Total Tayangan Halaman

Senin, 03 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (038)

 


38.

Dhadhapsulasma  leren sedhela anggone crita, praupane katon suntrut, embuh apa sing dirasakne. Sima Loreng apa dene Widaru ngira menawa wae Dhadhapsulasma bali ngrasakne laraning awake jaman tangan lan sikile kebanda kenceng merga dheweke wis nyelaki karo janjine lan olehe tobat jebul ethok-ethok sarta isih duwe rasa kepengin mateni Raden Sengkan lan njupuk limpane arep dienggo jamu. Bareng wis bola-bali unjal ambegan landhung, Dhadhapsulasma banjur nutugne anggone crita :

 

"Sasampunipun radi dangu kula bengok-bengok sambat awit ngraosaken perih lan sakit, Raden Sengkan miyos saking sanggaripun, sarwi ngendika alon :

 

"Kowe kuwi pancen ora pantes dadi menungsa, ing ngarep kowe wis kandha nek wis tobat marang Allah awit saka bodhomu, lan wis luwar saka bandan, nanging jebul kowe malah duwe niyat arep ngapusi aku lan ngapusi Allah, ya mangkono kuwi lekase wong bodho, awit satemene ora kowe ngapusi Allah utawa ngapusi aku, nanging kowe wis ngapusi atimu dhewe. Saiki kowe sambat-sambat kapok, sepisan maneh aku kandha mbok gugu sokur ora mbok gugu ya sakarepmu, yen sambatmu kapok-kapok kuwi tumus tekan ing ati suci mangka Allah mesthi paling pangapura marang kowe, kosok baline yen kowe isih dhemen ngapusi atimu dhewe mangka siksa sing bakal mbok rasakne tuhu luwih lara maneh".

 

"Estu Raden, kula tobat saestu, menawi tobat kula menika namung lelamisan mugi kula lumpuh salaminipun ing papan mriki" kula lajeng matur nyuwun pangapunten dhateng Raden Sengkan.

 

"Yen ndika pancen tobat tenanan, aja ndika kandhakne marang aku, nanging munjuka marang Allah sing Maha Asih" Raden Sengkan paring wangsulan. Kula inggih lajeng nyuwun pangapunten dhateng Gusti lan boten badhe angambali malih lekas kula ingkang boten leres menika kala wau. Kados kala wau, sasampunipun kula mertobat dhateng Allah, tangsul ingkang njiret lan ngiket tangan saha suku kula lajeng udhar, ical saking pandulu. Kula wangsul luwar saking panandhang malih. Kula sakalangkung ngaturaken panuwun dhumateng Raden Sengkan ing salebeting manah sampun boten wonten kepenginan badhe anyidrani dhateng panjenenganipun malih".

 

Dhadhapsulasma banjur leren maneh olehe crita.

 

"Lha sasampunipun ndika luwar saking bandan, lajeng menapa ingkang ndika tindakne?" Widaru takon.

 

"Kula lajeng matur dhateng Raden Sengkan bilih kula badhe suwita dadosa siswan dhateng panjenenganipun, jalaran kula pitados bilih kanthi suwita dhateng Raden Sengkan, kula badhe kaparingan tamba murih saged wangsul dados manungsa limrah malih" wangsulane Dhadhapsulasma "nanging Raden Sengkan paring dhawuh bilih panjenenganipun menika namung saged mucal muruk ing babagan agami ingkang dipun rasuk, kula lajeng nyuwun supados katuntun murih saged ngrasuk agami ingkang dipun agem dening Raden Sengkan, nenggih agami Rasul. Sasampunipun kula kaislamaken dening Raden Sengkan, nunten kadhawuhan mapan ing pondhokipun sarta kadhawuhan bilih anggen kula saged wangsul dados manungsa limrah menika mbetahaken wekdal ingkang radi dangu, nanging saderengipun kula badhe kausadanan murih kula saged dados setengah menungsa limrah setengah dados prayangan rumiyin, ingkang saged sesambetan kaliyan para dhemit ugi saged sesambetan kalih para manungsa. Benjing menawi sampun wonten lelampahan putreng nata minggat ngumbara Gusti Allah badhe paring nugraha waras dhateng kula".

 

"Lha sambetipun kaliyan anggen ndika manggihi Ki Sodagar lan kula wonten mriki niku menapa?" Sima Loreng genti sing takon.

 

"Oo, menika makaten Ki Sima Loreng" wangsulane Dhadhapsulasama "sasampunipun kula dados pandherekipun Raden Sengkan, kula kadhawuhan malih supados nenggani pondhokipun ingkang namung wujud kajeng ageng ingkang growong, awit Raden Sengkan badhe nindakaken dakwah nyebaraken agami lan wiwit menika sesambetan kula kalih Raden Sengkan namung liwat sasmitaning batin, liripun Raden Sengkan badhe paring dhawuh menapa kemawon inggih cekap mawi lelantaran sasmitaning batin, boten kanthi aben ajeng kados kula kaliyan ndika kekalih menika".

 

"Ingkang dipun kajengaken Ki Sima Loreng menika sambetipun anggen ndika manggihi kula menika lho Ki Dhadhapsulasma!" Widaru ngelingne kancane omong kuwi .

 

"Sekedhap Ki Sodagar" wangsulane Dhadhapsulasma "sambeting crita kula makaten, antawis tigang wulan kapengker kula nampi sasmita batin saking Raden Sengkan murih ngancani lampahipun pawongan ingkang ngumbara saking wetan, pawongan menika ngumbara awit madosi Gurunipun ingkang wekdal menika nembe kenging walating Gusti jalaran kapaeka dening Resi Wresaya inggih tilas guru kula duk ing uni, dene marginipun kula kadhawuhan leledhang ing laladan sauruting Bengawan saking papan tempuring bengawan kalih minggah mangilen inggih ing sakiwa tengening papan menika. Kangge manggihaken pawongan ingkang dipun kersakaken dening Raden Sengkan menika, kula kadhawuhan murih suka pambiyantu menawi dipun betahaken dening tiyang ingkang badhe kapaeka dening Resi Wresaya lan siswa-siswanipun. Kala wingi siang, nalika kula mlampah ing satunggaling peken kanthi lampah prayangan kula sumerep Ki Sima Loreng nembe dipun incim dening adhi kula inggih Dhadhapsuwaru jalaran Ki Sima Loreng murungaken anggenipun badhe suwita lan puruita dhateng Resi Wresaya. Kula lajeng memanuki lampahipun Ki Sima Loreng mawi lampah prayangan temah Ki Sima Loreng boten pirsa menawi kula tutaken. Ngantos wontening kedadosan kala dalu Ki Sima Loreng ingkang badhe kapaeka dening adhi kula nanging saged unggul ing yuda. Awit saking menika kula nyuwun tulung dhumateng Ki Sima Loreng kersaa sajarwa dhateng kula, menapa ndika paraga ingkang kula padosi lan badhe kula kancani menika menapa dede?"

 

Dhadhapsulasma banjur leren olehe guneman, ngenteni wangsulane Sima Loreng. Nanging Sima Loreng ora enggal wangsulan jalaran uga lagi nggagas bener utawa goroh kabeh sing dicritakne dening Dhadhapsulasma ngono kuwi. Sima Loreng duwe rasa tidha-tidha, kuwatir yen nganti dheweke kapusan dening apus kramane mungsuh.

 

"Waleh-waleh menapa Ki Sodagar lan Ki Sima Loreng" sawuse rada sauntara Sima Loreng ora wangsulan Dhadhapsulasma banjur kandha maneh "badhea kados menapa Dhadhapsuwaru menika inggih taksih sedherek kula, kenging dipun paribasakaken kula saged tega larane nanging boten badhe tega kalih patine, pramila nalika kula sumerep kadang kula menika rubuh, kula kuwatos menawi piyambakipun ngantos pejah, kamangka kula kepengin saderngipun pejah sageda mertobat dhateng Allah langkung rumiyin, pramila sareng adhi kula dipun gotong wangsul dening andhahanipun, kula inggih lajeng ngetutaken kanthi sesidheman, pranyata adhi kula boten pejah lan miturut tata gelar taksih saged dipun tambani dening gurunipun, pramila kula lajeng nusul tindak ndika kekalih inggih sarana sesidheman ngmbah marginipun para prayangan".

 

Krungu kandhane Dhadhapsulasma sing mangkono iku sarta sawuse nggagas sing rada dawa, Sima Loreng banjur duwe dudutan yen luwih becik prasaja wae marang Dhadhapsulama, sapa ngerti dheweke enggal bisa kapethuk Ki Sima Abang. Dene saupama Dhadhapsulama iki jebul mungsuh sing lagi mbidhung api rowang, mangka Sima Abang ora wedi ngadhepi sranane mung nganggo laku nggedhekne ing reh pangati-ati. Nanging, wis ping pindho iki Sima Loreng krungu kabar yen Gurune, ya Ki Sima Abang wis dipaeka dening Resi Wresaya, sing sepisan kabar kuwi saka Widaru sing dienteni tutuging critane, sing kaping pindho saka Dhadhapsulasma sing lagi wae olehe ngandhakne, yen nggoleki paraga sing lagi nggoleki gurune, kamangka guru sing digoleki kuwi lagi kena walat merga kapaeka dening Resi Wresaya. Banjur apa wujuding paeka sing ditampa dening Sima Abang?".

 

"Mangke rumiyin Ki Dhadhapsulasma" Sima Loreng banjur takon "gurunipun paraga ingkang ndika padosi lan badhe ndika kancani niku sinten? lan samangke wujud walating Gusti menika kados pundi? sarta mapanipun dhateng pundi?".

 

"Blaka suta kemawon Ki Sima Loreng" wangsulane Dhadhapsulasma alon "asmanipun pawongan ingkang kula padosi menika sinten kula dereng ngertos, asmaning gurune ingkang dipun padosi menika sinten, kula inggih dereng sumerep, wujuding walat babar pisan kula ugi boten ngertos, mapanipun? tartamtu kula inggih dereng ngertos. Awit saking menika sedaya, kula nunten nyuwun pirsa dhateng ndika menapa ndika menika nembe madosi Guru ndika? menawi leres, kaparenga kula ngancani lampah ndika anggen ndika ngupadi murcanipun Guru ndika kala wau, nanging menawi ndika boten marengaken kula panggah badhe nekad ngancani salampah ndika namung kemawon inggih mawi lampahing para prayangan".

 

Sima Loreng ora enggal wangsulan malah banjur njawil lan nyawang praupane Widaru, njaluk tetimbangan. Widaru sing satemene wis percaya karo sing dikandhakne Dhadhapsulasma, merga Widaru nate nampa dedongengan saka gurune yaiku Kyai Purwahana, banjur ngedhepi Sima Loreng, aweh sasmita yen dheweke arep aweh wangsulan marang Dhadhapsulasma. Sima Loreng uga banjur manthuk ngiyani.

 

"Nuwun sewu Ki Dhadhapsulasma" Widaru banjur guneman karo nyawang Dhadhapsulasma "kula ingkang gentos badhe crita, liding crita mangke mbok menawi saged ndika pendhet minangka dudutan, menapa Kisanak Sima Loreng menika paraga ingkang nembe ndika padosi menapa sanes, saged kasumerepan sasampunipun ndika mendhet dudutan saking crita kula mangke".

 

Dhadhapsulasma katon padhang praupane, sajake mathuk karo sing lagi wae dikandhakne dening Widaru. Sauntara iku, jebul lakune srengenge wis adoh oleh ngudhuni cakrawala sisih kulon, sedhela maneh arep ambles  umpetan kaya-kaya wedi merga dioyak klawan tenane wengi.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (037)

 


37.

Sima Loreng tansah ngulati kabeh sing ditindakne Widaru, wiwit olehe sesuci nganti rampung olehe nindakne sembahyang, samono uga Dhadhapsulasma sing lungguh neng ngisor wit waringin sacedhake Widaru nggelar serban kanggo lemek nggone sujud. Sawise rampung nindakne sembahyang jamak kosor luhur lan ngasar dadi sawektu, Widaru nyedhaki Dhadhapsulasma lan mapan lungguh ing sandhinge.

 

"Kok radi benten kalih ingkang kula ngertosi Ki Sodagar anggen ndika nindakne sembahyang?" lagi wae Widaru mapan lungguh wis dipapag nganggo pitakonan dening Dhadhapsulasma. Sima Loreng sing durung ngerti sing dikarepne Dhadhapsulasma mung meneng, batine nggagas lan ngira yen sedulure Dhadhapsuwaru iki wis ngrasuk agama sing padha karo sing dirasuk dening Sodagar Widaru.

 

"Bentene mapan wonten pundi Ki Dhadhapsulasma?" Widaru sing mangsuli nganggo pitakonan.

 

"Miturut piwucal ingkang kula tampi, sembahyang luhur menika jumenengipun kaping sekawan, salamipun kaping kalih, niku wau kula tingali Ki Sodagar jumeneng kaping sekawan, salamipun ugi kaping sekawan, menika cethanipun kados pundi Ki Sodagar?" Dhadhapsulasma nggenahne pitakone.

 

"Ooo, menika ta Ki?" Sodagar Widaru wangsulan karo mesem amba "mila leres, sembahyang luhur menika ingkang leres mila inggih kados ingkang ndika ngendikakne niku. Nanging ing salebeting kekesahan, dipun wenangaken ngringkes lan ngempalaken sembahyang luhur kaliyan ngasar. Dipun ringkes kalih-kalihipun ingkang suwaunipun sekawan rekangat dados kalih rekangat, dipun kempalaken ing wanci ingkang satunggal, saged ing wanci luhur ugi saged ing wanci ngasar. Menika piwucal ingkang kula tampi saking guru kula nenggih Kyai Purwahana".

 

"Inggih, inggih Ki Sodagar kula nate mireng ugi bab menika" wangsulane Dhadhapsulasma karo manthuk-manthuk sajak lega.

 

"Nuwun sewu Ki Sodagar" dumadakan Sima Loreng melu nrambul gunem .

 

"Inggih Kisanak Sima Loreng, wonten dhawuh ?" pitakone Widaru karo nyawang Sima Loreng.

 

"Menapa menawi benjing menawi sampun rampung anggen kula ngayahi kuwajiban menika, Ki Sodagar kersa ngeteraken kula sowan dhateng Kyai Purwahana, guru ndika menika? Estu kula kepengin sanget ngrasuk agami ingkang sami kalih agami ndika kekalih menika" wangsulane Sima Loreng .

 

"O inggih, inggih Kisanak Sima Loreng, sampun kuwatos kula badhe kanthi remening manah badhe ndherekne Ki Sima Loreng, malah menawi Ki Sima Loreng ngersakaken dinten menika ugi ngrasuk agami Islam, kula miwah Ki Dhadhapsulasma mesthinipun ugi saged nuntuni, dene sampurnanipun mangke menawi sampun kepanggih kalih Ngulama ingkang langkung pana ing babagan menika".

 

Cekake wong ndongeng, dina iku uga Sima Loreng wis mlebu agama Islam, kanthi maca kalimah sahadat, dituntuni dening Widaru lan disekseni dening Dhadhapsulasma. Bareng Sima Loreng wis rampung ngucapne Sahadat, Dhadhapsulasma kandha nek arep nggenahne sedyane olehe nemoni Sodagar Widaru karo Sima Loreng ing papan kono kuwi.

 

"Inggih kados pundi cethanipun Ki Dhadhapsulasma?" Widaru nanggapi kandhane Dhadhapsulasma.

 

"Inggih Ki" wangsulane Dhadhapsulasma "estunipun kula menika kados ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng yen kula menika sedherekipun sepuh adhi kula Dhadhapsuwaru. Kula anak mbarep lan Dhadhapsuwaru menika anak nomer kalih welas, dados umur kula kalih Dhadhapsuwaru menika radi tebih kaotipun".

 

"Ooo, makaten ?".

 

"Inggih Ki, salajengipun" Dhadhapsulasma nutugne critane "suwaunipun kula menika inggih siswanipun Resi Wresaya, jalaran rikala samanten kula kepengin dados tiyang ingkang boten saged dipun kawonaken dening sinten kemawon  mila dening Resi Wresaya kula dipun paringi aji panglemunan, pranyata aji kala wau dede aji ingkang leres, sinten ingkang nglampahi lakoning aji menika estu saged ngilang, nanging kangge selawase jalaran lajeng manjing dhateng alaming para lelembat lan boten saged wangsul dhateng alam ingkang kasat mripat malih. Kasaranipun sasampunipun kaparingan aji menika kala wau, kula lajeng dados prayangan kangge salami-laminipun".

 

"Nanging nyatanipun ndika sak niki boten kados prayangan malih ngaten lho Ki?" Widaru takon semu gumun karo sing dikandhakne Dhadhapsulasma ngono kuwi mau.

 

"Mangke rumiyin, kula tutugne riyin anggen kula criyos Ki Sodagar" wangsulane Dhadhapsulama karo mesem amba.

 

"Inggih, mangga" Widaru aweh wangsulan.

 

"Sareng kula boten saged wangsul dhateng alam ingkang kasat mripat, inggih alamipun para manungsa limrah menika lan sagedipun sesambetan kalih menungsa inggih namung kalih Resi Wresaya piyambak, kula lajeng nyuwun tulung murih kula kawangsulna dados manungsa limrah malih. Nanging Resi Wresaya criyos, menawi sampun boten saged mangsulaken kula dhateng alam limrah, kajawi menawi kula saged manggihaken jampinipun, menawi saged manggihaken jampinipun kula badhe gesang langgeng sami kaliyan bumi langit saisinipun, kula saged dados menungsa limrah ingkang manggen ing jagad ingkang kasat mripat lan saged gesang ing alaming lelembat".

 

"Lajeng jampinipun menika wujud menapa Ki Dhadhapsulasma? Mesthinipun ndika sampun manggihaken ketitik dinten menika saged manggihi kula kalih Ki Sodagar ing mriki menika?" Sima Loreng genti sing nyela rembug.

 

"Criyosipun Resi Wresaya dhateng kula" Dhadhapsulasma aweh wangsulan ngiras nerusne nggone crita "jampinipun wujud limpanipun tiyang ingkang nami Raden Sengkan, dados murih kula saged wangsul dados manungsa limrah, kula kedah mejahi tiyang ingkang nami Raden Sengkan kala wau, mendhet limpanipun lajeng kula tedha ing sangajengipun Resi Wresaya".

 

"Lajeng ndika ugi sampun kepanggih lan mejahi sarta nedha limpanipun Raden Sengkan menika Ki?" Widaru sumela takon.

 

"Boten Ki Sodagar" wangsulane Dhadhapsulasma alon.

 

"Kok boten?" Sima Loreng genti takon "kok ndika saged wangsul malih dados tiyang limrah?".

 

"Niku criyose ngaten Ki" wangsulane Dhadhapsulama "kula mila lajeng madosi Raden Sengkan, lan boten angel madosi tiyang menika, jalaran piyambakipun menika nembe nglampahi andon lampah saking Demak Bintara tumuju Tanah Jawi iring wetan sinambi nyebaraken Agami Rasul. Nanging sareng kula panggihi lan lajeng badhe kula pejahi, Raden Sengkan pranyata nggadhahi kasekten ingkang boten kenging dipun jajagi. Kula tamani dedamel babar pisan boten tumama, kamangka wekdal semanten kula mapan ing alaming lelembat, parandene Raden Sengkan saged sumerep sedaya polah kula. Sareng kula suduk mawi dhuwung boten tedhas lan boten dipun raos, kula sabet pedhang inggih boten tumama kula dados sansaya liwung, mripatipun Raden Sengkan badhe kula culek ngangge pucuking dhuwung ingkang sampun kula celup ing warangan. Nanging Raden Sengkan langkung prayitna, tangan kula dipun candhak lan dipun untir, dhuwung ingkang kula cepeng dhawah. Kula lajeng dipun ajar ngantios thele-thele, boten kiyat ngglawat, lajeng tangan miwah sikil kula dipun banda lan kula sampun boten saged bangga malih, sagedipun kantun pasrah".

 

"Lajeng dening Raden Sengkan ndika dipun menapakaken Ki ?" Widaru nyela takon.

 

"Sasampunipun kula boten saged obah awit tangan lan suku kula dipun banda, Raden Sengkan lajeng wicanten :

"saiki kowe arep tak umbar sajroning kahanan kaya mangkono iku nganti sak matimu, ya iku bareng karo lebure bumi lan langit".

 

"Adhuh Raden kapejahana kemawon tinimbang kula kedah nglampahi ingkang kados makaten menika" wangsulan kula kalih nangis ngaruara.

 

"Ora bisa, jalaran kowe kuwi dudu bangsane manungsa maneh, nanging kowe wis milih dadi bangsane prayangan, gandheng kowe wis arep mateni aku, saiki ya rasakna iku piwales sing jumbuh karo kaluputan" makaten wangsulanipun Raden Sengkan dhateng kula. Kula inggih lajeng nangis ngglolo kados lare alit nika, sarwi sambat nyuwun pangapura.

 

"Yen kowe bener-bener njaluk pangapura, bakal tak apura lan tak luwari saka bandan" makaten Raden Sengkan paring dhawuh dhateng kula "nanging kowe kudu gelem mertobat marang Gusti sing Maha Nasa. Nek olehmu mertobat mung lelamisan mangka tali tampar sing saiki mbanda tangan lan sikilmu kuwi, saka pangwasane Allah bakal obah dhewe lan ora bisa mbok endhani bakal mbanda tangan lan sikilmu maneh lan ora ana sing bisa nguculi bandanmu kuwi".

 

Gandheng kawontenan ingkang makaten menika, kula lajeng nyagahi dhawuhipun Raden Sengkan menika kala wau, tali tampar ingkang mbanda tangan lan suku kula sakala ical saking pandulu lan kula saged luwar kados waunipun. Kula lajeng pamitan badhe kesah nilar Raden Sengkan, nanging dening Raden Sengkan boten kaparengaken. Kula kadhawuhan kendel sawatawis ing papanipun, kamangka salebeting manah kula boten badhe nglampahi dhawuhipun Raden Sengkan kala wau, jalaran kula langkung pitados dhateng Guru Kula nenggih Resi Wresaya. Anggen kula pamitan kala wau inggih namung ethok-ethok kemawon, angkah kula, Raden Sengkan badhe kula cidra nalika piyambakipun nembe tilem. Pramila sareng kula kapenggak, kula inggih lajeng manut, nanging inggih niku wau, kula niyat ndingkik klenanipun Raden Sengkan. Dumadakan, boten sumerep asalipun tangan lan suku kula sampun kajiret malih dening tali tampar ingkang saged obah piyambak, malah samangke langkung kenceng lan langkung sakit raosipun, kula inggih lajeng bengok-bengok, jalaran  Raden Sengkan nembe kemawon mlebet dhateng sanggaripun, kula namung piyambakan ing ngajeng griyanipun kanthi kawontenan tangan lan sikil kabanda keket.

 

 

ana candhake.

Minggu, 02 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (036)

 


36.

Kaya padatan esuk kuwi Sima Loreng manggon dadi sakreta karo Sodagar Widaru, mung bedane yen wingi-wingi Sima Loreng mung dianggep wong sing nunut mlaku lan didadekine kanca omong-omongan nalika ana dalan dening Widaru, esuk kuwi sikepe Widaru owah, malih banget anggone ngaji-aji marang Sima Loreng. Para rewange Widaru sing nggelak cikar uga padha luwih ayem anggone mlaku, jalaran klawan anane Sima Loreng sing nyata duwe ngelmu kanuragan sing kena diarani punjul ing apapak, ndadekne wong-wong kuwi rumangsa oleh tambahing kekuwatan samngsa-mangsa ing dalan ketemu wong ala sing arep mbegal barang dagagangane Juragane. Bareng lakune kreta wis sauntara ninggal papan palerenan Widaru bali nutugne anggone crita marang Sima Loreng. Sima Loreng sing dhasare wis rada suwe olehe ngarep-arep supaya Widaru gelem nutugne critane, banjur lungguh ngrungokne.

 

"Nalika tiyang kalih kala wau angsal sekawan dasa dinten anggenipun nindakaken lampah maneges" Widaru miwiti crita "kekalihipun sami anggenipun nampi sasmitaning jagad, murih kajawi nindakaken lampah maneges kanthi samadhi maladi hening, ugi kadhawuhan murih asung pitulungan dhumateng titah sanes. Ki Gedhe Cupuwatu kadhawuhan ndandosi jagad ingkang sami risak sarana nanem tanem tuwuh sadawaning lepen alit ingkang poking sumber wonten ing kucur sacaketipun, dene Ki Sima Abang kadhawuhan paring pangayoman dhateng tiyang-tiyang ingkang lampah dagang ing sukuning Redi Wilis. Kekalihipun ugi lajeng nindakaken sasmitaning jagad kala wau jumbuh kaliyan sasmita ingkang dipun tampi".

 

"Ooo, makaten inggih Ki Sodagar?" Sima Loreng nyela rembug "pantes kemawon, tigang dinten saderengipun kula kepanggih kalih Ki Sodagar, kula mireng saking para bakul ingkang criyos bilih nate pikantuk pangayoman saking Ki Sima Abang".

 

"Inggih Kisanak" wangsulane Widaru sing banjur mbacutne critane "salajengipun sasampunipun radi sawatawis anggenipun tiyang kekalih kala wau nindakaken sasmitaning jagad, lajeng nampi sasmita malih Ki Gedhe Cupu Watu kadhawuhan manggihi Kyai Bantarangin, siswanipun Syekh Jumadil Kubra, ingkang asalipun saking Padhukuhan Sangkal Putung, awit inggih namung Kyai Bantarangin menika ingkang saged nenuntun Ki Gedhe Cupu Watu nggayuh kasampurnaning ngelminipun. Dene Ki Sima Abang kadhawuhan madosi Raden Sengkan ingkang ugi siswanipun Syekh Jumadil Kubra ingkang jumeneng Waliyullah ing Tanah Jawi. Namung minangka ancer-ancer, kekalihipun kasasmitan murih mlampah mangilen, mangke menawi sampun kepanggih Lepen Ageng ingkang pepanggihan, kapurih nurut nginggahi lepen ingkang saking kilen".

 

"Dados antawisipun Ki Sima Abang kalih Ki Gedhe Cupu Watu menika sesarengan anggenipun mlampah Ki Sodagar?" Sima Loreng nyelani takon maneh.

 

"Waunipun makaten Kisanak" wangsulane Widaru "nanging gandheng dhawuh sasmitaning jagad dhateng kekalihipun benten, inggih menika Ki Sima Loreng kadhawuhan paring pangayoman lan pitulungan dhateng titiyang ingkang dipun ganggu dening para durjana, dene Ki Gedhe Cupuwatu kadhawuhan nyebar wiji-wiji taneman ing siti ingkang suwung, kekalihipun lajeng pisah. Inggih saderengipun pepisahan Ki Sima Abang lan Ki Gedhe Cupuwatu sami angiket tali kekadangan, Ki Sima Abang dados sedherek sepuh dene Ki Cupuwatu dados sedherek timur. Kekalihipun sami aprajanji, benjing menawi anggenipun madosi tiyang ingkang badhe dipun guroni sampun kepanggih lan sampun rampung, kekalihipun sami-sami badhe madosi".

 

"Lha samangke Ki Sima Abang kalih Ki Gedhe Cupuwatu menapa sampun kepanggih kalih Raden Sengkan miwah Ki Bantarangin, Ki Sodagar?" Sima Loreng takon .

 

Widaru unjal ambegan landhung, praupane ketok nek lagi susah, malah saka mripate katon mili luh-luh bening sing nelesi pipine. Sima Loreng dadi gumun semu kaget weruh owah-owahan sing dialami Widaru ngono kuwi mau. Sauntara kuwi, wektune wis sansaya awan, srengenge wis ngglewang mangulon. Dalan sing ditempuh dening Kreta lan Cikar-cikare Widaru wis ora kaya mau, saiki wis ngliwati alas, lan olehe mlaku kudu golek dalan ing sela-selane wiwitan lan gegrumbulan, dadi lakune ora bisa cepet maneh kaya mau.

 

Dumadakan Widaru aweh prentah marang kusire kreta supaya ngendhegne lakune lan aweh sasmita marang rewang-rewange supaya leren dhisik anggone padha mlaku. Rewang-rewange Widaru wis padha tanggap kabeh, wektu mangkono kuwi wektune aweh mangan marang sapi-sapi sing nggeret Cikar, Jaran-jaran sing nggeret Kreta, uga olah panganan kanggo mangan kabeh sing padha lagi lelungan kuwi.  

 

Sauntara para rewange ewuh nandangi gaweyane dhewe-dhewe, Widaru pamitan marang Sima Loreng nek arep golek banyu sumber sing bening kanggo sesuci lan nindakne Sembahyang Luhur, ya iku kuwajibane wong sing wis ngrasuk agama piwulange Kanjeng Nabi kang jumeneng Rasulullah. Sima Loreng nembung marang Widaru yen arep melu.

 

"Menapa kula kaparengaken ndherek Ki Sodagar?" pitakone Sima Loreng "sanadyan kula nggadhahi kapitayan ingkang benten kalih Ki Sodagar, kula dumadakan kepengin sanget mangertosi tata caraning manembah miturut agami ingkang dipun rasuk Ki Sodagar".

 

"Mangga Kisanak menawi ndika kepengin sumerep anggen kula badhe nindakaken kuwajiban sembahyang luhur" wangsulane Widaru sing banjur mlaku nggoleki banyu sing mili kanggo sesuci. Sima Loreng iuga banjur ngetutne ing mburine.

 

Bareng wis rada sauntara Widaru nggoleki banyu sing mili, banjur kepethuk kalen cilik sing banyune bening. Ora sranta wong loro kuwi tumuli mudhun marani kalen kuwi. Nanging dumadakan lakune wong loro kuwi dadi kandheg, jalaran tan weruh sangkane ing ngarepe wis ana wong sing ngadeg ngadhang laku. Sima Loreng apa dene Widaru dadi rada kaget, jalaran wong sing ngadeg ana ngarepe kuwi memper banget karo Ki Dhadhapsuwaru.

 

"Kaget ndika weruh aku Ki Sodagar lan ndika Ki Sima Loreng?" wong sing rupane padha karo Dhadhapsuwaru kuwi takon.

 

"Nuwun sewu Kisanak" wangsulane Widaru alon "ndika kuwi sapa?".

 

"Bagus yen ndika takon sapa aku Ki Sodagar" wangsulane wong kuwi karo ngguyu "dadi ndika ngerti yen aku dudu Dhadhapsuwaru sing mau bengi wis dilumpuhne dening Kisanak Sima Loreng".

 

"Pancen meh wae aku kecelik, tak kira ndika kuwi Ki Dhadhapsuwaru, nanging aku eling yen Ki Dhadhapsuwaru isih lara, dadi mokal yen dheweke wis tekan kene" wangsulane Widaru tatag.

 

"Ha ha ha......" wong kuwi gumuyu banter "ditepungake wae Ki Sodagar lan ndika Ki Sima Loreng, tenane ngono, aku iki sedulur tunggal Bapa Biyung karo Adhiku Si Dhadhapsuwaru. Mau bengi aku weruh lan ngerti kaya ngapa ramene anggone Ki Sima Loreng kerengan karo adhiku Si Dhadhapsuwaru, sing wekasane adhiku rubuh ora eling kae".

 

"Mengko dhisik Kisanak" Sima Loreng genti sing guneman "ndika kuwi ngagem asma sapa? aku kudu ngakoni yen ndika kuwi nyata yen wong sing sekti mandraguna, ketitik aku babar pisan ora weruh yen mau bengi ndika wis nonton anggonku dolanan karo Ki Dhadhapsuwaru".

 

"Pangapura ndika sing gedhe Ki Sima Loreng" wong kuwi wangsulan karo mesem "jenengku Lasma, utawa Dhadhapsulasma. Aku banget kagum lan eram weruh kasekten ndika sing nggegirisi, satemene mau bengi aku kepengin banget bisa tetepungan karo ndika, nanging merga aku nguwatirake kahanane adhiku si Dhadhapsuwaru sing pedhot balung salange, kapeksa olehku kepengin tetepungan karo ndika tak empet dhisik. Aku ndhisikne ngetutne wong-wong sing padha nggotong adhiku bali menyang pagurone, lagi bareng aku krungu katrangan sing diwenehne dening Resi Wresaya marang murid-muride yen nyawane Dhadhapsuwaru isih bisa dislametake, lagi aku bali menyang papan sing mau bengi ndika enggo leren. Nanging, jebul ndika wis ora ana, mula banjur tak tututi lan tak cegat ana kene".

 

Sima Loreng karo Widaru padha pandeng-pandengan dhewe, kekarone weruh lan bisa ngarani nek wong sing ngaku jeneng Dhadhapsulasma kuwi mesthi wong sing duwe kadigdayan lan ngelmu sing dhuwur. Nanging ya gene ndadak goroh? Mesthine nek bener wong kuwi nyegat lakune Widaru lan rombongane, olehe nyegat ora neng kene, nanging neng dalan sing diliwati Cikar lan kreta sing saiki leren neng kana. Iki kok nyegat neng pinggir kalen? aneh?.

 

"Aku ngerti ndika wong loro semune ora percaya karo sing tak kandhakne" Dhadhapsulasma guneman kaya weruh sing lagi digagas dening Sima Loreng apa dene Widaru "nanging, mengko wae olehku nyritakne. Sing baku, aku dudu Dhadhapsuwaru lan ora duwe niyat marang Ki Sima Loreng  kaya niyate Dhadhapsuwaru. Saiki ndika tak aturi sesuci lan nindakne kuwajibane agama ndika luwih dhisik, mengko nek wis rampung ndika nindakne sembahyang, aku nyuwun rilaning penggalih ndika kersaa nemoni aku neng ngisor uwit waringin kuwi".

 

muni ngono kuwi, Dhadhapsulasama karo nudingi wit ringin sing ora adoh karo papane ngadeg, lan uga banjur mlaku nyedhaki wit ringin kuwi. Widaru ora semaur maneh, kuwatir kentekan wektu mula tumuli daya-daya mudhun menyang kalen arep nindakne sesuci, ditutne Sima Loreng.

 

 

ana candhake.

 


Sabtu, 01 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (035)


35.

Salah siji rewange Widaru sing kulina nyepakne ngombe banjur nggodhog banyu gawe wedang jahe maneh diladekne Widaru, Sima Loreng lan kanca-kancane kabeh sing lagi lungguh ngedhuweng neng klasa. Wektune wis kliwat saka tengah wengi, sedhela maneh wis esuk. Nanging wong-wog rewange Widaru kuwi kebacut ora ngantuk. Kanggo ngentekne wektu bengi kuwi, banjur padha melu lungguhan ngrungokne jagongane Widaru karo Sima Loreng. Sikepe Widaru marang Sima Loreng wis owah, katon olehe ngaji-aji wong sing maune dikira ora duwe kaluwihan apa-apa kuwi.

"Nuwun sewu Ki Sanak Sima Loreng" kandhane Widaru sawuse sauntara padha lungguhan "menawi kula kaparengaken ngertos,  estunipun ndika menika sinten? lwingking saking pundi badhe tindak pundi?".

 

"Sampun kula tuaraken ing ngajeng Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng karo mesem semanak "kula menika tiyang kleyang kabur kanginan tanpa dhangka tanpa kayang, waleh-waleh menapa, suwaunipun kula menika saking Paguron Parangabang lajeng nindakaken lampah pangumbaran mangilen menika, esthining manah badhe ngupadi Guru kula ingkang suwaunipun nindakaken lampah ing puncaking Gunung Wilis, nanging miturut kabar ingkang kula tampi samangke sampun boten wonten ing Puncaking Gunung Wilis malih. Kala wau siang, kula mireng kadose Ki Dhadhapsuwaru miwah Resi Wresaya sampun nate panggih kaliyan Guru kula menika, mila kula lajeng gadhah niyat badhe puruita dhateng Resi Wresaya, nanging sareng kula mireng pangandikanipun Ki Sodagar ingkang nyariyosaken sinten estunipun Resi Wresaya menika, kula lajeng gadhah dudutan bilih Ki Sodagar estunipun ugi sampun pirsa dhateng pundi purugipun Guru kula kala wau".

 

"Mangke rumiyin Kisanak Sima Loreng" bareng Widaru krungu wangsulane Sima Loreng mangkono kuwi mau, banjur takon "saestu kula dereng mudheng kaliyan pangandikan ndika makaten menika, jalaran kula rumaos boten wicanten napa-napa dhateng ndika, kajawi namung caos weling murih ngatos-atos menawi srawung kaliyan Resi Wresaya miwah para muridipun. Lajeng Guru ndika menika sinten Ki Sima Loreng? mendah sektinipun Guru ndika menika, menawi ndika kemawon nggadhahi kadigdayan ingkang sakalangkung nggegirisi kados nembe mawon kula tingali wau?".

 

"Estunipun Guru kula menika boten sanes inggih Ki Sima Abang ingkang sampun ndika tepangi menika Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng karo nyawang praupane Widaru.

 

Widaru katon kaget, semono uga karo para rewange kabeh, merga sepisan maneh wong-wong kuwi ora nyana babar pisan yen Sima Loreng jebul muride Ki Sima Abang sing kondhang kuwi.

 

"Pramila saking menika Ki Sodagar" sadurunge Widaru ilang kagete Sima Loreng wis nutugne guneme "menawi ndika uninga dhateng pundi purugipun utawi wonten lelampahan menapa tumrap Ki Sima Abang, kersaa ndika anjarwanana dhumateng kula".

 

Widaru meneng sauntara, bola-bali alise gathuk, bathuke dijengkerutne mratandhani Sodagar sugih kuwi lagi nglumpukne pangeling-elinge lan nata ukara kanggo aweh wangsulan marang pitakone Sima Loreng.

 

"Nyariyosaken lelampahanipun Ki Sima Abang ing laladan menika estunipun panjang sanget, Kisanak" kandhane Widaru sawuse meneng sauntara "mbok menawi mangke boten rampung kula aturaken ing dalu menika, kiranganipun saged dipun jangkepi benjing menawi kalih mlampah. Kadospundi menawi makaten Ki ?".

 

"Boten dados menapa Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng karo ngguyu  "ingkang kula emut-emut saking pangandika ndika niku, nika lho ingkang ndika sebataken bilih Ki Sima Abang sampun saged dipun paeka dening Resi Wresaya. Bares kemawon, kabar ingkang makaten kala wau saestu damel kisruhing manah kula, menapa Ki Sima Abang sampun pejah awit kenging paekanipun Resi Wresaya menapa kados pundi Ki Sodagar?".

 

"Boten makaten Kisanak" Widaru gage anggone nyauti pitakone Sima Loreng "Ki Sima Abang sangertos kula boten pejah, nanging mila estu kenging paekanipun Resi Wresaya. Lha menika ingkang kula aturaken cariyosipun radi panjang menika kala wau. Awit cariyosipun boten saged dipun cuplik ing bongkot utawi pucukipun kemawon".

 

"O Makaten nggih Ki Sodagar?" Sima Loreng ngrasakne ana sethithik rasa lega , jalaran krungu nek Gurune idih urip "samangke mangga Ki Sodagar kula suwun miwiti cariyosipun wiwit kawitan".

 

"Inggih, Kisanak" Widaru arep miwiti critane "cariyos menika estunipun ugi kula tampi saking tiyang sanes, nanging cariyos saking tiyang sanes menika saestu saged dipun pitados menggah leresipun, jalaran ingkang criyos menika Guru kula piyambak, nenggih Ki Gedhe Cupu Watu".

 

Sima Loreng ora saulu, mung meneng karo ngrungokne apa sing dikandhakne dening Widaru. Para rewange Widaru uga banjur padha meneng melu ngrungokne.

 

"Nalika samanten" Widaru nutugne olehe crita "Ki Ageng Cupuwatu, nampi wangsit saking Sang Hyang Taya, inggih Dzat ingkang tan kena kinaya apa. Murih Ki Ageng Cupuwatu nindakaken lampah maneges dhateng nginggiling Redi Wilis. Jalaran Ki Ageng Cupuwatu nggadhahi gegayuhan murih ngelminipun langkung sampurna malih. Sasampunipun dumugi puncaking Redi Wilis, Ki Ageng Cuouwatu kepanggih kaliyan tiyang ingkang ngakenipun saking sukunipun Gunung Kelud, ingkang ngagem asma Ki Sima Abang".

 

"Dados Gurunipun Ki Sodagar ingkang nami Ki Gedhe Cupuwatu menika kepanggih kaliyan Guru kula nenggih Ki Sima Abang, Ki Sodagar?" Sima Loreng nyelani critane Widaru nganggo pitakonan.

 

"Leres Kisanak" wangsulane Widaru karo mbacutne critane "lha ing mriku niku, tiyang kalih ingkang sami-sami nggadhahi ngelmi kanuragan menika lajeng manggih pasulayaning rembag".

 

"Ki Sima Abang kalih Ki Gedhe Cupuwatu manggih sulayaning rembag Ki Sodagar?"

 

"Leres, jalaran kalih-kalihipun sami rumaos nampi wangsit saking Sang Hyang Taya. Kalih-kalihipun sami rebatan papan kangge nindakaken lampah maneges, ingkang wujudipun sela ageng ingkang mapan ing sangandhaping wit Preh ing puncaking Redi Wilis. Lha sacaketipun sela ageng kasebat wonten kucur ingkang toyanipun sakalangkung bening, lan saking kucur wau nunten mili kalen alit ingkang toyanipun mili mangandhap. Gandheng kekalihipun sami ngakeni bilih papan menika peparingipun Sang Hyang Taya dhateng piyambakipun,  boten wonten ingkang purun ngalah, wekasan kekalihipun lajeng sami rebatan mawi kerengan".

 

"Ki Sima Abang perang tandhing kaliyan Ki Gedhe Cupuwatu?".

 

"Inggih Kisanak" wangsulane Widaru "nanging anggenipun sami kerengan mawi prajanjen".

 

"Prajanjen kados pundi Ki Sodagar?" Sima Loreng takon .

 

"Prajanjenipun, sinten ingkang mimpang ingkang mangwasani papan menika, lan ingkang kawon saged maneges ing papan menika, namung kemawon kedah manut kaliyan ingkang mimpang, liripun boten kenging manggen kanthi sak sekecanipun kedah manut pundi ingkang dipun tedahaken dening ingkang mimpang, kajawi saking punika ugi ingkang kawon kasampiran kuwajiban madosaken woh-wohan ingkang dados dhaharanipun tiyang ingkang mimpang sadangunipun sami-sami nindakaken lampah maneges menika".

 

"Wekasanipun sinten ingkang mimpang Ki Sodagar?" Sima Loreng takon maneh.

 

"Sasampunipun adu kasekten lan kasantikan tigang dinten tigang dalu tanpa kendel, Ki Cupuwatu rumaos kasoran tandhing kalih Ki Sima Abang, wasana Ki Cupuwatu trimah. Dening Ki Sima Abang Ki Cupuwatu kaparingan panggenan kangge lampah maneges ing sisih kidulipun sela ageng, dene Ki Sima Abang manggen ing sisih leripun Sela ageng menika".

 

"Ngantos pinten dinten anggenipun Ki Sima Abang saha Ki Cupuwatu nindakaken lampah maneges menika Ki Sodagar?" Sima Loreng takon maneh, merga Widaru rada suwe olehe meneng, leren nggone crita.

 

"Radi dangu Kisanak" wangsulane Widaru "nanging gandheng wekdale sak niki sampun meh padhang, sakedhap malih srengenge badhe njudhul, kaprenga kula kendeli rumiyin anggen kula criyos. Jalaran kula kedah nindakaken sembahyang subuh rumiyin. Pramila saking menika, kasekecakna Ki Sanak Sima Loreng lelenggahan wonten mriki rumiyin, kula badhe sesuci dhateng lepen lan kasambet nindakaken sembahyang. Kados ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng wau, cariyos candhakipun saged dipun lajengaken kalih mlampah mangke".

 

"Inggih, inggih Ki Sodagar" Sima Loreng aweh wangsulan. Lan nalika Sima Loreng noleh marang rewang-rewange Widaru sing mau uga padha lungguhan neng kono, jebul kabeh wis ora ana. Ana sing lagi padha ngrakiti sapi-sapine neng cikar, ana uga sing padha olah panganan yasa pawon ing sisihe bedhiyang.  Sima Loreng banjur ngadeg, sawise noleh ngiwa lan nengen, banjur nusul Widaru sing mau mlaku tumuju menyang kali ora adoh saka papan kanggo leren kuwi.

 

 

ana candhake.

 

Kamis, 30 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (034)

 


34.

Rada sauntara Dhadhapsuwaru ora mangsuli apa sing dikandhakne Widaru ngono kuwi mau. Dhadhap Suwaru pancen rada wirang merga ing ngarep dheweke wis kadhung ngremehne marang Sima Loreng sing dianggep ora duwe ngelmu kanuragan, temah wani jampangi yen sajroning sepuluh jurus Sima Loreng mesthi wis ngathang-athang neng lemah ora bisa tangi. Nanging, Dhadhapsuwaru isih duwe pangira nek dheweke mesthi bisa ngalahne Sima Loreng sing dianggep wis nyepelekne marang dheweke jalaran murungake anggone arep suwita marang gurune kuwi. Mula kanggo nutupi rasa wirange kuwi mau, Dhadhapsuwaru banjur mutusake kudu nggunakne ngelmune sing dhuwur dhewe kanggo nglumpuhne Sima Loreng sing sansaya nggleleng sirahe kuwi. Kajaba saka kuwi kanthi ngecakne ngelmu puncak piyandele, Dhadhapsuwaru uga bisa nuduhne marang Widaru sakancane kabeh yen dheweke duwe piyandel sing adoh sadhuwure wong-wong kuwi, dadi bisa dipesthekne yen Sima Loreng bisa dirubuhne karo ngelmune, mbuh mati mbuh urip, bakal nuwuhake rasa giris ing atine Widaru lan rewang-rewange, temah gampang ditelukne sarana alus.  

 

Kanthi pawadan kuwi Dhadhapsuwaru nuli matak ajine sing jeneng Saridahana, sakehing kekuwataning hawa murni ing awake diketog, disawijekne klawan kekuwataning geni ing ragane, sakala awake Dhadhapsuwaru marih mengangah abang kaya waja diobong ing patunoning pandhe. Telung ndhepa mubeng saka awake Dhadhapsuwaru dadi panas kaya panase mawa sambi sing diububi ing pandheyan. Godhong lan suket garing sing ana sacedhake Dhadhapsuwaru padha kobong  merga dayane Aji Saridahana, sauntara suket-suket lan wit cilik-cilik uga padha alum dadakan.

 

"Matur nuwun Ki Widaru" kandhane Dhadhapsuwaru sawuse kasil ngecakne ajine "dene ndika wis ngelingne aku, aku sakancaku ora suwe maneh mesthi lunga saka papan kene, nanging sadurunge aku lunga luwih dhisik aku arep aweh pakurmatan marang Ki Molor utawa Ki Sima Loreng sing nyata sekti mandraguna kuwi, kanthi nuduhne dolananku sing arep tak cakne iki".

 

Widaru sing uga weruh yen Dhadhapsuwaru wis ngecakne aji Saridahana dhadhane krasa nratab. Widaru tau dikandhani gurune yen aji Saridahana sing asale saka Tanah Jawa sisih wetan sing wis arang diduweni wong kuwi, duwe kekuwatan sing banget nggegirisi. Aja maneh jamake janma manungsa, sanadyan watu item wae bisa kobong lan lebur dadi awu yen nganti kesenggol peranganing ragane wong sing ngecakne aji iki. Sakala Widaru ora bisa guneman aweh wangsulan marang Dhadhapsuwaru, saking gedhene rasa giris sing nggremeti jejantunge.

 

 Beda maneh karo Sima Loreng sing uga wis ngerteni katiyasane aji sing dicakne mungsuhe, tumuli nata napase, munjerake kekuwataning hawa murnine menyang epek-epeke sing banjur diilekne marang sarandhuning awake kanggo ngayomi saka dayaning aji Saridahananing mungsuhe. Ya iki sing diarani Sungu Sakecu sing bisa nulak apa wae sing arep nyenggol peranganing awake. Sawise ngecakne aji Sungu Sakecu kanggo ngayomi ragane, Sima Loreng tumuli matak aji Panudinggunting, ya iku aji sing rupa jurus sekti sing dipunjerake marang kekuwataning driji panuding. Aji Panudinggunting iki minangka aji kanggo aweh serangan marang mungsuhe dene aji Sungu Sakecu kanggo namengi ragane saka serangane mungsuhe.

 

Sawuse yakin marang aji loro sing bareng dicakne kuwi, Sima Loreng tumuli guneman, aweh wangsulan marang Dhadhapsuwaru sing durung kober diwangsuli dening Widaru mau :

 

"Aja kesusu lunga Dhadhapsuwaru, aku kasengsem karo dolananmu sing nyata bisa aweh rasa anget ing tengahing hawa adhem ing wengi iki!".

 

"Iblis laknat kowe Molor" wangsulane Dhadhapsuwaru nggetak "ora ujar ora kaul, yen kowe kuwat nampani aji Saridahanaku, aku meguru marang bathangmu, keparat!".

 

Rampung wangsulan mangkono kuwi Dhadhapsuwaru tumuli mletik kaya Uler Kilan aweh serangan marang Sima Loreng klawan aji Saridahanane.  Kaya manuk srikatan sing nyamber-nyamber walang sangit ing ara-ara, Sima Loreng mapagne serangane Dhadhapsuwaru kanthi raga sing wis ditamengi nganggo aji Sungu Sakecu. Sauntara mripate Sima Loreng awas nggone ngulat-ulati sawayah-wayah ana kalodhangan bakal ngecakne ajine Panudinggunting kanggo ngendhegne lakuning aji Saridahanane mungsuh.

 

Mangka ora suwe sabanjure papan kono kuwi dadi rame maneh, rame amarga perang tandhing antarane Sima Loreng lan Dhadhapsuwaru sing wis padha olehe ngecakne aji jaya kawijayane. Wong-wong sing mau padha ngupengi kalangan perang tandhing kuwi wis rada adoh olehe padha mundur jalaran ora kuwat nampani hawa panas saka dayane aji Saridahana.  Sanajanta mangkono wong-wong mau, iya Widaru lan kabeh rewange sarta kanca-kancane Dhadhapsuwaru isih bisa kanthi cetha anggone nonton wong loro sing padha adu kadigdayan kuwi.

 

Dhadhapsuwaru sing wis kobong dening rasa kepengine engal-enggal bisa nglebur mungsuhe, sansaya suwe dadi sansaya nesu, jalaran kabeh serangane ora ana sing bisa nembus tameng Sungu Sakecune Sima Loreng. Sauntara nalika Dhadhapsuwaru ngajab bisa tatapan adu karosan, kanthi gampang Sima Loreng nggunakne surungan tenagane kanggo mapagne, temah dudu ragane Sima Loreng sing natap ragane Dhadhapsuwaru, nanging cukup angin banter sing ana ngarepe wae wis bisa nadhahi tatapane Dhadhapsuwaru.

 

Sauntara rembulan ing langit wis ngglewang mangulon, mratandhani yen wektu lingsir wengi wis tumeka, lan kuwi nuduhne yen wis rada suwe olehe wong loro ngunggar kasudiran kuwi anggone ngetog kekuwatane. Mula wis lumrah merga menang umur sing luwih enom, Sima Loreng isih durung susut tenagane, beda karo Dhadhapsuwaru sing sansaya suwe sansaya kendho tandange. Lan ing sawijining kalodhangan, Sima Loreng weruh yen dhadhane mungsuhe nadyan mung sakeplasan ora kaling-kalingan pager sing nutupi. Ora sranta driji panudinge Sima Loreng kanthi cepet kaya lepasing jemparing saka gendewa, lurus ngarah marang pernah jantunge mungsuhe.  Dhadhapsuwaru kaget, ora ana kalodhangan kanggo nangkis maneh, klawan cepet Dhadhapsuwaru ngendhani, luput sudukan drijine Sima Loreng marang jantung, mleset sethithik ing antarane sambungan balung pundhak lan tangan tengene Dhadhapsuwaru kena sudukan drijine Sima Loreng.  Dhadhapsuwaru kontal memburi watara limang jangkah, tiba golung koming ing lemah karo mbengok banter, balung salange wis pedhot kena sudukane Sima Loreng. Kang bareng karo kuwi, sakala dayaning aji Saridahana banjur ilang. Sauntara Dhadhapsuwaru isih kejet-kejet ana lemah.

 

Ora kaya mau, weruh Dhadhapsuwaru wis golung koming, Sima Loreng ora ngumbar, nanging malah nyedhaki karo sepisan maneh nyudukne drijine sing isih linapisan aji Panudinggunting menyang salange Dhadhapsuwaru sing sesisih liyane. Sepisan maneh Dhadhapsuwaru mbengok, banjur meneng semaput.

 

Weruh lelurahe wis bisa dikalahne dening mungsuhe, andhahane Dhadhapsuwaru kaget, ora sranta banjur arep padha mlayu. Nanging Sima Loreng luwih cepet obahe, tangane kumlawe ngirimne pupuhan angin menyang pang ing wit gedhe sing manggon ora adoh karo papane andhahane  Dhadhapsuwaru, temah wong-wong sing arep mlayu kuwi banjur padha mandheg merga ana pang gedhe sing tumiba nyegati dalane.

 

"Kowe kabeh aja padha mlayu Kisanak" kandhane Sima Loreng banter marang wong-wong kuwi "kowe kabeh ora bakal tak katutne dosane Dhadhapsuwaru, wektu iki Lelurahmu iki isih urip, mung balung salang- loro-lorone wis pedhot kabeh, saiki gawanen bali menyang panggonanmu ben ditambani karo gurumu".

 

Andhahane Dhadhapsuwaru kuwi padha pating domblong, ora ngalih saka panggonane ngadeg. Banjur Sima Loreng bali guneman maneh karo suwara sing cetha :

 

"Nek kowe kabeh kepengin slamet, diage Lurahmu sing isih semaput iki gotongen, gawanen ngalih saka kene, sadurunge aku ngowahi gagasan banjur mateni Lurahmu lan kowe kabeh ana kene!".

 

Krungu omongane Sima Loreng sing gumleger banter kuwi, andhahane Dhadhapsuwaru lagi banjur padha obah nyedhaki Lurahe sing isih ngglethak semaput, banjur digotong setengah karo mlayu digawa lunga saka papan kono , kanthi ora guneman apa-apa.

 

Widaru lan rewang-rewange banjur alon-alonan nyedhaki Sima Loreng sing isih ngadeg karo nyawang tilase kanca-kancane Dhadhapsuwaru sing wis ora katon maneh kuwi.

 

"Sampun aman Ki Sodagar" kandhane Sima Loreng sawise ngerti nek dicedhaki Widaru karo rewang-rewange.

 

"Kula ngaturaken pakurmatan Ki Sima Loreng" wangsulane Widaru karo aweh kurmat "nyuwun pangapunten awit wutaning mripat kula ingkang boten ngertos menawi Ki Sima Loreng pranyata satriya linangkung".

 

"Boten napa-napa Ki Sodagar" wangsulane Sima Loreng karo mesem "mangga sami wangsul jagongan dhateng klasa mrika malih, kula kepengin mangsuli wedang jahe kula sing dhek wau dereng telas".

 

Karo muni ngono kuwi, Sima Loreng ndhisiki mlaku marani klasa sing dhek mau padha dilungguhi kanggo jagongan. Sima Loreng mapan lungguh banjur nyandhak cangkir bathok sing dhek mau ditinggal merga tekane Dhadhapsuwaru sakancane. Widaru lan para rewange uga banjur padha nusul, mapan lungguh neg klasa.

 

 

ana candhake.


Rabu, 29 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (033)

 


33.

Sima Loreng sengaja ora ngendhani sadhukane Dhadhapsuwaru sing ngarah dhadhane, milih nadhahi nganggo tangkisan tangan. Ora nggunakne tenaga wutuh mung waton nangkis nganggo lengen supaya pulung atine ora kesenggol tungkake mungsuh, sanadyan Sima Loreng weruh yen Dhadhapsuwaru wis nggunakne hawa murnine kanggo nglapisi sadhukan sikile. Pancen Sima Loreng sengaja kepengin njajagi sepira kekuwatan sing kulina digunakne Dhadhapsuwaru yen lagi ngadhepi wong sing lagi ditepungi. Mau awan, Sima Loreng sing ngaku jeneng Molor, babar pisan ora nuduhne yen dheweke uga wong sing ngerti babagan ngelmu kanuragan, nanging mung nuduhne yen dheweke kuwi buruh angkat-angkat barang ing pasar, lan iku wis  nuduhne nek dheweke duwe tenaga sing luwih rosa tinimbang wong lumrah sing ora tau angkat-angkat barang. Lan kanggo ngadhepi panyadhuke Dhadhapsuwaru iki, sing dituduhne Sima Loreng ya mung tenagane minangka buruh angkat-angkat, dudu wong sing nggilut ngelmu kanuragan.

 

Tumapake sikil sing dilandhesi kekuwatan hawa murni katadhahan tangane kuli, nuwuhake suwara gumebrug banter. Sima Loreng kontal memburi watara limang jangkah, nggeblag, klumah neng lemah. Dhadhapsuwaru ngguyu lakak-lakak, rumangsa lega sanadyan panyadhuke ora ngenani panggonan sing dituju, yaiku pulung atine Sima Loreng, nanging wis bisa ndadekne mungsuhe tiba klumah.

 

"Ayo tangia Molor" kandhane Dhadhapsuwaru sawuse meneng nggone ngguyu "kuwi mau aku mung nggunakne saprasepuluhe tenagaku, merga aku ora kepengin kowe mati kanthi gampang. Ayo ngomonga kaya mau!".

 

Widaru sing uga weruh Sima Loreng klumah merga kena gempurane Dhadhapsuwaru, mencolot nyedhak, arep aweh pitulungan marang wong sing ngakune mung kulina buruh ngangkati barange bakul-bakul neng pasar kuwi. Nanging Widaru kaget, Sima Loreng sing dikira kangelan olehe arep tangi saka olehe klumah kuwi jebul kanthi cepet mletik mengarep lan wis ngadeg kanthi jejeg, eseme ngrenggani lambene. Ora ana tandha-tandha yen Sima Loreng lagoi ngrasakne lara.

 

"Matur nuwun Ki Sodagar" kandhane Sima Loreng alon karo mesem "sampun kuwatos, kula boten napa-napa kok".

 

"Nanging, Ki Dhadhapsuwaru kuwi wong digdaya, Ki Sima becik ndika leren wae, ben diadhepi sedulur-sedulurku" wangsulane Widaru uga lirih.

 

"Sampun, Ki Sodagar" Sima Loreng wangsulan karo mesem "kula adhepane rumiyin, mengke mawon menawi kula sampun boten saged tangi, mangga menawi ndika ngersakaken dhawuh dhateng sedherek-sedherek ndika. Sak niki kula riyin mawon".

 

Rampung muni ngono kuwi, Sima Loreng banjur njangkah maju nyedhaki Dhadhapsuwaru karo lambe sing mesam-mesem ora nuduhne rasa giris babar pisan.

 

"Ampuh tenan sadhukanmu Dhadhapsuwaru" kandhane Sima Loreng sawise cedhak karo mungsuhe "sajake kowe kulina dolanan benten ya? slamet wae, aku kerep ngladeni wong sing bentene banter kaya pambentemu ngono kuwi. Ayo ditutugne olehe benten!".

 

"Setan tenan kowe Molor!" Dhadhapsuwaru nesu maneh banjur misuh banter karo mangsuli gunemane Sima Loreng "isih bisa tangi kowe? Kepengin ngrasakne tungkaku maneh?".

 

"Bener  Dhadhapsuwaru" wangsulane Sima Loreng karo ngguyu "bentemu sing banter mau jebul ora mbok kantheni tenaga luwih bisa gawe tatu, dadi nadyan banter ya mung kaya kapuk sing tumiba ing wesi. Ayo, tambahana tenagamu ben aku bisa ngrasakne lara sethithik ketiban bentemu kuwi".

 

"Keparat!" Dhadhapsuwaru misuh karo mencolot maju, tangane tengen sing dikepelne kuwi ngarah mbithi lambene Sima Loreng, kaya solahe kodhok sing mencolot saka lemah arep nyamber kaper sing mabur ing dhuwure.

 

Sima Loreng ora kepengin tiba klumah maneh, sirahe diiringne manengen. Kepelan tangane Dhadhapsuwaru ora ngenani lambene, Dhadhapsuwaru sing wis ngundhakne olehe ngirimne hawa murnine kuwi, awake katut kegeret kekuwatan tangane sing mung mbithi angin. Sima Loreng tanggap, sikile diobahne kanggo nyegati obahe Dhadhapsuwaru. Kaya kena jegal sikile, Dhadhapsuwaru sing ora ngira tekane bebaya, tiba krungkeb mengarep. Nanging gandheng Dhadhapsuwaru wong sing kulina ulah kanuragan, nadyan kober nosor lemah nanging banjur bisa mletik mengaering rada adoh, banjur ngadeg rada glayaran.

 

"Licik tandangmu, Molor" Dhadhapsuwaru nggetak banter karo nata kuda-kuda arep ngrangsang mungsuhe.

 

"Njaluk pangapuramu Ki Dhadhap" wangsulane Sima Loreng karo ngguyu "aku mau lali, ora ngandhani nek benten wengi iki ora winates benten adu karosan, nanging uga adu kaprigelan. Dhasare kowe ya rada kurang premana, olehmu mbithi raiku ora mbok pasne, malah angin sing ora melu benten mbok bithi, mula kowe kuwalat tiba krungkeb, suk maneh sing ngati-ati ya?".

 

Dhadhapsuwaru sing sansaya nesu wis ora aweh wangsulan maneh, ngenepne pikire nata ambegane, wiwit ngecakne ajine sing ngedab-edabi. Aji Uler Kilan, ngelmu sing bisa nyepetake anggone obah. Bisa mletik mendhuwur karo muter-muter, tangan lan sikile aweh serangan sing ora ana lerene marang mungsuhe. Aji iki kulina dicakne dening Dhadhapsuwaru kanggo ngadhepi mungsuh sing kliwat saka wong telu sing ngrubut dheweke. Lan saben-saben aji Uler Kilan iki dicakne, ajeg ora nganti sapanginang mungsuh-mungsuhe mesthi wis padha pating glethak, remuk rempu kentekan daya kekuwatane. Nanging wengi kuwi, sing diadhepi Dhadhapsuwaru mung wong siji, isih nom lan ngakune mung buruh tukang ngangkati barang, ewa samono nganti selawe jurus lumaku, Sima Loreng sing dening Ki Dhadhapsuwaru diarani Molor, panggah isih bisa ngladeni solahe Dhadhapsuwaru. Tangan karo sikile ya obah, nangkis lan ngendhani kabeh serangan sing metu saka dayane aji Uler Kilan sing nggegirisi kuwi. Ora mung bisa ngladeni solahe mungsuh, Sima Loreng uga nuduhne kekuwatan sing sumimpen ing ragane. Wis kliwat ping lima kedadeyan serangane Dhadhapsuwaru kena ditangkis dening Sima Loreng sing nuwuhake tempuking kekuwatan nggegirisi, dudu Sima Loreng sing kedheseg, nanging malah Dhadhapsuwaru sing kontal memburi kanthi kuda-kuda sing ambyar. Malah sok-sok Dhadhapsuwaru sing banjur tiba krengkangan neng lemah, ewa samono uga ora nuwuhake tatu sing mbebayani tumrap jiwane, temah bisa enggal tangi lan bali aweh pangrangsang marang mungsuhe.

 

Sauntara kuwi, andhahane Dhadhapsuwaru sing wiwit mau ngepung papan kono karo gegaman sing siaga digunakne, ketok nek wis padha ora sabar kepengin melu ngebyuk ngrubut Sima Loreng sing pranyata ora gampang dilumpuhne dening pangarepe. Wong-wong kuwi ngenteni aba saka Lelurahe, nanging Dhadhapsuwaru sing rumangsa isih nduweni ngelmu simpenan sing durung dicakne, isih durung aweh palilah marang andhahane melu ngebyuk ngrubut Sima Loreng. Dhadhapsuwaru kepengin nuduhne marang andhahane yen dheweke mesthi bisa nundhukne mungsuh sing lagi diadhepi kuwi.

 

Beda maneh karo sing ana sisih liyane, Widaru karo para rewange sing mau kober ngira yen Sima Loreng kuwi wong sing ora nduweni ngelmu kanuragan, dadi padha rumangsa kecelik. Rasa samar sing mau kober mampiur ing atine, kuwatir yen Sima Loreng cilaka ing tangane Dhadhapsuwaru, malih dadi rasa gumun kaworan eram. Pranyata Sima Loreng nduweni ngelmu sing nggegirisi, ora mung bisa ngladeni solah lan kaprigelane Dhadhapsuwaru wae, nanging miturut petungane Widaru lan rewang-rewange, upama gelem Sima Loreng mesthi wis bisa gawe cilakane mungsuhe. Wis ping pirang-pirang Widaru lan rewang-rewange weruh, Sima Loreng ora migunakne kalodhangan kanggo gawe cilakane mungsuhe. Ketitik saka kedadeyan, nalika Dhadhapsuwaru tiba krengkangan, mesthine kanthi gampang Sima Loreng nututi karo aweh serangan sing bisa gawe cilaka mungsuhe, nanging kanyatane Sima Loreng malah aweh kalodhangan marang Dhadhapsuwaru kanggo ndandani kuda-kudane. Sanadyan mangkonowa, Widaru uga aweh prentah marang rewang-rewange supaya siaga ing dhiri, sawayah-wayah andhahane Dhadhapsuwaru obah, rewang-rewange wis diprentah supaya tumandang ngadhepi.

 

Kahanan dadi sansaya serem, perang tandhing antarane Sima Loreng mungsuh Dhadhapsuwaru dadi sansaya rame. Wis kliwat seket jurus dicakne, nanging babar pisan durung ana tandha-tandha Dhadhapsuwaru bisa ngalahne mungsuhe, sing mau wis dijampangi yen olehe arep nglumpuhne Sima Abang ora bakal kliwat saka sepuluh jurus. Aja maneh kok nganti bisa ngalahne Sima Loreng, malah sansaya kerep Dhadhapsuwaru kontal lan tiba golung koming neng lemah, nadyan sabanjure ya bisa bali tangi, nanging adeg-adege wis ora jejeg sakala, kuda-kudane kerep ambyare.

 

"Ya gene ndika cidra ing janji Ki Dhadhapsuwaru?" dumadakan salah siji saka rewange Widaru mbengok banter mbarengi Dhadhapsuwaru tangi saka anggone tiba sawuse tatapan karo Sima Loreng merga serangane kena ditangkis.

 

"Aku ora ana urusan karo ndika Kisanak!" wangsulane Dhadhapsuwaru karo ngingeti wong sing lagi wae mbengok kuwi.

 

"Panggah ana Ki Dhadhap" sing wangsulan malah Widaru "aku karo kabeh sedulurku lan sedulur-sedulur sing teka bareng ndika padha olehe melu dadi seksi, ndika wis ngendika nek jroning sepuluh jurus ora bisa ngasorake Ki Sima Loreng, ndika bakal ngaku kalah, kamangka iki wis mlaku seket jurus luwih lan kanyatane, ndika durung bisa ngalahne Ki Sima Loreng malah bola-bali ndika dhewe sing tiba golung koming neng lemah. Satemene, aku weruh yen Ki Sima isih duwe pangeman marang ndika, upama mung mburu menang wis mau-mau ndika bisa digawe cilaka dening Ki Sima, nanging merga Ki Sima isih ngeman marang ndika, ndika ora digawe cilaka nalikane ndika tiba merga kalah daya nalikane kedaden tatapan antarane ndika karo Ki Sima. Iki nuduhne yen ndika pranyata wong sing lamis Ki Dhadhapsuwaru".

 

Sakala praupane Dhadhapsuwaru dadi abang semu ireng, merga saking nesune. Untune nggeget kenceng, awake kedher merga saking nesune.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (032)

 

 

32.

Sima Loreng sing uga krungu olehe rembugan antarane Widaru karo Dhadhapsuwaru, mung meneng durung niyat arep melu nrambul gunem. Sima Loreng uga rada gumun, ya gene Dhadhapsuwaru sing wis tepung karo dheweke teka babar pisan ora gelem aruh-aruh, malah ethok-ethok ora tepung. Apa merga drajate sing dianggep mung lamake buruh usung-usung barang kuwi sing ora pantes yen diaruh-aruhi?. Apa merga sabab liyane?. Sima Loreng ora ngerti, mula ya banjur milih meneng ora melu guneman apa-apa, kaya dene sing ditindakne dening rewang-rewange Widaru.

 

"Lha saiki Ki Dhadhap mrepegi aku ana kene iki kagungan sedya apa?" Ora nganggo tedheng aling-aling, Widaru banjur nakoni sedyane Dhadhapsuwaru.

 

"Bares wae Ki Sodagar, satemene iki mau aku lagi mburu buronanku sing keplayu, lan bareng tak goleki jenbulane beburonku kuwi mau saiki umpetan kanthi momor karo Ki Sodagar" wangsulane Dhadhapsuwaru.

 

Sima Loreng wis ngerti karo karep sing ana waliking tembunge Dhadhapsuwaru kuwi, sing dikarepake buron kuwi cetha yen dheweke. Sima Loreng isih kelingan, mau awan nalika dheweke pamit ora sida nggone arep melu suwita marang Resi Wresaya, Dhadhapsuwaru ketara yen ora seneng, malah guneman sing semune ngincim marang dheweke. Nanging Sima Loreng panggah olehe meneng wae, ngenteni apa sing arep dikandhakne Widaru kanggo mangsuli tembunge Dhadhapsuwaru.

 

"Ing kene ora ana Kidang utawa Menjangan sing ndhelik Ki Dhadhap" temenan Widaru wangsulan karo suwara sing sajak ayem wae, mung mripate kober nglirik Sima Loreng sedhela.

 

"Dudu Kidang utawa Menjangan sing ucul saka tanganku Ki Sodagar" wangsulane Dhadhapsuwaru karo semu ngguyu "nanging wong sing mau awan wis ngajak guyon karo aku, merga dhek awan aku isih repot nandangi gaweyanku, aku ora kober ngendheg wong sing ngajak guyon karo aku kuwi. Dadi buronanku kuwi wujude menungsa Ki Sodagar".

 

"Menungsa?" Widaru takon mbodhoni "sing bareng karo aku ing rombongan iki ora ana wong liya Ki Dhadhap. Kabeh iki sedulurku saka Cupuwatu lan sing ana sisihku iki kancaku sing kulina ngrewangi aku bebakulan. Dadi tak kira ndika kleru yen ngarani buronan ndika kuwi umpetan awor karo aku".

 

"Ha ha ha ha ......" dumadakan Dhadhapsuwaru ngguyu banter, ketara yen dudu guyu sing lumrah nanging guyu sing linapisan ngelmu sing bisa gawe getering jantunge sing padha krungu, saking bantere guyune nganti godhong-godhong garing sing ana wit-witan sacedhake padha rontog tumiba ing lemah.

 

"Nuwun sewu ya Ki Sodagar" kandhane Dhadhapsuwaru sawise guyune meneng "sadurunge aku njaluk pangapura ndika, buronku iki temen dudu sedulure awake dhewe tunggal agama, dadi ndika tak jaluk aja aweh pangayoman marang dheweke. Dene sing ngajak guyon karo aku kuwi mau, tenane ya rewang ndika sing saiki ngadeg ing sisih ndika kuwi. Mula tak tembung kanthi apik-apikan, ndika lilani wae Molor sing ngadeg ing sisih ndika kuwi arep tak ajak lunga saka kene kanggo nerusne nggone geguyonan karo aku. Aku mung butuh ngajak lunga Molor kuwi wae, lan yen wis klakon Molor tak jak lunga, aku sakancaku ora arep ngganggu gawe Ki Sodagar maneh".

 

"Ing kene ora ana sing jenenge Molor Ki Dhadhapsuwaru" wangsulane Widaru "sing ngadeg ing sisihku iki dudu Molor sing ndika goleki. Dadi kapeksa aku ora bisa nuruti panjaluk ndika".

 

"Aku ora idhep Ki Sodagar" Dhadhapsuwaru suwarane keprungu wiwit kaku "mbuh Molor mbuh dudu, wong sing ana sisih ndika kuwi bengi iki arep tak ajak lunga saka kene, ndika kudu nglilani".

 

"Ora bisa Ki Dhadhap" wangsulane Widaru panggah ayem "wong sing dadi rewangku, kuwi kaslametane dadi tanggung jawabku, ora bakal aku nglilani sapa wae sing arep ganggu gawe marang dheweke".

 

"Ki Sodagar" Dhadhapsuwaru suwarane wiwit sereng "nDika kudu eling, Molor kuwi wong Kapir sing ora ana gunane tumrap agama ndika,lan aku iki sedulur ndika tunggal agama, apa Ki Sodagar wis arep kelangan iman, ngeboti wong kapir tinimbang sedulure dhewe? He?".

 

"nDika aja ngawur Ki Dhadhap" Widaru semaur kanthi suwara sing wiwit dhuwur "iki dudu perkara agama, aku jane ya wis ngerti, ndika kuwi rumangsa diremehne dening Ki Sima Loreng sing ndika arani Molor iki, mung sabab Ki Sima Loreng ora sida olehe arep puruita marang guru ndika Resi Wresaya. Nek mung sebab kuwi ndika arep munasika Ki Sima Loreng sing uga kulawargaku dhewe, cetha nek aku ora bakal lila. Malah yen ndika temen-temen pandhereke kanjeng Nabi sing jumeneng Rasul, saiki aku ngelingake : Kanjeng Nabi Rasul gething lan sengit marang menungsa sing ngaku Islam nanging dhemen nguja hawa seneng memungsuhi wong liyane mung sabab bedane agama. Pancen bener wektu iki Ki Sima Loreng pancen isih kapir, nanging ora merga dheweke Kapir banjur dadi mungsuhe wong Islam, malah kosok baline awake dhewe, mligine aku, aku kudu bisa aweh sesurupan marang dheweke supaya gelem ngrasuk agama Rasul klawan becik, ora merga dipeksa".

 

"nDika kleru Ki Sodagar" Dhadhapsuwaru wangsulan suwarane wiwit mendhek maneh "ndika durung ngerti bebayane cedhak karo wong kapir, ndika kudu ngerti nek si Kapir kuwi satrune Allah, wajibe disrnakne ora diasihi kaya sing ndika cakne kuwi".

 

"Nuwun sewu Ki Sodagar" gandheng wis ora kuwat ngempet rasa panas sing ngumubne getihe, Sima Loreng maju sajangkah banjur guneman marang Widaru "keparengna kula nyuwun wekdal kangge mangsuli ucape Ki Dhadhap ingkang magepokan kalih kula niku".

 

Lan sadurunge Widaru aweh wangsulan, Sima Loreng wis genti nginger adhepe marang pernahe Dhadhapsuwaru karo guneman :

 

"Kisanak Dhadhapsuwaru, kapeksa tak jabel unggah-ungguhku marang ndika, merga jebul ndika kuwi menungsa sing cetha nek ora duwe tata".

 

"Setan kowe Molor" Dhadhapsuwaru misuh banter " apa karepmu he?".

 

"Karepku arep mangsuli omonganmu" wangsulane Sima Loreng karo malangkerik "jebul mung sabab aku murungne sedya olehku arep meguru marang gurumu mau, kowe wis nesu karo aku. Tak kandhani ya? Tak tampani nesumu neng papan kene, ora sah ndadak njaluk palilahe Ki Sodagar nek kowe arep nggawa aku, sarate gampang wae. Aku gelem manut mbok gawa lunga, nek aku wis dadi bathang, ngerti?".

 

"Iblis kowe Molor" Dhadhapsuwaru misuh maneh sansaya nesu "kowe nantang aku he? kowe arep wani karo aku he?".

 

"Iya Ki Dhadhap" wangsulane Sima Loreng karo ngguyu ngece "aku kepengin njajal sepira jerone ngelmumu, malah ora mung kuwi wae, nek kowe sajake wedi samar nek kalah mungsuh aku, kowe kena ngajak kabeh kancamu sing ana kene maju bareng ngrubut aku!. Nek kanthi cara iki kowe isih wedi, kowe kena lunga saka kene saiki uga, aku ora arep ngganggu nggonmu arep mlayu"

 

"Keparat, dakjal laknat, iblis, setan dudu uwong kowe Molor!" Dhadhapsuwaru sansaya nesu, pisuhane kabeh disuntak neng ngarepe Sima Loreng "satemene aku isih duwe rasa isin yen kudu ngadhepi kowe, merga tak ukur kekuwatanmu kuwi ora ana separone kekuwatane muridku sing nom dhewe kae. Nanging gandheng saka pangucapmu sing wis kliwat nrgemehne aku, aku dhewe sing arep nyuwek-nyuwek lambemu, nugel-nugel balungmu neng papan kene. Tak wenehi wektu sepuluh jurus, nek kowe durung ngglethak neng lemah, aku trima ngaku kalah lan arep lunga saka kene!".

 

"Bagus!" wangsulane Sima Loreng karo maju nyedhaki Dhadhapsuwaru "ayo dibuktekne wae, sapa sing luwih dhisik ngathang-athang ora bisa tangi neng papan kene, aku apa kowe?!?".

 

Dhadhapsuwaru aweh sasmita marang kanca-kancane supaya ngupengi papan kuwi, banjur mlumpat mengarep nata jarite lan wiwit tata-tata masang kuda-kuda, siaga ngadhepi mungsuhe.  Widaru sinvg wis ora bisa menging marang Sima Loreng, uga banjur aweh sasmita prentah marang rewang-rewange supaya siaga mbok menawa ana obahe wong-wonge Dhadhapsuwaru.

 

Sima Loreng uga banjur nata adege, mripate awas ngulati Dhadhapsuwaru sing wis kobong dening kanepsone, mripate katon murup nyawang Sima Loreng, sing kaya arep diuntal-untala.

 

"Gunakna gegamanmu pisan Ki Dhadhap" kandhane Sima Loreng sajak ngece "nek aku pancen durung tau yasa gegaman dadi ya cukup lawaran wae".

 

"Setan" wangsulane Dhadhapsuwaru sugal "ngremuk bealunge wong sing kaya dhapurmu kuwi eman nek nggunakne gegaman Molor, ayo saiki tata-tataa tak untapne nyawamu menyang Yamani loka".

 

Sima Loreng gumuyu lirih banjur wangsulan :

 

"Tak wenenehi kalodhangan nyerang luwih dhisik kowe Dhadhap, gunakna sing sabecik-becike!".

 

Krungu gunemane Sima Loreng, Dhadhapsuwaru wis ora wangsulan maneh, sikile tengen diangkat ditekuk banjur klawan cepet prasasat kaya that-thit,  diobahne ngarah pulung atine Sima Loreng. Sima Loreng prayitna, murid saka paguron Parangabang kuwi tumuli obah arep mapagne serangane mungsuhe.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...