Total Tayangan Halaman

Kamis, 24 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (090)


90.

Para siswa Paguron Tangen sing krungu wangsulane Puthut Jayantaka kuwi sakala padha tuwuh rasa mongkog ing atine. Mongkog amerga jebul sarat kanggo nggayuh palungguhan lan drajat sing becik kuwi ora kaya sing digambarake sadurunge. Maune akeh sing ngira yen kudu nganggo redana sing akeh kaya lumrahe sing wis kelakon neng ngendi-endi, murih bisa lungguh kudu bisa ngaturake suguh marang para kang lungguhe luwih dhuwur, nanging jebule sarat sing dikandhakne Puthut Jayantaka, wong sing wis dipercaya dening Panembahan Dewa Karkatha kuwi kena diarani mung mayar. Mung wujud kasetyan lan katemenan anggone ngabdi marang Panembahan Dewa Karkatha. Mula jroning atine wong-wong sing lungguh neng klasa kuwi banjur tuwuh tekad, bebasan putung kinarya bebalang, lebur kinarya sawur bakal ditekadi waton kuwi sing dikersakne Panembahan Dewa Karkatha, wewayanganing Jawata kang piniji bakal ngratoni Tanah Jawa.

 

Lagi wae padha meneng ngumbar gagasan dhewe-dhewe, dumadakan wong saomah kuwi dikagetne merga tekane Tambir karo Pahang sing sajak daya-daya kepengin enggal ngadhep Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga. Sanadyan ora padha ngalih sumingkir ngadoh, nanging wong sing padha lungguh kuwi nisih, aweh dalan lan panggonan marang Pahang lan Tambir sing uga banjur lungguh sila neng ngarepe Puthut loro sing nyekel kaparcayane Panembahan Dewa Karkatha kuwi.

 

"Piye asile olehmu wis budhal nindakne prentahku Pahang lan Tambir?" sadurunge wong loro sing lagi teka kuwi omong apa-apa, Puthut Jayantaka ndhisiki takon warta.

 

"Awit pikantuk berkah saha pangestunipun Ki Puthut lampah kula manggih rahayu lan wangsul kula ing mriki mbekta wartos ingkang boten patos ndadosaken kuciwa, Ki Puthut" Tambir guneman karo sikep sing kurmat.

 

"Sokur ta yen mangkono" wangsulane Puthut Jayantaka dibacutne nganggo pitakonan maneh "kowe wis ketemu karo sapa wae? Lan kepriye mungguh asile?".

 

"Inggih Ki Puthut, kula kekalih sampun panggih kalih Ki Lurah Kuwera ing Grumbulan Kilen lan Ki Lurah Widarba ing Grumbulan Wetan" wangsulane Tambir aweh katrangan "Lurah Widarba ngandharaken bilih kekiyataning prajurit ing Dhusunipun wonten watawis pitung dasa gangsal tiyang, dene Ki Lurah Kuwera ngandharaken bilih kekiyataning prajurit ingkang dados andhahanipun wonten antawis sewidak tiyang. Dene kawontenanipun Paguron Alit sacaketipun Grumbulan nika, miturut aturipun Ki Lurah Kuwera mila taksih wonten ingkang mapan ing mriku, namung kemawon suhing Paguron wekdal samangke nembe kesah duka dhateng pundi purugipun. Kula inggih lajeng prentah dhatengt Ki Lurah murih piyambakipun nliti kawontenan ing Paguron menika.Benjing kula kengken murih ngaturaken kanthi jangkep menggah kawontenaning prajuritipun saha kawontenaning paguron alit menika, dhateng Ki Puthut".

 

Puthut Jayantaka nampa lapurane Tambir lan Pahang kanthi senenging ati, mula banjur aweh prentah sesuk-esuk supaya padha melu ndherekne Puthut Jayantaka lan Puthut Kayandaga menyang Padhukuhan Grumbulan kulon apa dene Grumbulan Wetan. Kabeh sing padha lungguh neng klasa kuwi padha nyaguhi kanthi gembiraning ati. Kabeh kepengin nuduhake kasetyan lan katemenane olehe wis masrahake jiwa lan ragane marang Panembahan Dewa Karkatha, wewakile Sang Hyang Kala Mercu ing marcapada.

 

Sauntara kuwi, wektune isih durung pati awan nalika Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma budhal menyang Pendhapa Kalurahan Pelanggolan utawa Grumbulan Kulon. Nanging jebul kahanan ing omahe Lurah Kuwera wis katon rame, ing pawon akeh para wanita sing padha olah-olah lan nyepak-nyepakne panganan sing enak lan mirasa. Ki Lurah Kuwera wis aweh prentah supaya suguhan sing diwetokne kanggo nyugata dhayohe mengko aja nganti gawe kuciwa. Mula wiwit mau bengi para wanita sing omahe ora adoh karo omahe Ki Lurah sarta para sisihan lan anak-anak wedoke para Bebau wis padha teka ing omahe Ki Lurah, nandangi maneka warna gaweyan, olah-olah gawe panganan. Ki Lurah uga wis prentah marang rewange lanang sing jeneng Rebo, ngundhuh degan klapa ijo pirangt-pirang janjang, kabeh wis dipacaki lan dicawisake kanggo ngunjuke para tamu saka Paguron Tangen. Sauntara rewang liyane uga wis nandangi gaweyan liya, ngupakara wedhus loro sing disembeleh, sing arep diolah kanggo lawuh mengjko yen wancine nyuguh mangan.

 

"Mangga, mangga Ki Gedhe bablas pinarak dhateng Pendhapa kemawon" kandhane Ki Lurah nalika weruh yen Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma wis teka, sauntara para Bebau uga wis teka nanging isih padha durung munggah menyang ing Pendhapa.

 

"Sajake olehmu arep nampa dhayoh saka Paguron Tangen tenanan Ki Lurah?" pitakone Ki Gedhe karo mesem.

 

"Inggih Ki Gedhe" wangsulane Lurah Kuwera uga karo nimbangi mesem "murih boten damel kuciwaning Bendara Puthut Jayantaka miwah Bendara Puthut Jayandaga lan pandherekipun".

 

"Bener kuwi Ki Lurah" kandhane Ki Gedhe sabanjure "murih wimbuh ing wibawa lan nuduhake bektimu marang Paguron Tangen, emper ngarep Pendhapa lan Kerun sing ana regol kae, wenehana rerenggan nganggo Nur Kuning Kang sinangga guwa".

 

"Nur Kuning Kang Suinangga Guwa? Menapa niku Ki Gedhe?" Ki Lurah takon karo njengkerutne bathuke mratandhani durung mudheng karo sing didhawuhne Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Kuwi mung tembung cekakan wae Ki Lurah" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan karo ngguyu "tegese Nur Kuning kuwi Janur sing isih kuning, sinangga guwa tegese sing maune disangga glugu sing dawa, karepku rengganana emper karo kerun ndika nganggo januring klapa sing olehe njupuk janur milih janure wit klapa sing wis rada tuwa dudu janure klapa genjah sing cendhek-cendhek kuwi".

 

"Oooo, inggih-inggih Ki Gedhe" Ki Lurah Kuwera mlengeh amba, banjur tangane ngawe sawijining bebau sing ngadeg ora adoh ing papan kono.

 

"Tulung Ki Bau" kandhane Ki Lurah sawise sing diawe mara nyedhaki "ndika prentahne marang sinoman supaya golek janur klapa sing isih kuning, kanggo ngrenggani kerun gapuraning regol ngarep kae karo empering pendhapa iki murih katon luwih endah lan wibawa".

 

"Inggih Ki Lurah, sendika" wangsulane Bebau kuwi sing uga banjur budhal tumandang.

 

"Karo mengko ngene Ki Lurah" kandhane Ki Gedhe Pelanggolan maneh "becike awake dhewe aja ndhisiki lungguh neng pendhapa luwih dhisik sadurunge dhayohe teka".

 

"Lha lajeng kados pundi Ki Gedhe?" Lurah Kuwera takon maneh.

 

"Mengko aku, Paman Lasma, Ki Lurah lan para Bebau nyegat ing Regol ngarep kana" Ki Gedhe aweh pitutur "sawayah-wayah Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga teka, awake dhewe padha mbagekne karo sikep sembah kalbu ngajeni tamu, banjur Puthut Loro wewakile Panembahan Dewa Karkatha kuwi didherekne munggah Pendhapa kaaturan lenggah ing papan sing kulina ndika angge lungguh, lagi awake dhewe ngadhep lan cadhong dhawuh. Kanthi mangkono tak kira Utusane Panembahan Dewa Karkatha kuwi wis ora tidha-tidha maneh marang kasetyan ndika minangka lurah telukan. Wis nyandhak karo sing dadi karepku ta?".

 

"Inggih-inggih Ki Gedhe, kula ngertos" wangsulane Lurah Kuwera karo manthuk-manthuk. Jroning batin Lurah sing rambute durung akeh uwane kuwi ngalembana marang lantiping nalare Ki Gedhe Pelanggolan wong  tuwa sing nate dianggep manungsa setengah Dewa kuwi.

 

Ora ngenteni suwe-suwe, Ki Lurah banjur nyedhaki para bebaune, diwarahi kaya olehe marahi LKi Gedhe Pelanggolan marang dheweke. Para Bebau kabeh padha manthuk-manthuk lan rumangsa yen wis mathuk. Banjur padha mlaku mengarep nusul Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma sing wis ndhisiki mapan lungguh ing lincak cedhak regol ngarep plataran kalurahan sing wis rinengga-rengga nganggo janur kuning, malah uga diwuwuhi karo gegodhongan lan kekembangan neka-neka ing kiwa tengene gapura, dadi nambahi sansaya asrine regol kuwi.

 

Durung wayah tengange Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga sarta para pendhereke  wis padha teka, kabeh padha numpak jarane dhewe-dhewe. Durung nganti wong-wong kuwi padha mudhun saka jarane, merga padha kasengsem nyawang asrining regol sing rinengga-rengga kuwi, para nom-noman Desa Grumbulan wis padha nyedhaki arep nampani talining jaran saperlu dicancang ing panggonan sing wis dicawisake. Kang mangkono kuwi ndadekne Puthut Jayandaga lan Puthut Jayantaka sansaya seneng atine, rumangsa yen tekane diaji-aji dening Lurah Kuwera lan kabeh kawula ing Grumbulan Kulon kuwi.

 

"Ngaturaken kasugengan sarawuhipun ing Grumbulan mriki, Bendara" lagi wae Puthut Jayantaka olehe mlaku tekan ngarep regol wis dipapag karo sembah kalbu dening Ki Gedhe Pelanggolan sing banjur ngaturake pambagya kasugengan "ngaturaken kauningan, kula Jungkung, tiyanmg sepuh ingkang nenggani Paguron alit sakilening padhukuhan mrika nika".

 

"Ooo, iya- iya Ki Jungkung" wangsulane Puthut Jayantaka karo mesem seneng "aku banget nedha nrima marang ndika sing wis mapag tekaku ing Grumbulan kene".

 

"Inggih Bendara" kandhane Ki Gedhe Pelanggolan aweh wangsulan "mangga katuran pinarak minggah ing Pendhapa".

 

Mlaku oleh sajangkah Puthut Jayantaka wis dipapag maneh karo Lurah Kuwera sing uga ngucapne pambagya kaya sing dikandhakne Ki Gedhe Pelanggolan. Sauntara Ki Gedhe Pelanggolan wis genti mbagekne Puthut Jayandaga lan para pandhereke  sing uga banjur mlaku ngetutne  Puthut Jayantaka sing tumuju menyang pendhapa.

 

 

ana candhake.

 

Rabu, 23 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (089)

89.

Olehe tumindak mangkono mau jalaran Ki Lurah kelingan karo sasmita sing ditampa lumantar impen nalika dheweke wis rumangsa kabotan ngrasakne panandhange warga Desa Grumbulan merga diperes dening Paguron Tangen lan Paguron Ngampon sarana kudu aweh pajek sing cacahe ora sethithik. Ora pajek tahunan utawa sasen nanging pajek pasaran malah sok-sok ya pajek dinan barang. Lan sasmita sing ditampa ing impen kuwi ngabarake yen sing bisa ngluwari warga Grumbulan utawa Pelanggolan kuwi ora liya siswane Ki Tanparupa sing lagi nindakne laku pangumbaran. Mula bareng Rangga ngandhakne yen ora arep nyelaki kasaguhane, Ki Lurah Kuwera apa dene Bebau loro sing diajak menyang Jatigrowong kuwi, rumangsa kebombong atine lan banget ing senenge.

 

Rangga tanggap, alon-alonan pundhake Ki Lurah diangkat lungguhe dijejegne, karo dikandhani :

 

"Sampun-sampun Ki Lurah, sampun kesangeten murugaken kirang sae dadose. Kula namung matur bilih kula badhe mbudidaya murih para kulawarga ing Pelanggolan lan Jatigrowong mriki saged rahayu ing payudan sedaya, nanging mugi kaengetana bilih ingkang saged paring karahayon tuwin kaunggulan ing madyaning paparangan menika dede kula lan dede titah, sadya ing astanipun Allah ingkang Maha Agung ingkang ngabulaken panuwunanipun titah saha nyengkuyung pambudidayaning kawulanipun. Menawi namung wewaton gelaring wujud ingkang saged katingalan ing mripat, sok menapa ingkang katingal menika benten kalih ingkang kaleksanan".

 

"Inggih Ngger, kula pitados kalih dhawuh ndika lan saestu kula badhe mbudidaya murih saged nglampahi sadaya eguh pratikel tuwin rerigen saking ndika Angger Rangga miwah Angger Marga" wangsulane Lurah Grumbulan kanthi suwara sing cetha nuduhne yen apa sing diucapake tulus tekan jero atine.

 

"tekad ndika sing mangkono kuwi aran wis bener Ki Lurah" Ki Gedhe Pelanggolan numpangi rembug "gandheng saiki srengenge wis rada adoh anggone ngglewang mangulon, becike ndika enggal bali menyang padhukuhan tata-tata kanggo mapag tekane tamu saka Paguron Tangen. Sesuk sadurunge wektu wisan gawe aku karo Paman Lasma tak budidaya murih wis tekan ing Pendhapa Kalurahan kanggo nindakne rancangan sing wis tumata mau".

 

"Inggih Ki Gedhe, saestu kula namung saged ngaturaken panuwun dhumateng Ki Gedhe saha Ki Lasma ingkang boten nate negakaken Padhukuhan Pelanggolan saha kawulanipun" wangsulane Ki Lurah Kuwera sing banjur pamitan arep bali.

 

Saungkure Lurah Kuwera sarta Bebau Senggot lan Bebau Watutanggul, Rangga lan Marga nutugne olehe rerembugan karo Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma. Ki Gedhe Pelanggolan wis bisa nampa yen sadurunge kedadeyan perang antarane Prajurit Mataram mungsuh Paguron Tangen, Rangga lan Marga ora arep ngatonake wujude ing Pelanggolan utawa ing papan liyane sing bisa diweruhi dening wong Paguron Tangen. Kanag mangkono kuwi merga murih para murid Paguron Tangen ora ngerti yen Rangga lan Marga kuwi mung manungsa lumrah, sauntara sasuwene iki wongt-wong ing Tangen wis kadhung percaya karo tembung ngayawarane Panembahan Dewa Karkatha sing ngabarake manawa nom-noman loro kuwi Dewa utusane Sang Hyang Kala Mercu.

 

"Dados mangke kula kalih Adhi kula Marga inggih namung badhe tetileman ing Jatigrowong mriki Ki Gedhe" kandhane Marga sabanjure "boten langkung kula inggih nyuwun pangapunten menawi sampun nambahi repotipun Ki Gedhe saha Ki Lasma".

 

"Kula ingkang kedah ngaturaken panuwun Angger" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan sareh "saestu nadyan namung ngimpi kula boten badhe wantun ngajeng-ajeng papan ingkang wujud guwa ing ngandhaping wit jati ingkang dados susuh kula menika badhe kapanggenan lerem Putranipun sesembahan kula Gusti Panembahan Senapati ing Mataram sarta siswanipun Ki Tanparupa tutahing Gusti ingkang nggadhuh kanugrahan saged ngambah alam cacah sanga".

 

"Ki Gedhe saha Ki Lasma kedah emut piwucalipun Ki Markidin duk ing uni" Rangga aweh wangsulan karo mesem.

 

"Ing babagan menapa Ngger?" Ki Gedhe Pelanggolan takon.

 

"Ing ngarsaning Allah, drajating titah menika sami, sami-sami kawulanipun Allah" wangsulane Rangga isih karo mesem "namung ageng aliting kasetyan dhateng piwucaling Allah ingkang saged mbenten-bentenaken andhap luhuring drajatipun titah. Lan mugi kaemutana ageng aliting kasetyan menika mapanipun wonten salebeting jaja, boten wonten ingkang saged ngawuningani kajawi namung Allah piyambak".

 

"Inggih Ngger, mila leres dhawuhipun Angger menika, Guru nate paring dhawuh bab menika murih kula sampun remen ngremehaken liyan ingkang tata gelar lan miturut panyawanging mripat namung tiyang ingkang adrajat sudra sempali" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan mbenerake sing dikandhakne Rangga "awit estunipun kathah tiyang adrajat sudra nanging estunipun nggadhuh kamulyan ing ngarsanipun Gusti lan ugi boten sakedhik para bendara ingkang estunipun kagungan drajat ingkang asor miturut pamirasning Gusti".

 

"Leres Ki Gedhe" Rangga nyauti rembug maneh "inggih awit saking menika estu prayogi sanget menawi awakipun piyambak menika boten gampil kepencut temah kablithuk ing tata gelar utawi ingkang kasat mripat, lelampahanipun Ki Gedhe nate kepanggih tiyang ingkang ngaken ngrasuk agami Rasul inggih menika sedherek timuripun Ki Lasma piyambak, Ki Dhadhapsuwaru ingkang pranyata lir tekek tunggal sagowok kalih Resi gadhungan ingkang nami Resi Wresaya. Kekalihipun sami-sami akekudhung lan atopeng agami kangge nindakaken bab-bab ingkang cengkah kalih piwucaling Allah utawi Dzat Kan Tan Kena Kinaya Apa".

 

Sansaya suwe olehe jejagongan wong papat kuwi sansaya gayeng, sing dirembug akeh sing magepokan karo satuhuning urip, kakikating kawula lan Gusti.

 

Sauntara iku, ing omah pondhokan sing dienggo  papan palerenane para Cantrik Paguron Tangen sing kajibah njaluk pajek marang para warga ing Padhukuhan Pelanggolan, sing mapan ing cedhak sawijining Kucur rada adoh ing wetane Kali Sawur, ing kono uga lagi ana wong-wong sing lagi jagongan ngrembug pagaweyan sing arep ditandangi. Ing tengah jogan sing digelari klasa mendhong, karo ngadhep panganan lan omben sing sarwa mirasa, Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga lagi jagongan karo cantrik-cantrik sing tatarane isih durung pati dhuwur ing Paguron Tangen. Mula nalika lungguh awor neng klasa karo Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga, wong-wong kuwi sikepe banget kurmate, kaya sikepe Lurah Prajurit sing lagi jagongan karo nDara Tumenggung.

 

"Sing lungguh neng klasa iki kabeh pranyata klebu siswane Rama Panembahan Dewa Karkatha sing klebu peng-pengan lho" kandhane Puthut Jayantaka marang wong-wong sing padha saklasa olehe lungguh.

 

"Peng-pengan kados pundi Ki Puthut?" Brunjung sing lungguhe cedhak dhewe karo Puthut loro kuwi takon "lha tiyang kanyatanipun inggih nembe saged sakedhik ngecakaken piwucaling Sang Aji Panembahan makaten kok, cetha menawi benten tebih menawi kalih ndika kekalih Ki Puthut Jayantaka lan Ki Puthut Jayandaga ingkang tuhu sampun kenging winastan siswa Paguron Tangen ingkang Anjayeng Bawana".

 

"Nek perkara bab ulah kanuragan mbok menawa sing mbok kandhakne kuwi wis bener Ki Brunjung" wangsulane Puthut Jayantaka karo mesem "nanging nek nitik lelakoning urip sing tau ditemoni, ndika lan wong-wong iki wis klebu wong sing piniji".

 

"Piniji kados pundi Ki Puthut?" Brunjung mbalik takon maneh.

 

"Ngertiya ya?" Puthut Jayantaka wangsulan isih karo esem sing ngrengga lathine "ora angger wong lho bisa ketemu karo Dewa ing alam kang kasat mata ngene iki. Dewa kersa nemoni titah marcapada ing alam padhang ngene iki, mesthi milih titah sing duwe kaluwihan tinimbang titah liyane, mbuh kaluwihan kuwi ing babagan apa. Lha saiki ing antarane siswane Guru Rama Panembahan Dewa Karkatha ing Tangen iki, sapa sing wis tau kepethuk karo Dewa? Kajaba awake dhewe sing lungguh neng klasa iki. Iya apa ora?".

 

"Dados nem-neman kalih sing ngaken nami Rangga kalih Marga, ingkang criyos menawi lare saking Dhusun Jurug caket Pajang, nika estu Dewa makaten ta Ki Puthut?" Puguh wong sing dhisik dhewe karo Panggah kepethuk Rangga lan Marga nalika nom-noman loro kuwi rampung olehe mbakar gembili ing gisiking bengawan, takon.

 

"Iya bener" wangsulane Puthut Jayantaka karo ngguyu "kuwi Rama Panembahan Dewa Karkatha dhewe sing paring dhawuh marang aku. Dadi mokal yen ngayawara, malah Rama Panembahan uga dhawuh sing sapa wonge wis tau kepethuk Dewa loro sing dadi utusane Sang Hyang Kala Mercu kae. mbuh apa sing dadi lantarane sawuse Kraton Mataram bedhah lan Sutawijaya saandhahane kabeh bisa disrnakne, bakal bisa oleh palungguhan sing kinurmat , kinacek tinimbang sapepadhane".

 

"Klebet kula menapa Ki Puthut?" Panggah genti sing takon.

 

"Bener" wangsulane Puthut Jayantaka "nanging mesthi wae ya kudu bisa nggenepi saratmasrute".

 

"Lha menika ingkang radi awrat Ki Puthut" Panggah wangsulan karo nglendhehne suwarane "tiyang alit kados kula utawi Kakang Puguh menika menapa inggih saged nyekapi sarat-masrut ingkang dipun betahaken?".

 

"Bisa wae, lan mesthi bisa" wangsulane Puthut Jayantaka "merga sarat-masrute kuwi ora rupa brana picis, nanging mung wujud kasetyan lan katemenan anggone ngabdi marang Rama Panembahan Dewa Karkatha kang wis kapiji dening Sang Hyang Kala Mercu supaya jumeneng nggenteni palungguhane Sutawijaya sing mung tilas lurah pasar Pajang nanging wis wani madeg dadi Panembahan ing Mataram kae".

 

 

 

ana candhake.

 

Selasa, 22 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (088)

88.

Ki Gedhe Pelanggolan mesem krungu wangsulane Marga sing mangkono kuwi mau. Ki Lasma sing durung nyandhak karo sing dikersakne Ki Gedhe mung meneng karo nyawang Ki Gedhe ngenteni tembung-tembung sabanjure. Sauntara kuwi, Ki Lurah Kuwera sing uga durung nemu tembung sing arep dienggo aweh wangsulan menawa sesuk Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga teka, uga melu ngenteni ngiras nyemak apa sing arep dikandhakne Ki Pelanggolan sing ngandhakne yen ngadhepi wong julig kuwi ora kena bares apa anane, nanging ya kudu nimbangi kajuligane.

 

"Menawi ngantos panyuwunanipun Paguron Tangen menika kula tampik sak niki, ateges badhe tuwuh perang lan menika kathah tunanipun katimbang bathinipun" kandhane Ki Gedhe Pelanggolan sabanjure "nanging menawi kula turuti, ateges kula sampun wani kalih Mataram. Pramila saking menika kula nggadhahi cara, ingkang badhe kula aturaken dhateng Angger Rangga lan Angger Marga, mbok bilih mangke wonten kirangipun kula suwun Angger kekalih keparenga paring rerigen murih saenipun".

 

"Inggih kados pundi Ki Gedhe?" Rangga wangsulan karo takon.

 

"Makaten" Ki Gedhe Pelanggolan ngandhakne cara sing arep ditempuh "panedhine Paguron Tangen benjing menika badhe kula sagahi, nanging mawi sarat inggih menika anggen kula mbidhalaken para siswa saking Paguron Jatigrowong mangke menawi kula sampun ngertos wadya bala saking Mataram sampun meh dumugi ing Tangen saha barisanipun para siswa Jatigrowong kedah mapan ing ngajeng piyambak".

 

"Menika mengku kersa menapa Ki Gedhe?" Rangga bali takon.

 

"Inggih Ngger" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan karo mesem "dumadakan tuwuh raos kepengin ing manah kula, nyobi sepinten kadigdayanipun tiyang ingkang ngaken gadhah nami Panembahan Dewa Karkatha menika. Sanaosa makaten, kula inggih boten badhe negakaken siswa-siswa kula dipun dadosakane pangewan-ewan dening titiyang Paguron Tangen. Kula pitados mangke menawi kula lan para siswa Jatigrowong malik tingal lajeng kapirsanan dening para Senapati Mataram, mesthi para senapati menika boten badhe negakaken siswa-siswa Jatigrowong piyambakan ngadhepi tiyang-tiyang Paguron Tangen".

 

"Kula kinten menika cara ingkang sae Ki Gedhe" Rangga wangsulan karo mesem amba, nom-noman muride Ki Tanparupa kuwi wis nggraita yen Ki Gedhe Pelanggolan katone wis kangen karo gegojegan nggunakne ngelmu kanuragan "nanging murih rancaging sedya, langkung prayogi menawi saderengipun perang kawiwitan, Ki Lasma mawi cara prayangan langkung rumiyin ngabari Senapati Agung Mataram bilih Ki Gedhe Pelanggolan ngecakaken cara menika, dados mangke kajawi boten nuwuhaken salah tampa ugi langkung cepet anggenipun para Senapati Mataram anggenipun nata prajuritipun murih sabiyantu dhateng para siswa Jatigrowong".

 

"Inggih Ngger" sing mangsuli genti Ki Lasma "rerigenipun Angger Rangga ingkang makaten kala wau badhe kula tindakaken kanthi sak sae-saenipun".

"Saiki kepriye mungguh sing arep ndika kandhakne marang Utusan saka Paguron Tangen sesuk kuwi Ki Lurah?" Ki Pelanggolan genti nakoni Lurah Kuwera "sanadyan aku ngerti nek ndika lan prajurit-prajurit ndika ora jirih ing getih wedi ing pati, nanging tak jaluk kudu bisa luwih wicaksana sajrone ngadhepi babagan iki".

 

"Inggih Ki Gedhe" Ki Lurah Grumbulan wangsulan "estunipun kula kalih Ki Bebau Senggot lan Ki Bebau Watutanggul niki wau inggih sampun reraosan nata tembung kangge suka wangsulan dhateng Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga benjing menika. Nanging, ketang saking cupeting pangertosan kula, kula dereng saged manggih cara kangge ngadhepi prakawis ingkang badhe dumugi niki Ki Gedhe. Nembe sareng Ki Gedhe ngendikakaken cara kala wau, kula lajeng manggih pamanggih, nanging kedah kula aturaken Ki Gedhe saha Angger Rangga miwah Angger Marga langkung rumiyin, murih boten tumpang suh".

 

"Sing ndika temokne kuwi panemu sing kepiye Ki Lurah?" Ki Gedhe Pelanggolan takon.

 

"Angkah kula badhe mapanaken prajurit Padhukuhan manunggal kalih barisan siswa Jatigrowong kemawon, kados pundi menawi makaten Ki Gedhe lan Angger Rangga miwah Angger Marga?" Ki Lurah Kuwera nelakake panemune sarta njaluk timbangan marang Ki Gedhe lan Rangga sarta Marga.

 

"Lha nek cara kuwi ndika kandhakne marang Puthut Jayantaka lan Jayandaga, harak padha wae ndika aweh weruh marang wong loro kuwi yen awake dhewe wis ngerteni karepe Puthut Loro kuwi teka papan kene?" Ki Gedhe Pelanggolan olehe wangsulan malah kaya-kaya ngentahi panemune Lurah Kuwera "kanthi mangkono ora mokal yen Puthut loro kuwi banjur tuwuh rasa sujanane marang awake dhewe. Yen wis ngono tan wurunga bakal njugarake tatanan rancangan sing wis tak aturne marang Angger Rangga mau. Piye?".

 

Oleh wangsulan sing mbalik dadi pitakonan ngono kuwi, Ki Lurah Kuwera ora bisa guneman apa-apa, merga jebul panemune kuwi ora bisa ditampa dening Ki Gedhe Pelanggolan malah kepara diluputake. Bebau loro sing mau krungu panemune Ki Lurah Kuwera sing wiwitane wong loro kuwi banget nyarujuki dadi ambyar, pitakone Ki Gedhe Pelanggolan wis klakon ndadekne panemune Lurah Grumbulan kuwi katon yen babar pisan ora bener.

 

"Inggih Ki Gedhe" wekasane Lurah Kuwera banjur guneman "sareng kula gagas,  dhawuhipun Ki Gedhe menika sakalangkung leres. Mila kula lajeng bingung malih, menapa ingkang kedah kula lampahi? kaparenga Ki Gedhe paring pepajar dhateng kula murih lampah kula sakanca mangke boten damel kapitunaning Dhusun Grumbulan miwah Paguron Jatigrowong?".

 

"Ngaten mawon Ki Lurah saha Ki Gedhe" Marga sing thukul rasa welase marang Lurah Grumbulan sing katon yen lagi putek nalare kuwi melu guneman "rancanganipun Ki Lurah menika kala wau prayogi dipun lajengaken kemawon, dene murih tiyang-tiyang Paguron Tangen boten sujana, benjing saderengipun Puthut kekalih utusanipun Panembahan Dewa Karkatha menika dumugi ing Pendhapa Kalurahan, kaparenga Ki Gedhe ngrumiyini rawuh ing mrika. Benjing Ki Lurah criyos kemawon dhateng Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga bilih Ki Lurah sampun ngrawuhaken Ki Gedhe Pelanggolan, jalaran Pendhapa Kalurahan karawuhan Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga. Salajengipun sadayanipun kula pitadosaken dhateng Ki Gedhe kados pundi anggtenipun nata rembag ing prakawis menika. Menawi makaten kados pundi?".

 

"Kula kinten makaten inggih langkung prayogi Ngger" Ki Gedhe pelanggolan nyarujuki apa sing dadi eguh pratikele Marga, banjur tembunge marang Ki Lurah Grumbulan "aku nayogyani banger karo dhawuhe Angger Marga iki mau Ki Lurah, banjur ndika kepriye?".

 

"Inggih Ki Gedhe" wangsulane Lurah Kuwera karo suwara sing cetha, pikiran sing mau puteg wis oleh pepadhang saka tembung sing dikandhakne Marga "kula sakalangkung sarujuk kalih dhawuhipun Angger Marga lan salajengipun kula badhe ndherek menapa dhawuhipun Ki Gedhe, ing pepanggihan benjing kula namung badhe ngegongi menapa ingkang Ki Gedhe dhawuhaken dhateng Puthut Jayantaka saha Puthut Jayandaga".

 

Ki Gedhe Pelanggolan bisa nampa apa sing dadi kandhane Lurah Grumbulan ngono kuwi mau, nanging dumadakan ing angen-angene Ki Gedhe tuwuh pitakonan sing kudu dikandhakne marang Rangga lan Marga.

 

"Nanging nuwun sewu Ngger"  Ki Gedhe Pelanggolan bali nyawang Rangga lan Marga karo guneman.

 

"Nanging kados pundi Ki Gedhe?" gage wae Marga sing takon.

 

"Ing paprangan mangke menapa Angger Rangga tuwin Angger Marga badhe negakaken kula lan Ki Lurah sarta para prajurit Pelanggolan Ngger?" kanthi suwara sing keprungu ngati-ati Ki Gedhe Pelanggolan takon. Lurah Grumbulan sing uga melu krungu lagi kelingan bab kuwi, mula uga banjur melu nyawang Rangga lan Marga kanthi sorot mripat kebak tandha pitakon.

 

"Sampun nguwatosaken bab menika Ki Gedhe" Marga wangsulan karo gumuyu renyah "kula kalih Kadang kula sepuh Kakang Rangga boten badhe nyelaki kasagahan dhateng Ki Lurah lan warga Pelanggolan, inggih menika badhe atur pambiyantu murih Padhukuhan Pelanggolan utawi Dhusun ing Grumbulan Kilen saged lepas saking panyengkeremaning Paguron Tangen menapa dene Paguron Ngampon".

 

"Inggih Ngger, nyuwun pangapunten awit lancanging tembung kula ing ngarsanipun Angger kekalih" Ki Pelanggolan gurawalan olehe asok kaluputan " boten saktrepipun kula kumawantun matur bab kala wau dhateng siswanipun Ki Tanparupa".

 

"Boten dados menapa Ki Gedhe lakar menika kala wau Ki Gedhe pundhutaken pirsa labet saking raos sih tresnanipun Ki Gedhe dhateng Padhukuhan Pelanggolan menika, dados inggih sampun trep" wangsulane Marga karo ngguyu.

 

"Kula wewahi kasagahan kula Ki Gedhe kalih ndika Ki Lurah" genti Rangga sing guneman "menawi paprangan saestu sampun lumampah, kula kalih Adhi kula badhe mlebet ing glangganging payudan, mesthi kemawon ngangge cara kula kekalih, kula badhe mbudidaya murih siswa-siswa Paguron Jatigrowong sarta prajurit padhukuhan Pelanggolan boten wonten ingkang gugur dados kurbaning perang".

Krungu tembunge Rangga sing keri dhewe kuwi, ora sranta Lurah Kuwera karo Bebau ing Senggot lan Bebau Watutanggul padha maju banjur sujud ing ngarepe Rangga lan Marga nelakake rasa panuwune marang nom-noman loro muride Ki Tanparupa kuwi.

 

 

ana candhake.


Senin, 21 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (087)

 

87.

Ki Gedhe Pelanggolan, Ki Lasma, Lurah Grumbulan sarta Bebau Senggot loan Bebau Watutanggul padha ngguyu krungu gunemane Rangga sing keri dhewe iki. Ora ana sing ngira jebul wong sing wis wani madeg Paguron gedhe, kaya Panembahan Dewa Karkatha kuwi isih seneng ngapusi tur maneh olehe ngapusi gampang banget olehe ngonangi. Lha genah nek Rangga karo Marga kuwi menungsa lumrah, lha kok dikandhakne yen nom-noman loro kuwi bangsane Dewa, utusane Sang Hyang Kala Mercu Dewa sing dadi sesembahane. Nanging ya ora kena semono, wong sing diblithuk dening Panembahan Dewa Karkatha kuwi ya mung kanca-kancane dhewe banjur dening murid-muride genti dikabarne marang wong-wong sing dhasare luwih dhisik percaya marang Panembahan Dewa Karkatha, dadi ya ora kena dipaido nek wong-wong kuwi banjur manut karo kabeh sing dadi unine Panembahan sesepuhing Paguron Tangen kuwi. Ki Lurah Grumbulan uga kober kelingan, dheweke dhewe tau duwe panganggep sing jebul kliru, malah tekan saiki panganggep kuwi durung bisa ilang blas tanpa tilas, ya iku anggone duwe panganggep yen Ki Gedhe Pelanggolan kuwi manungsa setengah Dewa lan nalika kabar mau dikandhakne marang warga ing Pelanggolan utawa ing Grumbulan kabeh padha percaya. Karo ndhingkluk, Ki Lurah mesem, ngesemi olehe bodho lan bodhone kuwi wis ditularne marang warga desane sarta para sapukawate.

 

"Salajengipun Ki Gedhe" Rangga nutugne olehe guneman "kasurung anggenipun sampun ngapusi murid-muridipun, temah Panembahan Dewa Karkatha lajeng kaseret ing doranipun piyambak".

 

"Kaseret ing doranipun piyambak kados pundi Ngger?" Ki Gedhe Pelanggolan takon.

 

"Makaten Ki Gedhe" wangsulane Rangga karo mesem "suwaunipun kula kinten Panembahan Dewa Karkatha menika sakalangkung ngertos bilih ingkang nami Sang Hyang Kala Mercu saha ingkang dipun wastani sasmita-samitanipun menika namung mapan ing angen-angenipun Dewa Karkatha piyambak, nanging sareng saben dinten angen-angen kalawau dipun criyosaken dhateng para pandherekipun menawi saestu lan para pendherekipun sami pitados, dangu-dangu Panembahan Dewa Karkatha ugi lajeng kageret tumut pitados menawi Sang Hyang Kala Mercu saha sasmita-sasmitanipun estu-estu wonten".

 

"Aneh nanging nyata menika inggih Ngger?" Ki Pelanggolan takon karo mesem.

 

"Boten aneh Ki Gedhe, tiyang menawi kekathahen anggenipun ngumbar ujar dora, adhakanipun mila dados makaten kala wau" wangsulane Rangga "cobi ndika dangu Ki Lurah Kuwera menika, suwaunipun nalika sepisanan nampi wartos menawi Ki Gedhe Pelanggolan menika titah setengah Dewa, piyambakipun ugi taksih dereng patosa ngandel. Nanging dangu-dangu malah kapitadosanipun Ki Lurah ing babagan Ki Gedhe menika titah setengah Dewa  menika, nglangkungi kapitadosanipun tiyang ingkang nyukani wartos. Kamangka Ki Lurah ugi dereng sukmerep bukti nyatanipun menawi Ki Gedhe menika setengah Dewa, nanging asring nglampahi cepak sajen ing senthong tengah kangge nyawisi menawi alusipun Ki Gedhe tindak dhateng griyanipun, lan enjingipun sajen kasebat ugi lajeng dipun tedha piyambak dening Ki Lurah saha semahipun, malah asring kemawon Ki Lurah utawi Nyi Lurah criyos menawi Jambe miwah sedhah tilas sajen menika raosipun sampun sepa jalaran sari-sarinipun sampun kaisep dening Ki Gedhe Pelanggolan. Inggih menapa boten Ki Lurah?".

 

"Inggih Ngger ingkang ndika dhawuhaken menika saestu boten lepat" wangsulane Ki Lurah karo ndhingkluk, sanadyan karo mesem nanging yektine eseme mung kanggo nutupi rasa wirange. Lurah Grumbulan kuwi sansaya gumun, ya gene Rangga bisa weruh kabeh sing wis ditindakne?. Dhasare Ki Lurah sing isih seneng karo kapitayan-kapitayan sing tanpa dhasar, ing atine malah banjur tuwuh pangira-ira yen temene bener sing dikandhakne Panembahan Dewa Karkatha yen Rangga lan Marga kuwi bangsane para Dewa, mung wae dudu Dewa gaweyane Panembahan Dewa Karkatha sing banjur didadekne sesembahane wong-wong ing Paguron Tangen. Nanging Dewa sing asli Dewa tenanan, muride Dewa sing bebisik Ki Tanparupa sing uga tau nemoni lan aweh pitutur marang dheweke.

 

"Inggih awit saking menika temah Panembahan Dewa Karkatha sakalangkung pitados bilih angen-angenipun ingkang badhe jumeneng nata nggentosi Panembahan Senapati ing Mataram mesthi badhe kelampahan" Rangga nutugne olehe guneman "malah ing pepanggihan kala wau wiwit dipun rembag anggenipun badhe nglurug dhateng Mataram lan sampun ngandel menawi Mataram badhe bedhah. Temah kober meh wonten salah tampi antawisipun Panembahan Dewa Karkatha kalih utusan saking Wana Patalan ingkang nyujanani Panembahan Dewa Karkatha badhe wani kalih Panembahan Nagajiwa sesembahanipun para titiyang ingkang ngaken Trah Majapahit, ingkang ugi badhe mbedhah Mataram sarta adeg Nagari enggal ing Patalan kanthi nami Nagari Majapahit. Nanging inggih awit saking lemesing ilatipun Dewa Karkatha, pasulayan kalih utusan saking Patalan menika saged dipun lerem".

 

"Dados malah Paguron Tangen sampun tata-tata badhe ngrangsang nagari Mataram Ngger?" Ki Gedhe Pelanggolan takon semu gumun "kinten-kinten menawi saestu nglurug dhateng Mataram, harak inggih kados sulung ingkang badhe mlebet dhateng latu ta Ngger?".

 

"Lha menika,    nembe nedheng-nedhengipun ngrembag bab menika dumadakan tiyang ingkang nunggang kapal ingkang meh kemawon nerak Ki Lasma dumugi mriku lan atur palapuran" wangsulane Rangga sabanjure.

 

"Atur palapuran? bab menapa menika Ngger?" Ki Lasma genti sing takon, ing angen-angene Ki Lasma bali katon wewujudane wong sing mbandhangne jaran sing ditumpaki sing meh wae nabrak dheweke wingi.

 

"Tiyang kala wau naminipun Kasirata ingkang padamelanipun nindakaken lampah dagang ing Kutha Gedhe Mataram, nanging menika namung kangge nutupi jejibahanipun ingkang dipun prentahaken dening Panembahan Dewa Karkatha murih damel kisruh ing Mataram sarta minangka telik sandi kangge nyumerepi wewadining Mataram".

 

"Ngantos dumugi samanten nggih Ngger kajuliganipun Dewa Karkatha menika?" Ki Gedhe Pelanggolan takon, suwarane alon kaya mung kanggo awake dhewe wae.

 

"Inggih Ki Gedhe" Rangga nutugne crita "Kasirata ngabaraken dhateng Panembahan Dewa Karkatha bilih Gusti Pangeran Singasari sampun ngerigaken para Tumenggung kanthi mbeta prajurit Mataram kinten-kinten cacah sekawan atus badhe ngrabasa Paguron Tangen".

 

"Menika jumbuh kalih dhawuhipun Gusti Patih Mandaraka nalika kula kalih Paman Lasma sowan ngaturaken nawala saking Angger Rangga nalika samanten?" Ki Gedhe Pelanggolan manthuk-manthuk kelingan karo dhawuhe Patih Mandaraka nalika dheweke arep pamitan.

 

"Salajengipun Panembahan Dewa Karkatha inggih lajeng ngengken para gegedhug saha agul-aguling Paguron Tangen murih tata-tata kangge nempuh dugining mengsah saking Mataram menika" kandhane Rangga nutugne nggone aweh kabar "kajawi prentah supados ngempalaken para siswanipun ingkang sampun sumebar ing pundi-pundi ingkang cacahipun saged dumugi ewon, Panembahan Dewa Karkatha ugi ngersakaken migunakaken kekiyataning Dhusun ingkang sampun dipun anggep dados dhusun jajahanipun, kalebet Grumbulan Kilen lan Grumbulan Wetan. Kangge nambahi kekiyatanipun malih, Panembahan Dewa Karkatha ugi kengkenan supados kulawarga Paguron ing Pelanggolan utawi Paguron Jatigrowong ugi dipun prentah majeng ing palagan ngadhepi Wadyabala saking Mataram. Menika kabar ingkang saged kula aturaken dhateng Ki Gedhe, Ki Lasma lan Ki Lurah, mbok menawi kanthi kabar menika ndika sadaya sampun pirsa menggah tujuwanipun Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga ingkang benjing siang badhe manggihi Ki Lurah Kuwera".

 

Rangga meneng kabar sing dikandhakne wis dipungkasi. Kahanan dadi sepi nyenyet, Ki Gedhe Pelanggolan, Ki Lasma lan Ki Lurah Grumbulan durung ana sing miwiti guneman. Kabeh isih ngumbar gagasane dhewe-dhewe. Ki Lurah Grumbulan malah banjur bisik-bisik marang Bebau Senggot lan Bebau Watutanggul, njaluk panemu ukara apa sing arep digunakne kanggo mangsuli Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga sesuk awan.

 

"Nuwun sewu Ngger" dumadakan Ki Lasma wiwit guneman "dados Paguron Jatigrowong ingkang ugi dados tanggelan kula menika dipun anggep bawahanipun Dewa Karkatha makaten?".

 

"Niku panganggepipun titiyang Paguron Tangen Ki Lasma" sing aweh wangsulan genti Marga sawuse Rangga rada suwe ora enggal-enggal semaur "kantun Ki Gedhe lan Ki Lasma, kersa menapa boten dipun dadosaken bawahanipun Paguron Tangen?".

 

"Menawi kula boten purun tartamtu dados perang antawisipun Paguron Tangen ingkang gadhah kekiyatan ewon kalih Paguron Jatigrowong ingkang namung gadhah murid kirang saking kalih atus lare nem" wangsulane Ki Lasma.

 

"Sanaosa makaten kula pitados bilih Paguron Tangen boten gampil anggenipun saged mimpang mengsah lare-lare Jatigrowong, Ki Lasma" wangsulane Marga karo ngguyu "langkung-langkung menawi ingkang majeng siswa-siswa ingkang asalipun dede saking padhukuhan Grumbulan utawi Pelanggolan".

 

Ki Lasma manthuk-manthuk awit ngerti sing dikarepaken Marga, ya kuwi Marga ngelingake yen sing ngangsu kawruh kanuragan ing Jatigrowong kuwi dudu mung bangsane manungsa wae, nanging uga ora sethithik bangsa Jim sing uga maguru mrono.

"Nanging harak inggih langkung sae menawi migunakaken cara kados ingkang asring dipun cakaken Dewa Karkatha ta Ngger?" Ki Gedhe Pelanggolan genti sing takon, arep udhu panemu.

 

"Inggih Ki Gedhe, mila leres ingkang ndika dhawuhaken menika" wangsulane Marga karo ngguyu renyah "ngadhepi tiyang julig menika inggih kedah mawi cara ingkang julig, sanaosa upami tangkep jaja kantaran bau ugi dereng kantenan menawi boten badhe mimpang".

 

 

ana candhake.


Minggu, 20 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (086)

 

86.

Rangga banjur nata lungguhe, rada inger dadi bisa madhep marang Ki Gedhe Pelanggolan, Ki Lasma, Ki Lurah Grumbulan, Bebau Senggot lan Bebau Watutanggul. Wong-wong kuwi kabeh uga banjur ngalihne panyawang genti marang Rangga. Samono uga Rangga, sawuse nyawang sedhela marang sing arep diajak rembugan kuwi, Rangga tumuli miwiti guneman :

 

"Estunipun rak makaten ta Ki Lasma, upami kala wingi niku ndika boten mandheg anggtenipun ngengon tiyang numpak jaran ingkang meh kemawon nabrak ndika niku, nDika sampun sumerep wangsulan kangge Ki Lurah. Jalaran estunipun, nalika Ki Lasma wiwit mbujung Peksi Jalak kala wingi kula kalih adhi kula tansah ngulati saking katebihan, inggih mawi cara kula".

 

"Ooo makaten nggih Ngger?" Ki Lasma sumela rembug "kados makaten kok kula babar pisan boten sumerep Angger kekalih?".

 

"Lha awit kala wingi niku, Ki Lasma sanget kasengsem lan kapencut dhateng kaendahaning peksi jalak pethak, inggih dayanipun tiyang ingkang nembe kayungyun menika ingkang murugaken lenaning kaprayitnan sudaning panggraita, temah boten ngreken ingkang wonten ingkang wonten ing sakanan keringipun. Sepisan malih menika nama limrah, Ki Lasma" wangsulane Rangga karo mesem "mila saestu, tiyang ingkang nembe kasengsem dening karep menika adhakanipun nunten supe dhateng sadaya prakawis".

 

"Inggih Ngger" kandhane Ki Lasma nanggapi wangsulane Rangga "sanaosa makaten, kula mila kenging winastan iwak urang ora duwe buntut, nadyan wis gerang nanging taksih kirang sebut. Inggih awit saking menika Ngger, saestu kula rumaos pikantuk ngelmi saking angger Rangga miwah Angger Marga, sanaosa taksih timur suprandene sampun saged amirsani jembar saha lebeting samodra temah bebasan bawana sampun den ideri, saestu utang kula dhateng Angger kekalih sayegti boten kenging dipun wilang menggah kathahipun, kajawi sampun kepareng angruwat kula saking bebenduning jagad temah wangsul dhateng manungsa malih, angger kekalih tansah kepareng paring obor cecolok kangge majari lampah kula ing jagad menika ingkang sampun meh dumugining watesing gesang".

 

"Sampun, sampun Ki Lasma" kandhane Rangga sabanjure "prakawis menika kirang prayogi karenbag ing mriki, malah ingkang baken sinten tiyang nunggang jaran ingkang tumuju dhateng Paguron Tangen kala wingi lan menapa ingkang sampun dipun lampahi".

 

"Inggih Ngger, mangga kula aturi mbabaraken prakawis menika" genti Ki Gedhe Pelanggolan sing nugel rembug.

 

"Inggih Ki Gedhe" wangsulane Rangga nutugne kandha "benten kalih Ki Lasma, nalika sumerep wonten tiyang ingkang nunggang kapal ingkang rikatipun kados tiyang mbujung dhemit, kula kalih Adhi Marga malah ngrumiyini lampahipun tiyang menika, awit panggraitaning manah kula kekalih, tiyang menika badhe dhateng Paguron Tangen. Pramila anggenipun dumugi ing Paguron Tangen peneripun ing Pendhapaning Padhepokan Tangen, langkung rumiyin kula tinimbang tiyang menika".

 

"Dados Angger Rangga lan Angger Marga sampun dumugi ing Tangen?" Ki Lurah Grumbulan takon, katon yen bnget erame marang kasekten sing didarbeni nom-noman loro kuwi.

 

"Leres Ki Lurah" wangsulane Rangga karo mesem sing banjur nutugne olehe guneman "pranyata nalika samanten ing Pandhapa Padhepokan Tangen nembe kawontenaken rerembagan antawisipun Panembahan Dewa Karkatha kalih para sapukawating Paguron katambahan tamu sekawan saking Wana Patalan. Lha inggih kanthi mirengaken rerembaganipun tiyang-tiyang kasebat, kula kalih Adhi kula saged mangertosi yegtosipun ingkang nami Panembahan Dewa Karkatha menika meh sami kalih Resi Wresaya ingkang nate dipun cariyosaken dening Ki Gedhe Pelanggolan miwah Ki Lasma nalika samanten".

 

"Meh sami kados pundi Ngger?" Ki Gedhe Pelanggolan sumela takon.

 

"Panembahan Dewa Karkatha menika pranyata ugi remen damel crita ingkang dipun sambetaken kalih kawruh agami" wangsulane Rangga sabanjure "dene leregipun inggih kangge ngapusi titiyang murih pitados lan purun nyengkuyung pikajengipun, inggih menika melik selak kepengin muluk barang kang melok ingkang tundhonipun badhe kaselak-selak lan kirang-kirang bejanipun saged kleleken gurungipun".

 

"Lha ingkang dipun puluk dening Panembahan Dewa Karkatha menika menapa Ngger?" Ki Gedhe Pelanggolan takon maneh.

 

"Kados ingkang sampun kadhawuhaken dening Ki Lurah dhateng kula nalika sepisanan kepanggih rumiyin" wangsulane Rangga "inggih menika kepengin ucul saking iketaning Nagari Mataram, malah mbaka sekedhik badhe miwiti ngelar jajahan ngrebat laladan-laladan nagari Mataram murih manunggal kalih Paguron Tangen, menawi sampun inggih badhe ngrangsang kawibawan Nagari Mataram sarta ngendhih panguwaosing Panembahan Senapati. Dene ingkang kangge sarana ngrimuk titiyang murih purun manunggal kalih piyambakipun, ingkang dipun damel landhesan inggih menika dhawuhing Dewa ingkang bebisik Sang Hyang Kala Mercu ingkang dados sesembahanipun Dewa Karkatha miwah kula wangsa Paguron Tangen".

 

"Lha menawi cetha ingkang paring dhawuh menika Dewa, kok Angger Rangga mastani menawi Panembahan Dewa Karkatha menika namung apus-apus Ngger? Menapa wonten cariyosipun Dewa kok mulang apus-apus menika?" Ki Lurah Grumbulan genti takon.

 

"Ngene ya Ki Lurah" durung nganti Rangga aweh wangsulan, Ki Gedhe Pelanggolan numpangi rembuge Lurah Kuwera "sing diarani Dewa dening Dewa Karkatha kuwi Dewa tenan apa Dewa Dewan? Merga akeh wong sing ora ngerti banjur ngarani sing satemene dudu apa-apa banjur diarani Dewa. nDika dhewe contone, ndika tau ngabarake marang para warga ing Pelanggolan sing saiki manut Wong Tangen jenenge ndika ganti dadi Grumbulan kuwi, yen aku iki dudu titah lumrah, nanging titah setengah dewa, iya apa ora?. Kamangka satemene aku iki ya mung titah lumrah malah titah sing lagi kena siku sing wekasane ditulungi dening Angger Rangga lan Angger Marga, diruwat temah pulih wujud manungsa lumrah maneh".

 

"Inggih Ki Gedhe, nyuwun pangapunten" wangsulane Ki Lurah Kuwera karo ndhingkluk .

 

"Leres Ki Lurah" Rangga genti sing aweh wangsulan marang Lurah Grumbulan "mila leres duk rumiyin ing Tanah Jawa mriki menika mila wonten titahing Gusti ingkang kaprah sinebu Dewa, kados upaminipun Sang Hyang Taya ingkang nenuntun para titah ing tanah jawi murih manembah dhateng Gusti Ingkang tan Kena Kinaya Apa, lajeng sareng wonten titiyang saking tanah Indu neneka ing Tanah Jawi ugi kalih mbekta kapitayanipun bilih wonten Dewa-dewa ingkang kajibah dening Sang Hyang Widhi murih ngratoni lan andum kabetahaning titah kados dene Sang Hyang Brama ingkang mangwasani lan andum kabetahaning titah ing babagan latu, Sang Hyang Bayu ingkang nguwaosi lan andum kabetahaning titah ingkang wujud angin lan sapiturutipun. Lha Dewa ingkang sinebut dening Panembahan Dewa Karkatha kanthi bisik Sang Hyang Kala Mercu, menika kajawi kula piyambak dereng nate mangertos ugi ketingal menawi sampun dipun  bumboni crita ngayawara ingkang dipun damel dening Panembahan Dewa Karkatha piyambak".

 

Lurah Grumbulan wis ora wani semaur maneh, nanging malah Ki Lasma sing banjur takon marang Rangga :

 

"Dipun bumboni mawi cariyos kados pundi Ngger? Kok kepireng radi aneh makaten?" .

 

"Ki Lasma kemutan nalika sepisanan kula kepanggih kalian ndika?" Rangga genti takon.

 

"Inggih, ing gisik benawi nalika Angger kekalih nembe perang tandhing kalih Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga, lajeng dening Ki Tanparupa katimbalan murih nututi tindakipun, lajeng Angger kekalih nilaraken Puthut Jayandaga lan Jayantaka ingkang nembe ngedalaken pangabaran mawi Aji Lahar Bening" wangsulane Ki Lasma teteh.

 

"Lha menika" wangsulane Rangga karo ngguyu "gandheng miturut pandulunipun Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga nalika samanten kula kalih Adhi Marga sampun ical tanpa tilas, Puthut kekalih kala wau lajeng matur dhateng Gurunipun, inggih Panembahan Dewa Karkatha, kekalihipun ugi nyuwun pirsa kula kekalih menika kalebet bangsanipun menapa dene saged musna tanpa tilas babar pisan".

 

"Leres Ngger, kula ugi mireng piyambak pangudaraosipun Puthut kekalih menika" Ki Lurah Grumbulan nyauti critane Rangga "kekalihipun sami eram lan nginten menawi Angger kekalih menika menawi boten saking Alam Kadewatan ugi saking Alaming Sonya Luri. Kula saged mireng kalaten menika jalaran nalika nsamanten kula ndhedhepi ing waliking grumbul ningali anggen ndika kekalih perang tandhing kalih Puthut Paguron Tangen menika".

 

"Lha sambetipun kalih pangudaraos ingkang ndika pireng kala wau" Rangga numpangi rembuge Ki Lurah Kuwera "Puthut kekalih nunten taken dhateng Panembahan Dewa Karkatha. Panembahan Dewa Karkatha lajeng pamit badhe mahas ing samun, nyenyuwun pitedah dhateng Dewanipun ingkang bebisik Sang Hyang Kala Mercu niku wau. Ing pepanggihan ingkang kala wingi kula mirengaken menika, Panembahan Dewa Karkatha paring wangsulan dhateng siswanipun, menawi Sang Hyang Kala Mercu paring sasmita bilih kula kalih Adhi kula menika Dewa ingkang kautus dening Sang Hyang Kala Mercu murih asung dhawuh dhateng Panembahan Dewa Karkatha, nanging gandheng wiwit Ki Panggah lan Ki Puguh, Ki Bronjang lan Ki Brunjung, ngantos Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga boten pana basaning para Dewa temah malah lajeng ngajak kerengan Dewa kalih ingkang dados utusanipun Sang Hyang Kala Mercu menika. Dumugi mriki, tumrap tiyang ingkang dereng wanuh kalih kula lan adhi kula saged kemawon pitados dhateng criyosipun Panembahan Dewa Karkatha magepokan kalih dhawuh-dhawuh saking Sang Hyang Kala Mercu nkala wau. Nanging tumrap Ki Lurah lan Ki Bebau tuwin Ki Gedhe saha Ki Lasma, kula kinten badhe gumujeng mireng cariyos damelanipun Panembahan Dewa Karkatha kala wau. Inggih menapa boten ?".

 

 

ana candhake


Sabtu, 19 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (085)


 85.

Marga mesem krugu pitakone Ki Lasma sing nuduhne rasa gumun lan ora mudhenge kuwi. Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lurah sarta Bebau Senggot lan Watutanggul padha nyawang marang Marga kanthi panyawang kang kebal tandha pitakon, wong-wong kuwi uga padha kepengin enggal ngerti katrangane Marga, dhek wingi kuwi satemene Ki Lasma wis oleh apa saka anggone lunga.

 

"Inggih, inggih Ki Lasma" Marga banjur nguneman karo ulat padhang sing sumeh, nuduhne nek dheweke ora ngluputne Ki Lasma sing durung weruh oleh-oleh apa sing digawa sawuse lunga meh sedina mung sabab mburu Manuk Jalak Putih sing nyalawadi  "ndika boten rumaos menawi boten pikantuk menapa-menapa sasampunipun ndika kesah sedinten kala wingi menika pancen limrah, jalaran penggalih ndika taksih kagubel raos dhateng pundi purugipun Peksi Jalak Seta ingkang musna tanpa tilas, kamangka Peksi Jalak menika kajawi dede kagunganipun Ki Lasma ugi boten wonten sambetipun kalih bab-bab ingkang dados jejibahanipun Ki Lasma sarta malih ndika sampun nuruti pikajengipun pepenginan ingkang boten cetha menapa tujuwanipun, inggih menika kepengin ngingah sami-sami titahing Allah, ingkang ateges kepengin nguwaosi sesamining titah tanpa pawadan ingkang cetha, kamangka titah menika nadyan namung wujuding peksi nanging estunipun dening Allah ugi kamardikan saha jejibahan piyambak. Inggih awit saking menika ingkang ndadosaken netra batin ndika boten ndika ginakaken kanthi leres, mila inggih limrah menawi ndika boten sumerep sasmitaning Gusti ingkang sampun wonten ing ngarsa ndika".

 

Ki Lasma rumangsa yen wingi kuwi jebul wis tumindak luput, lire merga nuruti karep kepengin nyekel kanggo diingu Manuk Jalak Putih sing diweruhi nalika dheweke arep budhak ngayahi kuwajibane, ya iku aweh gladhen marang murid-muride. Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lurah Grumbulan sarta Bebau ing Senggot lan ing Watutanggul padha manthuk-manthuk, tembung-tembung sing dikandhakne Marga kuwi jebul aweh pitutur sing luhur, akeh menungsa pinter sing kagadhuhan kawruh pirang-pirang, nanging jebul kala mangsane bisa dadi wong bodho, mung jalaran nindakne kaluputan sing miturut petungan nalare kaluputan sing mung sepele. Lan kang mangkono mau meh kabeh manungsa padha ngalami lan tau nglakoni, ya iku duwe panganggep lumrah nalika nglakoni tumindak sing temene tumindak kuwi ora bener. Nuruti karep sing satemene karep kuwi durung cetha  apa tujuwane lan saka ngendi asal-usule, merga jenenge karep kuwi pindhane sasmita sing bisa tekane saka ati kang suci nanging uga bisa tekane saka pangaribawane Iblis lan kanca rowange.

 

"Inggih Ngger, mila samendhang boten wonten ingkang karempit, sadaya dhawuhipun Angger Marga menika boten wonten ingkang lepat" kandhane Ki Lasma sabanjure "mila kula ngrumaosi sampun mangeranaken dhateng karep lan nyingkur dhateng sejatosing Pangeran nenggih Allah Subhanahu Wa Tangala, temah kula sampun dados tiyang ingkang boten saged nampi sasmitaning Gusti. Awit saking menika kula nyuwun pangapunten Ngger, inggih mugi Angger Marga kepareng amewahi raos sabaripun ngadhepi tiyang sepuh ingkang namung pindha sepahan menika, wong tuwa ingkang tuwas kakehan umur nanging kerep ora bisa nggagas".

 

"Sampun Ki Lasma" wangsulane Marga karo suwara sing sareh "kedadosan ingkang tumanduk ing salira ndika menika mila limrah lan kaprah dipun alami sadhengah titah, kalebet kula piyambak. Kula saged sumerep menawi ndika boten saged maos sasmitaning Gusti kala wau, jalaran kula namung jejer tiyang ingkang ningali dede tiyang ingkang nglampahi. Kamangka tiyang nyawang menika namung bandha mripat saged sumerep amargi boten nglampahi, wasis maiben nanging menawi dipun kengken nandangi sagede inggih dereng kantenan. Samangke ndika lan Ki Gedhe sarta Ki Lurah tuwin Ki Bebau kula aturi midhangetaken wewadi menapa ingkang gandheng kaliyan lelampahanipun Ki Lasma kala wingi, awit menika estu wonten sambung rapetipun kalih ingkang dipun criyosaken Ki Lurah bilih nembe kemawon nampi tamu saking Paguron Tangen ka wau".

 

"Inggih Ngger, kaparenga Angger Marga tumuli paring dhawuh bab menika" wangsulane Ki Lasma.

 

"Makaten ugi kula Ngger" Ki Gedhe Pelanggolan numpangi rembug "sanadyan sampun sepuh jebul ugi taksih remen tumindak bodho, mangga Angger Marga enggal paring dhawuh kemawon murih saged ndadosaken pajaring swasana".

 

"Sanaosa bodhoning manah kula boten kantenan kathahipun Ngger, nanging saestu kula kepengin sanget mangertosi menapa ingkang badhe kadhawuhaken dening Angger Marga, mugi-mugi kemawon kula saged mangertosi menapa ingkang dados wosing pangandika nDika Angger Marga" Ki Lurah uga nututi aweh wangsulan marang Marga.

 

"Inggih, inggih" Marga guneman karo ulat sing padhang, suwarane keprungu renyah "kados ingkang swampun kula aturaken ing ngajeng, sadaaya titah wujud menapa kemawon estunipun kagadhuhan kamardikan lan jejibahan piyambak-piyambak, kalebet Peksi Jalak Pethak ingkang ndika pirsani menika".

 

"Inggih Ngger" Ki Gedhe Pelanggolan sing nyela rembug karo takon "menawi bab kamardikanipun Peksi Jalak Pethak ingkang kepanggih kaliyan Paman Lasma menika kula sampun mangertos, lajeng jejibahanipun Jalak Pethak menika menapa Ngger?".

 

"Inggih Ki Gedhe" wangsulane Marga nutugne kandhane "nalika samanten Peksi Jalak Pethak menika kajibah asung panuntun dhumateng Ki Lasma murih Ki Lasma tindak dhateng papan icalipun Jalak Pethak menika. Awit saking menika dupi jejibahanipun sampun rampung Peksi Jalak inggih lajeng kesah saremenipun piyambak, mila boten aneh menawi Ki Lasma madosi ngantos ngambah alam palemunan ugi boten kepanggih".

 

"Nyuwun pangapunten Ngger" dumadakan Ki Lurah melu nyela rembug "menawi makaten Peksi Jalak ingkang kepanggih kalih Ki Lasma menika menapa dede Peksi sabaenipun peksi?".

 

"Pitaken ingkang makaten menika dede pitaken baken Ki Lurah" wangsulane Marga karo mesem "awit menika peksi limrah utawi boten, menika boten wonten gandheng rapetipun kalih lelampahan ingkang kedah katindakaken dening Ki Lasma".

 

"Inggih Ngger" sing mangsuli malah Ki Lasma, jalaran Ki Lurah ora semaur, ngrumangsani nek olehe takon jebul ora pas "lajeng perlunipun menapa dene kula kedah katuntun dhateng papan ingkang Angger sebataken menika kala wau?".

 

"Menika makaten Ki Lasma" Marga mangsuli pitakone Ki Lasma "sareng ndika dumugi papan mriku niku kala wingi nika, ndika rak lajeng meh kemawon dipun terak dening tiyang ingkang nunggang kapal ? Temah ndika lajeng muring nututi tiyang wau?".

 

"Inggih Ngger, leres makaten lelampahan ingkang kula panggihi" Ki Lasma durung mudheng karo katrangane Marga, karo wangsulan mripate manther nyawang praupane Marga ngemu tandha pitakon.

 

"Sareng ndika tutaken tiyang nunggang kapal kala wau dhateng pundi purugipun?" Marga malah takon.

 

"Dhateng Paguron Tangen Ngger" wangsulane Ki Lasma "wau sampun kula aturaken".

 

"Inggih  Ki Lasma" Marga mesem amba "ndika mesthinipun sampun pirsa antawisipun Paguron Tangen kalih Padhukuhan Pelanggolan utawi Desa Grumbulan menika wonten sambung rapetipun ta? Malah mesthinipun ndika ugi sampun saged nginten-nginten menapa ingkang badhe kedadosan ing Paguron Tangen sasampunipun ndika ndherekaken Ki Gedhe sowan dhateng Kepatihan Mataram, marak Gusti Patih Mandaraka?".

 

"Makaten nggih Ngger?" Ki Lasma ndomblong, nadyan ta mangkono panggah wong tuwa kuwi durung weruh menyang ngendi arah tembunge Marga. Satemene ora mung Ki Lasma dhewe sing durung bisa njajagi rembuge Marga, sanadyan Ki Gedhe Pelanggolan apa dene Ki Lurah Kuwera lan Bebau Senggot sarta Bebau Watutanggul, uga padha durung bisa ngaweruhi menyang ngendi lumintiring tembung sing diucapake dening Marga kuwi.

 

"Eman sanget kala wingi menika Ki Lasma" Marga nutugne olehe guneman "kedahipun menawi nDika emut bilih antawisipun Paguron Tangen kaliyan jejibahan ndika menika wonten sambung rapetipun, ndika lajeng manjing alaming lelemunan ngengon dhateng pundi purugipun tiyang nunggang kapal kala wau lan mirsani saha midhangetaken menapa ingkang dipun tindakaken salajengipun. Nanging ndika malah netagagaken anggen ndika gela, lajeng wangsul dhateng Jatigrowong kanthi manah ingkang cuwa, salajengipun ndika api-api tilem murih boten dipun tangkleti kathah-kathah dening Ki Gedhe. Sedaya lelampahanipun Ki Lasma ingkang makaten kala wau estunipun ngemu piwucal ingkang saged nuwuhaken nugrahaning Allah dhumateng sok sintena ingkang kasdu anggagas sinartan angemut-emut Maha Agunging Allah".

 

"Inggih Ngger" Ki Lasma guneman lan sansaya rumangsa yen wis nindakne kaluputan "sarehne sampun kelajeng kula boten ngengon lampahipun tiyang nunggang jaran kasebat, lajeng kados pundi salajengipun ? lampah menapa ingkang kedah kula tindakaken muroih saged nyuda kalepatan-kalepatan kula?".

 

"Inggih Ki Lasma" wangsulane Marga sabanjure "salajengipun, murih sansaya cetha kados pundi prayogining lampah tumrap awakipun piyambak, inggih kula, inggih Ki Gedhe saha Ki Lurah lan sedaya warga ing Padhukuhan Pelanggolan, mangke supados dipun cethakaken dening Kakang Rangga, ndika sami kula suwun kersaa sami midhangetaken".

 

"Karepmu kuwi piye ta Dhi?" Rangga sing wiwit mau mung meneng banjur saulu nyawang praupane Marga.

 

"Ya Kakang rak ya wis ngerti ta? wis akeh olehku guneman nganti meniren rasane lambeku, mula murih Kakang ora kebacut keturon, saiki genti Kakang sing nutugne guneman" wangsulane Marga karo mesem amba. Rangga cengar-cengir, rumangsa yen wis digawek-gawekne dening adhi angkate.

 

 

ana candhake.

Jumat, 18 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (084)

 

84.

Tekane Ki Lurah Grumbulan ing Jatigrowong mbeneri karo Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma lagi jejagongan karo Rangga lan Marga, dadi ya tiba kabeneran banget. Sawise padha bage binage ngabarake keslametan kaya lumrahe wong sing lagi padha kepethuk, Ki Lurah banjur nyritakne olehe lagi bubar ketekan Pahang karo Tambir, murid Paguron Tangen. Kabeh pitakon saka Pahang lan Tambir lan wangsulan sing diwenehne Ki Lurah, dicritakne kabeh, marang Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma sing uga dirungokne dening Rangga lan Marga. Ora ana sing kecicir babar pisan.

 

Ki Gedhe Pelanggolan rada suwe olehe aweh wangsulan marang critane Ki Lurah kuwi, sajake Wong tuwa kuwi uga lagi mikir utawa nata rembug sing becik kanggo mangsuli Ki Lurah sing uga nyuwun rerigen kepriye murih becike.

 

"Dadi bareng karo Murid Paguron Tangen kuwi pamitan bali, ndika banjur mrene iki Ki Lurah?" sarehne Ki Gedhe ora enggal aweh wangsulan, Ki Lasma malah sing banjur genti nakoni Ki Lurah.

 

"Leres Kyai" wangsulane Ki Lurah "inggih awit mbujung wekdal, saha kula ajrih menawi ngantos Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga dugi panggenan kula, kula dereng saged nyukani wangsulan".

 

"Iya bener kuwi Ki Lurah" Ki Lasma genti wangsulan "nanging tak kira Puthut loro muride Dewa Karkatha kuwi ora arep takon kaya si Pahang lan Tambir mau, nanging malah arep aweh prentah marang ndika lan para Bebau ing Padhukuhan Pelanggolan utawa Grumbulan".

 

"Lha menika kula ingkang boten mudheng Kyai" Ki Lurah nyauti rembuge Ki Lasma, nelakne rasa ora ngertine.

 

"Iki ngene ya Ki Lurah" wekasane Ki Gedhe Pelanggolan banjur guneman "kena diumpamakne ndika karo aku apa dene Paman Lasma kuwi kaweruhe isih jero tapake meri, gandheng neng kene sing miturut pamawasku ana sing luwih pana ing babagan iki, luwih becik menawa aku, Paman Lasma lan ndika kabeh ngrungokne apa sing arep didhawuhne dening Angger Rangga lan Angger Marga ing babagan iki".

 

Ki Gedhe pelanggolan banjur genti nyawang marang nom-noman loro sing wis kasil ngruwat dheweke apa dene Ki Lasma saka wewalat sing disandhang kuwi karo nembung alus :

 

"Mangga Angger, kula suwun ndika keparenga paring dhawuh menapa ingkang kedah kula lan Ki Lurah lampahi murih prayogining lampah?".

 

"Nuwun sewu Ki Gedhe" Rangga sing mangsuli luwih dhisik marang panjaluke Ki Gedhe Pelanggolan kuwi "kula menapa dene adhi kula Marga badhe ngaturaken rerigen ingkang awewaton nalar kula kekalih, nanging saderengipun kula menapa dene adhi kula matur, langkung rumiyin kula badhe nyuwun pirsa dhateng Ki Lasma".

 

"Angger Rangga badhe mundhut pirsa dhateng kula?" Ki Lasma sing didumuk jenenge dening Rangga kuwi takon karo mlengak "lajeng Angger Rangga lan Anger Marga badhe mundhut pirsa bab menapa?".

 

"Makaten nggih Ki Lasma" wangsulane Rangga karo mesem "kula ngertos kala wingi nalika wancinipun gladhen para siswa Paguron Jatigrowong, ingkang paring gladhen namung Ki Gedhe piyambak. Kala wingi ndika tindak pundi Ki Lasma? Lan menapa ingkang ndika panggihi salebting ndika kesah nilar kuwajiban paring gladhen dhateng para siswa menika?".

 

Ki Lasma sajak kaget didumuk nganggo pitakonan sing mangkono iku dening Rangga. Kamangka Ki Pelanggolan wae ora migatekne olehe lunga dina wingi kuwi. Nanging malah Rangga karo Marga wis luwih dhisik ngerti. Ki Lasma banjur mesem, ing jero batine nggagas nelakne rasa erame marang kasekten sing diduweni nom-noman loro siswane Ki Tanparupa kuwi. Wekasane Ki Lasma uga banjur milih kandha prasaja apa anane, ora ana sing ditutup-tutupi karo olehe lunga dina wingi kuwi.

 

"Nyuwun pangapunten Ngger" kandhane Ki Lasma karo nata olehe lungguh "kula estunipun sampun ngertos bilih Angger Rangga lan Angger Marga sampun pirsa kedadosan ingkang kula lampahi kala wingi menika, nanging tinimbang boten kados cangkriman kaprenga kula matur menapa wontenipun".

 

"Kula kinten menika langkung prayogi Ki Lasma" wangsulane Rangga karo mesem.

 

"Estunipun, kala wingi menika manah kula nembe kegiwang dening wontenipun sesawangan ingkang nyalawadi" Ki Lasma wiwit aweh wangsulan marang Rangga lan Marga.

 

"Sesawangan nyala wadi Paman?" Ki Gedhe Pelanggolan nyaru wuwus medhot critane Ki Lasma "kok aku malah ora weruh? Apa wujude sesawangan kuwi Paman?".

 

"Mengko dhisik Ngger" Ki Lasma mangsuli pitakone Ki Gedhe Pelanggolan, sauntara Ki Lurah Kuwera lan Bebau ing Watutanggul karo Bebau Senggot sing ora mudheng marang sing dirembug dening Ki Lasma kuwi mung meneng plenggang-plenggong wae "aku tak matur marang Angger Rangga luwih dhisik".

 

"Iya Paman, tutugna dhisik olehmu arep matur" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan, ngrumangsani nek wis nyaru wuwus.

 

"Wujudipun sesawangan ingkang kula sebat nyala wadi menika, arupi wonten Peksi Jalak ingkang sajak lulut, ingkang cecolotan ing tengahing margi ingkang badhe kula langkungi dhateng papanipun gladhen para siswa Jatigrowong. Sumerep peksi Jalak Pethak ingkang kula wastani sakalangkung mencutaken menika, ing manah kula tumuli tuwuh raos kepengin  nyepeng badhe kula ingah. Nanging saben kula rindhik badhe kula tubruk, Peksi Jalak menika tansah endha mencolot nebih, pramila inggih panyepeng kula tansah luput. Gandheng kula rumaos dipun jarag dening peksi ingkang ketingalipun cumbu nanging jebul kesit menika, manah kula lajeng kraos runtik, Kula lajeng ngecakaken ngelmi ingkang dados gadhuhan kula. Nanging pranyata kula malah kecelik lan dipun damel wirang dening peksi menika, saben-saben kula indhaki ngelmi kula, panjaragipun Jalak Pethak menika sansaya cetha. Wasana Peksi Jalak Pethak lajeng kula uber mawi kasektenipun para prayangan ingkang taksih kula gadhuh. Peksi Jalak lajeng mabur mangilen sansaya tebih lan kula terus kula bujung. Boten kraos jebul aburipun peksi Jalak wau sampun sakalangkung ing tebihipun, malah menawi boten klentu sampun tebih ing sakilenipun Tangen. Sareng pambujung kula lan aburipun peksi Jalak kasebat manggihi satunggaling ara-ara dumadakan peksi Jalak Pethak kala wau lajeng ical musna tanpa nilar tilas babar pisan. Sampun kula lacak dumugi alaming palemunan nenggih alaming para prayangan, peksi Jalak Pethak panggah boten saged kula panggihaken. Manah kula lajeng kaken, kula niyati Peksi Jalak kala wau badhe terus kula padosi ngantos kepanggih. Dumadakan kula mireng suwantenipun tiyang gumujeng, sajakipun nggumujengi kakening manah kula, nanging kula lajeng cat emut cat boten kalih suwanten gumujeng menika kados kagunganipun priyantun ingkang nate kula bektosi, nanging sinten kula supe. Wasana kula emut menawi kula nembe pikantuk godha. Kula lajeng ngrucat ngelmining prayangan, tumunten kula wangsul dhateng alam ingkang kasat mata malih. Nanging nyarengi kula tumapak ing alaming manungsa, dumadakan wonten tiyang ingkang nunggang kapal, kapalipun dipun gelak rikat kados tiyang mbujung setan, meh kemawon badan kula dipun terak dening tiyang nunggang kapal kala wau".

 

"Lajeng Ki Lasma duka dhateng tiyang ingkang nunggang kapal kala wau?" Marga nyelani takon karo mesem.

 

"Leres Ngger" wangsulane Ki Lasma karo kacipuhan nutugne crita "manah kula ingkang sampun asrep awit mireng suwanten gumujeng ingkang nyalawadi kala wau, dados kimat panas malih".

 

"Salajengipun kados pundi Ki?" Rangga genti takon karo setengah ngguyu.

 

"Inggih kabekta saking bentering manah, tiyang nunggang kapal kala wau lajeng kula tututi mawi aji panglemunan malih. Sanaosa sampun ketututan, nanging tiyang wau inggih boten lajeng kula srengeni, namung kula tutaken badhe dhateng pundi purugipun, jalaran kula kuwatos menawi anggenipun mlajaraken tungganganipun awit tiyang wau nembe mbujung cekaping kabetahan ingkang wigatos" wangsulane Ki Lasma sabanjure.

 

"Lajeng Ki Lasma pirsa dhateng pundi purugipun tiyang nunggang kapal kala wau?" Rangga banjur takon maneh.

 

"Jebul sareng kula tutaken, tiyang wau tumuju dhateng Paguron Tangen" wangsulane Ki Lasma "mila inggih lajeng kula tilar, kula nunten wangsul malih dhateng papan mriki jalaran lkula kemutan menawi kula kedah nggladhi para siswa ing Paguron Jatigrowong. Nanging dumugi Jatigrowong jebul srengenge sampun ngglewang tebih mangilen lan wancinipun gladhen sampun telas. Inggih awit kula mpekewet kalih Ki Gedhe, kula lajeng api-api tilem ing pangangkah Ki Gedhe lajeng kagungan panginten menawi dinten niki wau kula nembe ketileman".

 

"Dadi Paman wingi kae olehe mapan turu mung ethok-ethok wae ta?" Ki Gedhe Pelanggolan ora sranta banjur medhot critane Ki Lasma nganggo pitakonan.

 

"Bener Ngger, wingi kae aku pancen mung api-api wae, sing bener ya kaya sing lagi wae tak aturne marang Angger Rangga lan Angger Marga iki mau" wangsulane Ki Lasma alon, banjur disambung kandha marang Rangga lan Marga "dados kesah kula kala wingi menika inggih boten angsal menapa-menapa Ngger".

 

"Ki Lasma kesesa mendhet dudutan, eman dudutan ingkang dipun pendhet Ki Lasma klintu" Marga sing mangsuli critane Ki Lasma.

 

"Saestu Ngger, kula boten angsal menapa-menapa" Ki Lasma ketok nek  gumun karo tembunge Marga "menawi dudutan kula klintu, lajeng klintunipun manggen wonten pundi Ngger?".

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...