Total Tayangan Halaman

Kamis, 20 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (055)


 

 

55.

Nalika aku arep nyandhang panganan sing wis cumawis, dumadakan dhadhaku krasa ana rasa geter. Neng ngarepku cetha ana ayam sing wis dipanggang binorehan bumbu sing pepak, gandane arum nggugah rasa kepengin enggal ngincipi. Nanging aku banjur kelingan, yen Kyai Bantarjati nate dhawuh lamun dosa sing paling gedhe tumrape titah ya iku gawe patine titah liya sing tanpa jalaran sing bener, banjur saiki neng ngarepku dicawisake ayam sing wis dipanggang, cetha yen ayam iki maune urip banjur disembeleh lan diolah dadi panggang. Apa kersane Kyai Bantarjati paring panngan marang aku sing kaya mangkene iki? Apa iki mung kanggo nodhi antebing atiku sing wis mertobat iki?.

 

Mikir mangkono kuwi, aku banjur tidha-tidha panganan sing cemawis ing ngarepku ora enggal tak senggol. Sedhela-sedhela tak sawang, sedhela-sedhela aku genti nyawang pasuryane Kyai Bantarjati sing wis tak anggep guruku dhewe kuwi. Karp jroning ati tansah tidha-tidha jalaran durung bisa mbadhe apa sing dadi kersane.

 

"Ya gene ora enggal dirahabi Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati ndangu marang aku.

 

"Nyuwun pangapunten Kyai" aku wangsulan waleh marang panjenengane "saestu awit saking baliluning manah kula, kula boten mangertos ingkang dados karsanipun Kyai ingkang paring pasegahan panggang ayam menika, jalaran miturut nalar kula suwaunipun panggang menika ugi saking ayam ingkang gesang".

 

"Oo kuwi ta Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati mesem karo wangsulan "sumurupa Ki Sima Abang, wis dadi kodrating jagad yen uripe titah kuwi sok ana sing kudu mangan titah liyane, kaya dene kebo, sapi lan raja kaya liyane pangane saka titah sing wujud tetuwuhan, suket godhong lan sapiturute. Banjur kewan galak sing mawa siyung, pangane wujud kewan liyane, manungsa kawenangake mangan apa wae sing becik sing ora cengkah karo dhawuhing Gusti. Gandheng kabeh mau wis dadi kodrating urip, mangka ngilangne nyawane liyan sing klebu pangane kuwi ora kena diarani dosa. Nanging ya kudu nganggo tata cara sing bener nggone ngilangne nyawane sing dadi pangane mau. Lire, ora kena nyiksa luwih dhisik sadurunge sing arep dipangan kuwi dipateni lan ora kena ngliwati wates lan ora gawe kapitunane liyan".

 

"Makaten inggih Kyai?" aku lagi mudheng.

 

"Iya Ki Sima Abang" wangsulane Kyai Bantarangin "kaya dene ndika sing saiki wujud macan, mesthine sing dadi pangane macan kuwi ya bangsane buron liyane kaya upamane, kidang, menjangan, truwelu lan sapiturute. nDika diwenangake mangsa buron-buron kuwi kabeh, nanging ndika kudu milih sing dudu duweke liyan kapindho ndika ora kena nyiksa luwih dhisik marang kewan sing dadi mangsan ndika sadurunge dika pateni. Iki mau tak gawakne jenang katul, kuwi mung aweh pasemon yenh ndika bisa mangsa bangsane woh-wohan kuwi uga ora dipenging, sanadyan kodrating macan kuwi pangane buron liya".

 

Bareng wis oleh katrangan mangkono kuwi mau aku lagi wani mangan apa sing disuguhake dening Kyai Bantarangin nganti entek. Kyai Bantarangin tansah ngulati nggonku ngrahabi panganan sing disuguhne kuwi. Bareng wis rampung anggonku mangan, Kyai Bantarjati banjur paring pangandika maneh :

 

"Ki Sima Abang, aku ngerti yen ndika durung ngrasakne tuwuk sawuse mangan apa sing tak gawakne iki mau. Apa ndika wis ngerti apa sing dadi karepku ya gene sing tak suguhne mung sathithik, temah ndika rumangsa kurang kuwi?".

 

"Blaka suta kula dereng mangertos ingkang dados kersa ndika Kyai" aku wangsulan bares, sing dingendikakne Kyai Bantarjati pancen bener, sanadyan sing disuguhne wis entekl nggusis tanpa nisa, ewa samono wetengku isih durung krasa wareg, malah saupama disuguhi telung mono maneh kira-kira wetengku mbuh wis wareg embuh durung.

 

"Sumurupa Ki Sima Abang" Kyai Bantarjati wangsulan alus "ing jaman kamulane biyen, sing dieling-eling dening titah duk nalikane tinitahake ing bumi kuwi mung siji, ya iku mung manembah marang Allah. Yen miturut kapitayan ndika, muhung ngabekti marang Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa. Mula titah banjur ora mikirne apa-apa kajaba mung manembah utawa ngibadah marang Allah. Kamangka Allah nitahake jiwa lan raga manunggal dadi siji kuwi sinartan kodrat, murih jiwa lestari awet manggon ing sajroning raga, raga ora kena gampang amoh lan murih ora gampang amoh raga kudu rinagadan klawan sing dibutuhne murih aweting raga sing salah sijine wujude pangan".

 

"Estu kula saged nampi dhawuh piwucaling Kyai bilih raga lakar mbetahaken tedha menika Kyai" aku nyelani rembug. Jalaran oraa dikandhakne mangkono aku ya wis ngerti nek urip-uripan apa wae murih ora enggal mati kudu oleh pangan sing cukup.

 

"Mengko dhisik tak tutugne kandhaku" Kyai Bantarjati ngendika maneh "Wiwitane titah gemang diparingi kuwajiban mangan murih aweting raga iki. Jalaran mangan kuwi kudu ana sing dipangan lan supaya ana sing dipangan sranane kudu digoleki utawa dijupuk luwih dhisik, sing mangkono mau maune titah nganggep yen iku mung ngreregoni nggone arep ngibadah. Titah lali yen nindakne kabeh dhawuhe Allah iku  klebu ngibadah, kalebu dhawuh murih ngreksa lan nglestarekne raga. Mula Allah nuli mapanake sing diarani napsu lauwamah marang jiwaning titah. Ya napsu lauwamah iki sing nenuntun manungsa seneng marang pangan lan tansah mburu murih ngakeh-akehne mangan. Napsu Lauwamah kuwawa ndadekne manungsa lali yen kuwajiban mangan kuwi mung sarana supaya raga ora gampang rusak, nanging malah banjur diwalik yen manungsa tinitahne urip kuwi kanggo golek pangan. Sanadyan ngakeh-akehne mangan kuwi ora luput, nanging yen kongsi ngliwati takerane bisa nuwuhake ora aweting raga dhewe sartane bisa nglalekake marang tujuwan sakawit yen manungsa tinitah ing donya iki mung kanggo manembah marang Allah utawa marang Dzat Tan Kena Kinaya Apa kuwi mau".

 

Kyai Bantarjati kendel olehe ngendika, aku ya ora enggal nimbangi rembug. Jalaran aku banjur kelingan wewarahing guruku duk rikala samana sing dhemen laku tirakat, ngurang-ngurangi dhahar lan ngurang-ngurangi turu. Guruku biyen nate paring dhawuh yen akeh wong sing dhemen nuruti panjaluke tutuk tanpa metung sambate wadhuk. Lan kang mangkono iku sing ndadekne wong dadi kerep lali, temah ilang rasa prayitnaning batin. Guruku uga nate paring dhawuh pancen nyata sing diarani wadhuk kuwi yegti wadhahing urip. Yen kongsi wadhuk kothong tanpa isi mangka urip bisa lunga, nanging yen kongsi wadhah kuwi kekebaken, kamangka angel diwutahake mangka ing kono dalan rusaking wadhah, yen wadhah rusak mangka urip uga bakal ucul ninggalne wadhahe. Saiki pituture guru sing maune ora tau tak gagas kuwi, dingendikakne maneh dening Kyai Bantarjati klawan luwih gamblang lan luwih cetha. nDadekne aku mung bisa meneng karo ing batin mbenerake kabeh sing dingendikakne Kyai Bantarangin kuwi.

 

"Ya aku nyuwun pangapuramu wae sing gedhe Ki Sima Abang" dumadakan Kyai Bantarjati ngendika maneh, nanging malah mundhut pangapura. Mesthi wae aku dadi rada kaget, ya gene Kyai sing wicaksana kuwi mundhut pangapura marang aku?.

 

"Jalaran aku wis lancang, kumawani ngandhakne kabeh mau marang ndika" ngendikane Kyai Bantarangin sabanjure "kamangka ndika kuwi dudu sanak dudu kadang, dudu murid lan dudu anakku. Nanging mung sabab ndika nate kandha yen ndika nggoleki aku merga kepengin nyampurnakne ngelmu sing wis ndika gadhuh, temah aku kumawani ngandhakake kabeh mau. Dadi saupama wis ndadekne ndika ora kepranan ing ati, sepisan maneh aku nyuwun pangapura".

 

Krungu pangandikane Kyai Bantarjati sing keri dhewe kuwi mau, sakala aku kaget banjur nggloso ing ngarsane karo luh sing banjir saka mripat.

 

"Dhuh Raden Sengkan" aku matur ngrerepa "saglugut pinara sasra ing manah kula babar pisan boten wonten raos boten remen kalih dhawuh paduka Raden Sengkan. Samangke murih gampil anggten kula saged nampi sedaya pitedah lan sabda paduka Raden, mugi wontena sih wilasaning panggalih, kaparenga nampi pasuwitan kula, kadadosna kula menika cantrik utawi siswa dhe paduka, lan mugi kersa Raden dados guru ingkang badhe kula lampahi sedaya dhawuh paduka".

 

"Mengko dhisik Ki Sima Abang" Kyai Bantarangin paring wangsulan "sadurunge aku aweh wangsulan, aku arep takon luwih dhisik marang ndika".

 

"Mangga Kyai, kula aturi paring dhawuh menapa ingkang Kyai pundhutaken pirsa?"  aku takon.

 

"Wong suwita kuwi cepak rekasane adoh kepenake" Kyai Bantarjati paring dhawuh "cepak lupute lan arang benere, kerep nampa srengen lan arang oleh pangalem lan isih akeh maneh tunggale. Apa ndika  wis manteb arep maguru marang aku? He ?".

 

"Dhuh Bapa Guru, sanadyan lebur kinarya sesawur, putung kinarya bebalang kula badhe rila legawa lahir trusing batos, waton kula saged katampi dados siswa paduka Bapa Guru Kyai Bantarjati" aku wangsulan kanthi manteb. Lan wangsulanku iki bener-bener wangsulan sing tulus mletik saka telenging ati sing suci.

 

 

ana candhake.


 54.

Aku banjur mapan lungguh kaya lumrahe macan sing lungguh, sedheku neng ngarsane Kyai Bantarjati lan nilingake kuping kanggo ngrungokne apa sing arep didhawuhne dening panjenengane. Aku pancen durung ngerti temenan yen aku wis nindakne laku dosa sing ngendikane Kyai Bantarjati dosa sing luwih dening gedhe. Kamangka sangertiku wiwit aku budhal nggoleki Kyai Bantarjati nganti kepethuk banjur bali methuki Resi Wresaya aku durung tau gawe kapitunane liyan, nanging aku luwih percaya karo sing dingendikakne Kyai Bantarangin, mula aku ya kepengin ngrungokne dhawuhe kanthi tumemen.

 

"Ki Sima Abang" Kyai Bantarjati wiwit ngendika "miturut warta sing tak rungu, jarene ing kapitayan ndika Sang Hyang Taya nate paring tuntunan yen titah kuwi kudu nyingkiri : Colong jupuk darbeke liyan, kapindho laku ngabotohan, kaping telu nerak pager ayu, kaping pat wicara goroh dene sing kaping lima mateni sapepadhaning titah mligine jalma manungsa sing tanpa jalaran kang satraju. Apa kuwi bener?"

 

"Leres Kyai" wangsulanku.

 

"Saka limang perkara mau sing paling gedhe dosane yen kongsi linakon kang manggon kang pungkasan, yaiku mateni sapepadhaning titah mligine titah sing wujud manungsa, apa ndika lali dene ndika kumawani nedya gawe patining manungsa kamangka yen ndika gelem, ndika bisa nyingkiri nedya gawe pepati kuwi?" Kya Bantarjati nakoni aku maneh. Aku banjur eling yen wingenane aku nedya mateni Kyai Bantarjati, nanging mau aku wis nelakake luputku lan sagug bakal mertobat, ya gene Kyai Bantarjati nakokne bab iki maneh?.

 

"Kula akeni Kyai, kala wingenane kula pancen sumedya merjaya ndika Kyai" wangsulanku tak tatag-tatagne "amargi kula nggega pitutur saking Resi Wresaya ingkang suka pambalithuk dhtaeng kula bilih ndika Kyai menika tiyang ingkang sampun kathah dosa lan kalepatanipun dhateng tiyang jawi lan sampun saktrepipun manawi ndika Kyai kaperjaya, gandheng kula boten mangertos menawi kula sampun dipun blithuk dening Resi Wresaya pramila kula inggih sagah nindakaken pakenipun kala wau ngiras pantes damel usada panandhang kula. Saha malih, kula ugi sampun nyuwun idi palilah ndika Kyai saderengipun kula merjaya ndika Kyai sarta kala wau sampun kula aturaken bilih kula sampun nglampahi dosa menika tuwin nDika Kyai sampun paring dhawuh murih kula nyuwun pangapura dhateng Allah lan sampun kula sagahi lan estu badhe kula estokaken".

 

"Dudu bab kuwi sing karepake Ki Sima Abang" Kyai Bantarangin ngendika karo mesem "nanging, kaya sing ndika kandhakne mau, sawuse ndika nggadho limpaku lan nyatane ndika ora bali pulih dadi manungsa apa sing ndika tindakne marang Resi Wresaya sing ngapusi ndika kuwi?".

 

Kyai Bantarjati kendel sedhela olehe ngendika, socane manther nyawang praupanku, aku mung bisa ndhingkluk. Pancen bener merga kegawa saka nesuku jalaran kajaba aku wis diblithuk dening Resi Wresaya, aku ya wis dilarani atiku, diuremehne digusah kaya kewan sing ngebyong tanduran, aku nedya ngemah-ngemah bebalunge Resi Wresaya sarta kepengin nglethak sirahe dimen mati. Apa tumindakku kuwi luput, jalaran aku dudu sing miwiti ?. Ngono pitakonaning atiku.

 

"nDika nesu, banjur nedya males ukum marang Resi Wresaya kanthi nglethak sirahe murih mati, merga wis ngapusi ndika malah kena diarani wis njlomprongne ndika sarta ndika serik merga disewiyah dening Resi kuwi? iya apa iya Ki Sima Abang?".

 

"Leres Kyai, mila kula kepengin suka paukuman dhateng Resi gadhungan menika? Menapa menika lepat lan kalebet dosa Kyai?" aku wangsulan karo takon.

 

"Pitakon sing ndika wenehne aku kuwi nuduhne yen ndika arep nyelaki dosa sing ndika lakoni Ki Sima Abang" Kyai Bantarjati paring wangsulan "lan kang mangkono mau malah nambahi dosa ndika, jalaran ndika ora mung dora marang Allah wae,  sing dhasare ora bisa diapusi nanging ndika uga wis njlomprongake ati ndika dhewe murih sansaya adoh ninggal garising piwulang sing bener".

 

"Kok saged makaten cethanipun kados pundi Kyai?" aku nekad takon, jalaran arepa kaya apa aku ya emoh nek diluputne.

 

"Sepisan" Kyai Bantarjati paring wangsulan "jeneng ora timbang yen wong apus-apus kudu nampa pidana pati, kaping pindho dudu wewenange saben wong nibakne pidana marang wong kang nandhang dosa, kang darbe wewenang nibakne pidana marang wong kang dosa kuwi mung panguwasa, kamangka ndika dudu panguwasa dadi ndika ora wenang nibakne pidana marang Resi sing ndika sebut Resi Gadhungan kuwi. Kaping telu, saupama ndika bener-bener nibakne pidana kuwi kudu nganggo lelandhesan kukum sing adil, lan anggon ndika wis nglethak sirahe Resi Wresaya wingi kuwi mung sabab ndika nuruti hardhaning kanepson, sing sapa wonge nggone tumindak mung nuruti hardaning kanepson yegti wong mau kena diarani wis mangeran marang kanepson lan nyingkur marang sesembahane. Cukup samene dhisik kandhaku marang ndika Ki Sima Abang, aku ora arep meksa marang ndika supaya nggugoni apa sing dadi kandhaku kuwi mau. Nangin kabeh gumantung marang ati suci ndika pribadi".

 

Bubar paring dhawuh ngono kuwi, Kyai Bantarjati ya Kyai Bantarangin banjur jumeneng, aku ditinggal ngalih mlebu wewangunan sing dadi pondhoke. Aku njegerg ora bisa kumecap apa-apa, pikiranku mlaku mecaki lan nitik kabeh sing dingendikakne Kyai Bantarjati kuwi mau. Suwe olehku ngangen-angen lan suwe olehku nimbang lan nglimbang dhawuh pangandikane Kyai Bantarjati kuwi karo nalarku sing resik sarta karo piwulang sing tau tak tampa saka guruku biyen sing jarene sing diwulangake kae mung piwulang saka Sang Hyang Taya. Wasana aku banjur oleh dudutan yen kabeh kang didhawuhake Kyai Bantarjati kuwi pancen bener. Aku banjur weruh tumpukan dosa sing ora karu-kauwan akehe, dosa marang Gusti Kang Nitahake Jagad saisine lan uga dosa marang awakku dhewe. Aku uga banjur ngerti yen dosa-dosa kuwi tak umbar, mangka bakal ngalang-alangi laku nggonku ngarah kasampurnananing ngelmuku, kajaba saka kuwi uga mbesuke bakal ndadekne aku ora bisa bali manunggal marang Dzat Kang tan Kena Kinaya Apa kang wusanane ndadekne sasaring patiku kumpul karo para brekasakan.

 

Kanthi dudutan sing tak tampa kuwi, aku banjur mutusake kudu nindakne lelaku tobat nyuwun palimirmaning Gusti muga aku bisa antuk pangapuraNe. Aku wiwit nata ati lan pikiranku, nindakne laku semedi ing papan kono kuwi. Ora ana sing tak sedya kajaba ngadhang-adhang sih wilasaning Gusti, muga Gusti keparing nurunake pangapura marang aku lan ngresiki kabeh dosa lan kaluputanku, jroning atiku aku uga sumpah yen ora arep mbaleni tumindak dosa maneh. Tekadku, aku ora arep leren nggonku semedi sadurunge tampa sasmita yen dosaku wis oleh pangapura. Aku wis ora nggagas apa sing dumadi ing sakiwa tengenku, embuh wis pirang dina suwene, aku ora kober ngetung nggonku nindakne laku tobat asarana semedi ngono kuwi. Jalaran sing ana  sajroning atiku mung panyuwun marang Gusti muga-muga aku enggal kaparingan pangapura.

 

Nganti ing sawjing sore, Kyai Bantarjati mrepegi papanku lan aku digugah saka nggonku semedi. Ngelingi yen Kyai Bantarjati kuwi sing dadi lantaran aku bisa weruh marang dosa lan kaluputanku, mula Kyai Bantarjati wis tak anggep dadi guruku. Merga sing nggugah kuwi guruku, mula aku banjur nggugurake nggonku semedi.

 

"Sumenekna dhisik sauntara nggon ndika nindakne semedi Ki Sima Abang" Kyai Bantarjati ngendika alon sawuse pirsa aku wis nggugurake nggonku semedi "ndika kudu eling yen Gusti ora ngeparengake titah nganiaya marang ragane. Jalaran Raga kuwi ragangan, kurunganing suksma, titipaning Gusti sing kudu direksa lan dijaga murih lestarine, yen ndika ora migatekne kabutuhaning raga, mangka ndika padha wae karo nyikara marang titipaning Gusti lan iku uga kena diarani dosa".

 

"Inggih Kyai" wangsulanku karo suwara sing lirih, aku wis kentekan daya lan tenaga temah bebasan arep obah wae kaya ora bisa "menapa ingkang kedah kula tindakaken murih saged nggayuh pangapuraning Gusti?".

 

"Wis sauntara dina ndika ora mangan lan ora ngombe" wangsulane Kyai Bantarjati "yen mangkono kuwi ndika tututugne tan wurunga, raga ndika bakal rusak garing dadi ragangan, sukma ndika bakal oncat nglambrang dadi prayangan. Kamangka ndika tinitahake kuwi raga lan sukma nyawiji ora kena pinisah-pisah, dadi ndika duwe kuwajiban njaga murih sukma tansah krasan manggon ana raga, sranane raga ndika kudu ndika cukupi kabutuhane. Iki mau ndika tak gawakne panganan rupa jenang katul karo ayam kang wis dipanggang, dhawet juruh gula klapa minangka kanggo ngombene. Saiki enggal rahabana luwih dhisik".

 

Bubar ngendika ngono kuwi Kyai Bantarjati banjur nyingkap serban putih sing mau digelar ana ngarsane, jebul ing ngisore serban kuwi wis cumawis panganan lan omben kaya sing dingendikane Kyai Bantarjati mau. Lon-lonan aku banjur nyedhaki pepancen sing wis cumawis kuwi arep tak rahabi kaya sing didhawuhne Kyai Bantarjati.

 

 

ana candhake.

Rabu, 19 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (053)

 




53.

Nanging Kyai Bantarjati panggah ayem wae, sanajan mau katon tansah migatekne karo apa sing tak critakne, nanging panjenengane babar pisan ora aweh tanggapan marang critaku. Sajake Kyai Bantarjati ngersakne supaya aku ngrampungake crita luwih dhisik, lagi panajenengane paring tanggapan. wusana aku banjur nutugne critaku maneh.

 

"Sareng kala wingenane sampun kaleksanan kula nedha limpa ndika Kyai, kula lajeng wangsul manggihi Resi Wresaya. Nanging sepinten gelaning manah kula, jebul nalika kula nyuwun pirsa kenging menapa kula dereng pulih wangsul dados manungsa malih, kamangka kula sampun saged nedha limpa ndika Kyai Bantarjati".

 

"Lha wangsulane Resi Wresaya kepriye?" Kyai Bantarjati lagi nyelani critaku nganggo pitakonan.

 

"Piyambakipun wicanten bilih anggen kula dados Sima ngaten menika dede wujuding walat kados ingkang dipun ucapaken kala rumiyin, nanging malah mastani menika nugrahaning Dewa, dados boten kenging kula wangsul dados manungsa malih".

 

"Banjur ndika nesu?" KYai Bantarangin takon maneh.

 

"Mesthi kemawon inggih" wangsulanku "wasana lajeng dados kerengan antawisipun kula kalih Resi Wresaya ingkang kula anggep sampun mencla-mencle rembagipun. Resi Wresaya kula klethak sirahipun, ketingalipun dumugi ing pejah. Nanging kula inggih nandhang tatu kenging wangkinganipun Resi Wresaya, malah wangkingan menika taksih nunjem mancep ing gulu kula. Gandheng kula badhe dipun rampog kaliyan para siswa-siswanipun Resi Wresaya, kula lajeng mlajar sapurug-purug, ngiras pantes kangge nylimur raos sakit saha benter ingkang kula sandhang labet kenging wangkinganipun Resi Wresaya kala wau. Sareng sampun tebih anggen kula mlajar, kula katelasan tenaga wasana kula rebah tan emut purwa duksina, ngertos-ngertos sampun wonten papan menika, awit katulung dening nDika Kyai Bantarjati".

 

"Dadi wiwitane ndika kuwi mudhun saka Gunung Wilis biyen jalaran nampa wisik supaya nemoni Raden Sengkan, nanging banjur kepethuk karo Resi Wresaya ?" sawuse rampung olehku crita Kyai Bantarjati, ya Kyai Bantarangin mundhut pirsa marang aku.

 

"Leres Kyai, nanging kula sampun kesasar ing margi awit kepanggih Resi gadhungan ingkang nami Wresaya menika" wangsulanku "gandheng samangke kula sampun ngertos menawi kula sampun kesasar, angkah kula, nadyan sampun wujud kados makaten kula tetep badhe madosi Raden Sengkan, murih kula saged nyampurnakaken ngelmi ingkang sampun kula gadhuh".

 

"Menyang ngendi anggon ndika arep ngupadi Raden Sengkan Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati ndangu karo semu mesem, wangune wis pirsa yen aku durung tau wanuh karo sing asmane Raden Sengkan kuwi.

 

 

"Miturut wangsit ingkang kula tampi nalika samanten, kula kadhawuhan nyabrangi Lepen Sawur, awit ing brang kilenipun Lepen Sawur menika kula saged kepanggih kaliyan Raden Sengkan" wangsulanku nyritakne unine wangsit sing tak tampa nalika aku maneges ing Gunung Wilis biyen.

 

"Papan kene iki wis jeneng Brang Kulone Kali Sawur Ki Sima Abang" ngendikane Kyai Bantarjati sabanjure "dadi mesthine ora suwe maneh ndika bakal kepethuk karo sing ndika goleki".

 

"Nuwun sewu Kyai" aku banjur matur "gandheng bares kemawon,kula menika dereng nate sumerep Raden Sengkan, menapa Kyai Bantarjati kersa paring kali damar dhateng kula, ing pundi kula saged sowan Raden Sengkan menika Kyai?".

 

"Ki Sima Abang" Kyai Bantarjati wangsulan karo mesem "ya gene ndika nyelaki unine wangsit sing wis ndika tampa biyen?"

 

"Menapa ingkang sampun kula selaki Kyai?" aku matur merga aku rumangsa ora selak karo unine wangsit.

 

"Apa dhawuhe wangsit sawuse ndika klakon nyabrangi Kali Sawur? yen ndika lali ateges ndika wis nindakne dosa sing kalebu dosa sing sing gedhe temah wohe dosa kuwi nuwuhake lali ing pangeling-eling ndika. Aku saguh ngelingne sing ndika lalekne kuwi, watone ndika janji bakal nindakne laku tobat merga dosa-dosa sing ndika lakoni" Kyai Bantarjati paring dhawuh.

 

"Nyuwun pangapunten Kyai" aku dadi bingung krungu dhawuhe Kyai Bantarjati sing mangkono kuwi mau, jalaran aku babar pisan ora rumangsa wis nindakne laku dosa sing klebu dosa gedhe, upama sing diarani dosa kuwi merga olehku wis wani tumindak gawe patine Kyai Bantarjati wingenane kae, gajege kuwi aku wis ngrumangsani lan aku wis saguh arep mertobat marang Allah utawa marang Dzat Kang tan Kena Kinaya Apa kaya sing wis tak aturne marang Kyai Bantarjati mau. Banjur sing dikersakne Kyai Bantarjati iki apa maneh?. nanging aku wis ora wani mbantah apa sing didhawuhne Kyai Bantarjati, murih panjenengane kersa mitulungi aku nuduhne ing ngendi dununge Raden Sengkan, mula aku ya banjur nutugne aturku maneh "estu awit saking cubluk, bodho balilune nalar kula, mugi Kyai kersa paring pitedah dosa ageng menapa ingkang kula lampahi? awit kula babar pisan boten ngrumaosi tumindak dosa kala wau".

 

"Ngene ya Ki Sima Abang" Kyai Bantarangin mesem karo nutugne olehe ngendika "pancen wong kuwi nek sansaya akeh dosane sansaya adoh karo sesembahane, temah kerep nalika nindakne laku dosa dianggep laku sing bener utawa laku sing lumrah, kamangka sayegtine kuwi laku dosa malah kepara sok-sok dosane dosa sing keliwat gedhene. Mula bakune aku mung kepengin ngerti, sadurunge aku aweh ngerti utawa ngelingake sing wis ndika lalekne mau, ndika mengko gelem nindakne laku tobat marang Allah utawa marang Dzat Tan Kena Kinaya Apa apa ora? yen ndika gelem mangka mengko sawuse tak elingake, aku bakal aweh weruh dosa apa sing wis ndika tindakne".

 

"Inggih Kyai, kula janji kula badhe nglampahi tobat awit sedaya dosa kula" wangsulanku manteb.

 

"Yen ngono, ndika semak apa sing bakal tak ucapne iki" wangsulane Kyai Bantarjati sing banjur nembang pupuh Kinanthi :

 

Yen wis nyabrang kali sawur

diage sira tumuli

meminta marang hyang suksma

pituduh ingkang sayegti

mangka bakal katingalan

prabane sing kok upadi.

 

Krungu tembang kinanthi sing mung sapada kuwi, dumadakan aku eling marang bacute wangsit sing tak tampa nalika samana. Mula aku banjur nyuwun palilah marang Kyai Bantarjati arep nindakne laku samadhi, nyenyuwun marang Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa, supaya diparingi pituduh ing ngendi dununge Raden Sengkan.

 

Sawuse oleh palilah saka Kyai Bantarjati, aku tumuli ngeremne mripat, nata laku mlebu metune napas, ngleremake pancadriya, mung siji sing tak esthi ya iku marang Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa. Embuh sepira suwene nggonku semedi, wasana klakon kasembadan sedyaku, lamat-lamat jroning layap-liyep-ing aluyut, aku nampa sasmita. Ana cahya padhang sing dudu padhanging srengenge, rembulan utawa lintang. Lan ing tengah-tengahing cahya padhang kuwi aku weruh wewayangan sing sansaya suwe sansaya cetha lan maujud dadi manungsa sing lagi lenggah ing sadhuwure papah gedhang, manungsa kuwi ora liya ya.... Kyai Bantarjati.

 

Byar, aku mungkasi nggonku semedi, tak sawang Kyai Bantarjati isih lenggah sila klawan astane sedhakep, socane merep jroning patrap laku semedi. Ora sranta, aku banjur ndheprok nglesot ing ngrasane karo matur :

 

"Kyai kula Sima Abang, titah ingkang bodho balilu, nyuwun sih kawlasan mugi Kyai kepareng paring kali damar lan nuntun ing lampah kula Kyai".

 

"Kepriye Ki Sima Abang? Apa sing ndika temu sawuse nindakne wangsit sing mau ndika lali?" Kyai Bantarjati ndangu aku.

 

"Ngaturaken genging panuwun Kyai, saha mugi diagungna ing pangaksamanipun dhateng kula, kula nembe mangertos bilih paduka menika estunipun Raden Sengkan ingkang kula padosi" wangsulanku karo mbrebes mili.

 

"Iya, iya Ki Sima Abang" wangsulane Raden Sengkan ya Kyai Bantarjati sabanjure "ora tak selaki, pancen aku iki sing diarani Raden Sengkan admajane Rama Raden Baribin wayahe Kanjeng Eyang Prabu Brawijaya Kang Kaping Lima ing Majapahit kang saiki wis  madeg jumeneng ing Gunung Lawu klawan sebutan asma Kanjeng Sunan Lawu. Sabanjure prayoga ndika ngunjukne rasa syukur marang Dzat Tan Kena Kinaya Apa, dene ndika wis dikeparengake kepethuk karo aku ing papan kene kanthi kahanan rahayu slamet. Dadi ndika kudu luwih pinter, jebul pepenginan  utawa karep sing ora kinabulake dening Allah kuwi awit saka rasa Maha Welas lan Maha Asihe Allah marang titahE, coba ndika gagas sing dawa, upama wingenane kekarepan ndika sing kepengin njaluk patiku iku dikabulne dening Allah temah aku tekan pati tenan, mokal yen dina iki ndika bisa kepethuk aku ana kene".

 

Kaya didhodhog rasane dhadhaku krungu wangsulane Raden Sengkan mangkono kuwi mau, kaya banjir sakala luhku mili dleweran. Aku ora bisa kumecap mung tangis sing tanpa suwara sing bisa tak tindakne karo ngambus-ambus sukune Raden Sengkan sinartan rasa panalangsa, getun lan sokur sing wor suh dadi siji.

 

"Uwis Ki Sima Abang" ngendikane Raden Sengkan karo ngelus-elus sirahku "cukup samono wae nggon ndika nangis, saiki aku arep njarwani marang ndika mungguh dosa-dosa gedhe sing wis ndika tindakne sing enggal-eggal ndika lakoni tobate".

 

 

ana candhake

Selasa, 18 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (052)

 


52.

Suwe aku ora semaur, lagi nata ati lan nata ukara kanggo mangsuli sing dadi pitakone Kyai Bantarjati, sing babar pisan ora ana tandha-tandha duwe rasa serik marang aku sing wis wani njaluk pati uripe lan wis klakon tak tugel gulune sarta tak suwek wetenge lan tak pangan limpane kuwi. Bares wae, aku ya wis rasa percayaku marang Resi Wresaya sing saka panemuku sing keri dhewe iki dheweke dudu Resi nanging wong sing memba-memba Resi kanggo ngucemne asmane para Resi. Lan aku wiwit duwe rasa kepencut marang Kyai Bantarjati sing sabar lan kabeh tembunge ora ana sing keprungu gawe serike sing dijak rembugan.

 

"Yen ndika kabotan aweh wangsulan, ya ora dadi apa Ki Sima Abang" kandhane Kyai Bantarjati maneh sawuse aku ora enggal-enggal aweh wangsulan "sing baku saiki tatu ndika wis pulih, raga ndia wis resik saka wisa waranganing keris sing tumancep ing gulu ndika, dadi ndika wis bisa nindakne apa sing arep ndika lakoni kaya padatan. Lan ye ndika ngersakne keris sing tumancep ing gulu ndika, sedhela maneh tak jupuke merga kanggo nyedhot lan ngresiki wisa apa dene warangan sing mili ing getih ndika, aku ya ngginakne keris kae, saiki isih tak simpen sawuse tak kumbah murih resike".

 

"Nyuwun pangapunten Kyai" rumangsa kasoran perbawa karo Kyai Bantarjati wasana aku malih basa marang panjenengane, aku uga wis manteb yen Kyai Bantarjati iki nyata-nyata unusaning janma sing nduweni budi sing suci, ora kaya sing dicritakne Resi Wresaya jaman semana, ya iku nalika aku dikandhani yen murih bisa luwar saka sesiku sranane kudu mangan limpane Kyai iki.

 

"nDika ora luput marang aku, ya gene ndika njaluk pangapura Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati semaur "bener ndika wingenane wis tumindak arep gawe patiku, nanging kuwi ora tak anggep luput marang aku jalaran anggon ndika arep gawe patiku wis nembung lan oleh palilah saka aku. Benere ndika kuwi luput karo Allah jalaran ndika wis kumawani nyenyahak sing temene amung wewenange Allah, dadi luwih prayoga yen ndika enggal-enggal nyuwun pangapura marang Allah mumpung isih ana wektu kanggo nyuwun pangapura marang Panjenengane".

 

Aku sansaya rumangsa cilik lan rumangsa luwih asor adoh yen ditandhingne karo Kyai sing temen-temen nggadhuh bebuden sing luhure kaya ngono kuwi. Sanadyan aku wis tumindak sing kaya ngana, nanging Kyai iki ora ngarani aku luput marang panjenengane malah ngandhani yen aku luput marang Allah lan mrayogakne supaya aku nyuwun pangapura marang Allah.

 

"Nuwun sewu, Allah menika sinten lan ing pundi mapanipun Kyai?" gandheng aku durung ngerti sapa sing dikarepake nganggo sebutan Allah kuwi, aku banjur nyuwun pirsa marang Kyai Bantarjati.

 

"Allah kuwi Dzat sing nitahake Jagad saisine iki, gandheng Allah kuwi Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa, mapane uga tan kena kinaya apa, mung kanggo nggampangake pangucap Panjenengane Jumeneng Langgeng ing Arasy kang tan bisa ginambarake. Panjenengane Maha Wikan lan Maha sakabehane, dadi yen ndika kepengin nyuwun pangapura marang Panjenengane, Allah tansah nguningani apa sing ndika ucapake lan apa sing ana batoin ndika" wangsulane Kyai Bantarjati.

 

"Punapa Allah menika sami kalih Dzat Ingkang Tan Kena Kinaya Apa ingkang kados wewarah saking Sang Hyang Taya Kyai?" aku takon maneh.

 

"Sang Hyang Taya kuwi sapa Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati genti takon.

 

"Bares kemawon Kyai, kula dereng nate ngertos sinten Sang Hyang Taya menika" aku wangsulan aweh katrangan jumbuh karo sing tak ngerteni "kathah ingkang nggadhahi pamanggih saha kapitayan dhateng Sang Hyang Taya menika, namung kemawon sok-sok antawisipun satunggal lan satunggale radi benten. Dene kapitayan kula menggah Sang Hyang Taya menika inggih namung ndherek pitedahipun Guru kula, inggih menika Panjenenganipun Sang Hyang Taya menika Utusaning Dzat Tan Kena Kinaya Apa, murih paring tuntunan dhumateng  tiyang ing Tanah Jawi menika murih namung manembah dhumateng Dzat Ingkang Tan Kena Kinaya apa asarana nindakaken lampah ingkang mijil saking budi ingkang utami".

 

"Kuwi weawrah sing ndika tampa saka Guru ndika?"

 

"Inggih Kyai" wangsulanku "nadyan wonten pamanggih ingkang benten kalih ingkang kula aturaken menika kala wau, nanging Guru kula babar pisan boten nglepataken pamanggih ingkang benten menika".

 

"Ya, ya Ki Sima Abang" wangsulane Kyai Bantarjati ya Kyai Bantarangin "padha karo lekase Guru ndika kuwi, wangsulanku marang pitakon ndika mbok menawa Sing Ngutus Sang Hyang Pitaya kuwi ya sing sinebut Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa kuwi ya Allah sing tak kandhakne mau, nanging aku uga ora ngluputake yen ana sing duwe panemu liya sing beda karo panemuku iki".

 

"Inggih Kyai" aturku marang Kyai Bantarjati sabanjure "dhawuhipun Kyai murih kula enggal nyuwun pangapunten dhateng Allah badhe kula estokaken".

 

"Ya sokur ta yen mangkono Ki Sima Abang" Kyai Bantarjati wangsulan karo mesem "Gusti Allah mesthi paring pangapura marang ndika waton ndika temen-temen anggone nyuwun pangapura".

 

"Inggih Kyai, samangke kula badhe atur wangsulan dhateng ndika Kyai, prakawis ingkang Kyai dangoaken dhateng kula kala wau".

 

"Iya, kepriye Ki Sima Abang?".

 

"Kairing atur panyuwunan pangaksami dhateng Kyai, kula badhe matur bilih pranyata sadangunipun menika kula sampun kablithuk dening tiyang ingkang nggem sebatan Resi nanging pranyata dede Resi, utawi kenging kawastanan Resi Gadhungan" aku wiwit nyritakne yen aku wis diapusi dening Resi Wresaya.

 

"Kablithuk sing kepiye Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati ndangu aku.

 

"Kawiwitan nalika kula nglampahi lampah tirakat ing puncaking Redi Wilis murih saged nggayuh sampurnaning ngelmi kula, kula nampi pitedah murih kula manggihi Raden Sengkan ingkang salaminipun dereng nate kula tepangi, dene srananipun kula saged kepanggih Raden Sengkan inggih menika kula kedah ngathah-ngathaken asung pitulung dhumateng tiyang ingkang nembe kaaniaya saha tiyang ingkang nembe nandhang ing kasisahan. Inggih salebetipun kula nglampahi ujaring wangsit kala wau, kula kepanggih satunggaling tiyang ingkang nembe nandhang ing kasisahan lan kula tulungi. Pranyata piyambakipun menika satunggaling Resi ingkang nggilut agami saking tanah Indu (India), agami menapa naminipun kula boten mangertos.  Kamangka rumiyin kula nate nampi pitutur saking guru kula, bilih Resi menika tiyang ingkang nyebaraken kautamening budi lan kedah dipun bekteni. Pramila kula inggih sakalangkung bekti dhateng tiyang ingkang nembe kemawon kula tulungi menika kala wau, jalaran piyambakipun satunggaling Resi ingkang nami Resi Wresaya.

 

Salajengipun, nalika kula kadangu dening Resi Wresaya badhe kesah dhateng pundi? kula inggih blaka bilih kula badhe nggayuh kasampurnaning ngelmi kula lan kula criyosaken bab wisik ingkang kula tampi nalika kula tirakat ing puncaking Redi Wilis. Resi Wresaya nunten paring dhawuh bilih minangka panuwun dhateng kula, panjenenganipun badhe paring pambiyantu murih enggala kasembadan menapa ingkang kula sedya. Kula inggih lajeng ngaturaken genging panuwun. Resi Wresaya nunten dhawuh murih kula nindakaken lampah tapa ing wana satepining Bengawan Tempur boten tebih saking Padhepokanipun Resi Wresaya. Sasampunipun dhawuh menika kula lampahi sekawan dasa dinten laminipun, kula dipun prepegi dening tiyang ingkang ageng inggil lan apaes raseksa, ngisis siyung ageng-ageng cacah kalih. Boten ngucap menapa-menapa tiyang apaes raseksa kala wau ngulungaken wungkusan kados daging dhateng kula, nunten pyambakipun ical musna tanpa tilas.

 

Wungkusan daging wau lajeng kula beta lan kula tedahaken dhateng Resi Wresaya sinartan panyuwunan pitedah. Resi Wresaya dhawuh bilih tiyang ageng inggikl ingkang apaes raseksa menika estunipun salah satunggaling Dewa ingkang paring nugraha dhateng kula minangka wohipun anggen kula lampah tapa ing wana sacaketing Bengawan Tempur menika. Nanging kanugrahan menika ngemu sesiku, ewa samanten sesiku menika gampil anggenipun nebus, ngemuti agenging kanugrahan kula kaprayogekaken nampi kanugrahan menika kemawon, perkawis sesikunipun mangke gampil anggenipun nebusi. Jalaran namung sarana nampi kanugrahan menika kula saged nggayuh kasampurnaning ngelmi kula. Dene caranipun nampi kanugrahan menika inggih menika daging inkang wungkusan kala wau supados kula tedha.

 

Nanging sepinten kageting manah kula Kyai? nalika daging sampun telas kula tedha, dumadakan badan kula kraos benter lajeng kula boten emut purwa duksina. Sareng kula eling saking semaput, jebul wujud kula sampun ewah dados Sima ageng, kados wewujudan kula samenika. Tartamtu kemawon kula lajeng bingung semu keduwung, nanging dening Resi Wresaya lajeng dipun jarwani menggah tebusaning sesiku, murih kula saged wangsul pulih dados manungsa, srananipun namung satunggal lan boten awrat. Inggih menika kula kedah nedha limpanipun Kyai Bantarjati, inggih ndika Kyai.  Pramila lajeng wonten kedadosan kala wingenane menika, kula sampun kumawantun nyuwun pejah gesang ndika Kyai lan damel Kyai pedhot jangganipun sarta suwek padharanipun nika".

 

Aku banjur nglereni nggonku crita, ngiras pantes kepengin weruh sikepe Kyai bantarjati sawuse krungu critaku kuwi mau.

 

ana candhake.


Senin, 17 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (051)

 


51.

Sanajan aku ngerti mesthi bakal karoban mungsuh, nanging kegawa saka nesu sing wis ngobong atiku, aku babar pisan ora wedi. Aku ya ngerti yen Resi Wresaya kuwi wong sing sekti mandraguna, luwih-luwih neng tangane uga wis ana keris pusaka sing katon mramong pamore lan wong-wong sing wis siaga nempuh aku kuwi mesthine ya padha duwe kasekten sing onjo kabeh, nanging aku wis ora bisa mikir dawa. Sing ana sajroning atiku mung wani lan arep nyuntak kabeh kanepsonku marang Resi sin wis cidra ing janji kuwi. Wis tak tekadi nadyan aku kudu tekan ing pati, nanging aku kudu bisa gawe tatu sing marakne cacad selawase uripe Resi Wresaya, sokur bage yen nganti bisa mateni.

 

Aku njupuk ancang-ancang, banjur mlumpat Resi Wresaya tak tubruk kena, baune tak cengkerem sirahe arep tak klethak. Resi Wresaya bangga, aku disuduk nganggo kerise, kena pernah guluku, rasane panas banget kaya disonyok mawane kayu sambi rasane. Ora sranta sirahe Resi Wresaya banjur tak candhak lan tak klethak, nanging Resi Wresaya isih bisa nyudukne kerise sepisan maneh menyang guluku disartani kekuwatan kang pungkasan, keris mancep neng guluku, lan aku mencelat memburi kira-kira telung dhepa adohe. Aku tiba neng lemah, keris isih tumancep neng guluku. Lamat-lamat aku isih weruh Resi Wresaya kejet-kejet neng lemah.  Wong-wong liyane padha kaget, banjur ngebyuk menyang aku bebarengan karo nibakne gegamane dhewe-dhewe. Wegah dadi rampogane wong-wong kuwi, aku banjur mbrosot mlayu nganggo kekuwataning macan, ninggalne papan kono.

 

Wong-wong ora bisa nututi playuku, aku ya banjur ora leren nggonku mlayu, jalaran rasa panas ing guluku sansaya panas wae, sauntara keris sing tumancep durung bisa tak jabut . Kanggo nylimur rasa panas sing ora bisa tak ampet kuwi aku mlayu lan terus mlayu. Mlayu tanpa tujuwan lan ora nyawang kiwa lan tengene dalan sing tak liwati. Aku wis ora bisa mikir apa-apa maneh, rasa lara lan panas merga kena keris pusakane Resi Wresaya  sing isih mancep neng guluku, ndadekne aku ora bisa mikir apa-apa.

 

Aku ora bisa ngira-ngira sepira adohe nggonku mlayu, lan ora bisa ngetung kali pira sing wis tak sabrangi, nganti wekasane aku kentekan tenaga dhewe. Aku rubuh ing pinggir kali lan banjur ora eling apa-apa maneh. Aku pora ngerti sepira suwene nggonku semaput ora eling, nalika aku eling rasa panas ing guluku wis ora pati sepiroa. Tak lirik keris sing mau tumancep ing gulu wis ora ana, malah tatuku kaya wis ana sing mboboki nganggo tamba. Aku nglirik ngiwa nengen, aku bingung, aku iki ana ngendi, merga aku ngglethak neng papan sing resik lan ing sandhing sirahku ana maron sing isi banyu bening sajak kanggo nyepaki ngombe aku. Aku nyoba ngeling-eling apa sing wis kedadean mau, sing kelingan mung aku mau weruh Resi Wresaya kejet-kejet klawan sirah sing tatu merga tak klethak lan aku di krubut dening wong pirang-pirang sing nibakne gegamane marang aku.

 

"Wis tangi ta Ki Sima Abang?" dumadakan aku krungu wong nakoni aku, ora pangling suwara kuwi cetha nek suwarane Kyai Bantarjati sing wingi apa mau wis mati merga tak pateni. Aku banjur nggagas yen aku wis tumeka ing pati merga kena dayaning pusakane Resi Wresaya lan saiki kumaraku manggon neng alam antara awor karo kumarane wong-wong sing wis mati nanging durung dikeparengake marak ing ngarsane Dzat kang Tan kena Kinaya Apa, klebu kumarane Kyai Bantarjati sing mati merga tak pateni. Mung gumunku, ing atase aku wis dadi kumara ya gene wujudku isih rupa macan, kamangka sejatine aku iki manungsa, kumarane manungsa mesthine ya wujud manungsa.

 

"Ya gene meneng wae lan ora semaur, apa ndika pangling karo suwaraku Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati takon maneh, sansaya cetha yen kuwi Kyai Bantarjati merga aku wis bisa nyawang wujude, Kyai Bantarjati mapan lungguh neng sandhing sirahku.

 

"Apa kene iki sing diarani alam antara kuwi Kyai?" aku genti takon karo ngingeti Kyai Bantarjati, sauntara aku isih durung karep tangi saka anggonku ngglethak.

 

"Dudu Ki Sima Abang" wangsulane Kyai Bantarjati karo ngguyu "ndika iki isih durung mati, dadi ndika isih manggon neng alam donya utawa alam padhang. Mau aku weruh ndika ngglethal neng dalan kanthi tatu ing gulu sarta keris sing isih tumancep ana gulu. Banjur ndika tak gawa neng papanku kene, tatu ndika tak boboki nganggo pipisan godhong meniran campur godhong gendhayakan murih cepet marine. Lan nyata sawuse telung dina telung bengi ndika turu , saiki tatu-tatu ndika wis padha mari, kari ngenteni garinge".

 

"Mengko dhisik ta Kyai" wangsulanku karo isih durung ilang rasa gumunku "gajege ndika kuwi rak wis mati merga tak gigit gulu ndika lan tak suwek weteng ndika banjur tak pangan limpa ndika ta? Nanging ndika kandha nek iki isih ana ngalam donya? Apa ndika ora krasa yen satemene ndika wis prapteng alam pati?".

 

Kyai Bantarjati gumuyu sansaya banter. Banjur wangsulan nganggo pitakon :

 

"Kapan ndika bisa pinter Ki Sima Abang?"

 

Aku ora semaur, merga aku ora ngerti karo sing ditakokne Kyai Bantarjati kuwi.

 

"nDika rak wis bola-bali tak jarwani? yen aku kuwi ora duwe urip lan ora duwe pati, klebu ndika lan titah sing ana, kabeh kuwi pati lan uripe satemene kagungaNe, nek Allah durung ngersakne mundhut uripe titah ya ora bakal mati" kandhane Kyai Bantarjati sabanjure "Nanging ndika sajake ora pati nggatekne lan luwih seneng ora percaya karo apa sing tak kandhakne. Nanging mesthine saiki ndika bisa percaya karo apa sing wis tak kandhakne kuwi mau, jalaran wis ana bukti kang nyata sing bisa ndika sawang yen nyatane aku isih urip, kamangka wingenane wis ndika pisahne gulu lan gembungku, ndika suwek wetengku ndika jupuk limpaku anjur ndika pangan. Nanging nyatane saiki aku isih durung mati jalaran Allah isih ngersakne aku urip".

 

"Bares wae Kyai" aku semaur "aku sansaya bingung krungu tembung-tembung sing ndika ucapne kuwi mau".

 

"Saiki ndika rungokne Ki Sima Abang" Kyai Bantarjati banjur guneman sareh lan sabar "Sawise sirahku pisah lan gembung, banjur limpa sing ana jero wetengku ndika jupuk lan ndika pangan, ndika rak ya weruh ta yen ana angin sing teka banjur nggawa awak lan sirahku lunga mangidul?".

 

"Iya aku ngerti lan weruh kuwi Kyai" aku wangsulan.

 

"Sumurupa Ki Sima Abang, angin kae satemene sesinglone titahing Allah sing kautus supaya nyambung sirah karo ragaku maneh. Lan gandheng pedhote guluku merga digigit macan, titahe Allah sing maune sesinglon angin kuwi banjur dening Allah didhawuhi supaya anggone sesinglon kanthi maujud dadi macan. Lan dening macan sesinglone tutahing Allah kuwi mau, sirah lan gembungku nuli disambung temah bali pulih kaya saiki iki" kandhane Kyai Bantarjati aweh katrangan.

 

"Disambung Kyai?" aku takon semu gumun, ora krasa aku wis bisa tangi lan banjur lungguh ngadhep Kyai Bantarjati.

 

"Bener Ki" wangsulane Kyai Bantarjati "sirah karo gembungku disambung dening macan. Mula kanggo pangeling-eling anak putu mbesuk, ya ing papan disambunge sirah karo gembungku kuwi mbesuk karana Sambung Macan".

 

"Iya Kyai aku melu nekseni lan melu ngeling-eling, muga-muga apa sing ndika kandhakne kuwi dadi kanyatan" wangsulanku alon.

 

"Nah, saiki aku genti sing arep takon marang ndika Ki Sima Abang" kandhane Kyai Bantarjati ngalihne rembug.

 

"Kyai aep takon perkara apa?" aku mangsuli karo pitakonan.

 

"Wingenane ndika nekad kepengin njupuk lan mangan limpaku, ndika kandha yen kuwi sranane ndika bisa karuwat bali dadi manungsa maneh, nanging kanyatane nganti saiki ndika isih panggah wujud macan malah kahanan ndika nandhang tatu, gulu ndika ketancepan pusaka, kuwi genahe piye Ki Sima Abang? apa ndika durung kober nemoni wong sing ngandhani nek sranane ndika bisa luwar saka sesiku kuwi kudu mangan limpaku kuwi?".

 

Krungu pitakone Kyai Bantarjati sing mangkono kuwi, aku rumangsa nek lagi diwelehne. Nanging aku ora gela luwih - luwih nesu, malah sajroning atiku wiwit thukul rasa eram lan percaya marang Kyai sing wis aweh pitulungan marang aku iki.

 

 

ana candhake.


Minggu, 16 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (050)

 

 

50.

Gandheng aku selak kepengin enggal kepethuk karo Resi Wresaya sing manggon neng sacedhake Bengawan tempur, lakuku tak gelak nganggo aji Sepi Angin bebasan ora nganti sapanginang aku wis tekan ngenggon. Wektu iku ambarengi Resi Wresaya lagi ngrembug sing sajake perkara kang wigati, ketitik kabeh  murid sing baku-baku padha mlumpuk, ngadhep lan ngrungokne apa sing dikandhalne Resi Gadhungan kuwi. Nanging aku ora idhep, aku miyak sing lagi padha lungguh ngadhep, bablas mlaku nyedhaki papane Resi Wresaya. Murid-murid sing durung ngerti aku padha kaget, banjur padha ngadeg karo ngliga gegamane dhewe-dhewe arep dienggo mrawasa aku. Nanging aku babar pisan ora nggagas, merga butuhku mung arep kandha yen kuwajibanku mangan limpane Kyai Bantarjati wis tak tindakne kanthi becik lan aku arep nagih janjine Resi Wresaya sing ngandhakne yen aku bakal pulih dadi menungsa maneh yen kuwajiban kuwi wis tak tindakne. Mula aku ya banjur mapan lungguh neng ngarepe wong-wong sing lagi padha ngadhep Resi Wresaya kuwi, madhep mengarep.

 

"Kula ingkang sowan Sang Resi" aturku marang Resi Wresaya kanthi sikep kang kurmat banget. Wong-wong sing mau padha ngliga gegaman, ketoke padha gumun kabeh, merga ana macan sing bisa guneman kaya dene manungsa.

 

"Iya Ki Sima Abang, aku wis weruh" wangsulane Resi Wresaya tanpa nakokne keslametanku "banjur tekamu neng kene duwe karep apa?".

 

"Inggih Sang Resi" wangsulanku tak gawe sareh senajan pitakone Resi kuwi keprungu ora pati kepenak dirungokne nganggo kuping "badhe atur uninga bilih kula sampun nglampahi dhawuh ndika, nedha limpanipun Kyai Bantarjati"

 

"Dadi Kyai Bantarjati wis klakon mbok pateni? lan mbok pangan limpane?" Resi Wresaya takon .

 

"Kasinggihan, Sang Resi" wangsulanku "Kyai Bantarjati sampun pejah sirah lan gembungipun pisah amargi kula gigit, padharanipun kula bedhah lan limpanipun kula pendhet sarta kula tedha".

 

"Bagus, nyata Ki Sima Abang wong sing sekti mahambara, ketitik bisa ngalahne Kyai Bantarjati sing kondhang duwe kasekten sing sundhul langit kuwi" kandhane Resi Wresaya aweh pangalembana marang aku.

 

"Nyuwun pangapunten Sang Resi" aku aweh katrangan kanthi jujur "anggen kula saged mejahi Kyai Bantarjati boten mawi perang tandhing adu atosing balung wuleting kulit, nanging kula ngginakaken apus krama kados ingkang ndika wucalaken".

 

Aku banjur nyritakne kabeh lelakonku wiwit ketemu Kyai Bantarangin nganti anane lelakon tumekane angin gedhe sing ngendhangake kunarpane Kyai Bantarjati mangidul parane, embuh ing ngendi tumibane.

 

"Gandheng sedaya dhawuh ndika Sang Resi sampun kula lampahi, samangke kula nyuwun dhateng Sang Resi supados kula saged pulih dados manungsa malih kados ingkang sampun dipun dhawuhaken Sang Resi rikala samanten" kandhaku mungkasi crita lan nagih janjine Resi Wresaya.

 

Rada sauntara Resi Wresaya meneng ora enggal aweh wangsulan, nganti aku ngambali maneh nggonku guneman supaya aku enggal tumuli diluwari saka sesiku wujud macan ngono kuwi.

 

"Ngene ya Ki Sima Abang" wusanane Resi Wresaya wangsulan alon-alon "biyen pancen aku tau kandha yen ndika kepengin bali dadi wujud manungsa maneh, pitukone ndika kudu bisa mangan limpane Kyai Bantarjati".

 

"Inggih, lan menika sampun kula lampahi" aku nyelani kandha.

 

"Nanging bareng tak nalar-nalar, rasa kepenginmu bali pulih dadi manungsa lumrah kuwi luput" wangsulane Resi Wresaya karo nyawang praupanku.

 

"Lepat kados pundi Sang Resi?" aku takon.

 

"Lupute, yen ndika pulih dadi manungsa lumrah, ndika bakal bali Sima Abang sing biyen, kekuwatan ndika adoh sangisore kekuwatane Macan Gembong, cukat trengginas ndika, ya ora kaya cukat lan trengginase Macan, kosok baline nek ndika panggah wujud macan ngene iki, ndika dadi macan sing pinter jalaran pikiran lan akal ndika, panggah wujud akal lan pikirane manungsa, dene kekuwatan lan kadigdayan ndika wujud kadigdayan lan kekuwatane macan, dadi sawuse ndika nyampurnakne ngelmu kang wekasane ndika salin wujud dadi macan kuwi wis pas. Luwih-luwih ndika nadyan wujude macan nanging bisa tata jalma, kuwi uga sawijining kanugrahan sing gedhe, ing tembe ndika bakal dipuja-puja dening manungsa kadi dene dewa, ndika bakal kajen kineringan selawas-lawase. Dadi sepisan maneh tuturmu marang ndika, luwih becik ndika wurungne olehe ndika kepengin pulih wujud dadi manungsa maneh" wangsulane Resi Wresaya marang aku.

 

Aku dadi gumun karo wangsulane Resi Wresaya sing mangkono iku, tekaku mrene mau ora kepengin dadi kaua sing dikandhakne Resi Wresaya, nanging tekaku mrene mau kepengin wujudku pulih dadi manungsa maneh. Lan wiwit sepisanan biyen, Resi Wresaya ngandhakne nek olehku salin wujud dadi macan iki merga kena sikune Dewa lan kanggo nebus sesikune Dewa kuwi aku kudu nindakne lelabuhan marang Dewa yaiku sarana mateni menungsa sing kumawani nyebarake agama sing ngiwakne anane para Dewa. Sanajan nalika samana aku ora ngerti sing diarani Dewa kuwi apa, jalaran aku durung tau sinau lan durung tau ngrasuk agama sing manembah marang Dewa, nanging aku percaya karo sing dikandhakne Resi Wresaya lan kandhane kuwi wis tak tindakne. Malah aku wis kumawani nerak pepacuhe kapitayan sing tak rasuk mung jalaran percaya marang Resi Wresaya sing bisa mulihne wujudku dadi manungsa maneh. Jalaran kapitayanku wektu kuwi, mung manut piwulange Sang Hyang Taya supaya manembah lan mituhu dhawuhe Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa sarta ngedohi kabeh pepacuhe, sing salah siji saka pepacuh mau ora kena mangan saka peranganing manungsa liyane.

 

Nanging bareng saiki, prentah lan pituduhe Resi Wresaya nalika samana wis tak tindakne, jebul saiki oleh wangsulan sing adoh bedane karo pitutur jaman semana. Sesiku iki malah diarani kanugrahan, lan aku kleru yen kepengin bali wujud dadi manungsa. Jroning atiku banjur tuwuh rasa cuwa lan gela marang Resi sing banget tak ajeni lan tak pundhi-pundhi kuwi.

 

"Saiki ndika tak keparengake leren neng pepungkuran kana dhisik Ki Sima Abang" kandhane Resi Wresaya maneh bareng weruh aku suwe ora nyauri marang apa sing dikandhkane mau "aku arep rembugan bab sing wigati karo para muridku dhisik. Mengko wae yen ana kuwajiban sing kudu ndika tandangi aku bakal aweh weruh marang ndika".

 

"Mangke rumiyin Sanng Resi" aku wangsulan karo suwara sing wiwit nuduhne rasa gela "kula purun ndika dhawuhi mbadhog limpanipun Kyai Bantarjati rumiyin, jalaran kula kepengin luwar saking sesikuning Dewa temah dados macan kados ingkang ndika dhawuhaken, samangke sasampunipun kula tindakaken dhawuh ndika kala wau, teka pangandikan ndika benten malih, kula niki saestunipun kenging sikuning Dewa menapa nami kanugrahan? Gek Dewa napa ingkang ndika ngendikaken menika? Dewa kok mencla-mencle. Sampun, bakenipun dugi kula niki wau kepengin saged pulih malih dados manungsa".

 

"Sabar ki Sima Abang" wangsulane Resi Wresaya "tenane nggonku aweh pituduh marang ndika supaya mangan limpane Kyai Bantarangin ya Kyai Bantarjati kae, mung minangka srana ndika oleh kanugrahaning Dewa. Lan pranyata ndika sing saiki isih wujud Macan gembong saiki wis beda karo jaman sepisanan ndika ngalih rupa, biyen pancen ndika kena walat utawa sesiku, nanging sesiku kuwi saiki wis salin dadi kanugrahan kaya sing tak kandhakne mau. Dadi ndika ora perlu susah merga wewujudan kuwi, merga kuwi nyata kanugrahan sing gedhe. Mengko wae nek ana wektu kang mirunggan, ndika tak wulang bab jlentrehe kanugrahan sing ndika tampa kuwi. Saiki aku lagi arep ngrembug babagan seje karo murid-murid sing piniji, ndika durung wenang melu ngrungokne".

 

"Resi Wresaya" aku wiwit kentekan kasabaran "bakune ndika bisa mulihake aku dadi manungsa maneh apa ora?".

 

"Ndika kuwi murid sing keneng ditata apa ora Heh Ki Sima Abang?" Resi Wresaya nggetak aku, mripate mencereng ketara yen lagi nesu "apa niyat ndika wis arep wani karo aku, he ?".

 

Digetak lan ditakoni karo tembung sing mangkono iku, sakala aku dadi nesu.

 

"Resi Wresaya" kandhaku karo nggereng nesu "rembugmu sansaya suwe sansaya ora cetha, mencla-mencle kaya omongane wong ora duwe agama, aku ora arep wani marang Resi sing suci, nanging nek ndika ora bisa mulihne aku bali dadi manungsa maneh, kamangka aku wis kebacut wani mateni Kyai wicaksana merga nuruti pituduhmu, mangka aja takon dosa, ndika mesthi tak klethak  lan tak kemah-kemah balung ndika".

 

"Setan kowe Sima Abang" dumadakan Resi Wresaya ngadeg karo tangane ndudut keris saka wrangkane, banjur guneman karo suwara sing sereng "ora kena dieman lan ora kena digawe becik kowe, macan ora duwe utek wani-wanine kowe muni kaya ngono neng ngarepku, diage sira minggata sadurunge dadi bathang ketiban pusakaku iki".

 

Sauntara kuwi wong-wong sing mau padha ngliga pusakane lan wis bali mapan lungguh kaya maune, bareng ngerti nek gurune wis ngliga keris lan arep nggusah aku, bali padha ngadeg maneh klawan sikep sing padha kaya mau.

 

 

ana candhake.

 


Sabtu, 15 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (049)


49.

Kajaba saka iku arepa kaya apa aku kudu bisa mateni Kyai iki, jalaran ya mung kuwi saranane aku bisa pulih bali wujud dadi manungsa maneh. Nanging kepriye carane? sakehing tenagaku wis tak ketog nanging Kyai iki babar pisan ora bisa tak senggol kulite. Aku banjur kelingan yen Resi Wresaya tau kandha, yen bisa carane ngarah patine Kyai iki aja nganggo cara adu arep adu tosing balung uleting kulit, nanging nganggo srana paeka lan apus krama. Mau tak pancing nganggo cara nek dheweke arep tak unggahne menyang suwarga jebul dheweke ora kegiwang mulyaning suwarga. Aku banjur mikir maneh supaya dheweke bisa lila banjur gelem ngulungne pati uripe marang aku.

"Bener Kyai" kandhaku sawuse mikir sauntara nganggo tembung sing tak gawe alus lan sareh "pancen ing antarane awake dhewe ora kedadean perang tandhing. Aku ngerti saupama klakon perang tandhing aku mesthi wis ngglethak koncatan nyawa, merga nyata yen kasekten ndika adoh manggon ing sadhuwurku, nanging...............".

 

"Nanging apa Ki Sima Abang? nDika butuh mateni aku?" Kyai Bantarjati medhot omonganku nganggo pitakon sing nlemak apa sing dadi karepku.

 

"Bener Kyai" wangsulanku "merga mung srana kuwi aku bisa luwar saka bebendu sing ndadekne aku duwe wewujudan sing kaya ngene iki. Mula Kyai tulungana aku, rilakna pati ndika kanggo nulungi wong sing nandhang sukerta kaya aku iki".

 

"Sepisan maneh ndika kleru Ki Sima Abang" wangsulane Kyai Bantarangin karo ngguyu "pati uripku kuwi ora manggon ing pangwasaku dhewe, nanging pati uripku iki kagungaNe, dadi aku ya mesthi wae ora bisa menehne utawa menging marang ndika sing ana gandheng rapete karo patiku".

 

"Nanging nyatane Kyai ora gelem lan ora manut nalika aku nubruk arep mateni nDika?" aku semaur rada sengol, merga tak anggep Kyai Bantarangin mung wasis ngubetne tembung wae.

 

"Kleru maneh ndika kuwi" wangsulane Kyai Bantarjati "aku mau ora endha, mung merga isih kinayoman dening Allah temah aku ora bisa ndika tubruk, kamanga aku ora endha, coba ndika pikir, apa aku endha nalika aku nindakne sembahyang mau?. Karo maneh ya gene ndika percaya karo omongane wong sing ora ana buktine sing ngandhakne yen ndia bisa luwar saka sesiku bisa mbalik dadi manungsa maneh yen wis mateni aku? apa kuwi bisa tinemu ing nalar sing waras Ki? Ana sambung rapete apa aku karo sesiku sing nibani ndika ? Tak kandhani ya Ki Sima Abang, saupama ndika klakon mateni aku, ora bakal ndika bisa pulih dadi manungsa maneh malah sansaya tambah sesiku sing bakal ndika tampa merga ndika wis tumindak sing ora bener, mateni manungsa sing ora duwe dosa karo ndika".

 

"Kandhaa wae yen ndika wegah aweh pitulungan marang aku Kyai" wangsulanku atos "merga ndika sing jarene tutah sing wis pasrah marang Pangwasane Allah jebul isih eman kelangan urip sing jare ndika dudu duwek ndika dhewe kuwi".

 

"Dadi ndika panggah isih kepengin ngarah patiku? lan ora gelem nggugu pituturku sing luwih tinemu ing nalar tinimbang pituture wong sing ngongkon ndika supaya mateni aku kuwi?" Kyai Bantarjati takon karo mripate mencereng. Ana rasa miris sajroning atiku weruh sunar mripate Kyai Bantarjati sing mangkono kuwi, nanging aku isih eling marang pituture Resi Wresaya yen aku ora kena wedi, ora kena kablithuk slaga lan sikepe Kyai Bantarjati temah thukul welasku marang dheweke, ora ana dalan liya murih aku pulih, kajaba kudu mangan limpane Kyai sing nyebar agama saka tanah manca iki.

 

"Iya Kyai, merga aku percaya yen mung kuwi sranane aku bisa luwar saka panandhang iki" wasana aku bisa aweh wangsulan "nanging, yen ndika ora ngrilakne pati ndika, aku ya ora bisa meksa nyatane kasekten ndika adoh manggon ing sadhuwurku. Mula tinimbang ndedawa wirang, luwih becik aku mati wae".

 

"Aja dadi bodho Ki Sima Abang" Kyai Bantarjati mencereng "padha karo aku, pati urip ndika kuwi kagungaNe, nek ndika duwe karep arep ngrebut saka astaNe mangka luwih gedhe dosa sing bakal ndika sandhang lan bebenduNe kuwi luwih banget ing larane".

 

"Aku ora idhep Kyai" wangsulanku "gandheng ndika nyatane ora gelem ngulungake pati ndika lan uga ora gelem gawe patiku, mangka aku arep golek dalan liya wae".

 

Muni ngono kuwi aku karo mlaku mundur arep ninggalne Kyai Bantarangin.

 

"Apa sing arep ndika tindakne Ki Sima Abang?" Kyai Bantarjati katon kaget banjur nakoni aku "aja kedlarung nggon ndika tumindak kaya wong sing ora duwe nalar".

 

"Aku arep menyang padesan sing wong-wonge wis padha katut manut ndika ngrasuk agama saka tlatah manca kuwi Kyai" wangsulanku sakpenakku dhewe "murid-murid ndika arep tak badhog nek ana nesune wong-wong kuwi aku ora arep nglungani arep tak adhepi nganti aku tumeka ing pati".

 

"Aja mbok tutugne sedyamu sing nasar kuwi Ki Sima Abang!" Kyai Bantarjati guneman karo mencolot ngadhang lakuku.

 

"Yen ngono ayo adhepana aku klawan carane wong lanang Kyai, ayo adu atosing balung uleting kulit, aja mung pijer ngendhani pangrangsangku kaya carane wong sing jirih getih wedi weruh pepati" wangsulanku karo tata-tata arep nyerang.

 

"Mengko dhisik Ki Sima Abang" wangsulane Kyai Bantarangin karo babar pisan ora ana tandha-tandha siaga ngadhepi aku "tinimbang akeh sing dadi kurban, yen ndika pancen kepengin mateni aku, mangka aku arep pasrah ora arep bangga lan ora arep endha. Nanging aku meling, sing sepisan ndika aja nganti ngganggu katentremane wong-wong ing padesan, ya sing wis ngrasuk agama Islam ya sing isih durung ngrasuk agama Islam. Kaping pindho, gandheng aku wis kandha nanging ora ndika gugu, yen ana walate aku mung meling ndika aja nyalahne sapa-sapa, klebu marang wong sing ngongkon ndika supaya mateni aku".

 

"Iya Kyai" wangsulanku karo nggereng "kabeh welingmu bakal tak eling-eling lan bakal tak leksanakne jumbuh karo sing ndika karepne. Saiki ndika enggala tata-tata arep tak untapne marang alaming pati".

 

Kyai Bantarangin banjur mapan lungguh sila neng lemah, tangane disedhakepne, mripate diremne kaya wong sing lagi mangsah semedi. Sawise tenagaku tak klumpukne, aku banjur mencolot Kyai Bantarjati tak tubruk kena, sirahe tak bekuk memburi, ora sambat. Gulune banjur tak tamani siungtak kethut nganti tugel, sirah lan gembunge pisah. Getihe mblambang neng lemah, nanging aneh getihe Kyai Bantarjati ora kaya getih-getih liyane sing rupane abang lan gandane arus. Getihe Kyai Bantarangin iki rupane kuning lan gandane arum memper gandane kembang kenthos sing mambune mung ing wayah bengi.

 

"nDika gumun Ki Sima Abang?" dumadakan sirahe Ki Bantarjati sing wis pisah karo gembung kuwi guneman, nakoni aku "rupane getihe manungsa kuwi pancen sok ana sing ora abang, nanging jenar kaya getih sing mili saka ragaku kuwi, samono uga bab gandane. Kuwi kabeh dudu karepku Ki Sima Abang, merga getih lan gandane kuwi ya dudu duwekku nanging kagungaNe. Gandheng getih sing mili kuwi rupane jenar, ya ndika sekseni wae mbok menawa mbesuk ana rejaning jaman, papan kene iki duwea aran Jenar".

 

"Iya Kyai aku nekseni" wangsulanku tak sambung karo pitakonan "nanging ya gene sirah lan gembung ndika wis pisah, parandene ndika isih durung tumeka ing pati?".  

 

"Mesthi wae aku ora bisa aweh wangsulan Ki Sima Abang" wangsulane sirah sing wis pisah karo gembung kuwi karo mesem "jalaran kaya sing wis tak kandhakne ing ngarep, sing kagungan Pati lan Urip kuwi muhung Allah".

 

Aku ora wangsulan maneh, merga aku kelingan yen sing tak butuhne satemene mung limpane Kyai Bantarjati kaya sing dikandhakne Resi Wresaya marang aku. Banjur nganggo kuku-kukuku sing dawa lan landhep, wetenge Kyai Bantarjati banjur tak suwek, tak jupuk limpane. Limpa banjur tak pangan warasan nganti entek. Tak sawang sirahe Kyai bantarjati wis merem lan ora obah maneh, semono uga karo lambunge uga wis meneng ora ana tandha-tandha yen isih urip.

 

Sawise rada sauntara rampung olehku mangan limpane Kyai Bantarjati, atiku krasa lega. Nanging durung ana tandha-tandha yen aku arep bali pulih dadi manungsa maneh. Aku banjur nggagas arep nggoleki Resi Wresaya nagih janjine, ya gene aku panggah durung bisa pulih?. Bareng karo aku nggagas ngono kuwi mau, dumadakan ana angin gedhe, bathange Kyai Bantarjati kuwi kabeh katut kegawa dening angin banter mau, mangidul embuh menyang ngendi parane, aku ora ngerti.  Sasirepe angin aku banjur mlaku mangetan arep nggoleki Resi Wresaya supaya aku enggal bisa bali pulih dadi manungsa.

 

 

ana candhake.
 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...