing takon kuwi cetha nek kancane Mingkur sing wis ngrebut bandha sing kudune dadi duweke.

 

"Aku arep minggat!" wangsulane Jungkung atos "eneng apa?".

 

Diwangsuli karo suwara sing atos, wong sing takon karo kanca-kancane padha ngguyu lakak-lakak. Guyune wong sing weruh barang sing lucu.

 

"Gek olehmu arep minggat kuwi menyang ngendi?" wong kuwi mau takon maneh karo ngguyu sajak ngece banget.

 

"Kowe rak ya wis weruh ta? aku iki arep mlaku menyang ngendi? butuhku minggat ya minggat, sateka-tekane lan sakuwate sikilku mlaku nggawa awakku" wangsulane Jungkung ora maelu nek digeguyu.

 

"Apa kowe wis niyat nglalu?" wong kuwi takon maneh "kowe mlaku arep nasak alas, kamangka isen-isene alas iki kajaba kewan-kewan galak sing sing dhemen mangsa menungsa ya akeh bangsane jim setan brekasakan sing panganane ya menungsa, ngertia sadurunge oleh sedina kowe mlaku neng alas kene iki, kowe wis mati tak kandhani, nek ora merga dipangan kewan galak ya diemplok bangsane brekasakan!".

 

"Kuwi dudu urusanmu, uwis ora sah ndadak takon-takon menyang aku maneh, aku arep nerusne lakuku" kandhane Jungkung karo arep jumangkah nerusne laku.

 

"Aja mbok terusne lakumu sing mung arep nemu pati dadi pangane kewan utawa brekasakan, Jungkung" kandhane wong kuwi mau ngendheg Jungkung sing arep mbacutne laku "tekaku kene mau mung arep aweh bebantu marang kowe, nek kowe wis niyat nglalu ora perlu ndadak adoh-adoh olehmu mlaku. Kene, manuta tak tugel gulumu, mengko ragamu tak ruktine kaya lumrahe wong sing wis mati, tak pendhem neng alas kene, banjur sirahmu tak tuduhne marang Juraganku, bar kuwi lagi tak pendhem neng desa kana".

 

Githoke Jungkung mrinding krungu gunemane wong kuwi, cetha nek Mingkur ora mung murih bandha tinggalane mBok Randha Dirah wae, nanging uga ngarah nyawane Jungkung. Ya gene Mingkur duwe tekad sing mangkono kuwi? Jungkung sing wis ngalahi lunga lan nglilakne bandha tinggalane mBok Randha Dirah dikuwasani Mingkur lan sing rupa lemah teles dikuwasani Ki Lurah karo Ki Bekel, teka isih diarah patine.

 

"Kowe aja ngira nek Ki Mingkur lan Ki Lurah lan Ki Bekel kuwi bisa mbok bodhokne Jungkung" kandhane wong mau maneh "rumangsamu wong-wong kae ora ngerti? rumangsamu nek kowe wis minggat saka omah ngono kuwi Ki Lurah, Ki Bekel karo Ki Mingkur wis lega? Ora Jungkung, wong-wong kae ngerti, olehmu lunga nggawa ati lara, mbuh kapan tahune, kowe mesthi bakal bali maneh menyang omah sing mbok tinggalne, males lara wirangmu marang Ki Mingkur, Ki Lurah lan Ki Bekel sing saiki lagi ngedum bandhane mBok Randha Dirah. Tak blakani ya Jungkung? Ki Mingkur kae pancen dudu ponakane mBok Randha Dirah, sing ndadekne Ki Mingkur dadi ponakane mBok Randha Dirah kuwi ya Ki Lurah karo Ki Bekel, pamrihe ben bandha tinggalane Mbok Randha Dirah bisa didum wong telu".

 

"Ora sah mbok kandhani aku wis ngerti!" wangsulane Jungkung.

 

"Nanging kowe rak durung ngerti nek aku sakancaku iki ya kepengin oleh bageyan saka bandha tinggalane Biyung angkatmu kae ta?" wong kuwi takon karo ngguyu ngece.

 

"Dadi kowe karo kanca-kancamu kuwi ya melik barang sing dudu duwekmu kabeh kuwi?" Jungkung mentheleng.

 

"Apa lupute nek aku kepengin oleh bagehan? wong aku ya bisa mujudi patukone?".

 

"Apa patukone ?"

 

"Sirahmu Jungkung!" wangsulane wong kuwi karo ngunus golok saka wrangkane "aku sakancaku iki bakal oleh bageyan nek wis bisa nyangking sirahmu lan nuduhne neng ngarepe Ki Mingkur. Mula dimen ora pati suwe nggonmu ngrasakne lara, saiki manuta wae, gulumu arep tak tugel nganggo golokku iki, aja kuwatir mengko awakmu bakal tak pendhem neng alas kene, sirahmu ya arep tak pendhem kanthi becik nek wis dipirsani karo Ki Mingkur, Ki Lurah lan Ki Bekel".

 

Jungkung ngerti nek ora ana pangarep-arep bisa menang mungsuh wong lima sing ana ngarepe kuwi. Aja maneh kok mungsuh wong lima sing kabeh nggawa gegaman, sedheng mungsuh wong siji wae Jungkung durung karuwan bisa ngalahake, lha wong ya sajege urip Jungkung kuwi durung tau sinau carane tukaran. Nanging Jungkung uga ora lila nek gulune ditugel, sirahe dipisah karo awake, Jungkung uga durung kepengin mati. Isih kepengin nerusne uripe. Olehe budhal minggat ninggal omahe iki mau wae uga merga saka kepengine olehe bisa nerusne urip. Satemene Jungkung ya ngerti nek minggat mlebu alas kuwi luwih mbebayani, merga kondhange neng alas kuwi akeh kewan galak lan uga akeh bangsane brekasakan. Nanging galake kewan lan nggragase brekasakan, pranyata sok-sok isih kalah karo galak lan nggragase manungsa.  Saiki Jungkung dipeksa ngadhepi wong lima, mbuh dadine Jungkung kudu wani. Wani ateges mati, yen wedi cetha nek bakal mati.  Jungkung arep nekad nglawan wong lima ing andhahane Mingkur kuwi.

 

"Kowe arep nglawan Jungkung?" wong sing nyekel golok neng ngarepe kuwi nggetak.

 

"Jangkrik wae dicekel nylenthik, apa maneh aku? Aku emoh mati saiki Lik!" wangsulane Jungkung karo suwara sing kedher.

 

"Caaa" wong kuwi nyeluk mbengoki kancane "Jungkung arep wani, ayo ditandangi!".

 

"Mandhak ngadhepi bocah cacingen kaya ngono wae kok kowe kuwi ndadak ajak-ajak ta ?" wangsulane salah siji saka kancane kuwi "mbok ndang ditandangi dhewe, mengko wae nek wis rampung, kowe gak sah melu cawe-cawe tumandang mendhem awake bocah kuwi".

 

"Ya uwis nek ngono" wangsulane wong sing nggawa golok kuwi karo tata-tata, nyilakne jarike banjur arep mlangkah maju nyedhaki Jungkung sing uga wis tata-tata nempuh tekane bebaya.

 

 

ana candhake.


Selasa, 14 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (019)

 


19.

Nek ngugemi welinge mBok Randha Dirah iya nalikane isih waras biyen lan uga nalikane mBok Randha Dirah lara sing wekasane ndadekne patine, Jungkung nggagas kudune dheweke ngukuhi apa sing dadi tinggalane mBok Randha Dirah kabeh kuwi minangka duweke. Luwih-luwih selawase Jungkung ya durung tau weruh yen Mingkur sing lagi teka kuwi temen-temen ponakane mBok Randha Dirah. Dadi Jungkung duwe tekad ora arep ngulungne bandha donya tinggalane mBok Randha Dirah sing wis ngangkat dheweke dadi anake kuwi marang sapa wae, klebu marang Ki Lurah utawa Ki Bekel sing dadi wewakiling parentah Desa.

 

Beda sing digagas Jungkung, beda maneh karo sing ana gagasane Mingkur. Mingkur duwe pangira yen olehe meneng Jungkung lan ora enggal aweh wangsulan marang Ki Bekel sarta Ki Lurah kuwi amerga mbok menawa Jungkung isih bingung arep lunga menyang ngendi sawise yen omah sing dipanggoni kuwi dijaluk dening sing nduwe. Mingkur tumuli nuduhne jiwa wicaksanane marang nom-noman sing lagi wae ditinggal mati dening wong tuwane angkat kuwi.

 


"Aku ngerti nek wektu iki kowe lagi bingung, Jungkung" kandhane Mingkur sawuse rada suwe kahanan sepi ora ana sing guneman "nek perkara kowe arep manggon neng ngendi sawuse omah lan pekarangan sarta pategalan iki kudu dadi duwekku, gandheng ngelingi kabecikanmu sasuwene ngenger marang Bibi Dirah, kowe isih tak lilani mapan ing omah kene nanging jejermu neng kene ya padha karo nalika Bibi Dirah isih urip, ya iku kowe mung saderma dadi rewang samono uga olehmu ngopeni pategalan tinggalane Bibi Dirah, kowe ya mung wenang ngopeni nanging ora wenang nduweni utawa murba wulu wetune pategalan".

 

"Wis genah ta, Jungkung?" Ki Lurah numpangi rembuge Mingkur "awit saka murahing penggalihe anak mas Mingkur, kowe ora ditundhung kudu lunga saka omah iki. Mula becike minangka wong sing ngerti ing reh tata krama, enggala ngaturake panuwun marang Nakmas Mingkur".

 

"Mangke rumiyin Ki Lurah" Jungkung wangsulan karo rada ndhangak nyawang Ki Lurah "jejer kula manggen ing griya mriki niku boten sadermi rencangipun sawargi Biyung Dirah, nanging kula ing mriki niki rumiyin awit dipun kersakaken dening Biyung kadhaku minangka yoga. Tangga tepalih ugi sami sumerep menawi kula menika dede rewangipun Biyung Dirah, nanging kula niki yoganipun. Lan saderngipun Biyung kapundhut dening Gusti, Biyung ninggal weling bilih sedaya ingkang dipun tilar Biyung menika dados gadhahan kula. Dados paugeran ingkang Ki Lurah dhawuhne ing ngajeng menika boten saged dipun cakne ing babagan menika, jalaran kanyatanipun pejahipun Biyung nilar yoga, inggih menika kula".

 

Ki Lurah, Ki Bekel lan Mingkur rada kaget krungu wangsulane Jungkung sing kaya ngono kuwi. Wangsulan kuwi cetha yen Jungkung wis rumangsa nduweni kabeh tinggalane mBok Randha Dirah lan ora nganggep babar pisan karo tekane Mingkur sing tekane ing kono jejer minangka ponakane mBok Randha Dirah sing arep ngukud bandha donya sing ditinggal mati dening Bibine.

 

"Kowe aja banjur keladuk wani ngono kuwi, Jungkung" Mingkur sing wangsulan dhisik dhewe marang tembunge Jungkung  "kowe aja banjur ngawu gawar, rumangsa dadi anak angkate Bibi Dirah, aku minangka ponakane Bibi ngerti, jejermu neng kene kuwi merga kowe biyen bocah lola sing uripe ora pakra, merga Bibi duwe rasa welas kowe dikukup diopeni, ora kok didadekne anake".

 

"Sekedhap Kakang Mingkur" Jungkung wangsulan wani "tangga tepalih ing mriki sedaya ngertos nek kula niki anak pupone Biyung Dirah, dadi kula boten ngawu gawar kados sing ndika kandhakne niku".

 

"Jungkung" Ki Bekel guneman suwarne wiwit keprungu rada atos "kowe kena wae ngoceh nek kowe kuwi anak pupone mBok Randha Dirah, nanging kuwi ora ana gunane, merga ora ana bukti layang kekancingan sing ditapak astani Ki Lurah yen mBok Randha Dirah wis mupu kowe dadi anake".

 

"Dados paseksene para tangga tepalih ing mriki nek kula niki anake Biyung Dirah niku boten ndika pitados Ki Bekel?" Jungkung mangsuli kandhane Ki Bekel karo takon.

 

"Kapeksa sing mbok kandhakne paseksen kuwi ora bisa ditampa, Jungkung" wangsulane Ki Bekel "paugeran sing ana nyebutake yen ngangkat anak pupon kuwi kudu ana layang kekancingan sing ditapak astani dening Ki Lurah sing nalika iku isih madeg dadi Lurah. Utawa saora-orane, Ki Lurah, Ki Carik lan Ki Bekel kudu nekseni nek ana wong ngangkat anak dadi anak pupone. Kamangka aku minangka Bekel lan Ki Lurah babar pisan ora tau krungu nek kowe wis diangkat dadi anak pupone mBok Randha Dirah. Dadi panggah wae, kowe kuwi dudu apa-apane mBok Randha Dirah lan babar pisan ora nduweni wewenang njaluk tinggalane mBok Randha Dirah".

 

"Lha menawi Kakang Mingkur niki?" Jungkung takon karo suwara sing uga rada atos "selawase kula dados anake Biyung Dirah, dereng tau kula sumerep piyambake dugi mriki, malah tangga tepalih nggih mpun ngerti nek Biyung niku boten gadhah sedherek utawi kulawarga malih. Lha kok sareng Biyung Dirah pejah, dumadakan kanthi sekeca ngaku-aku minangka ponakane, niku napa nggih klebet nalar Ki Bekel?".

 

"Kuwi beda, Jungkung" Ki Lurah sing genti mangsuli pitakone Jungkung "sanajan wong sadesa sing dadi tanggane mBok Randha Dirah ora ngerti, nanging Anak Mas Mingkur panggah jejer dadi ponakane mBok Dirah, jalaran aku lan Ki Bekel wani madeg dadi seksi nek Anakmas Mingkur iki temen-temen ponakane mBok Randha Dirah".

 

Dumadakan wong lanang sing jeneng Mingkur kuwi ngobahne lambene, lan saka tutuke ngetokne suwara singsut sing banter banget ngemba suwarane  manuk kedasih sing lagi ngasih-asih. Jungkung dadi kaget lan ora ngerti apa karepe Mingkur ngetokne suwara sing memper suwara sasmita kuwi.

 

"Upami kula boten percaya kalih paseksen ndika pripun Ki Lurah?" dumadakan tanpa merdulekne suwara singsute Mingkur Jungkung takon marang Ki Lurah.

 

"Yen kowe ora percaya karo paseksenku lan paseksene Ki Bekel, ateges kowe wis wani mirong kampuh jingga neng ngarepku, Jungkung" wangsulane Ki Lurah atos "kowe wis wani nantang paugeran lan pranataning desa, kowe mesthi bakal nampa pidana sing abot, malah yen kowe didakwa wis wani nantang pranatan ukumane padha karo wong sing mbalela, ya kuwi pidana pati".

 

Bareng karo menenge suwarane Ki Lurah nggone wangsulan marang Jungkung, dumadakan ing plataran omahe mBok Randha Dirah katon ana wong lima sing durung tau ditepungi dening Jungkung. Wong lima sing awake gedhe-gedhe kanthi sandhangan sing serem-serem kuwi padha mara lan ngepung omahe mBok Randha Dirah.  Jungkung banjur ngerti apa maknane suwara singsut sing lagi wae metu saka lambene Mingkur.

 

"Saiki karepmu piye, Jungkung?" Ki Bekel banjur naker marang Jungkung "Kowe gelem mbiyantu aku karo Ki Lurah kanthi masrahake bandha tinggalane mBok Randha Dirah iki marang anak mas Mingkur? apa kowe milih nampa pidana merga wis kebukten yen kowe arep mbalela?".

 

"Kula boten butuh dipasrahi bandha tinggalane Bibi kula Ki Bekel" Mingkur guneman marang Ki Bekel sing lagi wae naker Jungkung "betah kula, kula mriki niki wau badhe ngukud bandha tilarane Bibi ingkang samangke sampun dados gadhahan kula, Ki Bekel kalih Ki Lurah sampun dados seksi  nek lampah kula niki sampun leres lan sampun jumbuh kaliyan pranatan. Dene menawi wonten tiyang ingkang badhe nekad ngukuhi bandha tilarane Bibi niki, nggih kapeksa badhe kula singkiraken kemawon, idhep-idhep mbiyantu desa lan negara numpes tiyang ingkang cetha wantun mengsahi pranatan lan paugeraning desa".

 

Jungkung wis krasa yen Mingkur arep migunakne kekuwatan sing diduweni kanggo meksa dheweke lan ngrebut bandhane Biyung Pupone. Ngrumangsani yen awake ringkih lan Jungkung weruh dhewe yen Mingkur wis nekakne wong-wong kasar sing saiki ngepung omahe, sarta Jungkung uga ngrumangsani arepa kopat-kapita kaya ula tapak angin, kekejera kaya branjangan, ora bakal ana critane wong ijen bisa menang mungsuh panguwasa. Mula sawuse meneng sauntara Jungkung iya banjur kandha karo suwara sing abot, ditujokne marang Ki Lurah lan Ki Bekel :

 

"Inggih Ki Lurah lan Ki Bekel, badhea kados napa wekdal niki kula boten badhe wani mungsuh ndika kekalih lan kula nggih boten wani mungsuh tiyang ingkang nggadhahi kekiyatan tuwin panguwaos. Kula badhe kesah saking griya niki sak niki ugi. Mugi-mugi alusipun Biyung ing alam kalanggengan saged tentrem lan boten keganggu awit wontenipun prakawis menika".

 

Bubar muni ngono kuwi, tanpa salin lan tanpa tata-tata Jungkung banjur ngadeg, mlaku metu ninggalne omah sing dening sing duwe wis tau dipasrahne marang dheweke. Ki Lurah karo Ki Bekel ora mangsuli olehe pamitan Jungkung, malah keprungu ngguyu sajak wis kalegan atine. Ki Lurah ngguyu sansaya banter bareng-bareng karo guyune Ki Bekel lan Mingkur sing wis rumangsa bisa ngalahne Jungkung, nom-noman sing tenane bocah sing wis lola.

 

 

ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (018)

 


18.

Lon-lonan Jungkung noleh ngiwa nengen. awake isih krasa lara kabeh. Jungkung lali mbuh wis pirang dina dheweke ngglethak neng amben sing saiki diglethaki kuwi. Keri dhewe sing dielingi Jungkung, dheweke ngglethak neng pendhapa kalurahan, digoleki wong arep dikabari nek biyunge wis mati. Bar kuwi Jungkung wis lali kabeh, ora eling apa-apa. Ngerti-ngerti saiki dheweke wis ngglethak neng amben sing selawase durung tau dingerteni.  Neng panggonan sing kahanane beda adoh karo omahe, cetha nek iki neng omahe wong liya, dudu neng omah sing kulina dipanggoni karo wong tuwane. Alon-alon Jungkung tangi, mapan lungguh, dheweke kelingan yen isih duwe kuwajiban sing  kudu ditindakne, ya iku ngubur Biyunge sing jarene wong sing kabar-kabar mau wis mati.

 

"Wis bisa lungguh dhewe ta ngger?" dumadakan ana suwarane wong takon sing banjur mara nyedahki. Jungkung noleh asale suwara, katon wong sing mau aweh panganan marang dheweke, sega neng layah lawuh jangan bening karo bothok lirih, sing durung kober dipuluk kesusu diparani dening Leya, rewange Ki Lurah sing nggoleki ali-aline Kuncung.

 

"Aja dienggo tangi dhisik nek pancen durung kuwat, Jungkung" wong wadon setengah tuwa kuwi guneman maneh karo mapan lungguh neng cedhake "sanadyan sing abuh-abuh wis kisep kabeh, tatu-tatune wis padha garing, nanging ya aja dipeksa kanggo tangi dhisik, ben nganti waras tenan".

 

"Kula niki teng pundi ta Yung? lan Biyunge kula pripun? mesakne nek dereng enten sing ngupakara layone" Jungkung guneman lirih karo nyawang wong wadon setengah tuwa sing lungguh neng sandhinge kuwi.

 

"Ora sah mikir sing abot-abor dhisik!" wong wadon kuwi semaur alon "kowe tak kon ngeterne menyang omahku kene, aku ora tega nek kowe arep diseleh neng empere Kalurahan kanggo diopeni ben waras, kuwi wis sepasa kepungkur, lan biyungmu uga wis dirukti kanthi apa mesthine dening sedulur-sedulur kene, suk emben wae nek awakmu wis waras tenan, kuburane biyungmu tilikana lan resikana kaya lumrahe kuburane wong liyane. Saiki sing baku kowe kudu waras luwih dhisik".

 

Jungkung ora semaur maneh, sirahe krasa mumet panyawange bali klemun-klemun. Jungkung bali mapan ngglethak kaya mau. Meh setengah sasi Jungkung diopeni neng omahe mBok Randha Dirah sing ora duwe anak. Kanthi kebak rasa welas asih Jungkung diopeni, ditambani nganggo bobokan gegodhongan sing dingerteni mBok Randha Dirah, nganti waras tenan.

 

Bareng Jungkung wis waras, tenagane bali pulih, gandheng mBok Randha Dirah urip ijen, Jungkung banjur dipek dadi anake, Jungkung sing wis ora duwe sapa-sapa kuwi ya gelem. Urip dadi anake mBok Randha Dirah, Jungkung dadi luwih kopen. Sanajan mung sethithik, mBok Randha Dirah duwe pategalan sing asile cukup kanggo urip karo Jungkung. Dadi Jungkung ora saben dina ider bau, tawa tenaga kanggo golek panganan saemplokan. Dhasare Jungkung kuwi bocah sing sregep, tegalane mBok Randha Dirah ya dadi luwih becik kahanane. Tanduran Ketela Pohung, Uwi, gembili lan sapiturute dadi sansaya subur lan sansaya akeh ngetokne asile. Tanduran klapa ya mundhak dadi sansaya mbriyet uwohe, amarga saben-saben tansah dikresaki dening Jungkung. mBok Randha Dirah dadi sansaya asih lan tresna marang anak pupone kuwi.

 

Nanging, ana unen-unen sing ngandhakne yen krodhaning ati tan kuwawa mbedhah kuthaning pasti, karepe sing dadi lakon kudu manut karo sing gawe crita, kuwi nyata ora bisa diselaki. Telung tahun ngrasakne urip sing rada temata, mBok Randha Dirah ketaman lelara, wis ora kurang-kurang Jungkung ngupadi tamba, nekani Dhukun lan wong tuwa supaya Biyunge Pupon kuwi bisa waras. Nanging, mundhak dina larane mBok Randha ora suda, nanging malah sansaya ndadra, wekasan mbarengi tumibane wektu sing becik, mBok Randha Dirah katimbalan dening Gusti Allah, bali menyang jaman kelanggengan. Rasa sedhih ing atine Jungkung sing saiki wis ngancik meh diwasa ora kena digambarake. Kanggone Jungkung ditinggal mati Biyunge dhewe karo ditinggal mati dening Biyung pupone kuwi padha. mBok Randha Dirah jaman isih urip  kuwi tau crita, yen uripe neng ngalam donya iki sawuse ditinggal mati dening bojone, mung kari ijen tanpa sanak tanpa kadang. Mula bareng Jungkung gelem dipupu dadi anake, mBok Randha Dirah rumangsa nampa kanugrahan, uripe wis ora kijenan maneh. Jungkung sanadyan mung anak pupon digegadhang bisoa mbesuk nyambung sejarah uripe. Jungkung dhewe sing ngrumangsani yen wis jinunjung panguripane sak jege dadi anake pupon mBok Randha Dirah, janji sajroning ati bakal mendhem jero mikul dhuwur marang wong sing wis gelem ngramut uripe.

 

Let pitung dina sabubare mBok Randha Dirah dikubur, ambeneri bareng karo Jungkung bali saka pategalan, ing omahe ana dhayoh sing mara dikancani karo Ki Lurah lan Ki Bekel. Wong lanang sing merdhayoh kuwi umur-umurane kira-kira limang tahunan luwih tuwa tinimbang Jungkung, sandhangane katon sarwa becik lan resik, nuduhne nek wong kuwi kecukupan uripe. Gage wae Jungkung mbagekne sarta ngacarani tamu mau apa dene Ki Lurah lan Ki Bekel padha mlebu neng jero omah. Jungkung uga gage wae anggone ngglear klasa kanggo lungguh dhayoh-dhayohe.

 

"Ngene ya Jungkung" kandhane Ki Lurah marang Jungkung sawise mapan lungguh neng klasa "tekaku mrene iki mau, kajaba kepengin ngerti kabar kuwarsanmu ya ana perlu sethithik karo kowe".

 

"Inggih Ki Lurah" wangsulane Jungkung kurmat banget. Senajan satemene atine Jungkung isih krasa bingget marang Ki Lurah, kelingan jaman dheweke didakwa ndhelikne ali-aline Kuncung lan sawise dipala lan dipilara dening rewang-rewange Ki Lurah, upama ora ditulungi mBok Randha Dirah kira-kira wae Jungkung wis mati nusul Biyunge.

 

"Lha sing dadi perluku karo kowe, aku mung ngeterne Anak Mas Mingkur iki" kandhane Ki Lurah sabanjure, Jungkung durung wangsulan mung sajak nyemak lan ngrungokne apa sing dikandhakne dening Ki Lurah "Anak Mas Mingkur iki, isih kapernah pulunan karo sawargi mBok Randha Dirah ya wong sing mbok dhereki sasuwene iki. Wong tuwane anak mas Mingkur iki, isih mbakyune mBok Randha Dirah. Lha sing dilenggahi wektu iki ana Desa Bokor sak lore desane dhewe kene iki".

 

"Lha lajeng  Kakang Mingkur punika rawuh mriki menapa badhe tuwi dhateng Biyung Dirah?" Jungkung medhot kandhane Ki Lurah karo takon "gandheng samangke Biyung sampun boten wonten, menawi kepareng kula saged ndherekne Kakang Mingkur dhateng pasareyanipun Biyung".

 

Muni ngono kuwi, Jungkung karo ngeling-eling apa sing tau dicritakne dening Biyung Pupone sing ngandhakne nek mBok Randha Dirah kuwi ora duwe sedulur. Lan selawase dadi anake mBok Randha Dirah, Jungkung durung tau weruh ana sedulur utawa kulawargane mBok Randha Dirah sing sanja menyang omah kono kuwi. Iki kok mara-mara ana wong teka sing ngaku-aku nek isih ponakane mBok Randha Dirah? Apa sing dadi tujuwane?.

 

"Perkara   niliki pasareyane mBok Randha kuwi bisa dirembug mengko Jungkung" Ki Bekel melu guneman "sing luwih baku, yaiku bab barang darbeke mBok Randha Dirah sing saiki wis ditinggal keri neng donya".

 

"Kersanipun kados pundi Ki Bekel?" pitakone Jungkung marang Ki Bekel, nalare Jungkung wiwit nggagas lan wiwit bisa ngira-ira mungguh tujuwane Mingkur sing ngaku-aku isih ponakane mBok Randha Dirah kuwi.

 

"Miturut paugeran sing lumaku ing desa kene wiwit jaman kuna makuna biyen, yen ana wong sing ora duwe anak utawa turun sing isih urip, mangka bandha donya sing ditinggal sawise wong mau mati, mangka banjur dadi kukubane desa. Sanadyan mangkono, upama wong sing mati mau isih duwe ponakan utawa sedulur sing isih urip, mangka bandha tinggalane mung satelon sing dadi kukubane Desa, lha sing rong protelon dening Desa kudu dipasrahne marang sedulur utawa ponakane sing isih urip kuwi mau" Ki Bekel aweh wangsulan marang Jungkung karo aweh pangerten babagan bandha tinggalane wong sing wis mati adhedhasar paugeran sing ana.

 

"Lha saiki, gandheng mBok Randha Dirah nyatane ya wis ora ana, kamangka mBok Randha Dirah kuwi kagungan ponakan siji yaiku Anakmas Mingkur iki. Mula tekaku kene iki mau arep ngandhani kowe, supaya kowe tumuli metu saka omahe mBok Randha Dirah iki kanggo selawase, sebab omah lan kabeh bandha tinggalane mBok Randha Dirah sing wujud omah lan pategalan iki wis dadi kagungane Anak Mas Mingkur, dene lemah teles sing manggon neng sakulone Kucur kae bakal dadi bandha duweke desa" Ki Lurah nyambung kandhane Ki Bekel marang Jungkung.

 

Jungkung ora bisa kumecap kanggo wangsulan, atine ora trima yen kudu lunga saka omah kono kuwi. Kuwi omahe Biyunge Pupon sing tau kandha yen sawayah-wayah Biyunge pupon kuwi dipundhut dening sing Kuwasa mangka kabeh sing ditinggalne dadi duweke Jungkung.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...