Total Tayangan Halaman

Senin, 07 Maret 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (101)

 

101.

Ora let suwe panyawange Tumenggung Yudapati sansaya klemun-klemun, lan kanthi lon-lonan senapati Mataram kuwi rubuh banjur digotong mundur dening andhahane sing kajibah aweh pitulungan marang prajurit sing ketaton utawa gugur ing madyaning paparangan. mBarengi karo digotonge Tumenggung Yudapati, Pangeran Singasari wis tekan papan kono, gandheng Panembahan Dewa Karkatha wis adhep-adhepan karo Ki Lasma, Pangeran Singasari ya banjur meneng karo ngulatne sing lagi omong-omongan kuwi.

 

"Setan alas tenan kowe Lasma" kandhane Panembahan Dewa Karkatha "dina iki kowe kudu nampa pidana pati saka aku, merga luputmu sing wis tumpuk undhung, keparat".

 

"Pidana pati?" wangsulane Ki Lasma sajak ayem wae "apa ora kuwalik kuwi Ki Gedhe Tangen?. Nek aku aku cetha yen ora duwe kaluputan, jalaran aku dudu andhahan ndika, nanging yen ndika luputmu wis cetha ya iku wani mirong kampuh jingga nantang pangwasane Kanjeng Sinuhun ing Mataram, malah wis kumawani nganggo sebutan Panembahan barang, mula sadurunge kebacut tak kira luwih prayoga yen ndika pasrah bongkokan wae marang Prajurit Mataram, manut disowanake Panembahan Senapati minangka bandan, mbok menawa kanthi mangkono ndika ora bakal nampa pidana sing abot".

 

"Keparat ora kena dieman tenan kowe Lasma, klakon tak suwek-suwek cangkemmmu sadurunge tak sunduki dadi pangewan-ewan ing papan kene iki" wangsulane Panembahan Dewa karkatha karo tata-tata arep ngrangsang Ki Lasma sing uga wis pasang kuda-kuda.

 

"Satemene aku ngrumangsani Ki Gedhe Tangen" kandhane Ki Lasma karo mripat ora kedhep nguwasi Pangarsaning Paguron Tangen kuwi "ndelok kasekten sing wis tak weruhi, ndika kuwi nyata pantes lamun mungsuh Senapati Agung Mataram ya Gusti Pangeran Singasari, nanging gandheng ndika duwe pepenginan arep nyuwek-nyuwek cangkemku luwih dhisik, ya bakal tak turuti lan tak ladeni apa abamu, cobanen bisa apa ora ndika nyuwek-nyuwek cangkemku gedhene nyunduki aku dadi pangewan-ewan ing papan kene".

 

Panembahan Dewa karkatha wis ora sabar maneh, mencolot mengarep karo ngirimne sadhukan ngarah lambunge Ki Lasma.  Nanging Ki Lasma jebul luwih prayitna, kanthi gampang sadhukane Panembahan Dewa Karkatha bisa diendhani, kanthi ngingerne adege rada miring mangiwa, banjur kanthi cepet kepelane diarahne marang dhadhane Panembahan Dewa Karkatha sing ragane keseret tenagane dhewe mengarep merga panyadhuke mung ngenani papan suwung. Nadyanta mangkono pranyata Panembahan Dewa Karkatha luwih trampil, dheweke ora gelem dhadhane ketiban kepelane Ki Lasma sing nyegat obahing ragane kuwi, kanthi cukat klawan Aji Uler Keket Panembahan Dewa Karkatha bisa njengkelit temah kepelane Ki Lasma mung ngenani angin wae.

 

Ora suwe wong loro kuwi wis rame nggone adu katiyasan, padha dene olehe golek limpene mungsuh sing diadhepi. Sanadyan kapetung wis tuwa jebul kekuwatan, kaprigelan sarta kacukataning obahe  lan landhunging napase Ki Lasma ora kalah karo Panembahan Dewa Karkatha. Salapis mbaka salapis Panembahan sing dadi tetunggule Paguron Tangen kuwi wiwit ngundhakne aji jaya kawijayane, Ki Lasma uga ora gelem sembrana lan nganggep remeh marang mungsuhe, yen Panembahan Dewa Karkatha ngundhakne aji jaya kawijayane, Ki Lasma uga daya-daya ngimbangi kanthi cara kang padha. Pangeran Singasari sing mung nyawang olehe wong loro kuwi adu katiyasan, babar pisan ora ngira yen Ki Lasma wong ndesa sing maune dianggep wong lumrah kuwi, jebul duwe kasekten sing nyata ngedab-edabi. Kamangka Pangeran Singasari uga sumurup yen satemene Panembahan Dewa Karkatha kuwi duwe kasekten sing kena diarani punjul ing apapak, lan jerone ngelmu kanuragane angel dijajagi nganggo kakuwatan wantah. Mula Pangeran Singasari menang-meneng rumangsa gumun marang kadibyane Ki Lasma lan sajroning batin ngudarasa :

 

"Ki Lasma wong tuwa kuwi satemene sapa? nek ndelok solah tandange nuduhne yen wong iki ngelingne aku marang crita-crita lawas, ya iku critane wong sekti jaman sing adoh kawuri?".

 

Rasa gumune Pangeran Singasari kuwi meh padha karo rasa gumune Wasi Nagasekti sing kethetheran ngadhepi Ki Gedhe Pelanggolan. Muride Panembahan Naga Wilis ya Nagajiwa  saka Patalan kuwi rumangsa judheg sajroning atine. Sakehing ngelmu lan aji jaya kawijayane wis ditumplak kabeh kanggo ngadhepi mungsuhe. Suprandene Ki Gedhe Pelanggolan ajeg tansah bisa ngimbangi lan malah kepara bisa nyirep kabeh pangabarane. Tuwaning umur lan ringkihing raga jebul babar pisan ora ndadekne Ki Gedhe Pelanggolan suda kaprigelan lan kadigdayane, malah kepara katon luwih mateng anggone ngecakne ngelmu kanuragan simpenane. Sansaya suwe Wasi Nagasekti sansaya krasa yen olehe tetandhingan karo Pangarsane Paguron Jatigrowong iki ditutug-tutugne, tan wurunga dheweke bakal kentekan tenaga lan bisa-bisa bakal cilaka ing madyaning paparangan. Mula olehe ngladeni Ki Gedhe Pelanggolan, Wasi Nagasekti milih ngirit tenagane sarana ngendhani serangane mungsuh lan ora wani adu kekuwatan, tangkep jaja kantaran bau.  Sanadyan Wasi Nagasekti uga weruh yen tandange sedulur-sedulure saka Patalan sing ngadhepi para senapati Mataram isih katon timbang, lire durung bisa diarani endi sing luwih unggul lan endi sing luwih asor katiyasanung jurit, nanging  Wasi Nagasasi wiwit nggagas arep golek dalan piye bisane tinggal glanggang colong playu murih ora dadi kurbane paprangan antarane Paguron Tangen mungsuh wadya bala Mataram kuwi.

 

Sauntara kuwi, para siswa Paguron Jatigrowong lan Prajurit Desa Grumbulan sing mungsuh para siswa paguron Tangen, wiwitane pancen rada kacipuhan. Jalaran kaya sing kacaritakne yen murid Paguron tangen kuwi perange rusuh lan seneng ngumbar pisuh sarta tembung sing lekoh. Nanging ora suwe sabanjure, katon barisan saka Grumbulan lan Jatigrowong kuwi susut cacahe, kamangka ora ana sing nandhang tatu utawa gugur dadi tawuring perang. Lan eloking kahanan, akeh para siswa Paguron Tangen sing banjur padha rubuh ora bisa tangi maneh, sanadyan tatune ora mbebayani tumrap kaslametaning jiwane. Akeh para Murid Paguron Tangen sing dumadakan krasa yen balung garese kaya putung-putunga ketiban barang atos sing disabetake. Sansaya suwe sing rubuh sansaya akeh, mula sisane siswa Paguron jatigrowong sing isih katon, akeh sing padha gumun, awit kaya-kaya ana kekuwatan sing ngayomi lan aweh bebantu sajrone ngadhepi mungsuhe.

 

Kahanan ing barisan saka Grumbulan lan Jatigrowong kuwi tiba kwalik karo kahanan ing suwiwine Garudha nglayang iring kering. Suwiwi kering sing dipandhegani Tumenggung Tirtakusuma kabiyantu dening Panji Bantaran kuwi sansaya ketleyek mundur kena pangamuke gadhinge gelar Diradameta sing dipandhegani Panembahan Alit lan kabantu dening Puthut Jayandaga. Sanadyan wis kondhang minangka prajurit sing wudu ing tandhing, pranyata Tumenggung Tirtakusuma ora kuwawa ngadhepi kasektene Panembahan Alit Dewa Danu sing ngamuk kaya bantheng ketaton. Sansaya suwe adu kasekten karo Tumenggung Tirtakusuma, adege Panembahan Alit sansaya katon tanggon, beda adoh karo tandange Tumenggung Tirtakusuma sing sansaya suwe malah sansaya kendho. Kamangka Tumenggung Tirtakusuma wis ngecakne kabeh ngelmu simpenane, ewa samono panggah ora bisa ngimbangi tandange Panembahan Alit ya Panembahan Dewa Danu sedulur enome Panembahan Dewa Karkatha kuwi. Solahing pedhange Tumenggung Tirtakusuma sing luwih cepet lan trengginas tinimbang solahe manuk srikatan kuwi babar pisan ora bisa nyenggol kulite Panembahan Alit. Malah Cis pusaka sing digawa dening Dewa danu kuwi bola-bali meh wae gawe patine Senapati Mataram kuwi.

 

Nganti ing sawijining kalodhangan, Tumenggung Tirtakusuma kena kalimpe, sikile Panembahan Alit klakon bisa ndugang ngenani lambunge, ndadekne senapati kaparcayane Pangeran Singasari kuwi kontal memburi banjur rubuh neng lemah ora bisa obah, sawise mutah getih kenthel rupa abang semu ireng. Ora sranta Panembahan Alit mencolot mengarep banjur arep namakne cise diarahne gegere Tumenggung Turtakusuma sing isih mengkurep ana lemah kangelan olehe arep obah.

 

Kang bareng karo kuwi, keprungu pambengoke Panji Bantaran sing sambat kelaran, pedhange mencelat saka gegemane kena panyabete Puthut Jayandaga sing uga nggunakne pedhang pusakane. Panji Bantaran mencolot memburi ngedohi mungsuhe, nanging Puthut Jayandaga emoh kelangan mungsuhe, tumuli mencolot maju mburu Panji Bantaran sing wis tanpa gegaman , pedhange Puthut Jayandaga ngener kenceng ngarah pernah jantunge mungsuhe.

 

"Iblis laknat ora genah!"

 

"Setan belang keparat!"

 

Dumadakan ana suwara pisuh sing bantere kagila-gila, pisuhe Panembahan Alit lan Puthut Jayandaga.  Kekarone padha kagete, uga padha ngrasakne lara ing epek-epek tangane. Pusaka Cis sing dening Panembahan Alit arep digunakne nyubles gegere Tumenggung Tirtakusuma dumadakan mencelat kena disabet nganggo pang kayu dening sawijining paraga kang nyandhang jubah putih lan praupane ditutupi nganggo topeng klikane kayu waru. Sauntara Pedhange Puthut Jayandaga sing meh wae nembus dhadhane Panji Bantaran, dumadakan tiba neng lemah merga ditampek nganggo oyot Tungkul dening paraga sing nganggo jubah warna ireng lan praupane ditutupi nganggo topeng klikane kayu jati.

 

"Iblis laknat ora genah" pisuhe Panembahan Alit karo ngulati wong sing nganggo jubah putih kuwi "sapa jenengmu teka wani ngganggu gawe marang Panembahan Alit he?".

 

"Ditepungne wae Panembahan Dewa Danu" wangsulane paraga jubah putih kuwi karo suwara ngece "aku Carang Wreksa, andhahane Gusti Menggung Tiurtakusuma. Ayo yen nyata perwira, tumuli jupuken Cis pusakamu sing mbok guwang neng lemah kuwi, tandhingana pusakaku Pang Gulun  sing wis tak gawa iki".

 

ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (100)

 

100.

Pranyata ing iring iring kering suwiwine Garudha Nglayang Prajurit Mataram wis rada adoh ngalendhong memburi diorak-arik prajurit saka paguron Tangen sing perange rusuh lan awur-awuran. Satemene ora merga saking prigele para murid Paguron Tangen sing ndadekne wadya bala Mataram, nanging merga para murid pethingane Panembahan Dewa Karkatha akeh sing mlumpuk ana kono ngombyongi lekase Panembahan Alit sing disisihi dening Puthut Jayandaga. Wiwitane ngadhepi para murid Paguron Tangen sing tandange awur-awuran kuwi, prajurit Mataram sing dipandhegani Tumenggung Tirtakusuma nadyan rumangsa risih nadhahi pisuh lan tembung sing lekoh, isih bisa kanthi gampang nranggulangi. Nanging bareng Panembahan Alit lan Puthut Jayandaga ngetokne pangabaran sing ditujokne marang para prajurit rucah, mangka kanthi cepet barisan Mataram kedheseg mundur, akeh sing padha nandhang tatu kaya kobong dening geni, anjur digeret memburi dening kanca-kancane saprelu ditambani, Sansaya suwe sansaya mundhak busekan kahanane prajurit Mataram ing swiwi kering kuwi.

 

Weruh kahanane prajurite akeh sing padha tatu malah kira-kira uga ora sethithik sing kudu gugur dadi wadaling perang, sakala muntab Tumenggung Tirtakusuma, tumuli muter pedhang pusakane nyaketi sumbering mala. Sawise cetha yen  sumbering kekuwatan sing kuwawa ngobrak-abrik barisan sing dipandhegani kuwi Wong setengah umur sing pawakane gedhe dhuwur, ya iku Panembahan Alit Dewa Danu lan paraga kang kira-kira umur telung puluhan tahun sing uga katon mencorong prabane, Tumenggung Tirtakusuma nuli aweh sasmita Panji Bantaran supaya ngendheg lakune paraga sing luwih nom dene Tumenggung Tirtakusuma dhewe milih nyaketi wong sing setengah tuwa sing sajake duwe ngelmu kanuragan sing luwih dhuwur.

 

"Nyata kasekten sing ngedab-edabi Kisanak" kandhane Tumenggung Tirtakusuma sawise cedhak karo Panembahan Alit "eman dene mung dicakne marang prajurit rucah sing ringkih, nyata ndadekne sudane rasa pangalembanaku marang ndika".

 

"Sapa kowe wani nyedhaki Panembahan Alit?" Panembahan Alit takon nuduhne praen sing sajak mejanani lan ngremehake "mau tak sawang saka kadohan wis muter pedhang, mbabati para siswaku sing uga durung pati baud ngudang gegaman, saiki kowe wani nyedhaki aku".

 

"O dadi ndika sing jeneng Panembahan Alit? sedulur nome Ki Gedhe Tangen kuwi?" Tumenggung Tirtakusuma mbalik takon karo mesem semu ngece "ditepungne wae, aku Tumenggung Tirtakusuma, Kisanak".

 

"Mung pangkat Tumenggung wani ngayoni Panembahan Alit he?" Panembahan Alit nggetak nganggo suwara santak "endi sing jeneng Singasari kuwi, eman yen mung kowe sing ngadhepi aku, mangsa ngentekna wektu sapanginang yen mung kudu ngoncatne nyawamu menyang Yamani?".

 

"Ora sah nggoleki sing ora katon Dewa Danu" wangsulane Tumenggung Turtakusuma "bisa ngasorake yudane Tumenggung Tirtakusuma wae wis bisa ndadekne kuncarane jenengmu".

 

Ora suwe wong loro kuwi wis ora nutugne olehe omong-omongan maneh, kekarone wiwit siyaga nggoleki lenane mungsuhe murih gampang dirubuhake ing tengahing paprangan sing sansaya rame kuwi.

 

Panji Bantaran wis adu arep karo Puthut Jayandaga, kekarone padha dene olehe wis ngliga gegamane dhewe-dhewe. Puthut Jayandaga apa dene Panji Bantaran nggunakne gegaman sing padha, ya iku pedhang pusaka sing dudu pedhang lumrah, nanging pedhang sing digawe saka waja pilihan entheng nanging landhepe tanpa upama.

 

"Sapa jenengmu Prajurit sing wani ngadhang lakune Puthut Jayandaga siswa pinilihe Rama panembahan Dewa Karkatha he?" Puthut Jayandaga takon bareng weruh yen ana wong sing ngaglah kanthi pedhang ligan neng tangan ngadhang lakune.

 

"O, kowe ta sing jeneng Puthut Jayandaga kuwi?" wangsulane Panji Bantaran karo mesem sajak ngece "ditepungne wae, jenengku Bantaran, siswa saka Paguron Kalisuruh, sing saiki ngabdi ing Mataram minangka Panjining para prajurit. Ayo Jayandaga aja mung mungsuh prajurit rucah cobanen iki Bantaran siswa Paguron Kalisuruh".

 

"Setan kowe Bantaran" Puthut Jayandaga misuh karo semaur "ayo tandhingana kridhaku yen pancen kowe wis bosen weruh padhange srengenge ing wayah awan".

 

Bubar muni ngono kuwi, Puthut Jayandaga banjur nyiayagakne jurus-juruse arep dienggo nelukne Panji Bantaran sing uga wis siyaga ing dhiri ngadhepi kadigdayane Puthut Jayandaga sing mau wis ngobrak-abrik barisane. Mangka ora let suwe ing papan kono wis rame ait anane perang tandhing antarane Paji Bantaran sing mungsuh Puthut Jayandaga. Kekarone padha umur-umurane, padha dene duwe kaprigelan lan kadigdayan sing nggegirisi, mula perang antarane senapati loro kuwi sansaya suwe dadi sansaya rame.

 

Beda maneh kahanan sing mapan ing tengah kang minangka punjering barisan saka Paguron Tangen. Sanadyan Tumenggung Yudapati wis kondhang yen klebu unusaning prajurit Mataram, sing kasektene wis kondhang kaonang-onang ing saidering Mataram. Nanging bareng ngadhepi Panembahan Dewa Karkatha jebul rumangsa kacipuhan. Sing adhepi nyata yen duwe kadigdayan sing angel dijajagi sepira jroning ngelmune, kabeh pangrangsang lan serangane Tumenggung Yudapati tansah ora oleh  gawe, Panembahan Dewa Karkatha prasasat kaya Gunung waja, saben-saben serangane Tumenggung Yudapati kena ditangkis, Pangarsaning Paguron Tangen kuwi babar pisan ora ngalih saka adege, panggah utuh kuda-kudane. Kosok baline wis wola-wali Tumenggung Yidapati tiba krengakangan neng lemah lan kapeksa jempalitan kanggo nylametne nyawane.

 

Pangeran Singasari sing krungu saka palaporane prajurit panyambung warta yen kahanane Tumenggung Yudapati banget mutawatiri jalaran kudu ngadhepi senapati agunging mungsuh, sing jenenge Panembahan Dewa Karkatha,  tumuli obah nyedhaki arep aweh bebantu marang andhahane sing lagi karepotan ngadhepi mungsuhe kuwi. Nalika lakune Pangeran Singasari wis meh tekan papan olehe ngunggar kasudiran Tumenggung Yudapati lan Panembahan Dewa Karkatha, nanging durung cedhak banget lire durung bisa nggunakne tenaga aweh bebantu marang andhahane, mbarengi karo dugangane Panembahan Dewa Karkatha kanthi kekuwatan wutuh ngarah marang dhadhane Tumenggung Yudapati. Tumenggung saka Mataram kuwi kaget, ora ana kalodhangan kanggop endha. Nanging Tumenggung Yudapati ora kentekan pengarep-arep, sakuwate aweh panangkis kanggo ngadhepi serangan sing mbebayani kuwi. Dhengkule diangkat karo tangan karone dirapetne lengene kanggo ngayomi dhadhane. Nanging sing ditangkis nganggo lengen sing dilambari dhengkul Tumenggung Yudapati kuwi kekuwatane Panembahan Dewa Karkatha, ajaa kok mung ditangkis nganggo lengen lan sikil, sanajan dicegati nganggo tameng waja pisan ora bakal kuwat nadhahi dugangane Pengarepe Paguron tangen sing prasasat tanpa tandhing kuwi. Tumempuke sikil karo lengen, nuwuhake suwara jumegrug, Tumenggung Yudapati kontal memburi watara limang jangkah, kuda-kudane ambyar, adege dadi gonjing. Tumenggung Mataram kuwi mutah getih, panyawange dadi kuwur, ambegane seseg angel naris nafas supaya bisa ngisi dhadha sing larane ora karu-karuwan. Panembahan Dewa Karkatha mlumpat mengarep, nyedhaki mungsuhe banjur nata tenagane arep mungkasi nggone perang tandhing sarana nguntapne nyawane Tumenggung Yudapati sing wis ora duwe daya kekuwatan apa-apa.

 

"Wektune kowe pamitan marang anak bojomu Yudapati, dina iki uga nyawamu kudu ilang merga ketiban tanganku iki" karo muni ngono kuwi Panembahan Dewa Karkatha ngobahake tangane sing wis ngepel diarahne menyang pernah sirahe Tumenggung Yudapati sing wis ora bisa ngadeg kanthi jejeg. Pangeran Singasari sing tekane kono mau arep aweh pitulungan marang andhahane sarana nggenteni ngadhepi Panembahan Dewa Karkatha dadi kaget, merga weruh yen Tumenggung Yudapati sing wis ora bisa apa-apa kuwi sirahe arep ditibani kepelan dening mungsuhe. Nanging Pangeran Singasari ora kober aweh pitulungan utawa nylametne andhahane kuwi, kegawa saka papan sing rada adoh. Tumenggung pethingan saka Mataram kuwi ya wis ora duwe pangarep-arep maneh, jroning atine wis nyipta yen kudu gugur dadi sawur tawuring negara Mataram. Kanthi ngeremake mripate Tumenggung Yudapati nyebut asmaNe kairing pandonga muga-muga Gusti kepareng nampa sowane.

 

Nanging bola-bali wis dadi pocapan, yen pati uripe manungsa kuwi gumantung ana pangwasaNe. Sanadyan mung kari sasiliring bawang, yen Gusti durung ngersakne meksa ana sabab sing teka ngundurake tekane pati sing durung ngenggoni titi wancine. Nalika kepelane Panembahan Dewa Karkatha sing sinurung daya kekuwatan utuh kuwi kurang sakecu saka sirahe Tumenggung Yudapati, dumadakan arahing pupuhan menggok adoh mengiwa, ndadekne pamupuhe Panembahan Dewa Karkatha mung ngenani papan suwung. Pangarep Paguron Tangen kuwi keseret dening kekuwatane dhewe temah tiba mengarep semu mangering. Nanging Panembahan Dewa Karkatha nyata wong digdaya, nadyan wis kejongor mengarep, nanging isih bisa nggulungake ragane banjur mletik mendhuwur ngadeg klawan kuda-kuda sing jejeg siyaga ngadhepi bebaya.

 

"Iblis Keparat kowe Lasma" Panembahan Dewa Karkatha misuh karo nesu sing tanpa upama, dheweke lagi ngerti jebul sing wis nyurung lengene mengiwa temah pamupuhe marang Tumenggung Yudapati luput malah dheweke tiba kejongor mengarep mau, Ki Lasma wong sing wiwit mau mung nyawang olehe tetandhingan karo Tumenggung Yudapati.

 

"Dosamu wis kakehan Ki Gedhe Tangen" wangsulane Ki Lasma karo mesem "aku ora mentala weruh ndika nambah dosa kanthi arep mupuh senapati sing wis tanpa daya kuwi".

 

Tumenggung Yidapati sing wis luput saka pamupuhe mungsuhe kuwi lamat-lamat melu krungu wangsulane Ki Lasma marang Panembahan Dewa Karkatha.

 

 

ana candhake.


Jumat, 04 Maret 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (099)

 

99.

Sauntara nalika Ki Pelanggolan karo Wasi Nagasekti wis rame ngunggar kasudiran, kekarone padha dene olehe lawaran ora ana sing nyekel gegaman, nanging jurus-jurus sing dicakne nyata jurus-jurus sing mbebayani, singa sing lena bisa tumekeng pati ketiban tangan utawa sikil, Ki Lasma isih kasengsem olehe nyawang Panembahan Dewa Karkatha sing lagi anderpati karo Tumenggung Yudapati. Katon yen Panembahan Dewa Karkatha banget olehe ora sabar, daya -daya kepengin enggal bisa gawe patine mungsuhe, ngelmu Semburgunung piyandele wis bola-bali dicakne diarahne menyang ragane Tumenggung Yudapati. Nanging Tumenggung sing wis wareg ngadhepi mungsuh ing paprangan kuwi katon yen ora gigrig atine. Sanadyan Tumenggung Yudapati ya wis ngrumangsani yen Panembahan Dewa Karkatha kuwi duwe kasekten adoh ing dhuwure, suprandene kagawa rasa tanggung jawab minangka senapati sing mandhegani andhahane sing uga lagi padha ngadhepi mungsuhe bdhewe-dhewe, Tumenggung Yudapati babar pisan ora kepengin tinggal glanggang colong playu. Mung wae, gandheng ngrumangsani yen nganti adu kekuwatan mesthi kalahe, Tumenggung Yudapati sajrone ngadhepi Panembahan Dewa Karkatha ora tau wani nangkis seranganing mungsuhe, mung ngendhani banjur genti males aweh serangan sing ora kalah mbebayani. Dhasar kekarone uga wis padha nggunakne gegaman piyandele dhewe-dhewe, Panembahan Dewa Karkatha mandi Tumbak sing pucuke katon mramong kaya mawa, Tumenggung Yudapati nyekel pedhang tipis sing ulet lan duwe kelandhepan kagila-gila.

 

Bola-bali Tumenggung Yudapati nibakne awake mangiwa banjur nggulung ngendhani tumibaning tumbak sing prasasat tanpa kendhat ngarah peranganing ragane, uga kerep wae niba memburi banjur mletik kangge ngendhani tumibane sadhukan saka Panembahan Dewa Karkatha. Ngerti yen serangane ajeg luput, Panembahan sing dadi tetunggule Paguron Tangen kuwi sansaya mundhak kanepsone. Luwih-luwih bareng bola-bali olehe mancing supaya Tumenggung Yudapati gelem ngladeni adu karosan lan kekuawatan ora tau diladeni, malah milih olehe nibakne serangan nggoleki papan-papan sing sela. Panembahan Dewa Karkatha tumuli ngundhakne aji jaya kawijayan sing dicakne kanggo ngadhepi mungsuhe, ing pangangkah supaya tumuli enggal bisa njebol dhadhane Tumenggung Yudapati nganggo tumbak pusakane.

 

Sauntara ora adoh saka papan kono, murid-murid saka Paguron Patalan pandhereke Wasi Nagasekti uga wis oleh tandhing dhewe-dhewe. Janggan Nagatingkir wis adu kasantikan mungsuh Panji Asmana andhahane Tumenggung Yudapati, Janggan Nagaluwing sing maune ngamuk mrana-mrene  ngobrak-abrik prajurit Mataram wis mandheg merga diendheg dening Panji Pangestu, panjawat kanane Tumenggung Yudapati, sing banjur padha silih ungkih genti kalindhih adu kaprigelan,  lan Janggan Nagaemprit uga lagi diteter kasektene dening senapati Tandur, prajurit Mataram sing apangkat Lurah nanging duwe kasekten sing ora kena disangga entheng.

 

Ing papan liya, para murid saka Paguron Tangen sing olehe perang nganggo cara rusuh mung wewaton supaya bisa menang, kajaba nggunakne tenagane uga nggunakne rembug sing saru lan lekoh, wis akeh nuwuhake rasa anyel ing atine prajurit-prajurit Mataram. Prajurit-prajurit pandhereke Pangeran Singasari kuwi ora sethithik sing banjur kepancing melu tumandang kanthi ngawur, mung nuruti ati anyel kasempyok suwara rusuh sing mlebu ana kupinge.  Ora mung prajurit rucah sing dhemen ngumbar tembung saru lan lekoh, sanajan wis madeg dadi para penggladhi ing paguron sing didegne ing desa-desane, para murid Paguron Tangen kuwi uga isih ora ninggal watak seneng ngetokne suwara pisuh lan rembug sing saru carup lekoh. Kang mangkono kuwi ndadekne para Tumenggung saka Mataram sing ngadhepi uga akeh sing banjur melu getem-getem kepengin enggal ngrampungi mungsuhe. Paprangan wis sansaya rame, perang brubuh sing tebane mblabar nganti pirang-pirang atus dhepa ambane.

 

Ing papan iring kanan saka papane Panembahan Dewa Karkatha, watara ana satus dhepa adohe, Puthut Jayantaka sing maune ngenggoni minangka gadhing kanane gelar Diradameta, rumangsa marem atine Prajurit Mataram sing ing papan kono dipandhegani dening Panji Udaya andhahane Tumenggung Dahanapati, katon ketleyek mundur memburi merga diamuk dening murid-murid Paguron Tangen sing dibantu kekuwatan aji Laharbeninge Puthut Jayantaka . Sauntara Panji Udaya sing mbudidaya ngendheg lajune barisan saka Paguron Tangen kuwi uga wis sansaya kethetheran ngladeni tandange salah sijining Puthut sing pinercaya dening Panembahan Dewa karkatha kuwi. Malah ing sawijining kalodhangan, pedhange Panji Udaya klakon ucul saka gegeman merga nangkis pambabate pedhange Puthut Jayantaka. Lan nalika Panji Udaya mencolot mundur, pucuking pedhange Puthut Jayantaka nututi ngarah marang jantunge Panji Udaya.

 

Senapati Mataram sing apangkat Panji kuwi wis nyipta yen wis tumiba mangsane dheweke gugur dadi wadaling perang, nanging dumadakan nalika pucuk pedhange Puthut Jayantaka kari kurang sakecu saka kulite Panji Udaya, pedhang kuwi ceblok neng lemah ucuk saka tangane Puthut Jayantaka. Ana sawijining pawongan sing nganggo jubah ireng, praupane ditutup nganggo topeng sing digawe saka blanbukan kayu jati, lagi wae nyabetake oyot wit Tungkul marang pedhange Puthut Jayantaka.

 

"Setan alas" Puthut Jayantaka misuh banter merga pedhange ucul saka gegeman lan epek-epeke krasa panas kaya mentas nggegem mawa "sapa kowe heh, menungsa ora tata? Ya gene raimu mbok tutupi nganggo klikane kayu jati heh?".

 

"He he he ......." pawongan sing nganggo jubah ireng kuwi ngguyu, ketara yen suwarane digawe-gawe "ya gene ndadak nganggo takon barang Puthut Jayantaka? mesthine kowe wis ngerti nek aku iki prajurit Mataram sing uga nampa dhawuh ngrangket sesembahanmu Ki Gedhe Tangen".

 

"Iblis kowe munyuk elek" diwangsuli nganggo suwara sing diowahi lan digawe-gawe sajak ngece ngono kuwi Puthut Jayantaka sansaya nesu, karo njupuk pedhange sing gumlethak ing lemah banjur takon maneh karo suwara sugal "karepku sapa jenengmu he Munyuk elek sing ora wani nuduhne rai?".

 

"Lucu kowe wis ngerti yen jenengku Munyuk Elek ngono lho Puthut Bagus?" wong sing nganggo topeng klikane kayu jati kuwi wangsulan karo ngguyu "merga raiku wis nuduhne jenengku, kanggo nutupi isinku rai iki tak tutupi nganggo klikane kayu jati iki, ngerti? nanging nek kowe pengin weruh jeneng sing tak tampa saka wong tuwaku ya kena wae, ya iku Tungkul Ireng".

 

Puthut Jayantaka wis ora guneman maneh, sikile jumangkah maju nyedhaki wong sing ngaku jeneng Tungkul Ireng kuwi karo ngobahne pedhange sing wis diileni nganggo aji Lahar Bening , diarahne marang gulune Tungkul Ireng.

Ora suwe wong loro kuwi wis campuh rame mamerne aji jaya kawijayane dhewe-dhewe. Pranyata Tungkul Ireng babar pisan ora keganggu karo ajine Puthut saka Paguron Tangen sing ngedab-edabi kuwi. Ing sawijining kalodhangan, kanthi trengginas Tungkul Ireng, karo ngendhani sudukan pedhange Puthut Jayantaka isih kober nyabetake Oyot Tungkul sing dadi gamane kuwi menyang pundhak kiwa tengene mungsuhe. Sakala Puthut Jayantaka sing selawase urip durung tau ngrasakne kalah yen kerengan karo sapa wae, dina iku klakon tiba lungguh neng lemah, tangan loro-lorone ora bisa diobahne maneh jalaran balung pundhake wis pedhot ketiban oyot tungkul, gegamane mungsuhe.

 

"nDara Panji tulung ndika banda lan ndika tambani Puthut Jayantaka sing mpun tugel balung pundhake niki!" wong sing ngaku aran Tungkul Ireng kuwi nyuwara banter aweh prentah marang Panji Udaya sing mau meh wae tumekan pati ing pucuk pedhange Puthut Jayantaka sing saiki nglumpuk tanpa daya, ngeremne mripat nggeget untu, seanajan ora sambat katon yen lagi ngempet lara.

 

Bubar muni ngono kuwi, Tungkul Ireng banjur mencolot ngadoh ndlusup keteling prajurit sing lagi padha perang, ilang saka pandulune Panji Udaya.

 

"Jebul oyot tungkul kuwi ora kalah ampuhe karo pecut sing mbok sabukne kuwi Dhi?" nalika Tungkul Ireng wis rada adoh ninggal papan rubuhe Puthut Jayantaka, ana wong sing ngadhang playune karo kandha.

 

"Ah, Kakang iki bisa wae, upama aku ora jalaran tresna marang Kakang ngono, temen wegah tenan aku dikongkon nganggo jubah amoh lan nganggo topeng blabukan kayu sing ambune sengir iki kok!" wangsulane Tungkul Ireng karo ngguyu.

 

"He he he.... ayo saiki nggoleki ing ngendi dununge Puthut sing sijine, aku kuwatir yen nganti Puthut kuwi ngecakne aji jaya kawijayane kaya sing lagi wae ditindakne sedulure lanang iki mau, bisa-bisa senapati Mataram ngalami kaya sing dialami Panji Udaya iku mau" wangsulane wong sing ngadhang laku mau karo mlaku ninggalne papane. Tungkul Ireng ora semaur banjur ngetitne wong mau karo mripate bola-bali ngingeti lakune paprangan sing sansaya ora karu-karuwan gelare.

 

 

ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (098)

 


98.

Panembahan Dewa Karkatha sing weruh nek ana wong mlayu mbalik memburi maneh wis ngerti nek kuwi genah nek cucuk lakune prajurit Mataram, mula banjur aweh prentah marang salah siji muride sing kajibah aweh tengara marang kabeh wadya balane supaya nglepasake panah sendaren  mendhuwur. Iku minangka tengara prentah supaya gelar baris Diradameta sansaya dikuwati, jalaran mungsuh wis cetha ora adoh mapan ana ngarepe. Nanging panah sendaren kuwi mung mbengung tanpa tanja, jalaran gelar baris Diradameta sing diprentahne dening Panembahan Dewa Karkatha wiwit mau bengi ora bisa dicakne kanthi sampurna, jalaran pancen murid-murid Paguron Tangen ora tau diwulang bab gelaring perang, mung diwarahi lah kanuragan sing mung wujud carane ngadhepi mungsuh ijen padha ijen utawa carane tukaran sing ora nganggo gelar perang.

 

Panembahan Dewa Karkatha dadi gela bareng noleh memburi lan weruh lakuning barisan saka Paguron Tangen sing dipandhegani jebul ora bisa ngecakne gelar perang kanthi sampurna sing dikarepake . Kanthi rada kesusu Panembahan Dewa Karkatha nyedhaki papane Panembahan Alit.

 

"Iki kepriye Dhi? kok bocah-bocah kuwi malah sakarepe dhewe? Mumpung durung kebacut, tulung prentahna marang Jayantaka lan Jayandaga supaya ndandani barisane luwih dhisik" prentahe Panembahan Dewa Karkatha marang adhine "yen ora enggal didandani bisa ndrawasi tenan iki mengko".

 

"Sendika" wangsulane Panembahan Alit sing banjur mlayu nggoleki Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga sing mau wis ditata manggon ana gadhinge gelar Diradameta, sauntara Panembahan Dewa Karkatha mapan njaga sirahe lan Panembahan Alit minangka tlalene gajah.

 

Sauntara kuwi saka barisan Garudha nglayang sing dicakne wadya bala Mataram katon wis sansaya cedhak marani papane barisan saka Paguron Tangen. Tumenggung Yudapati sing manggon dadi cucuking garudha  karo nggawa saperangan prajurite ngener marani pernahe Panembahan Dewa Karkatha.  Ora krasa Pangarepe Paguron Tangen sing wis ngerigne kekuwatan wong sewu luwih kuwi, nggegetne untu, selak kepengin ngremuk prajurit sing marani papane kuwi.

 

"Mandheg!" Panembahan Dewa Karkatha mbengok karo ngethungne tangane ngendheg lakune Tumenggung Yudapati sing mung kari watara selawe jangkah ana ngarepe. Nanging sing diendheg sajak ora nggatekne, lagi bareng wis cedhak banjur mandheg karo semaur.

 

"Aku Tumenggung Yudapati saka Mataram" kandhane Tumenggung Yudapati "sing ana ngarepku iki barisan saka ngendi? Padha minggira aku arep menyang Paguron Tangen".

 

"Tumenggung?" Panembahan Dewa Karkatha semaur banter "lekna mripatmu, iki barisan saka Paguron Tangen, nggawa karep apa kowe nggawa prajurit arep menyang Paguron Tangen He?".

 

"Tiba kabeneran yen iki barisan saka Paguron Tangen" wangsulane Tumenggung Yudapati karo mesem "tekaku kene merga ngemban dhawuh saka ngersa dalem Kanjeng Panembahan Senapati supaya nimbali wong sing nganggo jeneng Panembahan Dewa Karkatha supaya sowan menyang Mataram saiki uga.  Mula tulung tuduhna marang aku endi sing jenenge Dewa Karkatha kuwi?".

 

"Piye? tekamu kene dikongkon Tilas Lurah Pasar Pajang sing jeneng Sutawijaya kuwi ?" Panembahan Dewa Karkatha semaur karo ngguyu ngece "bali lan kandhaa marang anake Pemanahan sing saka Desa Sela kuwi, yen dheweke kepengin kepethuk Panembahan Dewa Karkatha dikeparengake yen gelem laku dhodhok wiwit saka Mataram nganti tekan Paguron Tangen kene he he he ..........".

 

"Lancang pangucapmu Kisanak, sapa aranmu he?" Tumenggung Yudapati takon karo nggetak, atine wiwit panas krungu ucape Panembahan Dewa Karkatha sing durung nyebutne jenenge.

 

"Kowe takon jenengku?" Panembahan Dewa Karkatha semaur karo ngguyu sing sansaya banter "ya iki sing aran Panembahan Dewa Karkatha sesembahanmu sing sejati, gage ndhodhoka lan atur pangabekti, sepira gedhene luputmu bakal tak ngapura, waton kowe gelem enggal nindakne apa sing dak prentahake mau!".

 

"Ooo jebul ndika sing wis wani nganggo sebutan Panembahan Dewa Karkatha ?" Tumenggung Yudapati wangsulan suwarane isih keprungu sareh "saiki tak takoni pisan engkas, ndika milih tak sowanake menyang Mataram kanthi becik-becik apa milih tak kendharat minangka bandan he?".

 

"Setan kowe Yudapati" Panembahan Dewa Karkatha guneman santak "yen kowe ora enggal minggat saka kene, aja takon dosamu yen klakon tak tugel gulumu ing papan kene".

 

Karo muni mangkono kuwi, Panembahan Dewa Karkatha wis ngecakne ajine sing klebu pethingan, ya iku aji Sembur Gunung. Jalaran Panembahan Dewa Karkatha duwe petung yen senapati-senapati Mataram kudu digawe mati luwih dhisik, kanthi mangkono prajurit-prajurite bakal kamigilan lan buyar dhewe-dhewe. Yen ora nganggo cara kuwi, Panembahan Dewa Karkatha rumangsa kuwatir yen prajurit-prajurite sing jebul durung wasis ngecakne gelar sing ditata bakal gampang dikalahne dening prajurite mungsuh. Mula Panembahan Dewa Karkatha kepengin ing jurus kapisan dheweke wis bisa mateni Tumenggung Yudapati, nganggo ajine sing aran Semburgunung kuwi.

 

Sauntara kuwi, jebul ing arisan iring kiwa lan lan barisan iring kanane Tumenggung Yudapati lan Panembahan Dewa Karkatha sing isih tantang-tantangan kuwi, wis luwih dhisik dumadi perang brubuh ya kuwi perang sing ora nganggo aba babar pisan. Jalaran para murid Paguron Tangen sing wis rumangsa duwe kadigdayan luwih dhuwur tinimbang sapepadhane titah kuwi, bareng weruh yen ana barisan Prajurit Mataram nyedhak, sakala ditrajang wani, tanpa nganggo tantang-tantangan luwih dhisik.

 

Ki Gedhe Pelanggolan sing uga sumurup yen perang brubuh wis campuh, tumuli aweh sasmita marang siswa-siswa saka Paguron Jatigrowong lan Prajurit Desa Grumbulan supaya nyedhaki prajurit sing mau ndherekne Tumenggung Yudapati karo nuduhne janur kuning sing dikalungne neng gulune. Prajurit Mataram sing weruh yen ana barisan kalung janur kuning nyedhak banjur padha mesem asung sasmita yen wis padha ngerti lamun sing nyedhaki kuwi klebu rowange dhewe. Bareng wis oleh esem saka prajurit Mataram, Ki Lurah Kuwera saandhahane karo para siswa Jarigrowong tumuli nginger adhepe, siyaga ngadhepi para pandhereke Panembahan Dewa Karkatha.

 

"Apa karep ndika iki Ki Gedhe?" Wasi Nagasekti sing mau mapan ora adoh karo Panembahan Dewa Karkatha nyedhaki Ki Gedhe Pelanggolan, banjur takon karo suwara sereng.

 

"Kaya sing ndika sawang Wasi Nagasekti" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan karo suwara sing sajak ayem "wong-wong Grumbulan lan bocah-bocahku saka Jatigrowong wis padha ngerti endi sing bener lan endi sing luput, uga wis padha weruh yen tekane Prajurit Mataram iki arep ngluwari Padhukuhan Pelanggolan saka cengkeremane Paguron Tangen lan Paguron Ngampon, mula wis salumrahe yen wong-wong Grumbulan  padha melu nyengkuyung lekase Prajurit Mataram".

 

"Setan kowe Pelanggolan" Wasi Nagasekti sakala muntap, karo muni ngono kuwi siswa saka Paguron Patalan kuwi mencolot karo ngirimne dugangan ngarah lambunge Ki Gedhe Pelanggolan.

 

Nanging Ki Gedhe Pelanggolan luwih prayitna, tekane sikile Wasi Nagasekti sing ngarah lambunge dipapag nganggo dhengkul sing ditekuk munggah, dikuwati nganggo tangan loro sing ngamping-ampingi.  Tempuking kekuwatan antarane Wasi Nagasekti lan Ki Gedhe Pelanggolan, ndadekne Ki Pelanggolan kontal mundur telung jangkah, sauntara Wasi Nagasekti mencelat memburi watara limang jangkah lan meh wae ndadkne tiba klumah.

 

"Iblis tuwa ora kena dieman" karo grenengan Wasi Nagasekti tumuli nata kuda-kudane lan siyaga arep ngirim serangan maneh. Ki Pelanggolan ora gelem kalah, nuli nata adege, siyaga nempuh Nagasekti sing dipilih dadi mungsuhe ing paprangan esuk kuwi.

 

Sauntara iku, Ki Lurah Grumbulan saandhahane sarta para siswa Jatigrowong uga wiwit tumandang, para murid Paguron Tangen sing rumangsa wis dicidrani, banjur padha ngamuk nyolahne gegamane dhewe-dhewe nedya gawe cilakane wong-wong Grumbulan lan siswa-siswa Jatigrowong.  Ora suwe ing papan kono keprungu suwara rame sing campur adhuk dadi siji. Suwara pisuh, suwara sambat, suwara jerit wor lan suwara gegaman sing benthikan. Ki Gedhe Pelanggolan sing ngladeni tandange Wasi Nagasekti isih kober nglirik tandange siswa-siswane, jebul tandange para siswa Jatigrowong ora nguciwani, kanthi gampang bisa ngladeni solahe mungsuhe lan Ki Gedhe Pelanggolan rumangsa lega, jebul ngelmu kanuragane para siswane isih adoh manggon ing dhuwure mungsuh-mungsuhe. Mung siji sing ndadekne para siswa Jatigrowong rada kacipuhan, jalaran mungsuh-mungsuh sing diadhepi karo tandang padha ngetokne pisuhan sing lekoh lan saru, kang mangkono kuwi ndadekne siswa-siswa Jatigrowong padha gila lan keri kupinge.

 

Lan jebul meh kabeh murid Paguron Tangen kuwi karo perang lambene bola-bali ngetokne tembung saru lan lekoh, sing ora pantes diucapne. Kang mangkono mau ndadekne Prajurit Mataram sing ora kulina krungu tembung saru lan lekoh dadi risih, neng kupinge krasa keri merga krungu tembung sing nggegilani. Mula lakune perang sing dhasare wiwit kawitan wis wujud perang brubuh sansaya suwe dadi sansaya rusuh.

 

 

ana candhake.


Kamis, 03 Maret 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (097)

97.

Srengenge mangsa ketiga lagi wae njudhul saka jagad sisih wetan, sunare tumiba ing barisan wadya bala Mataram sing disalirani dhewe dening Pangeran Singasari minangka Senapati Agung. Maneka warna pratandha sing wujud rontek lan umbul-umbul sarta bandera kang manekawarna katon nambahi wibawaning barisan sing budhal menyang Paguron Tangen. Nalika kuwi lakune barisan Mataram wis meh tekan karo papan sing dituju, kari kira-kira kurang saka sewu depa. Pangeran Singasari tumuli aweh aba supaya barisan sing masang gelar Garudha Nglayang kuwi mandheg dhisik, nanging panggah ing kahanan prayitna lan siyaga.

 

"Ki Tumenggung Yudapati" Pangeran Singasari nimbali Tumenggung Yudapati sing uga jejer dadi salah siji saka senapati, sawise barisam Mataram kuwi mandheg "ndika wae sing mlebu menyang Paguron Tangen luwih dhisik, aweh kabar marang wong sing wani nganggo jeneng Panembahan Dewa Karkatha kuwi, yen dheweke katimbalan marak menyang Mataram bareng salaku ndika. Dene menawa dheweke selak lan wani ndaga dhawuh ndika, kuwi sing kena kangge pawadan Mataram ngrabasa Paguron Tangen".

 

"Sendika Gusti, kepareng bidhal lan nyuwun tambahing pangestu" wangsulane Tumenggung Yudapati, sing banjur ngeplak gigir jaran sing ditunggangi temah mlaku maju tumuju menyang regoling Paguron Tangen.

 

Sauntara kuwi, ing Paguron Tangen uga wis wiwit rame. Panembahan Dewa Karkatha sing wis nampa kabar saka prajurit sandine yen wadya bala Mataram wis nyedhaki pagurone, tumuli mrentah para andhahane supaya budhal mapagne. Panembahan Dewa Karkatha ora kepengin, pagurone klebon prajurit Mataram, mula kabeh andhahane banjur diprentah supaya mapagne tekane wadya bala saka Mataram ing jabane Paguron, kanthi mangkono papane luwih jembar lan luwih omber.

 

"Para sedulurku pandherek Trah Majapahit kabeh" kanthi suwara banter Panembahan Dewa Karkatha aweh  pambombong marang andhahane sing cacahe ewon kuwi "dina iki awake dhewe oleh dhawuh saka Sang Hyang Kala Mercu supaya mendem bangkene wong-wong Mataram sing nekad nglurug papan kene, aja ana sing padha tidha-tidha, ing paparangan iki ndika kabeh mesthi bakal menang. Mula murih getihe wong Mataram ora njejemberi bumi Paguron Tangen kene, luwih becik yen olehe nyirnakne wong-wong Mataram kuwi mapan ana sajabaning Paguron wae, Ngerti?".

 

"Inggih ngertos Panembahan" wangsulane para pangareping wadya bala saur manuk.

 

"Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga" Panembahan Dewa Karkatha nimbali puthut loro sing dadi  bau kanan keringe "ing peperangan mengko, panggah nggunakne rancangan sing wis tumata kanthi becik wingi kae, para siswa sing wis kapiji mangarsani barisan siswa-siswa liyane, para pangarsaning paguron sing saka Desa-desa lan padhukuhan mandhegani siswane dhewe-dhewe, kabeh kuwi dadi tanggung jawabmu sakloron".

 

"Nuwun inggih ngestokaken dhawuh Rama Panembahan" wangsulane Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga bebarengan .

"Aku, Adhi Panembahan Alit, Dhimas Wasi Nagasekti lan adhi-adhiku, Janggan Nagatingkir, Janggan Nagaluwing lan Janggan Nagaemprit, bakal mubeng-mubeng ngiteri paprangan nggoleki senapati pethingane Mataram. Yen Si Singasari temenan melu budhal, kuwi sing arep tak adhepi dene liyane bisa diadhepi karo sing wis tak sebutake mau" kandhane Panembahan Dewa Karkatha nutugne rembuge "aku percaya, yen Singasari wis dadi bathang semono uga para senapati liyane uga wis padha mati, prajurit Mataram mesthi bakal pasrah bongkokan kabeh".

 

"Kawula nuwun inggih Rama Panembahan" wangsulane Puthut Jayandaga "samangke kaparenga kula ngrumiyini mbidhalaken prajurit medal saking Paguron mriki".

 

"Ora murih nambahi bombonge para siswa kabeh, aku lan Adhimas Nagasekti sing ndhisiki metu liwat gapura ngarep" wangsulane Panembahan Dewa Karkatha "lan minangka pandhereking miyosku, tak prentahne marang Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lurah Grumbulan supaya ngerigne prajurit lan siswa-siswane minangka cucuking jurit bareng karo lakuku".

 

"Inggih sendika Ki Gedhe Tangen" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Sebutan Ki Gedhe Tangen wis ora ana Ki Gedhe Pelanggolan" Panembahan Dewa Karkatha mencereng nyendhu guneme Ki Gedhe Pelanggolan "sing ana Panembahan Dewa Karkatha, senapati agung barisan Trah Majapahit sing kapiji dening Rama Panembahan Nagawilis ya Panembahan Nagajiwa sing madeg ing Patalan".

 

Ki Gedhe Pelanggolan meneng ora semaur maneh, mung batine ngguyu dhewe. Mau olehe nyebut jeneng Ki Gedhe Tangen, ora merga lali, nanging pancen disengaja murih Panembahan Dewa Karkatha kuwi muring, pranyata muring tenan sanajan ora nganti misuh-misuhi dheweke.

 

"Wis, saiki ayo prentahna marang andhahanmu Jayantaka supaya nabuh bendhe minangka tandha budhale wadya ngetutne lakuku" Panembahan Dewa Karkatha tumuli prentah marang Puthut Jayantaka lan banjur jumangkah  budhal metu saka Paguron Tangen arep mapagne wadya bala saka Mataram. Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lurah Kuwera tumuli aweh sasmita marang prajurit Grumbulan lan siswa-siswa Jatigrowong supaya budhal nututi Panembahan Dewa Karkatha, lan ora lali karo prentah supaya ngalungnme janur kuning sing wis disiyagakne wiwit wingi ing gulune dhewe-dhewe.

 

Sanadyan wis dirancang lan ditata, jebule para siswa saka Paguron Tangen mligine sing saka njaba paguron padha ora mudheng karo prentahe Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga sing dikandhakne lumantar para murid sing wis dipercaya minangka bawahane Puthut Loro kuwi. Ngerti nek Panembahan Dewa Karkatha wis budhal metu saka paguron, wong-wong kuwi ora ngenteni diprentah pangarepe banjur budhal nututi lakune Panembahan Dewa Karkatha, Panembahan Alit lan Wasi Nagasekti sarta murid-muride Panembahan Nagajiwa sing bareng karo Panembahan Dewa Karkatha. Malah saking cepete nggone obah, wong-wong mau nganti rebut gancang karo lakune prajurit Grumbulan lan siswa-siswa Jatigrowong. Pancen sajake murid-murid sing saka njabaning Paguron Tangen kuwi duwe karep kepengin tansah cecaketan karo Panembahan Dewa Karkatha.

 

Lekase murid-murid sing ora manut tatanan kuwi jebul ditiru dening murid-murid liyane, klebu murid-murid sing sinaune ing jerone Paguron Tangen. Mula Gelar sing wis dirancang lan diprentahne dening Panembahan Dewa Karkatha yen Wadyabala saka Paguron Tangen kuwi pasang gelar Dirata Meta, dadi bubrah . Sing ana malah ora akeh bedane karo gelare wong-wong ndesa sing lagi budhal menyang bengawan merga arep golek iwak nalika bengawane pladhu merga tekane banjir kapisan ing mangsa labuh.

 

Panembahan Dewa Karkatha , Panembahan Alit Dewa Danu, Wasi Nagasekti lan pandhereke sing  ora ngerti nek andhahane jebul ora bisa ngenggoni gelar sing ditetepake kuwi ora mandheg olehe mlaku, malah sing digoleki Panembahan Dewa Karkatha ya kuwi Ki Gedhe Pelanggolan karo Lurah Kuwera. Pancen Panembahan Dewa Karkatha duwe karep kaya sing dijaluk dening Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lurah Grumbulan, ya kuwi mapanake barisan Prajurit Grumbulan lan barisan Paguron Jatigrowong ing ngarep dhewe. Panembahan Dewa Karkatha duwe gagasan sepisan kepengin weruh sepira kadibyane barisan loro kuwi, kapindho upama kudu ana kurbane paprangan, yen sing luwih dhisik dadi kurban kuwi prajurit Grumbulan utawa siswa-siswa Jatigrowong, temen ora pati ndadekne kapitunane Panembahan Dewa Karkatha.

 

"Ki Gedhe lan Ki Lurah" kandhane Panembahan Dewa Karkatha sawise wong loro sing digoleki kuwi sumusul mlaku ora adoh saka papane "aja adoh-adoh karo aku!. nDika wong loro wis padha saguh dadi pucuking jurit, mengko yen kepethuk mungsuh ing palagan aja nganti gawe wirangku!"

 

"Inggih sendika" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan karo mesem semu ngece "Ki Gedhe Tangen sampun kuwatos, mboten-mboten menawi kula kalih tiyang-tiyang kula badhe damek kuciwaning penggalih ndika".

 

"Setan kowe Ki Gedhe Pelanggolan" Panembahan Dewa Karkatha misuh lirih, atine rumangsa gela merga sepisan maneh Ki Gedhe Pelanggolan olehe ngundang jenenge nganggo sebutan "Ki Gedhe Tangen".

 

"Eh, nyuwun pangapunten Ki...eh... Panembahan" Ki Gedhe Pelanggolan api-api rumangsa luput "kula kesupen, menawi Ki Gedhe tangen sampun boten wonten, ingkang wonten Panembahan Dewa Karkatha, sepisan malih nyuwun pangapunten Panembahan".

 

Panembahan Dewa Karkatha ora semaur, mripate lagi nyawang mengarep, ora adoh saka papane ana wong numpak jaran sing dumadakan mandheg banjur nginger jarane lan digebrag mlayu bali ora nutugne lakune.

 

Satemene sing diweruhi Panembahan Dewa Karkatha kuwi mau ora liya Tumenggung Yudapati sing maune arep menyang Paguron Tangen, ngabari Panembahan Dewa Karkatha yen katimbalan dening Panembahan Senapati saiki uga. Nanging bareng Tumenggung Yudapati sumurup akehing wadya sing mapagne tekane, salah siji saka senapati Mataram kuwi mbalik, arep matur marang Pangeran Singasari yen perang wis arep diwiwiti tanpa nganggo penget apa-apa.

 

 

ana candhake.

 

Selasa, 01 Maret 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (096)

96.
Satemene Pangeran Singasari ora pati percaya karo critane Ki Lasma sing keri dhewe iki, ya iku ngenani Ki Tanparupa, sing jarene bisa ngambah jagad cacah sanga kuwi. Pangeran Singasari uga duwe pangira yen satemene ana kekuwatan liya sing bisa uga ing mbesuke bakal dadi klilip tumrap Mataram, ya iku kekuwatane sing jarene Ki Lasma siswane Ki Tanparupa kuwi. Wektu iki pancen isih durung ngatonake yen satemene klilip tumrap Mataram,  jalaran cara pamor ngono isih kalah karo pamore Paguron Tangen, mula wong sing ngaku muride Ki Tanparupa kuwi luwih dhisik kepengin nyingkirne Pagurpon Tangen, lan mengko mbaka sethithik bakal nata kekuwatan kaya Paguron Tangen sing saiki iki. Mula Pangeran Singasari duwe panemu, dheweke kudu  sepira kekuwatane murid Ki Tanparupa sing jarene arep aweh pangayoman marang prajurit Grumbulan lan siswa-siswa jatigrowong kuwi.

 

"Mengko dhisik Ki Lasma" Pangeran Singasari banjur nakoni Ki Lasma "banjur cacahe wong-wong sing ngaku muride Ki Tanparupa kuwi pira? apa luwih akeh tinimbang cacahing prajurit Grumbulan katambah siswa-siswane Ki Gedhe Pelanggolan? lan saiki padhepokane Ki Tanparupa kuwi ngendi?".

 

"Nyuwun pangapunten Gusti" wangsulane Ki Lasma alon "iKi Tanparupa menika boten cetha menggah padhepokanipun wonten pundi, dene siswanipun Ki Tanparupa ingkang badhe ngayomi Prajurit Grumbulan miwah siswa-siswa saking Jatigrowong menika namung tiyang kalih?"

 

"Mung wong loro?" Pangeran Singasari njengkerutne bathuke mratandhani ora pati mudheng karo sing dikandhakne Ki Lasma mau.

 

"Inggih Gusti" Ki Lasma aweh wangsulan "sanaosa namung tiyang kalih, nanging sedaya tiyang ing Grumbulan lan siswa-siswanipun Ki Pelanggolan, kalebet kula sampun mangertos bilih tiyang kalih kala wau kagadhuhan ngelmi kanuragan ingkang sakalangkung ngedab-edabi, menawi namung mengsah tiyang limrah cacah satus saben tiyang setunggalipun, boten badhe siswanipun Ki Tanparupa menika ngucireng yuda.  Titiyang ing Grumbulan ugi sampun nate sumerep kekalihipun menika ngangge dolanan gegedhugipun Paguron Tangen nenggih Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga ingkang sasampunipun puthut kekalih boten kiyat ngglawat nunten katilar manjing alam sanes, mila lajeng Puthut kekalih gadhah dudutan bilih kekalihipun menika titah ingkang kalebet bangsa lelembat, nanging sareng dipun aturaken dhateng Panembahan Dewa Karkatha, Panembahan Dewa Karkatha nunten paring dhawuh bilih tiyang kalih menika Dewa saking Kahyangan sapukawatipun Sang Hyang Kala Mercu".

 

"Aneh" Pangeran Singasari guneman kaya mung kanggo awake dhewe, banjur karo suwara alon Pangeran Singasari bali takon "mosok nek ndika ora ngerti sapa jenenge muride Ki Tanparupa loro kuwi Ki Lasma? lan omahe ngendi?".

 

"Saestu kula boten wantun nyebat asamanipun tiyang kalih kala wau" wangsulane Ki Lasma "namung kemawon kula nate mireng kekalihipun ngaken menawi griyanipun ing dhusun Jurug saleripun Kitha Pajang lan ing wekdal menika nembe nuruti pikajengan kepengin nurut ilinipun benawi Uluayu, anggenipun mampir lan kendel ing Grumbulan awit dipun cegat dening Ki Lurah Grumbulan ingkang nampi sasmita gaib ingkang wosipun Dhusun Grumbulan badhe saged luwar saking pangwaosipun Paguron Tangen miwah Paguron Ngampon menawi dipun tulungi dening siswanipun Ki Tanparupa ingkang nembe nglampahi tindak lelana nurut ilining toya bengawan".

 

Dumadakan Pangeran Singasari kelingan marang pulunane dhewe ya iku Raden Rangga sing wektu iki lagi nindakne laku pangumbaran, malah ya Raden Rangga sing wis aweh kabar marang Patih Mandaraka yen Panembahan Dewa Karkatha ing Paguron Tangen nindakne laku mbalela. Apa sing diarani  dening Ki Lasma muride Ki Tanparupa kuwi Raden Rangga?.

 

"Saiki aku arep takon babagan liya Ki Lasma" Pangeran Singasari tumuli arep nocogake critane Ki Lasma bab muride Ki Tanparupa kuwi karo pulunane, Raden Rangga sing nadyan isih timur nanging duwe kasekten sing sok nganeh-anehi "coba ndika wangsuli kanthi blaka".

 

"Gusti Pangeran badhe mundhut pirsa prakawis menapa?" Ki Lasma genti takon .

 

"Layang sing ndika lan Ki Pelanggolan aturake marang Siwa Mandaraka wingenane kae, jarene saka Rangga? lha saiki pulunanku Rangga kuwi ana ngendi? Tau kepethuk karo muride Ki Tanparupa sing ndika critakne kuwi mau apa ora?" Pangeran Singasari nggenahne sing dadi pitakone.

 

"Nyuwun pangapunten Gusti" Ki Lasma wangsulan, rada bingung olehe arep nata ukara, jalaran Ki Lasma tau diweling dening Rangga lan Marga supaya aja nganti ana wong Mataram sing ngerti yen Rangga lan Marga isih ana Grumbulan. Sanadyan Rangga tau ngaturake nawala marang Patih Mandaraka nanging Rangga tau kandha yen satemene Rangga ora gelem kepethuk karo wong Mataram  ing wektu saiki. Kamangkja mau Ki Lasma wis kebacut crita bab siswane Ki Tanparupa marang Pangeran Singasari, mula Ki Lasma banjur nggagas arep aweh wangsulan sing sipate dora sembada, tegese sanadyan satemene goroh nanging goroh sing ana gunane lan ora gawe kapitunane sapa wae.

 

"Iya piye Ki Lasma?" Pangeran Singasari wiwit ora sabar ngenteni wangsulane Ki Lasma sing wiwit mau mung meneng sawuse njaluk pangapura.

 

"Menawi Gusti Pangeran ndangu dhateng kula Raden Rangga samangke wonten pundi, saestu kula boten saged matur menapa-menapa jalaran kula kepanggih kalih Raden Rangga menika inggih nembe sepisan nalika badhe kautus ndherekaken Ki Gedhe Pelanggolan dhateng Mataram lan  sasampunipun kula bidhal ndherekaken Ki Pelanggolan kala samanten dugi sapriki dereng nate panggih malih, malah dhawuh wangsulan saking Gusti Patih nalika samanten dumugi sapriki inggih dereng dipun aturaken dhateng Raden Rangga, dados kula babar pisan boten saged atur wangsulan saking pandangunipun Gusti Pangeran menika kala wau" kanthi teteh Ki Lasma aweh wangsulan sing satemene mung dora sembada.

 

Pangeran Singasari bisa nampa karo wangsulane Ki Lasma sing satemene ngayawara kuwi, jalaran Pangeran Singasari wis pana banget karo wewatakane Raden Rangga sing kerep seneng tumindak sing aneh lan neka-neka. Pancen sing dikandhakne Ki Lasma mangkono mau luwih bisa kedadean temenan jalaran pancen Rangga kuwi bocah sing aneh lan luwih kerep tumindak sing aneh-aneh katimbang tumindak sing lumrah.

 

"Yen mangkono bisa diarani nek Pulunanku nsi Rangga babar pisan ora ana sambung rapete karo muride Ki Tanparupa sing ndika critakne mau Ki Lasma?" wekasan Pangeran Singasari takon .

 

"Nyuwun pangapunten Gusti" wangsulane Ki Lasma "babagan menika kula saestu boten saged atur wangsulan, jalaran ingkang kula ngertosi Raden Rangga menika priyagung ingkang aneh makaten ugi kalih siswanipun Ki Tanparupa kekalih menika kala wau, ingkang ugi kagungan sipat ingkang sakalangkung aneh, sanadyan kula pitados dugi sapriki tiyang kalih wau taksih mapan ing sakupengipun Padhukuhan Grumbulan utawi Pelanggolan, nanging pundi papan ingkang kinarya palereman kula piyambak inggih dereng mangertos".

 

"Iya, iya Ki Lasma anggonku takon marang ndika tak cukupi semene dhisik, mbok menawa ing wektu sing seje aku bakal takon lan njaluk tetimbangan marang ndika" Pangeran Singasari mungkasi nggone ndangu marang Ki Lasma, banjur disusul aweh prentah marang para Tumenggung sing lagi padha ngadhep :

 

"Kadang Tumenggung kabeh, sawuse aku rembugan karo Ki Lasma sing ndika kabeh uga padha melu ngrungokne, saiki aku minangka senapati agung aweh prentah marang ndika kabeh, sesuk esuk mbarengi bang-bang wetan wiwit katon budhalna kabeh wadya bala Mataram aja ana sing kecicir, kabeh budhal ngrabasa Paguron Tangen. Dene gelaring baris nbakal tak dhawuhake sesuk sawise prajurit siyaga budhal".

 

"Nuwun inggih sendika ngestokaken dhawuh Gusti" wangsulane para Tumenggung bebarengan.

 

Lan sadurunge tetemon kuwi dibubarake, Pangeran Singasari padha ora ngerti yen satemene Ki Lasma wis ora katon ing papan sing dilungguhi mau. Wong-wong kuwi lagi krasa lan ngerti sawuse ana suwara sing tanpa rupa :

 

"Nyuwun pangapunten Gusti, kula abdi paduka pun Lasma kepareng wangsul dhateng barisanipun Ki Gedhe Pelanggolan malih, namung atur uninga benjing menawi sampun peperangan kawiwitan, mugi kauningan bilih sedaya prajurit Padhusunan Grumbulan miwah siswa-siswa saking Jatigrowong sami ngangge kalung janur kuning minangka tandha. Sepisan malih abdi paduka pun Lasma ngaturaken gunging panuwun saha nyuwun pangaksami".

 

Pangeran Singasari ora wangsulan mung lathine katon mesem mratandhani yen ora duka karo lekase Ki Lasma sing rada tumindak degsura.

 

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (095)

95.

Pangeran Singasari gedheg-gedheg ketang olehe eram krungu tembung-tembung sing diucapne dening Ki Lasma sing kanthi titis bisa ngandhakne keuwatane Paguron Tangen apa dene Prajurit Mataram. Kang mangkono kuwi nyata yen Ki Lasma nyata dudu wong sing mung sabaene, kajaba mau wis nuduhake kaluwihane sing bisa manjing alam palemunan sing ora bisa diambah nganggo pandulune Pangeran Singasari lan para Tumenggung sing ana kono, saiki kawuwuhan Ki Lasma bisa nuduhake kekuwataning mungsuh kang sabenere, luwih tliti tinimbang prajurit sandi sing kajibah ngukur kekuwataning mungsuh, malah ora mung bisa nuduhake kekuwataning mungsuh wae, nanging klebu bisa ngetung kanthi jangkep ora ana kang kacicir sepira cacahe prajurit sing dibudhalake saka Mataram. Mula Pangeran Singasari sing padatan duwe sipat sarwa rumangsa luwih bener lan luwih tliti tinimbang wong liya, ora krasa wiwit duwe rasa kapencut marang Ki Lasma, sanajan mung wujude wong ndesa parandene duwe kaluwihan sing angel dijajagi mungguh sepira jerone ngelmu kang sinimpen ana kedhunge.

 

"Mengko dhisik Ki Lasma" Pangeran Singasari ngendika kanthi suwara sing sareh "ndika kanthi patitis bisa ngetung kekuwataning Paguron Tangen lan kekuwataning prajurit Mataram iki temen-temen wis gawe eram sajroning atiku. Nganggo cara apa dene ndika bisa milang cacahe prajurit kanthi cepet lan tliti mangkono mau?".

 

"Nyuwun pangapunten Gusti" wangsulane Ki Lasma prasaja "estunipun kula menika sampun radi dangu dados bangsa prayangan, nembe watawis kirang setunggal wulan menika pikantuk pitulungan karuwat dening siswanipun Ki Tanparupa temah saged wangsul dados manungsa malih. Anggen kula ngetang cacahipun titiyang Tangen menapa dene prajurit Mataram ingkang ndherekaken Gusti kula Kanjeng Pangeran Singasari menika inggih mawi caranipun bangsa prayangan daos ambok bilih radi benten kalih ingkang aring dipun ginakaken dening prajurit sandi. Makaten ugi kala wau Gusti, kula inggih ngertos menawi Gusti kula Pangeran Singasari lan para Gusti Tumenggung kala wau sampun ngulat-ulati kula mawi aji Palemunan, nanging gandheng kula boten mapan ing alam palemunan nanging mapan ing alam prayangan, inggih nyuwun pangapunten menawi Gusti Pangeran Singasari boten saged mirsani kula, awit ingkang dipun pirsani dede papan ingkang kula panggeni".

 

"Iya, iya" Pangeran Singasari sansaya kasengsem krungu wangsulane Ki Lasma sing prasaja kuwi, mula banjur nutugne olehe takon "Apa ndika mau uga wis krungu apa sing dadi rembug antarane aku karo para kadang Tumenggung mau Ki Lasma?".

 

"Lepat nyuwun pangapunten Gusti" wangsulane Ki Lasma "sanadyan estunipun kula boten niyat nedya nguping, nanging kula kapeksa mireng sedaya ingkang dipun ngendikakaken para Gusti Tumenggung kalih Gusti kula Pangeran Singasari kalawau. Inggih awit kula mireng ingkang dipun rembag, temah kula kumawantun munjuk atur kanthi milang saha nimbang kekiyataning Paguron Tangen saha kekiyataning prajurit Mataram, murih saged kinarya tetimbangan dening Gusti kula Pangeran Singasari, siyos utusan dhateng Kutha Gedhe mundhut tambahan prajurit dhateng Raden Panji Jayatsena menapa boten".

 

"Matur nuwun Ki Lasma" Pangeran Singasari mesem, atur ndika kuwi mau mesthi bakal tak dadekne tetimbangan sadurunge aku mutusake perkara iki".

 

"Menawi atur kula boten pas, saestu kula nyuwun pangaksami Gusti" wangsulane Ki Lasma kurmat.

 

"Ora ana sing luput saka atur ndika kuwi mau Ki Lasma" Pangeran Singasari mangsuli, banjur ditutugne genti ngendika marang para Tumenggung sing lagi padha eram marang Ki Lasma "para Kadang Tumenggung kabeh, aku percaya karo sing dikandhakne Ki Lasma iki mau mligine ing bab cacahing prajurit saka Paguron Tangen. Mula bener apa sing dikandhakne dening prajurit sandi, kekuwatane Paguron Tangen watara sewu rong atus prajurit, nanging miturut panyawange Ki Lasma cacah semono mau sing wis prigel nyekel gegaman kira-kira mung wong wolung atus, sauntara kekuwatane awake dhewe katambah prajurit grumbulan lan siswa-siswane Ki Gedhe Pelanggolan gunggung kepruk ana sangangatus pitung puluh loro, kabeh wis padha prigel ulah gegaman. Saiki piye panemu ndika kabeh apa sida kongkonan menyang Kutha Gedhe apa ora?".

 

"Nyuwun pangapunten Gusti" Tumenggung Tirtakusuma sing mau ngaturake pamrayoga supaya nambahi kekuwataning prajurit, sing dhisik dhewe wangsulan "menawi ningali cacah saha kawontenan ingkang makaten kala wau kula kinten mila sampun radi timbang, dados borong dhumateng Gusti Pangeran Singasari siyos nimbali Adhi Panji Jayatsena menapa boten?".

 

"Wangsulan ndika sing kaya mangkono kuwi malah ndadekne aku mikir wae Tumenggung Tirtakusuma" sanajan karo srengen olehe aweh wangsulan, nanging suwarane Pangeran Singasari ora keprungu sereng kaya wong sing lagi aweh srengen "upama Dhimas Pangeran Demang Tanpa Nangkil ana kene ngono, kira-kira aku ora bingung mikir, dheweke mesthi wis bisa aweh wangsulan lan putusan sing pas magepokan karo prakara iki, nanging Dhimas Demang Tanpa Nangkil kira-kira tekane kene lagi mengko utawa sesuk, apa prayogane ngenteni tekane Dhimas Demang Tanpa Nangkil luwih dhisik?".

 

"Nyuwun pangapunten Gusti" Tumenggung Yudapati sing wiwit mau mung meneng karo ngrungokne, dumadakan genti guneman.

 

"Iya ana panemu piye Ki Tumenggung Yudapati?" Pangeran Singasari takon.

 

"Boten ateges nyingkur dhateng Gusti Demang Tanpa Nangkil" Tumenggung Yudapati nutugne guneman "kula kinten boten wonten awonipun menawi Gusti Pangeran mundhut pamanggih saking Ki Lasma, dene ingkang dados wewaton atur kula menika, ngemuti bilih nuwun sewu, Ki Lasma menika sakalangkung pana ing babagan ingkang boten kasat mripat, kajawi saking menika kala wau Ki Lasma sampun ngandharaken bilih siswa saking paguron Jatigrowong menika ingkang kalebet bangsa siluman utawi bangsa prayangan wonten setunggal atus seket kepara langkung, mangka miturut pamanggih kula bangsa siluman utawi bangsa prayangan kala wau nggadhahi kalangkungan katimbang manungsa limrah".

 

"Aturmu bisa tak tampa Ki Tunmenggung Yudapati" Pangeran Singasari aweh wangsulan karo ulat sing bingar, banjur genti ngendika marang Ki Lasma "ndika wis krungu panemune Tumenggung Yudapati sing ngandhakne yen bangsa siluman utawa bangsa prayangan kuwi duwe kaluwihan tinimbang manungsa lumrah, lan panemu kang mangkono kuwi padha karo sing dadi pangiraku. Saiki aku njaluk marang ndika Ki Lasma coba ndika genahne bener utawa orane panemune Ki Tumenggung Yudapati iki mau? Lan ngiras pantes aku njaluk panemu ndika, aku prelu utusan bali menyang Kutha Gedhe apa ora?".

 

"Makaten inggih Gusti" Ki Lasma matur kanthi sareh "estunipun boten leres menawi bangsa prayangan menika langkung trampil tinimbang manungsa limrah, ketitik para prayangan ingkang kepengin saged pulih dados manungsa malih menika sami masrahaken anak putunipun murih sinau dhateng manungsa inggih menika Ki Gedhe Pelanggolan, sanajan suwaunipun Ki Gedhe menika ugi nate dados titah setengah jim. Namung kemawon mugi kauningan, bangsa prayangan utawi setengah prayangan menika menawi udur lan kerengan kalih tiyang limrah, menawi kepepet saged ngambah ing alamipun ingkang boten saged dipun dulu dening tiyang limrah, kajawi titiyang ingkang sampun saged ngambah alaming prayangan, kamangka bangsa prayangan kala wau kanthi gampil saged nyumerepi sedaya solah bawaning mengsahipun, pramila kula pitados menawi namung dipun jilu utawi jipat dening siswanipun Ki Gedhe Tangen utawi Panembahan Dewa Karkatha, para siswanipun Ki Gedhe Pelanggolan ingkang bangsa prayangan boten badhe kawon. Kajawi saking menika, estunipun kekiyataning prajurit Mataram kajawi ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, taksih wonten malih kekiyatan ingkang sesingidan nanging boten badhe negakaken para siswanipun Ki Gedhe Pelanggolan menapa dene prajurit saking Grumbulan, malah ingkang kula aturaken ingkang kantun piyambak menika ugi sampun ngendika menawi badhe ngayomi prajurit Grumbulan lan siswa saking Jatigrowong murih boten wonten setunggal-setunggala ingkang gugur dados tawuring perang. Dados inggih kantun sumangga Gusti Pangeran Singasari kados pundi murih prayogining lampah".

 

"Mengko dhisik Ki Lasma" Pangeran Singasari njengkerutne bathuke sajak durung bisa nampa apa sing dadi ature Ki Lasma "ndika ngandhakne nek ana kekuwatan sing sesingidan lan malah wis kandha yen arep ngayomi kabeh prajurit Grumbulan lan siswa Jatigrowong, kuwi sapa?".

 

"Lepat nyuwun pangapunten Gusti" Ki Lasma wangsulan alon "kula boten dipun keparengaken criyos utawi matur dhateng sok sintena kemawon, sinten asmanipun kekiyatan ingkang sesingidan menika, namung kemawon kula wantun matur ing ngarsanipun Gusti Pangeran Singasari mawi pralambang, inggih menika kekiyatan kala wau siswanipun Ki Tanparupa".

 

"Ki Tanparupa? Sapa kuwi? Aku kaya wis nate krungu jeneng kuwi, nanging aku durung ngerti sapa satemene Ki Tanparupa kuwi?"  Pangeran Singasari takon maneh.

 

"Nyuwun pangapunten Gusti" wangsulane Ki Lasma "ingkang kula ngertosi, Ki Tanparupa menika titahing Allah ingkang sampun nampi nugraha saged ngambah alam sanga, wonten ingkang mastani panjenenganipun menika mitranipun Sang Hyang Taya nenggih utusanipun Dzat Kang Tan Kena Kinaya Apa ing tanah jawi, wonten malih ingkang mastani sedherekipun Sang Hyang Ijo utawi kanjeng Bagindha Kilir, nanging kula ugi boten saged ngaturaken leres menapa botenipun, awit wewarah ingkang kula tampi saking guru kula duking uni, Ki Tanparupa menika namung titah limrah nanging kagadhuhan ngelmi saged ngambah jagad cacah sanga kala wau".

 

 

ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...