Total Tayangan Halaman

Senin, 28 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (92)


 

92.

        Anyarengi kendeling anggenipun gumujeng, dumadakan Raden Gunendra ngadeg, lajeng mlampah nyaketi peranganing sanggar sisih kanan, ingkang ing mriku mapan plangkaning manekawarni dedamel pirantining perang, kados dene  Keris, Pedhang, Clurit, tumbak, bindhi lan sanes-sanesipun. Ing sangandhaping plangkan dedamel ugi wonten sela ageng-ageng watawis saklapa ingkang dereng srumbatan, watawis cacah wonten gangsal welas. Gandheng kula boten mangertos menapa kajengipun Raden Gunendra nyaketi papaning dedamel menika, kula inggih namung kendel kalihan nguwasi saking papan kula linggih. Makaten ugi Rama Kyai Daka lan Ki Danara ugi boten kedhep anggenipun ningali dhateng Raden Gunendra.

        Dumadakan Raden Gunendra mbungkukaken badanipun, kanthi entheng mendhet salah satunggaling sela ingkang agengipun saklapa dereng srumbatan menika. Kalihan wangsul ngadeg malih lan mondhong sela kala wau, Raden Gunendra ningali papan anggen kula linggih kalihan Rama Kyai Daka saha Ki Danara.

        “Watu sing ana sanggar iki apik-apik lan anteb, watu saka ngendi iki Kyai Daka?” Raden Gunendra pitaken dhateng Rama Kyai Daka.

        “Mila sela-sela menika anggen kula milih lan milahi saking Lepen Sumberlanang, Raden” wangsulanipun Rama Kyai Daka nerangaken asaling sela “kula kinten sela-sela menika rumiyin asalipun saking wutahaning Redi Lawu nalika watuk, lajeng gumlundhung nurut ilining lepen Sumberlanang, ketitik saking warninipun ingkang cemeng nggales lan bobotipun ugi radi awrat saha boten gampil benthet ketatap sela sanesipun”.

        “Pancen bener apa sing dadi pangiramu Kyai, watu-watu iki kabeh saka wutahaning Gunung Mahendra, kajaba watu-watu iki padhet, uga nduweni watak atos semu ulet, serate muntir temah ora gampang pecah” Raden Gunendra wicanten malih “saiki padha sawangen watu sing tak pondhong iki arep tak enggo nuduhne kekuwatan sing tembene bakal tak turunake marang Pradapa, kuwi yen Pradapa gelem”.

        Rama Kyai Daka boten wangsulan, kula piyambak senadyan nami kula dipun sebat badhe kaparingan kekiyatan dening Raden Gunendra, nanging kula milih boten kumecap menapa-menapa, ngentosi samudayanipun langkung cetha langkung rumiyin. Namung panyawang kula boten kedhep ningali dhateng samobah mosikipun Raden Gunendra, makaten ugi ingkang dipun tindakaken Rama Kyai Daka saha Ki Lurah Danara.

        Raden Gunendra lajeng ngandhapaken sela ingkang dipun pondhong, dipun seleh wonten joganing sanggar, lajeng piyambakipun linggih jengkeng madhep dhateng sela menika. Ketingal menawi Raden Gunendra ngampet ambegan, ngeremaken mripatipun, tanganipun ingkang kanan dipun kepelaken, ketingalipun nembe ngempalaken kekiyatan. Wasana sela ing ngajengipun dipun jotos saking nginggil, nuwuhaken suwanten jumedhor kados suwantening gludhug, sanggar dados horeg. Lan ing mriku ketingal wonten keluk ingkang ngembuleng peteng, nembe sareng sampun sawatawis keluk cemeng lajeng ical mbaka sakedhik katut sumiliring angin ingkang nrabas ing sela-selaning gedheg sanggar.  Ing panyawang kula, sela ageng kala wau lajeng ambles mangandhap watawis tigang nyari, tumanem dhateng jogan.

        “Danara coba nyaketa mrene!” kalihan wangsul ngadeg malih sarwi malang kerik, Raden Gunendra prentah dhateng Ki Danara murih nyaket. Raden Gunendra piyambak ketingak kados nembe rampung nyambut damel awrat, sarandhuning badanipun ngedalaken kringet ingkang kathah.

        “Sendika” wangsulanipun Ki Danara ingkang lajeng mlampah dhodhok, nyaketi papanipun Raden Gunendra.

        “Saiki coba grayahana watu kuwi kaya apa wujude?” sareng lampahipun Ki Danara sampun caket, Raden Gunendra lajeng prentah malih.

        Ki Danara lajeng nggrayang sela ingkang nembe kemawon kapupuh mawi kepelanipun Raden Gunendra kala wau. Kados tiyang boten pitados dhateng panyawangipun, sasampunipun nggrayahi sela kala wau, Ki Danara mlengak kalihan ningali Raden Gunendra.

        Raden Gunendra gumujeng lirih, lajeng wicanten suka prentah dhateng Ki Danara malih:

        “Saiki ngadega, lan samparen watu kuwi nganggo sikilmu!”

        Tanpa nyuwanten menapa-menapa, Ki Danara lajeng nindakaken prentahipun Raden Gunendra. Boten namung  Ki Lurah Danara kemawon, sanadyan kula menapa dene Rama Kyai Daka sakalangkung eram. Sela kala wau jebul sampun sumyur dados sawalang-walang awit kapupuh dening Raden Gunendra mawi kepelan tanganipun. Sumerep kula tetiga sami eram kaworan ngungun, Raden Gunendra boten ngucap menapa-menapa, kajawi namung mesem sajak marem sampun damel cingakipun tiyang.

        “Saiki, genti mjupuka gegaman ing plangkan sacedhakmu kuwi Danara!” dereng ical raos cingakipun, dening Raden Gunendra Ki Danara kaprentah malih “pilihen sing paling ampuh, kena tumbak, pedhang utawa liyane sasenengmu watone sing paling becik”.

        Ki Danara lajeng mendhet tumbak ingkang ketingal kukuh lan sae. Lajeng wangsul ngadhep dhateng Raden Gunendra badhe ngulungaken tumbak ingkang nembe dipun pendhet kala wau.

        “Saiki siyagaa!” wicantenipun Raden Gunendra malih “tamakna tumbak kuwi marang aku, bisa mbok pilih prenah weteng, prenah dhadha, prenah lambung sing ngarah marang jejantung!”.

        Ki Danara ketingal pucet, boten mangertos kalihan kersanipun Raden Gunendra.

        “Kowe krungu dhawuhku mau apa ora Danara he?” radi nyentak Raden Gunendra nakeni Ki Danara.

        “Kersanipun Raden ?” Ki Danara ketingal taksih dereng mudheng.

        “Tumbak kuwi tamakna marang aku!” kalih suwanten semu srengen Raden Gunendra mangsuli prentahipun “kaya nek kowe numbak mungsuhmu utawa kaya nek kowe numbak celeng sing ngganggu gawe tanduranmu kae, ngerti?”.

        “Nanging kula ajrih Raden” wangsulanipun Ki Danara kalihan suwanten ndharodhog.

        “Piye?” Raden Gunendra mencereng “kowe wedi nek aku mati? Kowe wani ngremehne aku? Apa kowe milih tumbak kuwi tak enggo nyudhet wadhukmu utawa nyigar dhadhamu kanggo ngetokne jantungmu he?”.

        “Nyuwun pangapunten Raden” Ki Danara sansaya ketingal ajrih “babar pisan kula boten wantun ngremehaken jengandika Raden, dhawuh jengandika badhe kula lampahi”.

        “Bagus!” Raden Gunendra wangsulan kalihan gumujeng “saiki tata-tataa, sing tenanan nggonmu namakne tumbak neng tanganmu, aja tidha-tidha nggonmu namakne tumbakmu, rapalen kabeh japa mantramu, yen kowe bisa gawe buciking kulitku merga tumbakmu, timangan mas sing saiki tak agem bakal tak paringake kowe minangka ganjaran. Nanging yen nggonmu namakne tumbak mung ethok-ethokan, ora tenanan, aja sambat yen gegermu bakal tak sabeti nganggo landheyane tumbakmu nganti entek!”.

        Raden Gunendra lajeng malang kadhak, tanganipun dipun angge malang kerik, dhadhanipun dipun bikak wiyar, siyaga nampeni panumbakipun Ki Lurah Danara. Ki Danara ugi lajeng ngagaraken tumbakipun, ingkang dipun arah kaprenah dhadhanipun Raden Gunendra. Lan katingal kanthi kekiyatan wetah, tumbak katamakaken pas ngengingi dhadhanipun Raden Gunendra.

        “Clang!” kados suwantening gangsa centhe ketabuh kaseron dening niyaga nalika pucuking tumbak dhumawah ing dhadhanipun Raden Gunendra.  Ki Danara sakalangkung eram. Raden Gunendra kapireng namung gumujeng kemawon kados boten ngraosaken menapa-menapa.

        “Ayo aja mung ping pisan!” Raden Gunendra suka parentah dhateng Ki Danara “dibolan-baleni lan pilihen perangan ngendi saka ragaku sing kira-kira pasah mbok tamani tumbakmu!”.

        Ki Danara kados tiyang kemropok manahipun, tumbak dipun tamakaken malih dhateng Raden Gunendra, wongsal-wangsul lan saontan-santun papan, dhadha, padharan, lambung sedaya sampun dipun tamani. Malah tumbak ugi katamakaken ing walikat. Parandene Raden Gunendra boten menapa-menapa. Wekasanipun tumbakipun Ki Danara malah dados putung nalika dhumawah ing lempengipun Raden Gunendra.

        “Sewu nyadhong deduka Gusti” Ki Danara lajeng ndheprok ing ngarsanipun Raden Gunendra.

        “Ha ha ha ha…….” Raden Gunendra gumujeng ngakak “kowe ora luput Danara, malah aku sing nedha nrima, kowe wis nindakne dhawuhku kanthi becik. Ayo saiki bali lungguh neng kana maneh, nutugne nggone jagongan sing durung rampung”.

        Raden Gunendra lajeng wangsul mapan linggih ing papanipun sakawit. Ki Danara ugi lajeng ndherek lan ngenggeni papanipun wau.

        “Pradapa” sasampunipun lenggah, Raden Gunendra lajeng wicanten dhateng kula.

        “Nuwun inggih Raden” kula wangsulan kalihan kurmat.

        “Saiki rungokna aku arep blaka marang kowe” Raden Gunendra lajeng nutugaken anggenipun wicanten “tenane sadurunge kowe ditimbali gurumu Kyai Daka mrene mau, antarane aku karo Danara apa dene Kyai Daka wis ana rembug sing durung rampung. Kowe ngerti apa kira-kira sing dadi rembug?”.

        “Babar pisan kula boten ngertos Raden” wangsulan kula menapa wontenipun “lan kula kinten boten prayogi menawi kula nrambul rembag ingkang dede prakawis kula, menapa malih ingkang kagungan rembag jengandika Raden Gunendra kalihan Rama Kyai Daka ingkang kalebet pepundhen kula”.

        “Maune pancen ya ngono, kowe ora arep diajak rembugan perkara iki, nanging sawuse Kyai Daka kandha nek arep nurunake Aji Bledheg Saleksa marang kowe, sarta Kyai Daka uga nyritakne nggonmu taberi lan olehmu banget gathekan nampa piwulang kanuragan, aku banjur kepengin weruh kahananmu sawutuhe. Mula kowe banjur ditimbali mlebu ing jero sanggar winadi iki” Raden Gunendra nyauti wangsulan kula “lan sawuse aku ngaweruhi jiwa ragamu, aku mutusake kowe kudu melu ngerti ing prakara sing lagi dadi rembug antarane aku, Danara lan Kyai Daka”.

        “Inggih Raden” kula namung saged wangsulan makaten.

        “Dene sing dadi rembug kuwi ya iku ngenani pepenginane Danara sing diaturake marang aku, ya iku anggone kepengin ngesuhi lan dadi pangarepe para Bebau ing Kepuh Agal kene” Raden Gunendra mblakaken pepenginanipun Ki Lurah Danara, andadosaken radi kageting manah kula.

        “Menapa Ki Lurah Danara ngersakaken saged ngendhih Palenggahanipun Bapa Lurah ing Kepuh Agal mriki Raden?” boten sranta kula lajeng taken, awit pamanggih kula pepenginan dados suh lan pangajengipun para Bebau ing Kepuh Agal menika sami kemawon kepengin dados Lurah ing Kepuh Agal.

        “He he he…..” Raden Gunendra gumujeng lirih lajeng wicanten “aja kaduk ati kesusu kleru nggonmu nampa sing dadi pepenginane Danara iki mau, Pradapa”.

 

Ana candhake.

 

Minggu, 27 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (91)

91.

        Kula sampun badhe nekad menawi ngantos Raden Gunendra wicanten awon malih, inggih menika anggenipun ngremehaken Bapa, mangka badhe kula wantuni. Tumrap sinten kemawon tartamtu boten badhe remen menawi wonten tiyang ingkang ngremehaken tiyang sepuhipun, kalebet kula. Menapa malih tiyang ingkang ngremehaken menika dereng nate srawung kalihan ingkang dipun remehaken. Sanaosa miturut Rama Kyai Daka Raden Gunendra menika priyagung luhur trahing kusuma rembesing madu, nanging kasunyatanipun dede menapa-menapanipun Bapa Lurah Sarkara. Pramila saestu badhe kula sauri mawi basa ingkang sami menawi ngantos Raden Gunendra ngambali rembagipun ngina dhateng Bapa Lurah Sarkara.

        Nanging dumadakan, ing telenging manah kula wonten suwanten alus, ingkang estunipun suwanten menika mila asring kula mireng nalika kula wiwit wantun dolan, medal saking griya piyambak, Inggih menika suwantenipun Biyung, ingkang asring paring pitutur dhumateng kula :

        “Thole Pradapa, sajroning pasrawungan kowe bakal kepethuk wong sing maneka warna watak lan wantune. Ana sing becik lan ana sing ala. Ana sing dhemen gawe senenging atine liyan lan uga akeh sing dhemen gawe laraning atine wong.  Ana sing dhemen ngalembana lan akeh sing dhemen nacad lan memada. Sumurupa ya Ngger, sing bisa ndadekne luhur utawa asoring manungsa kuwi sing akeh ya mung saka tumindake dhewe, gumantung marang lakuning urip sing ditindakne. Yen tumindake becik ora seneng gawe kapitunaning liyan, dhemen tetulung lan ora seneng ngina sapepadhaning titah, mangka wong kang mangkono mau bakal dadi wong luhur, senadyan uripe wong mau mung sarwa kacingkrangan, sandhang pangane mung saka olehe gresek lan leles ing pinggir dalan. Kosok baline, yen tumindake wong kuwi seneng gawe kapitunaning liyan, seneng yen ana wong liya ora seneng, ora seneng yen ana wong liya seneng, seneng memada lan ngremahke wong liya, seneng diajeni ora gelem ngajeni, mangka wong kang mangkono iku sing diarani wong sing nduweni drajat kang asor, senadyan tata gelar uripe mubra-mubru blabur madu, sugih bandha sugih bandhu lan kondhang minangka trahing pandhita ratu. Lan maneh, yen ana wong sing memada kahananing uripmu, mbuh pamadane bener mbuh pamadane luput, kaya upamane kowe diwada ora duwe rupa bagus, mlarat, bodho lan sapiturute, becike kowe ora ngrungokne lan ora gela, jalaran kang mangkono mau ora ndadekne kowe tuna. Kosok baline yen sing dipaido kuwi tumindak utawa lakumu, kowe uga ora kena gela malah kepara ngaturna panuwun lan panedhatrima marang sing gelem maido, tumuli leremna atimu sawatara petanana laku kang wis mbok tindakne jumbuhna karo pamaido sing wis mbok tampa, yen bener unine pamada mula tumuli dandanana lakumu sing ora bener, dene yen ta luput pamaidone wong mau, dadekna minangka tengara aja kongsi lakumu ing tembe kaya unine pamaido sing wis mbok tampa. Yen kowe bisa nglakoni pitutur iki, mangka kowe bakal dadi wong sing luhur nanging ora angungkuli, wong sing menang tanpa ana sing rumangsa mbok kalahake. Lan ngelingana, apese manungsa jalaran kagawa dening lali, mula tansah eling-elingen pitutur iki murih kowe ora gampang lali”.

        Sareng kula kemutan pituturing Biyung ingkang mijil saking telenging manah kula makaten menika, kula tumunten kendho malih. Kula gagas sedaya pangucapipun Raden Gunendra tumrap tiyang sepuh kula boten ndadosaken kula nandhang tuna, lan kanthi ucapipun Raden Gunendra ingkang makaten menika ugi boten badhe ngucemaken asmanipun Bapa Lurah ingkang labuh labetipun dhateng bebrayan agung Kepuh Agal tuhu boten saged dipun selaki sok sintena kemawon. Kosok wangsulipun, menawi kula ngantos gela lan raos gela menika kula wujudaken ing tumindak mesthi langkung kathah tunanipun tumrap kula boten cundhuk kalihan namung nuruti raos nguber marem ingkang semu. Inggih awit saking menika, kula lajeng nata malih anggen kula linggih, wangsul tumungkul kados nalika kula nembe mlebet dhateng Sanggar kala wau.

        “Ya gene kowe mung meneng wae Pradapa?” dumadakan Raden Gunendra nakeni kula “babar pisan ora nimbangi apa sing wis tak ucapake marang kowe he?”.

        “Lha kula badhe matur menapa malih ta Raden?” kula mangsulaken wicantenipun Raden Gunendra “menawi miturut Raden Gunendra kedah makaten, kula harak inggih kantun niteni lan ngentosi sedaya dhawuh jengandika menika mbenjang leres menapa boten jalaran sedaya dereng kalampahan kanthi nyata”.

        “Ha ha ha ha…….pinter kowe Pradapa” Raden Gunendra gumujeng lajeng wicanten malih, inggih taksih rupi pitakenan “saiki aku arep takon maneh, mbesuk samangsane wong tuwamu wis mati, apa kowe kepengin nutugne kalungguhane wong tuwamu nglurahi Kepuh Agal kene?”.

        “Nyuwun pangapunten Raden” kula wangsulan kalihan ngatos-atos sanget “kula boten saged atur wangsulan, jer pandangu jengandika menika dereng wancinipun saged kula aturaken wangsulanipun, sanaosa tata gelar Bapa Lurah menika sampun sepuh lan kula taksih nem, nanging dhumawahing pepesthen menika boten kedah nurut lampahing nalar ingkang adhedhasar tata gelar, dereng kantenan kula amenangi sedanipun tiyang sepuh kula, jer umur menika mila dados wewadining Gusti ingkang titah boten saged mangertosi. Makaten ugi, bab angger-angger saha paugeran yasanipun manungsa, sanaosa titi menika paugeraning Dhusun Kepuh Agal nyebatakaken bilih menawi Lurah ingkang jumeneng menika seda, mangka yoganipun jaler ingkang sepuh piyambak ingkang wenang gumantos dados Lurah, nanging kula boten wantun mesthekaken bilih ing tembenipun kula mesthi dados Lurah ing Kepuh Agal mriki, jalaran saupami Gusti nggarisaken kula gadhah umur panjang, dereng kantenan menawi Angger-angger saha Paugeraning Dhusun Kepuh Agal ingkang suraosipun kados makaten menika taksih lumampah, jer namining Paugeran lan Angger-angger menika sawanci-wanci saged dipun ewahi murih  langkung saening kawontenan. Sampun ta ingkang nami Paugeran Dhusun, sedheng Paugeran Tanah Jawi kemawon nyatanipun ugi saged dipun ewahi, ketitik Sampean Dalem Gusti Panembahan Senapati Ing Alaga, ingkang namung putranipun Ki Gedhe Pemanahan samangke ingkang jumeneng Ngratoni Tanah Jawa”.

        Raden Gunendra boten tumunten wicanten suka wangsulan ananggapi wangsulan kula, malah lajeng wicanten dhateng Rama Kyai Daka, ing semu kados angalembana dhateng kula :

        “Bener apa sing wis ndika kandhakne marang aku mau Kyai Daka. Bocahmu siji iki ora mung lancuran Wiring Kuning sing subale mulus, nanging malah kepara bisa dadi Alab-alab wulung kang cucuk kencana yen wis mambu keceran banyu suci saka Patalan”.

        “Kasinggihan Raden” Rama Kyai Daka atur wangsulan kanthi kurmat “menapa ingkang kula unjukaken ing ngarsa jengandika Raden Gunendra, mila inggih namung kados makaten menika, sawanci-wanci Gusti kula Raden Gunendra angersakaken amurba, abdi jengandika pun Daka namung saged anyumanggaken”.

        “Danara…..!” Raden Gunendra gentos nimbali Ki Danara.

        “Kawula nuwun wonten dhawuh Raden” Ki Lurah Danara wangsulan kalihan nyembah, sirahipun panggah tumungkul madhep ing siti.

        “Petungku jebul luwih sampurna tinimbang petungmu” Raden Gunendra wicanten malih kalihan mesem “mula wiwit saiki petung gaweyanmu tumuli busaken lan lakumu kudu nurut marang petung gaweyanku, kowe kudu percaya kanthi nurut petung saka aku kowe bakal ngundhuh kamulyan, sinuyudan bangsa putih lan diasihi dening bangsa ireng, nanging yen kowe nyidrani petung gaweyanku, kowe mesthi bakal mati sajroning kahanan sing ora lumrah. Ngerti?”.

        “Inggih Raden” kalihan suwanten semu ndhredheg Ki Danara antur wangsulan “sedaya dhawuh jengandika Gusti Kula Raden Gunendra ingkang badhe kula dadosaken pandoming lampah”.

        “Bagus” Raden Gunendra wangsulan kalihan mesem lega, lajeng gantos wicanten dhateng Rama Kyai Daka “ndika ora kena sembrana Kyai, ora ateges aku ora percaya kato sing dikandhakne Danara iki mau, nanging murih Danara ora lali, ndika kudu tansah ngulati lan aja ngenteni benjut dhisik lagi dipupuri, kudu tumuli ndika elingake samangsa-mangsa ana tandha yen Danara arep lali”.

        “Boten langkung inggih sendika Raden” Rama Kyai Daka atur wangsulan.

        Kula piyambak lajeng radi bingung, boten ngertos menapa ingkang sampun dados underaning prakawis ingkang dipun rembag Raden Gunendra lan Ki Lurah Danara menika. Nanging kula gadhah dudutan manawi sampun wonten pasarujukan antawisipun Ki Lurah Danara, Rama Kyai Daka lan Raden Gunendra, wonten sambetipun kalihan Kyai Pantek menapa boten kula inggih dereng mangertos. Inggih awit saking menika kula kedah langkung waspada, awit kula mireng wau, Raden Gunendra menika mapan ing pasanggrahan Wana Patalan kempal kalihan titiyang ingkang  ngaken minangka Trah Majapahit. Kamangka kula emut  Bapa Lurah Sarkara nate ngendika menawi titiyang ingkang makempal ing Wana Patalan menika kathah para durjana ingkang dados buronipun Mataram, lajeng mlajar dhateng wana Patalan mangayom kalihan para priyagung ingkang boten purun kabawah Panembahan Senapati ing Mataram lan nembe ngrancang cara kangge njongkeng kawibawaning Sampean Dalem Panembahan Senapati Ing Alaga.

        “Pradapa apa kowe ngerti underaning rembug antarane aku karo Danara lan Kyai Daka iki mau?” nalika kula kendel kalihan nggagas kados makaten kala wau, dumadakan Raden Gunendra pitaken dhateng kula.

        “Nyuwun pangapunten Raden” kula wangsulan prasaja “inggih awit cubluking manah kula, kula babar pisan boten mangertos saha dereng kepengin mangertos, jalaran kula ugi boten mangertos menapa anggen jengandika wawan rembag kalihan Ki Lurah Danara saha Rama Kyai Daka kala wau, wonten sambetipun kalihan kula menapa boten”.

        Raden Gunendra lajeng gumujeng.

 

 

Ana candhake

 

 

 

 

 

Sabtu, 26 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (90)

 

90.

        Sanaosa kula sampun langkung pitados dhateng Bapa tinimbang dhateng Rama Kyai Daka menapa dene Ki Danara, nanging kula kirang saged nampi menawi Bapa ngendikaken bilih Kyai Daka menika boten nggadhuh Aji Bledheg Saleksa. Awit sanaosa kula dereng sumerep piyambak kados menapa kadibyanipun Aji Bledheg Saleksa, nanging kula mangertos bilih Rama Kyai Daka menika tuhu paraga ingkang nggembol aji jaya kawijayan ingkang sakalangkung kathah, dados kula inggih pitados manawi Kyai Daka boten kados ingkang dipun ngendikakaken Bapa kala wau, inggih menika sampun kaseret ing cariyos jaman kina, temah kepengin dados kados Ki Gedhe Pengging Sepuh ingkang kasektenipun prasast tanpa tandhing labet nggadhuh Aji Sasra Birawa, ingkang Aji menika samangke dados piyandelipun Ki Gedhe Pangrantunan ing Banyubiru.

        “Percayaa marang apa sing dadi kandhaku mau Pradapa” Bapa ngendika malih, wangunipun Bapa saged maos menapa ingkang nembe kula gagas “saupama Kyai Daka kae duwe Aji Bledheg Saleksa, mesthi wis biyen-biyen wong kuwi wani mbalela marang aku”.

        “Inggih Bapa” kula atur wangsulan lan kula sambung panyuwunan pirsa “Nanging kenging menapa Bapa taksih ngumbar Kyai Daka, Lurah Danara lan kanca rowangipun? Kamangka Bapa sampun uninga legetaning manahipun tiyang-tiyang kasebat ingkang kasetyanipun dhateng Bapa menapa dene dhateng Kepuh Agal namung lelamisan?”.

        “Kowe aja kleru” Bapa paring wangsulan “aku ora ngumbar wong-wong kae nutugne nggone kepengin kepengin gawe kisruh ing Kepuh Agal kene, utawa luwih pase kepengin ngajak wong Kepuh Agal wani mbalela marang Mataram. Aku mbudidaya nganggo cara sing alus murih wong-wong kae padha bisa rumangsa ing lupute weruh ing dosane tanpa kudu tak tuduhake. Kaping pindhone, nganti wektu iki tata gelar Kyai Daka, Bebau Danara lan wong-wonge isih setya marang aku apa dene marang Desa Kepuh Agal, mula pandakwaku marang wong-wong kae iya lagi tumekan ing ati, jalaran durung ana bukti, nanging kuwi kaya-kaya wis mesthi, mula pandakwa sing tanpa bukti iki tumuli nuwuhake rasa pangati-ati”.

        “Inggih Bapa” kula atur wangsulan lan nyuwun pirsa malih “kula sampun saged nampi ingkang dados kersanipun Bapa. Salajengipun magepokan kalihan Kyai Pantek, kados pundi anggen kula badhe wangsulan dhateng Kyai Daka menapa dene Ki Danara?”.

        “Pradapa kowe wis dudu bocah cilik maneh” Bapa paring wangsulan “kowe mesthi bisa gawe crita sing ora pati katon yen ngayawara banjur mbok critakne marang Kyai Daka lan Bebau Danara sing wis miwiti gawe crita lan dicritakne marang aku lan kowe”.

        Rumambating wanci sampun kliwat madya ratri. Bapa Lurah lajeng pamitan badhe sesuci kangge nindakaken panembah ing wanci saprotiganing dalu. Kula piyambak inggih lajeng mlebet dhateng papan palereman, nedya badhe ngginakaken sisa-sisaning dalu menika kangge tilem.

        Let sapeken kula katimbalan dening Rama Kyai Daka ing sanggar winados, jebul ing mriku ugi sampun wonten Ki Lurah Danara lan setunggal malih paraga ingkang dereng nate kula tepangi saderengipun. Priyantunipun ketingal alus, pakulitanipun jene, taksih nem kinten-kinten yuswanipun boten kaot tebih kalihan kula langkung sepuh watawis gangsal tahunan lan busananipun ketingal sae, memper busananipun priyantun saking kraton. Kyai Daka menapa dene Ki Danara ketingal menawi kurmat sanget dhateng paraga menika.

        “Kene, kene Anakmas Pradapa, rada nyaket mrene” Dupi sumerep kula mlebet ing Sanggar Kyai Daka gurawalan anggenipun suka pambage.

        “Pangabekti kula katur Rama Kyai” kalihan mapan linggih lan atur kurmat kula ngaturaken pangabekti kados padatanipun menawi nembe marak ing ngarsanipun tiyang sepuh.

        “Pangabektine Anakmas wis tak tampa, pangestune Rama wae gage tampanana” wangsulanipun Kyai Daka kalihan mesem ketingal menawi remen manahipun.

        “Iki ta Kyai putrane Ki Kepuh Agal sing ndika kandhakne marang aku mau?” dereng ngantos kula atur wangsulan dhateng Rama Kyai Daka, karumiyinan priyantun bagus kala wau pitaken dhateng Kyai Daka mawi tembung ngoko kemawon. Kamangka sangertos kula, ing Kepuh Agal menika, awis sanget tiyang ingkang boten mawi basa krama manawi rembagan kalihan Rama Kyai Daka, menika nedahaken bilih priyantun menika mbok menawi mila priyagung ingkang kagungan pangkat luhur saking Kraton.

        “Leres Raden, inggih menika Anakmas Pradapa putranipun Ki Lurah Kepuh Agal ingkang kula aturaken dhateng jengandika Raden, bibitan sawung Wiringkuning jalu bungalan, ingkang pantes ing tembenipun dados Senapati saking Kepuh Agal” wangsulanipun Kyai Daka, ingkang ndadosaken kula sansaya mindhak gumun awit boten mangertos sampun wonten rembag menapa antawisipun Rama Kyai Daka kalihan priyagung menika. Nalika kula nglirik dhateng prenahipun priyantun kala wau, piyambakipun ketingal mesem kalihan manthuk-manthuk.

        “Aja dadi kaget lan gumuning ati ndika Anakmas” dumadakan Rama Kyai Daka wicanten dhateng kula “sing lenggah ing ngarsa ndika iki, Gusti Raden Gunendra, putrane ingkang Sawargi Gusti Tumenggung Dibyaningrat Senapati Kasultanan Pajang, lan sawuse keng Ramane seda lan Kraton dielih menyang Mataram dening Raden Sutawijaya, Gusti Raden Gunendra ora kepareng nutugne kalenggahane ingkang Rama, malah banjur tilar kamukten ing Pajang milih kumpul lan manunggal karo Trah Majapahit, ing Pasanggrahan Alas Patalan. Mula yen dina iki Panjenengane Gusti Raden Gunendra kepareng ngersakne sapatemon karo ndika, Anakmas Pradapa bebasan nampa nugrahaning Hyang Agung sing tanpa upama ajine”.

        “Ngaturaken gunging panuwun Rama Kyai” sanaosa kalihan manah ingkang dereng patos mudheng kalihan ingkang dipun criyosaken Rama Kyai Daka menika, kula ngaturaken panuwun, lajeng kalihan sikep sembah kalbu, kula madhep dhateng Raden Gunendra sarwi matur :

        “Lepat nyuwun gunging sih pangaksami Raden, kaparengna kula pun Pradapa ngaturaken pangabekti”.

        “Banget gawe renaning penggalihku Pradapa, kowe wis ngaturake pangabekti marang aku, pangestuku wae diage tampanana” wangsulanipun Raden Gunendra kalihan suwanten ingkang nedahaken gambiraning manahipun.

        “Gurawalan anggen kula nampi paring pangestu jengandika Raden, mugi ndadosna jimat kayuwanan kula” wangsulan kula ngenaki rembag.

        “Ngene ya Pradapa” Raden Gunendra wicanten malih “aku krungu saka Kyai Daka apa dene saka Danara, jare kowe kepengin nduweni Aji Bledheg Saleksa? Apa ya pancen mangkono?”.

        “Mila leres makaten Raden” kula wangsulan blaka “dhawuhipun Rama Kyai Daka menapa dene Ki Lurah Danara mila kula badhe kaparingan Aji Bledheg Saleksa, namung kuciwanipun dumugi sapriki kula dereng saged ngaturaken salah satunggaling sarat ingkang dados sarananipun kula saged katurunan Aji menika Raden”.

        “Dadi nganti saiki wong tuwamu durung gelem nglilakne Kerise sing jeneng  Kyai Pantek kuwi disilih kanggo njangkepi saranane kowe, sing jarene anake lanang, bisa nampa Aji Bledheg Saleksa saka Kyai Daka kuwi?” Raden Gunendra pitaken kanthi anlemak dhateng kula. Wonten raos kirang remen salebeting manah kula dene basanipun Raden Gunendra kepireng ngremehaken tiyang sepuh kula Ki Lurah Sarkara. Mesthinipun sanaosa Raden Gunendra menika priyagung luhur, nanging kedahipun panggah kedah ngurmati Bapa kula ingkang jumeneng Lurah ing Kepuh Agal mriki lan dede andhahanipun Raden Gunendra. Nanging gandheng wekdal menika kula mapan ing Sanggar kagunganipun Rama Kyai Daka, kula lajeng ngampet raos kuciwaning manah kula murih boten katingalan.

        “Mila leres makaten Raden” kula wangsulan ngatos-ngatos, sampun ngantos suwanten kula nedahaken menawi manah kula nembe kirang sekeca “Bapa Lurah Sarkara mila boten kagungan wewenang angampilaken Pusaka Kyai Pantek dhateng sinten kemawon, jalaran dening ingkang kagungan Wangkingan Kyai Pantek, Bapa Lurah boten dipun keparengaken ngampilaken Dhuwung kala wau dhateng sinten kemawon kalebet dhateng kula, putranipun piyambak menika”.

        “Ha ha ha ha…….” Raden Gunendra gumujeng lajeng katerusaken wicanten malih “ya wis ora sah mbok gagas sikepe wong tuwamu sing  ora seneng yen anake lanang mbesuke dadi wong sing peng-pengan kuwi, lan sumenekna dhisik nggonmu kepengin nampa Aji Bledheg Saleksa saka Gurumu Kyai Daka. Dadi yen kowe tau diwarahi dening Danara cara supaya bisa njupuk Kyai Pantek saka Plangkane, kuwi ya wurungna dhisik”.

        “Cethanipun kados pundi Raden?” kula rumaos bingung mireng wicantenipun Raden Gunendra ingkang kantun menika.

        “Cethane ngene” Raden Gunendra suka wangsulan “suwe-suwene sajroning wektu lima nganti sepuluh tahun maneh, kowe bakal nduweni wewenang sing wutuh kanggo nguwasani Kyai Pantek, dadi upama Kyai pantek arep mbok buwang, arep mbok silihne utawa mbok wenehne sapa wae, kuwi kari manut marang karepmu. Merga wong tuwamu kae kalebu menungsa lumrah sing ora bisa mlungsungi kaya ula lan nitik jinising ragangan, ragangane wong tuwamu kae klebu ragangan sing ora bisa awet, ora kaya raganganku utawa ragangane Kyai Daka lan Danara. Sajroning wektu lima utawa suwe-suwene sepuluh tahun maneh, ragane wong tuwamu bakal entek kepangan dening umur, lan gelem ora gelem wong tuwamu kae bakal mati. Lha nek wong tuwamu wis mati, mangka kabeh sing ditinggal dadi duwekmu kabeh, kalebu Keris Kyai Pantek”.

        Sansaya boten sekeca raosing manah kula. Raden Gunendra sampun kesangeten anggenipun ngremehaken tiyang sepuh kula. Piyambakipun sampun kumawantun ngepal yuswaning Bapa Lurah, bilih paling dangu sedasa tahun malih sampun pejah. Saestu kula boten saged narimahaken tiyang sepuh kula dipun ungelaken makaten kala wau. Boten kraos kula nggeget untu, tangan kula wiwit ngepel kenceng, ngampet gumronjaling manah ingkang sansaya mindhak kraos benter.

 

 

Ana candhake

 

 


Jumat, 25 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (89)

89.

            Ki Danara boten tumuli suka wangsulan, alisipun dipun kincangaken lan bathukipun njengkerut sakedhap. Ketingalipun nembe ngulir pikir, boten dangu lajeng wicanten kalihan praupan ingkang ketingal padhang :

            “Sampun ta Gus, Gus Dapa tindakaken kemawon rerigen saking kula niki wau. Kula pitados Ki Lurah Kepuh Agal tamtu boten badhe nulak lekas ndika lan tamtu badhe ngeparengaken Sipat Kandel Kyai Pantek ndika ampil kangge sarana ndika nampi Aji Bledheg Saleksa menika, dene menawi kapeksanipun Ki Lurah panggah kukuh boten ngeparengaken, taksih wonten cara ingkang sakedhik radi kirang sae, nanging mesthi kasilipun”.

            “Cara menapa menika Ki Lurah?” kula nyela rembag, pitaken.

            “Caranipun gampil kemawon” Ki Danara esemipun sansaya ketingal wiyar “ndika harak inggih sampun pirsa plangkanipun Kyai Pantek?. Mangke menawi Kyai Pantek boten pareng dipun ampil kanthi sae, inggih boten wonten awonipun menawi ndika pundhut saking plangkan sarana dhedhemitan, utawi kasaripun ndika colong, lha mangke menawi sampun rampung upacara turunipun Aji Bledheg Saleksa dhateng Gus Pradapa, pusaka Piyandel Dhusun Kepuh Agal kala wau enggala tumuli kawangsulaken malih dhateng plangkanipun sekawit, kanthi makaten Ki Lurah boten badhe pirsa menawi Kyai Pantek sampun dipun ampil dening Gus Dapa”.

            Boten wonten pawadan tumrap kula kangge nulak rerigenipun Ki Danara ingkang makaten kala wau. Salajengipun Ki Danara ugi wicanten bilih murih langkung amanipun anggen kula badhe nyidra Kyai Pantek, menawi kula tembung sarana aris dening Bapa panggah boten pareng, Ki Danara sampun ngrancang cara. Inggih menika Ki Lurah badhe kaaturan wungon ing griyanipun Ki Lurah Danara sareng-sareng kalihan para Bebau sa Kepuh Agal, kanthi makaten kula saged kanthi gampil nyolong Kyai Pantek saking plangkanipun. Lan kula kapsarahan malih nyawisaken redana minangka gantosipun wragad wungon menika. Salebeting manah kula kedah ngakeni menawi Ki Danara menika paraga ingkang satuhu julig lan kathah akalipun.

            Dening Ki Danara kula dipun sukani wekdal sedasa dinten, menawi salebeting sapeken kula sampun kasil ngampil Kyai Pantek kanthi sae, menika langkung kaleresan. Dene menawi Ki Lurah panggah boten ngeparengaken, kula kapurih criyos dhateng Ki Danara, murih Ki Danara saged matengaken rancanganipun. Sasampunipun kaanggep cekap, kula lajeng pamit badhe wangsul. Kalih mlampah nguntapaken kula dumugi regol, Ki Danara kober wicanten kanthi suwanten bisik-bisik ing kuping kula :

            “Boten dangu malih Gus Dapa badhe kagungan aji ingkang ing lumahing bumi menika prasasat boten wonten ingkang saged nandhingi”.

Kula boten wangsulan, kajawi namung mesem kemawon.

 

            Kalih mlampah wangsul, dumadakan thukul raos ing manah kula, kepengin saestu nggadhahi Aji Bledheg Saleksa ingkang badhe dipun paringaken dening Kyai Daka dhumateng kula menika. Menawi saestu kula sampun nggadhuh Aji menika, kula kinten boten badhe wonten tiyang ingkang wantun ganggu damel dhateng Dhusun Kepuh Agal, satemah Dhusun menika badhe dipun siriki dening para durjana. Lha kanthi pawadan menika, mangke badhe kula angge ngrimuk penggalihipun Bapa murih ngeparengaken Kyai Pantek kula ampil sakedhap kadadosaken sarana anggen kula badhe nampi aji Bledheg Saleksa menika. Kanthi wontenipun raos ingkang makaten menika, sansaya kula gelak lampah kula, enggala dumugi griya lan manggihi Bapa Lurah Sarkara.

            Nalika kula dumugi griya, kaleresan Bapa Lurah ketingal badhe mandhap saking pendhapa, kula kinten badhe medal utawi badhe nganglang Dhusun kados padatan. Nanging dupi pirsa kula nembe mlebet saking regol ngajeng, Bapa Lurah lajeng kendel boten nglajengaken tindakipun. Malah kula lajeng dipun awe, dipun dhawuhi kapurih nyaket.

            “Menapa badhe nganglang ta Bapa?” saderengipun dipun dangu, kula ngrumiyini matur.

            “Ora” Bapa Lurah paring wangsulan “maune arep nusul kowe menyang panggonane Kyai Daka, nanging ora sida. Merga mau atiku krasa ora kepenak, nganti tengah wengi ngene kowe durung bali, adate lagi wayah sepi bocah kowe wis teka omah. Ana apa ta kok anggonmu bali rada kasep iki mau?”.

            “Inggih Bapa, kala wau nalika kula badhe wangsul sasampunipun rampung gladhen, dening Ki Lurah Danara dipun candhet lan dipun ajak rembagan sawatawis” wangsulan kula blaka menapa wontenipun.

            “Ayo lungguhan neng longkangan kulon wae, aku kepengin ngerti apa sing dadi rembug antarane Ki Bebau Danara karo kowe mau” Bapa Lurah ngajak kula lelenggahan ing longkangan kilen. Kula inggih lajeng tut wuntat.

            “Saiki critakna kanthi wutuh apa wae sing mbok rembug karo Bebau Danara kuwi mau!” kalih mapan lenggah ing dhingklik Bapa Lurah dhawuh dhumateng kula.

            Kula inggih lajeng nyariyosaken sedaya rembagan antawisipun kula kalihan Ki Lurah Danara, sedaya kula aturaken boten wonten ingkang kecicir. Kajawi rancanganipun Ki Lurah Danara ingkang ngengken kula supados nyidra Kyai Pantek ing plangkanipun manawi ngantos panyuwun kula ngampil Kyai Pantek boten dipun parengaken. Malah ugi lajeng kula sambung kalihan panyuwunan murih Bapa ngeparengaken Kyai Pantek kula ampil kangge sarana anggen kula badhe nampi Aji Bledheg Saleksa saking Kyai Daka.

            Lumantar sunaring diyan ublik ingkang kaseleh ing ajug-ajuging longkangan kula tingali Bapa Lurah wongsal-wangsul njengkerutaken palarapanipun, menika nedahaken bilih Bapa sanget anggenipun migatosaken cariyos miwah panembung kula. Ngantos radi dangu Bapa namung kendel, boten ngendika menapa-menapa.

            “Kados pundi Bapa?” kula mantunaken matur malih, jalaran kirang sabar ngentosi Bapa paring dhawuh “petangan kula menawi Aji Bledheg saleksa sampun saged kula gadhuh, Kepuh Agal badhe sepi saking para satru, jalaran sinten ingkang kumawantun damel kisruh ing Kepuh Agal mesthi badhe sirna marga layu awit kedhawahan aji kula Bledheg Saleksa”.

            “Sabar dhisik Pradapa” Bapa Lurah paring wangsulan kanthi suwanten ingkang radi seret “aja keburu ing nafsu, sumurupa wektu iki kowe wis kaya iwak sing anguk-anguk ijep-ijeping wuwu, yen kowe ora enggal ngerti purwa duksina ing kowe bisa kecemplung jroning wuwu lan nggeret aku sarta warga Kepuh Agal kabeh mlebu ing krangkenge mungsuh”.

            “Nyuwun pangapunten Bapa” kula matur nyuwun pirsa “sinten ingkang Bapa kersakaken mengsah menika? Lan wuwu menapa ingkang kapasangaken kangge kula? Ki Danara mila criyos bilih miturut pamawasing Kyai Daka, namung kula ingkang kuwawi nggadhuh Aji Bledheg Saleksa menika”.

            “Pradapa!” Bapa paring wangsulan mawi suwanten ingkang radi sereng “kowe luwih percaya karo aku minangka wong tuwamu apa luwih percaya kandhane Bebau Danara he?”.

            Dipun sentak mawi pitakenan ingkang makaten kala wau, sakala kula mengkeret, badhea kados menapa kula inggih langkung pitados dhateng Bapa Lurah tinimbang kalih sinten kemawon kalebet Ki Lurah Danara menapa dene Rama Kyai Daka.

            “Nyuwun pangapunten Bapa……” kula lajeng matur kalih suwanten ajrih.

            “Tak kira critamu kuwi mau durung tutug, lire isih ana sing durung mbok kandhakne marang aku, Bebau Danara mesthi wis aweh weruh lan ngongkon kowe kudu nindakne apa lamun panembungmu ngampil Kyai Pantek iki ora tak kabulne. Ayo, nek pancen kowe isih ndhaku aku iki wong tuwamu sing ngantia tekan jaman apa wae ora bakal lila kowe nandhang lara, kandhakna apa anane, dening Bebau Danara kowe diwulang apa magepokan karo nggonmu arep murih Kyai Pantek iki?” Bapa Lurah paring dhawuh, suwantenipun kepireng mandhes ngantos dumugi dhasaring manah kula.

            “Inggih Bapa” kalih suwanten alon nanging cetha kula lajeng ngaturaken sedaya krenah saha rerigenipun Ki Lurah Danara dhateng kula. Rancangan kangge nyidra Kyai Pantek saking plangkanipun ugi kula cariyosaken. Kula lirik pasuryanipun Bapa Lurah ketingal radi padhang Kula nggadhahi panginten menawi Bapa sampun pikantuk margi kangge panjaring kawontenan.

            “Naaa… harak tenan ta?” Bapa Lurah ngendika kalihan mesem “aku wis ngira yen Kyai Daka lan Ki Danara sakancane kae mung ngenteni lenaku wae, sajake wong-wong kae wis weruh yen kekuwatane Kyai Pantek kuwi wis nyawiji karo kekuwatanku. Yen nganti kekuwatan loro kuwi dipisahake, loro-lorone bisa ilang kekuwatane kabeh, aku bisa bali kaya jaman kowe isih cilik biyen, ya iku wong sing kekuwatane mung salumrahe wong, ora ngerti ngelmu kanuragan lan ora bisa nggunakne simpenan kekuwatan kang manggon ing ngisoring ati. Samono uga Kyai Pantek, keris kuwi bakal bali dadi kaya lading lumrah, sing katiyasane mung kena kanggo ngrajang brambang”.

            “Makaten Bapa?”

            “Iya” Bapa Lurah lajeng paring dhawuh malih “lan bares wae, aku nduwe pandakwa sing banget marang Kyai Daka, dheweke mung kepengin nguwasani Kyai Pantek. Yen Kyai Pantek wis ucul saka aku, Kyai Daka bakal mbaleni tumindake jaman arep meksa aku supaya misahake dhiri saka Mataram. Aku, kowe lan wong-wong sing ora sarujuk karo panemune mesthi bakal disirnakne kabeh. Dadi aja gampang kowe diiming-imingi karo sing jarene Aji Bledheg Saleksa kuwi. Awit satemene, Kyai Daka kae ora duwe Aji sing jeneng Aji Bledheg Saleksa kuwi, aji sing jarene ora ana tandhinge kuwi anane ya mung ana angen-angene Kyai Daka lan angen-angene Bebau Danara. Entrane ngono wong-wong kae kepengin kaya critane Ki Gedhe Pengging Sepuh ya Pangeran Handayaningrat jaman semana sing kadigdayane tanpa tandhing awit nggadhuh Aji Sasra Birawa”.

 

 

Ana candhake

 

 

           

 

 

Kamis, 24 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (88)


 

88.

            Ananging sareng gladhen sampun rampung lan kula badhe wangsul, dumadakan dening Ki Lurah Danara kula dipun endheg.

            “Kok kesesa kundur menika ing dalem napa wonten damelan ingkang dereng rampung ta Gus?” makaten pitakenipun Ki Danara dhateng kula kalihan mesem semanak.

            “Estunipun inggih boten Ki” wangsulan kula blaka “namung boten sekeca menawi ngganggu Ki Lurah Danara saha Rama Kyai Daka ingkang mesthinipun badhe tumunten aso salira”.

            “Oalah…boten kok Gus” Ki Danara wicanten malih kalihan mapan linggih ing dhingklik panjang ingkang wonten emperan kering pendhapa “menawi Gus Dapa boten badhe kaselak kundur, kula kepengin rembagan sakedhik”.

            “Inggih, inggih Ki” wangsulan kula kalih nusul linggih ing sacaketipun Ki Danara “mangga badhe paring dhawuh menapa?”.

            “Niki ngaten lho Gus” Sasampunipun kendel sakedhap Ki Danara lajeng wicanten “kala emben Bapa Guru Kyai Daka rak sampun paring dhawuh badhe nurunaken Aji Bledheg Saleksa dhateng Gus Dapa?”

            “Inggih Ki, kula kemutan” wangsulan kula “kala emben menika Rama Kyai Daka paring dhawuh, malah nalika samanten Ki Danara ugi wonten, menawi badhe nyuwun palilah dhumateng Bapa Lurah langkung rumiyin, menawi Bapa sampun ngeparengaken nembe aji kala wau dipun turunaken dhateng kula. Kula inggih ngrantos, nanging kok rumaos kula ngantos dangu kula boten dipun timbali malih, menapa Rama Kyai Daka sampun kepanggih Bapa lan ngrembag prakawis menika menapa dereng, kula inggih boten mangertos”.

            “Lha keng Bapa menapa dereng paring uninga dhateng Gus Dapa?” dumadakan Ki Danara pitaken kanthi suwanten kepireng nedahaken gumunipun.

            “Kaparingan ngertos prakawis menapa Ki?” sanaosa estunipun kula sampun tanggap kalihan pikajengipun Ki Danara, nanging kula nambong kemawon.

            “Inggih babagan anggenipun Bapa Guru Kyai Daka badhe nurunaken aji dhateng Gus Dapa menika” Ki Danara nyethakaken pitakenipun.

            “Dereng menika Ki?” kula gedheg-gedheg kalihan panggah nyawang praupanipun Ki Danara.

            “Hm…………” Ki Danara unjal ambegan landhung lajeng wicanten kados katujokaken dhateng awakipun piyambak “aneh!”.

            “Menapanipun ingkang aneh Ki?” kula waton taken kemawon.

            “Mangke rumiyin” Ki Danara wicanten malih kalih mripatipun kados nyawang mripat kula “estunipun ndika menika kersa saestu menapa boten kaparingan aji Bledheg Saleksa menika?”.

            “Lho pripun ta Ki?” kula wangsulan kalih suwanten gumun, murih Ki Danara ngertos menawi tembung ingkang kula ucapaken menika boten tembung gegujengan “mesthi kemawon kula purun. Malah kepara ngajeng-ajeng enggala aji Bledheg Saleksa menika katurunaken dhateng kula. Estunipun wonten menapa ta Ki? Kok dumadakan ndika paring pandangu dhateng kula ingkang kados makaten menika?”.

            “Saestu ingkang ndika dhawuhaken menika tulus lahir trusing batos?” kados kirang pitados Ki Danara pitaken malih dhateng kula. Wonten  raos anyel salebeting manah kula nampi pitaken ingkang kados makaten menika.

            “Nuwun sewu Ki Lurah Danara” kula lajeng wangsulan kanthi suwanten radi minggah “menapa Ki Lurah mastani atur kula menika gegujengan? Menapa ndika nate tumon kula remen rembagan lelemeran ? menapa Ki Lurah nate manggihi kula wicanten dora utawi goroh sadangunipun ndika tepang kalihan kula?”.

            “Sampun duka Gus” Ki Lurah Danara wangsulan kalih mesem “tiang bagus kados ndika niku boten sae menawi gampil duka, kalih ngaten badhea kados menapa Gus Dapa menika taksih kaprenah sedherek kula timur tunggal sapaguron, sanaosa Gus Dapa dereng kineceran toya suci minangka tandha sampun dados siswanipun Bapa Guru Kyai Daka, nanging tumrap kula ndika menika sampun kalebet siswa cinaket kalihan Bapa Guru Kyai Daka.  Atur kula kala wau namung dhapur kepengin ngantebaken manah kula kangge mitadosi dhawuhipun Gus Dapa kemawon, saha kangge njajagi sapinten raos kepengin ndika nggadhuh aji Bledheg Saleksa ingkang kekiyatanipun satuhu nggegirisi bebasan ing jagad boten wonten tandhingipun menika”.

            “Nyuwun pangapunten Ki, saestu kula kepengin kaparingan aji menika dening Rama Kyai Daka” suwanten kula mandhap malih “samangke lajeng kados pundi?”.

            “Menika makaten lho Gus” Ki Danara lajeng wicanten malih “estunipun Bapa Guru Kyai Daka menika sampun kepengin sanget maringaken aji Bledheg Saleksa menika dhumateng Gus Dapa, jalaran miturut pamawasipun Bapa Guru boten wonten tiyang ingkang kiyat kacondhokan aji pamupuh ingkang nggegirisi kadibyanipun menika kajawi namung Gus Dapa, nanging eman sanget Gus…………”

            “Eman sanget kados pundi Ki?” gandheng Ki Danara kendel boten nutugaken rembagipun, kula lajeng nyela wuwus, pitaken.

            “Hm………..” Ki Danara boten wangsulan malah wongsal-wangsul unjal ambegan, lajeng nyuwanten kados tiyang ingkang nggereng.

            “Wonten menapa Ki Lurah?” kula ngambali pitakenan.

            “Emanipun, Keng Bapa, inggih Ki Lurah Kepuh Agal boten utawi pasipun dereng marengaken Bapa Guru Kyai Daka nurunaken aji menika dhateng Gus Dapa”.

            Sanaosa estunipun kula sampun mangertos, nanging murih Ki Danara boten sumerep menawi kula sampun mangertos, kula lajeng tangklet mawi suwanten ingkang nedahaken raos cuwaning manah :

            “Bapa boten ngeparengaken kula kaparingan aji Bledheg Saleksa, Ki Danara?. Mawi pawadan menapa Bapa boten marengaken kula nggadhuh aji ingkang nggadhahi kekiyatan ngedab-edabi menika?”.

            “Sampun klentu ing panampi lajeng Gus Dapa duka dhateng keng Bapa” Ki Danara suka wangsulan kalihan suwanten ngedhem-edhemi manah kula “Ki Lurah boten menging Bapa Guru Kyai Daka nglunturaken Aji Bledheg Saleksa dhateng Gus Dapa, namung dereng paring palilah Bapa Guru Kyai Daka nurunaken aji menika dhateng Gus Dapa”.

            “Kula dados bingung kalihan dhawuh ndika ingkang makaten menika Ki Lurah Danara” suwanten kula, kula damel kados suwantenipun tiyang ingkang kagelan manahipun.

            “Sabar Gus Dapa” suwantenipun Ki Danara kapireng sareh “cethanipun rak makaten…..”.

            “Inggih kados pundi Ki Lurah?”

            “Salah satunggal saking sarat masrut kangge nurunaken Aji Bledheg Saleksa menika harak kedah kaungkulan pusaka Sipat Kandel saking Dhusun ingkang kacondhokan ingkang badhe nampi aji menika. Kados nalika Bapa Guru nampi aji menika saking Eyang Guru Ajar Genisamodra, Bapa Guru kaungkulan Pusaka Sipat Kandeling Dhusun Segaraputih ingkang wujud Duwung Kyai Samber. Lha samangke kangge nampi Aji Bledheg Saleksa menika Gus Dapa kedah kaungkulan Duwung Kyai Pantek ingkang dados sipat kandelipun Dhusun Kepuh Agal menika. Nanging kula lan Bapa Guru boten mangertos, jebul Keng Bapa, inggih Ki Lurah Kepuh Agal boten ngeparengaken Bapa Guru Kyai Daka nyuwun ngampil  Pusaka Sipat Kandel Kyai Pantek menika. Nanging Gus Dapa sampun lajeng pupus ing pangajeng-ajeng murih saged anggadhuh aji Bledheg Saleksa menika. Sanaosa anggen kula saha Bapa Guru Kyai Daka ngrerimuk murih Ki Lurah ngeparengaken Kyai Pantek dipun ampil parandene cabar boten angsal damel, nanging taksih wonten cara sanesipun, ingkang kula pitados badhe saged ndadosaken Ki Lurah Kepuh Agal marengaken Kyai Pantek kaampil kangge sarana anggen ndika badhe nampi aji Bledheg Saleksa menika”.

            “Inggih Ki Lurah Danara” wangsulan kula panggah mawi suwanten kados suwantenipun tiyang ingkang katelasan pangajeng-ajeng “mugi-mugi Rama Kyai Daka lan ndika saged manggih cara damel Bapa saged nglenggana lan marengaken Kyai Pantek kaginakaken kangge sarana anggen kula badhe nampi aji Bledheg Saleksa saking Rama Kyai Daka menika”.

            “Makaten Gus” Ki Danara nglajengaken anggenipun wicanten “kula menapa dene Bapa Guru Kyai Daka nggadhahi panginten, wontenipun Keng Bapa ngekahi anggenipun boten ngeparengaken Bapa Guru Kyai Daka nyuwun ngampil Kyai Pantek menika mbok menawi awit Keng Bapa dereng uninga menawi Gus Dapa saestu kepengin saged nggadhuh aji Bledheg Saleksa kala wau. Gus Dapa mesthi dereng matur dhumateng Keng Bapa ing babagan menika ta?”.

            “Leres Ki Lurah” kula wangsulan “mila kula dereng matur babagan menika dhateng Bapa”.

            “Naaah rak tenan ta ?” Li Danara wangsulan kalihan radi gumujeng “inggih amargi Gus Dapa dereng atur uninga dhateng Keng Bapa menika, ingkang ndadosaken Ki Lurah Kepuh Agal boten marengaken Kyai Pantek dipun ampil dening Bapa Guru Kyai Daka, jalaran kula ngertos lan ngrumaosi, menawi kandel tipis, Ki Lurah taksih kagungan raos cubriya lan sujana dhumateng Bapa Guru Kyai Daka menapa dene dhateng kula ingkang nate tumindak lepat lan dosa ingkang sakalangkung ageng dhateng Ki Lurah, dhateng Dhusun Kepuh Agal minggahipun dhateng Nagari Mataram, sanaosa awit saking kawicaksananipun saha welas asihipun Ki Lurah, Bapa Guru Kyai Daka lan kula sampun kaparingan pangapura”.

            “Menapa prayoginipun kula matur dhateng Bapa ngaturi uninga bilih kula badhe kaparingan Aji Bledheg Saleksa menika, Ki Lurah Danara?”.

            “Mila kedah makaten Gus” Ki Danara wangsulan kalihan mesem “kajawi atur uninga dhateng keng Bapa menawi Gus Pradapa badhe kaparingan Aji Bledheg Saleksa dening Bapa Guru Kyai Daka, ngiras pantes Gus Dapa matur nyuwun ngampil Sipat Kandel Kyai Pantek kangge sarana nampi Aji menika. Mangke sasampunipun Kyai Pantek kaparingaken, Gus Dapa saged ngaturaken dhateng Bapa Guru Kyai Daka. Lan sampun kesupen ugi matur dhateng Keng Bapa, menawi sampun kasembadan Gus Dapa nggadhuh Aji Bledheg Saleksa, Duwung Kyai Pantek badhe kaaturaken kundur dhateng Keng Bapa”.

            “Inggih Ki Lurah” kula wangsulan nanging kula lajengaken pitaken “lha menawi Bapa panggah kukuh boten nglilani Kyai Pantek dipun ampil lajeng kados pundi?”

 

 

Ana candhake.

 

 

Rabu, 23 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (87)

87.

            Sesambetan antiwisipun Ki Lurah sabebaunipun sedaya kalihan Kyai Daka ketingal sae, awit Kyai Daka ugi ngatingalaken anggenipun tresna dhateng Dhusun Kepuh Agal. Kyai Daka ingkang tuhu nggadhahi kalangkungan ing ulah kanuragan saha kebatosan, asring maringi pitedah-pitedah dhateng para mudha lan para sinoman, mesthi kemawon anggenipun paring makaten kala wau saderengipun inggih nyuwun palilah dhateng Ki Lurah. Lan miturut Ki Lurah saha para Bebau, anggenipun paring pitedah Kyai Daka boten wonten ingkang awon, sedaya jumbuh kalihan kabetahaning Kepuh Agal, babar pisan boten cengkah kalihan piwucaling kapitayan ingkang dipun rasuk dening Ki Lurah tuwin Warga Kepuh Agal. Kula piyambak minangka putranipun Ki Lurah lan ingkang dinama-nama sageda gumantos Lurah Kepuh Agal sawanci-wanci Bapa Ki Sarkara sampun surud ing kasedan jati, ugi ndherek ngangsu kawruh kanuragan lan kebatosan dhateng Kyai Daka. Boten benten kalihan sinoman sanesipun.

            “Pradapa” anuju sawijining dinten kula katimbalan dening Ki Lurah “aku melu seneng dene kowe katon taberi nggonmu melu gladhen ulah kanuragan lan kebatinan marang Kyai Daka. Muga-muga anggonmu gladhen kuwi ing mbesuke bisa mbok gunakne kanggo kabecikan lan kanggo ngangkat drajate Desa Kepuh Agal kene”.

            “Inggih Bapam angkah salebeting manah kula mila inggih makaten” atur wangsulan kula nalika samanten.

            “Mesthine sing mbok weruhi sasuwene iki, sesambungan antarane awake dhewe karo Kyai Daka, Bebau Danara lan wong-wong sing biyen tau meh memungsuhan karo aku, saiki wis becik. Kaya ora nate ana kedadean apa-apa. Iya apa iya?” Ki Lurah paring pandangu malih kalihan mesem.

            “Lakar kados makaten Bapa, sajakipun wonten prakawis ingkang dereng kula mangertosi ingkang badhe Bapa dhawuhaken dhateng pun Pradapa, Bapa?” gandheng kula ngraos radi aneh kalihan pangandikanipun Ki Lurah dhateng kula makaten menika, kula lajeng nyuwun pirsa.

            “Ora!” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “mung wae, pun Bapa meling marang kowe, Apika kaya ngapa sesambunganmu karo sapa wae, aja nganti kabeh isen-isening atimu mbok bukak ana ngarepe wong sing duwe sesambungan becik karo kowe kuwi mau. Jalaran, sing jenenge manungsa kuwi kabeh kedunungan sipat lali. Menungsa sing uga sinebut “Tiyang” kuwi atine tansah goyang, lire lumrah wae sing wiwitane kaya sedulur lanang ora let suwe malih memungsuhan kaya dene kucing karo tikus. Uga kosok baline, sing maune memungsuhan ora let suwe dadi mitra sing sinara wadi. Mula kowe kudu tansah ora kena nyuda kaprayitnaning batin”.

            “Inggih Bapa”

            “Bares wae, wektu iki tuwuh rasa sujanaku marang Kyai Daka lan Bebau Danara” Ki Lurah paring dhawuh malih.

            “Sujana awit menapa Bapa?” kula matur nyuwun pirsa.

            “Iya awit Kyai Daka watara selapan dina kepungkur, kanthi mirunggan nemoni aku. Mung saprelu takon, ya gene Prajurit Mataram sing biyen tau nekani Kepuh Agal, saiki ora tau katon teka maneh?. Ya gene Prajurit Mataram samana akehe kae mung sepisan teka ing Kepuh Agal?”.

            “Lajeng dhawuh wangsulanipun Bapa dhateng Kyai Daka kados pundi?” kula nyuwun pirsa.

            “Olehku aweh wangsulan ya gampang wae” Ki Lurah paring wangsulan kalihan mesem “aku iki dudu Prajurit Mataram dadi ya ora ngerti obahe para Prajurit Mataram, sing cetha lakuned Prajurit kuwi mung manut marang unine parentah, lha sing wenang aweh prentah marang Prajurit kuwi ya Lurah Prajurit, munggahe menyang Rangganing Prajurit nganti tekan Tumenggung sarta senapatining praja Mataram”.

            “Lajeng Kyai Daka kados pundi?”

            “Kyai Daka ya mung manthuk-manthuk ngiyani” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “nanging malah sing banjur duwe gagasan sing mundhak dawa”.

            “Penggaluhan menapa Bapa?”.

            “Aku sujana, wangune Kyai Daka duwe pangira yen tenane Prajurit-prajurit Mataram sing teka nalika samana, mula dudu prajurit sing temenan. Lan sujanaku kang mangkono mau, dikuwatake karo tekane Kyai Daka sing kaping pindho, ya kuwi telung dina kepungku, malah tekane sing keri iki ora ijen, nanging nganthi Bebau Danara, Kyai Daka kandha yen arep nurunake ngelmu kanuragan linuwih marang kowe Pradapa” Ki Lurah paring wangsulan.

            “Mila leres Bapa” kula lajeng matur prasaja “Kyai Daka mila nate paring dhawuh dhateng kula bilih kula badhe kaparingan aji jaya kawijayan ingkang nggegirisi, namung saderengipun Kyai Daka badhe nyuwun palilah dhateng Bapa langkung rumiyin”.

            “Kyai Daka ora mung njaluk palilah marang aku, nanging uga nembung supaya aku gelem nyawisake piranti kanggo nurunake aji jaya kawijayan marang kowe kuwi” Ki Lurah paring dhawuh malih.

            “Lajeng wujudipun piranti menika menapa Bapa?” kula matur nyuwun pirsa “menawi panunggilanipun pisang ayu, sedhah temu rose, lawon pethak, ayam jago pethak mulus utawi wiring kuning lan sapiturutipun, kula kinten boten badhe ngrekaos anggenipun pados”.

            “Bener apa sing mbok kandhakne kuwi Pradapa” Ki Lurah ngendika malih “aku ya wis kandha marang Kyai Daka nek mung barang-barang kuwi sing dadi pirantine, ora nganti wektu setugel dina mesthi wis tak wujudi. Nanging jebul sing dijaluk Kyai Daka, barang sing aku ora bisa mujudi”.

            “Menapa menika Bapa?” kula radi nggragap,lajeng nyuwun pirsa dhateng Bapa Sarkara.

            “Kyai Daka nyuwun ngampil Keris Kyai Pantek Sipat Kandel Kepuh Agal kang bakal digunakne kanggo nurunake aji jaya kawijayan marang kowe” Ki Lurah nyethakaken menapa ingkang dados panyuwunipun Kyai Daka “mesthi wae, aku ora bisa mujudi apa sing dadi panjaluke Kyai Daka kuwi. Jalaran jejerku iki mung nggadhuh, Kyai Pantek dhewe kuwi pusaka ampilan saka Kraton Ngiyom lan Senapati Kraton Ngiyom sakembaran ya kuwi Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta wis manti-manti marang aku supaya ora pisan-pisan ngulungake Kyai Pantek marang sapa wae. Nanging, mesthi wae sing keri dhewe kuwi ora tak kandhakne marang Kyai Daka. Aku mung wangsulan yen ora bisa ngulungake Kyai Pantek marang spa wae kanggo kabutuhan apa wae”.

            Kula ugi lajeng manthuk-manthuk ngleresaken menapa ingkang dados wangsulanipun Ki Lurah dhateng Kyai Daka. Kula kemutan dhateng dhawuhipun Ki Lurah ingkang dumugi wanci menika dereng saged kula lampahi, inggih menika nggegulang kalbu murih saged nampi kanugrahaning Gusti saged manunggalaken Kyai Pantek dhateng jiwa raga kula.

            “Sareng makaten Kyai Daka lajeng kados pundi Bapa?” kula nyuwun pirsa malih.

            “Maune Kyai Daka lan Ki Bebau Danara ngotot arep meksa, malah wani ngundhat-undhat aku didakwa durung percaya marang wong loro kuwi kanthi wutuh barang” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “nanging aku puguh ora bisa nuruti panjaluk sing banget mbebayani kuwi. Aku mung kandha yen Kyai Pantek kuwi dudu duwekku, nanging dhapur gadhuhan saka Titahing Gusti kang ngratoni bangsa alus sing ora kepareng tak kandhakne asmane, dadi ora kok aku ora percaya marang Kyai Daka apa dene Bebau Danara, nanging aku ora wani ngulungake merga kuwi dudu darbekku”.

            “Inggih Bapa” kula matur malih “menapa Kyai Daka menapa dene Lurah Danara saged nampi dhawuhipun Bapa?”.

            “Sajake ya durung bisa nampa, nanging aku ora idhep” Ki Lurah paring wangsulan “wekasane wong loro kuwi ya banjur mulih tanpa nggawa Pusaka Kyai Pantek. Kyai Daka lan Bebau Danara ya banjur ora ngrembug nggone arep nurunake aji jaya kawijayan marang kowe maneh. Malah saiki aku genti arep takon marang kowe”.

            “Badhe mundhut pirsa menapa Bapa?”

            “Magepokan karo sing jarene kowe arep kaparingan aji jaya kawijayan kuwi, sawuse panjaluke Kyai Daka ora tak turuti, banjur kowe dikandhani apa?”.

            “Nyuwun pangapunten Bapa” kula matur menapa wontenipun “salebeting sekawan dinten menika, kula dereng kepanggih malih kalihan Kyai Daka menapa dene Lurah Danara, malah kala wau kula mireng kabar saking kanca sinoman kala wingi Kyai Daka tindak dhateng sanjawining Kepuh Agal lan Lurah Danara ugi nembe ngayahi jejibahan wigatos ing Dhujuh Sidamulya, para siswanipun Kyai Daka tuwin para sinoman kadhawuhan gladhen piyambak, dados inggih dereng kaparingan dhawuh menapa-menapa magepokan kalihan anggenipun Kyai Daka badhe nurunaken aji jaya kawijayan dhateng kula menika”.

            “Ya yen pancen mangkono” Ki Lurah lajeng paring dhawuh malih “tak jaluk kowe aja nganti ngowah-owahi adat samangsa-mangsa wis kepethuk karo Bebau Danara apa dene Kyai Daka. Luwih becik kowe api-api ora ngerti lan api-api yen durung tak critani ing babagan iki. Lan sepisan maneh welingku marang kowe, sing ngati-ati lan aja nganti nyuda kaprayitnaning batin. Sarta tak jaluk, yen kowe dikandhani apa wae dening Kyai Daka utawa Bebau Danara sing ana sambung rapete karo Kyai Pantek, aku kabarana”.

            “Inggih Bapa” kula atur wangsulan “sadaya dhawuhipun Bapa badhe kula lampahi kanthi sasae-saenipun”.

            Let sapeken saking anggenipun Ki Lurah paring dhawuh dhateng kula kasebat, Kyai Daka sampun kundur saking anggenipun tindak. Lan nalika kepanggih kalihan kula babar pisan boten ngatingalaken menawi nembe kemawon kecuwan manahipun awit Bapa Sarkara boteh nuruti panyuwunipun. Malah ing ngajengipun para siswa tuwin para mudha Kepuh Agal ingkang nembe gladhen ulah kanuragan, Kyai Daka taksih kober paring pangalembana dhateng kula lan dhawuh dhateng sinoman sanesipun murih sami nulad anggen kula gladhen ingkang katingal taberi lan migatosaken sedaya pitedah saking Kyai Daka menapa dene Ki Lurah Danara.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

Selasa, 22 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (86)


 

86.

            Ki Lurah unjal ambegan landhung, nanging pasuryanipun nedahaken menawi boten nembe sekel penggalihipun. Taksih kalihan jumeneng, ugi taksih nyepengi ukiraning Wangkingan Kyai Pantek, panjenenganipun nunten ngendika :

            “Kuwi mangkene Pradapa, wangsulan kanggo pitakonmu sing kapisan ya iku aku nduweni pangarep-arep Kepuh Agal iki sansaya kuwat ora sansaya ringkih lan pangarep-arepku iki dibarengi karo anane pepenginan supaya apa sing dikandhakne Kyai Daka sakancane mau temen-temen tulus tunejan ati. Karo maneh aku nduweni panemu yen saben wong kuwi bisa wae tumindak luput, jalaran saben wong kagadhuhan sipat lali, lan becike ora kok saben wong sing wis tumindak luput banjur dipidana ngono wae, luwih-luwih saben wong sing tumindak kleru banjur dipateni. Yen ana wong tumindak kleru banjur wis ngrumangsani klerune kuwi luwih becik diparingi pangapura, ora kudu dipidana, kajaba yen wis bola-bali tumindak kleru lan pancen duwe watak seneng gawe gendra, kuwi kudu dipidana murih kapok lan murih ora ditiru karo wong liyane. mBok menawa pancen kena diarani kawicaksanan sing tak tetepake aweh pangapura marang Kyai Daka iki ora kabeh bener, nanging mungguhku kleru merga ora aweh pidana marang wong luput kuwi ora pati mbebayani yen ditandhing karo kleru merga aweh pidana marang wong sing kudune ora dipidana. Dene saupama Kyai Daka sakancane kae mau tembunge mung lamis, aku luwih percaya marang Maha Adil lan Maha Kuwasane Gusti sing paring panguripan marang awake dhewe lan kabeh titah sing ana donya iki”.

            “Inggih Bapa” kula atur wangsulan lan saged nampi menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Lurah Sarkara ingkang ugi tiyang sepuh kula piyambak menika.

            “Dene kanggo mangsuli pitakonmu sing angka loro” Ki Lurah ngendika malih “biyen tau tak kabarake marang sliramu. Yaiku dhawuhe Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta marang aku sing ngandhakne yen pusaka sipat kandel Desa Kepuh Agal ya Keris Kyai Pantek sing saiki tak cekel ana tanganku iki  wis nyawiji sajiwa karo aku. Anane bisa manunggal antarane Kyai Pantek karo aku, kuwi merga saka Maha Murahing Gusti Sing Maha Agung. Dudu karepku dhewe ya dudu karepe Kyai Pantek. Lan miturut dhawuhe Senapati Kraton Pangayoman loro kuwi, anane aku kaparingan kanugrahan saka Gusti Kang Maha Agung kuwi salah sijni sing dadi sebabe ya kuwi merga aku dhemen anggegulang ing kalbu, temah ing sasmita dadi lantip, aku kang dhemen nindakne laku kang sabenere ya iku tansah mbudidaya murih saya raharjane Kepuh Agal, rinangkepan seneng nindakne panyuwun marang Hyang Agung kanthi laku prihatin. Mula Kyai Jurudah uga banjur meling supaya nggonku nggulawenthah sliramu kudu uga memulang murih kowe niru lekas kang wis ditindakne dening wong tuwamu iki”.

            “Inggih Bapa” kula sumela atur “lan nyuwun pangapunten menawi dugi titi kalenggahan menika, keng putra pun Pradapa dereng saged nglampahi piwucaling Bapa, inggih awit saking lumuh kula piyambak”.

            “Sokur yen kowe wis ngrumangsani, mula aja mung mandheg teka ngrumangsani wae, nanging tumuli dandanana uripmu kaya welinge Kyai Jurudah mau” Bapa Lurah Sarkara paring pitedah, kalajengaken nutugaken ngendikanipun “satemene prajurit-prajurit Mataram sing saiki isih padha pacak baris ing plataran lan pekarangan kae lan uga padha ngetutne lakune Kyai Daka sakancane bali, kabeh dudu Prajurit Mataram sing satuhune. Kuwi wadya balane Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta saka Kraton Ngiyom, tekane kene merga sisnasmintan karo tak unuse Kyai Pantek saka warangkane. Mula aja gumun mengko sedhela maneh, prajurit-prajurit kuwi bakal bali menyang asale sakawit tanpa bisa mbok weruhi parane”.

            Rampung anggenipun paring dhawuh paring wangsulan dhateng kula makaten menika, Ki Lurah tumuli ngeremaken netranipun sakedhap nalihan tumungkul mangandhap. Lajeng wangkingan Kyai Pantek dipun tempelaken ing palarapan, lajeng dipun lebetaken malih dhateng wrangkanipun. Eloking kawontenan, sareng kalihan manjingipun Kyai Pantek dhateng warangkanipun dumadakan prajurit ingkang kathahipun sasat boten wilangan ingkang wonten ing plataran tuwin pekarangan kalurahan Kepuh Agal, sedaya ical boten kula mangertosi purugipun. Dumugo sapriki kula boten ngertos, menapa prajurit-prajurit kala wau prajurit saestu saking alam alus menapa namung prajurit semu wujud wewayangan kemawon.

            Dinten-dinten candhakipun kawontenan ing Kepuh Agal lumampah kanthi limrah. Para warga inggih kados padatan, sami makarya kangge nyekapi kabetahaning gesang kulawarganipun sarana nyambut damel ing pategilan lan pasabinanipun piyambak-piyambak. Makaten ugi Ki Lurah Sarkara, meh saben dinten nganglang Dhusun, aniti priksa kawontenaning Kepuh Agal pundi ingkang sajakipun prelu kawigatosan murih saged dados sae kados papan sanesipun. Inggih angengeti jembaring laladan saha cacahing warga ingkang sansaya kathah, murih kawilujengan saha karaharjaning warga langkung tumata, Ki Lurah kanthi pasarujukaning para warga ambage Kalurahan Kepuh Agal dados gangsal Dhukuh. Saben-saben Dhukuh kapangarsan dening Bebau setunggal, ingkang jejibahanipun ambiyantu Ki Lurah mranata warga ing Dhukuhipun.

            Kawiwitan saking Kepuh Agal sisih wetan, Dhukuhipun kaparingan tenger Sidadadi ingkang ngemu pandonga murih sedaya panjangkaning warga saged dados. Ingkang kapiji minangka Bebau Ki Sudib, ingkang lajeng kaprah sinebat Ki Sidodadi. Sakilenipun Dhukuh Sidodadi kaparingan nami Dhukuh Sambirobyong awit ing satengahing Padhukuhan wonten witipun Sambi ingkang ageng. Ingkang piniji lan kasarujukan dening warga minangka Bebau nami Ki Sambi, menika taksih kaprenah ponakanipun Ki Pamuji . Lan salajengipun titiyang sami mastani Ki Sambi ugi Ki Robyong. Ing Sakilenipun Sambirobyong kaparingan tetenger nami Dhukuh Sidamulya, sami kalihan Sidodadi menawi asma kinarya japa, para warga nggadhahi pangajeng-ajeng murih ing tembenipun pagesanganing para warga ing mriku saged manggih kamulyan. Ki Lurah Sarkara amiji Ki Danara murih angesuhi Dhukuh Sidamulya minangka Bebau, jalaran warga ing mriku biten wonten ingkang purun kadadosaken Bebau inggih awit sami ngrumaosi menawi boten saged anglampahi jejibahanipun menawi kapiji dados Bebau. Benten kalihan Sidadadi menapa dene Sambirobyong, Bebau Sidamulya boten kaprah kasebat minangka Ki Bebau, nanging malah ngangge sebatan Ki Lurah. Ingkang makaten menika jalaran Ki Danara menika sampun dangu dados Lelurahipun para siswanipun Kyai Daka ing reh ulah kanuragan saha kebatosan. Mila sebatan kangge Bebau Sidamulya dede Ki Lurah Sidamulya, nanging panggah mawi sebatan nami ingkang asli, inggih menika Ki Lurah Danara. Sakilenipun Dhukuh Sidamulya, kawastanan Dhukuh Grojoganngubal, jalaran ing mriku wonten lepen alit ingkang toyanipun dhawah dados grojogan sarta toyanipun ngubal (ngambra-ambra), miturut pasarujukaning warga ingkang kapiji dados Bebau ing mriku Ki Pahang, rumiyinipun dados siswanipun Kyai Daka ing reh kebatosan, nanging sasampunipun wonten kedadosan ing Pendhapa Kalurahan ingkang meh kemawon wonten pasulayan antawisipun Ki Pawit ingkang ambelani Ki Lurah kalihan Kyai Daka,  lajeng ngalih santun dados sekabatipun Ki Pawit, awit rumaos langkung sreg marsudi ing kebatosan mawi piwucal lan pituturipun Ki Pawit. Dados inggih sampun limrah menawi meh sedaya tiyang sampun pirsa bilih sesambetan antawisipun Ki Lurah Danara kalihan Ki Pahang menika saenipun namung winates ing tata gelar kemawon. Naminipun Ki Pahang ugi lajeng kaprah sinebat Ki Grojoganngubal utawi Ki Ngubal. Ingkang Pungkasan laladan Kepuh Agal ingkang kilen piyambak, mepet wana ingkang dados wates antawisipun Dhusun Kepuh Agal lan Dhusun Tambak, winastan Dhukuh Jangglengan awit ing mriku para warga sami remen ndhedher wiji wit Jati lan dipun tanem ing pekaranganipun lan tiyang-tiyang menawi betah badhe nanem jati saged pados ing mriku. Ingkang kapatah minangka Bebau nami Ki Pawana. Nanging lajeng kaprah sinebat Ki Jangglengan. Ki Jangglengan menika taksih kaprenah putranipun mbarep Ki Pawit, ingkang sasampunipun emah-emah lajeng adeg griya ing Jangglengan mriku.

            Kanthi wontenipun tatanan enggal ingkang wujud wontenipun dhukuh-dhukuh saha bebaunipun menika, mundhak dinten kawontenan Dhusun Kepuh Agal dados sansaya reja. Para warga boten ngemungaken ulah tetanen kangge nyekapi gesangipun, nanging ugi kathah ingkang nyambi bebakulan. Ugi boten sakedhik warga ingkang sumebar ing dhukuh-dhukuh saindenging Kepuh Agal ingkang sami dados kemasan, greji, undhagi lan sanes-sanesipun. Ingkang makaten kala wau estu ndadosaken Dhusun Kepuh Agal sansaya mindhak makmur.

            Ketingalipun Dhusun Kepuh Agal inggih ayem tentrem kemawon, boten wonten titiyang mriku ingkang dhemen tumindak ingkang damel kapitunanipun tiyang sanes. Ki Lurah sanaosa tambah dinten tambah sepuh, ugi boten kendhat anggenipun mbudidaya murih Kepuh Agal dados Dhusun ingkang gemah ripah tata raharja. Ki Bebau ing Sidamulya, inggih Ki Lurah Danara nate nggadhahi usul dhateng Ki Lurah murih para sinoman ing Kepuh Agal kaparingan seserepan ing reh ulah kanuragan, prekunipun saged kadadosaken tamenging Desa mbok menawi sawanci-wanci wonten bebaya saking njawi ingkang dugi. Usulipun Ki Danara ugi katampi kanthi sae dening Ki Lurah. Malah Ki Danara inggih lajeng kawewahan jejibahan minangka dados suhing para mudha kala wau. Tamtu kemawon Ki Lurah ugi paring dhawuh dhumateng para Bebau murih makarya sesarengan kalihan Ki Danara kangge paring gladhen kanuragan dhateng para sinoman ing dhukuhipun piyambak-piyambak. Para Bebau ugi sami nyengkuyung menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Lurah.

 

 

Ana candhake.

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...