Total Tayangan Halaman

Sabtu, 26 Maret 2022

SLENDHANG KUNING (02)


 2.

Mudhun saka Bus Sodik kepethuk karo Munir sedulur nakdulure, nanging mung padha esem-eseman thok minangka tandha sapa aruhe, ora merga piye-piye mung sabab merga Sodik kesusu selak mudhun sauntara Munir kesusu arep munggah melu nunut bus sing mau ditumpaki Sodik. Bareng karo Sodik mudhun saka dalan aspalan arep mlaku menyang papan penitipan sepedhane, bus sing mau ditumpaki wis adoh olehe mlayu. Karo mesam-mesem minangka wangsulan marang Tukang Ojek sing padha ngrubung ngetutne lakune, Sodik bablas menyang penitipan sepedha.

 

"Mbeta pit piyambak kok Mas" kandhane Sodik marang para Tukang Ojek sing ora marem mung disauri karo esem lan tembung "boten". Lagi bareng diwangsuli mangkono kuwi mau Tukang-Tukang Ojek lagi gelem padha sumingkir ngalih. Tekan nggon penitipan sepeda, Sodik ora kesusu mlebu njupuk pit montor sing dititipne neng kono. Nanging malah mapan lungguh neng dhingklik dawa sing diselehne dening sing duwe neng ngarep omah sisihe lawangan mlebu. Ngrogoh sak ngetokne rokok karo korek. Sodik wiwit nyedhot rokoke, olehe ngempet rasa kepengin udut wis rada suwe. Pas neng omahe mBakyune olehe udud ndadak kudu metu saka omah rada adoh, ben ora kaweruhan Ririen, mBakyune utawa Kahar, kangmase ipe. Merga wong loro kuwi, banget olehe ora seneng nek ngerti Sodik ngrokok. Lumrah wong Ririen kuwi Dosen neng FKIP lha Kahar kuwi dokter neng Rumah Sakit PKU.  Ketambahan mau sing ditumpaki Bus sing nganggo AC, dadi ya ora bisa ngrokok. Mula bareng wis mudhun saka Bus, olehe ngrokok jan dikepenakne tenan ngana kae, ora kesusu njupuk sepedha motor sing dititipne banjur bablas mulih menyang omahe.

 

"Lho sampun kundur ta Mas?" lagi wae Sodik ngematne enake pega udut tanpa weruh sangkan parane, Pak Kawit sing duwe titipan sepedha wis linggih neng sisihe karo takon "lha keng Ibu pundi?".

 

"Nembe mawon Pak Kawit, sareng Eka niku wau napa?" wangsulane Sodik karo noleh nyawang Pak Kawit "Ibu taksih kantun dhateng Yogya".

 

"O enggih, paling Bu Kaji taksih dereng mantun kangene kalih wayah-wayahe"  kandhane Kawit sabanjure. Pancen wong sing wis kulina srawung karo kulawargane Sodik ki nek ngarani Ibune Sodik akeh sing nganggo tembung Bu Kaji, merga sawargi Pak Ali, bapake Sodik karo Bu Siti, Ibune Sodik, pancen wis tau ngibadah Haji sadurunge Sodik lahir biyen.

 

"Pinten Pak? Sedinten kalih sedalu lho?!?" Sodik takon karo ngelungne dhuwit limang ewon marang Kawit sing wis nuntun pit motore Sodik menjaba.

 

"Biasa Mas, sekawan ewu" wangsulane Kawit karo nampani dhuwit sing dilungne Sodik "sekedhap nggih?  susuke kula pendhetne riyin".

 

"Sampun Pak Kawit, matur nuwun" wangsulane Sodik karo mapan lungguh nyetater pit motore.

 

"Nggih sampun, matur nuwun lho Mas" Pak Kawit ngaturne panuwune.

 

Ora let suwe Sodik ya banjur wiwit nggelak sepedhane  tumuju omahe. Olehe mlaku blas ora banter, wong disambi karo ngrokok. Lagi bareng rokoke wis entek lan uthise dibuwang neng pinggir ratan, olehe ngepit Sodik rada dibanterne. Nanging ya ora banter kaya lumrahe bocah-bocah nom numpak pit motor ngana kae.

 

Karo numpak pit motore, dumadakan Sodik kelingan Waginem, bocah wadon sing mau lungguh neng sisihe wiwit saka Sala nganti tekan Sidowayah. Ana rasa aneh sing nggremet ing jero dhadhane Sodik, nadyan mung tepung neng dalan, nanging ana rasa aneh ing atine Sodik marang bocah wadon sing omahe Ngawi kuwi mau. Nek rupane pancen ya keneng diarani ayu, nanging jaman saiki apa ana ta bocah wadon sing ora ayu?. Nyandhang nganggone sing prasaja nanging mantesi, tembung-tembunge sing alus lan grapyak, slaga lan tingkahe yen rembugan olehe katon sopan lan ruruh, ndadekne Sodik kasengsem. Ora krasa karo nyetir pit motore Sodik mesem dhewekan.  Satleraman wewayangane Waginem bali ngaton ana angen-angene, disusul karo wewayangane Ririen, mBakyune sing mau bengi rada taneg olehe ngajak jagongan dikancani Kahar sisihane.

 

"Umurmu saiki iki wis ngancik telung puluh lho Dik" kandhane Ririen mau bengi "dadi aja mbok anggep isih nom wae. Kowe kuwi wis wayahe mikir golek sisihan, aja nganti ketuwan olehmu arep rabi. Mesakna anak-anakmu mbesuk".

 

"Iya Yu, tak ndang golek sisihan" wangsulane Sodik karo mesem "ning ya kudu sabar, wong jenenge tekane jodho kuwi ora kena didadak, kabeh mung manut purbane sing ngecet lombok".

 

"Alaah, kowe kuwi saben-saben dielingne supaya ndang mikir golek bojo, mesthi wangsulanmu ngono kuwi" kandhane Ririen sabanjure "apa kowe durung bisa nglalekne si Susi? apa malah kebacut jinja banjur mbok gebyah uyah padha asine, kabeh bocah wedok mbok anggep padha karo dheweke?. Aja kaya ngono kuwi ya Le, emanen awakmu dhewe, apa kowe ki ora mesakne Ibu sing wis kepengin banget direwangi olah-olah neng pawon karo mantune?".

 

"Yu Rien ki kok ya bisa wae lho?" Sodik wangsulan karo ngguyu "aku iki blas wis ora kelingan karo tilasane Munir sing saiki lunga nyang luwar negeri kae, malah aku rak ya wis bola-bali kandha nek aku pedhot karo Susi jaman semana kae, ora musibah nanging malah kepara oleh berkah, dadi tak jaluk Yu Rien aja nyebut-nyebut bab bocah kae maneh, ora becik.  Jane aku ki ya kepengin banget bisa gawe renane penggalihe Ibu sing  saben-saben tansah dhawuh supaya aku iki enggal omah-omah, nanging ya kuwi mau Yu, jenenge siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima kanugrahan kuwi kabeh karegem ana pangwasane Gusti. Rak ya ngono ta Mas?" Sodik genti nyawang marang Kahar, kangmase Ipe.

 

"Kuwi bener Dhik Sodik" wangsulane Kahar karo mesem "pancen ana unen-unen, gegarane wong akrami kuwi dudu bandha dudu rupa, amung ati pawitane, yen gampang luwih gampang, yen angel-angel kelangkung. Nanging saben wong sing isih legan, kuwi kasampiran nduweni panjangka supaya ing mbesuke bisa nuwuhake turun, lha sranane kudu omah-omah. Dadi bisane omah-omah kuwi kena diarani panjangka, lha bisane kasembadan panjangkane kudu dijangkah, ora mung meneng ora obah".

 

"Rungokna kuwi Dik" Ririen numpangi rembug "kowe kuwi kudu mbudidaya murih enggal bisa ndang oleh jodho, ora kok mung ketungkul mikir gaweyan banjur lali sembarang kalire ngono kuwi. Gajege kowe biyen sadurunge iki ya tau mbudidaya nyedhaki Susi sanajan wekasane sambunging atimu karo Susi banjur bubrah ora nggenah, nanging kowe ora bisa selak nek kowe tau duwe rasa tresna marang bocah wadon. Lan saiki, sing luwih baku, kowe kudu luwih pinter ngandhani rasamu, neng donya sing jembare ora winates iki, bocah wadon kuwi cacahe akeh banget, dadi ya ora mung Susi dhewe, uga merga cacahe wong wadon sing tanpa wilangan akehe, watak, wantu lan tekune mesthi wae dhewe-dhewe, ora kabeh kaya Susi. Kuwi kowe kudu ngerti".

 

"Iya, iya Yu" Sodik wangsulan sareh "aja kuwatir, ya tulung atune Ibu, nek aku arep mbudidaya nggoleki bocah wadon sing gelem tak dadekne jodhoku, ora liwat aku nyuwun tulung Mas kahar karo Yu Rien, tulung aku dibantu donga, muga-muga Gusti Allah paring kasembadan marang apa sing dadi panjangkaku".

 

"Iya Dhik Sodik" Kahar luwih dhisik wangsulan "tak dongak-dongakne muga-muga jodhone Dhik Sodik enggal ketemu. Aamiin".

 

"Aamiin" Sodik melu ngamini.

 

"Nek aku ora mbok jaluk, mesthi wis luwih dhisik ndongakne Dik" Ririen genti sing aweh wangsulan "nanging ya kuwi mau, donga lan panyuwunan marang Gusti Allah kuwi ora kena mung mandheg neng ndona lan nyuwun thok, kudu disranani mbudidaya lan setiar".

 

"Iya Yu, aku ngerti" .

 

Sodik mesem maneh, karo ngangen-angen apa sing dirembug karo mbakyu lan mase ipe mau bengi, wewayangane Waginem bola-bali ngaton ing sela-selaning angen-angene.

 

"Apa kira-kira mBak Waginem mau bisa dadi jatu kramaku ya?" karo rada isin karo atine dhewe Sodik nakoni  awake dhewe.

 

"Lha kowe gelem apa ora upama Waginem kae dadi jodhomu ngono?" suwaraning ati saka sisih liyane genti nakoni.

 

"Ketoke ya gelem" wangsulane atine dhewe "ning sing kana gelem apa ora ya? gek apa wis duwe calon apa durung?".

 

"Upama Waginem kae mau gelem karo kowe, banjur olehmu arep nyambungne atimu karo atine kepriye? Ngawi kuwi kuwi amba, kamangka kowe ya durung ngerti omahe? Kowe kuwi ya kebacut kok, jaman saiki kok ora gelem takon nomer ha-pe ne?" suwara saka ati sisih kana mau genti takon karo melehne. Sodik kangelan olehe arep wangsulan.

 

Sauntara kuwi, ora krasa lakune pit motor sing disetiri jebul wis menggok neng plataran omahe. Tekane Sodik dipapagne karo ngguya-ngguyu sajak seneng dening Sampir, rewange sing kulina dikon ngrewangi ngopeni sapi lan nggarap sawahe. Sampir bojone Simpen, rewange Ibune sing saben dina dadi kongkonane Bu Kaji yen ngersakne apa ta apa.

 

ana candhake.

 

 

 

SLENDHANG KUNING (01)

 

dening : immir

 

1.

 

Satemene ya wis ngerti lan ya wis apal nek mengko neng Terminal Tirtonandi Sala, bus-e mesthi leren rada suwe. Nanging Sodik milih semaur nek mudhun Sidowayah, nalikane Kondhektur bus mubeng njaluki ongkos marang penumpange. Pancen esuk kuwi Sodik rumangsa yen ngantuk, dadi munggah bus Patas Yogya - Surabaya saka Terminal Giwangan ya banjur sendhen kursi mripate diremne, mapan turu. Pikire Sodik nadyan mengko neng Sala buse ngetem suwe ya ora apa-apa, buse leren dheweke ya arep melu leren. Kaya padatan Bus sing mau kebak, bareng tekan Sala kari sethithik sing ora mudhun. Sodik ngalih enggon golek kursi sing dadi senengane ya kuwi kursi sing pas mburine sopir. Batine Sodik mengko nek wayahe mudhun ben cedhak lawang, dadi ora kesuwen.

 

Karo mangku tas ransele Sodik mapan turu, sendhen neng bangku sing dilungguhi. Bakul-bakul asongan sing munggah bus nawakne dagangane ora ana sing direken. Wohe jagongan karo mbakyune lan mase ipe mau bengi sing nganti tekan wengi ditambah durung mlebu wayah subuh wis tangi, ndadekne Sodik ngantuk sing angel olehe ngampet. Lagi lungguh sedhela wis angler olehe turu, nglilir-nglilir bareng bus wis rada adoh ninggalne terminal. Sodik nyawang menjaba, tekan Palur batine. Nglirik mengiwa, kursi ing sisihe sing mau ora ana sing nglungguhi saiki wis kisenan penumpang, bocah wadon sandhangane brukut jilbaban.

 

Pas Sodik nglirik karo ngulat-ulati sing lungguh neng sandhinge kuwi, mbarengi sing dilirik noleh nyawang prenahe Sodik. Atine Sodik nratab, sunaring mripate tempuk karo sunar mripate bocah wadon sing rumangsane Sodik duwe daya tarik tersendiri kuwi. Gageyan bocah wadon kuwi ngalihne panyawange, samono uga Sodik uga banjur ndhingkluk nyawang jogane bus sing ditumpaki.

 

"Badhe tindak pundi mBak?" kanggo nutupi rasa kagete Sodik ngajak omong bocah sing lungguh neng jejere kuwi.

 

"Badhe dhateng Ngawi" wangsulane Bocah wadon kuwi, suwarane empuk miturut panampane kupinge Sodik "lha Mase?".

 

"Ngawi?" Sodik genti wangsulan "kula namung dugi Sidowayah mawon kok. mBake daleme Ngawi napa badhe tuwi sedherek dhateng Ngawi?".

 

"Badhe wangsul Mas" kandhane bocah wadon kuwi semanak "niki wau saking niliki ponakan ingkang Kost teng Yogya. Lha Mase daleme Sidowayah ta?".

 

"Kedunggalar mBak" Sodik aweh wangsulan "nuwun sewu tepangaken kula Sodik Salim, mBake ngagem asma sinten?".

 

"Kula Waginem Mas" wangsulane bocah wadon kuwi karo mesem "awon nggih Mas? namine tiyang ndhusun".

 

"Sami mawon mBak" wangsulane Sodik karo mesem "nami paringane tiyang sepuh niku sae sedaya mBak, niku nami asli jawa, nek jeneng kula niki rak semu ke arab-araban".

 

"Inggih Mas, tiyang rumiyin criyosipun Simbok kula lair pas dinten Wage, mangsa nem" Waginem guneman nggenahne asal-usule dijenengne Waginem.

 

Ora krasa wong loro sing lagi wae kepethuk kuwi wis ketok akrab, banjur padha crita akeh-akeh nyritakne saka olehe padha lelungan saka Yogya. Waginem crita yen bubar ngendhangi anake mbakyune sing kost neng Yogya merga isih kuliah neng UII. Olehe ngendhangi merga dikongkon mBakyune sing wis limang tahun luwih manggon neng Negara Taiwan dadi TKW, lan sasuwene kuwi anake wedok sing mung siji dititipne wong tuwane, banjur saiki dikongkon kuliah neng Fakultas Ekonomi UII Yogya. mBakyune Waginem sing jeneng Ponatun dhewe, olehe lunga menyang Taiwan dadi TKW kuwi sabubare rumah tanggane buyar, ditinggal sing lanang sing ora karuwan parane. Gandheng Ponatun duwe panemu yen anake kudu pinter ora kaya dheweke, Ponatun kepengin supaya anake bisa sekolah sing dhuwur, lan kanggo supaya pinter yegti mbutuhne wragat, mula Ponatun wani nekad budhal menyang Luwar Negeri kanggo golek dhuwit supaya anak sing wis ora dipikirne bapakne kuwi bisa sekolah sing pinter. Lha wragat kanggo nyukupi kabutuhane anake kuwi saben wulan dikirim saka Taiwan menyang adhine sing jeneng Waginem kuwi.

 

"Dados entrane ngoten niki kalih sinau dadi tiyang sepuh Mas" kandhane Waginem mungkasi critane "tiyang gadhahane Yu Pon niku kajawi yogane estri nggih kantun kula kalih simbok, gek simbok nggih mpun sepuh pisan".

 

"Oo, keng Bapak sampun boten wonten nggih mBak?" Sodik wangsulan nganggo piakonan.

 

"Sampun Mas" wangsulane Waginem "bapak kula niku tilar donya nalika kula taksih alit, nembe ajeng mlebet SD. Dados kula niki anak Randha wiwit alit Mas".

 

"Kok sami nggih mBak?" Sodik wangsulan karo mesem "kula nggih anak randha lho? Malah kula dereng nate sumerep bapak kula piyambak, tiyang Bapak seda niku nalika kula nembe umur tigang tahun".

 

"Mas Sodik putra waruju nggih?" Waginem genti sing takon.

 

"Leres mBak, putranipun Ibu niku namung kalih mbajenge mBakyu kula sak niki dhateng Yogya, sampun gadhah anak kalih sing setunggal sampun SMP sing setunggal sampun TK, lajeng ragile kula".

 

Sodik ya ba njur crita yen wingi olehe menyang Yogya kuwi merga ndherekne Ibune sing kajaba wis kangen karo putu-putune uga arep mriksakne kesehatane nyang Rumah Sakit papane Mas-e Ipe nyambut gawe, mbakyune Sodik dhewe nyambut gawene mulang dadi ASN ing salah sijine Perguruan Tinggi neng Yogya.

 

"Lha kok keng Ibu dipun tilar Mas?" Waginem takon sawuse Sodik rampung olehe nyritakne olehe menyang Yogya.

 

"Inggih, murugaken teng griya nggih gadhah open-open ingkang boten saged ditilar dangu-dangu mBak" wangsulane Sodik karo mesem "jane nggih boten patos tega nilar Ibu, nanging Ibu piyambak paring dhawuh murih kula wangsul, supados boten dangu-dangu damel repotipun tangga ingkang dipun titipi damelan griya, kula nggih kapeksa wangsul rumiyin".

 

"O Makaten nggih Mas?" Waginem nanggapi wangsulane Sodik karo mesem "teng dalem sambenipun Mas Sodik menapa ta?"

 

"nGgih kados limrahipun tiyang dhusun neh mBak" wangsulane Sodik karo rada ngguyu "sareng Ibu sansaya sepuh mila lajeng kangge ngopeni sabin tilaranipun sawargi Bapak dipun pasrahaken dhateng kula, kalih katambah kalih ngopeni ayam kampung kalih Lembu tuwin menda".

 

"Wadhuh hebat nggih?" Waginem nyelani rembug karo mesem "jebul Mas Sodik niki Petani ngrangkep Peternak nggih?".

 

"Petani napa ta mBak?" wangsulane Sodik karo ngguyu "Petani niku nek sabine wiyar, lha sabin tilarane Bapak niku namung cekap kangge maem tiyang sagriya, nyopak boten perlu nempur wos mawon. Gek Lembu sing kula openi nggih namung kalih, mendane namung pitu pasadhiyan disade nek wancine wulan Besar, nggih kangge tambah-tambah nyekapi kabetahaning gesang mBak, najan ayame Ibu niku namung babon tiga kalih kemanggang pinten nika, nanging rak nggih betah dipun kandhangaken nek wancine sonten?".

 

"inggih Mas" kandhane Waginem krungu wangsulane Sodik sing ngono kuwi "niku namine nggih mpun lumayan, kula piyambak teng nggriya namung njagakne buruh umbah-umbah kalih nyetlika dhateng tiyang-tiyang ingkang kengkenan kok Mas, kalih sekedhik-sekedhik ngrencangi Simbok sadeyan pracangan ing griya".

 

"Inggih mBak" wangsulane Sodik "sedaya menika menawi dipun lampahi kanthi remening manah linandhesanngagengaken raos syuikur dhateng Gusti Allah, insya'allah badhe murakabi awit bierkahan dening Gusti Allah".

 

"Amiin, leres menika Mas"

 

Ora krasa lakune Bus Patas jebul wis ngliwati dalan cedhake Monumen Surya, Sodik wis wayahe arep mudhun sedhela maneh wis tekan Sidowayah. Ora let suwe Sodik pamitan nek arep ndhisiki mudhun, marang Waginem.

 

"Inggih Mas, ndherekaken sugeng tindak, ngatos-atos lho Mas!".

 

"Inggih Matur nuwun mBak" wangsulane Sodik karo ngadeg, banjur mlaku nyedhaki lawang Bus sing ditunggu dening Pak Kenek.

 

 

ana candhake.

Selasa, 08 Maret 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (102) TAMMAT

102.

Oleh panantang saka wong jubah putih sing praupane ketutupan topeng kuwi, Panembahan Alit sakala muntap kanepson wae, meh nyundhul mbun-mbunane. Panembahan Alit ngerti nek wong jubah putih kuwi olehe nyebut jenenge cetha nek mung sakepenake wae, dijumbuhne karo gegaman sing lagi dicekeli, ya iku pange wit gulun, carang wreksa kuwi tegese rak pange kayu. Ora nganggo guneman maneh kanepson sing mau arep disuntak marang Tumenggung Tirtayasa genti diarahne marang paraga sing lagi teka sing cetha nek wis ngremehne dheweke, Cis pusaka sing isih gumlethak neng lemah dijupuk banjur maju arep dienggo ngadhepi wong sing wis lancang nampel gegamane mau.

 

Sing ora kalah kagete karo Panembahan Alit Dewa Danu ya Puthut Jayandaga. Epek-epeke sing panas merga pedhang sing wis diulurne arep nembus dhadhane mungsuhe ditamplek dening wong sing dumadakan teka, sing sandhangane jubahan warna ireng kathik praupane ditutupi topeng sing digawe saka klikane kayu jati.  Kanthi trengginas Puthut Jayandaga njupuk pedhange sing gumlethak neng lemah banjur mencolot memburi, nguwasne wong sing lagi teka karo takon :

 

"Keparat !, sapa kowe menungsa ora tata, wani nladhung lawaran tanpa sesumbar? solahmu kaya pitik tukung diumbar ing padaringan he?" .

 

"Sing gedhe pangapuramu Puthut Jayandaga" wangsulane wong jubahan ireng sing praupane tutupan topeng kuwi ayem "aku ora nyana yen jebul kowe kuwi durung prigel nyekel gegaman, tiwas mau tak tampek nganggo oyot tungkul iki he he he. Ditepungne wae jenengku Tungkul Ireng, dene tekaku kene arep njajal sepira kasektene muride Ki Gedhe Tangen sing jeneng Puthut Jayandaga. Mula aku mau namplek pedhangmu jalaran aku kuwatir lekasku arep njajagi sepira jerone ngelmumu kuwi ora keturutan merga kaselak kowe dadi bandane Bendaraku, Panji Bantaran".

 

"Setan kowe Tungkul Ireng" Puthut Jayandaga semaur karo misuh banter "mripatmu pancen wois picak, upama pedhangku ora mbok tamplek kanthi licik, sing mbok arani Bendaramu kuwi mesthi wis jebol dhadhane. Teka kowe wani guneman nek aku bakal dadi bandane Bantaran he?".

 

"He he he " Tungkul Ireng ngguyu lirih "aja ngawur kowe Jayandaga, apa rumangsamu dhadhane Bendaraku kuwi ulet godhing lumbu ngono apa piye? nek mung pedhangmu kuwi wae cetha nek ora bakal tumama nek ditadhahi jajane Panji Bantaran. Saiki ayo dibuktekne, nek pancen kowe sekti mandraguna ayonana iki Tungkul Ireng andhahane Panji Bantaran sing ngisor dhewe, yen pedhangmu kuwi bisa ninggal tatu neng ragaku, lagi kowe pantes ngadhepi Panji Bantaran, nanging ya kuwi entek-entekane kowe mesthi dadi bandan".

 

Puthut Jayandaga wis ora bisa ngempet nesune maneh, tumuli mencolot maju. Pedhange diputer kaya kitiran, ngepung wonmg sing ngaku jeneng Tungkul Ireng kuwi. Sauntara Panji Bantaran sing wis lolos saka bebaya, tumuli njupuk pedhange sing mau tiba neng lemah, banjur tumandang ngadhepi prajurit rucah murid-muride panembahan Dewa Karkatha saka Paguron Tangen.

 

Tumenggung Tirtakusuma sing mau wis nyipta yen bakal tumekeng pati ing madyaning paprangan, kanthi ditulungi dening prajurit andhahane, wis bisa ngadeg maneh. Tangane panggah isih nyekeli gagang pedhange.  Tumenggung sing sekti mandraguna kuwi ora ngira yen nyawane isih ana sing nylametake, mung emane kanthi ndelok sandhang panganggone sarta praupan sing ketutupan topeng, ndadekne Tumenggung Tirtakusuma durung ngerti sapa wong sing wis aweh pitulungan marang dheweke kuwi.  Luwih gumun maneh senapati pethingan saka Mataram kuwi bareng meruhi, wong sing aweh pitulungan mau saiki gulet adu kasekten karo Panembahan Alit. Kekarone wis padha dene olehe nggunakne ngelmu-ngelmu simpenane, saking cepete nggone padha obah, wong loro sing lagi perang kuwi wis ora katon maneh wujude, sing katon mung kaya angin gambul ing mangsa ketiga nyedhaki mangsa labuh, cahya putih lan cahya ireng sing mubeng-mubeng klawan suwara sing nggegirisi.

 

Panembahan Alit sing kasektene mung kacek sausap ing ngisore Panembahan Dewa Karkatha, rumangsa gumun ngadhepi mungsuhe. Kabeh pangabaran sing diwetokne tansah bisa kanthi gampang disirep dening wong sing ngaku jeneng Carang Wreksa kuwi. Sakehing aji jaya kawijayane wis disok kanggo nglumpuhne mungsuhe, parandene tumibane aji jaya kawijayan kuwi kaya atusan geni tumper sing nyemplung menyang jerone blumbang sing kebak banyune. Malah aji sing kanggo ngayomi ragane murih ora kena disenggol dening serangane mungsuhe, ya iku aji Lembu Sekilan sing wiwit mau wis dicakne, jebul babar pisan ora ana gunane. Wis wola-wali sikil utawa tangane Carang Wreksa wis tumiba ing ragane sing nuwuhake rasa lara. Wekasan Panembahan Alit tumuli matak aji pamungkase sing uga sinebut Aji Bajrageni. Aji iki mbutuhake surungan hawa murni sing gedhe, sing bisa nguras tenagane sing nggunakne. Nanging sapa sing ketiban dayane aji Bajrageni, mbuh lumantar sadhukan sikil utawa pupuhan tangan sarta lumantar Cis pusaka sing digawa, mesthi bakal lebur dadi awu.

 

Carang Wreksa sing ngerti nek mungsuhe wis nggunakne aji pamungkase, ora gelem yen nganti kecolongan, tumuli ngetogne kekuwatane. Tumibane dugangan utawa sudukan Cis Pusaka saka Panembahan Alit ora diladeni, iki dhadha endi dhadha, nanging Carang Wreksa milih nggunakne kacepetaning obahe sarta kekuwataning tenagane sing dipunjerne neng pang kayu gulun sing dadi gegamane. Kesit ngungkuli that-thit, cukat ngluwihi kilat, Carang Wreksa tumandang, pang kayu gulun kanthi nuli-nuli disabetne menyang wentis kiwane Panembahan Alit sarta balung garese sisih tengen. nDadekne sing disabet remuk bebalunge. Panembahan Alit njerit kelaran, banjur gumebrug tiba neng lemah ora eling apa-apa maneh, semaput klawan mengkurep kaya arep ngrangkul lemah.

 

mBarengi Panembahan Alit rubuh ing bumi, Puthut Jayandaga sing uga wis ngetog kabeh aji jaya kawijayane kapeksa rubuh neng lemah, merga kedhisikan pundhak kiwa lan pundhak tengene kena disabet nganggo Oyot Tungkul sing digawa dening Tungkul Ireng, ndadekne balung pundhake Puthut Jayandaga kuwi tugel. Kaya dene Panembahan Alit, Jayandaga wis ora bisa obah semaput ngathang-athang ana dhuwur lemah.

 

Para murid Paguron tangen sing uga weruh yen Panembahan Alit lan Puthut Jayandaga rubuh neng lemah dadi padha kaweden, banjur tanpa ana sing aba, prajurit-prajurit kuwi mlayu memburi arep ninggalne palagan, golek slamet dhewe-dhewe. Prajurit Mataram nututi nguber ing mburine.

 

Sauntara kuwi, ing tengah-tengahing barisan Wasi Nagasekti sing wis nemu kalodhangan, tumuli nglebokne tangan kiwane menyang tutuk, ngetokne suwara suwitan, aweh sasmita marang para pendhereke supaya ninggalne palagan, bablas bali menyang Patalan. Jalaran Wasi Nagasekti wis kentekan akal kanggo ngadhepi kasektene Ki Gedhe Pelanggolan. Janggan Nagatingkir, Janggan Nagaluwing lan Janggan Nagaemprit sing uga rumangsa kangelan ngadhepi mungsuhe, bareng krungu sasmita saka Wasi nagasekti sing ngajak oncat ninggal palagan, tumuli padha mencolot mundur banjur mlayu ninggalne mungsuhe dhewe-dhewe.

 

Panembahan Dewa Karkatha sing rumangsa ditinggal dening para sekabate, dadi sansaya nesu. Luwih-luwih pranyata Ki Lasma sing diadhepi kuwi jebul dudu mung wong loro saudhon telu saurupan, nanging tansah bisa ngimbangi aji jaya kawijayan sing dicakne. Panembahan Dewa Karkatha tumuli matak aji Bajrageni kaya sing mau dicakne Panembahan Alit, nanging wis mapan ing trap-trapan dhuwur dhewe.  Pangarsane Paguron Tangen kuwi kepengin ndadekne ragane Ki Lasma lebur dadi sawalang-walang ketiban ajine.

 

Pangeran Singasari sing uga nguningani aji sing arep ditamakne dening Panembahan Dewa Karkatha kuwi, sakala nratab. Ana rasa tidha-tidha, apa Ki Lasma kuwawa nadhahi apa ora. Nanging bawane satriya tama, Pangeran Singasari ora wani mrentah Ki Lasma supaya masrahne mungsuhe marang panjenengane. Ki Lasma dhewe uga ngerti apa sing arep dicakne dening Panembahan Dewa Karkatha lan uga ngerti apa sing kumlembar ing angen-angene Pangeran Singasari. Ki Lasma mesem, sajroning atine, wong tuwa tilas prayangan kuwi duwe lekas arep gawe mareme Pangeran Singasari sing pranyata duwe rasa pangeman marang dheweke. Ki Lasma tumuli matak ajine sing aran Saritirta, aji sing ditampa saka sawargi Raden Sengkan ya Kyai Bantar Jati duk ing uni.

 

Nalika Panembahan Dewa Karkatha maju lan namakne aji Bajrageni sing dipounjerne ing tapak tangane, Ki Lasma mapagne nganggo aji Saritirta uga nganggo tapak tangane. Tapak tangan loro sing beda asale kuwi tempuk, Panembahan Dewa Karkatha kontal memburi watara limang jangkah, adege dadi rada sempoyongan. Sauntara Ki Lasma sing temene bisa mbalekne kekuwataning aji Bajrageni kuwi ngglundhungake awake mangiwa, gulung-gulung nyedhaki papane Pangeran Singasari. Sawuse bisa mapan lungguh neng lemah, Ki Lasma karo nyembah guneman marang Pangeran Singasari :

 

"Nyuwun sanjata pitulungan Gusti Pangeran, borong anggen badhe paduka murba Ki Gedhe Tangen ingkang sampun boten saged kula atasi malih".

 

"Lerena Ki Lasma" wangsulane Pangeran Singasari alon "genti tak adhepane menungsa ora tata sing wis kumawani nganggo sebutan Panembahan Dewa Karkatha kuwi".

 

Saka kadohan wong sing nganggo jubah putih lan jubah ireng ngaweruhi kabeh apa sing wis ditindakne Ki Lasma kuwi mau. Kekarone padha mesem.

 

"Adhi, sajake gaweyan sing dadi kuwajiban ing papan kene iki wis rampung" kandhane sing nganggo jubah putih.

 

"Kersane Kakang?" sing jubah ireng takon.

"Ayo bali menyang Bengawan, nerusne laku supaya enggal tekan papan kanggo miwiti mlaku ndharat ngunggahi sukune Gunung Lawu" wangsulane si Jubah Putih.

 

Wong loro kuwi daya-daya mlaku menyang Bengawan tumujuu prau getheke sing wis pirang-pirang dina dicancang neng pinggiring gisik. Nanging sepira kagete Rangga lan Marga bareng ngerteni kahanan praune sing wis morak-marik ora karuwan. Nanging olehe kaget ora suwe, merga kuwi sasmitaning jagad, supaya muride Ki Tanparupa loro kuwi wiwit mlaku liwat dharatan, ngunggahi gunung Lawu sing saka papan kono wis katon gagah adege.

 

 

sigeg.

 

salajengipun menawi wonten wekdal saged kasambet SMW VI.

 

Senin, 07 Maret 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (101)

 

101.

Ora let suwe panyawange Tumenggung Yudapati sansaya klemun-klemun, lan kanthi lon-lonan senapati Mataram kuwi rubuh banjur digotong mundur dening andhahane sing kajibah aweh pitulungan marang prajurit sing ketaton utawa gugur ing madyaning paparangan. mBarengi karo digotonge Tumenggung Yudapati, Pangeran Singasari wis tekan papan kono, gandheng Panembahan Dewa Karkatha wis adhep-adhepan karo Ki Lasma, Pangeran Singasari ya banjur meneng karo ngulatne sing lagi omong-omongan kuwi.

 

"Setan alas tenan kowe Lasma" kandhane Panembahan Dewa Karkatha "dina iki kowe kudu nampa pidana pati saka aku, merga luputmu sing wis tumpuk undhung, keparat".

 

"Pidana pati?" wangsulane Ki Lasma sajak ayem wae "apa ora kuwalik kuwi Ki Gedhe Tangen?. Nek aku aku cetha yen ora duwe kaluputan, jalaran aku dudu andhahan ndika, nanging yen ndika luputmu wis cetha ya iku wani mirong kampuh jingga nantang pangwasane Kanjeng Sinuhun ing Mataram, malah wis kumawani nganggo sebutan Panembahan barang, mula sadurunge kebacut tak kira luwih prayoga yen ndika pasrah bongkokan wae marang Prajurit Mataram, manut disowanake Panembahan Senapati minangka bandan, mbok menawa kanthi mangkono ndika ora bakal nampa pidana sing abot".

 

"Keparat ora kena dieman tenan kowe Lasma, klakon tak suwek-suwek cangkemmmu sadurunge tak sunduki dadi pangewan-ewan ing papan kene iki" wangsulane Panembahan Dewa karkatha karo tata-tata arep ngrangsang Ki Lasma sing uga wis pasang kuda-kuda.

 

"Satemene aku ngrumangsani Ki Gedhe Tangen" kandhane Ki Lasma karo mripat ora kedhep nguwasi Pangarsaning Paguron Tangen kuwi "ndelok kasekten sing wis tak weruhi, ndika kuwi nyata pantes lamun mungsuh Senapati Agung Mataram ya Gusti Pangeran Singasari, nanging gandheng ndika duwe pepenginan arep nyuwek-nyuwek cangkemku luwih dhisik, ya bakal tak turuti lan tak ladeni apa abamu, cobanen bisa apa ora ndika nyuwek-nyuwek cangkemku gedhene nyunduki aku dadi pangewan-ewan ing papan kene".

 

Panembahan Dewa karkatha wis ora sabar maneh, mencolot mengarep karo ngirimne sadhukan ngarah lambunge Ki Lasma.  Nanging Ki Lasma jebul luwih prayitna, kanthi gampang sadhukane Panembahan Dewa Karkatha bisa diendhani, kanthi ngingerne adege rada miring mangiwa, banjur kanthi cepet kepelane diarahne marang dhadhane Panembahan Dewa Karkatha sing ragane keseret tenagane dhewe mengarep merga panyadhuke mung ngenani papan suwung. Nadyanta mangkono pranyata Panembahan Dewa Karkatha luwih trampil, dheweke ora gelem dhadhane ketiban kepelane Ki Lasma sing nyegat obahing ragane kuwi, kanthi cukat klawan Aji Uler Keket Panembahan Dewa Karkatha bisa njengkelit temah kepelane Ki Lasma mung ngenani angin wae.

 

Ora suwe wong loro kuwi wis rame nggone adu katiyasan, padha dene olehe golek limpene mungsuh sing diadhepi. Sanadyan kapetung wis tuwa jebul kekuwatan, kaprigelan sarta kacukataning obahe  lan landhunging napase Ki Lasma ora kalah karo Panembahan Dewa Karkatha. Salapis mbaka salapis Panembahan sing dadi tetunggule Paguron Tangen kuwi wiwit ngundhakne aji jaya kawijayane, Ki Lasma uga ora gelem sembrana lan nganggep remeh marang mungsuhe, yen Panembahan Dewa Karkatha ngundhakne aji jaya kawijayane, Ki Lasma uga daya-daya ngimbangi kanthi cara kang padha. Pangeran Singasari sing mung nyawang olehe wong loro kuwi adu katiyasan, babar pisan ora ngira yen Ki Lasma wong ndesa sing maune dianggep wong lumrah kuwi, jebul duwe kasekten sing nyata ngedab-edabi. Kamangka Pangeran Singasari uga sumurup yen satemene Panembahan Dewa Karkatha kuwi duwe kasekten sing kena diarani punjul ing apapak, lan jerone ngelmu kanuragane angel dijajagi nganggo kakuwatan wantah. Mula Pangeran Singasari menang-meneng rumangsa gumun marang kadibyane Ki Lasma lan sajroning batin ngudarasa :

 

"Ki Lasma wong tuwa kuwi satemene sapa? nek ndelok solah tandange nuduhne yen wong iki ngelingne aku marang crita-crita lawas, ya iku critane wong sekti jaman sing adoh kawuri?".

 

Rasa gumune Pangeran Singasari kuwi meh padha karo rasa gumune Wasi Nagasekti sing kethetheran ngadhepi Ki Gedhe Pelanggolan. Muride Panembahan Naga Wilis ya Nagajiwa  saka Patalan kuwi rumangsa judheg sajroning atine. Sakehing ngelmu lan aji jaya kawijayane wis ditumplak kabeh kanggo ngadhepi mungsuhe. Suprandene Ki Gedhe Pelanggolan ajeg tansah bisa ngimbangi lan malah kepara bisa nyirep kabeh pangabarane. Tuwaning umur lan ringkihing raga jebul babar pisan ora ndadekne Ki Gedhe Pelanggolan suda kaprigelan lan kadigdayane, malah kepara katon luwih mateng anggone ngecakne ngelmu kanuragan simpenane. Sansaya suwe Wasi Nagasekti sansaya krasa yen olehe tetandhingan karo Pangarsane Paguron Jatigrowong iki ditutug-tutugne, tan wurunga dheweke bakal kentekan tenaga lan bisa-bisa bakal cilaka ing madyaning paparangan. Mula olehe ngladeni Ki Gedhe Pelanggolan, Wasi Nagasekti milih ngirit tenagane sarana ngendhani serangane mungsuh lan ora wani adu kekuwatan, tangkep jaja kantaran bau.  Sanadyan Wasi Nagasekti uga weruh yen tandange sedulur-sedulure saka Patalan sing ngadhepi para senapati Mataram isih katon timbang, lire durung bisa diarani endi sing luwih unggul lan endi sing luwih asor katiyasanung jurit, nanging  Wasi Nagasasi wiwit nggagas arep golek dalan piye bisane tinggal glanggang colong playu murih ora dadi kurbane paprangan antarane Paguron Tangen mungsuh wadya bala Mataram kuwi.

 

Sauntara kuwi, para siswa Paguron Jatigrowong lan Prajurit Desa Grumbulan sing mungsuh para siswa paguron Tangen, wiwitane pancen rada kacipuhan. Jalaran kaya sing kacaritakne yen murid Paguron tangen kuwi perange rusuh lan seneng ngumbar pisuh sarta tembung sing lekoh. Nanging ora suwe sabanjure, katon barisan saka Grumbulan lan Jatigrowong kuwi susut cacahe, kamangka ora ana sing nandhang tatu utawa gugur dadi tawuring perang. Lan eloking kahanan, akeh para siswa Paguron Tangen sing banjur padha rubuh ora bisa tangi maneh, sanadyan tatune ora mbebayani tumrap kaslametaning jiwane. Akeh para Murid Paguron Tangen sing dumadakan krasa yen balung garese kaya putung-putunga ketiban barang atos sing disabetake. Sansaya suwe sing rubuh sansaya akeh, mula sisane siswa Paguron jatigrowong sing isih katon, akeh sing padha gumun, awit kaya-kaya ana kekuwatan sing ngayomi lan aweh bebantu sajrone ngadhepi mungsuhe.

 

Kahanan ing barisan saka Grumbulan lan Jatigrowong kuwi tiba kwalik karo kahanan ing suwiwine Garudha nglayang iring kering. Suwiwi kering sing dipandhegani Tumenggung Tirtakusuma kabiyantu dening Panji Bantaran kuwi sansaya ketleyek mundur kena pangamuke gadhinge gelar Diradameta sing dipandhegani Panembahan Alit lan kabantu dening Puthut Jayandaga. Sanadyan wis kondhang minangka prajurit sing wudu ing tandhing, pranyata Tumenggung Tirtakusuma ora kuwawa ngadhepi kasektene Panembahan Alit Dewa Danu sing ngamuk kaya bantheng ketaton. Sansaya suwe adu kasekten karo Tumenggung Tirtakusuma, adege Panembahan Alit sansaya katon tanggon, beda adoh karo tandange Tumenggung Tirtakusuma sing sansaya suwe malah sansaya kendho. Kamangka Tumenggung Tirtakusuma wis ngecakne kabeh ngelmu simpenane, ewa samono panggah ora bisa ngimbangi tandange Panembahan Alit ya Panembahan Dewa Danu sedulur enome Panembahan Dewa Karkatha kuwi. Solahing pedhange Tumenggung Tirtakusuma sing luwih cepet lan trengginas tinimbang solahe manuk srikatan kuwi babar pisan ora bisa nyenggol kulite Panembahan Alit. Malah Cis pusaka sing digawa dening Dewa danu kuwi bola-bali meh wae gawe patine Senapati Mataram kuwi.

 

Nganti ing sawijining kalodhangan, Tumenggung Tirtakusuma kena kalimpe, sikile Panembahan Alit klakon bisa ndugang ngenani lambunge, ndadekne senapati kaparcayane Pangeran Singasari kuwi kontal memburi banjur rubuh neng lemah ora bisa obah, sawise mutah getih kenthel rupa abang semu ireng. Ora sranta Panembahan Alit mencolot mengarep banjur arep namakne cise diarahne gegere Tumenggung Turtakusuma sing isih mengkurep ana lemah kangelan olehe arep obah.

 

Kang bareng karo kuwi, keprungu pambengoke Panji Bantaran sing sambat kelaran, pedhange mencelat saka gegemane kena panyabete Puthut Jayandaga sing uga nggunakne pedhang pusakane. Panji Bantaran mencolot memburi ngedohi mungsuhe, nanging Puthut Jayandaga emoh kelangan mungsuhe, tumuli mencolot maju mburu Panji Bantaran sing wis tanpa gegaman , pedhange Puthut Jayandaga ngener kenceng ngarah pernah jantunge mungsuhe.

 

"Iblis laknat ora genah!"

 

"Setan belang keparat!"

 

Dumadakan ana suwara pisuh sing bantere kagila-gila, pisuhe Panembahan Alit lan Puthut Jayandaga.  Kekarone padha kagete, uga padha ngrasakne lara ing epek-epek tangane. Pusaka Cis sing dening Panembahan Alit arep digunakne nyubles gegere Tumenggung Tirtakusuma dumadakan mencelat kena disabet nganggo pang kayu dening sawijining paraga kang nyandhang jubah putih lan praupane ditutupi nganggo topeng klikane kayu waru. Sauntara Pedhange Puthut Jayandaga sing meh wae nembus dhadhane Panji Bantaran, dumadakan tiba neng lemah merga ditampek nganggo oyot Tungkul dening paraga sing nganggo jubah warna ireng lan praupane ditutupi nganggo topeng klikane kayu jati.

 

"Iblis laknat ora genah" pisuhe Panembahan Alit karo ngulati wong sing nganggo jubah putih kuwi "sapa jenengmu teka wani ngganggu gawe marang Panembahan Alit he?".

 

"Ditepungne wae Panembahan Dewa Danu" wangsulane paraga jubah putih kuwi karo suwara ngece "aku Carang Wreksa, andhahane Gusti Menggung Tiurtakusuma. Ayo yen nyata perwira, tumuli jupuken Cis pusakamu sing mbok guwang neng lemah kuwi, tandhingana pusakaku Pang Gulun  sing wis tak gawa iki".

 

ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (100)

 

100.

Pranyata ing iring iring kering suwiwine Garudha Nglayang Prajurit Mataram wis rada adoh ngalendhong memburi diorak-arik prajurit saka paguron Tangen sing perange rusuh lan awur-awuran. Satemene ora merga saking prigele para murid Paguron Tangen sing ndadekne wadya bala Mataram, nanging merga para murid pethingane Panembahan Dewa Karkatha akeh sing mlumpuk ana kono ngombyongi lekase Panembahan Alit sing disisihi dening Puthut Jayandaga. Wiwitane ngadhepi para murid Paguron Tangen sing tandange awur-awuran kuwi, prajurit Mataram sing dipandhegani Tumenggung Tirtakusuma nadyan rumangsa risih nadhahi pisuh lan tembung sing lekoh, isih bisa kanthi gampang nranggulangi. Nanging bareng Panembahan Alit lan Puthut Jayandaga ngetokne pangabaran sing ditujokne marang para prajurit rucah, mangka kanthi cepet barisan Mataram kedheseg mundur, akeh sing padha nandhang tatu kaya kobong dening geni, anjur digeret memburi dening kanca-kancane saprelu ditambani, Sansaya suwe sansaya mundhak busekan kahanane prajurit Mataram ing swiwi kering kuwi.

 

Weruh kahanane prajurite akeh sing padha tatu malah kira-kira uga ora sethithik sing kudu gugur dadi wadaling perang, sakala muntab Tumenggung Tirtakusuma, tumuli muter pedhang pusakane nyaketi sumbering mala. Sawise cetha yen  sumbering kekuwatan sing kuwawa ngobrak-abrik barisan sing dipandhegani kuwi Wong setengah umur sing pawakane gedhe dhuwur, ya iku Panembahan Alit Dewa Danu lan paraga kang kira-kira umur telung puluhan tahun sing uga katon mencorong prabane, Tumenggung Tirtakusuma nuli aweh sasmita Panji Bantaran supaya ngendheg lakune paraga sing luwih nom dene Tumenggung Tirtakusuma dhewe milih nyaketi wong sing setengah tuwa sing sajake duwe ngelmu kanuragan sing luwih dhuwur.

 

"Nyata kasekten sing ngedab-edabi Kisanak" kandhane Tumenggung Tirtakusuma sawise cedhak karo Panembahan Alit "eman dene mung dicakne marang prajurit rucah sing ringkih, nyata ndadekne sudane rasa pangalembanaku marang ndika".

 

"Sapa kowe wani nyedhaki Panembahan Alit?" Panembahan Alit takon nuduhne praen sing sajak mejanani lan ngremehake "mau tak sawang saka kadohan wis muter pedhang, mbabati para siswaku sing uga durung pati baud ngudang gegaman, saiki kowe wani nyedhaki aku".

 

"O dadi ndika sing jeneng Panembahan Alit? sedulur nome Ki Gedhe Tangen kuwi?" Tumenggung Tirtakusuma mbalik takon karo mesem semu ngece "ditepungne wae, aku Tumenggung Tirtakusuma, Kisanak".

 

"Mung pangkat Tumenggung wani ngayoni Panembahan Alit he?" Panembahan Alit nggetak nganggo suwara santak "endi sing jeneng Singasari kuwi, eman yen mung kowe sing ngadhepi aku, mangsa ngentekna wektu sapanginang yen mung kudu ngoncatne nyawamu menyang Yamani?".

 

"Ora sah nggoleki sing ora katon Dewa Danu" wangsulane Tumenggung Turtakusuma "bisa ngasorake yudane Tumenggung Tirtakusuma wae wis bisa ndadekne kuncarane jenengmu".

 

Ora suwe wong loro kuwi wis ora nutugne olehe omong-omongan maneh, kekarone wiwit siyaga nggoleki lenane mungsuhe murih gampang dirubuhake ing tengahing paprangan sing sansaya rame kuwi.

 

Panji Bantaran wis adu arep karo Puthut Jayandaga, kekarone padha dene olehe wis ngliga gegamane dhewe-dhewe. Puthut Jayandaga apa dene Panji Bantaran nggunakne gegaman sing padha, ya iku pedhang pusaka sing dudu pedhang lumrah, nanging pedhang sing digawe saka waja pilihan entheng nanging landhepe tanpa upama.

 

"Sapa jenengmu Prajurit sing wani ngadhang lakune Puthut Jayandaga siswa pinilihe Rama panembahan Dewa Karkatha he?" Puthut Jayandaga takon bareng weruh yen ana wong sing ngaglah kanthi pedhang ligan neng tangan ngadhang lakune.

 

"O, kowe ta sing jeneng Puthut Jayandaga kuwi?" wangsulane Panji Bantaran karo mesem sajak ngece "ditepungne wae, jenengku Bantaran, siswa saka Paguron Kalisuruh, sing saiki ngabdi ing Mataram minangka Panjining para prajurit. Ayo Jayandaga aja mung mungsuh prajurit rucah cobanen iki Bantaran siswa Paguron Kalisuruh".

 

"Setan kowe Bantaran" Puthut Jayandaga misuh karo semaur "ayo tandhingana kridhaku yen pancen kowe wis bosen weruh padhange srengenge ing wayah awan".

 

Bubar muni ngono kuwi, Puthut Jayandaga banjur nyiayagakne jurus-juruse arep dienggo nelukne Panji Bantaran sing uga wis siyaga ing dhiri ngadhepi kadigdayane Puthut Jayandaga sing mau wis ngobrak-abrik barisane. Mangka ora let suwe ing papan kono wis rame ait anane perang tandhing antarane Paji Bantaran sing mungsuh Puthut Jayandaga. Kekarone padha umur-umurane, padha dene duwe kaprigelan lan kadigdayan sing nggegirisi, mula perang antarane senapati loro kuwi sansaya suwe dadi sansaya rame.

 

Beda maneh kahanan sing mapan ing tengah kang minangka punjering barisan saka Paguron Tangen. Sanadyan Tumenggung Yudapati wis kondhang yen klebu unusaning prajurit Mataram, sing kasektene wis kondhang kaonang-onang ing saidering Mataram. Nanging bareng ngadhepi Panembahan Dewa Karkatha jebul rumangsa kacipuhan. Sing adhepi nyata yen duwe kadigdayan sing angel dijajagi sepira jroning ngelmune, kabeh pangrangsang lan serangane Tumenggung Yudapati tansah ora oleh  gawe, Panembahan Dewa Karkatha prasasat kaya Gunung waja, saben-saben serangane Tumenggung Yudapati kena ditangkis, Pangarsaning Paguron Tangen kuwi babar pisan ora ngalih saka adege, panggah utuh kuda-kudane. Kosok baline wis wola-wali Tumenggung Yidapati tiba krengakangan neng lemah lan kapeksa jempalitan kanggo nylametne nyawane.

 

Pangeran Singasari sing krungu saka palaporane prajurit panyambung warta yen kahanane Tumenggung Yudapati banget mutawatiri jalaran kudu ngadhepi senapati agunging mungsuh, sing jenenge Panembahan Dewa Karkatha,  tumuli obah nyedhaki arep aweh bebantu marang andhahane sing lagi karepotan ngadhepi mungsuhe kuwi. Nalika lakune Pangeran Singasari wis meh tekan papan olehe ngunggar kasudiran Tumenggung Yudapati lan Panembahan Dewa Karkatha, nanging durung cedhak banget lire durung bisa nggunakne tenaga aweh bebantu marang andhahane, mbarengi karo dugangane Panembahan Dewa Karkatha kanthi kekuwatan wutuh ngarah marang dhadhane Tumenggung Yudapati. Tumenggung saka Mataram kuwi kaget, ora ana kalodhangan kanggop endha. Nanging Tumenggung Yudapati ora kentekan pengarep-arep, sakuwate aweh panangkis kanggo ngadhepi serangan sing mbebayani kuwi. Dhengkule diangkat karo tangan karone dirapetne lengene kanggo ngayomi dhadhane. Nanging sing ditangkis nganggo lengen sing dilambari dhengkul Tumenggung Yudapati kuwi kekuwatane Panembahan Dewa Karkatha, ajaa kok mung ditangkis nganggo lengen lan sikil, sanajan dicegati nganggo tameng waja pisan ora bakal kuwat nadhahi dugangane Pengarepe Paguron tangen sing prasasat tanpa tandhing kuwi. Tumempuke sikil karo lengen, nuwuhake suwara jumegrug, Tumenggung Yudapati kontal memburi watara limang jangkah, kuda-kudane ambyar, adege dadi gonjing. Tumenggung Mataram kuwi mutah getih, panyawange dadi kuwur, ambegane seseg angel naris nafas supaya bisa ngisi dhadha sing larane ora karu-karuwan. Panembahan Dewa Karkatha mlumpat mengarep, nyedhaki mungsuhe banjur nata tenagane arep mungkasi nggone perang tandhing sarana nguntapne nyawane Tumenggung Yudapati sing wis ora duwe daya kekuwatan apa-apa.

 

"Wektune kowe pamitan marang anak bojomu Yudapati, dina iki uga nyawamu kudu ilang merga ketiban tanganku iki" karo muni ngono kuwi Panembahan Dewa Karkatha ngobahake tangane sing wis ngepel diarahne menyang pernah sirahe Tumenggung Yudapati sing wis ora bisa ngadeg kanthi jejeg. Pangeran Singasari sing tekane kono mau arep aweh pitulungan marang andhahane sarana nggenteni ngadhepi Panembahan Dewa Karkatha dadi kaget, merga weruh yen Tumenggung Yudapati sing wis ora bisa apa-apa kuwi sirahe arep ditibani kepelan dening mungsuhe. Nanging Pangeran Singasari ora kober aweh pitulungan utawa nylametne andhahane kuwi, kegawa saka papan sing rada adoh. Tumenggung pethingan saka Mataram kuwi ya wis ora duwe pangarep-arep maneh, jroning atine wis nyipta yen kudu gugur dadi sawur tawuring negara Mataram. Kanthi ngeremake mripate Tumenggung Yudapati nyebut asmaNe kairing pandonga muga-muga Gusti kepareng nampa sowane.

 

Nanging bola-bali wis dadi pocapan, yen pati uripe manungsa kuwi gumantung ana pangwasaNe. Sanadyan mung kari sasiliring bawang, yen Gusti durung ngersakne meksa ana sabab sing teka ngundurake tekane pati sing durung ngenggoni titi wancine. Nalika kepelane Panembahan Dewa Karkatha sing sinurung daya kekuwatan utuh kuwi kurang sakecu saka sirahe Tumenggung Yudapati, dumadakan arahing pupuhan menggok adoh mengiwa, ndadekne pamupuhe Panembahan Dewa Karkatha mung ngenani papan suwung. Pangarep Paguron Tangen kuwi keseret dening kekuwatane dhewe temah tiba mengarep semu mangering. Nanging Panembahan Dewa Karkatha nyata wong digdaya, nadyan wis kejongor mengarep, nanging isih bisa nggulungake ragane banjur mletik mendhuwur ngadeg klawan kuda-kuda sing jejeg siyaga ngadhepi bebaya.

 

"Iblis Keparat kowe Lasma" Panembahan Dewa Karkatha misuh karo nesu sing tanpa upama, dheweke lagi ngerti jebul sing wis nyurung lengene mengiwa temah pamupuhe marang Tumenggung Yudapati luput malah dheweke tiba kejongor mengarep mau, Ki Lasma wong sing wiwit mau mung nyawang olehe tetandhingan karo Tumenggung Yudapati.

 

"Dosamu wis kakehan Ki Gedhe Tangen" wangsulane Ki Lasma karo mesem "aku ora mentala weruh ndika nambah dosa kanthi arep mupuh senapati sing wis tanpa daya kuwi".

 

Tumenggung Yidapati sing wis luput saka pamupuhe mungsuhe kuwi lamat-lamat melu krungu wangsulane Ki Lasma marang Panembahan Dewa Karkatha.

 

 

ana candhake.


Jumat, 04 Maret 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (099)

 

99.

Sauntara nalika Ki Pelanggolan karo Wasi Nagasekti wis rame ngunggar kasudiran, kekarone padha dene olehe lawaran ora ana sing nyekel gegaman, nanging jurus-jurus sing dicakne nyata jurus-jurus sing mbebayani, singa sing lena bisa tumekeng pati ketiban tangan utawa sikil, Ki Lasma isih kasengsem olehe nyawang Panembahan Dewa Karkatha sing lagi anderpati karo Tumenggung Yudapati. Katon yen Panembahan Dewa Karkatha banget olehe ora sabar, daya -daya kepengin enggal bisa gawe patine mungsuhe, ngelmu Semburgunung piyandele wis bola-bali dicakne diarahne menyang ragane Tumenggung Yudapati. Nanging Tumenggung sing wis wareg ngadhepi mungsuh ing paprangan kuwi katon yen ora gigrig atine. Sanadyan Tumenggung Yudapati ya wis ngrumangsani yen Panembahan Dewa Karkatha kuwi duwe kasekten adoh ing dhuwure, suprandene kagawa rasa tanggung jawab minangka senapati sing mandhegani andhahane sing uga lagi padha ngadhepi mungsuhe bdhewe-dhewe, Tumenggung Yudapati babar pisan ora kepengin tinggal glanggang colong playu. Mung wae, gandheng ngrumangsani yen nganti adu kekuwatan mesthi kalahe, Tumenggung Yudapati sajrone ngadhepi Panembahan Dewa Karkatha ora tau wani nangkis seranganing mungsuhe, mung ngendhani banjur genti males aweh serangan sing ora kalah mbebayani. Dhasar kekarone uga wis padha nggunakne gegaman piyandele dhewe-dhewe, Panembahan Dewa Karkatha mandi Tumbak sing pucuke katon mramong kaya mawa, Tumenggung Yudapati nyekel pedhang tipis sing ulet lan duwe kelandhepan kagila-gila.

 

Bola-bali Tumenggung Yudapati nibakne awake mangiwa banjur nggulung ngendhani tumibaning tumbak sing prasasat tanpa kendhat ngarah peranganing ragane, uga kerep wae niba memburi banjur mletik kangge ngendhani tumibane sadhukan saka Panembahan Dewa Karkatha. Ngerti yen serangane ajeg luput, Panembahan sing dadi tetunggule Paguron Tangen kuwi sansaya mundhak kanepsone. Luwih-luwih bareng bola-bali olehe mancing supaya Tumenggung Yudapati gelem ngladeni adu karosan lan kekuawatan ora tau diladeni, malah milih olehe nibakne serangan nggoleki papan-papan sing sela. Panembahan Dewa Karkatha tumuli ngundhakne aji jaya kawijayan sing dicakne kanggo ngadhepi mungsuhe, ing pangangkah supaya tumuli enggal bisa njebol dhadhane Tumenggung Yudapati nganggo tumbak pusakane.

 

Sauntara ora adoh saka papan kono, murid-murid saka Paguron Patalan pandhereke Wasi Nagasekti uga wis oleh tandhing dhewe-dhewe. Janggan Nagatingkir wis adu kasantikan mungsuh Panji Asmana andhahane Tumenggung Yudapati, Janggan Nagaluwing sing maune ngamuk mrana-mrene  ngobrak-abrik prajurit Mataram wis mandheg merga diendheg dening Panji Pangestu, panjawat kanane Tumenggung Yudapati, sing banjur padha silih ungkih genti kalindhih adu kaprigelan,  lan Janggan Nagaemprit uga lagi diteter kasektene dening senapati Tandur, prajurit Mataram sing apangkat Lurah nanging duwe kasekten sing ora kena disangga entheng.

 

Ing papan liya, para murid saka Paguron Tangen sing olehe perang nganggo cara rusuh mung wewaton supaya bisa menang, kajaba nggunakne tenagane uga nggunakne rembug sing saru lan lekoh, wis akeh nuwuhake rasa anyel ing atine prajurit-prajurit Mataram. Prajurit-prajurit pandhereke Pangeran Singasari kuwi ora sethithik sing banjur kepancing melu tumandang kanthi ngawur, mung nuruti ati anyel kasempyok suwara rusuh sing mlebu ana kupinge.  Ora mung prajurit rucah sing dhemen ngumbar tembung saru lan lekoh, sanajan wis madeg dadi para penggladhi ing paguron sing didegne ing desa-desane, para murid Paguron Tangen kuwi uga isih ora ninggal watak seneng ngetokne suwara pisuh lan rembug sing saru carup lekoh. Kang mangkono kuwi ndadekne para Tumenggung saka Mataram sing ngadhepi uga akeh sing banjur melu getem-getem kepengin enggal ngrampungi mungsuhe. Paprangan wis sansaya rame, perang brubuh sing tebane mblabar nganti pirang-pirang atus dhepa ambane.

 

Ing papan iring kanan saka papane Panembahan Dewa Karkatha, watara ana satus dhepa adohe, Puthut Jayantaka sing maune ngenggoni minangka gadhing kanane gelar Diradameta, rumangsa marem atine Prajurit Mataram sing ing papan kono dipandhegani dening Panji Udaya andhahane Tumenggung Dahanapati, katon ketleyek mundur memburi merga diamuk dening murid-murid Paguron Tangen sing dibantu kekuwatan aji Laharbeninge Puthut Jayantaka . Sauntara Panji Udaya sing mbudidaya ngendheg lajune barisan saka Paguron Tangen kuwi uga wis sansaya kethetheran ngladeni tandange salah sijining Puthut sing pinercaya dening Panembahan Dewa karkatha kuwi. Malah ing sawijining kalodhangan, pedhange Panji Udaya klakon ucul saka gegeman merga nangkis pambabate pedhange Puthut Jayantaka. Lan nalika Panji Udaya mencolot mundur, pucuking pedhange Puthut Jayantaka nututi ngarah marang jantunge Panji Udaya.

 

Senapati Mataram sing apangkat Panji kuwi wis nyipta yen wis tumiba mangsane dheweke gugur dadi wadaling perang, nanging dumadakan nalika pucuk pedhange Puthut Jayantaka kari kurang sakecu saka kulite Panji Udaya, pedhang kuwi ceblok neng lemah ucuk saka tangane Puthut Jayantaka. Ana sawijining pawongan sing nganggo jubah ireng, praupane ditutup nganggo topeng sing digawe saka blanbukan kayu jati, lagi wae nyabetake oyot wit Tungkul marang pedhange Puthut Jayantaka.

 

"Setan alas" Puthut Jayantaka misuh banter merga pedhange ucul saka gegeman lan epek-epeke krasa panas kaya mentas nggegem mawa "sapa kowe heh, menungsa ora tata? Ya gene raimu mbok tutupi nganggo klikane kayu jati heh?".

 

"He he he ......." pawongan sing nganggo jubah ireng kuwi ngguyu, ketara yen suwarane digawe-gawe "ya gene ndadak nganggo takon barang Puthut Jayantaka? mesthine kowe wis ngerti nek aku iki prajurit Mataram sing uga nampa dhawuh ngrangket sesembahanmu Ki Gedhe Tangen".

 

"Iblis kowe munyuk elek" diwangsuli nganggo suwara sing diowahi lan digawe-gawe sajak ngece ngono kuwi Puthut Jayantaka sansaya nesu, karo njupuk pedhange sing gumlethak ing lemah banjur takon maneh karo suwara sugal "karepku sapa jenengmu he Munyuk elek sing ora wani nuduhne rai?".

 

"Lucu kowe wis ngerti yen jenengku Munyuk Elek ngono lho Puthut Bagus?" wong sing nganggo topeng klikane kayu jati kuwi wangsulan karo ngguyu "merga raiku wis nuduhne jenengku, kanggo nutupi isinku rai iki tak tutupi nganggo klikane kayu jati iki, ngerti? nanging nek kowe pengin weruh jeneng sing tak tampa saka wong tuwaku ya kena wae, ya iku Tungkul Ireng".

 

Puthut Jayantaka wis ora guneman maneh, sikile jumangkah maju nyedhaki wong sing ngaku jeneng Tungkul Ireng kuwi karo ngobahne pedhange sing wis diileni nganggo aji Lahar Bening , diarahne marang gulune Tungkul Ireng.

Ora suwe wong loro kuwi wis campuh rame mamerne aji jaya kawijayane dhewe-dhewe. Pranyata Tungkul Ireng babar pisan ora keganggu karo ajine Puthut saka Paguron Tangen sing ngedab-edabi kuwi. Ing sawijining kalodhangan, kanthi trengginas Tungkul Ireng, karo ngendhani sudukan pedhange Puthut Jayantaka isih kober nyabetake Oyot Tungkul sing dadi gamane kuwi menyang pundhak kiwa tengene mungsuhe. Sakala Puthut Jayantaka sing selawase urip durung tau ngrasakne kalah yen kerengan karo sapa wae, dina iku klakon tiba lungguh neng lemah, tangan loro-lorone ora bisa diobahne maneh jalaran balung pundhake wis pedhot ketiban oyot tungkul, gegamane mungsuhe.

 

"nDara Panji tulung ndika banda lan ndika tambani Puthut Jayantaka sing mpun tugel balung pundhake niki!" wong sing ngaku aran Tungkul Ireng kuwi nyuwara banter aweh prentah marang Panji Udaya sing mau meh wae tumekan pati ing pucuk pedhange Puthut Jayantaka sing saiki nglumpuk tanpa daya, ngeremne mripat nggeget untu, seanajan ora sambat katon yen lagi ngempet lara.

 

Bubar muni ngono kuwi, Tungkul Ireng banjur mencolot ngadoh ndlusup keteling prajurit sing lagi padha perang, ilang saka pandulune Panji Udaya.

 

"Jebul oyot tungkul kuwi ora kalah ampuhe karo pecut sing mbok sabukne kuwi Dhi?" nalika Tungkul Ireng wis rada adoh ninggal papan rubuhe Puthut Jayantaka, ana wong sing ngadhang playune karo kandha.

 

"Ah, Kakang iki bisa wae, upama aku ora jalaran tresna marang Kakang ngono, temen wegah tenan aku dikongkon nganggo jubah amoh lan nganggo topeng blabukan kayu sing ambune sengir iki kok!" wangsulane Tungkul Ireng karo ngguyu.

 

"He he he.... ayo saiki nggoleki ing ngendi dununge Puthut sing sijine, aku kuwatir yen nganti Puthut kuwi ngecakne aji jaya kawijayane kaya sing lagi wae ditindakne sedulure lanang iki mau, bisa-bisa senapati Mataram ngalami kaya sing dialami Panji Udaya iku mau" wangsulane wong sing ngadhang laku mau karo mlaku ninggalne papane. Tungkul Ireng ora semaur banjur ngetitne wong mau karo mripate bola-bali ngingeti lakune paprangan sing sansaya ora karu-karuwan gelare.

 

 

ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (098)

 


98.

Panembahan Dewa Karkatha sing weruh nek ana wong mlayu mbalik memburi maneh wis ngerti nek kuwi genah nek cucuk lakune prajurit Mataram, mula banjur aweh prentah marang salah siji muride sing kajibah aweh tengara marang kabeh wadya balane supaya nglepasake panah sendaren  mendhuwur. Iku minangka tengara prentah supaya gelar baris Diradameta sansaya dikuwati, jalaran mungsuh wis cetha ora adoh mapan ana ngarepe. Nanging panah sendaren kuwi mung mbengung tanpa tanja, jalaran gelar baris Diradameta sing diprentahne dening Panembahan Dewa Karkatha wiwit mau bengi ora bisa dicakne kanthi sampurna, jalaran pancen murid-murid Paguron Tangen ora tau diwulang bab gelaring perang, mung diwarahi lah kanuragan sing mung wujud carane ngadhepi mungsuh ijen padha ijen utawa carane tukaran sing ora nganggo gelar perang.

 

Panembahan Dewa Karkatha dadi gela bareng noleh memburi lan weruh lakuning barisan saka Paguron Tangen sing dipandhegani jebul ora bisa ngecakne gelar perang kanthi sampurna sing dikarepake . Kanthi rada kesusu Panembahan Dewa Karkatha nyedhaki papane Panembahan Alit.

 

"Iki kepriye Dhi? kok bocah-bocah kuwi malah sakarepe dhewe? Mumpung durung kebacut, tulung prentahna marang Jayantaka lan Jayandaga supaya ndandani barisane luwih dhisik" prentahe Panembahan Dewa Karkatha marang adhine "yen ora enggal didandani bisa ndrawasi tenan iki mengko".

 

"Sendika" wangsulane Panembahan Alit sing banjur mlayu nggoleki Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga sing mau wis ditata manggon ana gadhinge gelar Diradameta, sauntara Panembahan Dewa Karkatha mapan njaga sirahe lan Panembahan Alit minangka tlalene gajah.

 

Sauntara kuwi saka barisan Garudha nglayang sing dicakne wadya bala Mataram katon wis sansaya cedhak marani papane barisan saka Paguron Tangen. Tumenggung Yudapati sing manggon dadi cucuking garudha  karo nggawa saperangan prajurite ngener marani pernahe Panembahan Dewa Karkatha.  Ora krasa Pangarepe Paguron Tangen sing wis ngerigne kekuwatan wong sewu luwih kuwi, nggegetne untu, selak kepengin ngremuk prajurit sing marani papane kuwi.

 

"Mandheg!" Panembahan Dewa Karkatha mbengok karo ngethungne tangane ngendheg lakune Tumenggung Yudapati sing mung kari watara selawe jangkah ana ngarepe. Nanging sing diendheg sajak ora nggatekne, lagi bareng wis cedhak banjur mandheg karo semaur.

 

"Aku Tumenggung Yudapati saka Mataram" kandhane Tumenggung Yudapati "sing ana ngarepku iki barisan saka ngendi? Padha minggira aku arep menyang Paguron Tangen".

 

"Tumenggung?" Panembahan Dewa Karkatha semaur banter "lekna mripatmu, iki barisan saka Paguron Tangen, nggawa karep apa kowe nggawa prajurit arep menyang Paguron Tangen He?".

 

"Tiba kabeneran yen iki barisan saka Paguron Tangen" wangsulane Tumenggung Yudapati karo mesem "tekaku kene merga ngemban dhawuh saka ngersa dalem Kanjeng Panembahan Senapati supaya nimbali wong sing nganggo jeneng Panembahan Dewa Karkatha supaya sowan menyang Mataram saiki uga.  Mula tulung tuduhna marang aku endi sing jenenge Dewa Karkatha kuwi?".

 

"Piye? tekamu kene dikongkon Tilas Lurah Pasar Pajang sing jeneng Sutawijaya kuwi ?" Panembahan Dewa Karkatha semaur karo ngguyu ngece "bali lan kandhaa marang anake Pemanahan sing saka Desa Sela kuwi, yen dheweke kepengin kepethuk Panembahan Dewa Karkatha dikeparengake yen gelem laku dhodhok wiwit saka Mataram nganti tekan Paguron Tangen kene he he he ..........".

 

"Lancang pangucapmu Kisanak, sapa aranmu he?" Tumenggung Yudapati takon karo nggetak, atine wiwit panas krungu ucape Panembahan Dewa Karkatha sing durung nyebutne jenenge.

 

"Kowe takon jenengku?" Panembahan Dewa Karkatha semaur karo ngguyu sing sansaya banter "ya iki sing aran Panembahan Dewa Karkatha sesembahanmu sing sejati, gage ndhodhoka lan atur pangabekti, sepira gedhene luputmu bakal tak ngapura, waton kowe gelem enggal nindakne apa sing dak prentahake mau!".

 

"Ooo jebul ndika sing wis wani nganggo sebutan Panembahan Dewa Karkatha ?" Tumenggung Yudapati wangsulan suwarane isih keprungu sareh "saiki tak takoni pisan engkas, ndika milih tak sowanake menyang Mataram kanthi becik-becik apa milih tak kendharat minangka bandan he?".

 

"Setan kowe Yudapati" Panembahan Dewa Karkatha guneman santak "yen kowe ora enggal minggat saka kene, aja takon dosamu yen klakon tak tugel gulumu ing papan kene".

 

Karo muni mangkono kuwi, Panembahan Dewa Karkatha wis ngecakne ajine sing klebu pethingan, ya iku aji Sembur Gunung. Jalaran Panembahan Dewa Karkatha duwe petung yen senapati-senapati Mataram kudu digawe mati luwih dhisik, kanthi mangkono prajurit-prajurite bakal kamigilan lan buyar dhewe-dhewe. Yen ora nganggo cara kuwi, Panembahan Dewa Karkatha rumangsa kuwatir yen prajurit-prajurite sing jebul durung wasis ngecakne gelar sing ditata bakal gampang dikalahne dening prajurite mungsuh. Mula Panembahan Dewa Karkatha kepengin ing jurus kapisan dheweke wis bisa mateni Tumenggung Yudapati, nganggo ajine sing aran Semburgunung kuwi.

 

Sauntara kuwi, jebul ing arisan iring kiwa lan lan barisan iring kanane Tumenggung Yudapati lan Panembahan Dewa Karkatha sing isih tantang-tantangan kuwi, wis luwih dhisik dumadi perang brubuh ya kuwi perang sing ora nganggo aba babar pisan. Jalaran para murid Paguron Tangen sing wis rumangsa duwe kadigdayan luwih dhuwur tinimbang sapepadhane titah kuwi, bareng weruh yen ana barisan Prajurit Mataram nyedhak, sakala ditrajang wani, tanpa nganggo tantang-tantangan luwih dhisik.

 

Ki Gedhe Pelanggolan sing uga sumurup yen perang brubuh wis campuh, tumuli aweh sasmita marang siswa-siswa saka Paguron Jatigrowong lan Prajurit Desa Grumbulan supaya nyedhaki prajurit sing mau ndherekne Tumenggung Yudapati karo nuduhne janur kuning sing dikalungne neng gulune. Prajurit Mataram sing weruh yen ana barisan kalung janur kuning nyedhak banjur padha mesem asung sasmita yen wis padha ngerti lamun sing nyedhaki kuwi klebu rowange dhewe. Bareng wis oleh esem saka prajurit Mataram, Ki Lurah Kuwera saandhahane karo para siswa Jarigrowong tumuli nginger adhepe, siyaga ngadhepi para pandhereke Panembahan Dewa Karkatha.

 

"Apa karep ndika iki Ki Gedhe?" Wasi Nagasekti sing mau mapan ora adoh karo Panembahan Dewa Karkatha nyedhaki Ki Gedhe Pelanggolan, banjur takon karo suwara sereng.

 

"Kaya sing ndika sawang Wasi Nagasekti" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan karo suwara sing sajak ayem "wong-wong Grumbulan lan bocah-bocahku saka Jatigrowong wis padha ngerti endi sing bener lan endi sing luput, uga wis padha weruh yen tekane Prajurit Mataram iki arep ngluwari Padhukuhan Pelanggolan saka cengkeremane Paguron Tangen lan Paguron Ngampon, mula wis salumrahe yen wong-wong Grumbulan  padha melu nyengkuyung lekase Prajurit Mataram".

 

"Setan kowe Pelanggolan" Wasi Nagasekti sakala muntap, karo muni ngono kuwi siswa saka Paguron Patalan kuwi mencolot karo ngirimne dugangan ngarah lambunge Ki Gedhe Pelanggolan.

 

Nanging Ki Gedhe Pelanggolan luwih prayitna, tekane sikile Wasi Nagasekti sing ngarah lambunge dipapag nganggo dhengkul sing ditekuk munggah, dikuwati nganggo tangan loro sing ngamping-ampingi.  Tempuking kekuwatan antarane Wasi Nagasekti lan Ki Gedhe Pelanggolan, ndadekne Ki Pelanggolan kontal mundur telung jangkah, sauntara Wasi Nagasekti mencelat memburi watara limang jangkah lan meh wae ndadkne tiba klumah.

 

"Iblis tuwa ora kena dieman" karo grenengan Wasi Nagasekti tumuli nata kuda-kudane lan siyaga arep ngirim serangan maneh. Ki Pelanggolan ora gelem kalah, nuli nata adege, siyaga nempuh Nagasekti sing dipilih dadi mungsuhe ing paprangan esuk kuwi.

 

Sauntara iku, Ki Lurah Grumbulan saandhahane sarta para siswa Jatigrowong uga wiwit tumandang, para murid Paguron Tangen sing rumangsa wis dicidrani, banjur padha ngamuk nyolahne gegamane dhewe-dhewe nedya gawe cilakane wong-wong Grumbulan lan siswa-siswa Jatigrowong.  Ora suwe ing papan kono keprungu suwara rame sing campur adhuk dadi siji. Suwara pisuh, suwara sambat, suwara jerit wor lan suwara gegaman sing benthikan. Ki Gedhe Pelanggolan sing ngladeni tandange Wasi Nagasekti isih kober nglirik tandange siswa-siswane, jebul tandange para siswa Jatigrowong ora nguciwani, kanthi gampang bisa ngladeni solahe mungsuhe lan Ki Gedhe Pelanggolan rumangsa lega, jebul ngelmu kanuragane para siswane isih adoh manggon ing dhuwure mungsuh-mungsuhe. Mung siji sing ndadekne para siswa Jatigrowong rada kacipuhan, jalaran mungsuh-mungsuh sing diadhepi karo tandang padha ngetokne pisuhan sing lekoh lan saru, kang mangkono kuwi ndadekne siswa-siswa Jatigrowong padha gila lan keri kupinge.

 

Lan jebul meh kabeh murid Paguron Tangen kuwi karo perang lambene bola-bali ngetokne tembung saru lan lekoh, sing ora pantes diucapne. Kang mangkono mau ndadekne Prajurit Mataram sing ora kulina krungu tembung saru lan lekoh dadi risih, neng kupinge krasa keri merga krungu tembung sing nggegilani. Mula lakune perang sing dhasare wiwit kawitan wis wujud perang brubuh sansaya suwe dadi sansaya rusuh.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...