Total Tayangan Halaman

Rabu, 08 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (013)

 

13.

Bareng aku teka wong loro kuwi banjur padha ngadeg mapagne, aku digandheng Ki Suwela banjur dilungguhne neng babut si digelar, nyangga dhampar wadhah jejeran gendul isi arak-arak kuwi.  Sawuse aku lungguh, Makara ngadeg menyat ngalih metu saka omah liwat lawang iringan, embuh menyang ngendi aku ora ngerti parane. Merga olehe pamit mung karo mesem muni dipun rantos sekedhap nggih Gus ngono. Maune aku arep takon nanging Makara kebacut metu saka omah.

"Makara sampun criyos dhateng kula, bilih jengandika Gus Dapa ngersakaken sinau kados pundi caranipun murih saged boten wuru nalikanipun ngunjuk unjukan panunggalanipun arak" Ki Suwela guneman nalika weruh aku ora noleh-noleh nyawang papan lungane Makara.

"Mila leres makaten Ki" aku wangsulan karo nyawang praupane Ki Suwela "awit bares kemawon, kula kepengin sanget saged anyrawungi sadhengah tiyang kanthi margikaning manah, kamangka sadangunipun menika, gandheng kula boten nate nginum unjukan panunggalanipun arak, kula lajeng dados kikuk lan kidhung menawi anuju wonten ing adicara ingkang ing mriku wonten pasegahan ingkang rupi arak".

"Menika tuhu leres lan ambeg ingkang wicaksana Anakmas" Ki Suwela wangsulan karo mesem amba "awit nalaripun tiyang kathah menika sok boten sami, wonten ingkang menawi anggenipun atur pasegahan rupi arak menika dipun tampik liripun boten dipun unjuk dening ingkang dipun segahi, inggih boten ngraos cuwa malah lajeng gadhah dudutan menawi ingkang dipun aturi menika mila boten ngunjuk unjukan ingkang makaten menika. Nanging ugi kathah ingkang gadhah pamanggih bilih tamu langkung-langkung priyagung ingkang nampik dipun segahi arak, menika dipun anggep ngremehaken dhateng ingkang nyegahi lan tamu utawi priyagung menika lajeng dipun wastani tiang ingkang nggadhuh watak kumenthus ngendelaken dumeh nggadhuh drajat ingkang inggil".

"Inggih awit saking menika Ki Suwela" wangsulanku nimbangi rembug "dupi kula sumerep Kakang Makara ingkang sanadyan anggenipun ngunjuk arak sampun ngliwati wates suprandene panggah boten wuru, kula lajeng kepengin saged kados Kakang Makara menika. Awit rumiyin kula nate nyobi nglangga arak, namung setunggal sloki, nanging sirah kula sampun kraos kliyengan malah lajeng ngraosaken lemes ing sakujuring badan, kula lajeng kapok dugi sapriki boten wantun ngombe unjukan ingkang makaten menika".

"Menika leres Anakmas" Ki Suwela guneman karo ngguyu lirih "estunipun anggen jengandika kliyengan sasmpunipun ngunjuk rumiyin menika, namung jalaran saking dereng kulina kemawon. Menawi dipun ambali sasampunipun raos kliyenganipun ical, boten badhe kliyengan malih, malah lajeng saged mewahi daya kekiyatan. Saged kliyengan utawi ngantos wuru menika menawi anggenipun ngunjuk nglangkungi ingkang sampun dipun unjuk, upami boten inggih boten badhe kliyengan menapa malih wuru. Upaminipun menawi ingkang pungkasan anggenipun ngunjuk sasloki, menawi ngunjuk malih namung sasloki inggih boten badhe kraos menapa-menapa kajawi nambahi segering salira, menawi ngantos kalih sloki inggih badhe ngraosaken kados nalika sepisanan ngunjuk menika".

"Dados makaten inggih Ki Suwela?" aku lagi mudheng karo sing dikandhakne Ki Suwela "manawi makaten murih kiyat kados Kakang Makara ngaten menika kedah dipun gladhi mbaka sakedhik inggih Ki?".

"Mila makaten Anakmas" Ki Suwela mesem amba "nanging menika radi dangu cak-cakanipun, menawi Makara menika kajawi sampun linatih anggenipun nginum, ugi kula gadhuhi gembolan kemat ingkang nggadhahi daya kekiyatan boten badhe wuru menawi ngunjuk arak sanadyan nglangkungi wates".

Ki Suwela ngetokne barang sing gedhene sadriji jempolan, dawane kira-kira telung nyari dibuntelk nganggo mori rupane putih, banjur diselehne neng ngarepku karo kandha :

"Kados menika wujudipun, Anakmas. Menawi jengandika kersa, kemat menika saged jengandika agem. Dene dayaning kemat menika inggih kados ingkang sampun kula aturaken wau, Anakmas saged ngunjuk arak ingkang kados menapa kemawon wujudipun lan sepinten kemawon cacahipun, bebasan ambok sagenthong dipun unjuk ijen ing wekdal sapalenggahan Anakmas boten badhe ngraosaken menapa-menapa".

"Makaten inggih Ki Suwela?" aku ora pati percaya karo sing dikandhakne Ki Suwela kuwi, nanging aku ora wani blaka.

"Inggih Anakmas" wangsulane Ki Suwela wangune ngerti yen batinku nggorohne karo apa sing dikandhakne "mangke saged dipun cobi, ing dhampar menika wonten arak ingkang cacahipun kalih welas gendul. Mangke saged kangge pacoban, Anakmas Wanda kula aturi ngagem utawi nganthongi kemat menika rumiyin. Niki wau Makara nembe nimbali rencangipun ingkang sampun kulina nginum arak, nanging boten nate mbekta kemat kados kemat ingkang makaten menika. Mangke, kula jengandika, saha Makara lan rencangipun ingkang nembe dipun purugi, sareng-sareng nelasaken arak ingkang wonten dhampar menika. Mangke Anakmas Suwanda saged pirsa piyambak menapa ingkang kelampahan. Menawi ngantos Anakmas alitipun ngliyeng agengipun ngantos wuru menawi ngunjuk arak menika, kula sagah kapatrapan pidana saawrat-awratipun".

Aku manthuk-manthuk, jroning batin rumangsa getun dene mau wis nggorohake apa sing dikandhakne Ki Suwela. Kemat sing mau diselehne neng ngarepku banjur tak jupuk lan tak lebokne ing jero gembolanku. Pas kuwi mbarengi tekane Makara sing ditutne bocah nom-noman loro sing uga wis tau tak tepungi sadurunge. Yaiku Brosot anake Kebayan Driya karo Gathuk anake Molang Wirya. Nom-noman loro kuwi pas Wuyungan duwe gawe nyewu uga katon melu teka ana kana.

Kanthi sikep sing kurmat nom-noman loro kuwi genti-genti atur bekti marang aku lan Ki Suwela, banjur mapan lungguh njejeri Makara karo ndhingkluk amarikelu, sajak pekewuh merga lungguh sapajagong karo aku.

Ki Suwela katon ngedhepi Makara, aweh sasmita apa aku ora ngerti. Makara sing tanggap karo karepe wong tuwane banjur wiwit guneman :

"Kaya sing wis tak kandhakne mau Brosot karo kowe Gathuk, wengi ki bakal tak buktekne ing ngarepmu bocah loro, yen anggonku ngemum unjukane Gus Wanda ing omahe Wuyungan kae, temen-temen ngemum. Ora kaya sing mbok kandhakne nek Gus Wanda kuwi nom-noman kacangan sing mung wani nglangga banyu kendhi utawa nyruput wedang kopi".

"Nyuwun pangapunten Gus, kula kekalih estunipun namung gujengan salebetipun nembe mendem. Saestu kula kekalih nyuwun pangapunten" Gathuk nugel rembuge Makara asok kaluputan lan njaluk pangapura marang aku.  Aku ora wangsulan mung mesem karo manthuk-manthuk minangka sasamita yen aku ora nesu.

"Bengi iki, wis tak cepakne rolas gendul arak lawas simpenane Bapa Ki Suwela warisan saka mbah buyutku biyen, dadi mung kacek sethithik karo arak sing disuguhne Wuyungan pas nyewu wong tuwane kae. Arak iki tak unjukne ing ngarsane Gus Wanda, minangka atur panuwunku dene aku wis dikeparengake ngemum unjukane ing omahe Wuyungan kae, lan murih regeng maneh aku karo Bapa uga arep ndherekne anggone ngunjuk Gus Wanda lan kowe bocah loro wis tak suwunake palilah Gus Wanda murih dikeparengake ndherek ngombe" Kandhane Makara nutugne olehe nyethakne karepe.

"Ngaturaken genging panuwun Gus Wanda" Gathuk karo Brosot bareng-bareng ngaturne panuwun marang aku. Aku mung wangsulan karo mesem. Aku wiwit ngerti apa karepe Makara lan Ki Suwela wengi iki. Pancen bener-bener julig sing babar pisan ora ngawistarani.

"Menika makaten Anakmas" Ki Suwela banjur guneman maneh "gandheng arak-arak ingkang wonten menika kalebet arak singgahan lami, prayoginipun inggih kedah saged katelasaken ing dalu menika murih boten kedangon anggenipun kanginan pramila sengaja niki wau namung kula pendhetaken ingkang wonten ing guci alit kemawon, dados namung wonten kalih welas gendul".

 

"Inggih Ki Suwela" aku keseret melu ngrewangi kajuligane Ki Suwela lan Makara kanthi guneman ing ngarepe Brosot lan Pethuk, api-api ngerti lan mbenerne karo sing dikandhakne  Ki Suwela "inggih kula ngaturaken genging panuwun, murih saged telas mangke awakipun piyambak, mliginipun kula supados dipun rencangi dening Brosot lan Gathuk ingkang dipun dugekaken dening kakang Makara menika".

Ki Suwela mesem katon nek lega, samono uga karo Makara. Brosot lan Gathuk wola-wali ngaturake panuwun marang aku lan marang Ki Suwela.

Adicara ngombe arak singgahan lawas kuwi nuli kawiwitan, cangkir siji wis dicawisake kanggo gentenan ngombe arak singgahan kuwi, diwiwiti saka aku banjur disusul Ki Suwela lan Makara. Brosot lan Gathuk tiba oleh giliran keri dhewe. Diwiwiti saka gendul kapisan nganti entek banjur disusul gendul kapindho lan sabanjure. Ing kene aku klakon bisa mbuktekne kabeh apa karo sing dikandhakne dening Ki Suwela mau. Nalika wis nyandhak wiwit ngiling arak ing gendul kang kaping lima, tak sawang Makara wiwit mbrabak abang praupane,  Gathuk lan Brosot wiwit wani guneman sing ora karu-karuwan, mratandhani nek padha wis wiwit mendem. Sauntara aku, babar pisan ora krasa apa-apa, weteng uga ora krasa mbeseseg kaya lumrahe wong kakehan ngombe banyu kendhi ngana kae. Malah neng awak krasa sansaya seger. Ki Suwela nyawang aku karo mesam-mesem, aku nimbangi lan nuduhne yen wis ngandel lan percaya karo apa sing dikandhakne Ki Suwela mau.

 

ANA CANDHAKE


SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (012)


12.

Jebul Makara olehe kasep nggone teka ing papan pagaweyane ora pati kawanen, malah kepara kena diarani ora kasep merga sing tekane luwih awan tinimbang Makara uga ana. Tapet-tapete yen mentas mendem kakehan ngombe arak, babar pisan ora ana. Malah esuk kuwi Makara katon luwih seger lan luwih sumunar cahyane. Mangkono uga solah bawane uga luwih trengginas ora klentrang-klentreng kaya wong yen lagi kurang turu ngana kae.Suwarane keprungu gandhang tak rungokne saka papanku nyambut gawe, Makara lagi omong-omongan karo kancane.

"Elho? ora sida kasep teka ndika Kakang Makara?" Makara tak cedhaki banjur tak takoni "apa mau ora sida leren turu? Nanging katone ndika tambah seger lan sumringah lho?".

"Kala wau dumugi griya kula inggih lajeng tilem kok Gus" wangsulane Makara karo mesem "gandheng tilem kula boten wonten ingkang ngresahi, inggih lajeng bleg-sek ;an saged ngraosaken tuwuk nalika kula tangi".

"O ngono?" aku nimbangi eseme "malah aku sing kebablasen durung turu nganti seprene, lha wong lagi wae arep mapan kedadak Gusti Menggung wis tata-tata arep budhal menyang negara, dadi aku ya ora sida turu".

"Inggih?" Makara wangsulan karo nyawang aku "nanging jengandika boten katingal menawi arip lho Gus, malah kepara ketingal seger".

"Nek kuwi ya ora nggumunake" wangsulanku karo mesem "jeneh wong olehku melek mau bengi kuwi mung melekan lumrah, ora kambon omben sing marakne wuru kae babar pisan, ya beda karo ndika sing kudu ngalingi pengapesanku banjur aweh pangayoman kanthi ngentekne jatah sing kudune jatahku, upama larihan mau bengi ora ana ndika, aku ora bisa nggambarake kaya apa dadine awaku ing esuk iki".

"Walah mandhak namung makaten kemawon kok wongsal-wangsul dipun dhawuhaken ta Gus- Gus" karo ngguyu lirih Makara wangsulan "malah menawi kagagas kanthi saestu, dede kula ingkang ngalingi jengandika Gus Wanda, nanging malah kula ingkang nampi kanugrahan saged ngemum unjukan jengandika ngantos tuwuk".

Punggawa Dalem Katumenggungan sing olehe nyambut gawe cecaketan karo papanku jagongan karo Makara padha pating plenggong, katone durung padga ngerti  sing lagi tak rembug karo Makara iki.

"Critane ki ngene lho kanca-kanca" Makara guneman ngandhani kanca-kancane sing pating plenggong ora mudheng karo sing lagi wae tak omong "mau bengi kuwi aku rak nampa kanugrahaning Bathara?"

"Kanugrahane Bathara? Ki Makara?" salah siji saka wong sing ana kono takon.

"Iya, aku oleh kalodhangan bisa ngemum unjukane Gus Suwanda nganti saktuwuke" Makara nutugne olehe guneman "mau bengi kuwi, sanakanku si Wuyungan Blantik Kebo Pajaringan kae rak nyewu wong tuwane? nanggap wayang pisan, banjur Bagus Suwanda tak dherekne mrana".

"Lha banjur?" kancane Makara sumela takon.

"Mesthi wae Wuyungan rumangsa seneng lan marem awit karawuhan Gus Suwanda, putra angkate Gusti Menggung. Mula banjur ngetokne pasuguhan sing mirunggan, arak sagenthong ditokne kanggo ngurmati rawuhe Gus Suwanda. Para tamu melu seneng, merga padha ngerti nek arak sing ditokne Wuyungan kuwi simpenane mBah Buyute, sing embuh wis pirang puluh tahun suwene, arak sagenthong dileboni anak kidang lan anak menjangan, banjur dipendhem nganti pirang-pirang puluh tahun. Lagi diwetokne mau bengi kuwi, merga karawuhan priyagung saka Katumenggungan kene".

"Waaa, nek ngerti ndika ndherekne Gus Wanda, jathuka aku rak nusul" kandhane kancane makara nyelani rembug "jeneh aku ora oleh uleman, sing oleh malah wong tuwaku nanging ora bisa budhal merga lagi keneng panastis".

"Ngerti yen ana omben sing langka ngono kuwi mau, aku banjur nembung marang Gus Wanda supaya aku dikeparengake ngemum unjukane, ketang welase karo aku Gus Wanda ngeparengake kabeh unjukan sing katur panjenengane tak ombe, mula olehku ngombe ya rada sawatara akehe".

"Sing kebangeten kuwi tenane rak aku?" aku banjur melu nrambul gunem "lha wong mung ngombe arak wae, jebul aku iki ora wani. Merga wiwit biyen aku durung tau weruh rasane, jalaran pancen dening biyungku neng ndesa kana aku diweling aja nganti ngombe tunggalane arak ngono kuwi, dadi aku mau bengi kuwi bares wae wedi nek nganti aku mendem lan dadi guyone wong akeh. Tujune mau bengi kuwi ki ana Kakang Makara sing saguh dadi tamengku, upama ora kira-kira embuh dadine karo awakku, kira-kira ya mendem neng omahe Wuyungan dadi guyonane bocah-bocah cilik merga mutah cecek gumlethak neng lemah".

Wong-wong sing krungu olehku guneman padha meneng, sajake duwe rasa pekewuh menawa arep nanggapi karo apa sing tak kandhakne kuwi.

Bengine aku pamitan marang Rama Tumenggung nek arep sanja ing omahe Ki Suwela. Kaya padatan Rama Tumenggung Jatikusuma paring weling supaya aku ora ninggal kaprayitnan lamun jagongan karo Ki Suwela lan anake lanang, Makara. Olehku sanja ing omahe Ki Suwela kuwi mung prelu sepele, ya iku arep njaluk warah marang Makara supaya bisa kaya dheweke anggone kuwat ora nganti mendem menawa nuju ngombe arak utawa ciyu. Aku mula kepengin banget bisa ngumpuli kabeh kanca-kanca apa dene kawula ing sakiwa tengene dalem Katumenggungan kanthi wutuh. Kalebu kepengin bisa nimbangi samangsa-mangsa kudu ngadhepi suguhan arak utawa ciyu. Aku ngerti yen nalikane aku ora gelem ngombe nalika disuguhi arak ing pasamuan ngana kae, ora ana wong sing kawetu maido marang aku, nanging aku wedi karo wewayanganku dhewe, kuwatir yen nganti ana sing mbatin yen olehku ora gelem ngombe inuman sing bisa marakne wuru kuwi, merga kasurung rasa angkuhku. Kamangka aku ora kepengin ana wong sing duwe pangira yen aku iki wong sing angkuh utawa wong sing duwe watek gumedhe sing seneng ngrenmehake sapepadhaning wong. Babagan iki temene uga nate tak aturake marang Rama Tumenggung lan Ibu Nyai Menggung. Nanging Rama Tumenggung babar pisan ora mrayogakne aku supaya sinau ngombe arak utawa ciyu. Malah Panjenengane dhawuh, ora ana tunane nek mung dikira gumedhe mung sabab nampik suguhan arak ing pasamuwan, merga Rama Tumenggung kagungan panemu kaya panemune Biyungku sing ana ndesa, ngombe arak utawa inuman sing bisa ndadekne wuru kuwi luwih gedhe kapitunane tinimbang kabecikane. Kamangka aku ya weruh dhewe yen mung perkara ngunjuk inuman bangsane arak ngono kuwi, Rama Tumenggung prasasat ora ana sing bisa nandhingi mungguh kakuwatane, enteka pirang-pirang guci ora bakal Rama Tumenggung wuru. Nanging kanyatane, pituture marang aku ya ngono kuwi mau. Malah Nyai Menggung sing uga tresna lan asih banget marang aku, paring dhawuh :

"Ngene lho Ngger, awakmu kuwi wis becik-becik ora tepung karo arak utawa Ciu. Dadi wis bener kaya sing didhawuhne ramamu mau, aja wedi nek mung dikira kumalungkung mung sabab nulak disuguhi arak. Jalaran dununge angkuh, gumedhe lan kumalungkung kuwi ora manggon neng kono, nanging manggon ing darma bhektimu marang negara lan Sang Prabu, lumantar nggonmu aweh leladi marang kawula Majapahit kang uga kawulane Sang Prabu. Jumbuh karo jejibahanmu sing didhawuhne ramamu marang awakmu. Yen anggonmu aweh leladi kuwi becik ora mbedak-mbedakne kawula siji lan sijine, linandhesan kukum adil kang mijil saka suka rilaning ati, mangka kumalungkung, gumedhe utawa angkuh kuwi bakal sirna saka atimu. Kosok baline yen olehmu ngladeni kawula Majapahit mung sasenengmu dhewe, mangka kuwi ora bisa mbok aling-alingi yen nyatane kowe pancen wong sing kumalungkung ngendelne dumeh lagi kasampiran panguwasa".

Mula bener apa sing dingendikakne Ibu lan Rama Tumenggung marang aku kuwi, nanging bareng aku weruh kadibyane Makara sing babar pisan ora mendem sawuse ngentekne pirang-pirang cangkir arak, aku temen-temen kepengin bisa kaya dheweke. Aku ngagas yen alane wong ngombe arak utawa ciyu kuwi manggon ing pas mendem sing banjur ilang nalare ngana kae. Mula nadyanta ngombe nek ora nganti mendem kuwi ora ana alane, malah kepara bisa nuduhne kabecikane, bisa ngumpuli sanak mitra ing pasamuwan. Mula wengi kuwi aku budhal sanja ing omahe Ki Suwela saprelu sinau kepiye carane ngombe arak sing becik sing ora ndadekne wuru.

Jebul Makara lan wong tuwane wis ngerti yen tekaku wengi kuwi mung kepengin sinau carane ngombe arak. Ketitik aku wis dicawisi gendul jejer-jejer ditata neng dhuwur dhampar. Gendul-gendul kuwi kabeh kebak isi arak. Sauntara Ki Suwela apa dene Makara isih lungguh anteng ing sacedhake.

 

ana candhake. 

Selasa, 07 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (011)

 

11.

Makara banjur tak ajak mlebu ing panggonan sing padatan tak gunakne kanggo nemoni wong-wong yen butuh ketemu Rama Tumenggung. Nanging Makara ora gelem merga jarene ora ana bab sing wigati sing arep dikandhakne marang aku. Tekane Makara ora ana sambung rapete karo jejibahanku minangka wakile Rama Tumenggung, nanging mung arep ngajak aku menyang desa sing ora adoh karo Dalem Katemenggungan ing omahe salah sijine warga.

"Nyuwun pangapunten Gus" wangsulane Makara nalika tak ajak mlebu mau "estunipun boten wonten prakawis ingkang wigatos sanget tumrap jengandika Gus Wanda, namung badhe ngaturi uninga bilih sanakan kula ingkang griyanipun Pajaringan, dalu niki ngawontenaken tirakatan kanthi nanggap ringgit ing griyanipun, mbok bilih Gus Wanda lodhang saha dhangan ing panggalih saha menawi kersa badhe kula dherekaken tindak mrika mirsani ringgit".

"O ngono ta? Lha sanakan ndika kuwi duwe gawe apa ? teka nanggap wayang barang?" wangsulanku, lan kanggo nglegani atine Makara aku ya nyaguhi arep nuruti apa sing lagi wae dikandhakne "pancene wengi iki aku ya nuju ora ana pagaweyan sing kudu tak tandangi, dadi ya bisa wae nek wengi iki dienggo nonton wayang, ngiras pantes kanggo nyegerake pikiran".

"Ngaturaken genging panuwun Gus" Makara katon sansaya kalegan atine ngerti nek aku gelem dijak metu ndelok wayang "sanakan kula niki gadhah damel milujengi tiyang sepuhipun ingkang sampun ngajal, dalu menika dhawah sewu dintenipun". 

Sidane wengi kuwi aku bareng-bareng karo Makara teka ing Pajaringan melu tirakatan ing omahe Wuyungan blantik kebo sing sugih mblegedhu, sing wengi kuwi wayangan nanggap dhalang sing kondhang ing laladan Majapahit. Dhasar Wuyungan kuwi wong sing sugih bandha ya sugih kanca, srawunge jembar tekan ngendi-endi. mula ya ora nggumunake yen wengi kuwi tamu sing teka melu tirakatan ya akeh banget. Pendhapane Wuyungan sing wangun limasan kuwi kebak kepara jejel riyel dening wong-wong sing padha nonton wayang kanthi ujub melu tirakatan. Kajaba sing padha nonton wayang ing pendhapa, ing omah jero uga ora sethithik tamu sing milih panggonan ana kono, wong-wong sing neng jero omah kuwi ora padha melu nonton endahing wayang, nanging anggone tirakatan disambi karo dolanan neka-neka sing uga diudhoni kanggo ngabotohan cilik-cilikan, ujube kanggo cagak melek.

Wis dadi pakulinan, wong sing duwe gawe nylameti wong tuwane sing wis mati kuwi, mesthi dibarengi karo ngetokne dana driyah sing akeh. Kajaba dana driyah kanggo para wong sing nandhang kekurangan, urip sing sekeng, uga dana driyah kang dienggo nyugata para tamu sing padha melu tirakatan. Mula akehe sugihan sing banyu mili saka jero omah kanggo para tamu, temen-temen ora ana kendhate. Sakehing jinis panganan padha metu kabeh, ya panganan sing empuk ya panganan sing renyah ora ana sing kliwatan, kabeh ana lan ora sethithik cacahe.

Mung sing aku ora pati bisa ngetrepne lungguhku kuwi nalikane omben-omben sing bisa gawe wuru uga katut disuguhne. Adat sing wis kulina ing papan kono, ngombe ciu kuwi minangka omben sing ngemu pakurmatan. Kagawa saka jejerku minangka punggawa dalem Katumenggungan, mangka kudu ngombe luwih dhisik sawuse sing duwe omah ngombe, samangsane omben Ciu disuguhake. Kamangka wiwit cilik dening biyungku, ya Nyi Panewu wis diweling supaya aja pisan-pisan wetengku klebon omben panunggalane Ciu utawa arak ngene iki. Dadi pancen aku ora kulina ngombe arak utawa Ciu. Kamangka minangka pakurmatan, ing omahe Wuyungan sing duwe gawe iki, aku kudu ngombe dhisik dhewe lan ora mung sasloki utawa rong sloki, nanging saben oleh saubengan, dibaleni maneh olehe ngombe arake lan diwiwiti saka Wuyungan, banjur aku disambung Makara lan mubeng tamu-tamu liyane.

Tujune tekaku mau sing ngajak Makara lan Makara lagi ngerti yen satemene aku ora kulina ngombe omben sing bisa marakne wuru kuwi.  Kamangka ing desa kono, wis dadi unen-unen yen ana bocah nom sing gampang mendem, lire lagi ngombe sethithik wis mendem, kuwi diarani bocah nom sing ringkih lan banjur dadi poyokane wong akeh. Luwih-luwih yen ana wong sing ora wani ngombe amerga kuwatir yen nganti mendem, mangka wong sing mangkono kuwi bakal dadi bebakalaning geguyonan dening kanca-kancane. Mula kanggo nutupi wirangku, Makara sing banjur maju. Saben-saben aku kebageyan ngombe arak, mangka dening Makara arak sing diulungne aku mesthi banjur ditampani lan diombe. Dadi aku ora klebon omben sing bisa gawe mendem kuwi babar pisan.

"Aku wis matur marang Gus Wanda lan uga wis diparengake, yen bengi iki aku sawutuhe dikeparengake ngemum unjukane Gus Wanda, dadi kabeh unjukan sing kagem Gus Wanda sing kudu ngombe ya mung aku dhewe" kandhane Makara marang juru ladi sing ngladeni unjukan sing bisa marakne mendem kuwi. Babagan ngemum (ngalap berkah) kuwi pancen wis kaprah dtindakne dening andhahan marang ndhuwurane, dadi wong-wong sing krungu nek wengi kuwi Makara ngemum omben sing kanggo aku, kabeh iya banjur padha bisa nampa kanthi legawa, ora nggagas lan ora ngarani aku neka-neka merga ora gelem ngombe omben sing disuguhne.

Nadyan ta mangkono aku sing rumangsa ora kepenak karo Makara, merga olehe ngombe arak Makara dadi tikel kaping pindho. Bageyanku karo bageyane dhewe. Mula nalika ngarepake parak esuk aku karo Makara pamitan bali marang Wuyungan, praupane Makara katon abang mangar-mangar mratandhani yen dheweke wis mendem kegawa saking akehe arak sing wis diombe. Mung sing ndadekne gumune atiku, olehe mendem Makara beda karo wong-wong liyane sing banjur mutah cecek ora karuwan, ana sing banjur ngglethak karo ngompyang ngeler wewadine dhewe barang. Nanging kahanane Makara wektu kuwi, mung nek mlaku katon sempoyongan, nanging ora nganti rubuh neng lemah, tembung-tembung sing diucapne isig turut kaya wong sing ora mendem.

"Sampun kuwatos Gus Wanda" karo bisik-bisik Makara isih kober kandha marang aku nalika aku bebarengan mlaku mulih tekan ratan sing tumuju Dalem Katumenggungan "kula niki nggadhahi kalangkungan tinimbang tiyang limrah ing babagan ngunjuk arak. Sanadyan ketingalipun kula menika sampun wuru, nanging pikiran kula taksih bening kados dene malaming tawon lan kula boten badhe rubuh utawi nutah cecek kados titiyang kala wau, mangke menawi sampun dumugi griya kula engge tilem sakedhap tartamtu kula sampun pulih malih".

"Iya, aku percaya" wangsulanku panggah karo mlaku "aku weruh dhewe yen anggon ndika ngunjuk arak mau wis ngliwati wates, aku ya ngerti satemene awit ndika wis ngeman aku murih ora dadi guyone wong akeh, utawa murih Wuyungan lan wong-wong Pajaringan ora kleru tampa marang aku merga aku ora wani ngombe arak sing disuguhne, ndika wis ngorbanake dhiri ndika kanthi pawadan ngemum, arak-arak sing kudune tak ombe malah ndika unjuk kabeh. Ya pancen kudune aku wiwit sinau ngombe omben ngono kuwi, ora kanggo seneng-seneng utawa mendem-mendeman, nanging kanggo ngadhepi yen ana lelakon sing kaya ngene iki mau".

"Menawi menika ingkang jengandika kersakaken, jengandika sampun kuwatos Gus" Makara wangsulan "benjing kemawon kula tedahi caranipun ngunjuk arak utawi ciyu supados boten saged wuru".

"Lho apa ana carane murih ora wuru kaya ndika ngono kuwi, Kakang Makara?"  aku takon.

"Inggih mawi dipun gladhi mbaka sekedhik Gus" wangsulane Makara karo ngguyu "benjing kemawon kula aturaken cara-caranipun".

Ora krasa mlaku karo omong-omongan, aku karo Makara wis tekan Dalem Katumenggungan. Makara tak ajak supaya turu neng papan paleremanku, ora gelem. Pilih bablas bali ing omahe wong tuwane. Karo pamitan Makara kandha yen mengko olehe teka ing Dalem Katumenggungan nindakne wajib kaya saben dinane, mbok menawa rada kasep merga kira-kira mengko dheweke bakal kerinan anggone tangi saka turune. Aku aweh wangsulan, nek pancen dina mengko ora bisa teka ing Dalem Katumenggungan kaya padatan ya ora dadi baya pangapa jalaran aku ngerti yen olehe makara kerinan anggone tangi mengko, merga kakehan ngombe arak sing kudune tak ombe, nanging merga Makara ngeman aku banjur diombe dhewe.

 

ana candhake.


Minggu, 05 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (010)

10.

Bapa Tumenggung uga wis pirsa yen Ki Suwela nduweni rasa kaya kang tak kandhakne mau, kamangka aku ya ora matur babagan iki marang panjenengane. Malah Bapa Tumenggung sing nimbali aku lan maringi pitutur supaya aku luwih ngati-ati menawa srawung karo Ki Suwela lan anake lanang sing aran Makara, jalaran Rama Tumenggung pirsa yen satemene Ki Suwela lan Makara kuwi wong sing julig lan duwe jiwa sing licik.

 

"Awakmu wae sing ngati-ati lamun ana cedhake Ki Suwela lan Makara kuwi, Suwanda" dhawuhe Rama Tumenggung sawuse paring dhawuh yen Ki Suwela ora seneng merga aku sinengkakne dadi putra angkate Rama Tumenggung sarta kaparingan jejibahan amakili panjenengane yen panjenengane nuju ora ana dalem Katumenggungan "tembung satembung kudu sing ngati-ati lan aja mbok katonake lamun satemene kowe ora seneng marang wong loro kuwi, becik rangkulen kanthi raket nanging aja nganti ninggal prayitnaning batin".

 

"Dhawuh jengandika Rama Tumenggung saestu badhe kula estoaken kanthi sak sae-saenipun" wangsulanku, karo jroning ati ngaturake rasa panuwun awit kabecikane Rama Tumenggung marang aku sing terus ambanyu mili.

 

Dhawuh pituture Rama Tumenggung Jatikusuma mau tak tindakne temenan, nggonku srawung karo Makara sing umur-umurane sapantaran karo aku banjur tak raketi. Samono uga srawungku marang Ki Suwela wong tuwane Makara. Ing sambikalane nganggur, aku kerep sanja ing omahe Ki Suwela, kajaba ngajak jejagongan karo Makara uga kerep wae aku njaluk pitutur marang Ki Suwela ing babagan sing magepokan karo jejibahan sing kudu tan tindakne. Wong loro kuwi katon seneng lan sikepe marang aku dadi owah. Makara dadi luwih kerep nemoni aku lan ngajak bawa rasa maneka warna perkara. Ki Suwela uga kerep aweh pituduh marang aku murih anggonku nindakne kuwajiban bisa luwih sampurna. Rasa gela lan cuwaning atine wong loro kuwi merga kawicaksanane Rama Tumenggung sing maune dianggep ora adil lan ora ngajeni lelabuhan sing wis ditindakne dening Ki Suwela lan Makara marang Dalem Katumenggungan, wis ora ana tabet-tabete maneh.

 

Rama Tumenggung sing sanadyan sansaya akeh ayahan sing kudu ditindakne, nanging anggone migatekne aku babar pisan ora suda kuwi, uga pirsa owah-owahan sikepe Ki Suwela lan Makara marang aku.  Rama Tumenggung uga uninga yen saiki Makara apa dene Ki Suwela dadi mundhak sregep anggone nindakne gaweyane minangka abdi lan punggawa Dalem Katumenggungan.

 

Anuju sawijining kalodhangan aku ditimbali dening Rama Tumenggung kanthi mirunggan.

 

"Suwanda apa awakmu isih eling karo pituturku let sepasar sawuse awakmu tak pasrahi jejibahanmu sing saiki iki kae?" Rama Tumenggung mundhut pursa marang aku bab pitutur sing tau diparingake marang aku nalika semana.

 

"Saestu sedaya dhawuhipun Rama Tumenggung dhateng kula, boten adhe ical saking engetan kula Rama" wangsulanku karo suwara sing alus kebak rasa panuwun "lan sedaya dhawuh jengandika Rama saestu badhe kula estokaken kanthi sak sae-saenipun".

 

"Sokur yen pancen mangkono" ngendikane Rama Tumenggung sabanjure "aku ya ngerti olehmu ngecakne pituturku babagan tata gelar sing mbok cakne marang Suwela lan anake, kang mangkono iku aku uga wis bisa ngarani yen olehmu ngecakne wis pas lan wis trep tur bener, ketitik saka asile nggonmu ngecakne pitutur kae, saiki Makara apa dene wong tuwane, kena diarani wis malik grembyang sikep lan lageyane marang awakmu lan marang gaweyane".

 

"Mila leres dhawuh jengandika menika Rama" aturku nanggapi pangandikane Rama Tumenggung sing ngrembug sikepe Ki Suwela lan Makara "tiyang kalih kala wau samangke ketingal langkung sae lan langkung tinggen anggenipun ngayaji kuwajibanipun ing Dalem Katumenggungan mriki, kula ugi ngertos bilih sadaya menika inggih awit saking pitedah-pitedahipun Rama dhumateng kula".

 

"Iya, nanging kuwi tata gelar kang sipate kasat mata sing gampang disawang lan dingerteni sok sapa wae" Rama Tumenggung paring dhawuh maneh "sing prelu tak kandhakne marang awakmu samengko ing babagan tata batin, lire apa sing katon ing lahir durung karuwan padha karo sing ana jero batin, kena diparibasakne awakmu disuguhi panganan sing sarwa enak lan sarwa mirasa, kuwi yen sinawang gelar wujude merga sing nyuguhi awakmu kuwi duwe pamrih becik ya iku gawe senenging atimu lan murih awakmu luwih kuwat, nanging yen sing aweh suguhan kuwi duwe pamrih sing seje, awakmu bisa wae dadi lan cilakne, ya kuwi ing suguhan sing mbok tampa ana panganan sing diwenehi upas utawa wisa, sing bisa ndadekne awakmu tiwas utawa cilaka. Kuwi sing prelu dadi kawigatenmu, aja nganti awakmu tiba ing juranging katiwasan mung sabab kena apus krama sing diwungkus mawa sikep sing anoraga. Wiwit jaman kuna makuna akeh kedadeyan Macan gembong sing gagah prakosa bisa dikalahake ora nganggo kekuwataning lahir nanging bisa dijiret sing tuwuhe saka kekuwataning pikir. Welingku marang awakmu, sepisan maneh aja nganti awakmu pegat kaprayitnan".

 

"Inggih Rama, dhawuh jengandika badhe kula emut-emut mugi-mugi saged dados pangayoman kula salebetipun nindakaken darmaning gesang menika" wangsulanku karo ngangen-angen mungguh benere apa sing didhawuhne Rama Tumenggung iki mau.

 

"Sabanjure rungokna ngger" Rama Tumenggung Jatikusuma paring pitutur maneh "kajaba ora pisah karo laku pangati-ati murih rahayu uripmu, awakmu kudu bisa minterne ati, wujude sapisan aja seneng nampa pangalembana lan serik lamun diwada, jalaran ora sethithik kawiwitan seneng nampa pangalem suwe-suwe banjur dadi mendem, wusanane banjur rumangsa pinter dhewe, rumangsa sugih dhewe, rumangsa bener dhewe, rumangsa bagus dhewe lan sapiturute. Kamangka wong sing seneng rumangsa pinter dhewe kurang-kurang bejane bisa ndadekne keblinger uripe, rumangsa sugih dhewe bisa nuwuhake entek bandhane, rumangsa bener dhewe adhakane banjur ora weruh yen lakune wis nalisir saka garising Widhi, rumangsa bagus dhewe bisa ndadekne kumalungkung sing wekasane kabentus-bentus merga polahe dhewe. Kosok baline Suwanda, sing pamada sing tumiba marang awakmu iku ora kabeh ndadekne tunamu, ana kalane pamada utawa panacad sing mbok tampa kuwi satemene pitutur luhur sing sing sinamudana, kanthi pancad bisa ndadekne awakmu mulat salira, mawas dhiri bener utaawa orane unine panacad klawan kahananmu sing satemene, lamun pranyata jumbuh kuwi minangka korining lakumu kanggo ndandani kakuranganmu murih dadi sampurnane, dene manawa ora jumbuh yekti ora ana kapitunan sing mbok sandhang merga tumibane pamada utawa panacad, awit kanyatan kuwi ora bisa diselaki".

 

"Inggih Rama" wangsulanku karo sansaya ndhingkluk kurmat marang wong tuwaku angkat sing banget kasok tresnane marang awakku.

 

"Sabanjure awakmu kudu ora kena dhemen melik marang duweke liyan, aja gampang muring utawa nesu. Wong sing dhemen melik marang darbeke liyan sok nuwuhake tekad wani tumindak sedheng, nyingkur paugeran mung nuruti rasa kepengine, temahane bakal nemu bilahi. Wong sing gampang nesu kuwi nkerep nuwuhake getun ing tembe mburine. Dadi manungsa kuwi  aja kendel-kendel sing adhakane gampang ndadekne uripe cuthel, nanging ya aja jirih-jirih sing bisa nuwuhake jiwa lan ragamu dadi ringkih. Sranane wong ngalab rahayu kuwi bisoa ngecakne urip sing samadya. Pituturku dina iki cukup samene dhisik, gagasen kanthi weninging ati, sing jumbuh karo nalarmu bisa mbok gugu dene yen miturut nalarmu ora bener becik takokna luwih dhisik sadurunge mbok buwang adoh" Rama Tumenggung mungkasi nggone paring pitutur.

 

Nganti suwe anggonku nggagas pituture Rama Tumenggung mau, siji wae miturut panemune nalarku ora ana sing kleru. Aku temen-temen wis kasengsem karo kabeh pitutur sing tak tampa mau. Nganti suwe aku ora ngalih saka panggonanku lungguh ngadhep ing ngarsane Rama Tumenggung mau. Kamangka wis sauntara Rama Tumenggung jengkar saka papane mlebu ing paleremane.

 

Aku lagi duwe karep ngalih saka papan kono bareng saka pendhapa keprungu suwarane abdi katumenggungan omong-omongan rada banter karo wong sing lagi teka, ya iku Mukara sing arep nemoni aku. Gageyan aku menyat, arep nemoni Makara mbok menawa ana perkara sing wigati sing mbutuhne gage-gage ditandangi.

 

"Wis suwe apa nggin ndika teka iki mau Kakang Makara?" pitakonku karo nyedhaku Makara sing lagi linggih ing dhingklik ing pendhapa sisih ngarep lagi jagongan karo Titir abdi ing Katumenggungan.

 

"Nembe kemawon kok Gus" wangsulane Makara karo mesem sajak seneng atine.

 

ana candhake.

 

Sabtu, 04 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (009)

 

9.

mBah Tambak lajeng nata anggenipun lenggah, sasampunipun nyedhot ambegan radi panjang kaping tiga menapa kaping sekawan, lajeng miwiti anggenipun carios :

"Biyen kanthi tinengeran karo jenang abang dening wong tuwaku aku diwenehi tetenger utawa jeneng Suwanda. Miturut ujare wong tuwaku, jeneng Suwanda kuwi dijupuk saka layang kuna yen ing jaman biyen ana satriya sing ambeg bawa leksana lan tansah anetepi kasatriyane. Kanthi menehi jeneng aku Suwanda kuwi wong tuwaku kepengin mbesuke yen aku wis diwasa bisa nulad lekase Raden Suwanda sing kocap ing layang kuna kuwi, ya iku dadi satriya sing lelabuhane ginulung ing telung perkara yaiku guna, kaya lan purun sing kanggo nuhoni trah utama.

Pancen wong tuwaku kuwi klebu wong sing duwe kalungguhan sing kinurmatan dening sapepadhaning wong. Dening Kanjeng Sinuhun ing Majapahit kaparingan kaparcayan ngerehake kawula ing Majapahit kurang luwih cacah sewu kulawarga kanthi pangkat Panewu. Nek neng padhukuhan sing dilungguhi wong tuwaku, pangkat panewu kuwi pangkat sing dhuwur, nanging yen wis digawa ing paseban agung, pangkat panewu kuwi mung kaya dene bledug ing satengahing krikil lan watu sing ana gisiking kali. Ora ana apa-apane yen ditandhing karo pangkat Demang, Panji utawa Rangga luwih-luwih nek dijejerne karo pangkat Tumenggung, blas ora ana ajine. Mula ing jagading pasrawungan, aku sing anak Panewu manawa nuju ing padesan reh-rehane wong tuwaku, prasasat saben bocah sing sapantaranku padha wedi lan ngajeni marang aku. Nanging yen metu saka laladan reh-rehane wong tuwaku utawa ing kutha gedhe Majapahit, aku iki ya ora ana ajine babar pisan. Kasoran pamor karo putrane para penggedhe.

Merga wong tuwaku duwe gegayuhan supaya ing tembene aku bisa luwih mukti lan luwih wibawa tinimbang wong tuwaku sing mung dadi Panewu, aku banjur disuwitakne marang priyagung ing Kutha Raja Majapahit, ya iku Tumenggung Jatikusuma. Ing Katumenggungan Jatikusuman, kajaba ngladeni Gusti Tumenggung lan rerewang nandangi kang dadi jejibahane nDara Menggung, aku uga diweleg kawruh tata carane dadi abdining negara sing becik. Aku dhewe rumangsa seneng nglakoni sing dadi rerigene wong tuwaku kuwi. Mula kabeh gaweyan sing diparingake marang aku dening nDara Menggung tak tandangi kanthi senenging ati linandhesan rasa ikhlas ing lahir tumusing batin. Mula ora aneh yen kabeh sing dadi dhawuhe ndDara Menggung, bisa tak wujudi klawan becik lan sampurna, jumbuh karo sing dadi kersane bendaraku ya iku nDara Menggung Jatikusuma.

 nDara Menggung sing dhasare ora kagungan putra kuwi banget asih marang aku, malah saking asih lan tresnane nganti kaya-kaya aku iki dianggep putrane dhewe. Ora mung kuwi, aku tau krungu rerasanane nDara Menggung karo Nyi Menggung, yen aku arep diunjukne ing ngarsane Gusti Patih supaya jenengku cinathet ing layang kekancinganing negara minangka putrane nDara Menggung Jatikusuma, pamrihe ing mbesuke supaya aku bisa oleh sihing Dalem kaparingan pangkat ing paprentahan Majapahit. Lan rerasanan kuwi wekasane dening nDara Menggung uga dikandhakne marang aku.

"Suwanda" dhawuhe nDara Menggung sawijing esuk nalika aku lagi nindakne kuwajiban minangka abdi ing katumenggungan "nyedhaka mrene aku arep kandha marang awakmu".

"Badhe kaparingan dhawuh menapa Gusti?" aturku sawuse lungguh ngapurancang ing ngarasane nDara Menggung "abdi jengandika pun Suwanda tansah siayaga ing dhiri lan sawega ing gati".

"Wiwit dina sesuk kowe tak dhawuhi supaya manggon ing dalem Katumenggungan, awit kowe arep tak paringi jejibahan sing luwih abot yen ditimbang karo jejibahan sing mbok ayahi nganti dina iki" dhawuhe nDara Menggung karo nyawang aku sing lungguh amarikelu ing ngarsane.

"Minangka abdi ingkang tuhu boten gadhah pepundhen kajawi namung jengandika Gusti Menggung,andi jengandika kula namung nadhe ngestokaken dhawuh, mugiya kula saged lebda ing karya, ngayahi jejibahan peparingipun Gusti Tumenggung".

"Sumurupa Suwanda" nDara Menggung nutugne olehe ngendika "sesuk kuwi kajaba bakal tak unjukne ing ngarsane Gusti Patih bab jejibahanmu sing anyar iki mengko murih ana undhak-undhakan blanja saka negara marang awakmu, uga bakal tak unjukake supaya jenengmu cinathet mlebu dadi peranganing kulawargaku, ya iku kowe tak dhaku dadia anakku, sing ing tembene supaya awakmu bisa marisi apa-apa sing dadi tinggalanku samngsane aku wis teka watesing janji sokur bage menawa dening Gusti Patih kowe dirigenake murih kaparingan pangkat saka Kanjeng Sinuhun Prabu, dadi bisa luwih cetha kang dadi dina tembemu".

"Samanten agenging sih katresnan jengandika Gusti Menggung dhateng pun Suwanda, inggih awit saking menika gandheng kula ngrumaosi bilih boten badhe kongang menawi ta kula kepengin atur piwales dhateng jengandika Gusti kula, mugi kaparengna kula aprasetya  lan mugi Hyang Widhi paring kasembadan, sanadyan badhe nemahana putung kinarya bebalang utawi lebur kinarya sesawur, sauger menika awit nglampahi dhawuh jengandika Gusti kula Kanjeng Tumenggung, badhe kula lampahi kanthi suka gambiraning manah" wangsulanku marang bendaraku wektu kuwi, iya awit saka senenging atiku lan minangka atur panuwun marang ndara Menggung.

"Iya Suwanda" nDara Menggung "saiki rungokna apa tambahing jejibahan sing kudu mbok lakoni sawuse mengko kowe ngalih manggon ing sajroning Dalem Katumenggungan. Kang kapisan, gandheng kowe ngerti dhewe yen wektu iki gaweyanku minangka Tumenggung luwih akeh katindakne ing sajabaning Dalem Katumenggungan, nanging kepara luwih akeh ing satengahing panguripane para kawula, mula kanggo ngladeni kabutuhane kawula kang teka ing dalem Katumenggungan, tak sampirake marang awakmu ladenana kawula kang teka kanthi becik, rampungna perkara kang kudu dirampungake kanthi asmaku minangka Tumenggung Jatikusuma".

"Kawula nuwun, ngestokaken dhawuh"

"Kaping pindho" Dhawuhe nDara Tumenggung sabanjure "awakmu tak keparengake, ngaturi aku ora kaya padatane yaiku Gusti Tumenggung utawa nDara Menggung, nanging nganggowa sesebutan Bapa marang aku lan Ibu utawa Biyung marang Nyai Menggung. Sabanjure aku nitip prentah, awakmu uga kudu nglakoni apa-apa sing dadi dhawuhe Ibumu ya Nyai Menggung kanthi sabencik-becike, ora tak keparengake awakmu kumawani ndaga dhawuhe".

"Ngaturaken sewu genging panuwun Gusti, eh Bapa Tumenggung, sedaya dhawuh jengandika badhe kula lampahi kanthi sukarenaning manah".

"Cukup semene dhisik dhawuhku marang kowe" ndara Menggung mungkasi dhawuhe "tutugna nggonmu nindakne jejibahan dina iki, sedhela maneh para paraganing Katumenggungan bakal yeka lan mlumpuk ing dalem Katumenggungan kene saprelu nampa prentah saka aku, magepokan karo sing lagi wae tak dhawuhake marang awakmu iki mau".

Dina iku uga, ing Katumenggungan dikepyakne dening nDara Menggung babagan jejibahan lan kalungguhanku sing anyar, klebu anggone nDara Menggung wis kepareng mupu aku dadi putra angkate. Para punggawa katumenggungan akeh sing padha nampa kanthi seneng nanging jenenge manungsa akeh, mesthi wae ana sing beda, mligine sing umure sapantaran karo aku sing anggone ngabdi ing Katumenggungan luwih dhisik tinimbang aku. Nanging sanajanta satemene ora sarujuk karo kang dadi kersane nDara Menggung, sing kasebut keri iki ora ana sing gelem ngandhakne olehe ora sarujuk, kabeh mung padha meneng, malah kepara padha wangsulan yen sing didhawuhne nDara Menggung kabeh wis bener lan wicaksana sing tanpa cacad babar pisan. Wong-wong sing nduweni teku ing antarane keplasing lathi ora padha karo sing ana jero ati ngene iki mapan akeh kapranggulan ing saben jaman lan meh ing saben panggonan. Lan yen wis ngira ora bakal kapireng dening kang kagungan putusan sing satemene ora disarujuki kuwi, lagi padha pating klesik rasan-rasan maido karo wong-wong sing satemene ora weruh perkarane. Aku dhewe sing dening nDara Menggung wis dituturi yen mengkone bakal nemoni wong-wong sing ngono kuwi, kudu bisa momong ati, ora kena nimbangi karo laku sing padha karo sing dicakne wong-wong kang mangkono iku. Kudu bisa tumindak sing wicaksana murih wong sing satemene wis kleru tampa kuwi bisa nglenggana lan mbalik dadi becik, ora kedlarung-dlarung olehe padha salah tampa. Mula aku ya mbudidaya murih bisa nglakoni kaya apa sing dadi pituture marang aku, kabeh punggawa katumenggungan tak rengkuh padha, malah aku api-api macak ora ngerti yen satemene ana sing duwe rasa gela utawa malah kepara rasa gething sing mburu sengit marang aku sing tuwuhe merga kanugrahan sing tak tampa saka nDara menggung sing saiki wis dadi wong tuwaku angkat.

Ki Suwela,  Punggawa Katumenggungan sing yuswane sapantaran karo Bapa Tumenggung kang uga kagungan putra sing olehe ngabdi ing Katumenggungan luwih dhisik tinimbang aku, salah sijine wong sing satemene ora sarujuk karo dhawuh sing ditibakne dening Bapa Tumenggung Jatikusuma  magepokan karo lanugrahan sing tak tampa iki.


Jumat, 03 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (008)


 


8.

mbah Tambak lajeng nyaketi papanipun Ki lan Nyi Sarkara ingkang kamitenggengen ningali Ki Tambak ingkang samangke ketingal kados dene priyagung kanthi busana ingkang dipun agem.  Ki Tambak sareng lajeng wicanten dhateng Ki Sarkara lan Nyi Sarkara :

 

"Kowe Sarkara lan kowe Setiti, yen pancen kowe padha gelem tak ajak jagongan, saiki anakmu sing lagi turu kuwi gendhongen. Ayo melu aku jagongan neng jero omah wae lan bobukna anakmu ing papan sing luwih prayoga neng jero omah kana".

 

Ki Sarkara lan Nyi Sarkara sami ngungun ing salebeting manah, jalaran tiyang kalih menika babar pisan boten sumerep griya ingkang wonten sacaketing papan mriku. Lajeng menapa ingkang dipun kajengaken dening Ki Tambak griya kala wau? makaten pitakenan ingkang ngrenggani manahipun Ki lan Nyai Sarkara.

 

Kados mangertosi menapa ingkang nembe dipun gagas dening Ki Sarkara lan Nyai Sarkara, Ki Tambak dumadakan gumujeng radi seru lajeng tanganipun nuding dhateng papan ing pengkeripun tiyang kalih ingkang dipun ajak rembagan kalih wicanten :

 

"Sajake kowe wong loro mau olehe padha ngrasakne luwene weteng nemen banget, nganti padha ora weruh yen ing kidul Sendhang kuwi ana omah, ya omah kidul sendhang kuwi omah sing dadi panggonanku, Sarkara. Ayo diage padha mlebu".

 

Tanpa kraos Ki lan Nyai Sarkara sami noleh ningali papan ingkang dipun tudingi dening Ki Tambak. Tiyang kalih wau sansaya mlengak, awit kekalihipun sami sumerep wewangunan griya ingkang nadyan boten ageng nanging ketingal cekli lan asri. Griya wangun srotongan ingkang mangku latar boten patos wiyar nanging resik lan asri awit kinupengan taneman sesekaran ingkang manekawarni.  Nanging Ki lan Nyai Sarkara boten saged dangu anggenipun nggumuni tetingalan ingkang nembe kemawon sipun sumerepi wau, jalaran kekalihipun kados dipun tarik daya kekiyatan ingkang aneh murih ngetut lampahipun Ki Tambak ingkang mlampah tumuju korining griya ingkang wiyar menganipun.

 

Sasampunipun dumugi salebeting griyanipun Ki Tambak, Ki lan Nyai Sarkara sansaya ngungun malih, awit jejoganing griya kadamel saking tatanan blabag-blabag kajeng jati ingkang sinerut alus, ing mriku sampun ginelaran babut permadani ingkang sakalangkung endah, ing sisih kiwaning jogan wonten dipan kanthil ingkang rinengga mawi ukiran ingkang remit.

 

"Anakmu Pradapa kuwi bobukna ing amben turonku dhisik, banjur padha lungguha neng klasa sing wis digelar kuwi" Ki Tambak wicanten kalih nudingi dipan kanthil ingkang mapan ing pering kering.

 

Kados gudel kineluhan, Nyai Sarkara lajeng nilemaken Pradapa ing dipan ingkang endah awit saking ukir-ukiranipun menika, dipan ingkang ginelaran permadani menika ngganda arum mangambar-ambar kados gandanipun sekar melathi.

 

"Aku ora gumun nek kowe padha gumun amarga anane kedadean sing rumangsamu aneh iki" wicantenipun Ki tambak sasampunipun Ki lan Nyi Sarkara mapan linggih ngadhep piyambakipun.

 

"Nyuwun pangapunten mBah Tambak" Ki Sarkara mantun-mantunaken manahipun kangge pitaken dhateng Ki Tambak ingkang miturut Ki Sarkara kalebet tiyang ingkang aneh menika "kula kalih semah kula boten namung rumaos gumun manggihi lelampahan dinten niki wau, nanging kepara dados bingung jalaran boten saged mikir awit anehing lelampahan ingkang kula panggihi, sepisan malih nyuwun pangapunten, mugi kacethakna dhateng kula kekalih, kula kekalih menika nembe ing alam pasupenan menapa malah sampun ngalih dhateng alam kalanggengan liripun kula kekalih lan anak kula pun Pradapa sampun sami dumugi pejah nanging boten ngrumaosi menawi sampun ngalih alam?".

 

"He he he he......" Ki Tambak gumujeng lajeng suka wangsulan "aja kaduk ati bela panampa pangrasamu Sarkara. Padha sumurupa, kowe sakloron lan anakmu ora lagi ngimpi lan uga durung padha mati, Sendhang Tambak sesajen neng ancak kae mau cetha yen mapan ing alam kang nyata, ya iku alaming jalma manungsa. Dadi sing padha mbok ombe mau, bener-bener banyune sendhang lan sing padha mbok pangan mau temen-temen sega sing diolah dening manungsa. Nanging nek omah iki saisine klebu klasa sing padha mbok lungguhi lan amben sing kanggo turu anakmu kuwi, mula pancen mapan ing alam sing panggonane ing sisihe alam kang kasat mata utawa alaming titah kang asipat wadhag. Ya kene iki sing diarani jagad sonyaluri utawa jagade para prayangan".

 

"Dados kula sabatih menika sampun mlebet alaming para prayangan mBah? Lajeng dosa menapa ingkang sampun kula lampahi temah kula pikantuk pidananing Gusti kedah dados prayangan kados makaten menika?" Ki Sarkara pitaken manahipun sedhih lan susah ingkang boten kantenan, awit nginten menawi piyambakipun tuwin semah lan yoganipun sampun dados prayangan.

 

"Aja banjur susah ngono kuwi atimu Sarkara" Ki tambak suka wangsulan kalih mesem nanging kraos esem ingkang pait, kados nyingidaken raos sesdhih ing manahipun "dudu kowe sa anak bojomu sing wis kesiku ing Gusti temah dadi prayangan, nanging sing nampa lagi nampa benduning Allah kuwi aku, menungsa sing kakehan polah kesurung lekas nuruti pangajake hawa napsu sing srakah, temah wekasane nampa benduning Allah, dadi prayangan sing uripe ora genah".

 

Ki Tambak lajeng ketingal njetung, lenggahipun dheleg-dheleg kados tiyang ingkang nandhang gegetun. Radi dangu anggenipun kendel. Ki sarkara lan semahipun rumaos welas sumerep Ki Tambak ingkang makaten menika, nanging kekalihipun ugi ajrih kaworan bingung manahipun, boten saged wicanten menapa-menapa.

"Puluh-puluh wis dadi lakonku" sareng sampun saantawis anggenipun kendel anjetung, Ki Tambak lajeng wicanten malih "jenenge lakon wajibe iya dilakoni, digetunana yekti tanpa pedah. Ngertia Ki Sarkara, kowe apa dene anak lan bojomu isih panggah wujud manungsa lumrah lan tak pepuji muga-muga ing dina ngarepmu kabeh ora padha kleru nggonmu padha mlaku temah ngambah dalan sing dudu samesthine kaya sing wis tak lakoni iki".

 

"Inggih mBah, pangestunipun mBah Tambak mugi-mugi dadosa srana rahayuning gesang kula sabatih" Ki Sarkara atur wangsulan kanthi suwanten ingkang alus lan ngaosi sanget dhateng Ki Tambak.

 

"Saiki aku arep waleh utawa blaka marang kowe Sarkara" Ki Tambak lajeng wicanten malih "ya aku njaluk pangapuramu, tenane sing nuntun lakumu nganti tekan Sendhang Tambak iki mau ora ana liya kajaba aku dhewe, pancen wis puluhan malah mbok menawa atusan tahun nggonku seneng nuntun lakune wong sing lagi ngumbara utawa lelungan sing sangu kasusahan menyang Sendhang Tambak kene iki. Nanging ajeg wae, kabeh wong sing tau tak tuntun tekan kene, jebul ora ana asile apa-apa tumrap aku lan tumrap wong sing tak tuntun mlaku mrene kuwi mau. Nadyan ta mangkono aku ora tau rumangsa kemba, awit aku percaya marang Maha Welas Asihe Allah sing satuhu ora winates olehe kagungan tresna asih marang kawulaNe sing nedya mertobat bali marang dalan kang sabenere. Ya muga-muga wae, kowe lan anak bojomu dadia wong pungkasan sing tak tuntun menyang Sendhang  Tambak kene, awit yen wis klakon kasembadan pepenginanku sing tak sranani nuntun lakune wong sing lagi lelungan sing sangune kasusahan iki, mangka aku bakal luwar saka sikuning Allah lan ora bakal manggon ing papan kene iki".

 

Anggenipun wicanten Ki Tambak makaten menika wau benten tebih kalih anggenipun nyuwanten ing saderengipun ingkang kepireng aneh, nanging wicanten ingkang menika kapireng kados suwantenipun tiyang sepuh ingkang nembe paring pitutur dhateng anakipun.

 

"Nyuwun pangapunten mBah Tambak........" Ki Sarkara nyelani wicantenipun Ki Tambak badhe pitaken.

 

"Aku ngerti Sarkara" dereng ngantos rampung anggenipun Ki Sarkara badhe pitaken, langkung rumiyin Ki Tambak sampun munggel rembagipun "kowe mesthi bingung karo sing tak karepake klawan apa sing lagi wae tak kandhakne iki mau".

 

"Mila leres makaten mBah" Ki Sarkara atur wangsulan.

 

"Tenane ngono nggonku nuntun wong lelungan sing sangu kasusahan menyang Sendhang Tambak iki, klebu kowe lan anak bojomu,  mung saprelu arep tak jaluki pitulungan sarta arep dak tuduhne dalan murih kowe sa batih tumuli enggal oleh pitulungan" Ki Tambak nglajengaken anggenipun wicanten.

 

"Inggih mBah" Ki Sarkara nyelani rembag malih "saestu kula sakalangkung matur nuwun lan nedha nrima dhateng ndika, menawi ndika kepareng badhe nedahaken marginipun kula pikantuk pitulungan. Lajeng pitulungan menapa ingkang ndika kersakaken saking kula miwah anak lan semah kula mBah Tambak?".

 

"Kanggo mangsuli pitakonmu iki mbutuhake wektu rada sauntara Sarkara" Ki Tambak suka wangsulan "jalaran mula rada dawa critane. Murih cethane bakal tak kandhakne kabeh marang kowe, apa kowe ora kabotan ngrungokake ?".

 

"Babar pisan kula boten kawratan mBah" Ki Sarkara atur wangsulan "suwawi kadhawuhna sawetahipun murih kula saged mangertosi kanthi cetha, kula mlan semah kula badhe anyemak saha migatosaken sedaya ingkang badhe ndika dhawuhaken".

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (007)

 

7.

Tiyang ingkang dugi lajeng gumujeng sarta maido dhateng Ki Sarkara menika katingal radi aeng, boten klamben lan ngangge clana maro kentol, jarikipun kawung nanging anggenipun ngangge inggih namung sasekecane kemawon. Tiyangipun sampun ketingal sepuh, ketitik rambutipun sampun pethak sedaya, iketipun gadhung mlathi nanging inggih namung kaiketaken sesel suwel kemawon, brengos saha jenggotipun panjang nanging arang-arang.  Tiyang wau lajeng mapan linggih ing pasuketan, sarwi mesam-mesem kados patrapipun tiyang ingkang boten jangkep nalaripun. Dupi sumerep tiyang ingkang makaten kala wau, Pradapa ingkang waunipun nangis lajeng mendel, inggih awit rumaos ajrih ningali kawontenanipun tiyang aeng ingkang nembe dugi menika wau. Makaten ugi Ki lan Nyi Sarkara, kekalihipun boten wicanten menapa-menapa, namung mripatipun boten kedhep nguwasi tiyang sepuh ingkang badanipun taksih katingal kiyeng menika. Salebeting manahipun tiyang kalih wau, wonten raos uwas nguwatiraken menawi tiyang ingkang kakinten kirang waras nalaripun menika ngamuk.

 

"Eh, kowe wong salakirabi sing lagi susah atimu, tak takoni padha ngakuwa kajaba yen kowe wong loro duwe pangira nek aku iki wong edan sing lagi kluyuran" dumadakan tiyang aeng wau dumadakan wicanten katujolaken dhateng Ki lan Nyi Sarkara .

 

"Boten Kyai, kula boten gadhah panginten menawi Kyai menika tiyang ingkang gerah engetan" mireng wicantenipun tiyang aeng kala wau, Ki Sarkara kalihan raos ajrih suka wangsulan mawi basa krama, awit Ki Sarkara dumadakan ngraos menawi tiyang aeng menika dede salimrahipun tiyang, saged ugi golonganing Brahmana utawi Waliyullah ingkang nembe nindakaken tapa ngrame "Kyai ngersakaken mundhut pirsa menapa dhateng kula lan semah kula?".

 

"Jenengmu Sarkara ya? lan bojomu kuwi jenenge Setiti ning sawise dadi bojomu banjur karan Nyai Sarkara. Apa pancen bener mangkono?" dumadakan tiyang kala wau nlemak naminipun Ki Sarkara miwah Nyai Sarkara. Mesthi kemawon tiyang kalih niku dados wewah ngungunipun, sampun pinten-pinten wulan sadangunipun nilar griyanipun dereng nate wonten tiyang nyebat naminipun tiyang kalih menika. Nanging tiyang ingkang ketingalipun kados tiyang sakit engetan menika kanthi teteh saged nyebat naminipun Ki Sarkara ugi nami alitipun Nyi Sarkara/ Mila Ki Sarkara sansaya ngandel anggenipun gadhah panginten bilih ingkang wicanten kalih piyambakipun menika cetha menawi unusaning janmi ingkang nembe nglampahi tapa ngrame.

 

"Mila leres dhawuh ndika menika Kanjeng, kula pun Sarkara lan menika semah kula pun setiti" kalih wicanten makaten Ki Sarkara lajeng suka sasmita dhateng semahipun kaajak sareng-sareng ngaturaken bekti dhateng tiyang aeng menika, Nyi Sarkara ingkang nggadhahi panggraita ingkang lantip, sampun tanggap kalihan menapa ingkang dados sasmitanipun ingkang jaler, kekalihipun lajeng nutugaken anggenipun wicanten sinartan atur sembah  "kula kekalih ngaturaken pangabekti Kanjeng".

"He he he he......." tiyang sepuh niku gumujeng nunten ngadeg, nyaketi ancak ingkang kala wau disumerepi dening Pradapa. Ancak ingkang isi sekul jangkep salawuhipun dipun angkat, dipun beta ing ngajengipun Nyai Sarkara kalih wicanten "Setiti, anakmu sing jeneng Pradapa kuwi dulangen dhisik, sajen kuwi duwekku dadi aja kowe kuwatir bakal kuwalat, merga sing ngongkon mangan kuwi aku. Nek anakmu wis wareg kowe ya melua mangan pisan. Aku tak jagongan karo bojomu dhisik".

 

"Ngaturaken genging panuwun Kanjeng, awit peparingipun tedha dhateng anak kula lan kula menika" Nyai Sarkara kanthi gemeter ngaturaken panuwun dhateng tiyang ingkang dereng dipun ngertosi sinten naminipun menika.

 

"He he he aja konjang kanjeng ngono kuwi, aku dudu bangsa Kanjeng jenengku Tambak, wong-wong nek ngundang aku Simbah Tambak utawa mBah Tambak lan sendhang sing mbok ombe banyune kuwi mau jenenge Sendhang Tambak, dijumbuhake karo jenengku sing nduweni jejibahan ngreksa sendhang kuwi" Tiyang sepuh ingkang jebul nami Tambak utawi mBah Tambak menika suka wangsulan dhateng Nyai Sarkara "Uwis saiki gage anakmu ndang didulang selak sansaya kaliren, nek wis kowe ya mangana sawaregmu nek turah bojomu ya si Sarkara kuwi kongkonen mangan pisan ben duwe tenaga, aku tak adus neng sendhang dhisik".

 

"Mangke rumiyin Kanje.... eh, mBah Tambak" Ki Sarkara gentos wicanten "kala wau ngendikanipun badhe mundhut pirsa dhateng kula tuwin badhe ngajak jagongan?".

 

"He Sarkara" mBah Tambak wicanten radi seru "sing duwe karep kuwi aku dudu kowe!. Dadi ya sakarepku ta? mau aku kepengin nakoni kowe, nanging saiki aku kepengin adus dhisik. Lan olehku kepengin ngajak jagongan kowe kuwi ya ora meksa, kowe kena ngladeni karepku ya kena nulak kuwi wewenangmu, nek kowe gelem tak jagongan ya entenana nganti rampung olehku adus, nanging nek kowe ora gelem tak jagongan kowe kena wae lunga saka kene sadurunge aku rampung adus, aku ya ora arep meksa supaya kowe nuruti karepku. Ngerti?".

 

Dipun suwanteni seru makaten menika sakala Ki Sarkara rumaos ajrih lan getun dene sampun kumawantun nyaruwe dhateng mBah Tambak ingkang badhe siram.

 

"Nyuwun pangapunten mBah Tambak" Ki Sarkara wicanten kanthi suwanten gemeter ketang ajrihipun  "mangga menawi ndika ngersakaken badhe siram, saestu kula kanthi lila legawaning manah badhe nuhoni dhawuh ndika, kula purun malah kepara rumaos remen menawi saged jagongan kalih ndika".

 

mBah Tambak boten wangsulan, nanging malah lajeng mlampah njegur dhateng Sendhang. Ki Sarkara boten wantun ngalih saking papanipun lenggah. Sawatawis Nyai Sarkara lajeng ndulang anakipun mawi sekul ingkang wonten salebeting ancak. Dhasar sekulipun saking wos sosohan pethak, pantun menthik urang, wangi tur pulen. Kawewahan lawuhipun ulam ayam ingkang dipun panggang, sambel klapa ingkang dipun gangsa mawi sela bakaran, kulubanipun roning kates ingkang taksih nem. Menapa malih kawontenaipun Pradapa mila sampun sakalangkung ngelihipun, pramila dipun dulang biyungipun anggenipun nedha pun Pradapa inggih telap-telep, sakedhap-sakedhap mangap nedhi murih tutukipun dipun isi, Nanging boten dangu inggih lajeng kraos tuwuk lan wicanten dhateng biyungipun bilih wetengipun sampun wareg.

 

Sasampunipun rampung anggenipun ndulang Pradapa, Nyai Sarkara ugi lajeng nedha ngantos tuwuk. Salebeting manahipun Nyai Sarkara wonten raos ngungun, awit sanadyan sekul ing ancak kala wau ketingalipun namung sakedhik, nanging sareng dipun engge ndulang Pradapa saha dipun tedha piyambak, ketingal menawi sekul menika boten kirang, malah kados-kados taksih wetah jangkep kalihan lelawuhanipun.

 

"Kula sampun nedha lan sampun tuwuk Pakmu" wicantenipun Nyai Sarkara dhateng ingkang jaler "gentos ndika mangga dhahar rumiyin".

 

"Kowe kuwi apa lali ta mBokmu?" Ki Sarkara wangsulan kalihan pitaken "wiwit manten anyar biyen, aku iki nek mangan didhisiki bojoku, neng ati iki ana rasa sing ora kepenak banget banjur nyawang panganan kuwi rumangsaku kok banjur babar pisan ora nengsemake ngono lho? dadi pilih luwe timbang mangan panganan sing ora nyenengake".

 

Nyai Sarkara kraos kaget mireng wicantenipun ingkang jaler makaten kala wau. Sapandurat tiyang estri menika njetung, kedhuwung dene sampun lancang, ngrumiyini anggenipun nedha saderengipun ingkang jaler nedha. Nanging Nyai Sarkara ugi kemutan, menawi kala wau mBah Tambak anggenipun wicanten supados piyambakipun nedha rumiyin lan menawi turah nembe kapurih ngengken ingkang jaler supados nedha.

 

"Nyuwun pangapunten nggih Pakmu?" wasana kanthi suwanten ingkang alus lan alon Nyai Sarkara lajeng wicanten dhateng ingkang jaler "ingkang kula angge ndulang Thole lan ingkang sampun kula tedha niki wau saestu dede gadhahan kula piyambak, nanging sekul kagunganipun mBah Tambak, kala wau mBah Tambak paring dhawuh menawi Thole sampun tuwuk lan kula sampun nedha, supados ndika gentos ingkang nedha. Samangke kantun ndika purun nedha menapa boten sakersa ndika. Menawi kula kaanggep lepat awit sampun ngrumiyini nedha saderengipun ndika dhahar, kula nyuwun pangapunten dene menawi kedah nampi pidana kula saestu lila anglampahi........".

 

"Uwis mBokmu, uwis" Ki Sarkara wangsulan kanthi suwara groyok "sing gedhe pangapuramu, aku sing luput. Uwis saiki aku tak genti mangan, ketoke segane kok pulen lan lawuhe uga sajak gurih".

 

Ki Sarkara lajeng nedha kanthi dhokoh, telap-telep ketingal seger anggenipun nedha. Nyai Sarkara namung kendel mirsani anggenipun ingkang jaler nedha, kekalihipun boten ngertos menawi Pradapa sampun kala wau, angler anggenipun tilem ing pasuketan, ing wingkingipun Nyai Sarkara.  Anyarengi Ki Sarkara ngraosaken tuwuk padharanipun, mBah Tambak sampun mentas saking sendhang. Boten kados wau anggenipun nyandhang, samangke ketingal ngrasuk jarik trungtum, dipoun wiru endah, ngagem rasukan cemeng, anggenipun iket-iketan dipun jilid, rikmanipun dipun sisihaken dhateng wingking ketingal sakalangkung wibawa.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...