Total Tayangan Halaman

Jumat, 30 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (68)

 68.

 

Kyai Saepullah ora ngira yen Ki Lindhuk nganti nekad ngecakne ngilmu sing mbebayani kuwi. Merga sipating ngilmu Ngobong Layon Ametak Sukma iki yen anggone ngecakne kasil, mangka mungsuhe bakal mati kobong dadi awu sak bebalunge pisan. Nanging yen nganti bisa dibalekne dening mungsuhe, mangka sing ngecakne ngilmu iki uga bakal kobong dadi awu. Kyai Saepullah nyoba aweh sasmita marang Ki Lindhuk supaya murungne nggone ngecakne aji sing nggegirisi iki, nanging Ki Lindhuk wis ora nggugu,tekade wis gilig Kyai Saepullah kudu mati.


Wekasan Kyai Saepullah kapeksa ngimbangi gempuran ajine Ki Lindhuk iki nganggo ngilmu sing diduweni. Nadyan mengkonowa Kyai Saepullah isih mbudidaya murih dheweke lan Ki Lindhuk ora nganti kobong dening aji Ngobong Layon Metak Sukma sing dicakne Ki Lindhuk.


Kang bareng karo iku, Marga sing ora bisa nyawang klawan mripate, ora bisa sengaja anggone nggunakne pecute ora kaya sing dikarepake. Nanging Gambangkawat ya kadhung nekad, nadyan pucuk pecute Marga wis ndadekne ragane kebak tatu, nanging pepenginane bisa nugel gulune Marga sansaya gedhe, mula serangan ilmu pedhange ora dilereni.


"Ki Gambangkawat" karo ngladeni tandange mungsuhe Marga isih nyoba aweh peling "najan aku ora bisa nyawang, nanging panggraitaku ngerti kahananmu wis ora karu-karuwan. Ya gene kowe nekad he?".


"Aja ndleming kowe Bedhes cilik" wangsulane Gambangkawat "nek pancen kowe wis kesel, nungkula wae kene, tak tugele gulumu, ben ndang bisa leren neng Yamaniloka".


Rumangsa mungsuhe ora kena dielingake, ora ana pilihan liya tumrap Marga kajaba ngladeni trajangane mungsuhe kanthi ngundhakne trap-trapan ilmu pecute. Nalika Marga nyabetne pecute, krasa neng panggraitane, pecut kuwi njiret perangan awake Gambangkawat. Lan pancen tenan, pecut kuwi nggubet gulune Gambangkawat, nanging Marga ngira pecute wis nggubet pupu utawa kentole mungsuhe, mula banjur disendhal banter dibantingne menyang lemah. Ana suwara gumebrug banter, disusul suwara mbengung lan sumembure pega wisa mandheg dadakan.


Marga sing ora weruh apa sing wis dumadi, mencolot memburi, bareng wis sauntara ora ana serangan sing teka, iket sing nutup raine dicopot. Sepira kaget campur getune bareng nyawang kahanan sing sanyatane. Ki Gambangkawat gilang-gilang dadi bathang, sakujur awake remuk merga tatu ketiban pecute. Sapandurat Marga njegreg ora bisa kumecap. Banjur jumangkah genti arep niliki Rangga sing lagi ander pati karo Ajar Taliwangsa.


"Piye kahanane mungsuhmu Dhi?" lagi wae Marga nyedhak wis dipapag pitakonan dening Rangga "aku kepancing ngilmune Taliwangsa, temah kaya ngene dadine".


"Padha Kakang" wangsulane Marga lemes "Ki Gambangkawat ora keneng dikukup . Mati merga aku ora bisa ngendhaleni tumibaning pecutku".


"Kadose sampun dados pepesthening Gusti kok Ngger" dumadakan saka waliking grumbul Kyai Saepullah njedhul terus nyauti omongane wong loro kuwi.


"Kados pundi Rama?" Meh bareng Rangga karo Marga takon.


"Sami Ngger" wangsulane Kyai Saepullah "Ki Lindhuk ugi sampun pejah, kobong dening ajinipun ingkang mbalik lan kula boten saged ngendheg".


"Inggih Rama" Rangga wangsulan "awakipun piyambak namung wajib ambudidaya murih saenipun nut lan pamanggihipun piyambak, nanging Gusti tartamtu langkung ngudaneni pundi ingkang langkung sae, lan ingkang sampun dumadi punika estu ingkang langkung sae menggah pambijining Allah".


"Leres ngger".


"Samangke lajeng punapa ingkang kedah awakipun piyambak lampahi Rama?" Marga takon.


"Inggih ngger, boten langkung kuwajiban kula lan angger inggih samangke kedah ngrukti mayitipun tiyang tiga punika sasae-saenipun. Nguburaken lan suka tandha bilih ing mriku Ki Lindhuk, Taliwangsa lan Gambangkawat dipun kubur".


"Inggih Rama".



Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (67)

 67.


Upama wong lumrah disuduk keris pusaka dening Ki Libdhuk ngono kuwi mesthi terus rubuh dadi bathang. Nanging gandheng sing disuduk Kyai Saepullah, critane dadi beda. Nalika pucuke keris kurang sanyari saka dhadhane, sikile Kyai Saepullah kaya obahe that-thit luwih dhisik nyurung wetenge Ki Lindhuk. Ki Lindhuk kaget, awake katut kesurung mundur telung jangkah, geloyoran arep tiba.


"Setan kowe Udaya"  Ki Lindhuk misuh karo nata kuda-kuda, njagani panrajange mungsuhe.


Nanging Kyai Saepullah ora mburu banjur nambahi serangan, nanging malah aweh kalodhangan marang Ki Lindhuk kanggo nata adege.


"Nek ngadeg ki sing jejeg Lindhuk" kandhane karo nyilakne jarike mendhuwur "dadi ora gampang ambruk nek kesenggol angin liwat".


Ki Linduk ora semaur nanging banjur mencolot maju karo ngarahne kerise menyang lambunge mungsuhe. Kyai Saepullah luwih prayitna, tekane keris sing ngincer lambunge ditadhahi nganggo ethoke keris sing dumadakan wis ana gegemane. Tumempuke keris sing padha-padha ampuhe, sing dicekel dening wong-wong sing duwe kasekten dhuwur, ora nuwuhake suwara sing banter, mung ing kono katon cahya gumebyar kaya gebyaring kilat, lan uga ndadekne lemah ing kiwa tengene horeg. Kyai Saepullah sing nadhahi, kontal memburi watara limang jangkah, nanging kuda-kudane ora owah. Ki Lindhuk sing kerise nanggor godhonganing kerise Kyai Saepullah, kontal memburi pitung jangkah adohe. 


"Keparat kowe Udaya" Ki Lindhuk misuh karo bali nata adege.


"Aja dadi atimu Lindhuk" wangsulane Kyai Saepullah sareh "aku mung nadhahi linciping kerismu nganggo godhongane Kyai Singkir, merga aku durung kepengin mati neng tanganmu".


"Aja kakehan kojah kowe Murid Duraka" wangsulane Ki Lindhuk "aku kudu bisa mateni kowe, kanggo males gelaning Guru sing wis kok cidrani".


"Aja ngawur kowe Lindhuk, aku ora nyidrani Guru, nanging aku mung ngajak supaya aja seneng nyebar pitnah lan nasarne wong akeh klawan crita sing ngayawara" wangsulane Kyai Saepullah panggah karo suwara sing sareh.


"Pinter selak kowe Udaya, nyatane kowe wis minggat saka Gunung Layang. Tujune bareng kowe wis minggat Kakang Nagasukma teka lan nitipne murid-muride marang Guru, kaya si Kecruk Putih, Kempul Wesi, lan liya-liyane".


"Aku ora minggat Lindhuk, nanging aku ditundhung lunga, malah welinge Guru aku ora oleh ngaku murid Gunung Layang yen aku ngukuhi kapracayanku ndherek piwucale Gusti Rasul".


"Wis, saiki tata-tataa, dina iki Kyai Sarpayamani kepengin nglangga getihmu!" Ki Lindhuk banjur maju maneh, ngilmu sing dicakne wis nganggo trap-trapan dhuwur dhewe. Ki Lindhuk isih nyekeli petungan nalare, biyen sadurunge Ajar Udaya sing saiki salin jeneng dadi Kyai Saepullah iki ninggalne Gunung Layang, kasekten sing diduweni saimbang karo kasektene sing diduweni Ki Lindhuk. Kamangka sasuwene iki, tambahan ngilmu kanuragan lan panguwasan hawa murni sing ditampa Ki Lindhuk wis wuwuh akeh banget. Mokal yen Saepullah sing tanpa guru bisa nambah kasekten, kaya dheweke. 


Kanthi petung iki, Ki Lindhuk babar pisan kepengin enggal-enggal bisa ngrampungi tilas sedulure tunggal guru kuwi, kanthi ngecakne ngilmu sing durung tau disinau dening Kyai Saepullah. Sajake Kyai Saepullah uga wis bisa maca apa sing dadi petungane Ki Lindhuk. Mulane, klawan linandhesan rasa pasrah marang purbaning Allah, Kyai Saepullah samekta ngadhepi serangane Ki Lindhuk klawan nggunakne ngilmu sing ora tau disinau neng Gunung Layang biyen.


Ora suwe perang keris kuwi klakon. Sawuse padha nyuduk lan padha endha ambal-ambalan yekti tanpa ana tilase, wekasan banjur keris padha keris diadu kaya adon ing dolanan benthik benthong. Dhasar padha sektine, najan sing didu kerise, nanging nyatane wong loro kuwi genti-genten, padha anggone genti kalindhih. Nadyan ora obah, nanging nyatane kekarone padha anggone adus kringet sarta padha ngampet ambegan dhewe-dhewe. Nalika iku, Ki Lindhuk wis bener-bener anggone ngetrapne  ngilmune wis tekan trap-trapan dhuwur dhewe, nanging nyatane Kyai Saepullah isih bisa ngladeni kanthi becik lan babar pisan ora katon ketleyek. Mula ora ana cara maneh tumrape Ki Lundhuk kajaba ngesok ngilmu pamungkase. Karo nggeget untune Ki Lindhuk, matak aji Ngobong Layon ametak sukma. Sakala kabeh kekuwatane Ki Lindhuk mili mlumpuk nyawiji marang kerise.


Kyai Saepullah kaget, wiwitane tangan sing nyekeli ukiran krasa panas kaya diobong nganggo mawa sambi. Ora suwe banjur mremen munggah, nyangklak, krasa yen Ki Lindhuk arep ngobong jantunge, nganggo sari pathining geni sing dikendhalekne dhasaring ati.


Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (66)

 66.


Ki Lindhuk sing ora sida turu banjur mudhun saka watu sing kanggo leyeh-leyeh. Weruh Marga nutup raine nganggo iket lan bali nerusne anggone perang musuh Gambangkawat, atine dadi rada kaget. Saiki Ki Lindhuk lagi ngerti yen sing diadhepi Gambangkawat kuwi najan isih nom-noman, nanging wis nduweni ngilmu kanuragan sing ora sembarangan. Luwih-luwih bareng weruh bola bali pucuk pecute Marga kasil nyuwek klambine Gambangkawat ing sisih mburi lan ndadekne saka gegere Gambangkawat pating dlewer merga getih sing metu saka tilas sabetan pecute Marga.


Tandange Gambangkawat uga wiwit kendho, mratandhani lamun tenagane ya wis wiwit susut. Beda karo Marga sing sajake tenagane isih wutuh, dadi tandange sansaya nggegirisi. Kang mangkono mau merga Marga ora bisa weruh klawan mripate yen tilas sabetan pecute wis  akeh ninggalne tatu sing ngeres-eresi ati, upama Marga ora nutup mripate, kira-kira wae ora bakal mentala nyawang tatu ing awake Gambangkawat sing nggegirisi.


Nalika Ki Lindhuk ganti nyawang marang kalangan sijine, sepisan maneh wong kuwi geter atine. Anggone duwe pangira yen ora suwe maneh Rangga bakal njengkilang kanthi awak gosong, kobong, jebul mleset. Rangga saiki wis ora pencolotan mrana mrene kanggo ngendhani tumibaning serangan saka Ki Ajar Taliwangsa sing dibalangake lumantar pucuking kerise. Bola-bali cahya abang mawa wisa panas sing cumlorot ngarah awake Rangga, saben-saben kurang rong kilan terus lebur dadi kaya kembang api, merga disabet nganggo pring kuning sing dadi pusakane Rangga. Saben-saben Ajar Taliwangsa nambahi kekuwatan pambalange, Rangga uga nggunakne tenaga sing saimbang, dadi kabeh serangane Ajar Taliwangsa sing kaya udan kuwi memper pirang-pirang geni tumper sing tumiba kecemplung ing blumbang. Muspra.


Ajar Taliwangsa mandheg nggone ndamoni pucuk kerise, banjur mapan lungguh sila neng lemah. Keris didegne neng ngarepe kanthi ukiran neng ngisor, epek-epek loro digathukne ditumpangne neng ndhuwur dhadha. Ora suwe saka awake Ki Ajar Taliwangsa ngetokne pega kumelun, lan awake  dadi abang mengangah kaya wesi sing diobong neng geni mawa. Keris sing ana ngarepe semono uga katon obah-obah dhewe lan rupane uga dadi mengangah abang. Rangga tanggap yen Ki Ajar Taliwangsa wis ngancik ing puncak ngilmune lan arep dicakne kanggo nglebur dheweke. Putrane Dewi Semangkin kuwi uga banjur siaga arep nempuh tekane bebaya. Tangane loro di kepelne neng kiwa tengene lambung, sirah didhingklukne, mripat diremne. Jroning atine ngrapal mantra : "kanthi asma dalem Dzat Kang Maha Murah lan Maha Asih, tuhu tan ana daya kekuwatan kajaba pepariNge".


Ki Lindhuk sing weruh sikepe Taliwangsa lan Rangga mangkono iku, tumuli thukul pepenginane kanggo ngrewangi rowange. Keris Kyai  Sarpayamani sing disengkelit, didudut saka wrangkane. Banjur wiwit munjerake kekuwataning batin. Keris sakala ngetokne cahya biru mengku perbawa. Alon-alon Ki Lindhuk obah arep nyaketi papane Rangga.


Nanging lagi wae Lindhuk mlangkah dheweke dikagetne merga ana wong nyenggol pundhake saka mburi. 


"He .....kowe?" Ki Lindhuk noleh wong sing nyenggol pundhake, banjur grenenge "pantes, aku ora krasa".


"Sipatmu sing licik pancet durung owah Lindhuk" wong mau ngomong karo mesem.


"Tekumu sing seneng nyampuri perkarane wong liya ya ora tau owah" wangsulane Ki Lindhuk atos "mengko wae nek arep ngajak dolanan, tak ngrampungne gaweyanku dhisik".


"Ngadhepi bocah-bocah nom sing digdaya kuwi dudu gaweyanmu, nanging gaweyane Kempul sing saiki nganggo jeneng Ajar Taliwangsa kuwi karo Kecruk Putih sing ngalih jeneng dadi Gambangkawat kae, gaweyanmu saiki ngadhepi aku, sing wis padha gerange ngene iki".


"Udaya, temu pirang perkara kowe karo bocah-bocah sing arep tak sirnakke kae? He?" Ki Lindhuk ketok nek wiwit nesu.


"Apa? Sapa sing arep kok sirnakne? Bocah loro kae ? Ora bakal ana critane, Lundhuk. Kadigdayanmu ora ana sakuku irenge bocah nom loro kae, tak kandhani".


"Keparat kowe Udaya" Ki Lindhuk rumangsa diremehne "pernah apa kowe karo bocah loro kae?".


"Dudu sanak dudu kadang nek mati melu kelangan" wangsulane Kyai Saepullah anteb.


"Dadi kowe arep ngayomi bocah loro kae? He?" Ki Lindhuk nggetak.


"Kowe kliru Lindhuk" wangsulane Kyai Saepullah karo mesem "bocah nom loro kae ora butuh diayomi menungsa remeh kaya aku iki, ngertia, aja maneh mung kowe karo ponakanmu loro kuwi menanga musuh Angger Rangga lan Angger Marga, sanadyan dhemit sak Gunung Layang kok sambat kok jak ngrubut, ora bakal menang mungsuh bocah loro kae!".


"Ha...ha...ha..... Omonganmu kaya wong mendem kecubung Udaya" Ki Lindhuk ngguyu sengak "banjur karepmu apa ngalang-alangi aku iki he?".


"Sepisan" Kyai Saepullah wangsulan "nylametne nyawamu ben ora mati nistha mungsuh bocah loro kae. Ping pindho : mbaleni pangajakku marang kowe, yaiku ninggalne dalan nistha kuwi lan manjing dalan tobat".


"Setan kowe Udaya"    Ki Lindhuk misuh "nek ngono iki rasakna!".


Karo muni ngono kuwi, Ki Lindhuk ngobahne keris Kyai Sarpayamani kanggo nyuduk dhadhane Kyai Saepullah.


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (65)

 65.


Padha karo Ki Lindhuk, Ki Gambangkawat uga ora ngerti yen tenane ngono kabeh muride Ki Tanparupa kuwi wis kasinungan sipat tawar saking sakehing wisa, upas apa dene racun sing asale saka kewan utawa wit-witan. Pancen Marga ngrasakne panas nalika kesempyok wisa sing nyembur saka pedhange mungsuhe mau. Nanging anggone mlumpat lan amping-amping wit gedhe kuwi, ora merga anggone kelaran. Nanging niyat nyrobot wektu kanggo nyopot ikete sing terus dienggo nutupi praupane, supaya mripate ora terus ngucurake luh merga kena uwaping wisa pedhange Gambangkawat. Mula bareng ikete wis kenceng ditalekne nutup rai, Marga bali nyedhaki mungsuhe maneh. Pecute diseblakne, nyuwara banter, dibarengi ngetrapne aji Sasra Panggraita. Sanajan mripate ora weruh merga ketutupan iket, nanging Marga ngerti obah mosiking apa wae sing ana sacedhake, liwat landheping panggraitane.


"Aja kok kira aku mlayu Ki Gambangkawat" karo nyedhak Marga kandha "wisamu sing jaremu mandi kuwi ? Blas ora ana apa-apane nalika mau nyempyok raiku, mung ambune wae rada pesing. Apa kira-kira kleru sing kok enggo iki mau upas ula apa uyuh ula he?".


Gambangkawat rada gumun weruh Marga isih waras-wiris, malah saiki ikete dienggo nutup raine.


"Keparat kowe Marga" wangsulane santak "majuwa mrene nek kepengin tugel gulumu".


Gambangkawat banjur bali ngecakne ngilmune , Marga tetep prayitna.


Sauntara iku Ajar Taliwangsa sing ora leren-leren nggone nguncalne pupuhan liwat sunar abang ing epek-epeke, sansaya suwe sansaya rapet uga sansaya nggegirisi. Nganti Rangga kaya-kaya ora kober ngendhegne anggone endha. Ajar Taliwangsa dhewe kudu ngakoni yen selawase urip ya lagi iki kepethuk manungsa sing bisa ngendhani serangan epek-epeke. Sasuwene iki sapa wae sing tau ditibani jurus iki, paling pol bisa ngendhani ya ping telu. Nanging bocah sing jeneng Rangga iki ditibani balangan nganti kliwat ping selawe, suprandene isih bisa ngendhani.


Dumadakan Ajar Taliwangsa ngendheg balangane.


"Sret..." Keris sing disengkelit didudut saka wrangkane, banjur unine :


"Rangga, tak akoni arang wong duwe kaluwihan endha kaya kowe. Nanging aja kesusu seneng atimu, coba  apa kowe kuwat nadhahi utawa bisa ngendhani pambalangku yen ora tak liwatne epek-epek nanging tak liwatne pucuke Kyai Nagapitu iki".


Rangga mesem, tanggap nek Ki Ajar Taliwangsa wis ora sabar ngladeni endhane. Ya kuwi sejatine sing dienteni Rangga, kepengin dheweke ngerti sepira kadigdayane Ajar sing kejlomprong ing dalan sasar iki.


Rangga banjur narik teken Pring Kuning sing gedhene sajempolan sikil saka sengkelitane.


Banjur kandhane :

"Yen pancen ngono sing kok karepake, mara coba tibakna, tak tadhahane".


Ana candhake.

Rabu, 28 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (64)

 64.


Ajar Taliwangsa nyata sekti mandraguna, nadyan tangane ora nyekel gegaman, suprandene cukup ndadekne Rangga luwih ngati-ati. Saka epek-epeke Ajar Taliwangsa ngetokne kukus sing kumebul, epek-epeke dhewe mengangah abang kaya mawa. Lan saka epek-epek kukus mlumpuk dadi kekuwatan sing ngedab-edabi ngantem marang perbahe mungsuh ora ndadak nganggo nyedhak. 


Rangga sing dhasare kepengin ngirit tenaga, milih ngendhani anteman kuwi tinimbang ngadhepi kanthi adu kekuwatan. Merga anteman sing diendhani, ndadekne papan kono akeh kekayon sing padha gosong lan ambruk ketiban hawa panas sing disawatake saka epek-epeke Ajar Taliwangsa.


"Terusna olehmu endha Bedhes cilik" kandhane Taliwangsa karo terus ngantemne hawa panas "ora-ora yen sedhela maneh, bathangmu ora njengkilang kobong ketiban tanganku".


"Kosok baline Wong gerang gak duwe utek" wangsulane Rangga karo terus endha "tenagamu ora suwe maneh bakal entek, lan kowe mesthi megap-megap ora kesenggol apa-apa".


"Keparat" Taliwangsa misuh "rasakna iki!".


Bar muni ngono kuwi Ajar Taliwangsa terus ngarahne epek-epeke menyang Rangga, susul sumusul ora ana lerene. Rangga terus jempalitan ngendhani. Kang mangkono iku ndadekne wit-witan sing ana kono padha mblasah gosong.


Ki Lindhuk sing durung tandang apa-apa mung gonta-ganti nyawang sing lagi padha kerengan. Weruh Gambangkawat sing wis tekan puncak ngilmune lan bisa gawe Marga kethetheran ngrasakne mripat sing angel kanggo nyawang lan ambegan sing cekak-cekak, Ki Lindhuk bisa gawe dudutan yen ora suwe maneh mungsuhe Gambangkawat kuwi bakal koncatan nyawa, pepinginane Gambangkawat anggone arep nugel gulune Marga bakal kelakon.


Semono uga nalika Ki Lindhuk weruh Rangga jempalitan anggone ngendhani gempurane Taluliwangsa sing nyata mbebayani kuwi, Lindhuk wis wani mesthekake yen ora suwe maneh Rangga bakal njengkilang kuwandhane. Kobong dening ngilmune Taliwangsa. Lindhuk wis ora kepencut nonton perang sing miturut pamawase babar pisan ora imbang kuwi. Mula Lindhuk banjur mapab ngglethak neng ndhuwure watu gedhe  sing praene leter. Arep turu.


Nanging Rangga lan Marga ora gelem nek dikongkon manut  karo panyangkane Ki Lindhuk. Nadyan wektu iku ketoke loro-lorone sajroning karepotan. Nanging  ora ateges kudu gelem ngiklasne critane dicuthel klawan tinengeran mati ing laladan Desa Tundhan ing pinggiring Bengawan. Merga nek nganti cuthel mung tekan semono, lelakone Rangga lan Marga iki bisa nuwuhake gara-gara sing nyundhul Jonggring Salaka tenan.


Mula nalika pega wisa saka pedhange Ki Gambangkawat kasil nyempyok praupane Marga, muride Ki Tanparupa kuwi  sakala mlumpat memburi banjur kanthi salto, nyoba ngedohi mungsuhe kanthi amping-amping wit gedhe.


Gambangkawat gumuyu lakak-lakak weruh mungsuhe kasil dikenani wisa pedhange, nganti saiki kapeksa mencolot ngadoh lan Gambangkawat ngira yen Marga tinggal glanggang colong playu.


"Tanpa pedah kowe mlayu Marga" sumbare Gambangkawat banter "wisa sing wis nemplek nyang kulitmu kuwi wis ngresep neng jero daging, banjur nurut ilining getihmu tumuju jantung, sedhela maneh jantungmu mandheg ora bakal bisa keketeg ha....ha.....ha.....".


Gambangkawat sing wis rumangsa menang kuwi nerusne nggone ngguyu lakak-lakak.


Ki Lindhuk sing lagi leyeh-leyeh, krungu sumbar lan guyune Ki Gambangkawat ngono kuwi banjur alok banter :


"Gambang Aja banter-banter olehmu ngguyu, mbribeni olehku areo turu iki lho. Kana ndang ditututi mungsuhmu sing mlayu kae, mbok menawa bisa kok ngge nglipur atimu nyawang anggone sekarat arep pecat nyawane!".


Gambangkawat ngendheg guyune, karo mesam-mesem dheweke arep nututi Marga sing dianggep mlayu. Jroning atine Gambangkawat mbenerne Ki Lindhuk, dheweke kudu bisa nambahi sengsarane mungsuhe sing wis arep pecat nyawane.


Ana candhake.

Selasa, 27 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (63)

 63.

Sauntara kuwi, ing kalangan sisih, wiwit keprungu bola-bali suwara pating jledhor kaya suwara bledheg binarung suwara gumuruh kaya suwarane prahara sing ditinggalne cleret tahun pedhot. Yaiku suwara cemethine Marga sing ngadhepi suwara sumiyute sabetan pedhange Ki Gambangkawat. Saking cepete anggone padha nyolahne awak-e dhewe-dhewe, wong loro kuwi arang katon wujude, awit wis katut kegawa sesulak pedhange Ki Gambangkawat, malah sing kerep ketok yaiku wewayangane Ula Enthong sing mulet-mulet bola-bali nyathek Wulung nanging tansah ora kena merga swiwine si Wulung kaya bisa ngetokne bledheg.


Perange wong loro kuwi sansaya suwe sansaya rame, mbaka sethithik padha-padha anggone ngunggahne trap-trapan ilmune. Gambangkawat rumamgsa ketanggor tenan, babar pisan ora ngira nek bocah nom sing gaweyane luru pala kependhem kuwi, jebul nduweni kaluwihan. Nadyanta mangkono, Gambangkawat tetep nduweni kayakinan yen bocah sing jeneng Marga kuwi durung mateng ngilmune. Keneng diupamakne Marga kuwi gogor sing nek diumbar bisa dadi macan sing bisa ngratoni alas, nanging wektu iki si Marga dudu macan, isih wujud gogor sing gampang dipateni. Luwih-luwih, wektu iki ngilmu sing dicakne Gambangkawat durung sepiraa, isih akeh jurus lan ngilmu simpenan sing durung dikatonke.


Beda sing ana pangrasane Gambangkawat, Marga pranyata luwih bisa maca yen musuhe isih ndhelikne ngilmu lan jurus sing mbebayani. Mula anggone ngladeni mungsuhe kena diarani ya mung satirahe wae. Cemethi sing bola-bali mbledhos kaya bledheg kuwi tenane ora ana apa-apane. Nanging, sok-sok Marga ya kepengin mancing mungsuhe supaya enggal-enggal ngetokne ngilmu simpenane. Ing sawijining kalodhangan, dheweke ngunggahne ngilmu sing dicakne rong trap-trapan, nuli-nuli. Polahe pecut neng tangane luwih cepet lan luwih angel diwaca. Ki Gambangkawat sing ora ngira lekase Marga, dadi gedandapan, ing sawijining kalodhangan nadyan ora banter upat-upat pecute Marga bisa gawe nggaler gegere Gambangkawat.


"Kurangajar" Gambangkawat mlumpat memburi karo misuh  "kuate pamecutmu mung semono ya Le? Ayo ketogen kabeh sadurunge gulumu keliwatan pedhang sing tak cekel iki".


"Ora perlu tak ketog ngilmuku Gambangkawat" wangsulane Marga "merga jebul pedhang sing kok enggo kuwi pedhang kethul lan sing nyekel tangan sing wis buyuten dadi babar pisan ora ana sing kudu dikuwatirake" .


"Setan alas" Gambangkawat ora kuwat ngampet pisuhe "pancen cangkemmu kuwi kudu disuwek dhisik kok sadurunge ditugel gulumu" .


"mBok enggal kene" Marga wangsulan "nek kowe nyata bisa lan ora kegedhen umuk" 


Gambangkawat ora semaur, meneng-meneng dhweweke wiwit ngilekne hawamurnine kanggo ngunggahi trap-trapan sing dhuwur dhewe saka ngilmune. Marga sing weruh tingkahe Gambangkawat, ora wani sembranan, ngilmu sing tau ditampa saka Ki Tanparupa disiagakne. Alon tangane obah pecute diseblakne, ora nuwuhake suwara jumlegur, nanging perbawane kaya-kaya bisa ngrontogne isen-isene dhadha.


Gambangkawat sing wis ngecakne ngilmune tataran dhuwur dhewe, ewa dene isih bisa ngrasakne getering jantung nalika Marga nyeblakne pecute. Mula Gambangkawat nuli ngilekne ilmune marang pedhang sing dicekeli. Saka pucuk pedhang kuwi dumadakan metu pega ngandhut wisa, panase kagila-gila, ndadekne mripat dadi pedhes kaya sinembur upas, marakne dhadha seseg yen nganti kasedhot katut ambegan. Arahing pedhang ora menyang lambung maneh, nanging ngarah menyang praupan. Marga dadi kuwalahan ngadhepi pega upas sing marakne dheweke kangelan nyawang, merga saka mripate, luh metu kaya banjir. Dhadhane krasa seseg, napase dadi cekak. Sauntara pedhange Gambangkawat sing memper solahe Ula Sendhok kuwi terus nguber kepengin nunjem gulu utawa jantunge.


Sauntara kuwi, Rangga sing ngadhepi Ajar Taliwangsa ora pati akeh obahe. Ajar Taliwangsa ora pati seneng ngendelne cukat lan kesite, nanging luwih seneng milih cara tangkeb jaja kantaran bau. 


Ana candhake.

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (62)

 62.


Ki Gambangkawat nyata wong sing wasis nyolahne pedhang, nadyan pedhange gedhe tur abot, nanging neng tangane Gambangkawat ketok lincah diputer-puter neng awang-awang mung katon sorote thok, sing kaya Ula Enthong sing lagi mekrok neng awang-awang. Obahe pedhang uga nuwuhake angin gumuruh, kaya swarane lesus sing ngoyak pedhote cleret tahun ing mangsa labuh. Luwih serem maneh bareng Gambangkawat anggone ngobahne pedhang disambi karo pencolotan ngubengi Marga sing lagi ngadeg jejer karo nggoceki pecute. Ing kono katon Marga kaya lagi dikiteri Ula Enthong sapirang-pirang sing cat katon cat ora. Ya iki sing diarani jurus Kobra Putih Nebar Wisa.


Rangga sing nyawang ora adoh karo papane Marga, keplok-keplok seneng kaya bocah cilik sing ngeploki tukang sulap sing lagi mbarang jantur.


"Ati-ati Marga" bengoke Rangga karo keplok-keplok "neng sandhingmu akeh ula bandhotan sing lagi luwe ketoke".


"He Bedhes Pekok" Ajar Taliwangsa sing nyauri pambengoke Rangga "mumpung Adhi Gambangkawat durung tumandang, enggal adhimu dijak timpuh karo nyuwun pangapura. Cepet!!!".


"Kowe ngomong apa wong gerang ora duwe utek? Njaluk ngapura nyang kowe? Luputku apa? Lupute adhiku apa?    Adhimu arep tandang apa? Kok nganggo mumpung barang ki?" Rangga wangsulan karo takon, disusul nggremeng dhewe "bener Marga, omongan karo wong uteke sethithik ki marahi mumet......".


"Woo... dhasar Bedhes nasar ora keneng dieman" Ajar Taliwangsa muntab "nek ngono timbang kesuwen olehe nyepet-nyepeti pandulu, luwih becik ndang matia wae kowe Bedhes".


Ora nganggo gantalan wektu, bareng karo mingkem lambene,  Ajar Taliwangsa mencolot nyaketi Rangga karo tangane kumlawe mupuh sirahe. Pupuhane Ajar Taliwangsa iki genah nek dudu pupuhan lumrah, nanging pupuhan jurus Sembur Dumung sing linandhesan hawa murni sing nggegirisi. Pancen niyate Ajar Taliwangsa kepingin gawe mati mungsuhe ing jurus kapisan. Lan sasuwene iki, nek Ajar Taliwangsa duwe karep ngono kuwi, ora tau ora kaleksanan. Wis ora kena dietung cacahe wong sing wis mati neng tangane Ajar Taliwangsa merga mung kena pupuhan sepisan. 


Nanging emane ing dina iku, sing diarah patine dening Ajar Taliwangsa kuwi Rangga, siswa saka Ki Tanparupa sing selawase urip durung tau ana critane kalah perang. Nalika pupuhane Ajar Taliwangsa kurang sanyari saka sirahe Rangga, Rangga ngiringne sirahe lan tangane kumlawe nyaut lengene mungsuhe. Lengen kuwi disendhal ngeget mengisor. Ajar Taliwangsa kaget, tenagane wis kadhung dilumpukne neng telapak tangane, mula nalika lengene disendhal, Taliwangsa ora bisa ngendhaleni obahe awake, temah kebanting tiba neng lemah, gulung - gulung rada adoh karo papane sekawit.


"Keparat" karo krengkangan tangi Ajar Taliwangsa misuh "entenana piwalesku".


Rangga mesem ngece.


"Kon ngenteni ki jik suwe pa wis meh teka?" Pitakone karo ngguyu.


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (61)

61.

Kaya ora nggatekne omongane Gambangkawat. Marga njupuk linggis lancip sing digawe saka bongkot pring ori kuwi arep dienggo nerusne ndhudhuk Wi Alus.


"Marga, ngati-ati" Rangga mbengoki "Wong sing jare jenenge Gambangkawat kuwi nyekel lading gedhi lho".


"Awakmu ki jare arep nyepakne senggot karo apek banyu, kok malah repot nggatekne wong nyekel lading barang lho?" Marga wangsulan ora karo noleh kanggo ngingeti sing dijak guneman.


"Eee... dikandhani kok malah nyrengeni lho?" Rangga semaur sajak anyel "ladinge landhep, nek ngeneki awakmu bisa tatu, salah-salah bisa dadi bunyik sing suwe marine. Dikandhani kok ngeyel!".


"Awakmu dhewe sing ngeyel" Marga wangsulan karo njupuk linggise "wong sing nyekel lading dudu aku kok, karo maneh sing nyekel lading rak ya wis gedhe tuwa, mesthine wis ngerti nek lading ki dudu barang sing gunane nggo dolanan, nanging ya embuh ya? Dina iki mau dina sing aneh ing sasuwene sejarah uripku".


"Apa kuwi?" Rangga takon .


"Aku kepethuk wong wis tuwek, awake isih kiyeng, nanging gobloge ngungkuli wedhus dipakani senthe" Marga wangsulan terus ngguyu kepingkel-pingkel.


Rangga melu ngguyu banter. Bocah loro kuwi ngguyu bareng, kaya wong sing ora kuwat ngempet krungu crita lucu, banjur ngguyu latah-latah karo nggoceki wetenge dhewe-dhewe.


Rumangsa dianggo  guyonan dening bocah ndesa, Ki Gambangkawat sansaya ndedel nesune. Ora sranta, mencolot mengarep karo ngarahne pucuk pedhange menyang baune Marga. Pucuk pedhang ora disudukne lambung utawa dhadha, nanging diarah ngenani bahu, awit Ki Gsmbangkawat durung kesusu nedya gawe patine Marga. Ki Gambangkawat isih kepengin weruh Marga lan Rangga bocah ndesa tukang luru pala kependhem alasan kuwi nangis ngguguk karo nyembah-nyembah njaluk pangapura marang dheweke, sadurunge bocah loro sing dianggep ora weruh tata kuwi  diremuk daging lan balunge.


Marga sing lagi ngguyu karo mripate merem-merem kuwi kaget nalika ana kekuwatan angin anyep ngarah baune kanan. Kanthi obah naluriyah, Marga nggeser awake mangiwa sajangkah, linggis bongkotan sing neng tangane dithuthukne sakbantere.


"Trang......".


Ana suwara kumlonthang, suwara ketemune linggis bongkotan sing namplek pedhang saka iringan. Ki Gambangkawat mbengok kaget, pedhange meh wae ucul saka gegemane, awake keseret puntingane pedhang, meh wae tiba kejengkang. Tujune Gambangkawat trampil, kanthi mencolot nisih dheweke ora sida tiba. Sauntara Marga mung cengar-cengir karo ngiling-ilingi linggis bongkotane.


"Awakmu ki ngawur Dhi" Rangga srengen saka kadohan "bongkotan pring kok musuhne pedhang, bisa-bisa pepes, ora bisa dinggo ndhudhuk Uwi maneh mengko".


"Gak sengaja kok Kakang" wangsulane Marga "tak kira lading cilik kok, ya wis timbang ngrusuhi olehku arep mregawe, tak dhepane dhisik wong seneng ngamuk iki".


Muni ngono kuwi Marga karo nata jarike. Banjur njupuk pecut sing disabukne neng lempenge.


Marga mlangkah maju nyedhaki Gambangkawat karo ngore pecute.


"Ayo Pakdhe, nek ngajak gojeg tak ladeni kene, nek kowe butuh rewang  aku ya ora kabotan nek kancamu kae kok ajak pisan, timbang mengko ngrusuhi olehku arep ndhudhuk uwi" kandhane Marga karo mripate manther nyawang praupane Gambang kawat. 


"Landhep tenan lambemu bocah" wangsulane Gambangkawat "ora sah kakehan cangkem, aku ijen bisa ngrampungi bathangmu".


Gambangkawat banjur siaga mbukak jurus pedhange. Marga wis ora karo guyon maneh, mripate ora kedhep migatekne saparipolahe mungsuhe.


Ana Candhake. 

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (60)

 60.


Ora suwe maneh, Gambangkawat karo Marga wis rame kerengan. Rangga nyoba nyedhak, samono uga karo Lindhuk lan Taliwangsa sing uga padha nyedhak saka sisih liyane.


Kaya sing wis dirembug antarane Marga, Rangga lan Kyai Saepullah sadurunge budhal mau, anggone Marga kerengan ora nuduhake yen dheweke bocah sing kulina gladhen ulah kanuragan. Tandange kaya wong ngawur, nanging satemene wis diukur. Mangkono mau bener-bener ndadekne mungsuhe gemreget, anyel, pegel, kemropok dadi siji. Wis bola-bali Ki Gambangkawat ngrangsang lan nerjang, sikil lan tangane gentenan diarahne kanggo nglumpuhne mungsuhe, nanging terjangan lan rangsangane Gambangkawat ora ana siji-sijia sing ngenani sasaran. Lupute diendhani ya bisa ditangkis dening Marga. Malah merga ethok-ethok ora nganggo petung, Marga sok kleru, serangan sing kudune ditangkis malah diendhani, sing kudune diendhani malah ditangkis, ngono kuwi kedadean bola-bali.


Ki Gambangkawat dadi judheg dhewe, karepe sing daya-daya bisa gawe Marga bengok-bengok nangis kelaran babar pisan ora katekan. Malah dheweke digawe mumet nggagas cara gelute Marga sing dianggep ngawur. 


"He, bocah edan" Ki Gambangkawat nglereni panrajange karo mencolot memburi, dheweke omong banter "nek nyata kowe wong prawira, aja mung bisa endha karo nangkis. Njajal aku walesen kaya apa panrajangmu!".


"Piye?" Marga takon mbodhoni "sapa sing kandha nek aku wong perwira? Aku mung tukang luru pala kependhem neng alas kok. Karo maneh, aku arep males njotos utawa nyadhuk kowe kuwi aku isih wedi, ngerti pa gak?". 


"Dadi kowe wedi karo aku?" Gambangkawat nggetak karo nesu.


"Ora!!!" Marga wangsulan genti nggetak.


"Bocah edan, omonganmu mencla-mencle" Gambangkawat setengah mbengok.


"Kowe sing ora mudheng, wong kasep mikire!" Marga wangsulan "aku wedi kuwi, wedi karo Pakku. Merga Pakku nate meling, aja seneng njotos, ngaplog, nyadhuk utawa ngamuk wong, merga sing pantes ngono kuwi mung wong sing ora waras pikire, utawa wong bodho sing kebacut mendhone".


"Sansaya nrunyam tembungmu, pancen njaluk disuwek lambemu kuwi" Gambangkawat misuh-misuh.


"Nrunyam piye? Karo maneh aku ora omong kaya sing mbok ucapne lho? Apa pancen kowe wis suda rungon he?" Marga omonge dibanterne, kaya yen ngomong karo wong sing ora waras pangrungone.


"Piye? Mau kowe wis ngarani aku wong edan, saiki kok tambahi ngunekne aku wong budheg. Pancen njaluk tak bethot ilatmu, ben bisa omong sing bener kowe kuwi" Gambangkawat sansaya nesu nganti praupane abang semu ireng.


"Cukup" Marga nyauti rembug "aku gemang omongan karo wong sing ora mudheng karo omongane wong waras, timbang ngladeni kowe luwung tak ngge ndhudhuk Wi Alus wae, genah asile"


Rampung guneman, Marga mlaku njupuk linggise sing mau mencelat, arep nerusne olehe arep ndhudhuk Wi Alus.


"Cring......." Gambangkawat ngliga pedhange sing gedhe tur dawa, ketok landhep mingis-mingis.


"Nek ora ndang tak rampungi, sansaya nrucak bocah ora nggenah iki" karo ngudang pedhange Gambangkawat nggremeng kaya omong dhewekan.


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (59)

 59.


Ki Lindhuk, Ajar Taliwangsa lan Gambangkawat banjur nyedhaki papane Rangga lan Marga sing ethok-ethok ora ngrewes tekane wong telu kuwi. Bocah loro lagi katrem karo Wi Alus sing wite sadriji gedhene. Bocah loro kuwi wiwit ndhudhuk lemah, ngubengi wit Wi Alus, ngati-ati banget ketoke.


"Aja cedhak-cedhak" Rangga ethok-ethok ngandhani adhine "wi ne ben utuh mengko".


"Iya, iya" wangsulane Marga "Wi Alus kuwi wohe memgisor, dadi mengko kudu disenggot ben bisa dibabut utuh".


"Ya wis, nek ngono aku tak gawe senggote karo ngangsu banyu nyang belik" Rangga ngadeg karo omong "awakmu sing nglakari dhudhukane".


Nalika Rangga arep mlaku ninggalne Marga, pas Ki Lindhuk, Ajar Taliwangsa lan Gambangkawat marani panggonane. Rangga mandheg ora sida mlaku, ganti ngingeti wong telu kuwi karo mripate nuduhne tandha pitakonan.


"Kaget apa piye kowe kuwi Le?" Gambangkawat takon karo mesem "kok olehmu nyawang tanpa kedhep!".


"Ya mesthi wae aku kaget" Rangga wangsulan "wong mau ora ana sapa-sapa kok, ngerti-ngerti ana wong telu. nDika iku sapa lan bangsane lelembut apa bangsane manungsa?".


Gambangkawat ngguyu krungu wangsulane Rangga sing keprungu lugu kuwi.


"Jenengmu sapa lan omahmu ngendi he? Kok wani nungkak krama, ora nganggo basa, omongan karo Ki Gambangkawat. Apa pancen ora bisa basa he?".


"Ooo, dadi nDika Ki Gambangkawat?  Jenengku Rangga, kuwi adhiku jenenge Marga, aja dadi atimu Ki anane aku ora basa, merga nDika sing muruki ora basa, dadi aku mung nerokne basa nDika".


"Keparat" Gambangkawat misuh, rumangsa diwaneni bocah nom, eseme wis ilang, tembunge dadi galak "lha omahmu ngendi? Neng kene golek apa? Apa kowe ora ngerti yen kene iki isih klebu reh-rehane Desa Tundhan he?".


Rangga mrengut oleh suwara santak ngono kuwi, wangsulane sakepenake:

"Omahku ngendi kuwi dudu perkaramu, ngerti utawa ora ngerti nek kene iki kebawah Desa Tundhan, kuwi perkaraku dudu perkaramu, butuhku neng kene mung luru pala kependhem neng alas, sing thukul dhewe ora ana sing nandur, dadi sing tak goleki kuwi rejeki peparinge sing gawe urip marang kabeh titahe, klebu aku".


Merga Rangga wangsulan ngono kuwi, ora mung Gambangkawat sing nesu, Ki Lindhuk lan Ajar Taliwangsa uga melu pegel atine.


"Sajake sing kok jak omong iki menungsa sing ora weruh tata Dhi" Ajar Taliwangsa ngomongi Gambangkawat "ben ngerti tata, sajake butuh dislenthik kupinge bocah kuwi".


Gambangkawat ngguyu banter krungu kandhane Ajar Taliwangsa ngono kuwi, nanging sadurunge semaur, kedhisikan Marga sing lagi ndhudhuk Uwi Alus, ngomong banter marang Rangga :


"Si Kakang iki senengane kok mesthi ngono lho? Jare arep nyepakne senggot karo golek banyu, kok malah ngladeni omongane wong sing ora cetha, senengane ngawur kaya wong nglindur,  mamerne bodhone neng ngarepe awake dhewe. Omongane wong ngono kuwi ora pantes digatekne, disauri ya ora ana gunane.......".


"Wedhus ora urus, mingkem!" Gambangkawat mbengok karo mencolot ngarah nyang ngarepe Marga "pranyata lambemu luwih landhep timbang sedulurmu, iki rasakna!!!".


Karo muni ngono kuwi tangane Gambangkawat kumleyang ngampleng lambene Marga.


Kaya wong kaget, Marga nibakne awake memburi, kamplengane Gambangkawat luput, nanging linggis sing ana tangane Marga mencelat adoh merga kesrempet kepelane Gambangkawat. Sepisan maneh Marga ngglundhungne awake ngedoh.


Karo tangi Marga kober nggremeng :

"Wong ora cetha! Awas, nek nganti linggisku ilang!".


Gambangkawat ora ngrewes omongane Marga, genti sikile obah kumlawe nyadhuk ngarah lambung saka sisih tengen. Sepisan maneh Marga kaget, ora kober endha, tangane ditekuk kanggo ngayomi lambunge. Dadine Marga kesurung memburi telung jangkah, sedheng Gambangkawat sing sadhukane nenggor lengen, mental memburi meh tiba kejengkang.


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (58)

 58.


Bareng lakune Ki Lindhuk, Ajar Taliwangsa lan Gambangkawat wis nyedhaki gisik, wong telu kuwi banjur leren. Katelune lungguh neng watu sing pating tlenuk neng kono. 


"Nek kene iki ana tandha yen kerep disaba menungsa" Ki Lindhuk omong alon.


"Inggih kula nggih saged ngraosaken Paman" wangsulane Ajar Taliwangsa "nanging sinten punika? Adhi Luwukabang, Tamparangin, Klabangireng sakancanipun, Landhung miwah sapukawatipun, napa malah tiyang sanes ingkang boten wonten sambetipun kaliyan awakipun piyambak?". 


"Kuwi sing durung cetha" wangsulane Ki Lindhuk "najan mangkonowa, aku duwe pangira, Landhung utawa Klabangireng mesthi wis tau ngliwati laladan iki, dadi saupama mengko tinemune sing kerep saba mrene kuwi wong liya, wong mau bisa ditakoni, mbok menawa bisa aweh katrangan ngenani Landhung utawa bocah-bocahe dhewe".


"Inggih Paman" Gambangkawat wangsulan "senaosa makaten, punapa saben dinten mesthi wonten tiyang ingkang ngambah laladan punika?"


"St......st....st...." dumadakan Ki Lindhuk ngangkat driji panudinge diseleh neng lambe, minangka tengara supaya kabeh padha meneng.


Kupinge Ki Lindhuk krungu ana suwara jangkah sing isih rada adoh nyedhaki papane. Ora akeh, kira-kira ana wong telu nek ora papat.


"Najan mbuh saben dina mbuh ora, nanging dina iki ana suwarane jangkah nyedhak mrene" kandhane alon "ora akeh mung wong telu utawa papat".


"Punapa prayogi dipun caketi Paman?" Gambangkawat takon.


"Ngono ya kena" wangsulane Ki Lindhuk "nanging luwih prayoga didelok dhisik, apa sing ditindakne wong-wong kuwi".


Ki Lindhuk banjur ngadeg, mlaku alon-alon. Tangane aweh sasmita supaya Taliwangsa lan Gambangkawat rada mencar.


Sauntara sing dirungokne Ki Lindhuk sajake ya ngerti nek ana sing meneng-meneng arep ndhendhepi solahe. Nanging padha api-api ora ngerti. Kanggo ngecelikne sing ndhedhepi, Marga malah nyuwara banter :


"Weleh, tiwas ndadak ngrekasa nyabrang jebul uwine malah arang-arang Kang".


Krungu omonge Marga sing banter kuwi, Rangga mesem, banjur wangsulan ora kalah bantere :


"Iya, nanging neng sisih kono kuwi mau gembiline luwih kerep lan gedhe-gedhe" .


Bocah loro kuwi olehe omongan kober dirungokne klawan cetha dening Ki Lindhuk, Ajar Taliwangsa lan Gambangkawat sing wis cedhak lan amping-amping gegrumbulan.


"Yen ngono, wong-wong iki klebu wong anyar sing ngambah laladan kene iki? Yen ngono genah nek ora bisa ditakoni babagan Landhung utawa Klabangireng" ngono batine Gambangkawat.


"Apa sing kok pikir?" Gambangkawat kaget, Ki Lindhuk jebul wis neng mburine, banjur ndemek geger karo takon.


"Tiyang-tiyang niku" Gambangkawat wangsulan alon.


Ki Lindhuk mesem, kandhane :

"Mung bocah padesan sing kesrakat uripe, teka kene mung arep luru pala kependhem. Sajake bocah saka sabrang lor......".


"Dados niku lare-lare ingkang boten wonten ginanipun Paman?" Gambangkawat takon.


"Mengko dhisik" wangsulane Ki Lindhuk "coba ayo ditakoni, mbok menawa ana gunane".


Ana Candhake

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (57)

 57.


Wong sekti telu kuwi wiwit nitik papan-papan sing kira-kira diliwati dening Luwukabang sakancane nalika diprentah ngendheg lakune wong-wong sing ditengarani Ki Landhung sakancane sing arep nglurug nyang Tundan. Nanging wong telu kuwi malah kethukulan rasa gumun, awit ora nemoni tandha-tandha tilas paprangan babar pisan. Kamangka kabeh dalan sing tumuju desa Tundhan saka lor lan kulon wis dititik. Lan pancen miturut kabar sing digawa telik sandi wingenane kae, barisan sing tumuju Tundhan asale saka lor kulon, mula Klabangireng banjur diprentah mapag menyang papan kono kuwi. Nanging kanyatan sing ditemoni, neng kono babar pisan ora katon ana tandha-tandha yen Klabangireng sakancane liwat kono. Uga ora ana tandha-tandha yen ana barisan sing tumuju Tundhan liwat kono.


"Aneh" Ki Lindhuk ngucap alon.


"Kadospundi Paman?" Gambangkawat takon.


"Lha iya?" Ki Lindhuk semaur, kaya nyauri pitakone dhewe "ora ana tandha-tandha yen Luwukabang lan bocah-bocah nate ngambah laladan kene iki".


"Nanging" Ajar Taliwangsa melu omong "apa bener yen bocah-bocah wingenane kae tumuju papan kene iki?".


"Prentahku ngono Kakang" Gambangkawat semaur "nanging apa mrene tenan apa ora? Kuwi sing ndadekne bingunge atiku. Uga sing dicritakne bocah telik sandi kae, jarene Landhung lan wong-wonge mlaku saka lor kulon, kudune Klabangireng sakancane bisa pethuk neng kene. Nanging nyatane kok kaya ngene?"


"Mbok menawa wae, ora neng kene ketemune wong-wong mau" Ki Lindhuk omong maneh.


"Nggih cobi mawon, awakipun piyambak nglajengaken mengaler ngilen malih" Gambangkawat nyauti "mbok menawi lare-lare dipun pancing mlebet wana mriku".


Ora wangsulan Ki Lindhuk nerusne lakune lan wiwit mlebu alas sing ditudingi Gambangkawat. Ajar Taliwangsa lan Gambangkawat ngetutne neng mburine.


Sauntara kuwi, ing gisik Bengawan Kyai Saepullah sing lagi jejagongan karo Rangga, Marga lan Ki Landhung, dikagetne merga tekane Prana sing lagi oleh ayahan ngulat-ulati kahanan ing brang kidul karo Ki Bebau ing Saradan.


"Nyuwun pangapunten Kyai" Prana kandha sajak kesusu.


"Iya ana apa Ki Prana kok sajak gita-gita?" Kyai Saepullah takon.


"Kautus Ki Bebau Saradan, ngaturi uninga, bilih ing wana brang kidul wonten Ki Gambangkawat kaliyan rencangipun kalih ketingale badhe mlampah tumuju mriki" Prana matur trawaca.


Kyai Saepullah mesem, wangsulane :

"Iya Ki Prana, lapuran ndika wis tak tampa. Saiki ndika tak aturi matur Ki Bebau Saradan supaya sedulur-sedulur sing ana brang kidul diaturi nyabrang ngalor kabeh. Karo ndika aturake pisan yen aku sarta Ki Landhung lan Angger Rangga miwah Marga sing arep nemoni Gambangkawat sakancane".


"Inggih Kyai, kepareng lengser rumiyin".


"Iya Ki, sing waspada!".


Saungkure Prana, Kyai Saepullah banjur rembugan karo Ki Landhung, Rangga lan Marga.


"Sajakipun Gambangkawat rumaos kecalan Kyai" kandhane Kyai Saepullah marang Ki Landhung.


"Inggih limrah ta Kyai?" wangsulane Ki Landhung karo mesem "tiyang gegedhug lan andel-andelipun ingkang dikengken nyegat santrinipun Kyai, sedaya ical tanpa lari".


"Nanging kok ingkang madosi malah Gambangkawat piyambak? Namung kaliyan rencangipun cacah kalih?" Kyai Saepullah takon.


"Kula kinten, tiyang kalih punika dede tiyang sembarangan Kyai" Ki Landhung wangsulan "saged ugi punika ugi agul-agulipun Gambangkawat, awit ingkang ical ugi kalebet gegedhugipun" 


Kyai Saepullah manggut-manggut sedhela, banjur genti takon marang Rangga lan Marga :


"Lajeng prayoginipun lampah kados pundi ngger?" .


Rangga mesem, banjur kandha :

"Punika tuhu kaleresan Rama, samangke supados Tundhan langkung cepet padhang. Awakipun piyambak kedah andum damel"


"Andum damel Pripun ngger?" Ki Landhung nyela takon.


"Saenipun, Gambangkawat lan kancanipun kalih ingkang sak niki dhateng mriki, kula ajakipun gojegan kaliyan adhi kula Marga, sokur menawi Rama Kyai kepareng ndherek ngregengaken. Lajeng sedaya kadang Santri, supados kaesuhan Ki Landhung bablas dhateng Tundhan".


"Kula mathuk sanget punika Anakmas" Ki Landhung manggut-manggut.


"Inggih, prayoginipun liwat margi ingkang sisih wetan mawon Kyai" Kyai Saepullah aweh pamrayoga.


Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (56)

 56.


Ki Gambangkawat nyawang Ajar Taliwangsa, awit apa sing dikandhakne Ki Lindhuk pancen klebu ing nalar, mung wae rasaning atine Gambangkawat durung bisa nampa yen Luwukabang lan Tamparangin uga Klabangireng duwe lekas nyidrani kaparcayan sing diwenehake kuwi. Ajar Taliwangsa sajak bisa ngrasakne apa sing dirasakne Gambangkawat, mula banjur kandha :


"Apa sing didhawuhne Paman Lindhuk kuwi pancen ketoke akeh benere, nanging luwih pas maneh manawa ana bukti sing ora mung mandheg ing pangira-ira".


"Kersane Kakang Taliwangsa?" Gambangkawat takon.


"Si Adhi luwih becik  kongkonan bocah sing wis rada apal laladan Tundhan kene, supaya nitik tilas-tilas anane paprangan antarane Landhung lan kanca-kancane lumawan wong-wonge dhewe".


"Kuwi sing luwih pas" Ki Lindhuk nyauti rembug "nanging aku duwe panemu ngene, mengko wae Anakmas Taliwangsa karo aku wae sing budhal nitik. Kajaba ben ora ngawistarani, uga nek sing tuwa-tuwa ngene iki sing tandang ora kakehan pitakonan".


"Menawi makaten, kula inggih kepengin ndherek Paman" Gambangkawat numpangi rembug.


"Ngono ya becik wae" wangsulane Ki Lindhuk "nanging gaweyanmu pasrahna menyang Kesit luwih dhisik".


"Harak namung sekedhap ta Paman? Napa mbetahaken wekdal ngantos setunggal dinten?".


"Oraa wae, nek gaweyan ana sing nyekel rak ya ora dadi pikiran ta Dhi?" Ajar Taliwangsa melu nindhihi rembug.


Gambangkawat ora semaur, mung banjur ngadeg narik taline gentha ambal pindho, banjur bali lungguh kumpul karo Ki Lindhuk lan Ajar Taliwangsa.


Ora suwe Kesit mlebu munggah pendhapa, nemoni Gambangkawat.


"Wonten dhawuh Bapa?" sadurunge ditakoni Kesit luwih dhisik cadhong dhawuh.


Ki Gambangkawat banjur kandha yen mengko arep ndherekne Ki Lindhuk lan Ajar Taliwangsa ngangklanf jagat Tundhan. Kesit kapasrahan wewenang ngrampungi lamun sasuwene ditinggal ngangklang ana perkara.


"Nanging iki aja nganti krungu sapa-sapa" welinge Ki Gambangkawat sabanjure.


"Inggih Bapa" Kesit semaur, "napa Bapa kaliyan mBah Lindhuk badhe bidhal enjing niki?".


"Iya, mula aja tinggal kaprayitnan. Yen ana sing sajak nguwatirake, kirima tengara mawa panah sendaren sing matundha" 


"Inggih Bapa"


Kesit banjur alon-alon mundur, ngumpuli kanca-kancane sing mapan ana gandhok sawetane Pendhapa.


Ana candake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (55)

 55.


Kyai Saepullah unjal ambegan landhung, jroning ati ngunjukne syukur marang Allah, awit sajake cahyaning pituduh wis ambyok ing atine Luwukabang. Mula Kyai sing wicaksana iku banjur mangsuli pitakone Luwukabang :

"Ooo, kuwi ngene Ki Luwukabang, sajroning kahanan mangkono iku, yen ndika kepengin ngunjukne sembah marang Allah ya cukup klawan ora obah, jroning cipta ngunjukne ucaping panembah sacukupe. Dene yen ndika ngersakne atur bekti marang sapepadhaning titah, ndika cukup matur marang sing arep ndika bekteni klawan ucap pangabekti" .


Luwukabang gumuyu lirih, rumangsa lega oleh wangsulan ngono kuwi. Banjur ora suwe, tumuli ngucap nyebut jenenge Rangga :

"Dhuh sang mustikaning bawana Kaki Rangga.......".


Rangga sing jenenge disebut gage nyaut :


"Ana apa Ki Luwukabang?".


"Jagad neksenana, dinten niki kula Luwukabang anetepi sumpah, mugi Kaki Rangga kersaa nampi pangabekti saking kula, lan mugi sedaya anekseni bilih kula sampun miwiti kangge sadanguning gesang kula, badhe manut miturut dhumateng Kaki Rangga minangka guru kula".


"Semanten ugi kula" Tamparangin karo isih ngglethak ya melu omong "bilih wiwit dinten punika kula prasetya dados abdinipun Ki Rangga, sedaya dhawuhipun badhe kula estokaken lan boten pisan-pisan wantun ndaga ingkang dados kersanipun Ki Rangga".


Krungu omonge Luwukabang karo Tamparangin ngono kuwi, Rangga banjur nyaut kanthi tembung sing alus :

"Ki Luwukabang lan Ki Tamparangin, perkara sing ndika kandhakne kuwi, aku wis bisa ngerteni. Mung wae, jawabanku ndika wong loro tak aturi sabar ngenteni, yaiku mbesuk wae yen ndika wis bali waras kaya wingi uni".


Kyai Saepullah rumangsa marem, awit katon yen gegedhug loro andel-andele Ki Gambangkawat kuwi sajake kena diajak manjing marang laku tobat. Kyai Saepullah uga ndedonga sajroning atine, muga-muga wong-wong liyane uga padha kaparingan hidayah temah gelem nulad lekase gegedhug loro kuwi.


Sauntara iku, sing ana ing Tundhan Ki Gambangkawat sing lagi rembugan karo Ki Lindhuk lan Ajar Taliwangsa, nelakake gumun wor lan kuwatiring atine.


"Niki mpun sepeken Klabangireng, Adhi Tamparangin lan Adhi Luwukabang kula kongkon nyegat lampahe Ki Landhung teng sajawine Dhusun, nanging dugi sepriki dereng wonten kabare" kandhane Ki Gambangkawat marang Ki Lindhuk lan Ajar Taliwangsa ing pendhapa kalurahan Tundhan.


"Lha ya, maune aku ya ora nggagas bab kuwi" wangsulane Ki Lindhuk "nanging bareng nganti sepasar ora ana wartane banjur thukul pitakonan-pitakonan ing atiku".


"Pitaken kados pundi Paman?" Taliwangsa takon.


"Miturut petung sing waras" Ki Lindhuk wangsulan "kudune bocah-bocah kuwi wis bisa ngrangket Landhung sakancane kabeh. Mula tuwuh pitakonan : apa kira-kira barang lan bandha sing digawa Landhung kuwi mbejaji banget? Banjur bocah-bocah kuwi melik, kepengin nyingidne luwih dhisik, dadi ora digawa bali mrene".


"Lha nek ngotena saestu, inggih pantes nampi pidana ingkang awrat Paman" wangsulane Gambangkawat "nanging, kok sajake mboteb badhe ngoten, tiyang wonten Adhi Luwukabang miwah Adhi Tamparangin".


"Lha nek ora ngono banjur ana kedadeyan apa kira-kira?" Ki Lindhuk wangsulan "upama bocah-bocah kuwi bisa dikalahne dening Landhung sakancane, mesthine Landhung ya wis tekan kene, wong tujuwane rak pancen arep mrene. Ya ra?".


Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (54)

 54.

Lungit meneng sedhela. Diran karo Tugur ketok ora sabar ngenteni bacute crita. Ora suwe Lungit mesem amba banjur mbacutne crirane :

"Ngerti nek aku sakancaku ora bisa tangi merga remuk bebalunge ketiban sabetan sorbane, dening Kyai Saepullah aku sakanca digawa menyang papan paleremane. Patang puluh dina diopeni nganti bisa pulih kaya sadurunge. Sajroning patang puluh dina kuwi, jroning atiku ana rasa aneh kaya sing ndika sakloron rasakne wektu iki".


Tugur karo Diran manggut-manggut ngrasa eram merga critane Lungit sing ngono kuwi.


"Bareng aku lan kanca-kancaku wis waras" Lungit nerusne kojahe "dening Kyai Saepullah ditundhung supaya ninggalne papan kono. Nanging gandheng aku wong lima wis kadhung krasan ndherek Kyai Saepullah, aku sakanca gemang pisah karo Kyai, mula aku banjur matur kepengin ndherek sinau ngilmu kautamaning laku. Panyuwunku ditampa, nganti seprene aku dadi santrine Kyaiku ya guruku Kyai Saepullah".


Tugur lan Diran sansaya kasengsem marang critane Lungit. Tuwuh jroning atine wong loro kuwi rasa kepengin niru lekase Lungit, yaiku kepengin matur marang Kyai Saepullah yen kepengin ndherek suwita dadi santrine murih tinuntun ngambah laku tobat. Saupama pepenginane kuwi mengko kudu tinebus pedhoting sesambungan karo kanca-kancane sing milih bali urip ngliwati dalan lawas, jroning atine wong loro kuwi bakal nekad.


"Nuwun sewu Ki Lungit" sawuse meneng sauntara Diran ngomong alon "upama aku kepengin nulad lekas ndika, ndherek suwita lan melu ing laku tobat, kira-kira Kyai Saepullah kersa nampa apa ora ya?".


Lungit mesem, wangsulane :

"Ya njajal dicoba matur marang Kyai. Nek ndika temen-temen duwe niyat mangkono mrsthi bakal ditampa".


"Apa Kyai Saepullah bisa maca niyat sing ana atine wong liya?" Tugur takon.


"Aja salah tampa" wangsulane Lungit "yen ndika niyate suci, mangka Gusti Allah sing bakal ngobahne penggalihe Kyai".


Sauntara iku, kahanane Luwukabang, Tamparangin lan Klabangireng mbaka sethithik sansaya luwih apik. Kanthi sabar Kyai Saepullah tansah ngopeni wong telu kuwi saapik-apike. Bebalung sing padha remuk ditata ing papane sakawit, banjur diboboki karo maneka warna gegodhongan sing ngemu tamba. Satata sing dhasare seneng nggilut kawruh kawarasan, kadhawuhan dening Gurune supaya melu ngopeni wong telu kuwi. Satata dhewe rumangsa seneng nglakoni dhawuhe gurune, awit kajaba bisa muwuhi kawruhe, nadyan mung sethithik wis bisa melu ngecakne kawruh kamanungsan, yaiku aweh pitulungan marang sok sapaa sing mbutuhake.


Luwukabang, Tamparangin lan Klabangireng, sing manggone jejer-jejer, tansah bisa omong-omongan siji lan sijine. Dadi ora rumangsa kasepen merga ora ana sing ngajak cecaturan.


"Ndika wong telu tak aturi nglonggarne pikir dhisik" kandhane Kyai Saepullah sawuse rampung mboboki wong telu kuwi "kanggo sawantara, ora susah mikir sing abot-abot dhisik, merga kuwi dadi kuncine ndika enggal bisa waras lan pulih kaya wingi uni. Perkara ndika isih kepengin gawe petung karo Angger Rangga, mengko bisa dirampungne yen ndika wis padha waras. Harak inggih makaten ta Angger Rangga?".


Rangga sing wektu kuwi ana kono, kaget krungu jenenge disebut Kyai Saepullah, gage wae aweh wangsulan :


"Inggih, inggih Rama Kyai. Inggih mugi-mugi kemawon priyantun tetiga punika enggala saras, pulih kados wingi uni".


"Rama Kyai......" dumadakan Luwukabang omong alon "punapa kula kepareng badhe nyuwun pirsa?".


"Ana apa Ki Luwukabang? Aja menggalih sing abot-abot dhisik" Kyai Saepullah wangsulan karo nyedhak.


"Inggih Rama" Luwukabang bali omong "namung badhe matur, kadospundi caranipun atur pangabekti tumrap tiyang ingkang nembe kados kula ngaten punika?".


Sing padha krungu pitakone Luwukabang ngono kuwi padha rada gumun. Jebul Gegedhug sing dadi andel-andele Ki Gambangkawat kuwi bisa migunakake basa krama sing alus. Lha sing ditakokne kok ya aneh, carane ngaturake pangabekti, lha Gegedhug sing duwe kadigdayan linuwih iki apa arep ngaturake pangabekti? Marang sapa?.



Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (53)

 53.

Wis sepasar suwene wong-wonge Gambangkawat andhahane Klabangireng kumpul karo santri-santrine Kyai Saepullah neng gisik bengawan sisih lor. Nadyan drajate telukan nanging anggone ngrengkuh para santri marang wong-wong mau ora kaya marang wong sing lagi wae memungsuhan. Dina kapindho saka anggone teka neng papan palerenane Ki Wangsa, wong-wonge Gambangkawat diperang dadi telung pepanthan, semono uga para santrine Kyai Saepullah. Sing sapantha dipandhegani Bebau ing Palkuning padha diajak yasa gubug-gubug palerenan. Sing sapantha maneh dipandhegani Bebau Ngampon, padha diajak mlebu alas luru pala kependhem kanggo pasadiyan pangan. Dene sing sapantha maneh, nyabrang mangidul disuhi dening Ki Saradan, ngulat-ulati menawa ana bebaya sing teka.


Wohing kumpul karo sing nelukne, oleh tangkeb sing becik, basa sing grapyak semanak lan kebak rasa pasaduluran, ing atine wong-wong sing kulina urip kasar lan ngendelne kuwating raga kuwi wiwit kegugah atine, bisa ngrasakne urip sing rada tentrem. Ora kuwatir yen nganti ditindhes dening sing jarene kancane dhewe. Nindakne pagaweyan ora merga saka wedi oleh prentah saka sing kuwasa, nanging sinurung rasa asih marang sapepadhane.


"Aku ngrasakne ana rasa aneh neng jero ati iki iki Kang?" kandhane Tugur salah siji saka wong-wonge Gambangkawat marang kancane sing jeneng Diran. Nalika wayahe leren awan.


"Aneh piye?" Diran takon "aja-aja rasamu lan rasaku padha?"


"Aku tansah kelingan, jaman sepisanan kumpul karo Ki Klabangireng" Tugur wangsulan.


"Lho? Gajeke kowe biyen telukan saka Gunung Kelir ta?" Diran takob maneh.


"Bener Kang" wangsulane Tugur "lha ya kuwi, biyen aku melu gladhen kanuragan ing desaku, kanthi pangarep-arep duwe kaluwihan tinimbang kancane, jebul malah ditekani kongkonane Ki Klabangireng aku sakanca dipeksa teluk nek ora kepengin mati siya kaya guruku, lha bareng oleh setengah tahun dadi telukan, banjur didadekne andhahan, saiki genti ditelukne Kyai Saepullah".


"Critaku lan critaku meh padha" Diran wangsulan "aku wis lali sapa wong tuwaku sing sejati, eling-eling aku wis dadi open-openane Kere sing dibasakne Biyung Gerang maranf dheweke, bareng aku wis rada gedhe, aku dielokne Ki Klabangireng, banjur saiki dadi telukane Kyai Saepullah iki. Banjur sing kok arani ana rasa aneh kuwi rasa sing kepiye?".


"Ngene lho Kang" Tugur semaur "biyen nalika aku urip dadi cantrik kanuragan ing desaku, saben dina aku nglakoni prentahe guru, yen nganti ndaga dhawuh bakal nampa ukuman sing abot saka guruku. Banjur bareng dadi telukan, apa sing tak tindakne gumantung karo sing wis nelukne. Urip iki anane mung yen ora kepengin remuk ragane kudu gelem diina lan diprentah sakepenake sing prentah, sanajan wis didhaku dadi andhahan uripku ya ing ngisore prentah juragan, yen nganti kleru nindakne dhawuh, dipisuh-pisuhi, diunek-unekne sing gawe laraning ati, kuwi isih diarani beja, tinimbang diajar lan dipala. Lha rasa aneh sing tak rasakne saiki iki, sasuwene dadi telukane Kyai Saepullah iki, tembung kasar, pisuh, pangina babar pisan ora ana, luwih-luwih wujude pasiksan marang raga, babar pisan ora nate kecrita. Malah rumangsaku antarane santri - santri kae, karo awake dhewe ora ana bedane. Jujur wae Kang, aku luwih krasan dadi telukane Kyai Saepullah........".


"Jebul rasamu lan rasaku padha" Diran wangsulan "saka rumangsaku, dadi telukane Kyai Saepullah iki ora ana rasa uwas, ora ana rasa kuwatir".


"Rasa ndika sakloron iku ora beda karo rasaku, nalika sepisanan aku ndherek Kyai" Diran lan Tugur padha kaget, dumadakan ing sacedhake wis ana wong liya, yaiku Lungit santrine Kyai Saepullah.


"Lho, ndika iki rak Santrine Kyai Saepullah ta?" Diran groyok takon.


"Bener Kisanak, jenengku Lungit dadi Santrine Kyai Saepullah wis rada suwe" wangsulane Lungit karo mesem.


"Beja temen urip ndika Ki Lungit" Diran tumanggap "bisa dadi santrine Kyai Saepullah, beda karo wong tulising uripe kaya aku iki, cilik mula mung dadi wong sing ora genah kiblate".


"Aja kleru tampa Kisanak" Lungit wangsulan "biyen aku ora tepung karo agama, pagaweyanku kajaba colong jupuk duweke liyan, aku ya jagal bayaran, dudu jagal kebo utawa sapi, nanging jagal menungsa".


"Elho?" Diran mlengak.


"Bener, banjur aku disewa dening wong sugih ngakune saka cedhak gunung layang kana. Aku bakal diopahi bandha donya sing ora sethithik nek bisa nugel gulune Kyai Saepullah".


"Lha kok saiki malah dadi Santrine?" Tugur takon.


"Ya kuwi sing diarani Maha Murahing Allah marang titahE" Lungit nggenahake "kanggo ngrampungi Kyai Saepullah aku ngajak kanca cacah papat, tak ajak nyegat Kyai Saepullah. Jebul dudu Kyai Saepullah sing tumekeng pati, nannging aku wong lima sing nandhang tatu sing upama ora oleh wong sing pinter nambani, bisa uga aku wong lima tumekeng tiwas, sabeja-bejane bakal dadi wong cacat sing ora ana gunane ing selawase uripe".


"Ndika sakanca kalah mungsuh Kyai Saepullah? Malah nandhang tatu abot? Banjur sapa sing nambani?" Diran takon.


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (52)

 52.

Nadyan durung bisa apa-apa, nanging kahanane Klabangireng, Luwukabang lan Tamparangin wis ora mbebayani maneh. Kari mbutuhne wektu sing rada suwe kanggo marekne balung-balunge sing padha remuk. Sauntara wong telu kuwi leren, Kyai Saepullah banjur njagongi Ki Labdhung sing uga lagi jejagongan karo wong liyane klebu Rangga lan Marga.


"Sakniki prayogining lampah kados pundi Ki?" Ki Landhung takon marang Kyai Saepullah "kula kinten, titiyangipun Gambangkawat taksih kathah ingkang mapan ing Tundhan".


"Leres Kyai" wangsulane Kyai Saepullah "langkung prayogi awakipun piyambak wangsul dhateng gisik ler benawi malih kemawon. Pripun menawi makaten Angger Rangga?".


"Kula ndherek pamanggihipun Kyai Saepullah kemawon" wangsulane Rangga "mangke ing gisik saged dipun rembag malih kados pundi prayogining lampah".


Kyai Saepullah tumuli printah marang santri-santrine supaya yasa tandhu kanggo ngusung wong telu digawa menyang gisik papan palerenane Ki Wangsa. Ora suwe wong-wonge Gambangkawat klawan dikawal para Santrine Kyai Saepullah diajak budhal menyang Gisik minangka telukan.


Sing kaprentah mikul tandhune wong telu sing ora bisa mlaku yaiku santri-santrine Kyai Saepullah kabeh, kanthi gentenan. Wong-wong sing dadi telukan, sing uga klebu bawahane wong sing dipikul padha gumun, dene sikepe Kyai Saepullah lan santri-santrine marang mungsuh sing wis tanpa daya, katon keliwat becik. Mangkono iku adoh banget bedane karo sikep sing kerep dicakne golongane wong-wong kuwi nalika bisa ngalahne mungsuh-mungsuhe.


"Sing mikul aku iki sapa ya?" Luwukabang sing mlumah ora bisa obah ing dhuwur tandhu takon klawan suwara sing alon.


"Kanca-kanca Santrine Kyai Saepullah Ki" wangsulane salah siji sing mikul "apa ndika ngrasakne nggonku sakanca mlaku ora rata? Utawa kekasaren?".


"Ora, ora Kisanak" wangsulane Luwukabang alon "laku ndika krasa alus lan kepenak tak rasakne, aku mung bisa ngaturne panuwun marang nDika kabeh, muga-muga Sing Kuwasa paringa kanugrahan marang ndika".


"Matur nuwun Ki" wangsulane sing mikul "saiki kasekecakna dhisik nggon ndika sarean, welinge Kyai mau ndika ora dikeparengake kakehan obah lan menggalih sing neka-neka luwih dhisik, ben badan ndika bisa enggal pulih".


"Iya Kisanak" tanpa krasa ana luh anget nelesi pipine Luwukabang, mbok menawa selawase urip ya lagi iki ana rasa aneh sing nggremeti sajroning dhadhane "kudune aku sing matur nuwun lan nyuwun pangapura marang Kyai Saepullah, Adhi Rangga lan nDika kabeh. Apa aku oleh ngerteni kepiye kahanane sedulurku si Tamparangin, Klabangireng lan wong-wong saka Tundhan kongkonane Adhi Gambangkawat ?".


"Ki Klabangireng karo Ki Tamparangin, padha karo ndika Ki, ditandhu lan digawa nyang papan palerenan murih luwih cepet warase. Para andhahan ndika uga padha melu ngeterne mrana, isih utuh ora ana sing keplayu, kabeh mlaku dhewe-dhewe kanthi mardika awit dudu telukan sing kudu dibanda tangane".


Klabangireng lan Tamparangin sing uga ngglethak neng ndhuwur tandhu, padha krungu rembugane Luwukabang karo sing mikul. Kekarone pancen dipikul neng ngarep lan mburine Luwukabang. Meneng-meneng kekarone padha gumun marang sikepe Kyai Saepullah lan para Santrine. Wong telu kuwi padha durung ngerti nek Ki Landhung lan Bebau Ngampon, Palkuning lan Saradan uga wis ana kono, mlaku neng mburi ngetutne lakune Kyai Saepullah lan santri-santrine. Wong-wong kuwi uga padha ora ngerti yen Kyai Saepullah wis utusan santrine sing sepuluh supaya ndhisiki laku, lan nyiagakne papan lan pasugatan kanggo kabeh wong sing ana rombongan kuwi.


Karo mlaku ora ana sing nyuwara apa-apa, kabeh santri padha muji dikir klawan suwara  alon sing mung bisa dirungokne kupinge dhewe-dhewe. Mung wong-wong sing lagi mikul tandhu, kala-kala nyuwara, nakoni sing dipikul mbok menawa mbutuhne apa ta apa.



Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (51)

 51.


Krungu rembuge Luwukabang karo Tamparangin sing ngono kuwi mau, Rangga dadi muntab. Luwih-luwih bareng weruh yen Kyai Saepullah uga melu repot merga nylametne wong-wong sing kena upas sing sengaja disebarake dening Tamparangin. 


Rangga sing maune mung tansah ngendhani panrajange mungsuhe iku, dumadakan mletik memburi ngedohi mungsuhe, banjur siaga arep ngadu kekuwatan. Tamparangin weruh Rangga mletik memburi, ngira yen Rangga wiwit kuwalahan ngadhepi tandange. Mula tuwuh rasa seneng ing atine lan daya-daya mburu arep nandukne goloke kanggo ngrampungi mungsuhe.


Nanging panyanane Tamparangin adoh karo kanyatan sing satemene. Nalika Tamparangin nerjang karo mbabitne goloke, Rangga luwih dhisik siaga. Teken pring kuning sing dicekeli nganggo tangan tengen, dhisike nyampluk ugel-ugele Tamparangin sing epek-epeke kanggo nyekeli golok. Sakala Tamparangin ora kuwawa ngukuhi sing dicekel, goloke mencelat tanpa kena dipenging. Durung nganti Tamparangin bisa ngrasakne lara ing tangan, disusul teken pring kuning sing disolahne Rangga mbabat pupu, Tamparangin mbengok, awake kebanting nyang lemah. Nyoba ngrekel arep tangi, nanging sikile wis ora bisa diobahne, balung pupune remuk.


Weruh Tamparangin rubuh, para Santri padha keplok lan surak gumuruh. Kang mangkono iku ndadekne wong-wong andhahane Klabangireng padha kamiweden, banjur padha mlayu bubar. Para Santri muride Kyai Saepullah ora sranta banjur padha nguber kanthi gegaman sing wis siap ditamakne.


"Hee..... aja padha mlayu!" Rangga mbengok "sing mandheg lan seleh gegaman bakal slamet, sing nekad mlayu bakal tak uber nganti kecekel"


"Sedulurku sing lagi nglakoni laku tobat" Kyai Saepullah uga nywara banter "ndika kabeh kudu elung, gedhe walate nyikara wong sing wis seleh gegaman".


Krungu suwarane Rangga lan Kyai Saepullah ngono mau, sabageyan wong-wonge Gambangkawat padha nyelehne gamane neng lemah, nanging uga  ora sethithik sing ora nggabres, nerusne mlayu karo misuhi kancane sing padha seleh gegaman.


Amerga para Santri padha mburu sing lagi mlayu wasana ing sisih wetan rada adoh saka papan gumlethake Klabangireng, Tamparangin lan Luwukabang, banjur dumadi paprangan. Antarane wonge Gambangkawat sing nedya mlayu lumawan wonge Kyai Saepullah sing kepengin ngendheg playuning mungsuh sing nedya mundur golek bebantu.


Maune wong-wonge Gambangkawat kuwi arep nekad, nanging bareng sansaya suwe mungsuh sing diadhepi sansaya akeh, yaiku saka pernah wetan, teka wong-wong sing disuhi Ki Landhung sing terus melu nrambul, wusana andhahane Klabangireng kuwi padha seleh gegaman. Kabeh banjur digiring bali ing papan gumlethake wong telu, gegedhug saka Gununglayang.


Ki Landhung, Marga lan para Bebau sing lagi teka saka sisih lor wetan kuwi ya banjur padha ngumpul karo Kyai Saepullah sing lagi ibut ngupakara Klabangireng, Tamparangin lan Luwukabang.


Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (50)

 50.


Kaya kitiran golok neng tangane Tamparangin mubeng seser. Ilang wujude golok, sing ketok mung cahya ijo sing ngiteri Rangga. Merga ngladeni mungsuhe sing kebat obahe, Rangga katut melu polah sing cepet banget. Awit jurus golok sing dicakne Tamparangin nyata nduweni daya sing nggegirisi. Suwarane mbengung kaya suwara mbrengenge kumbang gawe kekese sing padha krungu.


Rangga sing jroning ati pengin ngerti tekan sepira dhuwuring ilmu jurus goloke mungsuh, anggone ngladeni Tamparireng ya mung ngimbangi ngilmu-ngilmu sing ditrapne mungsuhe. Rangga ya wis bisa maca, satemene kabisane Tamparangin isih manggon ana sangisore Luwukabang, nanging Tamparangin nduweni jiwa licik, dadi ya diperlokne pangati-ati olehe ngadhepi. Luwih-luwih golok sing ana tangane Tamparangin iki dudu golok lumrah, nanging klebu golok sing asring dicencem ing upas-upasan, dadi saupama bisa nggores sethithik wae bisa sing kegores nemoni pati. Najan satemene upas utawa racun sing nyawiji ing sajroning golok kuwi ora ana apa-apane tumrap muride Ki Tanparupa kuwi, nanging kanggo nglegani atine sing padha nyawang, klebu Kyai Saepullah, Rangga luwih seneng ora nuduhne yen sejatine dheweke ora bakal apa-apa saupama goloke Tamparangin nyenggol kulite. Rangga milih nuduhne kalemesaning awake sarta cukating obahe satemah babar pisan kabeh sabetan lan sudukan goloke Tamparangin mung tansah ngenani angin thok.


"Keparat kowe Rangga" Tamparangin sing wis meh ngancik tataran dhuwur dhewe anggone ngecakne ilmu goloke kuwi misuh.


"Ana apa Tamparangin?" Rangga nyaut karo ngece "butuh leren apa piye? Nek kowe kesel lerena sedhela, ora-ora yen aku mentala menthung wong sing lagi leren".


"Iblis kowe Rangga" Tamparangin "wis ora ana pangapura kanggo kowe. Tata-tataa sedhela maneh, sirahmu bakal gumlundhung pisah lan gembung".


Bubar nyuwara ngono kuwi, Tamparangin bali muter goloke. Beda karo sing uwis-uwis, saka goloke nyemburake  uap sing panase kagila-gila. Kajaba panas, uap kuwi uga nyebar ganda langu campur banger sing sumebar tekan ngendi-endi. Kang mangkono iku ndadekne wong-wong sing ngepung perang tandhing kuwi padha mutah-mutah ora karuwan. Ora mung para Santri muride Kyai Saepullah sing padha mumet banjur mutah-mutah, nanging uap racun kuwi uga nempuhi wong-wonge sing dadi andhahane Klabangireng.


Ketang welase marang wong-wong kuwi, Kyai Saepullah banjur ngebut-ngebutake sorbane sing nuwuhake angin adhem ngemu ganda ampo sing seger. Wong-wong padha bali longgar ambegane.


Sauntara iku, Luwukabang sing wis eling saka anggone semaput, uga ngrasakne seseging ambegane merga anane uap panas ngganda langu banger saka goloke Tamparangin.Luwukabang uga bisa ngrasakne hawa adhem sing metu saka sorbane Kyai Saepullah. Meneng-meneng Luwukabang bisa ngawruhi sepira luhuring bebudene Kyai sing ora mung aweh pitulungan marang santri-santrine dhewe, nanging uga marang wong-wong sing temene mungsuhe. Kamangka Luwukabang uga ngerti, yen Kyai Saepullah satemene bisa nggiring uap wisa kuwi kanggo nglumpuhne wong-wonge Gambangkawat, sing mapane ora campur karo para santrine.


"Adhi Tamparangin" klawan suwara kang ringkih Luwukabang nyoba aweh peling marang adhine "rucaten aji Upasnaga nyembur wisa kuwi, elinga Dhi, sisip sembire aji kuwi bisa gawe cilakamu dhewe".


"Aja sumelang Kakang" wangsulane Tanparangin karo terus ngobat-abitne goloke ngarah marang gulune Rangga "aku wis gedhe tuwa, lan wis ngerti watak wantune aji peparinge Guru iki. Aji iki bakal tak rucat yen ndhase Rangga wis gumlundhung pisah lan gembunge".


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (49)

 49.


Kamangka satemene Rangga ngerti yen Luwukabang sasuwene iki tansah nyinaoni obahe sarta niti ing ngendi papan karingkihane. Rangga uga sengaja pasang pancingan supaya kaya-kaya ana ing sela-selaning solahe ana bolongan karingkihan sing mbebayani.  Dadi cethane, polah apus-apuse Rangga  wis kasil ndadekne Luwukabang mlebu wuwu pancingan.


Lan mesthi wae Luwukabang ora ngerti yen Rangga sing sasuwene mlaku pitung jurus, mung endha tanpa nganakne panangkis, luwih-luwih males, kuwi mung kanggo nuwuhake pangira ing pikirane Luwukabang yen Rangga pancen kacipuhan ngadhepi jurus-juruse Luwukabang.


Mula nalika bola-bali Rangga mbukak karingkihane kanggo diserang, Luwukabang kepancing kepengin enggal ngrampungi bocah nom sing dianggep durung duwe pengalaman perang tandhing mungsuh wong sing nduweni kanuragan sakdhuwure.


"Iki margane patimu Rangga" Luwukabang mbengok banter, bebarengan karo munjerake kekuwatan ing sikil  sing sumiyut ngarah lambunge Rangga sing katon benggang ucul saka pangreksane tangan lan sikil. Luwukabang yakin yen panyadhuke ora bisa diendhani dening Rangga. Samono uga Tamparangin sing tansah nyemak anggone Luwukabang lan Rangga adu kasudiran.


"Woluuuu" panyaute Rangga karo ngetung wis oleh pirang jurus anggone perang tandhing. Nalika semana mbarengi Rangga weruh yen Luwukabang wis mlebu pancingan. Kanthi obah sing angel dicritakne,  ngerti-ngerti sikut kanane Rangga wis  nunjem neng garese mungsuh, lan sadurunge Luwukabang bisa sambat, pucuk sikile sing maune arep kanggo ngrampungi Rangga kuwi, saiki digoceki kenceng ngangggo tangan loro dening mungsuhe. Rangga sing dhasare duwe watak rada mentalan kuwi, kanthi kekuwatan lahiriyahe mluntir sikil sing digujeri. Ana suwara kemerutuk, Luwukabang mbengok banter, merga ngrasakne saking larane. Sepisan maneh dening Rangga sikil sing wis dipluntir nganti ucul engsel-engsele kuwi disendhalne, Luwukabang tiba mengarep, nanging  sadurunge mengkurep nyang lemah, tumibane dhadha isih ditampani karo dhengkulane Rangga. Lan nalika awake ngambah lemah, Luwukabang wis ora kuwat sambat.  Semaput ngurepi lemah, tutuke ngutahne getih seger.


"Tulung openana dhisik sedulurmu kuwi Ki Tamparangin" aloke  Rangga sawuse sauntara Luwukabang ngglethak "sajake isih bisa dislametne kok, tegese isih adoh karo tandha-tandha pesating nyawa".


Tamparangin mencolot, ndheprok neng sandhinge Luwukabang. Luwukabang sing mengkurep kuwi dilumahake. Kolore dikendhoni.


"Rangga" Tamparangin ngucap "minangka seksine Kakang Luwukabang, aku nekseni kowe sing menang".


"Pancen kanyatane ngono Tamparangin" wangsulane Rangga "banjur karepmu piye?". 


"Padha karo Kakangku, tak tantang kowe ijen padha ijen" saurane Tamparangin banter 


"Dadi kowe ya kepengin kaya sedulurmu?" Rangga takon karo gumuyu .


"Keparat tak tantang kowe, ayo unusen gegamanmu" wangsulane Tamparangin karo ngliga goloke sing ketok mawa pamor mencorong asulak ijo "bisa mbalekne Kyai Upasnaga, tak dadekne sesembahanku selawase urip kowe".


"Bagus" tumanggape Rangga karo nyandhak pring kuning sing disengkelit neng lempenge "ayo maju kene, tak ladeni sagendhingmu".


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (48)

 48.


Weruh wong-wong padha mlumpuk ngepung papan kuwi, Kyai Saepullah nicil ayem. Yen sida dianakne perang tandhing antarane Rangga karo Luwukabang, muga-muga ora sida klakon perang brubuh antarane wong-wonge Gambangkawat sing dipandhegani Klabangireng, sing wonge saiki isih tanpa daya ngrasakne larane balung sikil sing pepes, lumawan santri-santri sing nindakne laku tobat. Kanthi mangkono ora bakal kakehan kurban. Nanging isih ana siji sing bisa ndadekne gendra, yaiku Tamparangin. Mula Kyai Saepullah ya ngarep-arep muga-muga mengko Tamparangin bisa mlebu pancingan, gelema dijak tandhing ijen padha ijen.


Nalika Kyai Saepullah lagi nata angen-angene, Luwukabang sing wis ora sabar, nggetak Rangga kanthi suwara galak :


"Rangga, mumpung durung kebacut, nek kowe wedi, isih ana pangapura kanggo kowe. Cepet sujud neng ngarepku lan ngakoni bodho lan kumalungkungmu, mangka sayembara perang iki bisa tak wurungake".


"Piye nek diwalik Luwukabang?" Rangga wangsulan kanthi pitakonan "aku ya bisa wae ngapura kowe, nek kowe ngaku wis ngapusi aku karo Kyaiku, kanthi ngaku-aku gegaman Mataram, he?".


"Ora kena dieman tenan" Luwukabang nyuwara karo nata awak arep ngrangsang "etungen kanthi bener, nganti sepuluh jurus isih bisa ngadeg, tak guroni kuwandhamu".


"Siji........!" Rangga mangsuli karo wiwit ngetung.


Luwukabang sansaya muntab, Rangga sing wis wiwit ngetung, nanging babar pisan ora ketok wis tata-tata kuwi dianggep nyepelekne. Ora sranta Luwukabang nggunakne sikile arep dienggo ngajar lambunge Rangga. Najan ketoke ora siaga, nanging Rangga luwih prayitna, sadurunge sikile Luwukabang ngenani lambunge, tangane Rangga luwih dhisik bisa nangkeb sikile mungsuh. Pucuk sikil digujer kenceng banjur dibalangne mengiwa. Luwukabang munting, meh wae tiba krungkeb, nanging isih bisa nggunakne cukating sikil kiwa sing mancal lemah banter. Najan ngonowa kapeksa Luwukabang mbaleni nata kekuwatan awake sing sisih ngisor ben bisa bali ngadeg kanthi jejeg.


"Setan kowe Rangga" grenenge karo tata-tata ngrangsang.


Ora mbaleni nganggo sikil, tangane Luwukabang diobahne kiwa tengen ngarah praupan. Rangga ora niyat nangkis, nanging milih ngendhani. Dadi najan serangane Luwukabang deres kiwa tengen lan ngisor ndhuwur, nanging kabeh mung bisa ngenani angin.


Luwukabang karo terus nyerang, mikir lan nyinaoni pangendhane mungsuhe sing lincah kuwi. Nganti sawijining wektu sing apik, yaiku ngancik jurus kaping wolu, miturut petung angen-angene, Luwukabang bakal bisa gawe ngglethake Rangga kanthi dugangan saka sisih kering tumuju lambung sing bisa munggah menyang Dhadha. Tenagane dipunjerne menyang sikil lan dilandhesi kaparcayan kang kukuh, Rangga mesthi bakal njengkilang merga sadhukane sing uga dilambari aji jaya kawijayan sing ditampa saka gurune.



Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (47)

 47.

Luwukabang muntab, dhadhane krasa mengkab-mengkab saking nesune. Nanging beda karo Tamparangin utawa Klabangireng, Luwukabang luwih ngati-ati lan isih rada nduweni kaprawiran. Dheweke nyedhaki Kyai Saepullah, banjur kandha :

"Kyai, tulung ndika kandhani santri ndika sing murang tata, ngendelake sethithik kaluwihan sing ndika wulangne kuwi. Yen nganti sing ngelingne wong liya, bisa mbebayani tumrap keslametan uripe mengko".


Kyai Saepullah mangsuli anteng :

"Ora perlu Ki Luwukabang, dheweke wis bisa ngreksa kaslametane dhewe. Lan dheweke ngucap sarta tumindak kuwi wis jumbuh klawan anane sabab kang dumadi".


"Dadi nDika ngrojongi polahe santri murang tata iki? Nek ngono klakon, ing kene bakal njengkilang kuwandhane Santri sak Kyaine merga saka murang-tatane" Luwukabang wis ora bisa ngempet kanepsone, tata-tata arep ngrangsang Kyai Saepullah.


Nanging Rangga luwih kebat obahe,  ngerti-ngerti muride Ki Tanparupa kuwi wis ngadeg malangkerik neng ngarepe Luwukabang karo ngucap :


"Eh, Luwukabang, kowe aja kesusu mati dhisik, merga tak tohi yen kowe wani nantang Kyaiku ora nganti sagebyaring that-thit, nyawamu mesthi wis minggat saka ragamu. Nek pengin rada suwe sethithik olehmu urip, cukup kowe ngadhepi aku, bisa kowe njaluk rewang  sedulurmu si Tamparangin kuwi kanggo ngadhepi aku".


"Keparat" Luwukabang semaur santak "ora pantes disanak. Rungokna sumpahku Bedhes, tak totohi tandhing ijen padha ijen, sajroning sepuluh jurus, kowe isih bisa ngadeg, aku meguru marang kuwandhamu".


"Mengko dhisik Ki" Kyai Saepullah nyela rembug "aja gampang nibakne tembung sumpah, nek ora bisa netepi bisa dadi cacadan selawase urip".


"Ora usah melu kuwatir Kyai" wangsulane Luwukabang karo ngguyu nyekakak "tak baleni tembungku, sumpahku iki mau ora bakal tak gugurne, lan mesthi tak lakoni".


"Bagus" Rangga nyaut banter "sampun cetha Rama, kula suwun Rama Kyai minangka saksi kangge kula, menawi kula alit tatu agenge pejah kaanggepa kacilakan limrah".


"Aku sing dadi seksine Kakang Luwukabang" Tamparangin nyaut ora kalah bantere.


Kahanan dadi sansaya singup. Ora ana sing ngongkon, para Santri lan para kancane Klabangireng  lon-alonan padha nyedhak. Kupeng ngubengi papane Rangga lan Luwukabang sing wis siaga arep adu katiyasan.


Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (46)

 46.

Kyai Saepullah mesem amba krungu suwarane Luwukabang sing atos kuwi. Malah Rangga sing ora kulina ngempet guyune, dadi bali kepingkel-pingkel, nganti luhe netes nelesi pipi.


Tanparangin karo Luwukabang dadi ora seneng ngerteni sikepe Rangga sing sajak ngece marang ucape Luwukabang.


"He Rangga" Tamparangin nyuwara banter "apa sing kok guyu he? Wiwit mau sajake kowe ngece marang aku, apa dumeh kowe Santri Kauman kok anggep aku wedi karo kowe?".


Rangga ngendheg guyune, disuwarani ngono kuwi bocah nom sing ora sabaran kuwi arep gage tandang, nanging ora sida tangane Kyai Saepullah diangkat aweh sasmita supaya Rangga sabar dhisik.


"Ki Luwukabang lan Ki Tamparangin" Kyai Saepullah ngucap najan ora banter nanging cetha "nDika bisa selak neng ngarepe wong liya, nanging ndika ora bisa mukir ing ngarepku. Ndika ngaku bageyan saka Gegaman Mataram Mancanegara, wiwit kapan? Ndika kudune ngerti sapa Wiratamtama sing mbawahi Gegaman Mancanegara Mataram. Nanging nyatane nDika ora weruh yen kabeh Gegaman Mancanegara Mataram bisane katetepake minangka Gegaman kudu lulus ing pandadarane Kyai Saepullah ya aku dhewe".


Luwukabang karo Tamparangin sapandurat padha blangkemen ora bisa kumecap. Ngrumangsani wewadine wis kawiyak, nanging wis dadi watak wantune murid Gunung Layang, sutik ngajoni luput marang liyan malah kepara milih ngluputake.


"Iya, iya tak akoni" Tamparangin wekasan kandha "yen kudune aku sakanca biyen njaluk diuji marang Kyai, nanging gandheng anggonku aku sakanca biyen sing ndadekne Gegaman Mancanegara Mataram iki Patih Mandaraka dhewe, mula ora ndadak nganggo liwat pendadaran ndika".


"Uwis ora susah diterus-terusne perkara sing ora wigati iki" Luwukabang melu omong "sing baku aku ngaturi nDika Kyai Saepullah lan Rangga, wektu iki Desa Tundhan lagi kisruh merga pokale Ki Landhung  lan kanca-kancane. Prayogane nDika bali menyang Kauman wae, mengko sawayah-wayah Tundhan wis bali tentrem bakal ana utusan ngabari marang nDika lan para kadang santri".


Rangga lan Kyai Saepullah pandeng-pandengan, kekarone banjur padha mesem. Kyai Saepullah aweh sasmita marang Rangga supaya Rangga aweh wangsulan marang wong loro, telu Klabangireng kuwi.


"Sing gedhe pangapuramu ya Ki Luwukabang lan Ki Tamparangin uga kowe Ki Klabangireng" Rangga wekasan sing genti kandha "saka kabeh  omongan ngayawaramu mau siji wae ora ana sing tak percaya. Aku arep nerusne laku bali menyang Desa kelahiranku, kowe kabeh aja pisan-pisan ngganggu gawe marang aku lan kanca-kancaku".


Krungu pangucape Rangga sing ngono kuwi mau, Luwukabang nggeget untu karo nggereng.


"Rangga...!" Luwukabang kandha sereng "satemene aku ngeman kowe kabeh, nanging nek kowe ora nggugu omongku aja ngarani aku mentala yen nganti ana bocah tak nggo pangewan-ewan neng papan kene".


Rangga ngguyu ngece, wangsulane :

"He he he nek ndelok omonganmu sing sarwa umuk, aku ya percaya nek omonganmu sing keri iki ya dubluk".


Klabangireng sing wiwit mau meneng wae, mencolot maju, dhengkule tengen diangkat munggah sikile nyadhuk ngarah dhadhane Rangga. Sadhukane Klabangireng iki banget mbebayani awit tenagane Klabangireng pancen gedhe lan rosa. Nanging Rangga dudu reca, nalika sikile Klabangireng kurang satabok saka dhadhane, tangane Rangga luwih cepet obahe garese Klabangireng dibabat nganggo lengen. Pas balung gares tempuk balung tangan. Klabangireng njerit sakayange, disusul ana suwara gumebrug. Klabangireng tiba neng lemah, ora eling. Balung garese remuk kena sabetan lengene Rangga.


Tamparangin sing weruh Klabangireng tiba semaput, maju nyedhaki Rangga karo nggetak :

"Keparat kowe Rangga, ayo adhepana aku".


"Aja mung ijen Tamparangin, ben rada suwe anggone gojek, ayo Luwukabang pisan maju bareng kene" wangsulane Rangga karo ngguya-ngguyu ngece.


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (45)

 45.

Rumangsa digeguyu dening bocah, Klabangireng sakala muntab. Mencolot maju, nyaketi Rangga. Kepelane tangane sing gedhene sak klapa gadhing kuwi kumlawe ngarah praupane Rangga. Rangga sing isih kepingkel-pingkel ketok nek ora ngira bakal oleh kiriman kepelan kaget, nanging mung sakeplasan. Sirahe diinger sethithik, kepelane Klabangireng mung ngenani angin, nuwuhake suwara sumiyut sing rada banter, mratandhani nek Klabangireng wis nggunakne tenaga kang gedhe.  Mula bisa dibayangake saupama kepelan mau ngenani rai, mbuh kepiye dadine. Nanging, gandheng panjotose jebul luput, kamangka wis nggunakne karosane, mula awake Klabangireng katut kegeret tenagane dhewe, meh wae tiba kejongor mengarep.


"Keparat kowe Bedhes" Klabangireng misuh "wani ngendhani kepelanku, klakon dadi iwak tenan kowe mengko".


"He...he...Klabangireng" karo ngguyu Rangga wangsulan "tak nalar kowe kuwi jan ora duwe nalar tenan, omongan apik-apik kok terus ngampleng kaya ngono, tujune kamplenganmu ngawur, upama kenek raiku ngono rak ya ora becik dadine".


"Aja kakehan cangkem" Klabangireng semaur karo pasang kuda-kuda, tata-tata arep nerjang "klena nggonmu endha sida dadi bathang tenan kowe mengko".


"Dadi kowe niat arep ngajak gegeran?" Rangga semaur, guyune wiwit ilang.


"Mengko dhisik Klabangireng!" dumadakan ana suwara banter, menging Klabangireng.


Klabangireng murungne anggone arep nerjang, noleh asalr suwara. Jebul Tamparangin sing ditutne Luwukabang wis ngadeg ana cedhake.


"Aja dikulinakne mateni wong tanpa luwih dhisik ngerti sapa dheweke" Tamparangin ngandhani, banjur kandhane marang Rangga :

"He, Bocah sapa jenengmu lan kowe kabeh arep menyang ngendi? Teka kumawani gawe nesune Gegaman Mataram sing lagi nindakne kuwajiban?".


"Sapa maneh menungsa bodho iki?" Rangga wangsulan "kowe nek arep ngapusi kuwi mbok sing rada nganggo pikiran, ora ngawur ngono kuwi. Ngisin-isini ! Ngerti?".


"Piye?" Tamparangin nggetak merga nesu.


"Ngertia ya?" Rangga nerusne ucape "aku iki Rangga, anake Tawija, Tundhan. Wong tuwa iku guruku Kyai Saepullah, Kyai Kauman Kuthagedhe Mataram. Patang sasi kepungkur Ki Lurah Tundhan Kapindho nyuwun marang Guruku supaya bocah-bocah Tundhan sing lagi nyantri neng Kauman diterne mulih nyang Tundhan. Dadi iki aku arep mulih nyang desaku dhewe, ngerti? Terus kowe ngaku-aku nek jare Gegaman Mataram, aku luwih-luwih guruku, wis apal kabeh wujude gegaman Mataram, dadi kowe aja ngapusi".


"Oooo, dadi ndika Santri Kauman ta?" dumadakan Tamparangin nglendhehne suwarane "ya yen ngono aku sing salah tampa, jebul sing tak adhepi isih padha wong Matarame. Ditepungake wae, aku Tamparangin lan kae sedulurku tuwa Kakang Luwukabang, aku ora ngapusi merga aku iki nyata-nyata bagean saka Gegaman Mataram sing ana manca negara".


Krungu tembunge wong sing ngaku jeneng Tamparangin kuwi Rangga ora enggal-enggal semaur, nanging noleh ngingeti Kyai Saepullah aweh sasmita supaya Kyai Saepullah genti sing kandha. Kyai Saepullah tanggap karo sing dikarepne rowange, maju sajangkah njejeri Rangga, banjur kandha :

"Oo dadi ndika Ki Tamparangin karo Ki Luwukabang sedulur tunggal guru sing kasektene kondhang dadi kembang lambe ing jagad Mataram kae?"


"Ah, Kyai Saepullah kok seneng aweh pangalembana lho?" Tamparangin mesem, ana rasa mongkog sajroning atine  "bener Kyai aku karo Kakang Luwukabang, jane ya mung kaya ngene iki wujude".


Kyai Saepullah mesem, pancingan sing dicakne wis kesaut. Ucape :

"Mung emane ana sethithik sing gawe kuciwa".


"Apa kuwi Kyai?" Luwukabang takon.


"Nadyan wis kondhang bab kasektene, jebul isih seneng mamerne sing dudu duweke" wangsulane Kyai Saepullah.


"Nuwun sewu Kyai, nDika nek ngendika aja mung waton ngucap, sirik mungguhe Luwukabang ndhaku duweke liyan, luwih-luwih dienggo pamer, sirikan gedhen kuwi Kyai" Luwukabang wiwit atos suwarane. 


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (44)

 


44.

Barisan saka Tundhan wis ngadhang neng sawijining pategalan sing jembar, ya kuwi pategalan sing tandurane wis bubar dipanen. Dening Klabangireng wong-wonge dikongkon sumebar, ngentha gelaring perang garudha nglayang. Minangka sirahing Garudha tinindhihan dening Klabangireng dhewe. Dene Tamparrangin lan Luwukabang, milih mapan ana ing perangan kukuning garudha. Wong loro kuwi kepengin luwih longgar anggone obah, perlune bisa luwih gampang ngulati musuh sing digoleki, yaiku Ki Landhung Adi Sastra sing jarene Thungkel kuwawa gawe lumpuhe wong-wonge Gambangkawat kalebu Thungkel dhewe. Kamangka, satemene Thungkel wis tumindak goroh marang Gambangkawat, jalaran Thungkel rumangsa wirang nek sing ngalahne dheweke bocah nom-noman sing durung kasebut jenenge. Mula Thungkel ngaku lan wis ngethik kanca-kancane supaya crita yen sing ngalahne dheweke iku Ki Landhung sing nek neng Desa Tundhan wis kondhang wong tuwa sing nduweni kasekten sing nyata ngedab-edabi.


Sawuse sauntara nunggu tekane mungsuh, Klabangireng dadi rada cuwa bareng sing ditunggu wis katon nyedhaki papane. Awit sing teka jebul wong lumrah, sanajan uga nggawa gegaman nanging mung gegaman kang aran gawan utawa cangkingan wae, yaiku pedhang sing diwadhahi wrangka sing cemanthel ana lempeng. Lan ora kalah cuwane Luwukabang lan Tamparangin, merga barisane wong-wong kuwi sajak ora ana sambung rapete karo wong-wong Tundhan sing nyawiji karo Ki Landhung. Gek sajake wong-wong kuwi ya ora ana sing nggawa barang sing mbejaji  dadi saupama dirsmpog ya ora ana barang sing payu didol.


Mula niyate Wong-wong kaprayane Gambangkawat kuwi arep ngesok cuwaning atine klawan gawe sengsarane wong sing dicegat kuwi.


Klabangireng mlayu mengarep methukne barisan sing lagi teka disusul kanca-kancane.


"He mandheg !!!" Panggetake Klabangireng karo malangkerik ngadhang laku.


Sing diendheg nyedhak, diwakili Raden Rangga karo Kyai Saepullah. Wong loro kuwi katon tatag sajak ora nggagas karo wong pirang-pirang sing ngadhang lakune.


"Iki wong saka ngendi lan arep tumindak apa wani-wani ngambah laladan kene he?" Klabangireng takon karo nggetak.


"Aneh" wangsulane Rangga sajak omong marang awake dhewe.


"Hee.... kowe kuwi sapa?  ditakoni ora semaur malah ngoceh dhewe" Klabangireng nggetak karo mlaku  nyedhak.


"Mengko dhisik" Rangga wangsulan ayem "ora sah ndadak mbengak-mbengok kaya wong budheg. Tak takoni ngakuwa sapa kowe lan yagene wani ngendheg lakune wong arep liwat ?".


"Sansaya nglamak kowe Bedhes" Klabangireng sansaya muring "lek na matamu, iki Gegaman Mataram andhahane Ki Gambangkawat, sing kajibah njaga katentremaning Desa Tundhan sing lagi kisruh, aku Klabangireng ngerti?".


Krungu wangsulane Klabangireng sing mengkono iku mau, Rangga sakala ngguyu kepingkel-pingkel.


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (43)

 43.


Dumadakan  wong-wong kuwi padha dikagetne klawan tekane sawijining telik sandi  jeneng Jothong, sing terus nyedhaki papane Ki Gambangkawat lungguh.


"Ana pawarta apa Jothong? Kok sajak kesusu tekamu he?" Gambangkawat takon.


"Wonten barisan tumuju Tundhan Ki" wangsulane Jothong "saking arah ler kilen, kinten-kinten cacah seket".


"Kira-kira mung wong seketan?" Gambangkawat takon. 


"Lan boten sikep gegaman jangkep, kajawi namung pedhang utawi keris ingkang gumantung ing lempengipun" 


"Nek ngono dudu wong arep nglurug perang? Ya wis, tak tampa lapuranmu, baliya marang papanmu sakawit" Gambangkawat aweh prentah.


Jothong manthuk kurmat banjur mundur ninggalne papan kuwi. Gambangkawat ngunekne gentha kaping pindho, minangka tengara nyeluk andhahane sing jaga neng regol ngarep. Ora suwe ana wong mlebu klawan sikep gegaman komplit.


"Kowe Klabang Ireng?" Panyapane Gambangkawat marang paraga sing lagi teka kuwi.


"Inggih Kyai" wangsulane paraga sing lagi teka.


"Saka sisih lor kulon kana ana wong kira-kira cacah seket, ketoke arep liwat desa kene, nggawaa kanca wong sewidak cegaten ing sajabaning desa rampogen gegawane nek wonge ora trima purba wasesa tak pasrahne kowe, sing baku wong-wong kuwi aja nganti oleh mlebu Desa Tundhan".


"Sendika" Klabangireng aweh kurmat banjur mundur.


"Klabangireng aja kok tegakne budhal dhewe karo andhahane Adhi Gambangkawat"  durung suwe Klabangireng metu, Ajar Taliwangsa kandha "aku ora kepengin lelakon sing disandhang Thungkel tumiba marang Klabangireng saandhahane".


"Banjur sapa sing kudu budhal ngayomi Klabangireng Kakang?" Gambangkawat takon.


"Luwukabang karo Tamparangin wae" wangsulane Ki Taliwangsa "tak kira bocah loro iki wis bisa ngentasi gawe yen mung ngadhepi wong-wong sing wis tau gawe lumpuhe Thungkel sakancane kae".


"Matur nuwun Kakang" Luwukabang nindhihi rembug "sampun kuwatos menawi kula punapa dene Adhi Tamparangin ngantos damel lingsemipun paguron Gunung Layang".


"Aku percaya marang si Adhi sakloron" wangsulane Gambangkawat "wis kana budhala, ayomona Klabangireng sakancane".


Wong sekti loro murid Paguron Gunung Layang kuwi banjur budhal bebarengan karo Klabangireng lan kancane cacah sewidak kanthi gegaman jangkep. Mesthi wae atine Klabangireng dadi sansaya bombong, merga anane Tamparangin lan Luwukabang sing mikuwati barisane. Mungguhe Klabangireng wong loro murid Resi Dumungseta kuwi prasasat Bathara Yama sing ngejawantah, dhenga sing arep wani mesthi bakal kejabut nyawane.


Sauntara iku, wong patang puluh murid-muride Kyai Saepullah sansaya cedhak karo Desa Tundhan. Sing dadi tindhihe barisan iki ora liya Kyai Saepullah sing dikancani karo Raden Rangga. Pancen dening Ki Landhung barisane dipecah dadi rong pantha. Sing patang puluh liwat saka lor kulone Desa Tundhan, disuhi dening Kyai Saepullah lan Raden Rangga. Dene sing telung puluh ditambah Bebau Saradan, Bebau Palkuning, Bebau Ngampon lan Marga liwat saka lore Desa Tundhan, minangka tetindhihe ora liya ya Ki Landhung dhewe sing direwangi Marga.


Manut lan nurut welinge guru, barisan rong pantha kuwi sadalan-dalan ora kendhat padha muji dikir marang Pangeran kanthi suwara sing mung bisa dirungokne kupinge dhewe-dhewe. Gegaman sing digawa murid-muride Kyai Saepullah padha yaiku pedhang mata loro sing ora duwe lingir, ngarep landhep mburi ya landhep, pucuking pedhang lincip. Kabeh diwadhahi wrangka sing dicantholne ana sabuk. Klebu Kyai Saepullah uga gegaman pedhang sing padha. Mung Raden Rangga sing padatan ora tau gelem nyekel gegaman, dina kuwi Raden Rangga nyengkelit pring kuning sing gedhene sajempolan sikil lan dawane kira-kira limang kilan.


Sajroning mlaku wiwit budhal mau Kyai Saepullah tansah cecaketan karo Rangga. Wong loro kuwi padha-padha anggone ngajeni, siji lan sijine. Kyai Saepullah wis ora kasamaran maneh, jroning ati wis bisa mesthekne yen bocah nom iki temen-temen putra Mataram sing kondhang duwe aji jaya kawijayan linuwih. Kosok baline Rangga uga wis weruh yen Kyai Saepullah iki sejatine tilas Brahmana kang nguwasani ngilmu kanuragan sing ora baen-baen. Mula kekarone padha-padha ngajeni lan kurmat siji lan sijine.



Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...