54.
Sasampunipun sawatawis anggenipun sami rerembagan antawisipun Darim kaliyan Kanjeng Sunan Kudus. Sunan Kudus nunten mundhut pirsa kados pundi menggah anggenipun Darim nyebaraken kapitayan agami Rasul dhateng tiyang-tiyang ing Kedhungtuwung, sampun sami purun nglampahi sarengatipun agami punapa dereng. Sunan Kudus ugi paring pitutur bilih Darim kedah tlaten sarta sabar, ngajak dhateng kasaenan punika langkung gampil digega dening ingkang dipun ajak manawi katindakaken sarana lampah, inggih punika boten kandheg ing pangucap, nanging kedah saged kinarya tuladha. Tresna asih ing sasama, dhemen tetulung lan nebihi pepenginan pados panggunggunging liyan, sadaya kedah linampahan mawi lelandhesan nindakaken dhawuh saking Gusti Ingkang Maha Nasa.
Ing babagan punika Darim matur bilih sedaya pitedah ingkang katampi saking Kudus punapa dene saking Pengging, inggih sampun dipun cakaken. Mila radi randhat anggenipun tiyang-tiyang anggenipun tiyang-tiyang purun nglampahi dhawuhing sarengat, nanging ing babagan mungamalat sampun radi katingal lumampahipun piwucal agami rasul.
Dumadakan Darim sumerep wonten ewah-ewahan ing pasuryanipun Sunan Kudus, inggih nalikanipun Darim anyebat piwucal saking Pengging. Katingal Sunan Kudus dados suntrut lajeng kendel anjetung, temah atur saha cariyosipun Darim kados boten dipun mindhangetaken babar pisan. Darim inggih lajeng kendel badhe taken dhateng Sunan Kudus nanging boten wantun.
"Darim" sasampunipun radi dangu anjetung Sunan Kudus lajeng paring pangandika klawan ulat ingkang ketingal sungkawa "bareng keng slira nyebut-nyebut Pengging rasa susah ing atiku sing maune wis ilang, saiki dadi tuwuh maneh. Ya muga-muga Gusti Ingkang Maha Asih paringa pangapura marang aku lan marang Ki Gedhe ing Pengging kang wekasane kudu sesimpangan dalan".
"Nyuwun pangapunten Kanjeng" Darim kirang mudheng kaliyan ingkang dipun ngendikakaken Sunan Kudus "punapa pun Darim kaparengaken wonten kedadosan punapa antawisipun Kudus kaliyan Pengging satemah kedah sami sesimpangan margi?".
"Dadi kabar kedadeyan sing kober gawe horeging Kasultanan Demak iki durung tekan Kedhungtuwung?" Kanjeng Sunan Kudus ndangu dhateng Darim.
"Pakabaran ingkang pundi Kanjeng ? jalaran awit nuhoni dhawuh saking Kanjeng Sultan ugi netepi pitutur saking Ki Kebo Kenanga sarta pitedah saking Kanjeng Sunan, sasampunipun siti Babadan pikantuk sebatan Kademangan Kedhungtuwung, babar pisan kula dereng nate medal nilaraken Kedhungtuwung, mila inggih lajeng boten mireng kabar punapa-punapa" Darim matur blaka.
"Kabeh Kang dumadi ora bisa ucul saka garising pepesthen" Kanjeng Sunan Kudus ngendika sasampunipun wongsal-wangsul unjal ambegan landhung "Ki Gedhe Kebo Kenanga wis murud ing kasedan jati Darim".
"Ki Ageng Pengging sampun seda Kanjeng?" Darim kaget.
"Pancen mangkono" wangsulanipun Sunan Kudus "lan sedane Ki Ageng Pengging kuwi merga saka panyuwunku temah aku uga nyekseni anggone seda Ki Kebo Kenanga. Mula rasa sedhih lan rasa susah kuwi mesthi banjur bali tuwuh ing sajroning atiku saben-saben aku krungu jeneng Pengging utawa asmane Ki Kebo Kenanga diucapake dening sapa wae".
"Nyuwun pangapunten Kanjeng Sunan" Darim ingkang dereng mangertos kaliyan pangandikanipun Sunan Kudus ingkang makaten punika nunten matur "Sedanipun Ki Kebo Kenanga jalaran nuruti pamundhutipun Kanjeng Sunan, kenging punapa ngantos Kanjeng Sunan tega mundhut sugengipun Ki Kebo Kenanga, punapa Ki Ageng Pengging nunten nglalu asuduk jiwa Kanjeng?".
"Ora, Ki Ageng Pengging ora nglalu, nanging ngersakne ninggalne jagad kang gumelar iki manjing alaming jagad langgeng, jalaran wis ora kersa kaereh dening pepenginan kang semu, lire pepenginan kang mung nuruti panjaluke nafsu sing tenane ora ana enteke. Mula Ki Ageng Kebo Kenanga banjur miyak wiwara kang dadi wates antarane jagad kang gumelar iki klawan jagad langgeng kang tan ana winatesan dening papan lan wektu" Kanjeng Sunan Kudus paring wangsulan "kang mangkono iku mesthi wae ana sabab lan jalarane".
"Sababipun punapa Kanjeng?"
"Kedadeyan iki kawiwitan saka crita lawas" Sunan Kudus lajeng ngendika "yaiku nalika Pangeran Handayaningrat lan Kanjeng Sunan Kali munggah Gunung Lawu, kautus Panembahan Jimbun ya Sultan Ali Akbar Abdul Fatah kang kapisan, nyuwun lan ngaturi Kanjeng Sinuhun Brawijaya Kalima supaya kundur menyang Majapahit lan bali jumeneng ing Majapahit, Sinuhun Brawijaya ora kersa awit wis rumaos tentrem sawuse uninga jatining Sastra Jendra Yuningrat Pangruwating Diyu, lan ngersakne jumeneng dadi waliyullah ing Gunung Lawu. Nalika samana Sri Brawijaya sing wis ngagem asma Sunan Lawu mung paring dhawuh yen wektu kuwi sing kudu anyulihi dadi Wewakiling Gusti ngratoni tanah jawa iya Raden Hasan utawa Raden Patah, nanging kuwi ya ora suwe, yen wis teka titi mangsane wahyuning raja tanah jawa bakal kaasta dening trah saka Pangeran Handayaningrat carub lan Trah saka Raden Gugur".
Kanjeng Sunan Kudus kendel anggenipun ngendika, Darim ingkang tansah anyemak ingkang dipun ngendikakaken dening Sunan Kudus nunten matur :
"Samangke Raden Patah ugi Pangeran Handayaningrat sedaya sampun murud ing kasedan jati, lajeng sambetipun kalih sabda dalem Kanjeng Sunan Lawu punika kados pundi Kanjeng Sunan?".
"Mula saka kuwi" Sunan Kudus lajeng ngendika malih "dhawuh dalem Kanjeng Sunan Lawu kuwi banjur diugemi dening Kanjeng Sultan Demak lan uga Gusti Pangeran Handayaningrat dadi crita sing turun tumurun. Wangune awit anane dedongengan kuwi, banjur ana paraga sing ngujuk-ujuki Ki Kebo Kenanga sing uga trah lajer saka Pangeran Handayaningrat supaya nggege murih wahyuning kraton Jawa tumuli bisaa manjing marang Ki Ageng Pengging. Ki Ageng Pengging banjur madeg suraning driya, suthik marak seba menyang Demak, ngabyantara marang Kanjeng Sultan Trenggana".
"Dados Ki Gedhe Kebo Kenanga lajeng mirong kampuh jingga, mbalela ing ratu Kanjeng Sunan?" Darim nyela pitaken.
"Kena diarani mangkono" wangsulanipun Sunan Kudus "malah nalika Kanjeng Sultan ngutus Rekyana Patih Wanasalam nakyinake lan nimbali Ki Kebo Kenanga supaya marak menyang Demak, banjur dadi gendra. Kedaden perang antarane Patih Wanasalam lan prajurit pandhereke karo prajurit ing Bumi Perdikan Pengging. Wadyabala saka Demak sing diembani Patih Wanasalam kapupuh mundur bali menyang Demak".
"Salajengipun kados pundi Kanjeng Sunan?" .
"Mesthi wae kang mangkono iku ndadekne dukane Kanjeng Sultan" Sunan Kudus nglajengaken ngendikanipun "Luwih-luwih ora mokal yen anggone Patih Wanasalam matur uga diemperi klawan crita sing sansaya muwuhi dukane Kanjeng Sultan. Banjur Kanjeng Sultan ngrawuhake saka gurune Kasultanan Demak kang dumadi saka Kadang Wali kang lumrah sinebut Wali Sanga. Asiling parepatane para Kadang Wali dadi dudutan yaiku Ki Kebo Kenanga wis wani mbalela ing ratu, banjur aku kapiji supaya lumawat menyang Pengging kasampiran purba wisesaning ratu kanthi dhasar dudutaning parepatan kadang wali. Budhalku menyang Pengging kairing wadyabala Demak sagelar sepapan pepak klawan pirantining perang".
"Kedadosan Perang ageng antwisipun Demak kaliyan Pengging Kanjeng Sunan?" Darim sumela atur.
"Ora" Sunan Kudus paring wangsulan "nalika samana, wadya bala tak dhawuhi ngenteni ana sajabaning kutha, banjur aku ijen sowan marak ing ngarsane Ki Kebo Kenanga, ing pangankah aku kepengin ngajak rembugan luwih dhisik karo Ki Ageng Pengging, ngiras pantes mbuktekne crita sing digawa dening Patih Wanasalam lan diaturake marang Kanjeng Sultan Trenggana. Awit sing tak ngerteni Ki Ageng Kebo Kenanga kuwi kagungan watak sing ora kaya dicritakne dening Patih Wanasalam. Dadi barese wae aku ora pati percaya karo kandhane Patih Wanasalam sanadyan tata gelar Wanasalam uga duwe seksi-seksi sing bisa mikuwati karo apa sing dikandhakne".
ana candhake.