Total Tayangan Halaman

Senin, 28 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (51)

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

51

Marga kaget, gumun campur seneng ditekani gurune ing papan paprangan kuwi, gage-gage nom-noman kuwi nyaket arep ngaturne bekti. Nanging sepira kagete Marga, lagi wae dheweke arep menyat dumadakan Ki Tanparupa wis ilang saka pandulune. Wong tuwa sing mulang muruk ing reh kanuragan lan kabatinan marang Marga liwat impen-impene kuwi musna tan kasumurupan menyang ngendi parane. Mung suwarane sing banjur keprungu aweh tutur marang muride :

"Ngger Marga, aja kok terusne nggonmu arep nguber titah sing wis niyat bali marang alame, sumurupa kowe bisa ngalahne titaah-titah saka alam liya kuwi amarga kowe tetep setya netepi jiwa kamanungsanmu, mangka menawa kowe nguber titah-titah sing wis keplayu bali menyang alam asale, kowe genti bakal kena dikalahake lamun titah-titah kuwi netepi jiwa kalelembutane. Mung kuwi welingku, aja kongsi kok lelekne. Saiki awat-awatana Rangga sing lagi ngadhepi Raden Sentani,  aku tak nguwasi apa sing arep ditindakne dening Nagaburik karo Raden Bintulu sing uga lagi nguwasi nggone perang tandhing Rangga  lan Sentani".

"Ngaturaken sewu gunging panuwun Bapa" Marga wangsulan "awit saking sedaya pitedahipun Bapa. Boten langkung keng putra namung saged ngestokaken dhawuh".

mBaleni critane Pangeran Singasari sing dipondhong lan digawa mlayu dening Tumenggung Sudirenglaga. Pranyata Pangeran Singasari tuhu Prajurit sing sekti mandraguna, klebon wisa sing mbebayani pancen bisa nglumpuhake tenagane, metengne pandulune, nanging wisane Dumungkuning lan Ketonggengireng ora kuwawa nguwurake nalare Senapati Agung Mataram kuwi. Ngerti yen ana sing mbudidaya nylametake jiwane, Pangeran Singasari banjur takon saka pondhongan :

"Sing mondhong lan nggawa mlayu aku iki sapa?" .

"Punten dalem sewu Pangeran" Tumenggung Sudirenglaga semaur karo terus mlayu "kula pun Sudirenglaga".

"Aku arep kok gawa menyang ngendi Tumenggung?  yen ndelok rasaning awakku, katone dina iki aku kudu tumeka ing pati kena gegamane Sentani sing tumanduk ing bau kanan keringku. Sadurunge aku mati Tumenggung, prentahna marang para prajurit Mataram supaya bareng ngranjab Sentani saka kadohan, yen ora wong kae bisa gawe kapitunane prajurit Mataram kabeh" Pangeran Singasari isih kober aweh prentah.

"Punten dalem sewu Pangeran" wangsulane Tumenggung Sudirenglaga, sing wektu kuwi nggone mlayu wis tekan regole Padhepokan Banyugurih "Gusti Pangeran kula aturi ngleremaken panggalih langkung rumiyin, prakawis Sentani sampun wonten ingkang badhe ngrampungi".

"Sapa? Sapa sing bisa menang  mungsuh  Sentani sing duwe kasekten sing nggegirisi? Aku wae klakon digawe kaya ngene, yen ana sing wani maju ngadhepi, aja oleh maju ijen, tan wurunga bakal nemoni lelakon kaya aku" Pangeran Singasari suwarane nuduhne kuwatiring atine.

Tumenggung Sudirenglaga ora kober wangsulan maneh, merga wis munggah neng pendhapane Padhepokan, dipapag dening Ki Guru Sukirna sing uga banjur ngerti apa sing kudu ditindakne magepokan karo kahanane Pangeran Singasari. Senapati Agung sing wis tanpa daya kuwi diglethakne ing lincak cilik, banjur diupakara nut lan carane Ki Guru Sukirna. Dimen sing ditambani ora kober kelah lan polah, dening Ki Guru Sukirna luwih dhisik digawe bisa turu kepati, sarana dipijet jempolan tangane.

Sawuse masrahake Pangeran Singasari sawutuhe marang Ki Guru Sukirna, Tumenggung Sudirenglaga banjur pamitan arep bali menyang papan palagan maneh. Jalaran Tumenggung Sudirenglaga uga kepengin ngerti kaya apa dadine yen Sentani perang tandhing mungsuh Rangga. Tumenggung sing wis suwe ngabdi ing Mataram kuwi ngerti yen Sentani nduweni kasekten sing ngeab-edabi, uga duwe kaluwihan bisa ngereh bangsa lelembut kanggo ngrewangi dheweke, nanging Sudirenglaga uga weruh yen Rangga kuwi putrane Panembahan Senapati, sing kasektene ora bisa diukur sepira jerone, ora keneng ditaker sepira akehe. Perang tandhing iki mesthi luwih rame tinimbang perang tandhinge Sentani lan Singasari mau.

Pangirane Tumenggung Sudirenglaga ora luput, Raden Sentani sing maune duwe pangira yen Rangga kuwi bocah lumrah klakon ketanggor. Wis ora bisa dietung akehing jurus sing dicakne kanggo nglumpune mungsuhe sing dicakne Raden Sentani, parandene bebasan ora bisa nggigrikne wulu kalonge Rangga. Pedhang Pusakane Raden Sentani ora kuwawa njebol pager sing dicakne Rangga sing mung wujud teken bongkotan pring kuning sing mung sadriji jempolan gedhene limang kilan dawane. Pedhange Raden Sentani ora bisa mbusikne kulite Rangga, malah bola-bali Raden Sentani kudu ngempet lara, merga pisan pindho balung kentole kober kampiran thuthukan teken bongkotan pring kuning sing dicekeli Rangga.

Nalika ana kalodhangan sethithik, Raden Sentani mlumpat memburi banjur matak aji pamungkase. Sakala ilang wujude Raden Sentani, ing kono dumadakan ana Ula meh sabongkoting glugu gedhene, ngakak galak nyander-nyander karo nyemburake wisa sing ampuhe kagila-gila. Semburaning wisa sing bisa diendhani Rangga, nampeg watu kumalasa sing meh sakebo gedhene, dadi kobong banjur ambyar dadi sawalang-walang. Giris sing padha weruh. Para Tumenggung lan Prajurit Mataram sing mau padha ngadeg ngupengi sing perang tandhing, padha mlayu mundur, ngedoh, kuwatir yen nganti kena semburan lan sabetaning buntute Ula gedhe jilmanane Raden Sentani. Mung Marga sing ora ngedoh, nanging tangane kenceng nggegem dangan pecute, siaga nadhahi yen ana bebaya sing ngampiri.

Ngadhepi pangamuke Ula daden-daden panjilmane Raden Sentani, Rangga banjur kelingan karo welinge Ibune ya Dewi Semangkin, nalika dheweke arep dikanthi ingkang Rama Panembahan Senapati menyang Mataram biyen.

"Kulup Rangga" ngono welinge Dewi Semangkin nalika samana "miturut dhawuh sing tak tampa saka Eyangmu sawargi ing sajroning pasupenan, Ibu ora nyumelangake kaslametanmu, merga aji jaya kawijayan sing kok gadhuh wis cukup kanggo mbetengi uripmu saka bebaya. Mung siji welinge Eyangmu, kowe kudu ngati-ati yen nganti nemoni Naga Sekti sing pinuja puja dadi sesembahane wong-wong sing duwe karep njongkeng kawibawane Ramamu ing Mataram".

Eling pawelinge Ibune sing mangkono iku, Rangga banjur nggagas sedhela yen sing dikarepne Naga Sekti sing pinuja-puja lan dadi sesembahane wong-wong sing arep njongkeng kawibawan Mataram kuwi, atake Ula daden-daden iki?. Nggagas mangkono kuwi, ndadekne Rangga kepengin mbuktekne bener utawa orane gagasan sing liwat ing angen-angene. Sawise mencolot memburi rada ngadohi Ula sing lagi nyander-nyander kuwi, Rangga ngrapal aji Makbudul Mudamir peparinge ingkang Paman Pangeran Benawa, dirangkepi karo aji Kasaratul Mutamaridin peparinge Kyai Saepullah, dipunjerake marang sajroning teken sing digegem nganggo tangane tengen. Sakala Teken bongkotan Pring Kuning kuwi katon murup kalawan pega sing kuning rupane. Rangga banjur mencolot maju, arep ngepruk sirahe Ula gedhe kuwi nganggo tekene.

Jebul solahe Rangga isih kalah cepet karo Raden Bintulu sing amping-amping alam parayangan. Ngerti yen Rangga ngrapal aji sing nggegirisi kuwi, Raden Bintulu mencolot Sentani sing isih wujud Ula gedhe, disaut digawa mlayu manjing alam prayangan. Sauntara Ki Nagaburik sing uga duwe rasa kuwatir lan miris marang aji sing dicakne Rangga, melu nggeret lan ngajak mlayu mantune bareng karo Raden Bintulu. Sakala Ula gedhe ilang saka pandulu, banjur ing awang-awang keprungu suwara sesumbar :

"Heh Tanparupa, aku ngakoni dina iki muridmu luwih unggul tinimbang muridku, nanging titenana mbesuk mesthi ana wektune, muridku bakal males marang muridmu. Wis Tanparupa, aku bali dhisik, saiki muridku durung bisa mbedhah Mataram, nanging mbuh kapan wektune Mataram mesthi bedhah dening Trah Sri Girindrawardana".

Suwara banter sing uga mlebu ing kupinge kabeh wong sing ana kono kuwi, ora diwangsuli karo sing disebut nganggo jeneng Tanparupa kuwi, sing banjur keprungu malah suwarane wong mituturi Rangga lan Marga :

"Rangga lan Marga, dina iki pedhut peteng sing nutupi Kademangan Jatipethuk wis sirna. Sing omong karo mlayu kuwi mau Lelembut utawa kena diarani Dhedhemit, mung wong sing bakal dadi balane dhedhemit sing gelem percaya karo sing diomongne Lelembut. Wis cukup Rangga loan Marga, terusna nggonmu ngayahi wajib. Aku bali menyang papanku".

Rangga lan Marga mung manthuk-manthuk karo nindakne sembah Kalbu. Tumenggung Sudirenglaga, Tumenggung Jaya Kartika, Tumenggung Dibyanegara lan para prajurit liyane padha nyedhak aweh kurmat marang Raden Rangga putra dalem Panembahan Senapati kuwi. Sing oleh pakurmatan banjur kandha alon karo mesem :

"Kakang-kakang para Tumenggung lan prajurit Mataram kabeh, paprangan wis rampung Raden Sentani wis digawa minggat gurune menyang alaming lelembut, kari para pandhereke padha openana sing becik. Wektu iki Paman Singasari isih diusadani dening Ki Guru Sukirna ing padhepokane, dimen luwih cepet waluyane aku titip marang Kakang Tumenggung Sudirenglaga, iki aku duwe watu kumala supaya diaturne marang Bapa Guru Sukirna kanggo mbuwang wisa ing ragane Paman Singasari. Lan tulung bektiku karo bektine Adhi Marga aturna marang Bapa Guru Sukirna banjur pamitna pisan aku bocah loro arep nerusne laku, ngupadi Sendhang Mustikaning Warih ing sukuning Gunung Mahendra".

Bub ar muni ngono kuwi Rangga ngulungne watu kumala sing bunder kaya endhog marang Tumenggung Sudirenglaga. Banjur njawil Marga diajak mlaku ninggal papan kono.

 

SIGEG.

tlas sinerat ing sanggar maladi hening 19 Dulkangidah Jimakir 1954, Kurup Salasiyah, Windu Sengara, mangsa Kasa, Wuku Wuye, Padangon Gigis, Padewan Bathara Yamadipati, Paringkelan Mawulu.

29 Juni 2021 Jam 07:39 WIB.

 

 


Minggu, 27 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (50)

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

50

Amerga kesusu ngguyu bungah, Raden Sentani ora kober nyegah Tumenggung Sudirenglaga sing mlayokne Pangeran Singasari. Ana rasa getun sethithik ing atine sing ora enggal tumandang nancepne pedhange menyang jantunge Senapati Mataram nalikane Dumungkuning lan Ketonggengireng kasil namakne wisane marang mungsuhe. Nanging rasa getun kuwi enggal disuwak, merga Raden Sentani luwih percaya yen sedhela maneh Pangeran Singasari bakal dadi layon sing gosong ragane kelebon wisane Ketonggengireng lan Dumungkuning sing cepet nggone nggremet nurut getih lan ngendheg keteg jantung.  Raden Sentani ora kober ndedawa angen-angen nggambarake kahanane Pangeran Singasari maneh, bareng ing ngarepe katon ana bocah nom-noman sing nyedhak, sajak teteg ora wedi marang dheweke babar pisan.

"He, sapa kowe lan ana apa kowe mrepegi aku he?" Raden Sentani takon semu gumun. Nanging sajroning atine uga ana rasa kepencut ndulu, dedeg piadege nom-noman sing bagus rupane lan resik pakulitane kuwi.

"Aku Rangga Sentani" wangsulane Rangga karo mesem, sengaja anggone nyebut jenenge Sentani mung njangkar wae, perlune kanggo nggugah kanepsone sing diadhepi "aku nyedhaki ndika mung arep ngandhani, ya gene ndika ora duwe isin".

"Piye?" Raden Sentani nggetak "nek ndelok sandhang panganggomu cetha nek kowe dudu tunggale prajurit Mataram, nanging ya gene kowe wani njangkar marang aku? lan ndakwa yen aku ora duwe isin? sejatine kowe kuwi sapa ? Aja gawe nepsuku bocah ora genah".

"Mau wis tak wangsuli, jenengku Rangga, aku cantrik anyaran ing Padhepokan Banyugurih. Cetha?" wangsulane Rangga tatag "aku ora ndakwa, nanging omong apa nyatane, ndika sing ngaku jare Trah Majapahit, nanging nyatane wis gawe kuceme jeneng Majapahit, ketitik saka trekah ndika sing licik, trekah ndika sing nyidrani paugeran perang tandhing, ndika nyeluk kanca ora mung siji nanging sapirang-pirang sing ora wani nuduhne raine, ndika ajak ngrubut Senapati Mataram sing nyata satriya utama mau. Apa ndika arep selak nek tak arani ora duwe isin?".

Sapandurat Raden Sentani ora bisa kumecap, atine kaget kaworan gumun dene ana menungsa lan isih nom-noman pisan sing bisa weruh yen dheweke wis nekakne prajurit-prajurit saka alam gaib kanggo ngrubut Pangeran Singasari. Lan kanthi lancaqng nom-noman kuwi wis wani ngarani yen dheweke ora duwe isin. Raden Sentani mesthi wae ora kepengin wong sing ana kono padha ngerti marang apa sing dikandhakne dening nom-noman jeneng Rangga sing ngaku Cantrike Ki Guru Sukirna kuwi. Mula banjur wangsulan karo ngguyu banhter kanggo nutupi  tindak licike :

"Aja mung langap-langap waton bisa ngucap kowe Rangga, ing kene ora ana perang tandhing, nanging perang antarane Trah Majapahit musuh Mataram. Lan kowe kudu ngerti prajurit-prajurit gaib sing wis mateni Senapati Mataram sing jeneng Singasari kuwi wis aweh tenara marang Senapatimu yen arep melu ngramekne peperangan, nanging disepelekne dening Singasari. Bareng ditandangi tenan saiki nyatane Singasari klakon mati. Arep ngapa kowe? ora trima karopatine senapati Mataram sing gumendhung kuwi? he?".

Rangga mesem ngece, kandhane :

"Sakarepmu ndika arep kandha apa, mung siji sing perlu ndika ngerteni, Pangeran Singasari ora nganti tumekeng pati merga kena upase dhemit Ketonggeng karo Dhemit Ula srayanmu kae, sedhela maneh Pangeran Singasari mesthi bisa ngetokne wisane dhemit loro kuwi saka sarirane. Karo ngenteni baline Pangeran Singasari mrene, apa kira-kira kowe wani ngadhepi yen aku kepengin nyoba sepira dhuwure kasektenmu? Yen kowe wedi, kowe kena ngajak dhemit-dhemit sanakanmu kanggo bareng ngrubut aku".

Kaya ditamplek praupane rasane Raden Sentani krungu panantange Rangga sing nyata ngremehake kasektene ngono kuwi. Getihe kaya umub saking nesune. Ujare sugal :

"Keparat kowe!, bocah wingi sore wani sumbar nantang Raden Sentani. Tak ajangi jembar bocah setan, ayo majuwa, miliha sasenengmu endi peranganing awakku sing arep kok terjang, ora arep tak endhani. Yen nganti kliwat ping sepuluh nggonmu nerjang ragaku, kowe bisa ndadekne aku tiba neng lemah, tak sembah dlamakanmu".

"Aja kumalungkung Sentani, piye upama diwalik wae? Ayo nerjanga mrene, tak wenehi wektu seket jurus yen ndika bisa ngrubuhne aku, angur aku mati nglalu neng ngarepanmu" wangsulane Rangga sansaya ngece.

"Tak wujudi pepenginanmu Rangga, ora perlu nganti seket jurus. Kowe isih bisa ngadeg kaya saiki iki sajroning tandhing karo aku pitung jurus, tak guroni kuwandhamu" Raden Sentani wangsulan dibanjurne tata-tata pasang kuda-kuda arep nerjang Rangga.

Ora adoh saka papane Rangga lan Raden Sentani arep adu kaprawiran, Marga lagi ibut ngadhepi pangrubute wadya bala saka alam gaib, prajurit kirimane Ki Nagaburik saka Grojogan Jambetelu sing wujud maneka warna ula mandi, weling, welang, dumung, bandhotan, cabe lan liya-liyane. Uga manekawarna kewan gegremetan mawa wisa bangsane Klabang, Kalajengking, Ketonggeng sing sakepel-kepel gedhene, gegremetan siluman kongkonane Raden Bintulu saka Kedhunggasrong. Marga sing wis ngerti yen sing diadhepi dudu ula lan gegremetan sabaene, kajaba wis mageri awake karo aji Panawa Wisa peparinge Ki Tanparupa, uga bali munjerne aji Al-Janul Mudamiroh peparinge Kyai Saepullah marang cemethine. Kanggp ngilangi rasa gila ndulu wewujudan sing nggegilani, Marga nalekne ikete kanggo nutupi mripate. Kanggo ngawruhi papan lan obahe mungsuh Marga ngecakne Aji Sasrapanggraita.

Ora mung puluhan ula lan gegremetan sing ngrubut Marga, nanging luwih saka atusan akehe. nDadekne solahe Marga ngganjret kaya kitiran, wis makaping-kaping pucuking upat-upat ula kuning ing cemethine Marga mbledhos lan nuwuhake pletikan geni. Kang mangkono mau awit upat-upat sing ngenani lan wis gawe mencelate mbuh Ula mbuh gegremetan siluman. Ora akeh sing weruh apa sing ditindakne Marga satemene, malah akeh prajurit sing padha gumun weruh Cantrik Padhepokan Banyugurih, sing mau wis bisa ngendhangake Ki Trenggilingwesi sing sektine ora karuwan kuwi pencolotan karo dolanan pecute. Mung para Tumenggung lan prajurit sing wis akeh kawruhe sing bisa weruh lan ngerti yen Marga lagi perang dikrubut  prajurit siluman ula lan gegremetan mawa wisa.

Senapati saka Kedhunggasrong lan saka Grojogan Jambetelu, sing wis bisa gawe tatu ing anggane Pangeran Singasari,  meruhi akehing wadya sing kontal kanthi tatu abot kena pecutane Marga gelem ora gelem dadi miris. Liuwih-luwih bareng kekarone maju bareng kaya sing dicakne marang Pangeran Singasari mau jebul ora tumama marang ragane Marga, awit dayane aji Panawa Wisa. Dumungkuning karo Ketonggengireng banjur bebarengan mencolot rada ngadoh kanggo ngetrapne ajine sing luwih dhuwur. Nanging Marga luwih prayitna, ngerti senapatining mungsuh arep ngecakne ajine, dening Marga didhisiki klawan nyabetne pecute. Ketiban pecut sing linambaran Aji Aljanul Mudamiroh, siluman ula lan siluman Ketonggeng kuwi mencelat, sarandhuning awake kaya diobong rasane. Sauntara senapati loro kuwi ora kuwat obah, prajurit-prajurite sansaya akeh sing sambat ngaruara ketiban gegamane Marga.  Wasana merga ngeman prajurite sarta ngeman ragane dhewe, senapati loro kuwi banjur aweh sasmita marang wadya baline diajak mundur mlayu bali menyang alame, ninggal alaming jalma manungsa sing yegtine dudu panggonane.

Kaya mendhung kesapu ing angin, para siluman kuwi mlayu ninggalne Marga sing isih kukuh nyekeli pecute. Marga ngira menawa mungsuh-mungsuhe ora ngunduri perang, nanging rumangsane lagi nata kekuwatan ing alam panglemunan. Mula Marga uga banjur kepengin  mburu, pecute disabukne bangkekan maneh banjur nangkepake epek-epeke, ditumpangne dhadha, nedya mbesut raga angragasukma. Nanging Marga banjur murungne sedyane bareng ana angin sumilir ngusap awake. Nalika mripate dibukak, jebul  katon Ki Tanparupa ngadeg ana ngarepe.

 

ana candhake.

 


Sabtu, 26 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (49)

GAMBAR DIAMBIL DARI INTERNET

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

49

Krungu kandhane Ki Guru Sukirna sing ngabarake yen wadya bala Trah Majapahit kabeh wis dadi bandan, Ki Sukirdi sansaya pucet. Luwih-luwih bareng Ki Guru Sukirna banjur nerusake anggone guneman :

"Si Adhi lan sedulurku kabeh mesthine bisa nggambarake, ing paprangan kang mung mlaku sedina ora wutuh iki wae, pira akehe wong sing kudu koncatan nyawane? banjur pira wong wadon sing dadi warandha dadakan? pira bocah-bocah sing kapedhotan sih tresnane Bapa? Kang mangkono mau mung sabab nurut lan nggugu wong sing jarene arep nggayuh kamukten. Pancen manungsa tinitah urip ing ngalam padhang iki dening Sing Nitahake dikeparengake nggayuh kamuktening urip, nanging kudu nganggo cara lan srana sing bener, ora kok banjur ngawur mung nuruti hardaning hawa, temah nuwuhake papa cintrakane wong liya. Saupama, sapisan maneh iki mung saupama, saupama ing sajroning perang tandhing mengko Sentani bisa ngungguli Gusti Pangeran Singasari, Sentani durung bisa diarani menang. Amerga, perang sing kelakon dina iki sineksen dening Jagad : perange Mataram mungsuh Trah Majapahit, utawa luwih benere perange wong sing ngaku Trah Majapahit mungsuh Mataram sing uga Trah Majapahit. Pangeran Singasari kuwi mung salah siji saka puluhan senapati agul-aguling Mataram, saliyane Pangeran Singasari isih ana maneh Pangeran Purbaya, Pangeran Demang Tanpa Nangkil, Pangeran Setya Manggala, Pangeran Surya Negara lan liya-liyane sing darbe kasekten sing dhuwur. Uga ana Gusti Patih Mandaraka lan Ngersa Dalem Kanjeng Panembahan Senapati Ing Alaga. dadi yen isih ana sisa-sisaning pangarep-arep ing atine Si Adhi mengko Aku lan para Bebau sarta para Mancakaki ing Jatipethuk sing ora manunggal karo Sentani, bakal kapidana dening Sentani, kuwi enggal suwaken saka angen-angen. Nanging, arepa kaya apa aku lan para Bebau sarta para Mancakaki Jatipethuk sing mlumpuk ing kene iki, tak ambali ora bakal nglilakne yen si Adhi lan sedulur-sedulur Jatipethuk nganti kapidana. Kajaba yen si adhi pancen niyat ngadhang pati nerusne nggone mbalela ing ratu Mataram".

"Adhuh Kangmas" Ki Sukirdi wiwit prembik-prembik nangis "namung Kangmas Guru ingkang saged ngayomi kula sasampunipun Bapa Demang Sudiya seda. Kula nyuwun pangayoman Kangmas".

"Yen pancen mangkono, si Adhi arep tak uculi saka bandan, aku arep nindakne laku dora sembada, tegese goroh nanging nguripi, sanadyan yen nggonku dora mengko kadenangan mbok menawa totohane ya nyawaku dhewe. Mengko bakal tak aturake marang Senapati Agung Mataram, yen tenane si Adhi lan para sedulur Jatipethuk sing ana kene iki, jejere padha karo kulawarga Padhepokan Banyugurih sing ora mbala marang Sentani, sanadyan ya ora bisa aweh bebantu marang Barisan saka Mataram" Wangsulane Ki Guru Sukirna sing banur diterusne aweh prentah marang para cantrik supaya padha nguculi bandane wong-wong Jatipethuk, uga bandane Ki Sukirdi.

Sauntara iku, Raden Sentani sing wis ngecakne sakehing aji jaya kawijayane tetep durung  bisa ngrubuhake Pangeran Singasari sing uga wis numplak sakehing ngilmu kanuragane. Pangeran Singasari ora kalah anggone sansaya kemropok, durung tau selawase uripe nemoni wong sing duwe kasekten kaya mungsuhe dina iki. Mungsuh sing nyata-nyata ora mandheg ing pocapan, nanging temen-temen sekti mandraguna tan tedhas tapak paluning pandhe lan sisane gerenda. Luwih-luwih bareng Raden Sentani njaluk tulung sarana nekakne prajurite ingkang rama marasepuh Ki Nagaburik lan prajurite ingkang Eyang Raden Bintulu, Ki Nagaburik lan Raden Bintulu dhewe ora bisa teka ngrewangi Raden Sentani awit anane paugeran alam gaib sing ora ngeparengake melu cawe-cawe, mula banjur ngirimake prajurit saka ngalam liya sing teka ing jagat padhang mlebu alaming para manungsa. Cat katon cat ora, ana sing wujud ula, ana sing wujud kewan gegremetan sing mawa wisa mandi,  kabeh padha nempuh melu ngrubut Pangeran Singasari.

Rangga lan Marga sing melu awor prajurit Mataram ngupengi lan nonton sing lagi perang tandhing, dadi kaget. Yen mangkono carane, Pangeran Singasari temen-temen sajroning bebaya awit ora mung mungsuh wong siji, nanging wis meh padha karo critane Raden Abimanyu sing dikrubut dening para Kurawa, kaya sing dicritakne Ki Dhalang ing pagelaran wayang kulit kae.

"Adhuh, Paman Singasari sajroning bebaya iki" grenenge Rangga karo ora kedhep anggone nyawang lakune perang.

"Bener Kakang, apa mawake dhewe melu nrambul wae? ngadhepi prajurit siluman kuwi? Ben Gusti Pangeran Singasari ora keganggu nggone dolanan karo si Sentani?" wangsulane Marga takon.

"Aja" Rangga wangsulan "Paman Singasari bisa nesu, rumangsa dirusuhi, kuwi watak wantune Pamanku siji iki".

"Banjur piye? Apa kakang arep negakne Gusti Pangeran Singasari dienggo krubutan siluman-siluman ula lan siluman-siluman  liyane kuwi?"

"Mengko wae anggone aweh pitulungan" wangsulane Rangga sing banjur nyedhaki Tumenggung Sudirenglaga sing uga ketok njengkerutne bathuke.

"Kakang Sudirenglaga....." Rangga njawil pundhake Tumenggung sing anggone ngabdi marang Panembahan Senapati wiwit jaman babad alas Mentaok kuwi noleh.

"Lho Raden Rangga......?" aloke Tumenggung Sudirenglaga kaget campur gumun.

"St....st....." Rangga nyelehne driji panudinge ing ngarep lambe, banjur kandhane alon-alon "Kakang Tumenggung sing kulina nemoni dhedhemit alas Mentaok mesthine ngerti marang kedadean iki? sapa sing ngrubut Paman Singasari kuwi?"

"Inggih Raden, kula ngertos" wangsulane Tumenggung Sudirenglaga "nanging kula boten wantun nrambul ing perang punika, ajrih kaliyan Gusti Pangeran Singasari menawi ngantos duka".

"Bener" Rangga semaur "mengko wae, yen Paman Singasari temen-temen mbutuhne pitulungan lagi Kakang Tumenggung tumandang, saiki ayo padha disawang luwih dhisik, apa sing bakal kedadean sabanjure".

Rangga banjur bali menyang papane sekawit, njejeri Marga.

Pangeran Singasari nalika weruh akeh ula lan gegremetan mawa wisa mandi sing melu ngrubut dheweke, banjur duwe pangira yen Raden Sentani lagi ngecakne Aji Panggiri, yaiku aji sing bisa wewujudan rekan kanggo gawe mirising mungsuhe, Aji Panggiri kuwi mung wewujudan maya sing ora ana, cat katon cat ora kanggo ngrusak angen-angening mungsuh. Mula sing maune Pangeran Singasari kajaba nyolahne pedhange kanggo ngadhepi Raden Sentani uga kanggo mbabat wewujudan sing cat katon cat ora neng kiwa tengene. Nanging bareng Senapati Mataram kuwi duwe dudutan yen sing ngrubuti kuwi mung dayane Aji Panggiri sing ora mbebayani ragane, banjur sengaja emoh migatekne tekane ula mandi gala-galak sing sepirang-pirang cacahe lan gegremetan liyane sing ngrubut lan arep ngereg dheweke. Pangeran Singasari banjur munjerake kawigaten kanggo ngadhepi mungsuhe kang nyata yaiku Raden Sentani .

Ya awit saka dudutane Pangeran Singasari sing pranyata dudutan sing sembrana kuwi, wis aweh kalodhangan Senapati Ketonggengireng agul-agule Raden Bintulu lan Senapati Dumungkiuning andel-andele Kadhaton Grojogan Jambe Telu. Kekarone maju bareng Ketonggengireng ngempakne entupe ing bau kanan, Dumungkuning namakne siyunge ing bau kering. Sakala Pangeran Singasari kontal memburi ana limang jangkah, panyawange dadi peteng, ana rasa panas sing tanpa upama nggremeti sakujuring raga, tumuju marang jejantunge. Awake dadi kaku ora kena diobahake. Mung lamat-lamat Pangeran Singasari keprungu guyune Raden Sentani sing sesumbar :

"Ha...ha....ha..... klakon dadi bathang kowe Singasari, ilining getihmu wis klebon upas sing  bakal ngendheg keteging jantungmu, ha .... ha ..... ha".

Tumenggung Sudirenglaga, trengginas mlumpat sawuse sarana cipta Rangga aweh prentah supaya nggawa ragane Pangeran Singasari menyang padhepokan Banyugurih lan njaluk tamba marang Ki Guru Sukirna. Rangga dhewe banjur mencolot maju nyaketi Raden Sentani sing rumangsa wis bisa ngalahne mungsuhe. Sauntara Marga wis nglolos cemethine banjur disabet-sabetne marang siluman-siluman ula lan gegremetan liyane.

 

ana candhake. 

Jumat, 25 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (48)


 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

48

Sanadyan wis tanpa bala, Raden Sentani ora nglokro anggone tumandang. Sajroning batin ana rasa sengit lan gila weruh patrape wong-wong sing mau padha nyengkuyung dheweke, nanging bareng ketleyek banjur padha nungkul pasrah bongkokan marang mungsuh. Saka rasa sengit banjur munggah dadi pangigit-igit, mbuh kapan wektune yen klakon ana kalodhangan wong-wong mau bakal dipidana awit anggone nyidrani dheweke sing jare pangayomane. Ngadhepi Pangeran Singasari sing sanyata sembada prawirengayuda, Raden Sentani uga ora duwe rasa was utawa rasa kuwatir yen bakal kalah. Wis bola-bali  pucuk pedhange Pangeran Singasari nggarit lengen lan awake, nanging babar pisan ora nuwuhake tatu. Raden Sentani anggone ngecakne aji Tameng Wesi sing dirangkepi karo aji Lembusekilan wis ngancik ing tataran sing dhuwur, bebasan ora bakal ana gegaman lan sadhukan lan pupuhan sing bisa  mbusikne wulu kalonge.

Pangeran Singasari rumangsa nggumun ndulu kadibyan lan kekuwataning mungsuhe sing nadyan wis tarung meh sedina tanpa leren, parandene isih katon seger, iih aring sedhotan napase. Ora ana tandha-tandha suda kekuwatane babar pisan. Luwih-luwih bareng pucuking pedhange nalika nyenggol anggane mungsuh krasa kaya nenggor gunung wesi, pucuk pedhang sing digaritake ora nuwuhake tatu, nanging malah nyuwara cumengkling sing nuwuhake rasa geter ing epek-epeke. Sing digarit ora sambat, malah mesem sajak ngece.

"Ayo Singasari, kurasan ngilmu kanuraganmu, suntaken aji jaya kawijayanmu, mumpung durung tak jejuwing kuwandhamu kanggo sawur bali madege Negara Majapahit" aloke Raden Sentani nalika Pangeran Singasari ngiling-ilingi mripat pedhangi sing ora tumama ditamakne marang mungsuhe.

"Aja ngimpi kowe Sentani" wangsulane Pangeran Singasari teteg "prajuritmu wis ora nisa, tan wurunga ora suwe kowe mesthi bakal dadi bandan, ya gene ndadak ngeceh-eceh mbuwang tenaga tanpa guna?".

"Ha..ha....ha......" Raden Sentani gumuyu banter "kuwalik kuwi Singasari, ora ana critane Trah Prabu Narendra Majapahit jirih getih wedi mati, teluk marang pranakane wong ndesa saka Sela. Sanadyan ijen aku isih saguh nugel gulumu tak landhesne dhengkulku, banjur tak terusne nugel gulune Sutawijaya sing arep tak gawe keset rambut sirahe".

"Kemajon lambemu, klemesen ilatmu Sentani, langap-langap dumeh bisa ngucap" Pangeran Singasari mesem karo wangsulan "Lekna mripatmu, jembrengen kupingmu wis kinodrat yen sing wenang marentah tanah Jawa iki ora ana liya kajaba krandhahe Ki Ageng Sela, trah lajer saka Sinuwun Brawijaya Lima, Panguwasa sing sah Negara Majapahit, dudu pranakane wong sing ora weruh kabecikan si Girindrawardana  kaya rupamu kuwi".

Didumuk minangka pranakane wong sing ora weruh kabecikan, Raden Sentani sakala muntap. Pedhang pusakane diangkat mengarep nuding dhadhane Pangeran Singasari, banjur mencolot maju bali ngrangsang marang mungsuhe. Pangeran Singasari prayitna, aji Klamat Sutra peparinge gurune, Ya Kanjeng Sunan Geseng wis diwatak kanggo ngayomi ragane saka gegamaning mungsuh. Dadine, ora beda nalika pedhange Pangeran Singasari kaya nanggor gunung wesi nalika tumiba ing ragane Raden Sentani, pedhange Raden Sentani kaya nanggor banyu nalika ngenani awake Pangeran Singasari, nadyan kena nanging ora ana tilasing tatu. Perang tandhing kuwi sansaya suwe dadi sansaya rame, prajurit Mataram sing wis ora duwe mungsuh akeh sing banjur padha nonton, gawe kalangan ngubengi Senapatine sing lagi perang tandhing karo Senapatining mungsuh. Klawan sesidheman Rangga lan Marga uga melu nonton perang tandhing kuwi.

Nalika iku srengenge wis sansaya mudhun ing langit sisih kulon. Ing Pendhapa Padhepokan Banyugurih, para Bebau lan Mancakaki Jatipethuk sing lagi ngungsi padha mlumpuk, merga diceluk dening Ki Guru Sukirna. Para Bebau lan Mancakaki sing lungguh kupeng neng klasa sing digelar neng joganing pendhapa kuwi kayalungguhe wong bancakan ngadhepi ambeng . Mung kaceke neng kono ora ana ambengan sing arep dibruncah, sing ana malah Ki Demang Wakil lan sawatara wong-wong Jatipethuk sing macak dadi Prajurit Trah Majapahit, kabeh sajroning kahanan dadi bandan.

"Kangmas Guru" Ki Sukirdi sing wis rumangsa kesel merga ora bisa obah kuwi medhot anggone Ki Guru Sukirna rembugan alon-alon karo wong-wong sing lungguh ana cedhake.

"Piye Dhi?" Ki Guru Sukirna semaur karo pitakon "apa ana sing arep si Adhi kandhakne marang aku utawa marang para Bebau sing ana kene ?".

"Kula kinten anggenipun Kangmas memirang kula kaliyan kanca-kanca kula sampun cekap, menawi badhe mocok gulu utawi badhe nggantung kula sakanca kula, kula suwun sampun dangu-dangu enggala katindakna. Boten sae Kangmas ndedawa wirang kula sakanca" Ki Sukirdi omong karo suwara kedher ngempet kanepson.

Ki Guru Sukirna njengkerutne bathuke krungu rembuge Ki Sukirdi sing njaluk supaya enggal dipidana ngono kuwi mau. Banjur wangsulane karo suwara ayem :

"Lho sing arep midana Adhi Sukirdi lan sedulur-sedulur saka Jatipethuk kuwi sapa? Yen aku utawa para Bebau sing ana kene iki genah yen mokal mentala gawe patine si adhi lan sedulur-sedulur kuwi, aja maneh kok mateni, sedheng si adhi nganti tatu wae aku ora bakal negakake kok, Sukirdi kuwi adhiku, adhine Sukirna, sedulur tunggal bapa biyung. Aku iki putrane Bapa Demang Sudiya sing jagad wis padha weruh yen dadi Bapake wong sa Jatipethuk kabeh, dadi ya ora jeneng lucu yen aku arep tega gawe cilakane sedulurku tunggal welat lan sedulurku tunggal banyu ing Jatipethuk".

"Kangmas pancen wasis wicara" Ki Sukirdi nugel rembug "ingkang dipun ngendikakne ngaken sedulur dhateng kula lan kanca-kanca kula niki, nanging kanyatane kula Panjenengan banda kados makaten lajeng panjenengan tenggani kaliyan para Bebau kanthi panyawang nece dhateng kula sakanca. Sampun boten sanggarugi, kula pancen sampun dados abdinipun Gusti Raden Sentani ingkang miturut Kangmas Guru lan para Bebau namung anak pupon saking bayi temon ingkang boten gadhah aji. Mangga menawi kula sakanca badhe kapidana, kula boten badhe suwala, nanging kula inggih caos pemut, sabibaring kula sakanca kapidana, mbok menawi gentos Gusti Raden Sentani ingkang ndhawuhi para prajuritipun supados paring pidana dhateng Kangmas saha para Bebau ingkang langkung setya dhateng pranakanipun tiyang Dhusun Sela katimbang leluhuripun piyambak nenggih Narendra Majapahit".

"Ki Demang Wakil" dumadakan Bebau ing Ngantang nrambul rembug kanthi suwara rada banter "ndika niku nek ngendikan mbok dipikir riyin, ampun waton muni. Kula ngerti nek ndika niku tiyang kendel boten wedi mati, nanging sedulur-sedulur sing bareng ndika niku tesih butuh urip, merga teng griya nilar anak sing isih cilik-cilik, nilar bojo sing butuh dikancani, sedulur-sedulur sing ndika arani prajurit trah Majapahit niku sakniki mpun ngerti, nek empun dijlomprongne kalih si Sentani, sak niki lagi nggetuni anggenipun gampil kabujuk kablithuk rembug manis, diiming-imingi arep didadekne priyayi, jebul entuk-entukane nggih ngeten niki" banjur Bebau Dasa nakoni wong-wong sing bareng karo Ki Sukirdi " bener apa ora kandhaku iki sedulur?".

"Inggih leres Ki Bau" wong-wong sing ditakoni kuwi semaur bareng.

"Ndika kabeh milih bisa bali kumpul karo anak bojo ndika kabeh, apa milih digantung utawa ditugel gulune kaya sing dikersakne Ki Sukirdi mau he?".

"Pengin saged wangsul kempal kaliyan anak lan semah kula Ki Bau" wong-wong kuwi wangsulan maneh.

"Ya yen ngono, aku njaluk pamujimu, muga-muga anggone Ki Guru mbudidaya murih ndika kabeh ora kapidana bisa klakon" kandhane Ki Bebau Ngantang sabanjure.

"Sing dingendikakne Ki Bau kuwi mau pancen bener sedulur-sedulurku kabeh" Ki Guru Sukirna bali ngomong maneh "lan perlu padha dingerteni, saiki iki kabeh wong-wonge Sentani wis ora ana sing bisa tumandang apa-apa, kajaba ana sing dadi bantening perang, gugur ing payudan, uga sing nandhang  tatu-tatu abot, kabeh padha wis teluk dadi bandan. Klebu para agul-agule. Iki warta sing tak tampa saka kadang cantrik sing tak pasrahi dadi panyambung warta. Mung si Sentani sing isih nekad ora gelem nungkul, saiki isih diladeni dening Gusti Pangeran Singasari, klawan perang tandhing".

 

ana candhake.

Kamis, 24 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (47)

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

47

Ing palagan Barisan Garudha Nglayang sing dibudhalne saka Jatipethuk wis rontang-ranting kahanane. Suwiwi kanan sing dhasare wis semplah sansaya bubrah, akeh andhahane Ki Bantarangin sing pating blasah rubuh ing lemah, ora sethithik sing banjur mbuwang gegamane pasrah dadi bandan. Kang mangkono iku ndadekne pepes atine Ki Bantarangin sing wis kentekan tenaga ngladeni Tumenggung Sudirenglaga. Mula ora ana dalan liya kajaba nungkul marang mungsuhe. Gadane Ki Bantarangin diselehne neng lemah, banjur wonge nekuk dhengkule lungguh, rumangsa wis ora kuwat ngobahne awake maneh, pasrah.

"Aku ngakoni kalah Ki Tumenggung" kandhane Ki Bantarangin alon nanging isih bisa dirungokne dening Tumenggung Sudirenglaga "kari mangsa bodhowa nggonmu bakal ngrampungi aku".

Rampung pangucape, Ki Bantarangin wis ora kuwat lungguh maneh banjur nggloso neng lemah, ora obah, semaput kentekan tenaga. Tumenggung Sudirenglaga aweh sasmita marang prajurit Mataram supaya Ki Bantarangin diangkat lan diupakara kaya dene prajurit Mataram sing nandhang tatu. Gandheng wis akeh andhahane Ki Bantarangin sing uga wis pasrah, mung siji loro sing mlayu ninggalne palagan. Tumenggung Sudirenglaga banjur aweh prentah supaya kabeh prajurit sing gugur ing palagan padha diklumpukne, ora mung prajurit Mataram wae, nanging uga prajurit sing ngaku minangka Trah Majapahit. Samono uga kabeh prajurit sing isih urip nanging nandhang tatu-tatu, uga supaya diupakara apa mesthine murih bisa oleh usada. Mung wae, papan pangupakarane prajurit saka rong barisan sing beda asale kuwi sing dibedakne panggonane. Awit Tumenggung Sudirenglaga uga mrentahake supaya Prajurit Mataram aja nganti nyuda kaprayitnan.

Sempale suwiwi sisih kanan, uga banjur dieloni dening Suwiwi sisih kering. Ki Banjaran gegdhug saka Gunungrambut kuwi wis kijenan. Andhahane wis akeh sing mlayu ninggal palagan, uga ora sethithik sing banjur nuntut dadi bandan, sing tatu ora bisa tangi uga ora kurang akehe, samono uga sing kudu kelangan nyawa ing palagan kono kuwi. Tujune Prajurit Mataram isih ngugemi paugeraning perang, mungsuh sing wis kebanda ora kena diganggu, mungsuh sing tatu abot kudu ditulungi kaya apa mesthine.

"Paprangan ing suwiwi kene kena diarani wis rampung Ki Banjaran" Tumenggung Dibyanegara kiandha marang Ki Banjaran sing ngadeg kanthi siaga ing ngarepe "andhahanmu wis padha pasrah lan padha keplayu, sarta padha tatu sing ora bisa tangi maneh. Saiki kari nDika dhewe, milih nungkul kanthi becik-becik dadi bandan, apa ngukuhi kaprawiran semu sing ora ana gunane?".

"Aku ngerti Ki Tumenggung" wangsulane Ki Banjaran "arepa kaya ngapa dina iki aku kudu kalah, awit bisa wae nDika banjur aweh prentah supaya prajuritmu kabeh ngebyuk aku, kanthi mangkono aku bakal mati klawan tatu arangkranjang. nanging nyatane nDika isih ngugemi kaprawiran lan aku kudu ngakoni yen aku pancen ora bisa ngalahne ndika. Mula saiki aku pasrah bongkokan, borong angon ndika arep midana".

"Ndika ora kalah Ki Banjaran" wangsulane Tumenggung Dibyanegara "mung pancen nasibku sing lagi becik, lan nasib ndika sing kurang beja. Mula nuwun sewu, ndika bakal tak banda lan dudu aku sing wenang nibakne pidana. Nanging yen tiba titiwancine, aku bisa dadi seksi sing bisa ngentheng-ngenthengi tumibaning ukuman marang ndika".

Ki Banjaran banjur dibanda, nanging Tumenggung Dibyanegara wis aweh prentah marang andhahane supaya Ki Banjaran tetep diajeni kadidene prajurit sing kinurmat.

Sauntara kuwi, Ki Trenggilingwesi sing wis ngetog aji jaya kawijayane, nanging meksa isih bisa diungguli dening Marga dadi sansaya kobong atine. Mula banjur matak aji panglemunan, dumadakan ilang wujude Ki Trenggilingwesi mung panrajange wae sing keprungu pating siyut ngantem marang ragane Marga. Bola-bali Marga kena didugang temah tiba krengkangan, nanging sing ndugang sapa kuwi sing ora katon ing mripat. Tujune Marga enggal matak ajine sing aran aji sasra pangrungu lan Sassra Pandulu, mula sanadyan mungsuhe ora kasat mata nanging lamat-lamat sok isih bisa disawang nadyan ora pati cetha, aji pangeluman sing dicakne Ki Trenggilingwesi klebu wis tataran dhuwur, nganti aji Sasra Pandulune Marga isih durung bisa nembus kanthi wutuh. Panmyawange Marga ing ngendi dununge Ki Trenggilingwesi dadi cat katon cat ora.

"Ha...ha..ha....." ngerti nek Marga kerep digawe bingung karo panyawange Ki Trenggilingwesi ngguyu lakak-lakak tanpa ngatonake wujude, karo sesumbar  "Ayo Gus, ketogen kasudiranmu, ora-ora yen nganti Ki Trenggilingwesi ora bisa gawe lumpuhmu"  .

Marga ora semaur, malah mencolot rada ngadoh, banjur matak aji Sasra Panggraita. Sanajan ora weruh kanthi nyata, nanging panggraitane Marga dadi luwih landhep, temah ngerti samobah musike Ki Trenggilingwesi. Ngilmu ngijazah saka Kyai Saepullah sing aran Aljanul Mudabiroh uga wis dipunjerake menyang cemethine. Marga banjur ngadeg jejeg ngenteni obahe mungsuhe.

Ki Trenggilingwesi sing maune kepengin ngepek murid marang Marga, banjur murungake karepe, jalaran ana rasa kuwatir yen bocah iki mbesuk bakal mbebayani tumrap dhewke dhewe. Mula Ki Trenggilingwesi wis manteb nggone arep ngrajang ragane nom-noman sing ngaku cantrik anyaran ing Padhepokan Banyugurih kuwi nganggo Trisulane. Saka alam panglemunan, Ki Trenggilingwesi ngincer pupune Marga arep ditugel luwih dhisik, sadurunge mengko dijebol jejantunge. Tanpa bisa disawang mripat wantah, pucuking trisula diarahake marang pupu sisih kiwa. Nanging Marga nadyan ora bisa weruh klawan mripat yen ana bebaya sing teka, Panggraitane luwih landhep tinimbang panyawange. Ora mung solahe mungsuh wae sing bisa disumurupi, nadyan krenteg sing tumuju marang dheweke, panggraitane Marga luwih dhisik bisa ngerteni. Mula Marga dadi luwih waspada. Ora gelem pupune ditugel nganggo Trisula dibya, Marga malah muter pecute sing wis linambaran ngilmu Aljanul Mudabiroh. Bareng lan obahe Ki Trenggilingwesi sing nedya namakne Trisulane, pecute Marga klakon luwih dhisik nggubet gulune mungsuh. Pecut disendhal banter, Ki Trenggilingwesi tiba neng lemah keseret dening tenagane Marga sing wis nyawiji ing pecute. Gandheng mung liwat panggraita, ngertine Marga Ki Trenggilingwesi mung tiba neng lemah ngono wae. Mula banjur dibaleni pamecute ngarah geger. Ki Trenggilingwesi, kontal mencelat kaya uwuh kesamber sapu., natap watu gedhe sing ana kono, badhar aji panglemunane Ki Trenggilingwesi dadi bali katon gumlethak ing cedhak watu gilang, nadyan ora katon ana tatu tilasing sabetan pecut, kegawa kasekten sing kanggo mageri ragane, nanging isen-isening raga dadi morak-marik kahanane.

Nalika Marga arep nyedhak marang papan gumlethake Ki Trenggilingwesi, dumadakan ana angin banter nyaut ragane Danyang Grojogan Kaligedhe kuwi. Sakala Ki Trenggilingwesi ilang saka pandulu. Banjur keprungu suwara gedhe tur anteb :

"Dina iki kowe menang heh muride Tanparupa, nanging aja kok kira yen Sugiwang ya Ki Trenggilingwesi wis tekan pati. Entenana mbesuk yen titiwancine wis teka, muridku sing kok kalahne dina iki bakal genti males nebus kekalahane marang kowe".

Marga ora semaur, mung meneng sajak gumun karo suwara sing tanpa ana wujude kuwi.

"Ora sah gumun adhiku" Marga kaget, Rangga jebul wis ngadeg ana mburine karo kandha.

"Sapa sing wis nyuwara kuwi mau Kakang?" Marga takon.

"Kuwi gurune ya sesembahane Trenggilingwesi sing mapan ana alam gaib sangisore Grojogan Kaligedhe, uwis ora usah digagas, omongane dhemit ora bakal mbebayani tumrap manungsa kaya awake dhewe, kajaba yen manungsane milih luwih seneng njejaluk marang dhemit katimbang nyenyuwun marang Gusti Allah".

Marga manthuk-manthuk ngerti marang apa sing dikandhakne Rangga sedulur angkate.

"Kabeh kancane Ki Trenggilingwesi sing isih urip wis dadi bandan, saiki ayo nyedhaki Paman Singasari sing sajake lagi ngadhepi mungsuh sing rada mbebayani" kandhane Rangga karo nuding mangidul. Neng kana ana perang tandhing sing luwih nggegirisi, perang tandhinge wong sekti sing nggunakne aji jaya kawijayan sing ngedab-edabi.

ana candhake.


Rabu, 23 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH III (46)


 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

46

Suwara jumedher pecute Marga gawe kagete para Prajurit liyane. Malah Raden Sentani sing lagi adu kaprawiran karo Pangeran Singasari uga melu krungu.  Raden Sentani noleh asale suwara, nanging sing katon malah bosah-basihing barisan ing sirahe Garudha katempuh dening panrajange mungsuh. Raden Sentani dadi sansaya nesu, luwih-luwih Senapati Agung Mataram sing diadhepi iki jebul uga nduweni kaprawiran sing ngedab-edabi. Wis wola-wali Raden Sentani ngunggahne tataran ilmune, nanging mungsuhe sajak uga wis siaga. kekarone padha dene silih ungkih genti kalindhih, ora mung pisan pindho Raden Sentani kudu nibakne ragane gulung ing lemah kanggo ngendhani terjangane Pangeran Singasari sing tandange kaya singa barong kang lagi arep nubruk mangsa. Nanging uga ora arang Pangeran Singasari lelumpatan lan nibakne awake merga wegah nadhahi panrajange Raden Sentani sing tandange kaya bantheng sing lagi ketaton. Prajurit-prajurit cilik padha ngadoh, kuwatir kasempyok tandange Senapati loro sing wis nggunakne ngilmu kanuragan sing dhuwur banget, nganti para Prajurit padha ora tekan anggone mikirake.

"Barisanmu wis morat-marit Sentani" aloke Pangeran Singasari ing sela-selaning perang "sedhela maneh bakal tumpes tapis tanpa nisa kablebeg pangamuke barisan Mataram. Luwih becik yen kowe enggal nungkul dadi bandan, tinimbang kudu mati ing pucuking pedhangku".

"Keparat kowe Singasari" wangsulane Raden Sentani "aja kok kira kowe bisa menang mungsuh aku, sedhela maneh prajurit-prajuritmu mesthi padha pasrah bongkokan merga kamigilan weruh sirahmu pisah saka raga merga katebas pedhangku. Ayo aja ndadak kowe nggegiri aku merga sauntara mundure barisanku, ketogna kadibyanmu sadurunge tugel gulumu".

Raden Sentani banjur matak ajine sing bisa kalis saka landheping gegaman sarta ngunggahne daya kekuwatane kanggo nundhukne mungsuhe. Pangeran Singasari uga weruh yen Raden Sentani wiwit nambahi kekuwataning batine, mula Senapati Mataram kuwi sansaya luwih waspada, aji jaya kawijayan simpenane uga wiwit diunggahne kanggo namengi awake ngiras kanggo ngrubuhne mungsuhe. Perang tandhing antarane Senapati loro kuwi mundhak sansaya rame.

Dumadakan ora adoh saka kono keprungu suwara surak gumuruh ambata rubuh. Prajurit Mataram padha alok-alok rame :

"Raden Buntas mati jebol dhadhane, Raden Buntas mati jebol dhadhane!".

Surak lan aloke Prajurit Mataram wis narik kawigatene Ki Trenggilingwesi sing manggone ora pati adoh saka papan asale suwara. Dhanyang Pundhen Grojogan Kaligedhe kuwi mencolot ngedohi mungsuhe banjur ndelok, mbuktekne apa sing dadi aloke Prajurit Mataram. Katon Raden Buntas njebabah neng lemah, gilang-gilang kuwandhane kanthi dhadha sing jebol nembus jantunge. Ing sandhinge katon ngadeg jejeg, Tumenggung Jaya Kartika nyekeli pedhang sing saka pucuke isih netesake sisa-sisa getih saka jantunging mungsuhe.  Prajurit andhahane padha mawut mlayu salang tunjang ngunduri perang, ngedohi mungsuhe. Nanging Prajurit Mataram uga banjur mburu, prajurit Jatipethuk sing nungkul padha dibanda, sing ora nungkul padha dilumpuhne.

Ki Trenggilingwesi ngerti kahanan kang kaya mangkono iku sansaya kobong rasaning dhadhane. Marga sing nyedhaki papane kuwi disawang. Trisula sing neng tangane katon wiwit murup ngetokne kukus, mratandhani yen Ki Trenggilingwesi wis munjerake kekuwatan marang gegaman sing neng tangane.  Marga sing tanggap klawan kahanan, tumuli nata dhiri kanggo ngadhepi mungsuhe. Pecut diseblakne mendhuwur, ora ana suwara sing jumlegur, nanging getering pecut nuwuhake geter ngoregne jantunge wong sing ana cedhake.

Ki Trenggilingwesi wiwit obah nrajang Marga, nganggo Trisula sing murup lelandhepe. Marga nimbangi klawan nyeblakne pecute, sing saben-saben kaya arep ngrontogne isen-isening dhadhane wong ing sacedhake. Perang tandhing antarane wong sing setengah tuwa mungsuh nom-noman jaka kumala-kala iku dadi sansaya rame.

Sauntara iku, ing njabaning palagan Ki Sukirdi sing lagi kerengan karo Rangga, dikalangi para nom-noman Jatipethuk lan Cantrik-cantrik Banyugurih. Para nom-noman lan cantrik-cantrik kuwi milih nonton tinimbang kerengan dhewe.  Nalika iku Ki Sukirdi sing nggegem Keris pusaka peparinge Ki Demang Sudiya, mungsuh Rangga sing tanpa gegaman,  nanging kahanane dadi kaya kuwalik. Dudu Rangga sing isih ketok bocah, tanpa gegaman pisan sing dadi pangewan-ewan mungsuh ki Sukirdi sing sembada gedhe dhuwur, keker awake sing nyekel Keris Pusaka. Nanging malah Ki Sukirdi sing sajak dianggo dolanan dening Rangga. Kaya lakon perang kembang, bambangan mungsuh cakil. Ki Sukirdi sing solahe kaya manuk srikatan, babar pisan ora bisa nyenggol Rangga sing anteng kaya Bambangan. Malah kala-kala yen gelem obah, tangane kemlawe nyablek pipi, ndadekne Ki Sukirdi bithu-bithu semu bengeb praupane. Nadayan napase wis meh entek, tenagane wis kinuras, ewa semono Ki Sukirdi isih ngasah, nedya gawe cilakane nom-noman jaka kumala-kala sing ngaku jarene cantrik anyaran ing Padhepokan Banyugurih kuwi. Wekasan Rangga ora sabar maneh, nalika Ki Sukirdi nyudukne Kerise ngarah wetenge Rangga, dening Rangga ora diendhani,  lengene Ki Sukirdi disaut saka iringan, disendhal ngeget. Keris sing dicekel Ki Sukirdi ceblok neng lemah, Ki Sukirdi dhewe uga ndlosor mengarep nyosor lemah. Lan kanthi kacepetan sing angel dinulu, Rangga wis nyekel slendhang sutra rupa ijo, mbuh saka ngendi asale, Ki Sukirdi ditlikung memburi tangan lan sikile wis ditaleni nganggo slendhang, mengkungkung kaya pitik digawe ingkung. Ora bisa obah.

"Ayo sapa sing kepengin tak tlikung maneh?" Rangga takon marang Prajurit sing ngiringi tekane Ki Sukirdi ing papan kono mau. Ora ana sing wangsulan kabeh, ndhredheg ngewel saking wedine.

"Yen ora ana, gage padha selehna gegamanmu lan selehna tanganmu memburi, yen ora gelem bakal tak tlikung kaya Ki Sukirdi iki kabeh" kandhane Rangga sabanjure. Kabeh nom-noman sing macak dadi Prajurit Trah Majapahit kuwi padha manut karo apa sing dikandhakne Rangga, gamane padha diselehne menyang lemah, tangane dilumpukne memburi.

Rangga aweh sasmita marang Cantrik-cantrik Banyugurih supaya tumandang, nom-noman Jatipethuk kuwi banjur padha dibanda tangane banjur padha dilungguhne ngadhepi Demange sing isih mengkungkung kaya ingkung gumlethak neng lemah. Rangga banjur mlaku nyedhaki Ki Guru Sukirna sing ngadeg ora adoh saka papan kono, sawise rembugan sedhela Rangga banjur mecolot lunga mlayu mbuh parane. Ki Guru Sukirna banjur nyedhaki sedulure lanang sing saiki mekungkung dadi bandan.

"Mangga Kangmas, menawi badhe paring pidana" kandhane Ki Sukirdi nalika Ki Guru Sukirna wis teka ing ngarepe "kula sampun siaga, kapejahana boten badhe suwala".

"Gek Si Adhi kuwi ngomong apa?" wangsulane Ki Guru Sukirna karo mesem, banjur aweh prentah marang para cantrik "para Cantrik kabeh, ayo bali menyang Padhepokan, Ki Demang Wakil sarta para pandhereke kuwi padha ajaken menyang pendhapa, murih kepenak anggone awake dhewe padha njagongi".

"Sendika Guru" para Cantrik semaur bebarengan. Ki Sukirdi banjur diangkat digotong wong telu, lan para sinoman sing macak prajurit padha digiring mlaku menyang Banyugurih, ngetutne Ki Guru Sukirna sing wis ndhisiki mlaku ninggalne papan kono kuwi.

Ora kaya lakune wong bali saka paprangan, para cantrik anggone mlaku bali menyang Padhepokan sajak lumrah. Malah ana sing kari klesak-klesik omongan karo kanca sing mlaku ing sandhinge. Wektu kuwi srengenge wis rada adoh ngglewang mangulon, dadi wektune wis satengah ari luwih sethithik.

 

ana candhake.

 

 

Selasa, 22 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (45)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

45

Wong sing padha weruh padha ngira yen Rangga mesthi tiba glangsaran ketiban kepelane Ki Sukirdi sing ora lamba kuwi. Nanging pranyata Rangga luwih prayitna, sirah sing meh wae pecah ketiban tangane Ki Sukirdi, sethithik diiringne, ndadekne kepelane Ki Sukirdi mung bisa ngenani angin sing suwarane sumiyut ing kupinge Rangga. Ora mung ngendhani wae solahe Rangga, nanging sikili diangkat ditekuk memburi banjur dijejakne mengarep pas ngenani pupune Ki Sukirdi.  Ki Sukirdi kontal memburi watara limang jangkah, tiba glangsaran ana lemah, sawise nggulungne awake nuli mencolot tangi, siaga nampani pangrangsange mungsuhe kanthi pasang kuda-kuda. Nanging Rangga ora nututi mungsuhe sing tiba, mung maju sajangkah saka papane karo muni :

"Jeul ndika kuwi bodhone wis kebacut Ki Sukirdi. Jare mau kandha arep nguntir gulu, lha kok malah arep njotos sirah. Bener, nek nguntir gulu kuwi sing digoceki sirahe. Nanging ora dijotos ngono kuwi mau, dijambak rambute terus diputer, mengko gulune katut kauntir, apa pancen ndika durung bisa mbedakne antarane nyekel karo njotos? Sumurku lagi tumon iki aku, wong kok bodhone keliwat-liwat, ngono lho kok kepengin dadi Demang?".

"Keparat, landhep pangucapmu Bocah" Ki Sukirdi wangsulan karo nggereng "ora rubuh sajroning pitung jurus tandhing karo aku, tak guroni ing reh kanuragan kowe!".

"nDika arep meguru marang Cantrik Banyugurih Ki?" Rangga mesem amba karo wangsulan "aku kira-kira sing ora tlaten, merga marahi wong bodho kuwi angel, gek aku mengko piye no?".

Ki Sukirdi wis ora bisa ngempet nesune, maju mengarep ngobahne sikile diarahne menyang dhadhane Rangga. Rangga tanggap, karo arah serangane Ki Sukirdi, kuda-kudane dikuwati banjur sikile ditekuk, dugangane Ki Sukirdi dipapag nganggo dhengkule.  Akibate Rangga kesurung mundur rong jangkah, kuda-kudane buyar. Nanging Ki Sukirdi mbendal memburi ana limang jangkah, ngadeg sempoyongan, lagi sawatara wektu bisa nata kuda-kudane maneh. Rangga genti sing nyedhak, sikile tengen diangkat kanggo nyadhuk lambung, Ki Sukirdi prayitna, lengen karone dipasang  kanggo nutup lan ngayomi lambunge sing kancam dening sikile Rangga. Panyadhuke Rangga ora sida tekan lambung, merga nanggor lengen loro. Nanging Ki Sukirdi kontal mencelat memburi tiba neng lemah, banjur ngglundhungne awake ngedohi mungsuhe, lagi bareng wis dirasa adoh banjur tangi maneh karo ngresiki lebu sing ngrengeti sandhangane. Rangga panggah ora obah saka papane ngadeg.

"Ayo Ki Sukirdi, sing tenanan. Gladhen kanuragan kuwi ora kena wedi reged ngono kuwi, kareben gelis bisa" aloke Rangga marang Ki Sukirdi sing abang ireng praupane.

"Setan" Ki Sukirdi misuh "ora kena diangga lamba tenaqn cantrik keparat iki".

Muni ngono kuwi Ki Sukirdi karo ndudut keris saka wrangkane, keris ampuh sing katon mencorong pamore.

Sauntara iku, kahanan palagan wis akeh owahe. Ing sisih tengen, suwiwi sing dipanggoni pepanthan Prajurit Mataram sing disuhi Tumenggung Dibyanegara, saya adoh bisa ndheseg andhahane Ki Banjaran. Ki Banjaran dhewe nadyan wis ngetog kekuwatan lan namakne aji jaya kawijayan simpenane, nanging tetep durung bisa ngalahne Tumenggung Dibyanegara sing pranyata uga duwe kasekten sing punjul ing apapak. Ya ora maido Tumenggung Prajurit Mataram iki pancen Prajurit lawas sing anggone ndherek Panembahan Senapati wiwit jaman Mataram isih wujud alas gung liwang-liwung sing jeneng alas Mentaok. Ewa samono, ngadhepi Ki Banjaran saka Gunungrambut iki, Tumenggung Dibyanegara uga ora enggal bisa ngalahake. Sansaya suwe, nggone perang tandhing senapati loro kuwi sansaya rame, malah kepara wis ditinggalne prajurit andhahane dhewe-dhewe, prajurit Trah Majapahit katleyek mundur, sauntara Prajurit Mataram mburu mengarep.

Ora akeh bedane sing ana karo sing ana iring kanan, suwiwining Garudha Nglayang sing dipanggoni  Raden Tumenggung Sudirenglaga, katon barisan Mataram sansaya adoh ndheseg mundur wadyabala  sing ditindhihi Ki Bantarangin. Barisan Prajurit sing asale saka Gunungrambut kuwi isih kalah adoh karo Prajurit Mataram sajroning ngadhepi perang mawa gelar. Awit wong-wong Gunungrambut kulina maju perang ya mung ijen padha ijen, dadi kerep bidhuh bareng ngadhepi mungsuh sing anggone perang ngecakne cara bantu binantu sapepadhaning kanca.  Ki Bantarangin dhewe sanadyan gadane sing gedhe lan abot tetep muter kaya kitiran, nanging pedhange Tumenggung Sudirenglaga uga ora tau mandheg nggone ngiteri, pedhang kuwi kaya-kaya bisa weruh ngendi sing sela saka peranganing anggane Ki Bantarangin. Pucuking pedhang wis wola-wali nggarit gegere Ki Bantarangin, nadyan ora nuwuhake tatu sing mbebayani, nanging meksa ngganggu tandange Pendhekar saka Gunungrambut kuwi. mBaka sethithik Ki bantarangin wiwit ketleyek mundur katut mundure barisane, sauntara Tumenggung Sudirenglaga terus maju karo ora nglereni nggone muter pedhange.

Wis wola-wali Prajurit Panyambung Warta saka Gunungrambut aweh sasmita marang baboning barisan njaluk pambiyantu murih suwiwining Garudha iku ora sempal, nanging sasmita sing dikirim nganggo panah sendaren kuwi babar pisan ora oleh wangsulan saka baboning barisan. kang mangkono kuwi ora amerga sing ana Sirahing Garudha ora ngerti yen suwiwi sisih kering kuwi njaluk bebantu, nanging amerga kahanane sirah garudha dhewe uga ora adoh kaceke karo sing dialami sing manggon aneng suwiwi. Raden Buntas sing kondhang sekti mahambara, wektu iki mung bisa ngenteni wektu lan kalodhangan sing becik kanggo nylametne nyawane, pedhang sing ana tangane Tumenggung Jaya Kartika wis akeh ninggalne tatu ing awake Raden Buntas, getih sing mili saka tatu-tatu neng gegere campur karo kringet ndadekne Raden Buntas kaya adus getih. Nanging bawane senapati linuwih, nadyan bola-bali Tumenggung Jaya Kartika aweh sasmita murih Raden Buntas nungkul dadi bandan, Raden Buntas babar pisan ora nanggapi. Nadyan ora wangsulan nanging tandange Raden Buntas wis aweh wangsulan : aluwung mati ing tengahing palagan tinimbang nungkul dadi bandan.

Sing ora entek rasa gumun lan judhege kuwi malah Ki Trenggilingwesi, bocah nom sing mau arep dipurih supaya gelem dadi muride, jebul malah nduweni kaluwihan sing ora dinyana-nyana. Obahing sikil lan tangane Ki Trenggilingwesi sing kulinane ora tau luput lan ajeg ndadekne sing ketiban rubuh neng lemah ora bisa obah maneh, saiki ketanggor. Aja maneh kok bisa ngenani ragane Marga, nyenggol pucuk jarit utawa klambine Marga wae prasasat ora bisa. Bocah nom-noman sing ngaku jare Cantrik anyaran ing Padhepokan Banyugurih kuwi luwih kesit tinimbang polahe manuk srikatan. Antebing sikil lan tangane ngalahne tujahane gajah sing lagi ngamuk. Wis wola-wali Ki Trenggilingwesi digawe gulung koming ing lemah merga ketiban sikile Marga, bolak-balik digawe sempoyongan merga nangkis pupuhan tangane nom-noman sing isih Jaka kumala-kala kuwi.

Ki Trenggilingwesi sansaya nesu bareng weruh barisane uga katon ngendhelong adoh memburi malah sajak wis rusak diorak-arik cucuking Garudha Nglayang barisan Mataram, sauntara dheweke uga digawe repot merga tandange Marga. Mula Ki Trenggilingwesi banjur musus epek-epeke, saka kono jumedhul pusaka sekti, pusaka dibya saka alam gaib, peparinge guru lan sesembahane Ki Trenggilingwesi Sepuh ya Ki Ageng Grojogan Kaligedhe. Wujude Trisula  sing mengangah mripate, bongkoting Trisula kacantholan tampar sing gunane bisa kanggo nyawatake Trisula marang mungsuh sing rada adoh papane, sing ora teka ginayuh mawa tangan.

"Heh Marga" Ki Trenggilingwesi kandha marang mungsuhe "kapeksa aku kudu nguntapne nyawamu menyang Kahyangane Bathara Yama karo pusakaku, nanging aku nyirik mateni wong sing tanpa gegaman, ayo enggal tuduhna gegamanmu kanggo ngadhepi Trisulaku iki".

"Oooo, pusakamu katone wis teyengen Ki Trenggilingwesi" wangsulane Marga karo mesem sajak ngece "ndika ora perlu kuwatir, aku ya duwe gegaman yen mung kanggo ngadhepi Trisula ndika sing pamore katon mencorong kuwi".

Muni ngono kuwi Marga karo nguculi Cemethi sing diubetne ing bangkekane. Gaga nge Cemethi digegem nganggo tangan tengen, pucuke cemethi sing memper upat-upat ula kuning kuwi dicekeli nganggo tangan kering. Banjur dicoba diseblakne mendhuwur, nuwuhake suwara jumlegur kaya suwarane bledheg mangsa kasanga sing nyamber pucuke cemara.

"Dheeeeer.............".

 

ana candhake.

 


Senin, 21 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (44)

 

PRAJURIT KASULTANAN NGAYOGYAKARTA

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

44

Ki Guru Sukirna sing manggon neng mburine Barisan Mataram dikancani sawatara cantrik Padhepokan Banyugurih, sajroning ati nangis dene tanah kelahirane dadi ajang paprangan antarane Prajurit Mataram lan wong-wong sing ngaku minangka Trah Majapahit. Buumi Jatipethuk sing biyen dibabat kanggo nyambung panguripan, saiki malah dienggo ajang paten pinaten. Sing luwih ndadekne sedih kuwi, nyata ora sethithik wong-wong sing tekane mrono arep mateni sing jare dianggep mungsuh kuwi, satemene mung anut grubyug ora pati ngerti satemene apa tuna bathine wong-wong kuwi nganti direwangi ngudhokne uripe ana satengahinmg paprangan sing banget kejeme kuwi. Iki mengko mbuh sapa sing bakal lebur ing paprangan iki, mbuh sapa sing bakal surak-surak rumangsa wis unggul ing yuda, tetep wae sing ngrasakne pahiting wohe paprangan ya wong-wong ing Jatipethuk, tanduran-tanduran sing samono ambane bakal rusak, ganda badheg, banger, arus lan sing ora enak diambu irung liyane, bakal pirang-pirang dina dadi ambon-ambone wong Jatipethuk. Durung kepetung mbuh pira cacahe wong Jatipethuk sing kelangan nyawa, ilang kasempyok anane papangan iki, kamangka nyawa-nyawa sing ilang kuwi ora arang sing ninggalne tanggungan anak sing curung bisa golek pangan dhewe, ninggalne bojo sing mbutuhne pangayomane, ninggalne wong tuwa sing butuh pangopene.

"Hm.........." Ki Guru Sukirna nyedhot ambegan dawa.

"Wonten dhawuh napa Guru?" dumadakan Cantrik sing ana cedhake takon, suwara ambegane Ki Guru Sukirna dikira sasmita prentah marang dheweke.

"Ora, ora ana apa-apa" wangsulane Ki Guru Sukirna "sing ngati-ati wae, aja cedhak-cedhak karo sing lagi padha perang, mbebayani".

"Oh, inggih Bapa" Cantrik mau wangsulan, diterusne ngomongne kahanan sing diweruhi "katingalipun barisan saking Mataram sampun radi tebih majengipun Bapa".

"Iya nanging paprangan iki durung rampung, bisa uga kahanan iki sawayah-wayah  dadi owah, saiki Barisan sing dheseg maju, ora mokal sedhela maneh genti kedheseg mundur" Ki Guru Sukirna ngandhani Cantrik  kuwi.

"Inggih Guru"

"Lan sing perlu padha dingerteni" Ki Guru Sukirna nerusne kandhane "maju utawa mundure barisan Mataram kuwi uga barisane wong sing ngaku Trah Majapahit kae, padha dene anggone ninggalne wong-wong sing kapeksa ora bisa melu maju lan ora bisa katut mundur, merga nandhang tatu utawa malah wis koncatan uripe. Ora sethithik sing sambat njaluk tulung, nanging sing ditampa malah kepidak-pidak sikile mungsuh utawa kancane dhewe".

"Ngeres lan nggegirisi" Cantrik kuwi grenengan dhewe.

"Iya , ya ngono kuwi kejeming perang" wangsulane Ki Guru Sukirna "lan perang kuwi bakal terus ana, ya muga-muga wae tumuli akeh para pangareping manungsa sing luwih seneng nggunakne nalar  kanggo ngrampungne bedaning panemu, tinimbang niru lakuning kewan sing urip ing alas ".

Cantrik sing dijak omong Ki Guru Sukirna kuwi mung manthuk-manthuk thok, mbuh ngerti sing dikarepne gurune embuh ora. Dumadakan saka sisih kidul akeh cantrik sing mlaku sajak kesusu, marani papane gurune.

"Ana apa Wukir?" Ki Guru Sukirna nakoni Cantrik sing lagi teka sajak kesusu kuwi.

"Atur uninga Guru" Wukir wangsulan "Ki Demang Sukirdi saking sanjawining palagan kaliyan sawatawis tiyang Jatipethuk dugi mriki, sesumbar maciya-ciya madosi Guru, badhe dipun rangket. Kala wau kapeksa dipun pambengi kaliyan Kakang Branjangan lan sawatawis kadang Cantrik, temah dados pasulayan".

"Oo, Sukirdi ya gene ora tambah ngerti nanging malah tambah bodho?" Ki Guru Sukirna kandha "ya wis yen ngono, ayo tuduhna ing ngendi papane adhiku lanang kuwi, tak temonane dhewe".

"Mangga kula dherekaken Guru" Wukir wangsulan, Ki Guru Sukirna banjur menyat ninggalne papane, mlaku mengidul arep nemoni Ki Sukirdi, ditutne cantrik-cantrike sing wis padha ngliga gegamane dhewe-dhewe.

Nalika lakune Ki Guru Sukirna wis tekan papan sing dituduhne Wukir mau, jebul ing kono lagi rame karo paprangan ing sajabaning palagane barisan Mataram lan barisane Raden Sentani. Paprangan antarane wong-wong Jatipethuk mungsuh karo para cantrik saka Padhepokan Banyugurih. Ki Sukirdi sing dadi pengarepe wong-wong Kademangan Jatipethuk kuwi lagi dedreg adu katiyasan karo Cantrik Branjangan sing uga pangarepe pepanthan cantrik Banyugurih.

Ki Sukirdi nyata ora ngilang-ilangne yen isih putrane Ki Demang Sudiya, tandange katon cukat trengginas, trampil lan kukuh ing adege. Mungsuhe kerengan, Cantrik Branjangan sing memper karo sebutane, solahe kebat cukat, pinter ngendhani panrajange mungsuh, kala-kala isih kober males ngirimne serangan sing mbebayani tumrap mungsuhe. Nanging sing diadhepi Cantrik Branjangan dudu wong tembre, isih putra Demang Sudiya, sing wiwit cilik diweleg ngilmu kanuragan dening wong tuwane. Sansaya suwe katon yen kasantikane  Cantrik Branjangan, isih manggon ing sangisore Demang Sukirdi, nadyan pedhange Ki Sukirdi durung bisa ninggalne tatu ing ragane Cantrik Branjangan sing endhag ngendhani, nanging wis bola-bali Cantrik Banyugurih kuwi tiba krangkangan ketiban sikile Ki Sukirdi.  Lan ing sawijining kalodhangan, pedhange Ki Sukirdi deres mobat-mabit mbabat ngarah gulune Cantrik Branjangan sing sansaya kethether ngendhani, nganti wekasane Cantrik Branjangan kudu nangkis nganggo pedhang sing dicekeli. Bawane kalah rosa lan kalah ampuhing pusaka, nalika pedhang-padha pedhang tempuk, pedhange Cantrik Branjangan tugel kepapras pedhange Ki Sukirdi. Cantrik Branjangan kaget, ora sranta banjur mencolot memburi, nanging Ki Sukirdi ora ngumbar Cantrik Banyugurih kuwi lolos saka ngarepe. Kebat Ki Sukirdi mlumpat nguber mungsuhe sing mencolot mundur, pucuking pedhange lurus arep nembus jantunge Cantrik Branjangan sing mung bisa ngadeg ora obah.

"Cring........." Ki Sukirdi kaget, pedhang sing pucuke mung kari sakecu saka dhadhane Cantrik Branjangan kuwi dumadakan pedhot, ana barang cilik sing tumiba ing godhonging pedhang, disawatake dening wong sing nedya ngalang-alangi nggone arep ngrampungi mungsuhe. Ki Sukirdi noleh ngiwa nengen nggoleki asale krikil sing bisa nugelne pedhange.  Ora mung Ki Sukirdi dhewe sing kaget, sanajan Cantrik Branjangan sing mau wis nyipta bakal jebol dhadhane dadi gumun. Mripate diucek-ucek sajak ora percaya karo sing lagi wae kedaden.

"Sing gedhe panguparamu Ki Sukirdi" dumadakan saka ngarep pering kiwa ketok ana bocah nom-noman sing mesam-mesem karo kandha marang Ki Sukirdi "aku ora sengaja, krikil sing arep tak ngge nyawat kirik mau, ucul dhewe saka gegeamanku, jebul ngenani pedhangmu dadi lan tugele".

"Keparat sapa kowe?" Ki Sukirdi sing durung mari kagete kuwi takon nggetak nom-noman kuwi.

"Aku?" Nomn-noman kuwi wangsulan karo mesem "Aku Rangga Cantrik anyaran ing Padhepokan Banyugurih".

"Isih cantrike Kakang Sukirna?" Ki Sukirdi takon karo mencereng "arep pamer kabisan neng ngarepku, kowe?".

"Ora Ki Sukirdi" wangsulane Rangga sajak ayem wae "mau wis tak kandhakne nek aku ora sengaja, dadi ndika ora perlu nesu-nesu, wong barang ora neja kok".

"Wis ora sah kakehan cangkem, ayo aku tuduhna olehe singidan Gurumu, arep tak rangket dadi bandan katur ing ngarsane Gusti Raden Sentani, yen kowe ora gelem nuduhne sida tak untir gulumu tenan kowe" Ki Sukirdi guneman karo nesu.

"Lho nDika sansaya lucu wae lho?" Rangga wangsulan karo ngguyu "lagi prentah wae wis kleru,ngono kok ngaku dadi Demang?, nek ndika kuwi Demang tenan, ndika pancen wenang aweh prentah, nanging bisa ndika prentah kuwi ya mung andhahan ndika dhewe, dudu andhahane wong liya. Aku iki andhahane Ki Guru Sukirna, dadi nek ndika prentah ya wegah!, arep nguntir guluku? ya eman-eman, gulu kok arep diuntir? Mesthi wae, aku sing duwe gulu ya ora ngolehi, ning nek ndika arep nekad, bisa wae dicoba. nDika bisa nindakne apa mung bisa omong thok?".

Rumangsa nek wis diremehne bocah nom, cantrik anyaran pisan, Ki Sukirdi kaya kobong rasane awake saking saka nesune. Demang pilihane Raden Sentani kuwi mecolot nyedhaki papane Rangga karo ngirimne kepelan diarahne menyang sirah.

ana candhake.

Minggu, 20 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (43)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

43

Sauntara iku, Rangga sing padha karo Marga yaiku padha-padha ucul saka baboning barisan Glathik Neba, nanging tenane ucule ora merga ninggalne barisan, nanging ngulati lakuning barisan saka kadohan murih ora campur karo barisan sing saka Mataram supaya ora nuwuhake salah tampa antarane Cantrik Banyugurih lan Prajurit Mataram. Bareng weruh yen Marga wis nemokne mungsuh sing mbebayani tumrap Barisan Mataram, Rangga dadi lega. Miturut petungane Rangga, saupama ora ketemu Marga, Ki Trenggilingwesi sing nduweni kasekten pinunjul kuwi bisa mbebayani tumrap para senapati Mataram, awit  kajaba Pangeran Singasari sing madeg minangka Senapati Agung, senapati sangisore ora ana sing duwe kaluwihan ulah kanuragan sing babag karo Ki Trenggilingwesi. Rangga banjur nerusne nggone ngubengi palagan. Rangga uga sengaja ngedohi papane Pangeran Singasari, kuwatir yen Pamane kuwi ngerti yen dheweke neng kono, banjur kaya padatan dheweke diuman-uman, dianggep ngganggu wong sing lagi ngayahi kuwajiban.

Nalika lakune Rangga tekan sacedhake barisan Mataram suwiwine Garudha sisih tengen, Rangga mandheg neng kono katon yen barisan Mataram sajak rada ketleyek, kajaba prajurit sing sajak kalah cacah, uga katon ana wong sing umure wis setengah tuwa sing ngamuk gawe bubrahe barisan Mataram. Wong kuwi gegaman gada gedhe sing diobat-abitne marang Prajurit sing wani nyedhak, ndadekne akeh prajurit sing kapeksa mundur golek kanca kanggo ngadhepi wong setengah tuwa sing duwe kekuwatan sing ngedab-edabi iki. Ana prajurit telu maju bareng, karepe arep ngendheg lakune wong setengah tuwa sing ngobat-abitne gadane kuwi, nanging pranyata wong telu kuwi malah  meh wae padha kelangan nyawane, tujune enggal ana pitulungan. Nalika wong sing gegaman gada kuwi arep ngepruk sirahe salah sijine prajurit telu sing ngruyuk dheweke, ana wong teka sing mencolot karo nyabetne pedhang ngenggokne arah gadane wong setengah tuwa kuwi. Mesthi wae, sing gegaman gada dadi kaget kecampuran nesu, mencolot memburi banjur namatne sapa sing lagi teka lan kuwawa ngenggokne arah gadane.

"Keparat sapa kowe?" aloke wong setengah tuwa kuwi karo mentheleng.

"Aku Tumenggung Sudirenglaga" wangsulane wong sing lagi teka karo siaga ngadhepi wong setengah tuwa kuwi "ndika sapa heh wong sing sekti mandraguna?".

"Hm........" wong setengah tuwa kuwi nggereng "aku Bantarangin, ayo adhepana aku Tumenggung Sudirenglaga, eman gadaku yen mung oleh sirahe prajurit rucah".

"Bagus!" wangsulane Tumenggung Sudirenglaga "ayo Ki Bantarangin, arep ngajak sing kaya apa bakal tak ladeni sagendhingmu".

Ora suwe anggone padha omong-omongan, wong sekti loro kuwi banjur padha ngudang gegaman, adu kasudiran ing tengahing paprangan. Para prajurit rucah padha sumingkir, ing semu padha aweh papan kanggo senapati loro kuwi adu kasekten tosing balung wuleting kulit. Ngerti yen Ki Bantarangin sajake bisa diadhepi dening Tumenggung Sudirenglaga, Rangga uga banjur nerusne anggone mubeng, saiki genti kepengin ngawruhi kahanane prajurit Mataram sing ngenggoni  suwiwi tengene Garudha Nglayang. Jebul neng kono wis rame, Ki Banjaran sing ngudang pusakane Golok Welang lagi adu kaprawiran karo Tumenggung Dibyanegara sing nggegem ukiran keris Kyai Nagakikik. Miturut panyawange Rangga antarane wong sekti loro kuwi babag, mung tekaning pesthi sing tumiba marang salah siji, sing bisa ngendhegne nggone padha ngunggar kasudiran, kanthi ana sing diarani menang.

Sing mapan ana sirahing Garudha Nglayang pabarisan saka Jatipethuk, Raden Sentani ora leren nggone ngulat-ulati lakuning paprangan. Nadyan tenane Prajurit Trah Majapahit sethithik menang cacah, nanging durung bisa ndheseg mundur mungsuhe, amarga prajurit Mataram luwih pinter ngrapeti barisan, kegawa saka asiling gladhen sing luwih tenanan. kajaba saka iku, prajurit Trah Majapahit nadyan kulina gladhen ulah gegaman nanging durung tau nglakoni perang sing mawa gelar ngene iki. Dadi ya kurang trampil ngecakne maju bebarengan karo kancane, beda karo Prajurit Mataram sing saben dina tansah diweleg carane makarya bebarengan sajroning ngadhepi mungsuh ing paprangan.

Satemene Raden Sentani duwe pangarep-arep ki Guru Sukirna lan para cantrike melu ngebyuki kumpul nyawiji karo prajurit Mataram. Perlune Raden Sentani bisa  aweh pidana marang sedulur pupone kang dianggep wis nyidrani kasetyan marang leluhure, kanthi ora gelem nyengkuyung nggone nata kekuwatan ing Jatipethuk. Malah kepara luwih seneng dadi gedibale Mataram. Nanging suwe diulati, ing antarane Prajurit Mataram ora katon wujude Ki Guru Sukirna, malah cantrik-cantrik saka Banyugurih uga ora katon klebate.

"Dhasar menungsa licik" Raden Sentani mbatin sajroning ati "Kakang Sukirna ngira yen ora ngatone dheweke sak cantrike ing paprangan iki bisa ngapusi aku, temah bisa suwala yen ana pandakwa luwih milih Mataram tinimbang Majapahit. Nanging Sentani dudu bocah cilik sing gampang diblithuki, kanthi ora geleme manunggal karo Barisan Trah Majapahit wis kena didadekne bukti, yen Kakang Sukirna wis pantes disirnakne".

"Ngaturi uninga Gusti" ana prajurit sandi sing mau diprentah nggoleki papane Ki Guru Sukirna lan Cantrik-cantrik saka Banyugurih,  nyedhak karo aweh palapuran.

"Iya Kepiye? wis ngerti mapane Wong-wong Banyugurih?" Raden Sentani takon.

"Ki Guru Sukirna lan Cantrik-cantrik Banyugurih boten tumut perang Gusti, nanging inggih sikep gegaman nyebar kados Glathik ingkang neba ing  wingking ngupengi barisan Mataram" wangsulane prajurit sandi mau.

"Licik tenan menungsa siji iki" Raden Sentani nggereng "aku ngerti karepe, yen Mataram sing menang wong kuwi mesthi lagi melu maju ndhaku kamenangane, nanging yen Mataram ketleyek, Kakang Sukirna mesthi banjur ndhisiki mlayu amrih slamete".

"Kinten-kinten makaten Gusti" prajurit sandi kuwi semaur alon.

"Ora kira-kira, nanging pancen mangkono kanyatane" wangsulane Raden Sentani sing banjur disusuli prentah "saiki, golekana Ki Demang Jatipethuk, aturna dhawuh timbalan saka aku supaya nggawa prajurit sacukupe nggoleki lan mikut Kakang Sukirna lan mbanda Cantrik-cantrike".

"Sendika" Prajurit kuwi tumuli ninggalne papan kono, arep ngupadi papane Ki Demang Sukirdi.

Saungkure prajurit sandi, Raden Sentani mbalik ngulat-ulati kahananing palagan. Raden Sentani dadi muntab kanepsone, sirahe Garudha nglayang wiwit ngendhalong mundur ana sepuluh jangkah, mratandhani yen Prajurit Mataram luwih bisa nguwasani lakuning paprangan.  Luwih-luwih bareng siji loro wiwit ketok ana prajurit Trah Majapahit sing rubuh kena gegamaning mungsuh.  Suwara jerit kelaran saka andhahane Ki Trenggilingwesi sing ngenggoni sirahe Garudha Nglayang sansaya rame, sauntara iku bendhene prajurit Mataram sansaya banter pangungkunge. Ora kesuwen, Raden Sentani nyilakne jarite memburi, aweh sasmita emban pangapite supaya miyak barise  prajurit sing ketleyek mundur, Raden Sentani maju klawan pedhang ligan sing digegem kenceng ing tangane. Ora suwe barisan saka Jatipethuk wiwit pulih, ora ketleyek mundur maneh, malah genti suwara bengok kelaran saka barisan Mataram sing keprungu banter, disusul bendhe saka Jatipethuk mangungkung banter sinaut suwara keteg sing ditabuh nganti kaya butu-butula.

Sang Senapati Agung Mataram sing banjur sumurup barisane katon rusak awit katrajang pangamuke Raden Sentani, tumuli maju nyedhaki arep mapagne sing lagi nyebar pepati. Kaya Raden Sentani, Pangeran Singasari uga wis ngliga pedhang pusakane, prajurit-prajurit padha nisih dhewe-dhewe aweh dalan marang Sang Senapati Agung sing arep tumandang gawe.

Kang bareng karo iku, Ki Demang Sukirdi kanthi didherekne prajurit cukup akeh, mlaku nylingker metu saka pabarisan golek dalan marani papan samburine barisan Mataram, arep nggoleki sedulure tuwa ya Ki Guru Sukirna. Prajurit sing digawa Ki Demang Sukirdi kuwi kabeh nom-noman asli Jatipethuk sing wis digladhi dadi prajurit Trah Majapahit, dadi kabeh ya durung tau weruh rasane melu perang. Nanging merga kapracayan yen saka Jatipethuk bakal njudhul Majapahit sing anyar lan kabeh sing melu kuwi bakal oleh kalungguhan sing luhur sajroning paprentahan Majapahit mengkone, mula kabeh ya ora ana sing miris diajak ngrangket ki Guru Sukirna lan kabeh cantrik-cantrike.

 

ana candhake.

 

 

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...